Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07-28, #189

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07-28, #189. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07-28, #189. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 60, 9 Sapar Taun Alip 1859, 28 Juli 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1069] ---

Ôngka 60, 9 Sapar Taun Alip 1859, 28 Juli 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan Adining Tanah Indhiya.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun lèpèn Waluh, bawah Pakalongan. Kawasaning toya kados naratas ngêsuk sêla-sêlaning pasitèn ingkang rèpèh, kados enggal-enggala nunggil lan baboning toya ing sagantên.

--- 1070 ---

Raos Jawi

Kuburing lêluhur.

Bokmanawi sawarnining bôngsa punapa kemawon, têtabêting lêluhur punika tansah dipun pèngêti, dados sanadyan sampun botên katingal tiyangipun, nanging raosing manah mêksa taksih katabêtan. Lan malih salugunipun tiyang punika mênggahing kajêngipun, tansah nêdya nunggil kalihan tiyang sêpuhipun, nanging sarèhning tiyang punika mawi watês kadumugèkakên ing janji, inggih punika pêjah, mila ingkang kenging dipun tunggilakên namung ucap-ucapanipun, utawi raosipun kemawon. Kados ta têtiyang manawi nuju pakêmpalan kalihan sanak sadhèrèk, adhakan lajêng ngraosi dhatêng êmbah, êmbahipun buyut, utawi lêluhur ingkang sampun ngajal, ingkang nurunakên dhatêng piyambakipun. Lan mênggah kawontênaning lêluhur, sanadyan gadhaha lêlabêtan awon sae inggih anglabêti dhatêng turunipun, punika dados tôndha saksi, bilih raosipun tansah têtunggilan kemawon. Tumrap ingkang lêlabêtan sae, malah sagêd murakabi dhatêng raosing tiyang sanès, tumut angraosakên dhatêng lêlabêtanipun ingkang sae, punika tiyang botên kêndhat tansah mêtha-mêtha murih kêtingala wujudipun ingkang sampun botên kêtingal, kados ta tugu, rêca tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Pasarean Sultan Agungan.

Mênggahing bôngsa Jawi kawontênan ingkang kados makatên punika sampun tumindak ing kina mila, botên kêkirangan sela-sela tuwin candhi ingkang kajêngipun kangge mêmêtha dhatêng kawontênaning tiyang ingkang sampun botên wontên.

Dene pinanggihipun ing bôngsa Jawi, raos ingkang kados makatên punika pinanggih wontên ing pakuburan. Tumrap tiyang ingkang taksih mêningi nalika gêsangipun ingkang dipun kubur, kalanipun dhatêng ing pakuburan, pangraosipun lajêng tuwuh kados pêpanggihan sayêktos, mila tumrap ingkang gadhah lêluhur, pamrêtinipun dhatêng kuburing tiyang sêpuh tansah dipun tindakakên ing sadangunipun.

Saking kêlanturing raos ingkang kados makatên punika, manawi môngsa nyadran ing wulan Ruwah, têtiyang sami mrêlokakên nuwèni kubur, kanthi nyandhang ngangge sarwa sae, gumrudug sakulawarga sadaya

--- 1071 ---

kados sacaranipun tiyang badhe jagong, malah mênggahing batosipun kapara ngungkuli, awit tindakipun mawi lêlambaran lêga lan sucining manah, tuwin dipun raos dados wajib ingkang mêsthi.

Sayêktosipun bab kuburan punika mênggahing bôngsa Jawi têtêp anggènipun nganggêp, bilih kuburing lêluhur punika tansah dipun pêpêtri ing salami-laminipun, turun-tumurun tansah taksih nglêstantunakên, mila kenging kangge titikan, kuburan ingkang sae kopèn, punika nandhakakên turunipun inggih sami sakeca gêsangipun, lan ugi nandhakakên bilih raos trêsnanipun dhatêng lêluhur taksih têtêp.

Manawi tumrapipun bôngsa luhur botên prêlu kapratelakakên ing ngriki, awit ing pundi-pundia sami kemawon, pasareaning bôngsa luhur punika wontêna ing pundi kemawon inggih kopèn, saya tumraping panjênêngan nata, têtêping kaluhuranipun taksih botên ewah, tiyang ingkang dhatêng ing ngriku taksih ngangge tatakrama jangkêp, kados sowan panjênêngan nata ingkang taksih jumênêng.

Bab raosing tiyang manawi nuju wontên ing kuburan, tamtu lajêng cêtha gawang-gawangan, wujuding têtêngêr ingkang namung awarni sela, ngantos sagêd ngirup dhatêng raosing tiyang ingkang wontên ing ngriku, lajêng gumarêmêng kados sapocapan kalihan ingkang sampun botên wontên. Dados manawi makatên, raosing tiyang punika gêsang ing salami-laminipun.

Sarèhning wontên raos ingkang kados makatên, tamtunipun tiyang mangrêtos, bilih tindak utami punika sagêd damêl gêsanging namanipun, tansah têtêp anggônda ngambar, punika prayogi dipun padosi.

Kosokwangsulipun ingkang tinêbihan ing kautamèn, punika pêjahipun têtêp kinubur wontên ing siti lajêng sirna tanpa ucap.

Mila wajib tiyang adamêla kuburan ingkang wiyar, murih nyêkapi kangge mapanakên badanipun ing benjing.

Bab Kasarasan

Karosan.

Karosan punika pancèn dados kasênênganing tiyang, awit karosan punika sajatosipun inggih kasarasan, dene limrahipun, botên wontên tiyang rosa ingkang badanipun mênggrêk-mênggrêk sakitên.

Mênggahing bôngsa Jawi ing jaman kina, malah dumuginipun ing sapunika kados inggih taksih wontên ingkang gadhah panganggêp, bilih karosan punika tuwuhipun saking dayaning ngèlmu dene ngèlmunipun warni-warni, wontên ingkang nama aji bandung, blabag pangantol-antol tuwin sanès-sanèsipun. Malah kêtêlahipun, sawarnining kalangkungan punika ugi wontên ngèlminipun, kados ta tiyang ingkang sae swaranipun, punika jalaran saking ngangge ngèlmu ing bab saening swara. Têguh timbul tuwin sanès-sanèsipun ugi

--- 1072 ---

makatên, dalah tiyang sagêd ambadhud kemawon inggih dipun wastani jalaran saking ngandhut ngèlmuning badhud, dados sadaya kemawon botên wontên ingkang prasaja, mila tumraping bôngsa Jawi, sabên wontên tiyang gadhah kalangkungan ing bab punapa kemawon, lajêng dipun wastani manawi kalangkunganipun wau mawi rangkêpan, inggih punika rangkêpan ngèlmu. Botên wontên tiyang ingkang gadhah kalangkungan kodrat.

[Grafik]

Pêrangipun Radèn Bratasena lan Radèn Gôndamana.

Piandêl ingkang kados makatên punika tamtu manawi dipun rangkêpi cêcariyosan minôngka pasaksèn, kados ta ing karosan aji bandung, punika mênggahing cêcariyosanipun, asli ngèlmunipun Radèn Gôndamana, ingkang lajêng kaparingakên dhatêng Radèn Bratasena, dene wontênipun kaparingakên, awit Radèn Gôndamana kasor ing pêrang kalihan Radèn Bratasena, jalaran kêtunjêm ing kuku pôncanaka ingkang botên kêjarag, nanging sajatosipun Radèn Bratasena malah badhe kasoran, awit nalika dipun pithing dening Radèn Gôndamana mèh botên sagêd uwal, sarêng Radèn Bratasena nyêngkah-nyêngkah jajanipun Radèn Gôndamana, kukunipun nunjêm ing jaja, anjalari dados ing tiwas, lan ajinipun wau kaparingakên dhatêng Radèn Bratasena.

Manawi mirid wujuding pawayangan, satriya kêkalih wau pancèn golonganing tiyang ingkang sarwa santosa, sadaya pinanggih wontên ing titikipun, malah tumrap panyandranipun ki dhalang dhatêng Radèn Bratasena, punika sadaya wosipun mèh mencok dhatêng candranipun tiyang rosa.

Samantên ugi bab tiyang lucu, wontên ingkang cariyos jalaran saking kêtrimah anggèning tirakat wontên ing sêndhang ing tanah wetan. Kacariyos wontên [wo...]

--- 1073 ---

[...ntên] satunggiling tiyang kêsrakat, pados padamêlan tansah kêtompal-kêtampil, lajêng tirakat wontên sapinggiring sêndhang, saha lajêng adus. Tiyang wau sarêng wangsul saking ngriku, nalika langkung ing pêkên, lajêng gar-gêr dipun gêgujêng ing tiyang, wusana tiyang wau lajêng anggraita, bilih angsal wahyuning badhud, mila lajêng dados badhud.

Ing bab badhud wau kintên-kintên inggih botên beda kados ing bab karosan, inggih punika tiyangipun pancèn kêdunungan candraning badhud, utawi kêdunungan cucuding wicantên, makatên ugi tumrap sanès-sanèsipun.

Dene mênggah bab karosan, punika dangu-dangu tiyang lajêng mangrêtos piyambak, bilih botên jalaran saking ngèlmu, nanging cêtha manawi saking dhêdhasar ingkang lajêng katumpangan panggulawênthah saha dados kulina, punika sagêd nitik wiwit lare sangkaning alit, pundi pancèn calon dados tiyang rosa utawi botên.

Lan malih ing sapunika têtiyang inggih saya ngandêl dhatêng karosaning bôngsa Eropah, awit sadaya sami pinanggih wontên ing wujud tuwin titikipun, makatên ugi sanadyan bôngsa Jawi piyambak inggih sampun nulad kados cara pangudining karosanipun bôngsa Eropah.

Ing Californie Amerikah, wontên sawênèhing agèn pulisi nama Steward Holly, tiyang wau rosa sangêt tuwin baud ngêlangi. Nalika piyambakipun badhe nglêbêti sayêmbara nglangi, tanganipun kacoba kêkiyatanipun rumiyin, andhaplang dipun linggihi prawan agal-agal kalih sisih, kathik ing githok taksih wontên malih satunggal, ngantos kêtingal tharik-tharik. Ewadene tumrap ingkang nglampahi ing batos mungêl: hêm, abot mêrang sagèdhèng. Nanging inggih nama botên lôngka, awit wujuding badan sampun anggambarakên ing karosanipun.

Amila mênggahing têtelanipun: karosan punika kasarasan.

[Grafik]

--- 1074 ---

Ekonomi

Misaya Ulam Lele.

Nyambêti karanganipun sadhèrèk Siswamiharja ing Kajawèn ôngka: 52 bab ulam lele. Sapunika kula tumut nguruni pamanggih sakêdhik ing bab pamisayanipun ulam lele ingkang langkung gampil, awit kula piyambak nate tatanggan tiyang rêmên misaya ulam wau, tur kula asring tumut, kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Ombyakipun tiyang misaya ulam ing lèpèn.

Yèn sampun gadhah titikan ing pundi lèpèn ingkang kathah lelenipun, nuntên mundhuta pêron dhatêng tukang craki wontêna pangaos sakêthip utawi langkung. Manawi tumbas dhatêng craki mungêl pêron, tukang craki sampun sumêrêp piyambak. Lajêng dipun sadèni inggih punika awujud wowohan, wangunipun bundêr, alitipun sami kalihan jangglêng (woh jatos) nanging kulitipun alus tur tipis alunyu. Kacariyos woh pêron punika satunggiling pangapêsanipun ulam lele ingkang cêsplêng.

Arta sakêthip punika sagêd pikantuk pêron kirang langkung 40 iji, lajêng mêndhêta lombok jêmprit pangaos 2 sèn, mrica 2 sèn, sami kagorèng ing sangan gêntos-gêntos. Woh pêron wau kagorèng rumiyin ingkang ngantos matêng, titikaning [ti...]

--- 1075 ---

[...tikaning] matêngipun manawi sampun anggônda gurih. Nuntên lombok kangge satêngah matêng inggih punika yèn sampun mêrkitik aking, lajêng mricanipun ugi satêngah matêng. Ing ngriku tiga pisan lajêng kagêrus ing layah ngantos alus sayêktos. Dene prêlunipun barang warni tiga kagorèng wau supados dadosing bubukan sagêd pêra mawur ambalêdug.

Sapunika sampun awujud bubukan pêron, lajêng kêdah ngupados cacing pakawisan ingkang watawis kathah kawadhahana ing bumbung, ing ngriku cacing-cacing wau lajêng kacacah-cacah ngantos lêmbat, mawi cathok pangulêt luluh, yèn sampun lêmbat lajêng kakumbah ing toya tawa, prayoginipun ing kalèn ingkang ngantos rêsik, inggih punika katingal kantun dagingipun kemawon, dados isining wêtêng cacing ical, nuntên kaêtus ing pithi, manawi sampun atus, bubukan pêron sarta lombok mrica wau kaulêta ing pithi ngantos waradin, ing ngriku kalêrêmna watawis sadalu. Yèn cacing kirang kathah kenging kaêmoran tempe bungkil saêmplèk ingkang sampun kagorèng, nanging yêktosipun tempe kirang sae. Dene manawi botên mêntala dhatêng cacing kenging ngangge cacahan usus ayam ingkang alit-alit utawi usus pêksi. Nanging pariksaa manawi pêron 40 iji kêdah kacampur ing cacahan cacing satêngah blèg wadhah mêrtega. Yèn pêron 80 iji inggih kêdah tikêl kalih utawi kirang.

Dados prayogining pangolahipun ing wanci sontên, lajêng kalêrêmna sadalu, benjing jam 4 utawi ½ 5 enjing bidhal dhatêng lèpèn ingkang badhe kadhawahan adon-adon pêron wau. Anggènipun andhawahakên kêdah kaglintir-glintir rumiyin agêngipun watawis sakêmiri, nuntên kacêmplungakên ing toya lindhuk pundi kasênênganipun lele manggèn, kaurut wiwit saking nginggil mangandhap, lêtipun watawis nyaêru, ing ngriku ulam-ulam sami mambêt gônda amis gurih, inggih ambêtipun pêron wau, mila lajêng sami murugi nêdha. Sasampuning nêdha pêron ingkang sampun dipun bumboni wau, ulam sami ambanyaki, lajêng ngombe toya ngantos malêmbung, awit kêbêntèrên raosing lombok mrica. Nanging samantên wau ngêmungakên ulam ingkang tanpa sisik, yèn ulam sisik botên sagêd ambanyaki, mila ingkang asring kenging inggih namung lele saha wêlut, dene pratikêl makatên wau dipun wastani: mêron.

Mangsahipun pêron wau kanggening lele watawis sapanginang, mila têngêranipun tiyang ingkang kula tumuti wau namung êsês, bakda andhawahakên pêron kêmput lajêng katilar jagongan sinambi êsês, mangke êsêsipun têlas ulam lele sampun sami pating kêcipak ngambang anglangi ing nginggil toya, ing ngriku kantun nyeroki kemawon sarana tangan utawi irig. Mila pamisayaning lele langkung gampil makatên tinimbang nawu utawi anjala.

Yèn pancèn lèpèn kathah lelenipun, pêron 40 iji wau sagêd angsal lele 200 iji.

Pêpèngêting tiyang mêron:

I. Adon-adon kasêbut ngajêng wau nama sampun ngênggèni takêraning pangracik, awit samôngsa pêronipun [pê...]

--- 1076 ---

[...ronipun] kêkathahên, punika anjalari ulam botên purun ngambang, dipun wastani kêmandèn, mila pêjahing ulam andhasar ing lèpèn utawi kèli, botên patos jêpaplakan manggèn ing sanginggil toya.

II. Dhawahing pêron sampun ngantos wontên ing toya santêr, murugakên ambyaring glintiran.

III. Andhawahakên pêron kêdah ing sadèrèngipun ilining toya lèpèn mambêt uyuh tiyang, murugakên botên pasah. Mila langkung sae kapara enjing, anggêr ulam sagêd katingal, saha utamining mêron punika miliha papan ingkang têbih padhusunan.

IV. Manawi tiyang dipun patil ulam lele, asring nyangklaki utawi kasrêpên, samantên wau yèn tiyang botên tawaran, ewasamantên wisaning patil lele wontên pangapêsanipun, inggih punika pundi papan ingkang kapatil nuntên kauyuhana, wisa wau sagêd cabar botên nyangklêk.

V. Sadanguning pêron dhumawah ing lèpèn, sampun ngantos wontên tiyang nyabawa punapa-punapa utawi pating gadêbug mlampah, agêngipun nguyuhi lèpèn murih botên adamêl girasing ulam nêdha tuwin adamêl cabaring pêron. Kajawi makatên mênggahing gugon-tuhonipun, ing môngsa punika wau anggèning mastani pêron botên kenging, kêdah kasêbut: jamu.

Nir Rasa Niti Atmaja.

Tumpang, Malang.

Bab Têtanêman

Bab Nanêm Pohung (Kaspe).

Mênggah pohung puniku sami-sami pala kêpêndhêm pangraos kula kok luwês piyambak, kenging kadamêl dhêdhaharan warni-warni miturut sakaparêngipun, malah yèn pinuju môngsa awis nêdha kenging kaangge lintunipun uwos.

Pohung punika kathah lan warni-warni, kados ta: pohung ambral, mantri, mlathi, ambral lumut, ilus, marekan, regol, jawi, tuwin sapanunggilanipun.

Tanêman pohung punika lami-laminipun umur 12 wulan, yèn langkung saking sataun uwohipun kathah ingkang gabar. Dene ingkang umur ngantos kalih taun, inggih punika pohung regol lan pohung jawi. Pohung regol punika warnining godhong kados pohung sanès-sanèsipun, warninipun ijêm nèm, gagangipun abrit, witipun ijêm sulak pêthak.

Yèn tiyang badhe nanêm pohung kêdah milih patêgilan utawi pakawisan ingkang tênggar, papanipun kêdah dipun waluku sapisan, tumuntên dipun galêngi saking ngandhap manginggil, lajêng dipun tipari uruting galêngan lan pojokipun, bilih rumput sampun katingal pêjah, papan wau dipun waluku malih, dipun aragi rumputipun, lajêng kaluku malih sapisan êngkas, dados anggènipun maluku gunggung rambah kaping tiga. Utawi kapaculan rumiyin ngantos [nganto...]

--- 1077 ---

[...s] rambah kaping kalih, lajêng kasarèhakên tigang dintên utawi sawatawis dintên laminipun, supados siti sagêda madhêt.

Dene bibitipun mêndhêt turusing pohung ingkang sampun kaundhuh, kakêthok-kêthok panjangipun nyakilan utawi satêngah kaki, mila makatên thukulipun supados sakêdasagêda. racak, ing bongkot dipun lancipi kangge têngêr supados botên nungsang pananêmipun, awit cariyosing tiyang yèn nanêm pohung nungsang (bongkot wontên nginggil) uwohipun pait, tarkadhang asring ngêndêmi. Bibit wau kêdah katancêbakên ngadêg lêrês, sampun ngantos dhoyong. Êlêting pananêm 1 ½ kaki utawi 2 kaki pasagi, yèn kêkêrêpên utawi kawisên, mindhak andadosakên kapitunan. Anggènipun nancêbakên sampun lêbêt-lêbêt mindhak kirang uwohipun.

Tiyang nanêm pohung prayoginipun dipun sênthêng, prêlunipun supados kêncêng, langkung utami ing sêla-sêlaning pohung katanêmana jagung dipun êlêti salowahan. Urut galêngan lan tapêl watês, katanêmana winih kacang tunggak utawi talês, punika sagêd anambahi kauntungan.

Pangupakaranipun pohung kêdah kêrêp kadhangir, pandhangiripun rambah kaping tiga, nanging sampun kêlêbêtên, murih oyodipun botên kêpacul. Inggih puniku pohung umur sawulan, tigang wulan, tuwin nêm wulan. Umur pitung wulan sampun kenging kaundhuh uwohipun, inggih punika uwoh ingkang dumunung wontên salêbêting siti. Dene uwoh pohung ingkang dumunung wontên ing nginggil, namanipun ingklik.

Mênggah panyimpênipun pohung supados botên bosok, kêdah kadamêl gaplèk rumiyin, patrapipun makatên:

[Grafik]

Têtanêman pohung ingkang kangge pêpiridan ulah têtanèn.

Pohung ingkang sampun kaoncèkan, dipun iris tipis-tipis, katata ing rigèn lajêng kaêpe ingkang ngantos garing, awit yèn botên garing tayumên saha warni cêmêng tur ambêtipun wêngur. Yèn sampun garing prayogi kawadhahana ing krêmbêng, nuntên kasimpên.

Suwarja, G.d. Têmanggung.

Wêlèri.

--- 1078 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Wêwatêkaning Satriya.

III

Garèng : Modar ora kowe, Truk, Truk, wong kuwi nèk kêmintêr, iya mangkono kuwi kadadeane, nèk nyurasakake barang apa bae mêsthi kêlirune. Mara, Ma, saiki ngandikakna wêwatêkaning satriya kang têlung prakara.

Sêmar : Wêwatêkaning satriya kang ôngka têlu, yaiku: kudu dhêmên nyang gamêlan, mangrêti ing gêndhing lan parigêl anjogèd.

[Grafik]

Garèng : Lho, Ma, bab têlung prakara kiyi, Rama ora prêlu andangu manèh, dhêmênku pancèn ngayang batin têmênan. Saking dhêmênku nyang gamêlan, nganti dak prêlokake nganakake dhewe gamêlan komplit saprangkat, mung siji loro bae sing durung ana, yaiku: kêndhang, gêndèr, gambang, clêmpung, gong, rê ...

Petruk : Wiyah, iya prasasat ora duwe kabèh ane, sawêruhku duwèkmu kaya-kaya mung saron thok tur wis ora ana larase babarpisan, kathik mêntalane umuk mêngkono.

Garèng : Lho, iya kuwi kowe nèk arêp wêruh carane priyayi tus, sanadyan ing ngomah kêndhile mêngkurêp, aja nganti wong liya sumurup, awit wataking priyayi kuwi suthik diwêlasi ing liyan, awit diwêlasi kuwi têgêse iya diina, ing môngka sing sapa diina ing liyan, kuwi anandhakake yèn awake pancèn asor. Mulane sanadyan duwèkku mung saron thok bae, ananging ana ing jaba, mêsthi dak kandhakake yèn gamêlanaku komplit, prêlune bèn rada katon brêgas. Aja kok kaya watêking priyayi sawênèhing jaman kamajuan kiyi, la wong ngajak-ajak dhewe lumêbu ing restoran, tibaning ngênggon kathik wong liya sing dikon bayari jajane, la kuwi arane priyayi nguris, têgêse priyayi kang asor bêbudène.

Petruk : Nèk rumasaku, iya kuwi priyayi kang ngrêti marang lakuning ekonomi, ngrêti mênyang ajining dhuwit, dadi yèn duwe dhuwit, ora banjur main antêm krama bae.

Sêmar : Mêngko ta, aja kok banjur padha pradondi mangkono, mungguh kandhane si Garèng kuwi iya bênêr, lan kandhane si Petruk iya bênêr, dadi padha bênêre. Jalaran sing sapa nistha utawa asor bêbudène, apa manèh nguris mangkono kuwi, iya ana bêcike, ya kuwi saka anggone gêmi, nanging kêbanjur, nganti dadi cêthil. Sing pradhah lan gêdhe atine, kuwi ya ana ora apike, awit sok banjur ngrusak patung, sing bakal gawe sangsarane dhewe. Dadi murih bêcike [bêci...]

--- 1079 ---

[...ke] têmênan lan supaya slamête: wong kuwi sing gêmi, nanging aja cêthil. Sing paradhah, nanging sing wêruh petung. Cêkake kabèh-kabèh kuwi kudu wêruh êmpan papane lan aja ninggal duga-duga utawa watara.

Garèng : Mati aku, kok iya mêksa kliru, tak arani tindakku kiyi wis anêtêpi kaprawiraning priyayi tus, jêbul isih ana gèsèhe. Ananging ing sarèhning pangandikamu tak gagas-gagas pancèn bênêr, mulane aku iya arêp nurut kanthi sojah kuwi, saiki pangandikamu: satriya kudu mangrêti ing gêndhing, lho kuwi pancèn dak prêsudi têmênan. Gêndhing apa bae aku ngrêti, kaya ta: Kinanthi kêtêplêk, Grompolthèk, Godril, Pocung Kêthoprak, dhanah-dhanah, ing-ing jès, Cèrlêton, kroncong, sê ...

Petruk : Sikak, apa ora mulêsake êndhas mêngkono kuwi, masa iya, kok banjur disênenjong godhog bae, iya gêndhing Jawa, gêndhing Lônda, Arab, Tiyonghwa, Malayu.

Garèng : Jarene wong urip kuwi kudu bisa manjing ajur-ajèr, mulane kabèh-kabèh iya dak sinau, prêlune nèk dhong pista karo para ahli gêndhing Jawa, bisa mèlu-mèlu ambawani, nèk karo para Arab, bisa mèlu nabuh trêbange: plak, kêthaplak plak, plak plak, dhuk, nèk kumpul bôngsa Walônda, bisa: brèt-èbrèt, nèk kumpul ka ...

Sêmar : O, ladalah, aranmu bocah, jarwa dhosoke: pangane kaya kêbo, gawene ora kêcacah: mula iya mung tansah ngalor ngidul bae, sabên-sabên rêmbugan mêsthi mung amburu kasênêngane dhewe, dak pituturi, ya. Mungguh sing dikarêpake: manjing ajur-ajèr ing kono kuwi, wong sing bisa sumrambah marang pasrawungan, upamane kaya ta: yèn pinuju jagongan karo pujôngga, sing dirêmbug iya bab kapujanggan, upama pinuju jagongan karo pandhita, sing dirêmbug patrap sampurnaning sêmadi, upama jagongan karo bakul, iya bab ajuning dêdagangan, upama karo wong ahli praja, iya bab lakuning praja, mangkono sabanjure, dadi ora kidhung uripe, dene bisa nanggapi kêkarêpaning wong kang dadi pasrawungane.

Petruk : Hara, calila-calili kowe, andèkne mêntala-mêntalane ngunèkake panêmuku ki mêsthi kalirune, dak arani panêmune dhewe wis plêng-plêngan, jêbul-jêbul kok malah salah wèsêl aliyas ngrujak sêntul, wis, buntêlane tokna kabèh saiki.

Garèng : Wadhuh Petruk, nèk wis ngerang-erang uwong anggone undhig. Wis, Ma, ngandikakna bae mungguh wêwatêkaning satriya kang ôngka têlu mau, awit upama dak critanana mungguh kaprigêlanaku marang jogèd, mêsthine ora malah digumuni, bokmanawa malah digêguyu, turne aku nèk wis anjogèd jathilan, wah, prigêl bangêt.

Petruk : Anjogèd jathilan kuwi, sanajan bocah sing lair besuk êmbèn, iya wis prigêl. Dadi sing bakal ngalêm kaprigêlanamu anjogèd mau, kiraku iya mung bojomu dhewe.

Sêmar : Wis, wis, kok banjur padha rêgêjêgan [rêgêjê...]

--- 1080 ---

[...gan] ngono. Katêranganamu, Garèng, mungguhing wêwatêkaning satriya kang ôngka têlu kuwi, sabênêre salah wèsêl kabèh. Ora mangkono mungguhing karêpe, ananging mangkene: dhêmên mênyang gamêlan: kuwi ngibarat sumarambah marang pasamuan, utawa asih mênyang sapadha-padha. Mangrêti ing gêndhing: ngibarat bisa amomong marang ing ngakèh. Parigêl anjogèd: ngibarat ora kadhung mênyang tata krama, tindak-tanduke angrêsêpake. Lho, mêngkono karêpe thole.

Waosan Lare

Trêsna ing Wong Tuwa.

II

Sêtya kêplayu olèh pangengeran.

[Durma]

gawe giris swaraning bêdhil brondongan / wong mlaku andalidir / padha salang-tunjang / wis lali bojo anak / mung kêsusu arêp ngili / tangising bocah / kêrungu pating jlêrit //

dhèk samana Sêtya bangêt le kewuhan / anggawa adhi cilik / momong ora kuwat / dikanthi gawe samar / wusana mung arêp dhêlik / anèng kalenan / karo calathu lirih //

anu ya le aja nangis wis mênênga / ing mêngko bae mulih / biyung lagi lara / bèn aja pijêr ngêmban / besuk biyung yèn wis mari / padha nyang pasar / tuku sing apik-apik //

nuli mênêng adhine karo anyawang / sêsêgên kêmpis-kêmpis / ngamplok nèng pondhongan / Sêtya satêngah brangkang / nanging dilalah barêngi / barandhal liwat / lakune angêndhêgi //

karo clathu lho lho kuwi bocah apa / dene nganggo andhêlik / ayo ngadêg rikat / kowe mêsthi tak gawa / Sêtya bangêt gone wêdi / ati trataban / adhine banjur nangis //

ana brandhal siji rada ora srantan / banjur nyandhak sing cilik / si Sêtya ditêndhang / nganti tiba krengkangan / dene adhine anjêrit / digawa lunga / Sêtya kèri anangis //

ora ngrêti karêpe wong mau apa / dene ta bocah cilik / ya mêksa digawa / ora duwèni wêlas / wise ngaso Sêtya tangi / karo angungak / kiwa têngên wis sêpi //

Sêtya banjur nangis karo sambat-sambat / eling biyung lan adhi / kabèhe mêmêlas / wong têlu pêpisahan / padha nèng jrone prihatin / wusana Sêtya / banjur lumaku rindhik //

ora ngrêti nyang ngêndi le arêp lunga / yèn ta arêpa bali / tilik biyung lara / ing ati rada samar / mundhak andadèkke sêdhih / wusana Sêtya / arêp banjurke ngungsi //

ing lakune rêkasa sadalan-dalan / wêtênge krasa ngêlih / arêp nyang padesan / atine isih ganggam / karo manèh ketok sêpi / dadi anekat / banjurke laku rindhik //

barêng sore lakune uwis mèh têkan / kutha sing ketok bêcik / sajak bangêt rêja / sêmune wis katara / omah gêdhe tharik-tharik / batine

--- 1081 ---

Sêtya / mêsthi nagara iki //

ing lakune satêkaning jêro kutha / wayahe uwis mahrib / bêdhuge dhêrandhang / disambung sêsauran / lèrèning bêdhug tumuli / krungu wong adan / swarane galik-galik //

mak clês ayêm atine Sêtya karasa / nuli alèrèn linggih / anèng ngèmpèr omah / sing angongkang ing dalan / omahe mung katon sêpi / ing jêro padhang / lan krungu ting kalêsik //

Sêtya ngira yèn wonge lagi sêmbahyang / awit kêrungu muji / ora sawatara / kêrungu ana swara / wong lumaku thêklik-thêklik / mêtu nyang jaba / sing duwe omah santri //

barêng wêruh yèn ing jaba ana bocah / banjur disapa lirih / lho sapa kuwi ya / ketoke kaya bocah / Sêtya banjur mindhik-mindhik / lan muni kula / lare kêplajêng têbih //

sauwise si Setya banjur carita / wiwit kalane bêngi / dhèk ana gegeran / tètèh ora kêliwat / nganti têkane saiki / wong mau wêlas / krasa rasa ing ati //

nuli nyêdhak ngêplèk-plèk gêgêre Setya / kandhamu ngêrês-rêsi / iya pancèn nyata / yèn ing sajaban kutha / lagi môngsa kurang bêcik / akèh padesan / suwung uwonge ngungsi //

wis ta thole anaa kene bae ya / atimu aja sêdhih / lan aja anggagas / wong sing wis padha pisah / mung bae padha dipuji / muga slamêta / Pangeran luwih adil //

awit yèn ta pijêr korasak-rasakna / tiwasan ngrusak pikir / môngsa nulungana / tiwas muwuhi susah / wis ngene Sêtya saiki / rewang-rewanga / gonku golèk rijêki //

besuk bae yèn uwis têntrêming jaman / bêcik padha dipikir / môngsa garah iya / biyungmu tanpa warta / lan adhimu tanpa lari / kuwi rak mokal / besuk ketêmu mêsthi //

[Grafik]

Sêtya lakune wis mèh têkan ing kutha.

ing saiki rumasa ayêm si Sêtya / kêslamur gone sêdhih / awit sabên dina / kêtungkul rewang-rewang / prasasate êmèh lali / nyang kasusahan / elinge yèn mung bêngi //

barêng gone anèng kono wis watara / kira-kira rong sasi / wong sing duwe omah / ketok anggone trêsna / Sêtya ketok bocah bêcik / nyang gawe doyan / nyang samubarang ngrêti //

malah-malah banjur kêna dipitaya / nyêkêl prakara dhuwit / yèn pinuju kala / lurahe ora lunga / Sêtya kêna kon nyulihi / mêtu nyang pasar / parigêl mitayani //

--- 1082 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Pakaryan kasarasan ing Surabaya, ing sapunika nindakakên papriksan kawontênaning bayi-bayi ing pakampungan, awit kasumêrêpan gunggunging bayi ngajal ngantos wontên 30%. Ing sabên dintên satunggiling tiyang sagêd mriksa bayi 8 utawi 9 lajêng dipun cathêti wawratipun. Ing têmbe tamtu kasumêrêpan mênggah sabab-sababipun kathah bayi pêjah.

Sampun kalampahan ing Surabaya saèstu ngawontênakên pasamuan adêging Studieclub sampun 4 taun, manggèn ing griya pakêmpalan Kampung Bubutan 2. Tamunipun kathah, ingkang bupati tuwin patih ugi rawuh. Ingkang ambikak pasamuan Tuwan Gôndakusuma, ngaturakên gênging panuwun dhatêng para tamu. Para tamu lajêng sami dipun aturi jumênêng, amirêngakên sêsorah amèngêti lêlabêtan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI ing bab pambiyantu dalêm bab rêmbag utawi arta dhatêng Studieclub. Salajêngipun wêwakiling pakêmpalan warni-warni sami gêntosan sami mêdhar sabda. Dhoktêr Sutama, pangarsaning pakêmpalan, ngaturakên panuwun dhatêng para pamêdhar sabda, saha lajêng ngandharakên mênggahing bab prêlu tuwin ancasing pakêmpalan.

Sampun sawatawis dintên punika rêdi Brama kêtingal kumêlun saha lajêng ngawontênakên jawah awu, nanging wusananipun lajêng sirêp malih.

Kabantokakên dhatêng kantor Bale Pustaka, Radèn Mèmèd Sastra Adiprawira, asistèn wadana tèrbêskiking ing kabupatèn Bandhung. Mas Atmawinata, guru H.I.S. Pasundhan ing Tasikmalaya.

Lulus kandhidhat iksamên bagiyan wiwitan ing pamulangan luhur dhoktêr, Tuwan Sudiman, Sarjana, Suhadi Arjalukita, Gusipta tuwin Sutama.

Ing Sêrdhang nginggil Watês kalihan Karo, wontên wana tuwin patêgalan kabêsmèn ngantos nyirnakakên kampung Timur, Buntu, tuwin Banjarênggi. Griya ingkang kêbêsmi wontên 50, kapitunanipun kintên-kintên f 25.000. Tiyang ingkang tiwas 1, rajakaya 100, dene wiyaring papan ingkang kambah ing latu 200 kilomètêr pasagi. Wana sadhiyan ingkang kêbêsmi wontên 6 panggenan.

Pawartos saking Rêdhaksi.

Lêngganan nomêr 2173, ing Gêdhong Tatakan, a. Pathokaning panyêrat ingkang tumindak ing sapunika, miturut karampungan pangrêmbag ing Sriwêdari Surakarta. b. Polêk almênak taun 1929 mêdalipun benjing wêkasaning wulan Agustus. c. Bab ayam Leghorns lan Minorca punapadene tiganipun, prayogi pitakèn dhatêng redhaktur Ind. Boerderij p/a. Kolff & Co. ing Batawi. d. Bab buku-buku sanèsipun Pemimpin perternak ajam, ing Bale Pustaka botên wontên tuwin botên têrang pundi ingkang sade. e. Bab mêsin ngêngrêmakên tigan ayam, prayogi pitakèn kados ingkang kasêbut ing aksara c.

Tuwan S. ing Purwakêrta. Pandangu panjênêngan bab pathokaning panyêrat, katranganipun kados ing nginggil. Bab wontênipun karang-karangan ingkang badhe kaêcap kêdah kasêrat namung sasisih, punika prêlunipun murih anggampilakên panggarapipun kônca lètêr sètêr, awit lajêng kenging dipun bage-bage kagarap sêsarêngan, dene manawi kasêrat molak-malik, punika sêratan suwalikipun botên sagêd kagarap, kêdah ngêntosi sarampunging sêratan ingkang sawêg dipun garap, dados kadangon.

Tuwan Sukartana, ing Magêlang. Samôngsa wontên pawartos malih badhe dipun êwrat ing Kajawèn.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 2215, ing Balerêja (Babadan), rèhning Kajawèn nomêr 54 sampun têlas, amila lêbêtipun sadhèrèk M. Sutadiwirya, katampi wiwit 1/8-'28.

Lêngganan nomêr 1314, ing Blitar. Pambayaran tumrap kwartal punika langkung f 1.50, jêr 4 langganan mêsthinipun namung f 6.- lajêng kakintun f 7.50. panjênêngan piyambak rak: gratis, kalangkungan wau kula lêbêtakên kangge kwartal 4.

M. Wirasuharta, p/a. Wiradiharja, ing Gandhekan Kiwa (Sala). Wosipun ingkang kagungan nomêr lêngganan 1640 punika dede panjênêngan, ananging M.Ng. Wirasuharta, ing Tamtaman (Sala). Dene nomêr panjênêngan piyambak: 3263. Dados nunggil asma utawi nagari punika, inggih sok adamêl kalintuning administrasi. Samangke sampun kalêrêsakên.

Para prayantun lêngganan enggal, ingkang mundhut dados langganan wiwit 1/7-'28 botên sagêd nglaksanani, amargi Kajawèn nomêr 54 sampun têlas. Amila lêngganan enggal wau kaetang wiwit 1/8- '28.

--- 1083 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba.

58

Kêbêsmèn ing Kadhaton.

Sang putri ngunduri saha ngandika makatên: Lho, lho, punika badhe dhatêng pundi Olivier, kula aluwung pêjah akobong tinimbang têluk kalihan Pangeran Josua.

Olivier mangsuli: môngga sami dhatêng kitha sangandhaping siti kemawon, amargi kula sadaya badhe kesaha dhatêng pundi inggih botên sagêd lan malih sampun botên wontên wêkdalipun malih. Tiyang sakawan, ingkang sikêp damêl sanjata, punika kuwawi nanggulangi tiyang sèwu, môngsa sami nuntên bidhal.

Kula andhèrèk punapa karsa panjênêngan. Makatên pangandikanipun sang putri, saha lajêng andhingklukakên mastakanipun.

Kula sadaya lajêng mandhap ing undhak-undhakan ingkang anjog ing payoning griya, ingkang kangge pangasoning têtiyang ing kadhaton ing bageyaning dintên môngsa bêntèr, saupami bidhalipun wau ngêntosi sakêdhap malih kemawon, tamtunipun sampun kasèp, awit latu ing salah satunggiling mênara sampun mrèmèn dumugi lotengan ingkang nginggil, lan latu wau urubipun ingkang alit-alit tuwin kêlukipun sampun ambarobos ing tembok.

Sarêng kula sadaya dumugi ing lotengan, sawêg luwar saking bêbaya, awit urubing latu wau saking ngingil, ing ngriku kula sadaya taksih gadhah wanci kangge dhatêng kamar patilêman, prêlu kangge nglêmpakakên barang darbèk kula ingkang prêlu-prêlu, makatên ugi tujunipun kula sadaya sagêd ambêkta buku-buku cathêtan, ing têmbe agêng sangêt pigunanipun kangge kula sadaya, sarana dilah ingkang pinanggih saha kasumêd, lampah kula sadaya dumugi ing korining gang ingkang anjog growongan ing sangandhaping siti, lampahipun wau botên pêthukan tiyang satunggal-satunggala.

Kanthi wilujêng kula sadaya dumugi butulan ing kamar sangandhaping siti ingkang wiyar sangêt, saha lajêng brangkangan mêdal lompongan alit ingkang kala punika taksih lêstantun, sasampuning curi-curi agêng saking panjêbluging dhinamit, lompongan wau lajêng katutup mawi sela sawatawis, tuwin bolonganipun dipun kantunakên sakêdhik, ingkang kenging kangge ambrobos tiyang manawi wontên bêbaya andhatêngi. Padamêlan punika ingkang sang putri piyambak ugi angrencangi, adamêl lipuring manah kula sadaya saha adamêl ayêm sakêdhik, ananging sarêng padamêlan punika rampung, saha kula sadaya lajêng manggih sêpi nyênyêt, ingkang kosok wangsul babarpisan kalihan ramening urubing latu saha panjêlihipun tiyang ingkang sampun botên kèngêtan dhatêng purwaduksinanipun, punika lajêng ngicalakên pangajêng-ajêng kula sadaya, awit kala punika kula sadaya lajêng nyumêrêpi kawontênaning kasangsaran, tuwin kula sadaya sumêrêp manawi kala punika wilujêng saking bêbaya latu, ananging wusananipun malah badhe ngênês jalaran saking pêpêtêng.

XIX. Pejah kalirên.

Ing ngriku kêtingal cêtha, bilih têtiyang Abati sami gadhah pangintên, manawi kula sadaya sami pêjah kêbêsmi. Têtiyang wau botên gadhah èngêtan babarpisan, bilih kula sadaya sami lumajêng wontên growongan sangandhaping siti wau, anggèn kula sagêd mastani makatên punika, amargi têtiyang wau sami botên marlokakên ngupadosi, ingkang wusananipun sagêd nyumêrêpi kadospundi yêkitosipun, kados ingkang badhe kula cariyosakên ing ngandhap punika. Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih kula sadaya sami wilujêng, ananging kawilujêngan wau malah dados satunggaling godha rêncana enggal ing salêbêting kasusahan kula sadaya wau, upami lajêng tuwuha pêrang, botên manawi wontên saenipun tumrap kula sadaya, sabab kula sadaya lajêng wontên padamêlanipun, sarêng sapunika rak botên wontên babarpisan ingkang badhe katindakakên, kula sadaya gêgêntosan mirêngakên dhatêng butulan, prêlu mirêngakên kumandhanging tiyang lumampah, ingkang salaminipun botên wontên, ing ngriku sêpi nyênyêt, botên wontên swara punapa-punapa, kajawi namung swaraning lawa kêkêbêt, ewadene ing sakawit kula sadaya ingkang gadhah padamêlan, inggih punika ngawontênakên têdha, awit kala punika kula sadaya botên gadhah punapa-punapa kajawi daging blèg-blegan bêktan saking London. Kula sadaya èngêt, nalika ningali kamar-kamar sangandhaping siti ingkang kapisanan, bilih sang putri ngandikakakên ing bab rimatanipun gandum wontên ing ngriku, kangge jagi-jagi manawi kitha Mur kakêpang ing mêngsah. Kula sadaya lajêng matur dhatêng sang putri, wontên pundi papan rimatanipun wau. Kula sadaya lajêng dipun irid ing sang putri dhatêng satunggiling panggenan, ingkang sanginggiling siti wontên selanipun bundêr-bundêr mawi gêlangan, sarana gêlangan sela-selanipun kenging dipun angkat. Kanthi rêkaos sangêt, [sa...]

--- 1084 ---

[...ngêt,]

kula sadaya lajêng ngangkat sela wau. Roderick lajêng kapurih mandhap mawi dipun tangsuli, kapurih nuwèni punapa ingkang kasimpên ing ngriku, kanthi wigatos kula sadaya ngêntosi wangsulanipun Roderick. Sawêg kemawon dumugi ing ngandhap Roderick sampun anjêlih makatên: enggal, kula katarika minggah, ing ngriki sangêt anggigoni. Kula sadaya tumuntên narik minggah, saha pitakèn punapa ingkang sampun pinanggih.

Roderick amangsuli: Botên wontên barang-barang ingkang kenging katêdha, balung-balunging tiyang pêjah kathah sangêt, tuwin wontên tikus ingkang mrambat dhatêng badan kula.

Kula sadaya lajêng nitipriksa lompongan sanès-sanèsipun, ananging pinanggihipun sami kemawon.

Ananging sang putri nguningani yêktos, bilih ing ngriku wontên gandumipun, saha lajêng ngirid kula sadaya dhatêng sanès panggenan ingkang ugi wontên selanipun kados ing nginggil wau, wontên ing ngriku kangelan kula sadaya angsal pituwas, mênggah pituwasipun wau, inggih punika wontên ing dhasaripun bolongan wau, kula sadaya amanggih sawarni jêjêmbêgan kathah, ingkang suwaunipun gandum, dene bolongan sanès-sanèsipun kothong babarpisan.

Sang putri mangrêtos dhatêng sabab-sababipun kawontênan ingkang kados makatên punika.

Dhawuh pangandikanipun sang putri: O, têtiyang Abati punika pancèn bangsat sadaya, upsir-upsir kula, ingkang kula dhawuhi ngrimat gandum punika nyolongi gandum wau.

Tanpa ngucap malih kula sadaya lajêng kesah saking ngriku. Têdha sangu kula sadaya, punika namung kantun nyêkapi kangge nêdha sapisan ing sakawontênanipun, manawi toya cêkap nanging manawi têdha botên wontên babarpisan. Sasampunipun kula sadaya ragi mantun saking gêtun wau lajêng wiwit rêmbagan malih.

Olivier awicantên: saupama aku iki bisa ambarobos mêtu trowonganing pamêlikan kana kae, kirane aku kabèh bisa oncat ngliwati papan panggenaning Singabarong, mêsthine singa-singane barong wis padha lunga jalaran saka pambalêdhosing dhinamit dhèk anu kae.

Higgs lajêng wicantên: Iya, nanging aku kabèh mêsthi banjur padha konangan dening wong-wong Fung.

Roderick nyêlani atur makatên: Botên, botên, têtiyang Fung sampun kesah sadaya, utawi saupaminipun têtiyang Fung nawana kula sadaya, rak inggih langkung sae tinimbang wontên salêbêting guwa pêtêng punika, sanadyanta kalihan bojo kula pisan.

Ayo padha didêlêng dhisik. Makatên wicantên kula, saha lajêng sami pangkat.

Sasampuning kula madosi dangu, kula sadaya lajêng dumugi ing pungkasaning pasarean, inggih punika papanipun raja bucu lênggah. Saha kula sadaya sumêrêp, bilih lampah kula sadaya punika botên wontên damêlipun, trowongan dhudhukan kula sadaya kala rumiyin, punika sampun kêbak brongkal-brongkalan curi, anisihakên curi-curi wau tamtu botên sagêd babarpisan, kula sadaya lajêng wangsul malih, saha pangajêng-ajêng kula sadaya ing pungkasan ical.

Wontên malih kasusahan ingkang andhatêngi, inggih punika sangunipun lisah sampun wiwit tipis, namung cêkap kangge ngisèni dilah sakawan, satunggal kangge sang putri, satunggal kangge kula sadaya, satunggal kangge ingkang jagi trowongan lan satunggal malih kangge kaprêluwan umum. Dene ingkang kasêbut kantun piyambak wau, ingkang kêrêp dipun angge dening Higgs, ing salêbêtipun kula sadaya kêkirangan têdha saha susah sangêt wau, tansah mlampah-mlampah saking salah satunggiling pasarean dhatêng pasarean sanèsipun, prêlu ngupadosi barang-barang ingkang dipun wigatosakên dening Higgs piyambak. Sadaya ingkang pinanggih lajêng kasêrat wontên ing buku cathêtanipun, saha lajêng kasimpên wontên ing pêthi-pêthi ingkang nalika dèrèng anjêblugakên dhinamit kangge wadhah obat-obat.

Wicantênipun Higgs: kaya apa bungahku ing besuk manawi wis têkan ing London ambukaki pêthi-pêthi iki, sabubare mangan lawuh iwak loh gorengan karo bêstik - lan lajêng ngêcap-êcapakên lambenipun - o, banjur anjupuki barang iki siji-siji banjur dituduh-tuduhake marang ... - saha piyambakipun lajêng nyêbutakên namaning têtiyang ingkang kala rumiyin sarasehan kawruh - o, aku bisa nêksèni wong-wong kae anggone anjambaki rambute kang jalaran saka panasing atine. Salajêngipun tumuntên gumujêng kados caranipun piyambak ingkang kêtingal nyêpêngakên.

Ing bab punika piyambakipun lajêng têrus wicantên kemawon botên wontên kèndêlipun, sanadyan anggènipun wicantên kados makatên, ananging kula sadaya sami kèndêl kemawon. Kula botên purun cariyos dhatêng piyambakipun, bilih anggènipun andêlêming punika jalaran saking anggènipun kêluwèn.

Salaminipun kula badhe botên kasupèn, nalika nyumêrêpi Higgs dhatêng, ingkang rainipun kêtingal kêra sangêt, ananging kêtingal abingah-bingah, saha lajêng anggêlar barang êmas wontên sangajêngipun. Kanthi pitulunganipun Japhet, barang wau badhe kapêksa kalêbêtakên ing pêthi.

Suwe-suwe iya mêksa kêcandhak dening aku. Makatên mênggah wicantênipun Higgs kanthi agênging manah. Kula sadaya kanthi kagèt sangêt anêksèni, bilih Higgs saya ewah èngêtanipun.

Sasampunipun Higgs nuthuk paku ingkang pungkasan wontên ing pêthi kanthi rêkaos sangêt, piyambakipun lajêng dhawah blêngêr. Kula lajêng krengkang-krengkang ngadêg saking anggèn kula linggih saha lajêng ngêpyur-pyuri toya dhatêng Higgs, sakêdhap Higgs inggih lajêng èngêt malih, ananging ugi lajêng angglundhung ing siti malih, saha lajêng tilêm kêpatos. Kala punika dilah ingkang nomêr satunggal lajêng pêjah.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]