Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09-05, #203

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09-05, #203. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09-05, #203. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 30-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 71, 19 Mulud Taun Alip 1859, 5 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1237] ---

Ăngka 71, 19 Mulud Taun Alip 1859, 5 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Bumi Êmas ing Tiga Binanga Tanah Karo

[Grafik]

Wujuding pasitèn kados ing gambar, anandhakakên bilih êloh, dados adinipun botên namung wontên ing sawangan kemawon, ugi mikantuki dhatêng kawilujêngan.

--- 1238 ---

Raos Jawi

Pabên (Crah).

Mênggah dhêdhasaraning watakipun manungsa punika beda-beda. Sanajan sadhèrèk tunggil bapa biyung pisan masthi inggih beda-beda. Ingkang pambajêng watakipun sabar, pandhadha kêras, sanèsipun watak sêdhihan lan sasaminipun.

Kabêkta saking beda-bedaning watak wau pancèn lajêng rêkaos manawi kêmpal tunggil kajêng. Sagêdipun kêmpal samăngsa wontên tiyang ingkang sagêd angêsuhi sadaya, lah punika paedah lan santosa, ringkês kêdah wontên panuntun ingkang cêkap.

Sadaya tiyang tamtu sampun anglampahi pabên kalihan semah, kănca lan sanèsipun. Sampun kok dhatêng semah utawi tiyang sanès, dhatêng badanipun piyambak kemawon asring pabên. Sintên ingkang dipun kawulani sabên tiyang? inggih punika kajêng. Sok wontên tiyang ingkang sagêd nêtêpi sasêdyanipun punika nama pilihan sayêktos. Ingkang kathah krêkat punika tiyang sampun sami gadhah, nanging lajêng mandhêg kabêkta saking aras-arasên utawi wêgah.

Wijining pabên dhatêng sanès punika warni-warni, upami: botên cocog manahipun, sabab saking goroh utawi cidra ing janji, kabêkta saking sumangkeyan lan anggêp, sabab saking murka lan sanès-sanèsipun, botên masthi pabên punika lajêng dados awon. Tiyang ingkang ngrumaosi kirang sêsêrêpan dipun lêpatakên masthi inggih purun, anggêr panyaruwe wau maton, punika malah anjalari indhaking sêsêrêpanipun. Têmah ing têmbe ngatos-atos sampun ngantos lêpat kados ingkang sampun.

Nanging kalimrahanipun botên. Mêntas pabên sêrikipun botên sagêd angicali, kêkêncênganing sêdya badhe pados reka murih lêpatipun sanès malih, têmah têrus kemawon pathênthênging pêpisahan. Manut wêwarahipun para sêpuh lan luhur, tiyang lêpat punika kêdah nyuwun pangapuntên dhatêng ingkang mêntas kasêrikakên. Cêthanipun kados ungêl-ungêlan ing ngandhap punika. ...

[Mijil]

Pangruwate dosa sawatawis | rèhne wus kalakon | tan lyan amung minta aksamane | mring kang samya sinakkên ing galih | praptaa pribadi | marang wismanipun ||

yèn kaprênah tuwa pangkat inggil | ngabêktia gupoh | linairna ing kaluputane | lamun prênah nom pangkate inggil | mêngku mawa taklim | krama nut ing têmbung ||

yèn kaprênah anom mênang inggil | dèn rahab pangrêngkoh | kabèh prihên lilihe rêngune | lamun ana rêrikuh ing ati | kamotna ing tulis | lawan têmbung alus ||

lan nuwuna apuraning Widhi | tobata ing batos | …

Sêkar pukani[1] anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV ing Surakarta. Mratelakakên kadospundi patrapipun tiyang ingkang ngrumaosi kalêpatanipun lan badhe mados rukunipun malih. Ing ngriku mratelakakên unggah-ungguhipun dhatêng [dha...]

--- 1239 ---

[...têng] satunggal-tunggaling priyantun ingkang mêntas sami crah badhe dipun suwuni pangapuntên. Awit botên dumèh nyuwun pangapuntên kemawon, lêpat-lêpat manawi patrap kirang tata inggih andadosakên sêsandhungan malih.

Ringkêsipun gêgaran kangge nanggulangi parapabên lan crah wau botên sanès malih kajawi rukun. Dados rikês[2] tumindakipun rukun punika supados sampun sulaya gêsangipun. Rukun, punika dados idham-idhamanipun sabên tiyang, minggahipun dhatêng băngsa. Sintên ingkang rukun masthi botên pabên.

Namung samantên atur kula.

Kula

R.S. Citrasêputra, Surakarta

Măncawarni

Kasêtyan.

[Dhandhanggula]

kadya madu tumonton gambaring | Tuwan Ka Cin Syu wikmèstê[3] Blabag | dhistrik Munthilan apdhlinge | Maglang Rêsdhènsi Kêdhu | kacariyos wiyosannèki | anèng Kêbumèn praja | Slasa Kliwon nuju | Wêlandi tanggal limalas | wulan Juni dene ta angkaning warsi | sèwu wolung atusan ||

sèkêt wolu sarêng dungkap warsi | sèwu wolungatus swidak stunggal | binêkta tiyang sêpuhe | pindhah ing Balak dhusun | dhistrik Têgalrêja apdhèling | Magêlang dungkap warsa | sèwu wolungatus | langkungira swidak tiga | pindhah malih dumunung ing Sêmèn dèsi | anênggih dhêstrik Salam ||

apdhêling lan parêsdhenan nunggil | ananging ta sarêng sampun yuswa | sawêlas taun nèng Sêmèn | nênggih Tuwan Ka Cin Syu | pakaryannya misaya paksi | srana klawan tulupan | kèh janma kang gumun | panulupnya awis lêpat | aprasasat ugêr nyipat paksi kêni | makatên pakaryannya ||

[Grafik]

Tuwan Kho Tjien Sioe

sabên ari tansah nulup paksi | lare dhusun kathah kinthil wuntat | jêr kêsêngsêm ing awase | kalamun sontên mantuk | yayah rena tansah prihatin | mituturi ring putra | nging datan tinurut | mila ing sawiji dina | sing karsaning yayah rena ing samangkin | hyun pinrêdi sêkolah ||

wus sarujuk tyang sêpuh kêkalih | nuju warsa sèwu asthatus lan | pitung dasa ing samangke | nênggih Tuwan Ka Cin Syu | sinakolahakên partiklir | anèng Ngayogyakarta | sarêng dungkap taun | sèwu wolung dasa sapta | dasa sanga karsane pamanirèki | swargi Tuwan Can Bun Tan ||

kinèn bantu padamêlannèki | paktêr gadhe ing kampung Danurjan | sawêlas taun lamine [lami...]

--- 1240 ---

[...ne] | dungkap prapta ing taun | sèwu wolungatus prituwin | wolungdasa sasanga | Januari tèngsu | atanggal kaping nêmbêlas | tinanggênah ing pakaryan juru tulis | Wikmèstêr Tyonghwa Blabag ||

Dhistrik sampun kasêbut ing nginggil | slikur warsa dados juru sêrat | tan wontên kalêpatane | marang pakaryan cakut | cukup cikat luwês têrampil | yayah Patih Suwănda | supramila sagung | băngsa Tyonghwa kampung Blabag | sadayanya kathah sami ajrih asih | dungkap tumapak warsa ||

sèwu sangang atus sanga nuli | amakili wikmèstêr ing Blabag | dupi tumêkèng warsane | sèwu lan sangang atus | langkungira sadaya[4] nênggih | awit sing karsanira | jêng residhèn Kêdhu | Ka Cin Siyu gya ingangkat | têtêp dados wikmèstêr mila pra publik | sadaya sukur suka ||

băngsa Tyonghwa lan băngsa pribumi | warna-warna ing kêkaulira | wontên ingkang nanggap ronggèng | wontên kêng tlèdhèk munyuk | kampung Koplak Tuwan K. T. Swi | ngauli nanggap wayang | ngantos kalih dalu | angaturi para mitra | lampahannya Dyan Nangkula dadya aji | nahan ta kawuwusa ||

tanggal bèh ji | Agustus kang warsi | sèwu sangang atus kalih dasa | tampi ganjaran wiyose | saking kangjêng sang prabu | ing Nèdêrlan ganjarannèki | awarni bintang perak | tan watara dangu | Tuwan Ka Cin Syu ing Blabag | wus rumaos tan bangkat anambut kardi | margi sêpuhing yuswa ||

katambahan caca[5] mripatnèki | kirang awas manawi anyêrat | aksara kathah tumpangso | awit saking puniku | mila swiji dina tumuli | tuwan wikmèstêr Blabag | adarbe panuwun | katur ing kangjêng parentah | nuwun lèrèh saking padamêlannèki | wikmèstêr Tyonghwa Blabag ||

margi sampun sêpuh yuswanèki | datan bangkat ngasta padamêlan | mila badhe nuwun lèrèh | datan watara dangu | nuju tanggal sêlikur April | nêngih warsa punika | jêng kontrolir rawuh | kanthi wadana Munthilan | rawuh Blabag jumujug ngastenan Mungkit | akarya pakêmpalan ||

para băngsa Tyonghwa dèn timbali | pakêmpalan anèng asistenan | tantra dangu kêmpal kabèh | tuwan kontrolir sampun | paring priksa marang sanggyaning | kang para băngsa Tyonghwa | yèn Tuwan Ka Cin Syu | nuwun lèrèh padamêlan | mangkya sintên ingkang krêsa anggantyani | pangkat wikmèstêr Blabag ||

kang dinangu sami saur paksi | sadayanya matur datan sagah | sêngadine boya tèyèng | awit saking puniku | mila kangjêng tuwan kontrolir | kagungan pamrayoga | jêr tuwan Ka Cin Syu | nuwun lèrèh padamêlan | wit wus sêpuh nging tan wontên kang gantyani | mila sing karsanira ||

kangjêng tuwan anêtêpkên malih | yèku Ka Cin Syu wikmèstêr lama | datan kalilan alèrèh | têtêpa pala kampung | sarta kêdah mawi jru tulis | lawan jongos satunggal | dene gajihipun | para băngsa tyonghwa ingkang | kabubuhan sabên wulan kang ngêdali | sadaya matur sagah ||

sapunika dados têtêp malih | Tuwan Ka Cin Syu nglajêngkên pangkat | pêndhudhuk suka manahe | awit Tuwan Ka Cin Syu | wus kasuwur sabar pênggalih | lamun bawahnya drêdah | enggal dènnya ngakur | jêr suthik sangêt prakaran | mila kula saking ngriki bikak topi | lotya panjang kang yuswa ||

--- 1241 ---

lan atulus gyanira ngrênggani | padamêlaning kangjêng parentah | widada ing salamine | aywana nyondhang-nyandhung | lan manggiha kawiryan luwih | tumrah ring garwa putra | wayah tuwin buyut | titining kanang walgita | ping wolulas Ogustus warsa puniki | Ka Cin Swi Surakarta ||

Karangan ing ngingil punika pancènipun kirang wigatos, awit mênggahing lêlabêtan tuwin tiyang ingkang angsal bintang, punika kathah, dene ingkang kawigatosakên, dene Tuwan Ka Cin Swi punika băngsa Tionghwa têka sagêd ngarang Jawi mawi sinawung ing sêkar, sanadyan dèrèng nama punjul, nanging ugi nama dados satunggiling kamajêngan ingatasing băngsa Tionghwa.

Red

Bab Têtanêman

Kênthang Cêmêng inggih Kênthang Jawi

Kênthang cêmêng punika inggih bangsaning pala kapêndhêm, dene pananêmipun kêdah milih siti lêmpung, siti gêmbrung utawi siti pasir.

Sitinipun kêdah dipun garap ngantos êmpuk, manawi siti lêmpung prayogi dipun êgoli rumiyin, lajêng dipun gula-gula, prayogining panggarap manawi ngajêngakên măngsa jawah, dados samăngsa kadhawahan jawah, sitinipun lajêng mawur.

Ingkang kangge wijinipun kênthang ingkang sampun thukul, dene ingkang prayogi nanêm sêmpelanipun uwit. Patraping adamêl wiji ingkang badhe katanêm makatên:

Amiliha pasitèn sawatawis kapaculan ingkang ngantos mawur, lajêng dipun tanjani kênthang, dipun ingah ngantos ngrêmbuyung. Samăngsa jawahipun sampun ngrêcèh, pang-panging uwit kapunggêlana, lajêng têrus dipun tanjakakên ing pasitèn ingkang sampun dipun garap wau, gaganging wit kênthang wau lajêng dipun cublêk-cublêkakên ing siti, prêlunipun nangguh măngsa jawah ngrêcèh, supados tanjanana[6] wit kênthang wau sagêd lêstantun sêgêr, wusana têrus gêsang.

Opèn-openanipun namung dipun dhangir, kaping kalih, kaangkah samăngsa siti sampun atos, dados salêbêtipun nanêm, siti kêdah tansah anggronggong, pikantukipun badhe ngathahakên wohipun.

[Grafik]

Samăngsa godhongipun sampun jêne saha sampun anggègrègi, punika sampun wancinipun ngundhuh,

--- 1242 ---

lajêng dipun dhudhuki tuwin dipun cokèri ingkang ngantos gêmêt, saha lajêng kenging dipun simpêni ngantos lami.

Panyimpêning kênthang cêmêng punika kêdah kikrik, sasagêd-sagêd milih papan ingkang pêtêng, awit manawi kenging rêrêgêd, kados ta kêcipratan upa tuwin sanès-sanèsipun, lajêng sagêd bosok utawi angglembosi.

Kênthang cêmêng punika pangolahipun namung dipun godhog, nanging panggodhogipun botên kados salimrahipun tiyang anggêgodhog, toyanipun kêdah namung sakêdhik, dados namung mêndhêt sumubipun kemawon, awit manawi panggodhogipun kacakan toya, matêngipun dados kirang pulên, lan ingkang prayogi kadekekan apu, dayanipun sagêd adamêl pulêning kênthang tuwin mindhak cêmêng.

Kênthang cêmêng punika ugi kenging kangge brêgêdèl, nanging raosipun kirang eca, sajak ngêmu toya.

Dene ingkang langkung eca, manawi dipun kêluwa, pangolahipun, sasampunipun dipun godhog, lajêng dipun kêlècèpi, dipun kum ing toya apu. Lajêng damêl toya gêndhis ingkang ngantos kênthêl, kênthang wau lajêng dipun cêmplungakên têrus dipun olah ngantos dados gulali, ing ngriku raosipun lêgi pulên.

Kênthang cêmêng punika ugi dados satunggiling asil ingkang mikantuki, pananêmipun gampil, manawi dipunsade dhatêng pêkên, pêpajênganipun lumayan.

Kawruh Warni-warni

Misaya ulam lele

Nyambêti panjurung kula bab mêron ing Kajawèn ăngka: 60.

Wăntên malih pratikêl pados ulam lele ing lèpèn susukan (sanès lèpèn agêng). Inggih punika mawi pirantos pancing kawat utawi tosan, nanging patrapipun pamancing botên salimrahipun tiyang mancing-mancing punika, punapa malih êmpanipun (pakanipun) prêcil, katranganipun kados ing ngandhap punika, dipun wastani nyimplung.

Ing wanci sontên jam 3-4 têtiyang ingkang badhe nyimplung sami ngupados prêcil ing sabin, pamilihipun kaangkah cangkêm lele sagêd kolu nyaplok, pirantosipun pados prêcil ngangge tugêlan papah pisang kasigar minăngka gêbug, manawi sampun angsal lajêng kasudukan ing sujèn alit prênah pukangipun sisih, dados prêcil botên ngantos pêjah, tur mangke manawi kangge sarana gampil pamêndhêtipun kaurut saking sujèn.

Ing wanci sêrap surya, limrahipun ulam lele sami mêdal saking ngêrong pados mangsan. Ing măngsa punika pancingipun lajêng kadekekan êmpan, inggih punika prêcil wau cangkêmipun dipun lêbêti pancing ngantos têmbus ing silit, lajêng pucuk pancing kaenggokakên angsal pukang sisih, dene sisihipun kakêthok murih botên pating kruwis ngalèwèr, [nga...]

--- 1243 ---

[...lèwèr,] awit murugakên gagal, ing ngriku mêsthinipun pucuk pancing katingal nyongat sawatawis, punika botên dados punapa. Kênur pancing botên prêlu panjang, 2 kilan sampun cêkap, walêsanipun dêling ongotan kaangkah ragi watawis lêmês, paedahipun supados botên asring gagal. Sasampunipun makatên wiwit dipun lêkasi, inggih punika pancing wau botên kakèndêlakên kemawon, kêdah tansah dipun dhêdhêti, sarta kaplung-plungakên sanginggit[7] toya kemawon, awis kêrêping pandhêdhêtipun sami kalihan êlêting ungêlipun loncèng tembok, dados pratikêl wau kados sacaranipun prêcil gêsang acolot-colot ing lumahipun toya, namung colotipun panggah (manggèn kemawon) pramila tansah nyabawa: plung, plung, plung, plung, satêrusipun ngantos ulam lele, kotès utawi wêlut mirêng, botên dangu murugi sarta ngancang-ancangi badhe nyaut êmpan. Manawi sampun kraos kacaplok saha kasèrèd, nuntên kasiyata (kasêndhal) ulamipun kenging. Dene êmpan wau yèn taksih wêtah kenging kangge malih, tarkadhang prêcil satunggal sagêd ngantos kangge 4-5 rambahan.

Sakecanipun tiyang nyimplung: botên prêlu ngolah-ngalih panggenan, sagêd sinambi sila utawi ambêkta lênggahan dhingklik kemawon, awit tiyang mancing nyimplung punika kêdah sabar, saya dangu saya kathah ulam kamirêngan saha murugi, mila ulam sami kumruwêt ngrubung pancing, sajakipun kados arêbat titis nyaut êmpan, pundi ingkang têpak panyandêripun inggih punika ingkang sagêd ngêmplok pancing saêmpanipun, wasana kenging, makatên satêrusipun ngantos angsal ulam kathah.

Papan panyimplungan kenging dipun tata sadèrèngipun, inggih punika ing pinggir lèpèn kadamêlna tèbèng ngalangi santêring toya mawi sangkrah punapa kepang blarak utawi gêdhèg, kaangkah murih lele sênêng manggèn sawingkingipun tèbèng wau, awit toyanipun lajêng lindhuk, murugakên antêng dhawahipun pancing kadhêdhêtan.

Kajawi ingkang kasêbut nginggil, nama tuwin pratikêl mancing taksih kathah kados ta: mancing lodhok, mancing jêgog, mancing kilap, utawi gêlap, mancing timbul saha sapanunggilanipun. Nanging tumraping lele kirang mikantuki.

Sanèsipun punika wontên malih pratikêlipun ngalap ulam lele ingkang kalêbêt gampil inggih punika dipun wastani masang icir utawi pancir, kados ingkang kasêbut sêrat pamisayanipun ulam lèpèn punika sampun cocog, nanging bab nyimplung botên pinanggih ing buku wau, pramila kados wontên prêlunipun anggèn kula nyêrat punika, dene sadaya wau sampun sarana kula sipati piyambak, ewasamantên inggih namung nyumanggakakên, masa-borong.

Nirasa.

--- 1244 ---

Jagading Wanita

Lawuhan ingkang sapele, nanging miraos.

1. Kukusan sêkar pisang (tuntut).

Mundhuta sêkar pisang kapok ingkang mêntas najin, sasampunipun dipun klothoki kulitipun ingkang sêpuh, lajêng kakukusna bêthak. Jodhonipun sambêl trasi. Inggih punika: Trasi agêngipun sakêmiri, sarêm 1 kêcik, lombok gumantung ingkang ngrêsakakên pêdhêsipun.

Lajêng dipun ulêg ingkang lêmbat. Pandhaharipun sabên nyuwik kukusan sêkar pisang lajêng kalethokakên ing sambêl, dados kêdah sarêng pandhaharipun, botên kenging gêntosan.

Sêkar pisang kenging milih sakêrsanipun, kaangkaha sêkar pisang ingkang botên sêpêt.

Sêkar pisang botên kenging kêcêlup ing toya utawi dipun godhog, kêjawi namung kakukus.

2. Trasi tempe dhêle

Mundhuta tempe waras, kalih sèn dipun abêni: lombok rawit 5 iji, bawang 2 siyung alit, sarêm 2 kêcik, gêndhis jawi sakêcik.

Tempe lan abên-abênan wau lajêng kaulêga ingkang lêmbat. Mênawi sampun lajêng kaglintiri kados brêgêdèl, lajêng dipun êpe. Manawi sampun kalih dintên kenging kadhahar kangge lawuh. Pandhaharipun kenging dipun gorèng utawi dipun bakar. Ingkang eca yèn dipun bakar.

3. Gangsiran

Mundhuta godhong luntas sawatawis, kaprithilana lêmbaran. Lajêng kagorènga kalihan tigan ayam mawi kacolok sarêm. Panggorèngipun sabên salêmbar kacêlupakên ing tigan, botên kenging kasarêng (kacampur), punika raosipun kados gangsir.

4. Sambêl lethok bungkil.

Mundhuta tempe bungkil 2 sèn, dipun rajang-rajang sarta dipun bumboni: trasi 1 klungsu, sarêm 1 kêmiri, brambang 2 glintir (alit), bawang 2 siyung (alit), salam 2 lêmbar, gêndhis jawi 3 kêmiri, laos 1 kêcik, lombok sakaparêngipun, santên klapa 1/4.

Manawi sampun cumawis sadaya lajêng dipun ulêg. Kangge ambumboni tempe rajangan wau, tumuntên kagodhog.

--- 1245 ---

5. Pepesan ulam kutuk sarta wêlut.

Mundhuta ulam kutuk sarta wêlut ing sacêkapipun. Lajêng kagodhog. Sasampunipun matêng êrinipun kabucalana. Bumbunipun: bawang 2 siyung alit, brambang 2 iji (alit), salam 2 lêmbar, laos 1 kêcik dipun iris-iris, lombok sakaparêngipun.

Punika sadaya dipun ulêg sarta dipun ulêt kalihan daging kutuk utawi wêlut, lajêng dipun pès.

Wasana bokbilih wontên kêkiranganipun kula sumanggakakên dhatêng para ingkang ambêtahakên.

Radèn Rara Wakirah Dirjasubrata, Kêtandhan, Klathèn

Bedaning Pangintên Dhatêng Kawontênaning Nagari Sawahlunta

Tumrap băngsa Jawi nagari Sawahlunta punika sampun dipun mirêngi ing tiyang dangu sangêt, dene kêlimrahipun, ing ngriku punika dununging pambucalanipun tiyang dêdosan, malah lokipun panggenanipun botên kenging dipun dhatêngi ing tiyang, dening dipun anggêp nagari pangalapan, jalma mara jalma mati.

[Grafik]

Pangintên ingkang kados makatên wau ragi wontên gèsèhipun sakêdhik, mênggah têrangipun, ing Sawahlunta punika wontên papan pamêlikanipun arêng, dene ingkang nyambut damêl para tiyang paukuman, sampun tamtu kemawon mênggahing tiyang paukuman punika awrat damêlanipun. Nanging mênggah kawontênanipun kitha, kenging dipun wastani malah nêngsêmakên.

Kados gambar ingkang kacêtha ing sisih punika, pasitènipun katingal parêdèn, ing ngriku wontên papan pamêlikanipun arêng sela, ingkang dados pakaryan agêng, papaning pamêlikan dipun wastani Ombilin. Mêndhak mêndhukuling siti ingkang kêtingal ing ngriku, sarêng dipun wangun kitha, malah lajêng mujudakên dados sawangan ingkang nêngsêmakên, krêtêg agêng tumumpang ing lèpèn dados sêsambêtaning margi, margi undhak-undhakan ingkang nyêngkrèk, punika anjog ing kantor asistèn residhèn, sadaya wau sami dados rêrêngganing praja.

--- 1246 ---

Pasar Gambir

[Grafik]

Kawontênanipun pasar Gambir ing Batawi. 1. Gapuraning pasar Gambir. 2. Papan padhasaran buku Bale Pustaka, sadhiya buku tuwin kalawarti warni-warni. 3. Ing salêbêting pasar Gambir tuwin gapuranipun. 4. Ing perangan têngah, mêtha kawontênanipun nagari Walandi ing jaman rumiyin. 5. Ing perangan wingking.

--- 1247 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pasar Gambir ing Batawi

Petruk : Wong malarat ora duwe manis | sabên dina atine mung uwas | wis kêntekan piandêle | adhakane mung bingung | wong sing potang wis ora sudi | samare yèn dikêmplang | lan manèh awakku | tansah kêgêdhèn rumasa | sabên ana wong kumlebat tak arani | arêp anagih utang ||

[Grafik]

Garèng : Lho, Truk, wong lagi klengkang-klèngkèng andhandhangula bae, barêng aku têka kathik mak brubut arêp lumayu, apa aku kiyi kok anggêp lampor sing gawene nginggatake bocah, apa kok anggêp wèrêk dhèli, sajakmu kok gilapên mêngkono. Ing măngka rumasaku anggonku dandan iya wis dak kayang têmênan, nganti kaya priyayi kandhidhat magang êlêpsêkripêr.

Petruk : Wong ora urus kok saya andadi mêngkono, wong arêp lumêbu ing ngomah uwong kuwi bok iya nyêbawa dhisik, apa: kula nuwun, apa: asalamu ngalekum, nèk cara Walănda iya: sêpadhah, ora-orane bok iya muni: hal-lo, dadi aku wêruh sapa sing têka, ujug-ujug kok mak bêdhêngus bae, dak arani wong arêp nagih utang, nganti atiku lap-lapan kaya wong kelangan bêdudan.

Garèng : We la kurang ajar, ana atine lap-lapan kathik sabab kelangan bêdudan, sajake kathik kaya wong sing wis ngêthèl nyang candu ngono. Ora, Truk, aku arêp takon, mungguh kang dadi karibêtanamu kuwi apa, kok nganti wêdi ditagih utang. Kaya-kaya cilik-cilik saiki kowe wis jumênêng dara priyayi, tur blanjane iya wis rada lumayan, kok nganti sugih utang, kuwi apa jalaran kowe mêntas kalah main, apa jalaran mêntas duwe êmbok ênom anyar.

Petruk : Rèng, Rèng, wong kuwi bok aja siya-siya, dumèhane aku kiyi ora sêkolah Holan sêprikên, dianggêp anduwèni tindak cara kuna, nyêlir barang, wis ora bae. Nèk aku, bojo siji wis cukup, anggêre aja pintêr-pintêr, dadi aku arêpa rundha sawanci-wancine, ora bakal ngalang-alangi.

Garèng : E, kurang ajar, suprandene anggêpe kaya bangsaning kaum mudhah, jêbul-jêbul golèk bojo bae ngarah sing bodho, prêlune nurutan, gampang diapusi, kuwi arane rak mung arêp amburu nyang kasênêngane dhewe. Ngrêtia Truk, wong duwe bojo kang pintêr kuwi rak gêdhe bangêt mupangate, jalaran: bojo pintêr kuwi bisa ngelingake nyang lakumu kang ora pantês, bisa ngênglipur atimu yèn kabênêr kowe

--- 1248 ---

lagi susah, bisa ngopèni omah, kang anjalari kowe banjur ora tansah jlang-jlangan kaloyongan bae, bisa anjaga panganmu, kang anyababake kowe ora banjur tansah ngundang bakul pêcêl utawa bakul sate, lan sapiturute, apa manèh yèn duwe anak, bojo kang pintêr mêsthi bisa ngupakara anak kanthi sampurna. Wiyah, kok banjur nylèwèng rêmbuge, kowe durung mangsuli mungguh ing pitakonku, sababe apadene kowe saiki sugih utang.

Petruk : Kuwi dudu salahku, Rèng, ananging salahe para kang padha nganakake pasar Gambir.

Garèng : We, la, judhêg aku, ana kok banjur nyalahake nyang para sing nganakake pasar Gambir, mungguh karêpmu kapriye, Truk.

Petruk : Apa mèmpêr, nganakake pasar Gambir bae kok tangal 28, dadi mangsane wong wis ora duwe dhuwit. Bok iya diwiwiti tangal 1 utawa tangal 2 mêngkono, dadi mêntas balanjan. Barêng tangal 28 kuwi rak mangsane kanthong wis ludhês, arêp anggadhèkake barang, ora ana barange sing mèmpêr, kang iku aku banjur kapêksa sowan Tuwan T.t.t.

Garèng : Lho, sapa kuwi, ana tuwan jênêngane kok T.t.t.

Petruk : Wong Kang Garèng kawruhe pancèn isih kurang bangêt, rungokna dak kandhani, nèk-nèke besuk ana prêlune, Tuwan T.t.t. kuwi jarwane mangkene: T. = tien (sêpuluh), t = twaalf (rolas), t = terug (bali), dadi karêpe, yèn kowe duwe kaprêluan dhuwit, bisa utang nyang tuwan mau, nèk utang f 10.- anggone ambalèkake f 12.-

Garèng : E, sêmbrana, dadi cêkake, saking kadêrêngmu arêp nonton pasar Gambir, ing măngka durung blanjan, kuwi kowe banjur nekad utang mênyang bangsane lintah dharat. Iya ora maido, yèn wusanane kowe banjur sugih utang. Wong urip kuwi bok sing ati-ati. Nênonton kuwi rak ora pati prêlu, cêkake rak mung arêp golèk kasênêngan lan kaplêsiran. Wong urip arêp golèk kaplêsiran, kuwi pancèn iya ora kêna dipaido, mung bae kudu tansah prayitna, kaplêsirane mau ing têmbe burine aja nganti gawe karugiane awake. Mungguh sing kok dêlêng ing pasar Gambir kuwi apa bae.

Petruk : Wah, warna-warna bangêt, Rèng, liya dina dak critakne sing nganti kompêlit, saiki cukup dak tuduhi gambare bae, kaya kang kacêtha ing sisih kiyi.

(Badhe kasambêtan)

Nglêrêsakên kalêpatan

Ing Kajawèn nomêr 69-70 titimăngsa ing jawi ingkang mungêl 1 Agustus punika klintu, lêrêsipun 1 Sèptèmbêr kauningana. Red.

--- 1249 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès

Pambantu Kajawèn ing Surakarta ngabarakên prakawis mandhat palsu f 16.500.-, ingkang dumados ing kantor kapatihan Karaton Surakarta, kados ingkang sampun nate kawartosakên wontên Kajawèn ngriki, dumugi sapriki siyos kalajêng botên angsal lacak ingkang kangge ngurus prakawisipun. Sapunika lajêng wontên wartos têrang, bilih bab wau nagari sampun andhawuhakên sêrat kêkancingan, icaling arta samantên wau, ingkang sapara tigan = f 5.500.- nagari ingkang dumunung kecalan nanging ingkang f 11.000.- katêmpahakên dhatêng priyantunipun garap, kas udhêr satunggal kalihan kasir kalih, namung pambayaripun lêlintu wau kaparêng nicil saking sapara tiganing balanjanipun. Kajawi punika kawartosakên malih, bilih nagari anggantungi ganjaran arta kathahipun f 500.- dhatêng sintên ingkang sagêd ngaturakên têrangipun urusan ngantos sagêd cocog ing bab dumadosing mandhat palsu wau.

Pasamuan agêng mahargya jumênêng dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara sampun 12 ½ taun, ing dintên malêm Salasa tuwin malêm Rêbo tanggal kaping 4-5 Sèptèmbêr punika, ing dalêm Mangkunagaran dipun wontênakên pista dhansah, lajêng dalunipun malih ringgitan tiyang, mawi anyêdhahi tamu-tamu pangagêng utawi para luhur Jawi Walandi saking sanès nagari.

Sawêg salêbêtipun minggu ingkang kapêngkêr punika, tuwan pangagêng dhinês nagari bab ahli barang kina, saking Batawi rawuh ing Surakarta, lajêng sêsarêngan kalihan tuwan gupêrnur ing Surakarta, Kangjêng Gusti Mangkunagara tuwin para pangagêng sanès-sanèsipun Jawi Walandi, têdhak dhatêng ing sukuning rêdi Lawu, miyos ing Karangpandhan, prêlu mariksa kawontênanipun rêca-cêca kina ing rêdi Sukuh.

Kawartosakên bilih bêstiring Tionghwa Hwe Kwan ing kadhistrikan Baturêtna (Wanagiri), gadhah sêdya badhe damêl karamean pêkên dalu kadosdene ingkang sampun kalampah ing sanès-sanès panggenan, angsal-angsalanipun bêbathèn prêlu badhe kangge tambah kakiyatan adêging sêkolahan Tionghwa wau ing kadhistrikan ngriku. Samangke dèrèng wontên dhawuh saking parentah nagari katêrangan kaparêng lan botênipun.

Ing bab wontêning kêbêsmèn ing kampung Peuteuj sacêlakipun Jasinga, ingkang ambêsmi griya cacah wuwung 137 tuwin adamêl kapitunan f 30.000, ing sapunika ing Bogor sampun wontên ingkang damêl komite kangge mitulungi têtiyang ingkang griyanipun sami kêbêsmi. Ingkang dados pangayoman tuwan residhèn ing Bogor, pangarsa ingkang bupati, panitra tuwin ardana tuwin asistèn residhèn.

Salêbêtipun karamean Sakatèn ing Surakarta punika kabikak, sabên dintên wanci nyarêngi untabipun tiyang ningali, pakêmpalan Mukhamadiyah ing sakala tansah angidêrakên sêrat-sêrat sêbaran kasukakakên dhatêng têtiyang kathah kalihan lahanan, ingkang suraosipun asung wêwarah utami tumrap agami Islam.

Tuwan Harun Alrasid, jurnalis ing Surakarta, ingkang sapunika dipun singkirakên dhatêng Dhigul, kintun sêrat dhatêng kuwanuhanipun, bilih ing ngrika wontên komite ngêdêgakên masjid, saha sampun kalampahan ngêdêgakên masjid, cêkap dipun angge sêmbahyang tiyang 500.

Anyarêngi dhawahing dintên wiyosan dalêm Kangjêng Ratu Ibu, kathah têtiyang ukuman ing pakunjaran Glodhog ingkang angsal pangapuntên. Wontên tiyang 40 ingkang dipun luwari, ingkang kathah tiyang saking tanah sabrang. Têtiyang wau kathah ingkang ukuman agêng ingkang sampun anglampahi paukuman saha gadhah tindak sae. Tuwin taksih kathah ingkang angsal sudan namung wulanan.

Ing tanggal 31 Agustus, têtiyang ewah ing griya sakit ewah ing Bogor, nanging ingkang sampun ragi sabar, sami dipun barisakên mawi musik wontên salêbêting pakarangan griya sakit, mawi ambêkta bandera alit-alit, lajêng kajujugakên ing griya ingkang dipun rêngga-rêngga saha dipun sadhiyani kasênêngan warni-warni. Sasampunipun sami dipun sukani ngombe tuwin panganan.

Sawênèhing kampung ing Pasar Minggu, Mèstêr Kornèlês, tuwuh sêsakit kewan. Ingkang punika para juru sade puhan sami dipun dhawuhi ing dhoktêr, puhanipun ingkang kasade supados dipun godhog rumiyin, tuwin rajakaya ing ngriku botên kenging kabêkta kesah utawi momoran kalihan rajakaya sanès panggenan, dene bab sêsakitipun, dhoktêr dèrèng sagêd amastani ingkang gumathok, sawêg kapriksa. Dhêdhawuhan sadaya wau manawi wontên tiyang ingkang botên ngèstokakên, badhe wontên paukumanipun.

Dados pangarsa landrad ing Ngawi tuwin Magêtan, Radèn Musidi. Dados patih ing Kraksaan, Mas Wijayadisena, rumiyin patih ing Nganjuk. Dados patih ing Lumajang, Radèn Budiharja, rumiyin wadana. Dados patih ing Nganjuk, Mas Ngabèi Rêksa Amipraja, rumiyin wadana.

Wontên pawartos, rawuhipun nata ing Siyêm ing tanah Jawi, wontên ing wiwitaning taun ngajêng.

--- 1250 ---

Rumiyin wontên tiyang èstri kêkalih, biyungipun golongan komunis ingkang kasingkirakên dhatêng Dhigul, ngêtutakên anakipun, nanging sarêng wontên ing margi kakintunakên wangsul. Ing sapunika wontên wartos, biyunging tiyang ingkang kasingkirakên dhatêng Dhigul, kenging ngêtutakên.

Tangal 1 wulan punika, P.P.P.K.I. ing Surabaya adamêl konggrès ing Surabaya, ingkang dhatêng kintên-kintên wontên tiyang 2000, pangarsa mistêr Iskaq, utusaning pamarentah tuwang Gobee, tuwin van der Plas. Tuwan Sasramijaya amêdhar sabda. Tuwan Parada Harahap atas namaning Sarikat Sumatra kapengin nyambut damêl sêsarêngan. Utusan Sarikat Ambon badhe mahamakên ancasing P.P.P.K.I. rumiyin.

Pangrèh B.O. saking Banyumas, mêntas pêpanggihan kalihan pangrèh Rukun Wanita, prêlu sami ngêtingalakên dhêdhasaring pakêmpalan piyambak-piyambak, lajêng nêtêpakên badhe nyambut damêl sêsarêngan.

Para militèr ingkang kadakwa tumut ebah-ebahan komunis ing wulan Juli 1927 ingkang kathah saking tangsi ing Bandhung tuwin Cimahi, sampun dipun rampungi ing pangadilan militèr, dipun ukum tuwin dipun lorod saking pangkatipun, ingkang băngsa Mênadho wontên 30, sanès-sanèsipun tiyang Jawi.

Ingkang Bupati ing Madiun, Radèn Mas Adipati Arya Răngga Kusnadiningrat, sapunika angsal sêsêbutan: pangeran.

Angsal sêsêbutan Arya, Radèn Tumênggung Gănda Saputra, bupati ing Lêbak. Radèn Tumênggung Surya Jayanagara bupati ing Bogor. Radèn Tumênggung Surya Miharja, bupati ing Krawang. Radèn Tumêngung Abdurrahman, Bupati ing Mèstêr Kornèlis, ingkang sapunika nuju wontên nagari Walandi.

Landrad ing Sumêdhang mêntas ngrampungi prakawisipun Diranta, Sarmai, Watma, sarta Marjuki, sami kadakwa damêl saha ambiyantoni damêl arta kêthip palsu, Diranta kaukum 4 taun, Sarmai sataun, dene Watma tuwin Marjuki kaluwaran.

Kala tanggal 30 Agustus punika P.N.I. damêl konggrès wontên ing Grêsik, ingkang nyêpuhi Insinyur Sukarna, Dhoktêr Sutama, sarta Tuwan Anwari, amtênar urusan prakawis tiyang siti ugi anênggani.

Awit saking rekadayanipun Nonah Siti Rahayu, guru èstri ing Surabaya, mêntas adamêl parêpatan kalihan para wanita ingkang taksih ngudi pasinaon, wontên ing gêdhong sêtudi klup. Lajêng ngêdêgakên satunggiling pakêmpalan dipun namakakên Poetri-Indonesia, ingkang ancasing sêdyanipun botên ngêmori pulitik. Pangarsa Nonah Siti Rahayu, panitra Nonah Kartini, ardana Nonah Anah. Sapunika warganipun wontên 16.

Margi-margi ing padhusunan bawah Ngayogya ing sapunika dipun wiyarakên 5 mètêr. Ingkang makatên wau badhe anggampilakên lampahing têtumpakan.

Kala tangal 30 Agustus H.B.P.G.B. tuwin H.B.S.G.B. sami pakêmpalan guru bantu, rêmbagan badhe nunggil, papaning pangrêmbag wontên ing Bandhung, karampunganipun sagêd kasêmbadan, benjing kongrès ngajêng katêtêpakên.

Badhe têdhak dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana ing wulan punika, rancanganipun makatên: Tanggal 6 jam 5.20 sontên bidhal saking Tanjungpriuk nitih kapal Wega, dipun iring ing kapal pêrang Krakatao. Tanggal 8 jam 7 enjing dumugi ing bètèng (Japara), ingkang wicaksana badhe rawuh mriksani griya sakit leprah ing Danaraja tuwin griya sakit sèndhêng ing Nèlèt. Jam 1 wangsul dhatêng kapal bidhal dhatêng Banjarmasin. Tangal 10 dumugi Banjarmasin. Tangal 11 jam 7 enjing, bidhal dhatêng Kêndhangan mampir Martapura tuwin Ranto. Tangal 12 jam 7.15 bidhal dhatêng nagara mriksani Tèntunsètêlêng. 14 rawuh ing Bolèlèng, têdhak dhatêng Mundhuk lajêng wangsul. 15 Jam 8 enjing têdhak dhatêng Gitgin, lajêng dhatêng Kintamani, mampir ing griya-griya suci ing Singaraja tuwin Kubutambahan. 16 dhatêng Bangli, Klungkung, Gèlgèl, wusana dhatêng Karangasêm mampir Rêndhang tuwin Sêlat. 17 bidhal dhatêng Gianyar, Pêjing, Gunungkawi, Tirtagêmpul tuwin Dhènpasar. 18 dhatêng Tabanan, wangsul dhatêng Dhènpasar. 19 pêrgadring kalihan para kapala băngsa Bali tuwin para amtênar Eropah. Nitih kapal ing Bênowah dhatêng Ampênan, jam 5 dumugi ing Ampênan. 20 jam 8 dhatêng Narmada tuwin Gêbongdham, têrus dhatêng Suleyan, wusana wangsul dhatêng Mataram. Jam 4.30 bidhal nitih kapal dhatêng Tanjungpriuk. Tanggal 29 tumuli Tanjungpriuk.

Pangadilan landrad ing Surabaya nêdha têtanggêlan arta f 50.000 kange lêlintu dhatêng Tuwan Tjia Aan Toen tuwin Tan Hwat Sioe ing bab anggènipun sami dipun tahan wontên ing jawi, kadakwa adamêl kapitunan pirmah Hoo Lie & Co. ing Surabaya. Prakawisipun badhe kapriksa wontên ing wulan ngajêng.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 625 ing Sêmarang. Wisêl f 3.- tumrap Juli - Dhesèmbêr sampun katampi. Conto Kajawèn kangge R. Sumadiharja sampun kakintun.

Langganan nomêr 735 ing Pasar Paing (Tulungagung). Pos wisêl f 2.50 sampun katampi. Inggih punika tumrap pambayaran wulan Sèptèmbêr 1928 dumugi Januari 1929.

Langganan nomêr 1494 ing Goranggarèng (Magêtan). Pos Wisêl f. 1.50 ingkang nêmbe kula tampi punika, tumrap kwartal kaping 4. Dados botên prêlu ngaturi blangko malih.

--- 1251 ---

Wêwaosan

Sêrat Kêmbang Jaya

Dening Md. Dohiri

2

[Pangkur]

jroning pamawas tan uwas | Kudaswèngi ngantêpi tekadnèki | kêndêl ngandêl andêlipun | jroning tyas ciptanira | lamun nêdya brêgagah yya kongsi rubuh | obah rêbah kasulayah | minggrang-minggring katalêring ||

sajrone ngulir gagasan | pan kasaru wau ta ingkang prapti | katingal pating garubyug | katri wanodya endah | gya ingawe katiga sami umaju | umarak mangaras pada | gya dinangu pinangkaning ||

miwah apa kang sinêdya | dene katon asajak gita-gati | katri wanodya umatur | amba sêlir wadana | Kêmaguwan pun Rubiyah Sênik Limbuk | mendra saking jroning pura | sumêdya ulun angungsi ||

sowan ulun ing paduka | saking wisma sumêdya andêdasih | sumarah karsa sang bagus | lamun sudi anyandhang | kêparênga dadi juru dang pangangsu | sukur karsa amundhuta | juru panêbah jinêmrik ||

wau ta katri wanodya | gènnya matur sarwi ngujiwat liring | ngêla-êla mêmalatkung | lêlewa tan katara | dhasar ayu mêrak-ati yèn dinulu | kengising waja gumêbyar | apindha gêbyaring thathit ||

singa andulu kasmaran | Radèn Kudasuwêngi duk katliring | panoning netra kumêpyur | nratas atarataban | manrus ing tyas lumuntur jroning jêjantung | sakojur angga karasa | gumrobyos karingêt mijil ||

sakala Sang Hyang Asmara | gya umanjing rumasuk maratani | cinêndhak critanira wus | kêtampèn panyèthinya | Radèn Kudasuwêngi rungrum-rinungrum | tan èngêt purwa duksina | kalamun dadi kalilip ||

têmah nir ingkang wêweka | têka kèlu kalunglun ing pawèstri | kunêng wau Yuyurumpung | wus prapta ing Jêmbangan | wismanira Kudasuwêngi kinêpung | pipit rapêt datan bênggang | tandya inguwuh sing jawi ||

Yuyurumpung gya sêsumbar | lah mêtua Kudasuwêngi aglis | maraka seba maring sun | apa sira tan ngrasa | yèn Jêmbangan iku kabawah maring sun | pagene sira tan seba | apa nêdya ora bêcik ||

hèh bêcik sira dèn enggal | yèn kasuwèn sira ingsun patèni | Kudasuwêngi sirèku | nistha atinggal tata | ingsun arsa amocot utamanggamu | jêr sira pêtinggi nistha | nama parikrama balik ||

apa ta sira tan ngrasa | anèng kene sira sun junjung linggih | dadi pêtinggine dhusun | ina kaliwat-liwat | gêlah-gêlahing jagad dora tingkahmu | Mangkono Rahadyan Kuda- | suwêngi mèsêm dènnya ngling ||

Yuyurumpung bênêr sira | ngucap-ucap nisthane wong ambalik | ninggal parikrama hayu | marang wadananira | nanging wênang jêr tindakira kang luput | druhaka asiya-siya | tibaning patrap tan adil ||

yèn ta mungguh ingsun arsa | mèlu marang patrapmu kang nalisir | cêcèdhès dhis durcara dus | tindak sawiyah-wiyah | nadyan kandêl kulitmu sacêngkang punjul | bramantya kang samya myarsa | amit minta tandhing dhingin ||

tandang pêtinggi Kuniran | nêmbah maring Yuyurumpung nulya glis | mangsah sinurak gumuruh | sêbrak narik curiga | tandangira lir ancala gora guntur | Dyan Kudasuwêngi tadhah | wêntala tan angêntèni ||

sinuduk-suduk tan kêna | wanti-wanti dènira anyuduki | Suwêngi awas andulu | rinêbut kang curiga | wusnya kêni winalês kinarya nyuduk | jola patinggi Kuniran | lumayu asipat kuping ||

pêtinggi Watur akrura | nyandhak tumbak landheyannya tinitir | kalih sarêng tadhah kiwul | yitna Rahadyan Kuda | nyandhak tumbak landheyan tinikêp putung | Kudasuwêngi andhupak | kajêngkang wau pêtinggi ||

garegah tangi anyandhak | gya binanting binuwang tibèng têbih | pêtinggi Mêteseh maju | lagi maju cinandhak | wus binuwang gabruk tibane mrêkungkung | rèngkèng-rèngkèng datan obah | Yuyurumpung lir sinêbit ||

sêbrak anarik curiga | yitna mulat wau Kudasuwêngi | pamukira saya liwung | umangsah liring baya | nir wikara ambêk krura tandangipun | singa lena yêkti tiwas | dadi bathang tinggal nami ||

Yuyurumpung krodha mangsah | anyuduki datansah dèn endhani | gya sinêndhal kêrisipun | rame sêndhal-sinêndhal | udrêg dêdrêg drêg-udrêgan gènnya pupuh | Kudasuwêngi akrodha | panyêndhale anguwati ||

wus karêbut dhuwungira | gya binuwang sumêbut tibèng têbih | Yuyurumpung gya anubruk | sarwi ambêg makrura | tinadhahan panubrukira gumapruk | caruk rok carak-cinarak | kalih samya silih-ungkih ||

agahan kakah-kinakah | rame cêngkah-cinêngkah kih-ingungkih | kukuh bakuh luk-pinêluk | okol ukêl-ukêlan | ganti dêdêr-dinêdêr bêkuh-binêkuh | kagulung-gulung gilingan | awas mulat pra pêtinggi ||

kalamun kuwêl kalihnya | sarêng tandang prasami angêbyuki | binaya mangap kinêpung | kinarya bêbancakan | wus kapikut Kudasuwêngi tinlikung | cinancang lan buntut jaran | arame dipun suraki ||

Yuyurumpung suka ing tyas | gya adhawuh nyarimpung ginagodhi | riwusira tinalikung | karya pangewan-ewan | nulya nitih munggwing kuda Yuyurumpung | Kudasuwêngi sêsambat | sinurakan lir maskentir ||

[Maskumambang]

sambat-sambat Rahadyan Kudasuwêngi | patènana ingwang | nora bêtah nyandhang isin | ngur baya têkèng palastra ||

Singanyidra riningsun kulaka warti | lamun kakangira | siniya-siya sinakit | cinancang buntuting jaran ||

ginalandhang tinarik cinamêthèni | tinlikung dhinupak |

--- 1252 ---

lah rêbutên aku yayi | emanên sadulur tuwa ||

Hèh Rubiyah mlayua mring Majasêmi | kakang Sukmayana | sira turana udani | yèn aku siniya-siya ||

mring wadana Kêmaguwan awak mami | anggung dèn pilara | linarak dipun suraki | aku pamitna palastra ||

Yuyurumpung patènana awak mami | aja kopilara | ambêkmu kok siya bêngis | luwung sira rampungana ||

lamun sira angangêp aku kalilip | lah uwis sirnakna | dadi nora ngrêregoni | gonira dadi wadana ||

marma aku tan sudi nêmbah sirèki | patrapmu kang siya | tumindak kang kurang adil | nyawiyah crocoh nyênyamah ||

pedah apa ngawula wong ati bêlis | adhuh-adhuh lara | hèh kancaku pra pêtinggi | bok iya sing têpaslira ||

anyêmêthi anggêr bae tanpa eling | wong uwis dibănda | cinancang lan buntut wajik | mêsthi bae tanpa daya ||

lamun aku ucula saka têtali | datan wurung sira | dak gawe onclang dak banting | bok sing duwe wirang sira ||

nora wirang mulat gêbyaring hyang rawi | nistha tingkahira | lamun Si Kudasuwêngi | ênya dhadha êndi dhadha ||

sira iku wani silit wêdi rai | wanimu angrayah | angrampog barêng ngêbyuki | padha ijèn angucira ||

gantya dhusun ing Kêdalon kang winarni | Ni Bok Singanyidra | kang anèng wisma pribadi | tininggal ing lakira ||[8]

Singanyidra wus watara pitu ari | tan ana ing wisma | lunga ngampak begal maling | lèh-olèhane kinarya ||

kêplèk kècèk dhadhu posing dêmble ukik | pakaryan durhaka | iku ingkang dèn sênêngi | marma kang wadon sumêlang ||

mêlang-mêlang lap-lapan akêtir-kêtir | Kakang Singanyidra | lah bok uwis dimarèni | iku panggawe maksiyat ||

pedah apa pinangan nora marêgi | kêmbang kala duka | pêntil lara awoh pati | patimu pati kêsasar ||

patinira anggănda kang amis bacin | arus wor lan bathang | yêkti datan mèmpêr janmi | beda kang laku utama ||

kang tumindak tumanduk ing kramaniti | têtiyang agama | yêkti kêmbang mas sinangling | pêntil intên woh barleyan ||

adhuh kakang bok iya sing duwe eling | emanên raganta | rusak rantas rontang-ranting | kêbrongot ing nêpsunira ||

lah emanên jênênge turunmu wuri | rusak dening sira | yêkti benjang tanpa aji | lah bêcik sira mundura ||

[Durma]

nêngna ingkang ngarsa-karsa[9] lakinira | kocapa ingkang prapti | saking katêbihan | cinangking kuncanira | kêtara saking pangèksi | yèn Singanyidra | kang wadon duk umèksi ||

nyat jumênêng saking palungguhanira | mapag kang lagi prapti | ing tyas langkung bingah | andulu lakinira | datan sangsaya pinanggih | Bok Singanyidra | umangsah angabêkti ||

sawusira anênata dhêdhaharan | kasaru ingkang prapti | Rubiyah agita | sarwi arawat waspa | sadalan-dalan anangis | mêmêlas-arsa | dhuh Singanyidra yayi ||

sun[10] Rubiyah sêlire Rahadèn Kuda | arsa atur udani | yayi marang sira | manawa kakangira | nêmu papa pinisakit | linarak kuda | cinancang buntut dening ||

Yuyurumpung wadana ing Kêmaguwan | lah tulungana yayi | bangêt kawlas-arsa | mung sira kang sinambat | Singanyidra duk miarsa |[11] jaja bang winga | karna kadi sinêbit ||

Singanyidra nyandhak tumbak ngliga pêdhang | trangginas anututi | mlayu murang marga | ketang sadulur tuwa | siniasat pinisakit | muntab krodhanya | hèh Yuyurumpung anjing ||

Lah rasakna pamalêse Singanyidra | adhine Kudaswêngi | nora kulak warta | dagang pirungon sira | Radèn Singanyidra mami | amandraguna | têguh prawirèng jurit ||

duk samana katon saka ing kadohan | gumrubyuk dèn suraki | rame dhampyak-dhampyak | gumêrah mawurahan | ana panunggule siji | anunggang jaran | ramene datan sipi ||

Singanyidra wus nyana yèn kakangira | kang rame dèn suraki | sinrung lakunira | sakêdhap nulya prapta | dupi myat kang pinisakit | luwih kasrakat | karna anglir sinêbit ||

datan èngêt ing purwa lawan wasana | pêtêng tingalirèki | pêdhangira ligan | kumitir munggwèng asta | kumlebat anigas pacing | buntuting jaran | jaran kagyat anjondhil ||

kadi kilat lêpas playunira jaran | tambuh sêdyaning kapti | nunjang-nunjang nujah | kêsasar kabêlasar | Yuyurumpung jêrit-jêrit | ngamplok ing jaran | bêngok-bêngok misuhi ||

pra pêtinggi dupi myat ing solahira | Singanyidra ngamuki | mlayu salang-tunjang | nêdya angungsi gêsang | sakala sêpi amamring | tan ana janma | Singanyidra mrêpêki ||

Kudaswêngi inguculan bandanira | anulya angabêkti | samya rêrangkulan | riwusing paripurni |[12] sarêmbug samya angungsi | mring Sukmayanan | Wadana Majasêmi ||

gya samêkta enjangira samya budhal | ginawa anak-rabi | nêngna winursita | wau ta kang lumampah | kocap playuning turanggi | praptèng wismanya | Yuyurumpung anggoling ||

ing tyas maras Yuyurumpung tarataban | nyana yèn datan urip | mêdhak saka kapal | rêngkèng-rêngkèng lampahnya | kacincugan pringas-pringis | gupak ludira | sakojur angganèki ||

kêcanthol ing pang-êpang sêmpal kêprapal | rinarèndhèt ing êri | panganggo ting srêmpal | kabêlèr balur babak | bundhas bundhing rontang-ranting | tangan srawean | sakojur mili gêtih ||

pitung dina watara lagi waluya | Yuyurumpung sru runtik | mungêr-mungêr ing tyas | nulya nimbali marang | kadangnya sinarawèdi | benggol durjana | Sondong Majêruk ngarsi ||

angandika lon Yuyurumpung Wadana | kakang sun mundhut warti | paran duganira | Rahadèn Sukmayana | wadana ing Majasêmi | yèn winatara | apa abot sangganing ||

Jêr tyasingsun rumasa abangêt wirang | marang Kudasuwêngi | lawan Singanyidra | paran upama kakang | sun ngrangsang mring Majasêmi | si Sukmayana | apa kukuh ngukuhi ||

angrêrêpa Sondăng ing Majêruk turnya | dhuh yayi lamun kêni | aywa rinarangsang | krana abot sangganya | wadana ing Majasêmi | awit digdaya | prayogi karya sandi ||

pan makatên yèn dhahar atur kawula | kula miyarsa warti | lamun Sukmayana | kagungan kris wasiyat | Rambut Pinutung kang nama | ampuh kaliwat | lan kuluk dèn simpêni ||

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


punika. (kembali)
ringkês. (kembali)
wikmèstêr. (kembali)
sadasa. (kembali)
cacat. (kembali)
tanjanan. (kembali)
sanginggil. (kembali)
Kurang satu suku kata: tininggal ing lakinira. (kembali)
ngarsa-arsa. (kembali)
10 pun. (kembali)
11 Guru lagu seharusnya: 81, Singanyidra duk miyarsi. (kembali)
12 Guru lagu seharusnya: 7a, riwusing paripurna. (kembali)