Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07-11, #188

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07-11, #188. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07-11, #188. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 10-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 55, 22 Muharam Taun Alip 1859, 11 Juli 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 989 ---

Ăngka 55, 22 Muharam Taun Alip 1859, 11 Juli 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kawah rêdi Kaba, Sumatra sisih kidul.

[Grafik]

Ing sacêlakipun Curup, Bêngkulên, wontên rêdi nama Baka, ing pucak wontên kawahipun, ingkang tansah kumukus. Kawontênan ingkang kados makatên punika, tumrap tiyang ingkang rêmên ngêmatakên dhatêng kodrating alam, inggih adamêl sêngsêm.

--- 990 ---

Raos Jawi

[Dhandhanggula]

1. Urip iku wajib angawruhi | ing purwa lan wasana manggiha | ing tokhid paran gênahe | anggilut têgêsing hu | urip langgêng awal lawan ing | akhir măngsa sirnaa | iku kang linuhung | aywa ginggang sinêmbaha | iya iku darbe aran sinêbut ing | hu yèku tuwajuha ||

2. nênumana lampah kang nêmêni | nênuwuna kuwat ing Suksmana | nênging cipta ingkang kênèng | nêngna dèn kongsi dunung | nora kêna dèn mêjanani | nênging cipta awasna | nuruta ing dunung | nur cahya cahyèng Suksmana | nugrahèng Hyang puntunên dèn kongsi kêni | nuwuna têkèng lena ||

3. cacah rucah laku kang tan bêcik | cinaceca jroning rêpat manca | cêcaturan cecebuce | cinirèn cacacucur | cacaupa lamun pinrinci | cêkake ingkang wêca | cakupên pinuncung | curnakna watêk kang caca | cumadhonga maring Hyang kang Maha Suci | cathêtên ywa maleca ||

4. rah-rah arahên sêdyanta dèn ririh /Lebih satu suku kata: rah-arahên sêdyanta dèn ririh rasakêna rasaning pangarah | rah-arahên aywa gorèh | rungsêgên ing pangruruh | rêruwêde ingkang pinurih | ruwata dadi murah | rahayu jumurung | rahmating Hyang pira-pira | rumasuking pati urip datan kari | rahayu mamrihira ||

5. kasilêna maksud kang khakiki | khakekate ywa manggih druhaka | kasabira dipusun kèkèt |[1] kabul lair sabda kun | kanyataan sabdèng maliki | kisabing titah bakal | kinira ing ngriku | kukum adil wastu têka | kamulane ngaurip aywa pêpèki | konjuka sipat baka ||

6. dêdalane kang katrimèng Widi | datan liya widagdèng kasidan | dimèn mulur ing widagdèng | dulurna pujilkamdu | dèn ngawula maring Hyang Widhi | dimèn antuk rahmating dat |[2] dat wirang kang kudum | dalil manut mukhamadan | dipun eling Mukhamad kasihing Widi | dêlêngên kang waspada ||

7. tarekahe Mukhamad brêkati | tatakrama ngaurip tinata | tata titi turut tètèh | tuwajuha saèstu | tarekahe tumêkèng pati | titahing Sukma nyata | tan kabul yèn dèn tut | tataning urip emuta | têkèng nraka kalamun datan ngemuti | tokhit ingkang sanyata ||

8. sanyatane Sukmana kang asih | sinung murah sagunging manungsa | sinêdyakna sapantêse | sayogya manungsa sung | sungkêming dat ingaran Kursi | subukun robunasa | sipat kang kudusun | samak mirêng basar myarsa | sasolahe manungsa yakti miyarsi | sinukmèng sipat basar ||

9. waspadakna lampah sarwa-sarwi | wiratama tamatna kang sarwa | wêwekanên aywa nyarwe | wêweka kang karya wuk | wunta[3] ngarsa yogya dèn sarwi | wirang rèh ywa ginawa | wadine gawe wuk | wasanane aywa was-was | waspadakna wasitane nabi kang wis | winahyu gung wiryawan ||

10. lalarên ing sipat aywa lali | ling-elingên wajibing kawula | lêlagehan mrih sumèlèh | laku-laku gumulung | lungguhêna dèn kadi wali | lila pasrah sasolah | luyut dèn tumêlung | lampah luwês datan ala | lamun mantêp ing tekad malah tumuli | lumuntur kinabula ||

--- 991 ---

11. pinundhia gung têpa palupi | piniliha aywa tibèng papa | puguhêna sêsanggupe | paran magane[4] luput | pinupusa lamun wus tampi | pilihaning atapa | patine dèn gupuh | pugêraning kauripan | pan dumunung sumendhe ing roh ilapi | pinandêng aywa lupa ||

12. dhuh mas putu nora susah dhang-dhing | dhasarira apan wus kadhadha | dhasar loro campur gandhèng | dhar-udharna kang dhadhung | dhuh mas putu dimène dhandhing | dhadhalana kang ngandhar | dhêsêkên mrih undhuh | dhandhanggula wus kadhadha | dhasar bagus alus pasêmoning dhongdhing | dhamang kridhaning godha ||

13. jamak lara eling kanthi puji | jinurunga mring Hyang Maha Ngaja | jalullah ingkang pinujèng | jayaa kang jinunjung | jăngka jangkah kumpul sawiji | jinurung gunging puja | jajalên pinunjul | jujunên elinging sêja | janji sira ngaurip kudu mêmuji | jêngongok goning puja ||

14. ya hu ya ya uriping bêbayi | yitnanana ywa kênèng bêbaya | yayah rena ywa gumlèyèh | yèn lena baya guyub | yakti wudhar pamurwèng bayi | yeka apan kinarya | yasane wèh kayun | yuwananing jagad raya | yuwanaa bali ananing bêbayi | yèku jati satriya ||

15. nyamadana salendro ywa sunyi | nyam-ênyamên kauripan donya | nyampurnakna pinêrgênyèng | nyudarda amrih lunyu | nyingkirana sukêring sunyi | nyatane ngalam donya | nyamane wèh kenyut | nyilakani wêkasannya | nyênging mring Hyang yèku nyaman kinyis-kinyis | nyuwargakkên tan onya ||

16. marma sagung manusa utami | mêmanuhna tindak kang utama | mamrihira ywa tumamèng | mêmala dènira mung | murang-muring marang agami | mindênga wirutama | mapasa nêpsumu | muriha dadi utama | mumpung urip aywa sira kurang gêmi | mêmuji mring Hyang Sukma ||

17. gung elinga rêncananing ragi | gêgulangên utamaning angga | gagasên ywa age-age | garap karya kang agung | gung pinikir ywa dadi rugi | ganjaran kang pinanggya | gayuhên Hyang Agung | gung mujia muga-muga | gaibing Hyang katrimaa dimèn dugi | ginanjara suwarga ||

18. bêbukane ngaurip ywa kumbi | bapa babu bukaning binabar | bayi tumêkaning têmbe | birai dadi kabur | bubar bae tan eling wibi | birainira tiba | besuk yèn tan nyêbut | bapa babu witing babar | bara-bara birainira nyawabi | besuk ing dina akbar ||

19. thênging cipta ywa ginggang ing pasthi | thinuthuka ywa miwal sêngkăntha | thukula dadi kêkanthèn | thak-thuke bisa gathuk | thumarithik dimène gathik | thak-thakan aywa gothak | tharuthuk tan mathuk | thuthukane Sang Hyang Kăntha | thukna kana ana kene iya gathik | thang-thênge Sang Hyang Kăntha ||

20. ngayawara lamun ngêngurangi | ngira-ira tekat kang rêringa | ngibadah tanna jluntunge |[5] ngalimun wruh samingun | ngrungu rina kalawan wêngi | ngalam gung kang asunga | ngalame ngalangut | ngulati nikmat manpangat | ngalaming Hyang uluhiyah kang ngawêngi | ngilmu ingkang manpangat ||

Lêngganan nomêr 2388.

--- 992 ---

Cariyos Wigatos

Suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 54.

Suwargi Kangjêng Gusti tansah mindêng mawas dhatêng kaborosaning praja, wusana lajêng nyuda dhatêng kawontênaning pasamuan, ingkang saya têtela mikantuki agêng dhatêng kasing praja.

[Grafik]

Awit saking wontêning tindak ingkang kados makatên punika tamtu kemawon kawontênaning kas lajêng sae, limrahipun ingkang kangge tăndha yêkti bilih kasing nagari dados sae malih, punika sarêng kèndêl saking jumênêngipun Mangkunagara kasing praja wontên arta tandhon f. 8.000.000. Ananging miturut wartos ing taun 1908 botên ngêmungakên rantaman praja kemawon ingkang sampun nyêkapi pêpetanganipun, malah kala punika sampun wontên arta andhungan ragi kathah, ingkang anjalari sagêd nandangi malih padamêlan-padamêlan ingkang wontên kasilipun. Dados Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping VI punika ingkang anjalari saening praja Mangkunagaran ing bab arta lan ingkang sagêd ngêntas kamlarataning praja Mangkunagaran.

Ing bab pangiridan punika, kangjêng gusti anggalih sangêt kanthi wawasan ingkang botên gampil kinintên-kintên ing sanès, kados ta tumrap sarira dalêm piyambak nalika badhe dipun indhaki balănja ing dalêm sataun f 12.000, nanging kangjêng gusti botên karsa, awit saupami karsa nampèni, botên sande praja Mangkunagaran ugi kêdah ngindhaki balanjanipun [ba...]

--- 993 ---

[...lanjanipun] para amtênar. Nanging sarêng wontên kaparênging pamarentah, kangjêng gusti katêtêpakên tampi indhakan balănja f 1000. ing dalêm sawulan, arta wau ing salêbêtipun kalih taun botên dipun tampèni, malah dipun lêbêtakên dhatêng kas praja, lan lajêng katanjakakên kangge kabêtahan umum.

Ing bab tăndha-tandhanipun kangjêng gusti sangêt anggalih dhatêng santana tuwin kawula praja Mangkunagaran, punika kanyataan bab anggèning ambalănja dhatêng santana, ngindhaki blanjaning kawula, maringi pènsiun, tulah, punapadene ing bab ajênging pangajaran. Saya malih ing bab kawontênaning pamulangan, janji artanipun wontên kemawon tamtu dipun indhaki. Malah sajumênêng dalêm kangjêng gusti wau ngawontênakên arta pitulungan pangajaran kangge darah Mangkunagaran.

Ing taun 1914 wontên kaparênging panggalih dalêm, nyuwun kèndêl, nanging jalaran badhe tuwuhipun pêpêrangan ing Eropah, panyuwunan wau sawêg dipun parêngakên wontên ing taun 1916, ing salajêngipun, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara lajêng dêdalêm wontên ing Surabaya.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping VI seda wontên ing Surabaya. Jalaran gêrah sampun yuswa namung sawatawis dintên, sumare ing pasarean yasan dalêm piyambak, kaprênah salèring nagari Surakarta.

Sarèhning nalika sugêng dalêm punika apangkat kolonèl, mila mawi pakurmatan militèr dharat tuwin laut, dipun tindhihi ing militèr kumêndhan lan marinê kumêndhan, ingkang anggarubyuk bidhaling layon saking dalêm Palêmlan dhatêng sêtatsiun Gubêng.

Wontên ing sêtatsiun Gubêng dipun untapakên ing Tuwan Residhèn Surabaya, asistèn residhèn tuwin para amtênar Walandi, ingkang bupati ing Surabaya tuwin para bupati sanès-sanèsipun, makatên malih pakêmpalan Studie Club ngintunakên wêwakil Dr. Sutama, Ir Anwari tuwin Mr. Suwana.

Ing sadèrèngipun bidhal, Radèn Mas Arya Suyana angaturakên panuwunipun para kulawarga dhatêng para ingkang sami rawuh wontên ing ngriku, makatên ugi ajidan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ingkang kautus mriku, ugi angaturakên panuwun atas asma dalêm kangjêng gusti.

Sabidhaling layon mawi kinurmatan ing drèl, sadumuginipun ing sêtatsiun Sragèn, layon kapindhah ing oto pêthukan, lajêng bidhal dhatêng kitha Surakarta.

Sadumugining Jurug sampun dipun papag upacara pakurmatan lampah agêng, ginarubyug ing para agung ing Surakarta, lajêng kasarèkakên dhatêng pasarean kados ingkang kasêbut ing nginggil.

Ing wusana Kajawèn ugi andhèrèk belasungkawa, tuwin amêmuji, mugi ingkang sampun murud ing kalanggêngan, lêstantuna linuhurakên ing Pangeran. Amin.

--- 994 ---

Bab Kasarasan

Gudhig.

Sami-sami sêsakit, gudhig punika kalêbêt sêsakit rèmèh, nanging tumrap ingkang nglampahi sakit ngantos rumaos judhêg, dene ngraosakên gatêl, pating srênut, manawi dalu botên sagêd tilêm, mila sanadyan botên ambêbayani, nanging tiyangipun tamtu kêra, adhakan ajrih dhatêng toya.

Sêsakit wau mèh sabên tiyang sampun sumêrêp, nanging tumraping ngakathah, saya malih tumraping tiyang padhusunan ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng larah-larahing sêsakit, dèrèng dhamang yêktos bilih gudhig punika wontên krumanipun, inggih punika bangsaning kewan ingkang botên kasat mata. Jalaran saking dèrèng mangrêtosipun wau, sok lajêng sêmbrana tuwin botên manah kadospundi murih sirnaning gudhig ingkang adhakan dados satru wontên ing badan punika, malah dumugining nular dhatêng tiyang sanès, inggih botên dipun raosakên, dene manawi sampun ngêmbrah namung lajêng mastani manawi sawêg ungsum gudhig.

Sayêktosipun manawi tiyang purun angyêktosi, jalaraning tiyang gudhigên punika botên wontên kajawi saking kêmproh, kêmproh wau saking pangangge utawi saking panggenan. Ingkang tuwuh saking pangangge, jalaran panganggenipun botên nate dipun kumbah. Sampun tamtu kemawon tiyang ingkang botên ngumbah pangangge punika kanthinipun inggih andhakan botên rêmên adus, sanadyan puruna adus pisan inggih namung adus pados asrêping badan, dados têbih dhatêng adus ingkang nama ngrêsiki badan, awit saupami ngrêtosa adus punika rêrêsik, tamtu inggih botên purun mangangge barang rêgêd, mila sampun lêrês kemawon manawi kêmprohipun wau dados pandhêdhêring gudhig. Dene ingkang tuwuh saking papan ingkang rêgêd, punika raosipun inggih sampun nunggil misah kemawon kalihan bab kêmprohing nyandhang ngangge. Mila botên anèh bilih gudhig wau tuwuhipun wontên ing tiyang ingkang taksih kirang sêsêrêpanipun.

[Grafik]

Kruma èstri tuwin tiganipun wontên salêbêting lèng. Gambar ingkang kaagêngakên.

Gudhig punika samăngsa sampun tuwuh wontên sawênèhing panggenan, kantun ngêntosi kemawon tumularipun dhatêng tiyang sanès, ingkang nunggil sagriya tuwin ingkang kêrêp sêsrawungan kalihan tiyang ingkang gudhigên.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih gudhig punika wontên krumanipun, dados cêtha kruma wau ingkang anjalari wontêning gudhig, lan kruma [kru...]

--- 995 ---

[...ma] wau lajêng sagêd bêbranahan, ingkang jalaran tumangkar saking anggènipun jêjodhoan kruma jalêr lan èstri, kruma jalêr manggèn salêbêting kulit ayam, ingkang èstri ngurêki damêl margi alit-alit wontên ing kulit, punika ingkang anjalari tuwuhing raos gatêl, gatêling kulit manawi dipun kukur lajêng ngêmu nanah, punika saksat ambiyantu tumangkaripun.

Mirid pamanggèning gudhig, punika inggih sampun dados pratăndha bilih saking sabab kêmproh, kados ta manggèn ing sulit-sulitan, nandhakakên bilih ing ngriku awis dipun rêsiki. Lan malih limrahipun ingkang gudhigên punika lare, sampun tamtu kemawon lare punika dèrèng kêdunungan tindak rêsikan.

Mênggah panularipun, gudhig punika gampil sangêt, wontên ingkang jalaran gêpokan tiyang sami tiyang, wontên ingkang jalaran anggêpok sandhang pangangge tuwin manggèn ing tilasing tiyang gudhigên, saya tumraping lare, sabên wontên ingkang gudhigên, inggih lajêng lar-tumular kemawon, awit lare makatên pakulinanipun kalihan sasamining lare rukêt sangêt.

Ingkang kêlimrah ing ngakathah, pangupakaraning tiyang gudhigên punika dipun rêsiki, wontên ingkang dipun plocot, lajêng dipun lisahi, wontên ingkang dipun kumbah ing wedang, inggih lajêng dipun jampèni bangsaning lisah-lisahan, kados ta kecekan, wosipun pados murih lêmês, lan limrah lajêng nyaèni têdhanipun.

Patrap sadaya wau pancèn sampun mèmpêr lan mikantuki dhatêng kasarasan, nanging ingkang prayogi kêdah jêjampi dhatêng dhoktêr, awit mênggah pikantukipun, anggènipun jampi badhe kanthi pitêdah tuwin pamriksa prayogi, lan jêjampi ingkang dipun jampèkakên sampun dipun manah ingkang sakintên sagêd jodho kangge anjampèni. Dene caranipun bodhon, tumbasa jampinipun kemawon dhatêng griya panyadean jampi, ingkang limrahipun dipun wastani Apotheek.

Ekonomi

Ngingah lan Nangkarakên Kambangan.

Sato iwèn ingkang dados ingah-ingahan lan dados panggaotan agêng punika, ingkang limrah ayam sarta kambangan. Kalih pisan kenging dipun santosani dadosipun panggaotan agêng, namung mênggahing kalimrahanipun ingkang umum ing ngriki, pangingahipun ayam punika namung minăngka sambènipun tiyang gêgriya, beda kalihan ing nagari mănca, ngingah ayam wau dados panggaotan agêng (mirsanana Kajawèn nomêr 43-44). Dene ingah-ingahan kambangan sampun dangu dados panggaotaning băngsa Jawi, ingkang gêgriya ing sacêlakipun banawi, talaga utawi ing pasitèn ingkang mirah toya.

Wontênipun panggaotan ngingah kambangan ragi katingal [ka...]

--- 996 ---

[...tingal] tinimbang ngingah ayam punika, bokmanawi saking panjaginipun kambangan botên sagêd kasambi kadosdene ayam. Amargi ngingah kambangan ingkang supados botên manggih kapitunan, kêdah gumatos sarta talatos saèstu.

Ngingah kambangan punika wontên warni kalih, saking nangkarakên piyambak, kalihan tumbas kambangan ingkang sampun sêpuh. Kalih warni wau ingkang prayogi sarta mirah, ingkang sarana nangkarakên piyambak, sabab tumbas kambangan punika, gampil sagêdipun kapusan, inggih punika angsal kambangan ingkang sampun sêpuh utawi ingkang sampun botên nigan, punapa malih rêginipun awis. Măngka anèm sêpuhing kambangan punika tumrap ingkang dèrèng kulina, gampil kalintunipun, sabab sanajan kambangan sêpuh pisan, manawi mêntas ambodhol inggih punika santun wulu, katingalipun kados kambangan ênèm kemawon.

Mila manawi pancèn badhe manggaota ngingah kambangan, prayogi nangkarakên piyambak, inggih punika nêtêsakên tigan kambangan ingkang lajêng sagêd dados mêri.

[Grafik]

Angingah pitik ingwenan[6] ingkang kaêmorakên.

Patrapipun makatên: manawi gadhah ayam ingkang ngajêngakên angrêm, tiganipun dipun pêndhêti kasantunan tigan kambangan. Pamilihipun tigan kambangan ingkang badhe katêtêsakên, kêdah pados tigan ingkang taksih enggal, punika katawangakên srêngenge, prêlunipun badhe milih tigan ingkang sagêd nêtês. Dene titikanipun makatên: tigan punika manawi katawangakên ing srêngenge katingal undêranipun, lan manawi undêranipun wau buwêng wontên têngah lêrês, dados botên mèncèng, manawi katêtêsakên tamtu sagêd nêtês.

Ing dalêm saêngrêman utawi saturunan kaisenan tigan sadasa iji, dene manawi ayam ingkang angrêm agêng, sagêd dipun isèni tigan ngantos tiga wêlas iji, danguning panêtêsipun tigan kambangan punika: 27 dintên, mila yèn sampun dumugi wancinipun lajêng nêtês dados mêri, manawi dhasaripun ayam rêmên anak-anak, taksih sagêd dipun têtêsi saambalan êngkas.

Mêri ingkang sawêg mandhap saking têtêsan wau dipun wadhahi ing tenggok utawi tumbu awon-awonan, punika namung kangge ing sawatawis dintên, malah ing salajêngipun kêdah kadamêlakên kranjang piyambak, dipun wastani kranjang mêri, ing ngandhap bolong wiyar, prêlunipun sagêda anjêglongakên sukunipun mêri, pamrihipun ing têmbe botên dados kambangan cebol. Mêri wau dipun sêmburi godhong cabe ingkang kapipis runyah-runyah kawoworan mênir alit-alit. Godhong cabe murugakên dhatêng ganggasipun mêri, dene mênir minăngka têtêdhanipun, anggènipun ngupakara makatên wau ngantos tigang dintênan. Sasampunipun punika lajêng dipun lur-lurakên, inggih punika dipun padosakên [pado...]

--- 997 ---

[...sakên] cacing alit-alit (êlur) ing sabin. Manawi pados êlur sakintên angèl, kenging dipun têdhani soun ingkang sampun dipun êkum. Dene manawi mêri wau sampun agêng, kenging dipun padosakên cacing kêbon.

Supados ing benjing sagêd dados kambangan ingkang bêtah nigan, nalika alitipun supados asring dipun kulinakakên katêdhanan inthil katul utawi sêkul aking. Ing sakawitipun tamtu kemawon dèrèng doyan, mila kêdah dipun dulangakên, manawi sampun kulina purun nêdha piyambak.

Untungipun nêtêsakên mêri punika manawi nglêrêsi kathah èstrinipun, bab panêngêranipun kalêr èstrinipun, sanajana sawêg nêtês, tumrap ingkang sampun kulina sampun sagêd nitik jalêr èstrinipun, mênggah titikanipun makatên: mêri jalêr punika cocoripun gèpèng, dene ingkang èstri cocoripun kêpu sarta warninipun nyêkar wewehan, inggih punika biru sêmu pêthak.

Wiwit mêri nêtês saking tigan, manawi kopèn pangupakaranipun, salêbêtipun gangsal nêm wulan sampun sagêd nigan. Mênggah urut-urutaning namanipun, wiwit saking nêtês nama mêri, lajêng gêmepe, kêminthi, kêmapuk, tangkêp dhadha (ing dhadha sampun katuwuhan wulu sêpuh), bung sikut (manawi pêksi kumêdom), notog, inggih punika sampun mêdal wulunipun ing saranduning badan, wasana lajêng nama bayah. Bayah punika manawi ayam nama dhara, sampun wancinipun laki, manawi sampun nigan lajêng nama kambangan.

Jalêraning kambangan punika cacahipun botên sagêd timbang kalihan kathahipun kambangan èstri, amargi kambangan tigang dasanan, cêkap namung mawi jalêran satunggal. Jalêran ingkang sae, ugi andayani dhatêng wrêdènipun kambangan èstri, mila sanajan jalêran ugi kêdah milih ingkang sae. Mênggah saenipun jalêran punika, kajawi ulês sarta wandanipun pancèn katingal sae, ingkang prêlu sampun jalêran ingkang ngrisakakên kambangan èstri, inggih punika ingkang purun ngoyak-oyak. Jalêran ingkang sae katurangganipun punika ingkang nama kambangan pèlèt, titikanipun ilat lan ing têlakipun wontên balêntongipun cêmêng.

Tigan kambangan ingkang agêng rêginipun watawis sakawan gangsal senan, manawi sampun dados mêri èstri, ingkang sampun umur sawulanan pajêng satêngah rupiah, malah tarkadhang botên angsal, manawi sampun dados bayah, mirah-mirahipun rêgi kalih rupiyahan. Dene kambangan jalêr, manawi kêkathahên adat namung jagi dipun pragat, nanging ingkang pancèn jalêran sae, sagêd pajêng ngantos saringgitan.

Pangopènipun kambangan punika kêdah dados panggaotan ingkang mligi, amargi manawi ngantos botên kopèn, anggènipun nigan inggih botên sagêd dangu lan ajêg, mila manawi namung kadamêl sambèn, botên sagêd kurup kalihan têdhanipun. Enjing sontên kêdah dipun êngèn ing papan ingkang kathah êmisipun, supados sagêd angsal: kreca, keyong, yuyu, kodhok lan sapanunggilanipun. Manawi siyang sasampunipun tuwuk dipun asokakên, wontên ing papan ingkang eyub sarta cêlak toya, amargi ing wêkdal wau kambangan punika limrahipun sami tilêm [ti...]

--- 998 ---

[...lêm] utawi dhidhis. Manawi sampun kraos luwe lajêng nêdha saba ngantos dumugi sontên. Ing wanci sontên kêdah dipun jagi, supados sagêd tuwuk saèstu, sabab manawi ngantos kaluwèn, niganipun botên ing wanci dalu, nanging mêdal ing wanci siyang kalanipun dipun angèn, kambangan ingkang nigan wanci siyang dipun wastani ngênthit.

Kambangan ingkang tuwuk panêdhanipun êmis, kajawi tiganipun raosipun eca, sagêd nyuda sadhiyanipun têdha.

Salêbêtipun nigan, ingkang sae, dipun têdhani jagung sarta gabah. Dene yèn sampun kèndêl anggènipun nigan, limrahipun lajêng ambodhol, inggih punika santun wulu enggal. Ing wêkdal punika manawi katêdhanan jagung utawi gabah, kêkathahên artanipun, mila namung dipun têdhani gaplèk utawi dhêdhêk, dados kajawi mirah inggih murugakên lêma. Gaplèk ingkang badhe kangge têdhanipun, dipun pêcèli alit-alit, dene mênawi mawi dhêdhêk dipun êjuri mawi toya.

Niganipun kambangan punika, gumantung dhatêng kopèning pangupakara, manawi kalêrêsan pangopènipun, sataun muput sagêd têrus nigan. Ing kandhangipun kêdah dipun dèkèki lèmèk saking damèn utawi sanèsipun, prêlunipun supados êmpuk lan botên sagêd mêcahakên tigan. Wancinipun nigan ing sabên dalu watawis jam tiga dumugi gangsal enjing.

Kambangan ingkang sawêg nigan, sampun pisan-pisan tilêmipun kaêmor kalihan mêri utawi bayah, amargi manawi asring kêrah murugakên kèndêl anggènipun nigan.

Manawi panyadenipun tigan kadadak sabên enjing, pamêndhêtipun manawi kambangan sampun mêdal saking kandhangipun. Kajawi kasade eceran, sagêd dipun kêmpalakên rumiyin, manawi sampun kathah katampèkakên dhatêng bakul utawi lênggananipun. Sagêdipun katingal sae lan madolakên, tigan ingkang rêgêd prayogi dipun kumbah ingkang ngantos rêsik.

Bab agênging gunanipun tigan, kados botên wontên ingkang botên wuninga, para maos tamtu sampun sagêd pirsa piyambak, kados ta: dipun dadar, cêplok, dipun pindhang, kakamal lan sapanunggilanipun, punika ingkang kagolong dhatêng bangsaning lêlawuhan, tur namung sawatawis, dèrèng ingkang kangge adunipun têtêdhan warni-warni. Dene ulamipun ugi eca katêdha, saya manawi dipun opor, saking suwuring miraosipun, ngantos dados dhaharanipun Sunan Kalijaga, kalanipun taksih asma Radèn Lokajaya. Ungêl-ungêlanipun makatên:

êmpal banthèng padhamara sapi | gêcok kidang dhèndhènge mênjangan | maesa garangasême | maenda bècèkipun | opor bèbèk jago sinapit | blêgudhêg ayam alas | bandêng mangutipun | sambêlan tarasi abang | urang watang ginorèng lênga kalêntik | lalap sêmăngka jingga ||

Dene kadospundi mênggah pratikêlipun damêl opor kambangan, prayogi dipun sarantosakên kemawon, dumuginipun kolom olah-olahan ing Kajawèn ngriki ngêwrat prakawis punika.

K.M. Sasrasumarta.

--- 999 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Sanguning Tiyang Gêsang.

Candhakipun Kajawèn nomêr 53.

Sêmar : Kaya-kaya wis tutug anggonku ngandharake ing bab pintêr, saiki mung kari ngandharake ing bab waras. Sabab iki ya kalêbu prêlu bangêt tumrape wong urip.

Petruk : Wah, la kuwi pancèn iya prêlu kang nomêr wahid têmênan. Awit sanadyan pintêre nganti bisa mutêr giling răndha umur 60 taun, utawa anggone andhap-asor nganti barêng kêtêmu panggêdhe ujug-ujug banjur mak prok nganti kalalèn anglungguhi ma...ti...a...ku, apa manèh saking apike atine, nganti kalalèn andarmakake barange tanggane, ananging manawa lara mêngi, muni ngak-ngik kaya ana rêbabe ing dhadhane, jaluka pagawean, iya banjur diaturi kondur bae.

[Grafik]

Garèng : Hêm, Petruk kuwi, nèk gawe pêpandhingan têka nganèh-nganèhi mêngkono. Sabênêre mono mula iya bênêr, yèn waras kuwi sawijining kanugrahaning Pangeran kang gêdhe bangêt, ha mara, pikirên bae, arêpa sugih braèwu pisan, yèn tansah mênggik mênthol lara bae, iya luwih bêcik nuli srah-srahan bae karo Kirun wa Nakirun, wis karuwan, rak iya mêngkono ta, Ma.

Sêmar : Mula iya bênêr omongmu kuwi thole, yèn waras kuwi sawijining kanugrahan kang gêdhe. Mulane ing jaman saiki kiyi sêkolah-sêkolahan murid-muride padha diwajibake main sêporêt, kuwi prêlune ora liya supaya awake bisa bagas kuwarasan, awit sêporêt kuwi bisa tansah angobahake saranduning badan, kang bisa anjalari awake mêtu kringête. Kowe dhewe rak bisa ngrasakake, nèk wong kuwi ora bisa mêtu kringête, rasane sok banjur lungkrah.

Garèng : Nèk mêngkono anggone tansah angobahake saranduning badan kuwi, prêlune kang nonêr[7] siji supaya bisa kringêtên: dadi nèk ngono rumasaku kaya-kaya iya ora prêlu tansah tiru-tiru marang sêporêting băngsa kulonan, kaya ta: gimnastik, main bal tamplekan (tennissen) main sepak raga lan sapanunggalane.

Sêmar : Pancène ngono iya ora pati prêlu, sabab uwong Jawa dhewe uga anduwèni mainan sabangsaning sêporêt mau, kaya ta: gobag, bênthik, bintèn, jor lan isih pirang-pirang manèh tunggale.

Garèng : Hla, nèk mêngkono anjogèd kuwi iya kêna diarani sêporêt, sabab awak sakojur rak bisa obah, tur kringête iya bisa byuk-byukan, kaya ta bae nèk gêndhinge diunèkake clunthang, arêp miwiti anggarudha, lha

--- 1000 ---

kuwi sikile kapasang rada ambêgagah, tangane sing kiwa rada andhaplang sathithik ajêbèbèh karo nyêkêli sampur, tangane têngên kang uga nyêkêli sampur, diobahake saka buri mangarêp, banjur ngêntrog, bêcike kaping pindho, ngêg, ngêg, sauwise tangane banjur diobahake saka ngarêp mêmburi, têrus ambuwang sampur, plas. Kang mêngkono kuwi dibolan-balèni nganti kaping têlu, dene nèk wis mèh tiba gong, tangan têngên banjur nguwêlake sampur lan bêbarêngan narik sikile têngên, nuli ditibakake tungkake, jrèt. Mêngkono uga sing kiwa, kaya dene pacake tangan lan sikil têngên mau, sauwise sikile kiwa, rêkètèk ditarik nganti têkan burine sikil têngên, bêbarêngan tangane loro pisan katarik têkan sangarêping dhadha, lêr, sampure nuli dibuwang mêngarêp, byak, sauwise banjur nibakake sikile têngên, glêthêk, bêbarêngan tangane kiwa mêmburi, klepat, lan aja lali kudu dibarêngi pacak gulu, gêjêngglong. Patrap kang mêngkono kuwi diambali nganti gêndhinge ditibakake, banjur lagi miwiti lampah sêkar. Ha mara, apa kiyi ora jênêng ngobahake saranduning badan kang têmênan.

Sêmar : E, hla, gumun bangêt aku, dene anggonmu ngandharake mungguhing pratikêle wong anjogèd têka gamblang mangkono, mendah jogède têmtune iya kanjat têmênan, ora, Rèng, anggonmu ajar jogèd kuwi ana ing ngêndi?

Garèng : O, Ma, nèk putramu siji kiyi mula iya kampi, upama Rama nganti priska[8] anggonku anjogèd, sida kalakon sêtip têmênan, apa ngilang-ilangake anggonku pirang-pirang taun jumênêng guru cokèk. Ai, adhuh dhisayang.

Sêmar : E, kurang ajar, ana wong tuwa kathik diunèkake sêtip, kaya bayi, ha nèk cokèk kuwi jogède rak durung jênêng pêng-pêngan, wong tangane mung kêthowa-kêthawe bae. Mungguh sanyatane, jogèd kuwi iya kêna dilêbokake mênyang pratikêle angobahake saranduning badan, ananging nèk rumasaku ora kêna digolongake marang sêporêt, awit kang kapisan, anggone nindakake sing akèh ora bisa ajêg, lumrahe mung sabên saminggu pisan. Kang kaping pindhone: lumrahe wong sinau anjogèd iku, ngudi mênyang kagunan. Pancène ngono iya ana prêlune wong bisa anjogèd kuwi, jalaran kajaba jogèd Jawa kuwi sawijining kagunan kang wis misuwur bêcik lan aluse, mêngkono uga bisa ngundhakake marang kaprigêlan, utawa kaalusan, utawa manèh nênuntun mênyang watêk calingus, banjur bisa dadi sumrambah.

Petruk : Iya bênêr omongmu kuwi, Ma, ananging satêmêne aku sok rada gêla wêruh adate wong sing kulina anjogèd kuwi, la wong sabarang gawe kok sok banjur dipacakake, kaya ta: arêp kăndha êmoh bae iya nganggo pacak gulu, nèk cêlathu, tangane tudang-tuding nganggo dicêkithang-cêkithingake kaya wong ngukêl, malah arêp awèh tăndha kurmat bae, tangane dicara klana ngilo-ilo.

Sêmar : Wiyah, hla kuwi rak wis pancèn dhasare uwonge, pancèn sarwa bêsus.

(Badhe kasambêtan)

--- 1001 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Tagihan dhêndhan langêrèh ing Batawi ing taun punika katindakakên kêncêng sangêt. Ing salêbêtipun 6 kêpêngkêr sampun nindakakên tagihan f 42.000, măngka ing taun 1927 namung wontên f 50.000, dados kintên-kintên ing taun punika badhe sagêd tikêl kalih saking angsal-angsalaning dhêndhan ing taun kêpêngkêr.

[Grafik]

Ing Kajawèn sampun nate ngêwrat pakabaran ing bab lampah layaran ing gêgana, saking tanah Jawi dhatêng Sumatra, ing nginggil punika gambar palwa gêgana militèr, ingkang bidhal saking Sukamiskin Bandhung, nalika dumugi ing Sarolangun, Jambi, kathah ingkang sami mapagakên. Cacahing palwa gêgana wau 5 iji, lajêng badhe nglajêngakên lampah dhatêng Payakombuh.

Mirid palapuran pakaryan pos, wontênipun sêrat-sêrat ingkang kakintunakên ing salêbêtipun taun 1927 wontên 95.000.000, mêsthi kathah tinimbang 1926, indhakipun wau inggih jalaran saking sêrat limrah utawi sêrat kabar. Tumrap sêrat-sêrat kabar ing pulo Jawi tuwin Madura indhakipun wontên 12%, sêrat-sêrat limrah 11% tumrap tanah Sabrang mindhak dados 18%. Wêwahipun wau jalaran saking indhaking sêrat kabar Tionghwa tuwin têtiyang siti, ingkang mêdal enggal. Saha tumrap sêrat kabar ngamănca indhakipun ngantos 40%.

Griya pirantos anggaringakên karèt gadhahanipun kabudidayan Bangoen Medhan, mêntas kêbêsmèn, kapitunanipun agêng.

Ing Batawi mêntas wontên parêpataning para wanita pangajaran, angrêmbag bab pasupêkêtaning sadherekan, tuwin caraning nênuntun dhatêng para wanita neneman, ing bab nyêpêng balegriya, padamêlan tangan tuwin sanès-sanèsipun, supados tumrap wanita ingkang dèrèng gadhah kagunan bab wau, sagêd sinau dhatêng para wanita sanès.

Wontên lare kêkalih ing Sungipênuh, Sumatra, dipun bujêng ing sima, lare wau ngantos malêbêt ing griya taksih dipun bujêng kemawon, malah ngantos dumugi ing kamar. Têtiyang ing ngriku lajêng lapur dhatêng kumêndhan bipak nama Sêrsan Jansen, sima lajêng sami dipun sanjata pêjah.

Dèrèng dangu tiyang kampung ing bawah Kêndhal, sami ajrih jalaran mêntas wontên lare dipun gondhol ing baya. Sarêng pawartos wau dumugi ing Sêmarang, kathah juru ambêbêdhag ingkang badhe dhatêng ing ngriku, nêdya nyirnakakên. Wusana kêlampahan baya wau kenging dipun pancing, saha lajêng kabêkta dhatêng griyanipun asistèn wadana ing Truga, baya wau panjangipun wontên 4 M. kabaripun badhe kakintunakên dhatêng Surabaya.

--- 1002 ---

Ing kampung Lowiranji, Rangkasbitung, mêntas wontên sagawon edan ngamuk, nyakot tiyang 3, tuwin satunggal malih dipun kêrah-kêrah panganggenipun, menda 4, maesa 1, kajawi punika taksih ngêrahi barang-barang sanèsipun. Têtiyang ingkang dipun cakot, sampun dipun priksa ing dhoktêr, lajêng kakintunakên dhatêng Instituut Pasteur ing Bandhung, dene sêgawon sampun dipun pêjahi.

Sawênèhing băngsa Tionghwa nama Tjhim A Hian ing Mêntok, ing wanci dalu wangsul saking sênêng-sênêng numpak oto badhe mantuk, sarèhning samar, samargi-margi tansah nyêpêng pistul. Dumadakan lampahing oto numbuk tumpukan pasir, kontraging oto adamêl kontragipun ingkang numpaki, tangan ingkang nyêpêng pistul, drijinipun kêpêntog, wusana pistul mungêl angingingi badanipun piyambak, andadosakên lan tiwasipun.

Pangadilan landrad ing Siantar Sumatra mêntas angrampungi prakawisipun pasakitan-pasakitan ingkang gadhah tindak siya sangêt, inggih punika mêjahi tiyang èstri kalihan anak-anakipun ênêm, tuwin griyanipun lajêng dipun bêsmi. Pasakitan ingkang kêkalih kapatrapan ukum kisas, kalih malih kaukum 12 taun, tuwin satunggal malih kaukum kalih dasa taun, wontên 4 ingkang kaluwaran.

Kawartosakên, bilih pêkên taunan ing Ngayogya badhe dipun wontênakên griya, ingkang kangge mitongtonakên kajêng-kajêng saking pakaryan wana, awarni balabag kajêng maoni, walikukun, sanakêling, cêndhana, rasamala, kapur barus, èbên, trêngguli tuwin sanès-sanèsipun, wontên ingkang kajêng wau dipun gilapakên, tuwin wontên balabag kajêng jati ingkang wiyaripun 1.20 M. Lan wontên malih kajêng ingkang limrahipun dipun sade f 0.50. Ing êrak-êrak dipun pitongtonakên pamêdaling wana, kados ta kajêng cêndhana, klika ingkang kangge ngolah wacucal, cèt-cèt, damar, kopal, mênyan, kapur barus, karèt tuwin sanès-sanèsipun, makatên ugi lisah pêthak, kapur barus, kruwing sapanunggilanipun. Kajawi punika inggih dipun pitongtonakên gambar pêpetanganing pamêdal wana ingkang kabêkta dhatêng sajawining jajahan, ugi mitongtonakên gambar-gambaripun. Sêrat-sêrat ing bab prup sêtatsiun boswèsên ugi dipun sadhiyakakên. Sacêlakipun griya ngriku dipun êdêgi griya kajêng taun.

Pulisi tansah ngudi ing bab kadurjanan ingkang tansah pinanggih ing Sêmarang, sapunika pulisi sagêd nyêpêng tiyang nama Hasan wontên ing Surabaya, tuwin têtela tiyang wau ingkang nindakakên kadurjanan wontên ing Heuvelterrein ing Sêmarang, malah wontên kancanipun malih nama Wardi ugi dipun cêpêng.

Ingkang bupati ing Têgal, wadana ing Adiwarna, dhoktêr Kindêrên tuwin pulisi sanès-sanèsipun, dhawuh andhudhah kuburanipun tiyang nama Salwan, ing dhusun Kalisapu, amargi wontên pandakwa bilih ngajalipun tiyang wau sarana dipun kaniaya ing tiyang nama Dali, ingkang dangunipun sampun sawulan. Sasampuning kapriksa lajêng kakubur malih. Dakwa ugi sampun kacêpêng.

Wontên pawartos, bilih dhoktêr Cipta badhe nyuwun pindhah saking papan pamanggènipun ing Bandhah, amargi wontênipun ing ngriku botên sagêd nindakakên padamêlanipun dhoktêr ingkang kenging kangge pados têdha, jalaran ing ngriku sampun wontên dhoktêripun.

Kawartosakên, bilih griya pamriksan pilêm ing Batawi, badhe dipun êdêgakên wontên sacêlakipun H.B.S. Timoerweg, kanthi rantaman waragad f 50.000.

Wonêtn lare sakawan sami minggat saking pakunjaran lare ing Tanggêran, sarêng dipun padosi pinanggih wangsul dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun, wontênipun sami minggat, jalaran sami kangên ing tiyang sêpuh.

Miturut pawartos, wadhuk-wadhuk ing Jawi Wetan ingkang sami dipun ingahi ulam, mikantuki sangêt, sagêd murakabi dhatêng têtiyang kanan-keringipun.

Ing tanggal 8 wulan punika, pakêmpalan Muhamadiyah ngawontênakên têtakan lare yatim, mawi dipun samuwakakên sawatawis, ugi nampèni lare sanès ingkang nêdya dipun têtakakên, sarana ambayar f.3.50, nanging sampun mawi angsal pangangge têtakan.

Ing Tasikmalaya mêntas wontên bikakan pamulangan Mulo ingkang angsal subsidhi saking pamarentah, gadhahanipun pakêmpalan Pasundhan, kathah pangagêng ingkang rawuh anjênêngi pambikakipun.

Ing Plampitan, Sêmarang, wontên pabrik damêl pirantos timbangan, gadhahanipun băngsa Tionghwa, nalika nuju ngêjur têmbaga, têmbaga wau anjêblos, wontên kuli 4 ingkang kêcipratan luluhan têmbaga, wontên ingkang pêjah satunggal.

Pulisi ing Batawi ngumêrêpi, bilih wontênipun sêmokêl candu pêtêng ing Batawi wontên 207, wontên 4 ingkang băngsa Walandi. Mila sanadyan kathah candu pêtêng ingkang kêcêpêng, inggih mêksa kathah ingkang kêprojol.

Griya pagadhean gupêrmèn ing Medhan mêntas kalêbêtan durjana, sagêd ambêkta barang-barang kintên-kintên pangaos f 5000.-, marginipun mêdal payon sarana ambikak gêndhèng.

--- 1003 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba.

53

Harmac anjog wontên ing Mur.

Kala punika Quick sumèlèh wontên pasarean ingkang adi wau, tanganipun ingkang atos saha kapalên dipun sidhakêpakên, kula sadaya lajêng gêntos-gêntos pamit dhatêng mayiting Quick tiyang ingkang sêtya saha têmên wau, mênggah pêjahipun Quick wau inggih pêjah ingkang salaminipun tansah dipun sêdyakakên, awit ingkang dados pangajêng-ajêngipun, sagêda pêjah ing salêbêting wajib, utawi pêjah wontên ing paprangan. Mugi-mugi têntrêma wontên ing dêlahan.

Wontên ing kamar pajagèn ingkang kathah balêntongipun rah, kula ambalêbêt tatunipun propesor, bêgja dene tatunipun wau botên ambêbayani. Wontên ing ngriku salajêngipun kula sadaya lajêng ngrêmbag punapa ingkang badhe katindakakên.

Sang putri ingkang kala punika lendhehan dhatêng lêngênipun Orme ngandika makatên: Dhuh, para mitra sadaya, kados badhe ambêbayani manawi kula sadaya wontên ing ngriki kemawon. Lêrês manawi sêdyanipun paman kula punika sabar, ananging kula kuwatos, manawi paman wau badhe wangsul malih ambêkta prajurit pintên-pintên èwu, salajêngipun nuntên badhe kadospundi.

Orme apitakèn: Mênggah karsa panjênêngan kadospundi, dhuh sang putri, punapa karsa panjênêngan badhe lolos saking Mur ngriki.

Sang putri angandika malih: Kadospundi sagêdipun kula oncat saking ngriki, amargi têtiyangipun Pangeran Josua anjagi wontên kori-korining kadhaton, ing jawi dipun kêpung wakul binaya mangap dening têtiyang Fung. Têtiyang Abati sami gêthing dhatêng panjênêngan, ing sarèhning ing padamêlan panjênêngan punika sampun rampung, panjênêngan badhe dipun pêjahi. Adhuh-adhuh, dene kula nglêbêtakên panjênêngan dhatêng praja, ingkang têtiyangipun botên sumêrêp dhatêng kasaenan babarpisan. Salajêngipun sang putri lajêng muwun, dene kula sadaya sami sumlêngêrên botên gadhah daya punapa-punapa.

Japhet kala punika brangkangan wontên ing siti, ingkang kêtingal lan bela sungkawa cara wetanan dhatêng ing pêjahipun Quick ingkang dipun trêsnani wau, lajêng murugi sang putri saha lajêng andhingkluk, tuwin lajêng matur makatên:

Dhuh, sang putri, mugi kaparênga mirêngakên aturipun ingkang abdi, kawula punika, botên ngantos tigang pal têbihipun saking ngriki, sacêlakipun pungkasaning lêlêngkèh, dipun dunungi băngsa kula piyambak cacah gangsal atus, inggih punika têtiyang parêdèn ingkang pancèn sêngit dhatêng Pangeran Josua. Dhuh, sang putri, măngga kawula aturi lolos dhatêng padununganipun băngsa kawula wau, sampun tamtu têtiyang wau sami purun labuh ing panjênêngan nata, tuwin têtiyang wau tamtu miturut ing parentah kawula, ingkang sampun panjênêngan wisudha dados kapalaning têtiyang punika. Dene ing têmbe wingkingipun, panjênêngan sagêd nindakakên punapa kemawon, ingkang panjênêngan galih prayogi.

Sang putri lajêng mriksani Orme, sêmu mundhut rêmbag ing bab punika.

Orme umatur: Punika satunggiling rêmbag ingkang pantês dipun turut, cêkakipun wontên ing tanganipun têtiyang parêdèn wau kados-kados botên badhe langkung nalăngsa, tinimbang wontên ing papan ngriki, ingkang botên wontên têtiyangipun babarpisan ingkang sagêd anglabêti kula sadaya. Dhuh Gusti, mugi kaparênga andhawuhakên dhatêng para kênya, mundhut mantol ingkang kangge ngudhungi sirah kula sadaya, saha lajêng tumuntêna bidhal.

Lêt gangsal mênit malih kula sadaya lumampah mindhik-mindhik, anglumpati bangke-bangke tuwin têtiyang ingkang nandhang tatu wau nilar kadhaton, saha lajêng sami nglangkungi krêtêg gantung, ingkang kala punika sampun dipun andhapakên dening têtiyangipun Pangeran Josua ingkang sami lumajêng salang tunjang wau, salajêngipun kula sadaya dumugi ing alun-alun wiyar. Ing sarèhning kala punika kula sadaya sami mangangge kadosdene panganggening têtiyang Abati ing wanci dalu utawi wanci jawah, ingkang punika botên wontên bedanipun kalihan têtiyang ingkang sami wontên ing alun-alun ngriku.

Ing sasagêd-sagêd, lampah kula sadaya punika urut sangandhaping wit-witan, awit kuwatos manawi jalaran saking inggilipun Olivier mangke konangan. Kala punika têtiyang Abati sadaya sami rêrêmbagan rame, saha sami anudingi dhatêng curi-curi. Kula sadaya lajêng nolèh, prêlu ningali punapa ingkang katingal sanginggiling curi, kalêrêsan kala punika rêmbulan jumêdhul saking sawingkinging mega ingkang anggêmbulêng, lan ing ngriku kula sadaya sumêrêp wêwarnèn ingkang ing wêkdal punika ngajrih-ajrihi sangêt saha anggêgirisi.

Curi ing sawingkinging kadhaton, munculipun kintên-kintên wontên satus sèkêt kaki saking nginggiling kadhaton. Curi wau têtiyang Abati amastani curi Singabarong, sanadyan curi wau botên katingal Singabarong babarpisan, ananging kawontênanipun samangke mèmpêr sangêt, awit êndhas saha githokipun rêca Singabarong dewanipun [dewani...]

--- 1004 ---

[...pun] têtiyang Fung ingkang agêng sangêt punika, kala punika tumumpang wontên sanginggiling curi wau, saha manglung ngungak dhatêng kitha Mur.

Ingkang makatên wau têka mèmpêr sangêt, kadosdene rêca Singabarong wau tuwuh saking kajêngipun piyambak nilar jurang saha lajêng dêdunung wontên ing ngriku.

Adhuh, adhuh, makatên mênggah sêsambatipun Japhet. Pamêcane têka anumusi, yaiku sirahing Harmac wis tumêka ing Mur.

Higgs abisik-bisik makatên: Karêpmu kowe rak ngarani yèn aku kabèh sing ngusir dhèwèke mrono, ta. Iya saka kêkuwataning dhinamitku kae, anggone êndhase Singabarong kombul ing awang-awang, sarta banjur tumiba ing curi kana kae.

Kula anocogi dhatêng pamanggih makatên wau saha wicantên makatên: Mula iya mangkono, lan orêging bumi kang karasa saka sadhasaring lêmah dhèk samana kae, kuwi ambarêngi tibaning êndhas mau.

Japhet ingkang lajêng dados bingung botên kantên-kantênan, jalaran saking wontênipun sadaya lêlampahan ingkang dipun alami, lajêng wicantên makatên: Kula botên praduli kadospundi dhatêng: tênging[9] sirah wau, ingkang kula sumêrêpi, bilih wêca wau sampun numusi, inggih punika Harmac sampun dumugi ing Mur, ing măngka dhatêng pundi-pundi purugipun Harmac têtiyang Fung tamtu lajêng ngêtutakên.

Higgs ingkang botên gadhah subasita lajêng wicantên makatên: Rak iya malah bêcik, ta, dadi saiki aku bisa anggambar lan ngukur dewa mau kanthi luwih satiti.

Nanging kala punika kula sumêrêp manawi sang putri narêthêk, amargi sang putri ugi amastani, bilih punika satunggiling wasit[10] ingkang awon, malah Olivier piyambak inggih lajêng kèndêl, sabab kuwatos yèn kawontênan ingkang makatên punika badhe andayani agêng dhatêng tiyang Abati.

Kala punika kula sadaya mirêng, bilih têtiyang Abati sami giris, botên beda kalihan Japhet, tiyang wau sami nyupatani dhatêng kula sadaya, ingkang dipun anggêp tiyang buda, kula sadaya dipun wastani juru tênung, ingkang botên anêtêpi punapa ingkang sampun kajanjèkakên, inggih punika angrisak rêca dewa, ananging têka malah dipun umbulakên dhatêng Mur.

Rêraosan ingkang makatên wau pancènipun inggih lêrês, amargi ing têmbe wingkingipun, kula sadaya lajêng nyumêrêpi, bilih kêkiyataning panjêblukipun dhinamit wau têrus ing papan-papan ingkang sami bolong ing salêbêting badanipun rêca, ingkang anjalari ngêmungakên êndhasipun ingkang agêng punika ingkang kentas. Barang ingkang agêng lan ingkang kiyatipun samantên punika sagêd dipun umbulakên ing awang-awang prasasat kados dolanan lare kemawon, lan salajêngipun dhawahipun wau têka kalêrêsan wontên ing sanginggiling curi ing Mur, ingkang salami-lami tamtu badhe wontên ing ngriku kemawon. Sasampunipun kula sadaya nyawang dhatêng kaelokan samantên wau, kula lajêng wicantên makatên: pancène aku kabèh rak wajib sukur ing Pangeran, dene êndhase mau ora tiba sadhuwuring kadhaton.

Sang putri lajêng ngandika kanthi carocosan waspananipun: O, bok suwau sagêd kalampahan dhawah ing sanginggilipun kadhaton, manawi makatên punika sampun lêrêsipun panjênêngan anglairakên suka sokur dhatêng Pangeran, awit kula lajêng sagêd luwar saking sadaya kasusahan. Nanging măngga dipun lajêngakên lampahipun, awit manawi botên makatên, sagêd ugi konangan.

XVII. Kula pinanggih anak kula malih.

Margi dhatêng lêlêngkèh ingkang kula ambah punika anglangkungi têtiyang gêgrombolan kathah, nitik rêrêmbaganing têtiyang wau, kêtingal manawi sami alit manahipun, ing pundi-pundi ingkang mêsthinipun wontên pajagèn, botên wontên ingkang jagi, sadaya-sadaya manawi botên sawêg sênêng-sênêng kalihan tiyang èstri, inggih sawêg minum, jalaran punika, kula sadaya sagêd dumugi panggenanipun tiyang parêdèn tanpa kasumêrêpan. Tiyang parêdèn wau ingkang kathah sami pangèn menda, sarta têtiyang ingkang salaminipun dêdunung sapinggiring jurang ingkang ngubêngi kitha Mur. Têtiyang wau botên nate canthuk-lawung kalihan têtiyang kitha, amargi tiyang kitha punika sugih, tuwin têtiyang parêdèn punika botên gêgadhahan punapa-punapa. Jalaran saking punika, ing bab bêbudèn sawatawis ingkang sae-sae, kados ta kêkêndêlan lan kaprawiran, têtiyang parêdèn wau taksih kanggenan.

Ingkang jalaran saking makatên punika, Pangeran Josua mrênahakên têtiyang punika wontên wiwitaning lêlêngkèh, amargi Pangeran Josua nguningani kanthi yêyêktosan, manawi wontên panêmpuhing mêngsah, inggih namung têtiyang punika ingkang badhe sami têtêp wontên ing papan pajagènipun, tumrap Pangeran Josua piyambak, langkung têntrêm galihipun, saupami têtiyang parêdèn wau dipun têbihakên saking ngriku, kalanipun nginggatakên sang putri, jalaran têtiyang parêdèn ingkang taksih prasaja wau sangêt anggènipun mêmundhi dhatêng sang putri. Sarêng kula sampun dumugi panggenaning têtiyang parêdèn, Japhet lajêng bisik-bisik wontên kupingipun satunggiling kapala, kapala wau lajêng nyawang mancêrêng dhatêng kula sadaya, saha lajêng urmat sangêt dhatêng panjênênganipun sang putri ingkang kudhung rapêt. Piyambakipun wau lajêng ngirid kula sadaya dhatêng panggenaning kapala sanès ingkang dados bawahipun. Kapala-kapala wau sami lêlinggihan ngubêngi bêdhiyan rêrêmbagan rame, sarêng dipun sukani sasmita wontên salah satunggalipun tiyang sêpuh ajenggot nyambêl wijèn ngadhêp saha wicantên makatên:

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Lebih satu suku kata: kasabira dipun kèkèt. (kembali)
Lebih satu suku kata: dimèn tuk rahmating dat. (kembali)
wuntat. (kembali)
margane. (kembali)
jluntrunge. (kembali)
iwenan. (kembali)
nomêr. (kembali)
priksa. (kembali)
dhatênging. (kembali)
10 wangsit. (kembali)