Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11-10, #229

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11-10, #229. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11-10, #229. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 90, 26 Jumadilawal Taun Alip 1859, 10 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1541] ---

Ôngka 90, 26 Jumadilawal taun Alip 1859, 10 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan Tataning Têtanèn

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar siti waradin sasêlaning parêdèn ing Silindhung, Sumatra. Ingkang awarni toya kimplah-kimplah, punika lêbaning toya ing sabin, ingkang mêndhêt saking lèpèn sacêlakipun ngriku. Para maos sagêd ngintên piyambak mênggahing êlohipun.

--- 1542 ---

Raos Jawi

Janma Suyatna

Sami-sami titahing ngarcapada, manungsa punika kacariyos makhluking Allah ingkang sampurna piyambak, tinimbang lan sanès-sanèsipun, punapadene kasinungan cipta ripta, akal budi lan pangrêti, sarta kenging kangge angraosakên rêrancangan, utawi amranata ing sadèrèngipun tumindak angêcakakên pakartinipun murih kalêrêsan. Inggih akal budi tuwin pangrêti punika upami kadosdene pirantos minôngka sêsanguning ngupados kacêkaping gêsangipun ing alam donya dumugi ing wusana.

Ing sarèhning sampun sinêbut satunggiling makhluk ingkang sampurna piyambak, mila inggih sampun samêsthinipun yèn manungsa punika kêdah tansah ngudi luhuring bêbudèn, anyêlaki dhatêng sadaya tindak kautamèn sarta nêbihakên ing kanisthanipun. Ananging sabab dening sadaya wau sami botên langgêng (tinitah owah gingsir), pramila lajêng gadhah supe lan emut ingkang sagêd anjalari kirang tulusing pamanahan, ngantos tiyang botên sagêd maibên. Nitik ingkang sampun kalampahan, yèn tiyang punika sok kasupèn, tamtunipun lajêng kawastanan kirang nitèni (lalèn) utawi sêmbrana, cêkakipun awon. Dene tiyang ingkang tansah kemutan, punika gampilanipun winastan titi, têgêsipun sae, saha sampun mungguh sangêt ingatasipun tiyang gêsang kêdah ngagêngakên kaemutanipun, ugi tumraping bab punapa kemawon, ngantos botên wontên ingkang kacicir.

Môngka kadadosaning supe wau sayêktosipun kados langkung gampil sangêt kalampahan, tinimbang lan emutipun, jalaran ing donya punika tansah kêbak sambekala tumraping manungsa ingkang sumêdya anglanturakên kaemutaning batos ingkang sae. Dados sampun gênah bilih tiyang sumêdya suminggah saking manah kasupèn wau langkung awrat lêlampahanipun, awit botên kenging sêmbrana. Saking gawating coba tumrap kamulusaning batosipun tiyang, ing ngriku anjalari gampil sangêt lajêng kasupèn.

Ambokmanawi wontênipun bêbasan: wong mangan ilok kècèr, punika ing pangintên botên têbih tuwuhipun saking ingkang makatên wau, mila tiyang botên sagêd maibên. Ananging paribasan ingkang makatên punika botên mungguh kadamêla garan utawi paugêran tumrap tiyang ngudi kautamèning tindak. Awit samôngsa tansah ngugêri bêbasan wau, punika katawis sangêt bilih tiyang kirang pangatos-atosipun, utawi lajêng gampil sinêbut tiyang rupak ing budi. Pramila inggih langkung prayogi sangêt tiyang punika kêdah tansah anggêgulang dhatêng manah èngêt sarta jêmbar ing budi, punapadene polatanipun, awit yèn kalampahanipun sagêd lantih kenging sinêbut: tiyang jêmbar èngêtanipun, inggih punika pratikêling pamanahan ingkang murih cêkapa kangge nyimpêni ing sakathahing èngêtan, wasana mencok [me...]

--- 1543 ---

[...ncok] dhatêng sêsêbutan: titèn, kados ingkang sampun kacariyos ing nginggil, malah botên ngêmungakên tumraping kalairan kemawon ingkang titi, dumugining bab kabatosan utawi kaalusan mêksa tansah kaèngêtan kemawon botên ngantos kuciwa, dene titèn wau adhakan dados wêwatêkanipun tiyang pintêr tur waskitha. Pramila wosipun manungsa tinitah gêsang punika sasagêd-sagêd kêdah tansah angudia murih anocogi dhatêng karsaning kodrad: wontênipun manungsa punika kasinungan akal budi tuwin pangrêti, ingkang prêlu piyambak kêdah namung kadamêl ngupados utamining tindak. Saha mêmanaha ingkang sae-sae, sanadyan ta ingkang rèmèh-rèmèh ugi sinamatan.

Wondene ing lampah kautamèn, tiyang ingkang sampun atul tansah angèngêti ungêlipun ing sawênèhing kitab makatên: apa kang sinêbar ing manungsa iya iku kang bakal diênèni, bab punika ambokmanawi para maos sampun sagêd angraosakên piyambak kadospundi muradipun. Nanging minôngka jêjangkêpipun saking pamanggih kula têka makatên: ingkang prêlu, tiyang wajib kêdah andhêdhêr utawi anyêbar wiji kasaenan, tamtu ing têmbe ngundhuh wohipun, yèn nyêbar wiji kasaenan inggih angênèni kasaenan, makatên ugi kosokwangsulipun. Botêna pinanggih ing sapunika, sagêd ugi tumônja utawi kaundhuh dening têdhakturunipun. Makatên saking gotèkipun para sêpuh, awit Gusti Allah punika maha adil.

Minôngka panutuping karangan punika: ingatasing tiyang gêsang prayogi kêdah ingkang tansah èngêt, awit inggih èngêt punika dados tukipun pangatos-atos. Paribasan: titi iku êtuking pangati-ati. Wasana masaborong ing panampi, sabab dening manungsa gadhah raos piyambak-piyambak.

Nirrasa Nitiatmaja.

Tumpang - Malang.

Bab Têtanêman

Sata

Sata punika satunggiling tanêman ingkang ajrih toya, pramila pananêmipun kêdah wontên ing môngsa ingkang sampun ngirang-ngirangi jawah, punika kalêrês wontên ing môngsa marengan. Yèn kêkêrêpên wontên jawah dados lan lodhohipun, wasana sami pêjah. Pramila saenipun katangguhakên sabibaring bubakan palawija kapisan, punika jawahipun sampun awis-awis. Rèhning umuripun sata kirang langkung wontên 120 dintên, dados panènipun wontên ing wiwitanipun môngsa rêndhêng. Ingkang punika siti tilasipun patêgilan sata lajêng kenging kagarap tumuntên saha dipun tanêmi pantun utawi sanès-sanèsipun ingkang baku katanêm wontên ing môngsa punika.

--- 1544 ---

Têtanèn sata punika bilih kaudanèn pikangsalipun ngrêmênakên. Kaslêpêking arta mêndhêt kemawon saperangan kasade krosok. Dene kakantunanipun kadamêla sata rajangan, punika pambucalipun ugi gampil, awit ngrika-ngriki sami bêtah sata, kados ta: kangge êsês, susuran lan sasaminipun. Êsês punika nyatanipun tumrap ing slira ragi kirang sae, asring dados panggodhaning kasarasan, jalaran murugakên gadhah sêsakit wontên ing salêbêting kêbuk lantaran kawontênaning klèlèting sata ingkang andhok ing ngriku. Êsês punika nagihi, botên beda kalihan madat minum, pramila yèn kêlajêng nyakot, anggèning mêdhot ngrêkaos, dene kêlampahipun namung kanthi pamêksaning manah.

[Grafik]

Tanêman sata ingkang lêma

Sata punika kenging kangge ngusadani tiyang ingkang panuju kacakot ing sawêr mandi, kados ta: kacakot ing sawêr wêlang, badhudhak lan sasaminipun. Anggènipun namakakên makatên: mêndhêta sata eca sakêpêl, kawênyêda ing toya wantah, kasaring, lajêng kaombèkna tumuntên dhatêng ingkang sawêg kacilakan, adatipun sagêd pitulung. Kajawi punika kenging kangge jampining sêsakit gudhiging kewan, inggih punika: wênyêdan wau kagosokna wontên ing panggenan ingkang pating plênthing, dangunipun watawis sapanginang, ing sadintênipun rambah kaping kalih. Makatên punika sadintên kalih dintên kemawon sampun katingal sagêd pitulung, kêtawisipun korèng-korèng wau kêtingal garing, wasana lami-lami lajêng saras. Pramila kula cariyosakên bok manawi migunani, supados gancaraning sata botên cugag[1] samantên, pananêm dalah pandamêlipun sata rajangan kula cariyosakên pisan.

Siti ingkang sae tumrap sata punika siti ingkang kathah lêmènipun, ingkang punika wana ingkang nêmbe kabubak sitinipun sae, cocog kangge tanêman sata, jalaran ing ngriku wontên lêmèn ingkang dumados saking awu obong-obonganing kêkajêngan sarta bosokaning gêgodhongan. Yèn siti têgil pasabinan pangruktinipun ingkang mayar piyambak kalêmenan talethonging rajakaya.

Rèhning ngêntosi pantoging sata punika bilih sampun watawis 120 dintên, dados godhongipun [godhong...]

--- 1545 ---

[...ipun] ngandhap kêpêksa dipun pêthiki saking satunggal, punika kêdah kawatawisakên bilih mèh badhe jêne, dados sampun sêpuh. Dumugi pantoging sata ngantos sagêd mêthik 5 rambahan, punika ugi kenging karimat kadadosakên sata rajangan utawi sata krosok, nanging sata punika botên wontên pangaosipun, jalaran kagolong sata asor. Limrahipun kawastanan sata kapalan.

Watawis umur 70 dintên, sata wau tuwuh sêkaripun. Sêkar punika kêdah kabucal, pambucalipun cêkap kapunggêl gantilaning sêkar kemawon. Awit saking punika tuwuhipun malah andados, lugunipun ing pocapan dipun wastani ngêbiri. Kauningana, sasampunipun dipun kêbiri ing pok-poking godhong sami sêmi. Sêmèn (soglèng) punika kêdah dipun bucala, pramila sabên lêt 4 dintên kêdah nuwèni malih lan ambucali ingkang thukul enggal. Makatên salajêngipun ngantos dumugi ing mangsanipun mêthik.

[Grafik]

Pirantos rajangan tuwin gobèd pangrajangan.

Sapunika dumugi ing mangsanipun godhong sadaya kapêndhêtan kabêkta mantuk. Ingkang kadadosakên krosok lajêng dipun sunduki mawi irat-iratan dêling, ing sasunduk-sundukipun wontên sadasa utawi langkung, kaisis supados garing lon-lonan, punika dadosipun krosok sae. Ingkang badhe karajang dipun bêdhodhot rumiyin, inggih punika lêmbaran wau kabèbèr-bèbèr wontên ing blêkêtepe lajêng kagulung sablêkêtepenipun pisan. Anggèning ngêpêp wontên ing ngriku watawis 3 dintên, kawusananipun godhong dados warni jêne. Sapunika wiwit nglilini, têgêsipun lêmbaran wau dipun tata wujud tumpukan lajêng kalêmpit wujudipun kados takir. Sapunika wiwit ngrajang, inggih punika lilinan wau kadèkèk ing pirantos pangrajangan, dipun iris mawi gobèt. Sata iris-irisan kawiwir-wiwir wontên ing rigèn badhe kaêpe, punika kawastanan dipun anjang. Watawis kalih dintên malih sata wau sampun garing, wujudipun cêmêng nanging cêblèh. Sasampunipun makatên, sata wau sabên dalu kaêbun-êbunakên, wujuding sata lajêng dados jêne sumringah. Sasampunipun kêsat lajêng kadadosakên dêlêgan lajêng katilêb, inggih punika katata wontên ing kranjang, sasapipun kêdêbog garing utawi godhong jati. Yèn sasapipun godhong jati kêdah ingkang taksih têlês.

--- 1546 ---

Sapunika kantun sakêparêngipun jalaran sampun dados sata ingkang limrahipun kasade punika. Yèn kasrantosakên sawatawis wulan lajêng kawastanan sata eca, punika pangaosipun mindhak. Kula cugag dumugi samantên atur kula, wasana kirang langkungipun andharan nyuwun pangaksama.

Sumadi, mantri kewan, Purwakêrta.

Jagading Sato Kewan

Gêsang pakulinaning rajakaya

Tiyang ngingah rajakaya punika mênggahing pangrimatipun, botên beda kados tiyang ngrimat sasamining tiyang, inggih dipun papanakên sakeca, dipun pakani cêkap, tuwin dipun rêksa kasarasanipun. Wontênipun dipun upakara makatên, awit manungsa ngrumaosi manawi ngalap damêl utawi pigunanipun.

Manawi maesa, badhe dipun pêndhêt baunipun, dipun ajak nyambut damêl ulah têtanèn, ing têmbe badhe suka piwalês anyêkapi, inggih punika pamêdaling siti. Mila manawi manungsa gadhah atindak siya dhatêng maesa, nama botên sumêrêp dhatêng kasaenan, malah wajibipun, manungsa kêdah tansah malês sae utawi amanah têntrêming gêsangipun, lajêng nama walês-winalês ing kasaenan.

[Grafik]

Lêmbu-lêmbu ing Eropah ingkang sami wangsul piyambak saking pangenanipun.

Manawi tumrap lêmbu, mênggahing tiyang, kajawi kêdanan baunipun, kangge ngulah siti utawi tarikan, ugi taksih melikakên dhatêng puhanipun, lan pigunanipun dados kasarasan, inggih punika ngiyatakên tiyang ingkang lêmês badanipun, yèn ingkang saras dados saya rosa.

Yèn ta tumrap ingkang lêmbu pêrêsan, wajib dipun walês ing saening têdhanipun, awit gêsanging lêmbu wau botên beda kados gêsanging biyung ingkang taksih nêsêpi, nyatanipun, [nyata...]

--- 1547 ---

[...nipun,] dene puhanipun wau dipun alap saha dipun ombe ing tiyang, prasasat têtiyang ingkang ngombe wau dados sêsêpaning lêmbu.

Yèn tumrap kapal, tiyang kapotangan ing damêl, dene tansah dipun lêgani, kacêkapakên ing prêlunipun, inggih punika kalaning kêkesahan dipun bêkta lumampah rikat. Yèn tumrap kapal ingkang kangge momotan utawi rakitan bêrahan, manungsa têtêp anggènipun tansah dipun uluri kabêtahan sabên dintên. Punika inggih botên wontên bedanipun, kêdah dipun walês ingkang sumbut kalihan anggèning kapotangan.

[Grafik]

Kapal-kapal dalah bêlonipun wontên ing kandhang pangumbaran.

Sayêktosipun, gêsanging rajakaya punika, yèn ta dipun manah panjang, mokal saupami botên gadhah panarimah dhatêng manungsa, nanging inggih sampun katampi kados panarimahing manungsa ingkang kêdunungan ngakal budi jangkêp, sawêg anggènipun anjilma, ingkang jalaran saking pakulinan, punika sampun dados pasaksèn, bilih gadhah panarimah.

Kados ta kalaning maesa kathah gumrudug namung dipun êngèn lare angèn satunggal, punika anggènipun ambangun turut, tuwin kenging dipun rèh sakajênging pangèn, namung saking anggènipun kêdunungan watêk kulina, tamtunipun yèn dipun manah, pambangunturuting sato wau, sampun dados pratôndha pamalês êsihing bandara.

Yèn mênggahing lêmbu, ingkang nama gêgrombolan [gêgrombola...]

--- 1548 ---

[...n] kathah, pusika[2] lêmbu ing tanah Eropah, pangêngènipun inggih namung dipun jagi ing tiyang satunggal, malah wontên lêmbu ingkang dipun êngèn wontên ing pangenan tutupan, lêmbu-lêmbu wau manawi wancinipun mantuk, samôngsa lawanganing pangenan sampun dipun bikak, lajêng gumridik mantuk dhatêng kandhangipun piyambak, botên beda kados sacaraning tiyang wangsul saking padamêlan.

Dene ingkang langkung nyênêngakên punika kapal ingkang kaingah kangge pambranahan, punika namung dipun wanakakên, kalaning ngêculakên ngantos kathah, sabên esgri[3] sadasa, cêkap dipun dèkèki kapal jalêr satunggal. Punika samôngsa wancinipun mantuk, kapal sawêlas wau sampun mindhak dados salikur, sadasa babon, sadasa bêlo, satunggal jalêran, lampahipun gumridik kados angêsrahakên bêbathèn dhatêng ingkang gadhah.

Mokal yèn kawontênan sadaya wau botên dados panarimahing tiyang.

Kawruh Sawatawis

Mêndhêt anakan bandêng ing sagantên

Para maos kados botên kêkilapan dhatêng wujudipun ulam bandêng, awit ing pundi panggenan mêsthi wontênipun, kasade ing pêkên utawi ing wande. Punapa malih asring dipun idêrakên.

Mênggah sajatosipun ulam bandêng punika aslinipun saking sagantên. Nalika taksih alit, dipun wastani anakan, inggih anakan bandêng punika. Dene pamêndhêtipun anakan makatên:

Pirantosipun: pathokan kalih iji, pênthèr, ènthèk, mangkok pêthak saha pangaron. Pirantos sadaya wau, namung pênthèr saha pathokan, punika botên wontên tiyang ingkang sade. Pramila kula prêlu sangêt ngaturi katrangan sawatawis mênggah pandamêlipun pênthèr wau.

[Grafik]

Serok ulam

Pênthèr punika ingkang dipun damêl rumput sujenan (dhêm) dipun kêthok-kêthok panjangipun satêngah kaki. Dêling dipun irat-irat panjang, kadosdene pangiratipun tangsul dudutan ingkang kangge wêwêdèn ing sabin, punika dipunanlintir[4]

sarta dipun têkuk dados kalih ingkang sami. Nuntên mundhut rumput ingkang sampun dipun kêthok-kêthok wau agêngipun sajêmpol. Punika dipun dèkèk ing têkukaning tangsul wau, patraping pandèkèkipun rumput wau ngadêg, lajêng dipun tampar kapuntir sapuntiran. Lajêng mundhut rumput malih, pandèkèkipun mujur sarta katampar, dipun puntir sapuntiran, makatên salajêngipun [salajêngipu...]

--- 1549 ---

[...n] ngantos rampung. Pamisayanipun ing môngsa kapat utawi môngsa kasanga. Patrapipun makatên:

Pathok kalih iji wau ingkang satunggal katancêpakên ing sapinggiripun sagantên, dene satunggalipun katancêpakên radi manêngah lajêng dipun thuthuki kalih pisan. Pênthèr wau dipun kêncang ing pathokan, sarta lajêng dipun srantosakên sawatawis dangu. Ing ngriku bilih anakan wau sumêrêp ebah-ebahing pênthèr masthi murugi sami munggut ing sakiwa têngênipun pênthèr wau. Nuntên dipun seroki mawi ènthèk dipun sok ing mangkok pêthak, sarta dipun pilihi, sampun ngantos kalintu anakan sanèsipun. Mênggah katawisipun anakan bandêng, ing satêngahing badan katawis cêmêng, saha sirahipun katingal mêling-mêling, agêngipun sami dom inggris. Namung makatên titikanipun anakan bandêng punika. Wôntên ugi anakan ingkang warninipun sêmu ijêm, agêngipun sagabah, punika tandhanipun anakan ulam blanak. Lajêng dipun wadhahi ing pangaron ingkang sampun isi toya sagantên.

[Grafik]

Babagan tiyang ngandhapakên ulam ing Sêmarang

Panyadenipun anakan bandêng punika botên mêsthi, nuja-nuju, tarkadhang sabên satusipun ngantos rêgi nêm kêthip, mirah-mirahipun kawan kêthip. Dene pamêndhêtipun anakan manawi kaetang badhe kasade kêdah mawi thothoking bukur ingkang pêthak, utawi ngangge cidhuk, pathokaning pangetang beda sangêt kalihan etangan randhu utawi sanèsipun: bedanipun makatên, ing ngriku sabên wontên anakan 28 iji, kaetang 25 iji. Dados manawi satus, pangetangipun inggih 28 iji X 4 = 112 iji.

g.b.d. Pênjalin Kaliwungu S.C.S. Siyam.

--- 1550 ---

Cariyos Warni-warni

Radèn Tumênggung Wôngsanagara seda

Kala ing dintên Rêbo kêpêngkêr, panjênênganipun Radèn Tumênggung Wôngsanagara, bupati nayaka sèwu ing Surakarta seda, yuswa 66 taun, jalaran gêrah sêpuh.

Kados ing ngriki prêlu kacariyosakên sakêdhik ing bab lêlabêtanipun suwargi Radèn Tumênggung Wôngsanagara wau.

[Grafik]

Panjênênganipun punika kêgolong kaum sêpuh, tuwin anêtêpi anggèning ngênggèni jamanipun sêpuh, kados ta ing bab raosing kajawèn, tansah dipun têtêpi ing salami-laminipun. Nanging tumraping kamajêngan, sanadyan panjênênganipun botên patos katingal, ewadene tumrap ing para kaum kamajêngan tansah ngrumaosi nunggil damêl, awit panjênênganipun botên kêndhat ugi ambiyantu ing kamajêngan.

Wontênipun ing Surakarta, panjênênganipun anjajah ing pakaryan. Sakawit ngasta pakaryan praja ing babagan siti, ugi anggayut prakawis kabêtahaning praja. Lajêng jumênêng kaliwon saha lajêng jumênêng bupati jaksa, ing ngriku saya kêtitik ing kalimpatanipun ing prakawis ulah kridhaning pangadilan. Wusana lajêng jumênêng bupati nayaka sèwu, ing ngriku têtêsping[5] jumênêngipun prayagung luhur ingkang mumpuni dhatêng ulah pangêmbating praja, mila tansah kêtingal mênggahing lêlabêtanipun dhatêng praja tuwi[6] karaton dalêm.

Kathah lêlabêtanipun suwargi Radèn Tumênggung Wôngsanagara ingkang paedahipun taksih nyrambahi dumugi sapunika, inggih punika angadani adêging sositèt abipraya ing taun 1896. Anguwawèni adêging mardibasa ing Surakarta, ngêdalakên sêrat Jawi, kalawarti, ingkang gêgayutan kalihan Radyapustaka. Panjênênganipun kenging dipun wastani satunggiling anggaotaning Radyapustaka ingkang mitayani, lan malih panjênênganipun nate ngadani ngêdalakên prêtalan Kuran basa Jawi, nanging sawêg dumugi wolung jus lajêng kandhêg manggih sandhungan, awit kala jaman samantên ajênging jaman dèrèng kados sapunika. Tuwin kathah sanès-sanèsipun malih ingkang damêl pigunaning akathah. Ing cêkakipun, saupami dipun côndra, panjênênganipun suwargi Radèn Tumênggung Wôngsanagara punika: sarira kêbak sastra, angêplêki kados candranipun suwargi ingkang eyang, Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, pêpatih dalêm ing Surakarta.

Ing wusana Kajawèn amêmuji, mugi ingkang sampun kondur dhatêng kalanggêngan wau, pinaringana suwarga kamulyan ing Pangeran.

--- 1551 ---

Bidhal Dhatêng Nagari Walandi

Ing dintên punika Tuwan J.F. Vos pangagênging administrasi Bale Pustaka bidhal dhatêng nagari Walandi, prêlu pêrlop angasokakên sarira, laminipun 9 wulan.

Tindakipun Tuwan Vos dhatêng nagari Walandi wau sanadyan laminipun namung 9 wulan, nanging raosing manahipun para punggawa Bale Pustaka kados badhe pêpisahan dangu sangêt, awit raosing pêpisahan wau badhe tansah dipun raosakên tumaruntun wontên ing manah tanpa pêdhot. Wontênipun makatên, saking angèngêti dhatêng lêlabêtanipun Tuwan Vos dhatêng para andhahanipun, sumarambah angayêmi manah. Sadaya ingkang kataman, tansah ngrumaosi kêdhêdhêran ing kautamèn, tuwin dipun èngêti ing salami-laminipun.

[Grafik]

Tindakipun Tuwan Vos wau, tumrap dhatêng ingkang sami dipun tilar, tansah kêtuwuhan osik, kadospundi murih raosipun ingkang pêpisahan tanah sêsambêtan. Ingkang makatên wau lajêng nuwuhakên kêkajênganing ngakathah ngawontênakên tôndha pangèngêt-èngêt awarni album, isi gambaripun punggawa ing Bale Pustaka sadaya, wadhah sês, tuwin lading panatas dalancang, barang sadaya wau sami maujud saking rilaning para punggawa sadaya. Dene kajênging tôndha pangèngêt-èngêt wau, ing salaminipun pêpisahan, Tuwan Vos tamtu tansah kêpranggul ing tôndha ingkang ngèngêtakên dhatêng sambêting katrêsnanipun ngrika-ngriki.

Ing wusana pangajêng-ajêngipun Bale Pustaka, mugi tindakipun Tuwan Vos wau, ing têmbenipun sagêda damêl jalaran wêwahing kamajênganipun Bale Pustaka, ngungkuli kawontênan sadèrèngipun katilar ing panjênênganipun. Sugênga ingkang tindak, wilujênga ingkang sami kantun, lan raosing pêpisahan wau anumusa kados raosing pamuji, wêkasan sagêd pinanggih malih lêstantun kados ingkang sampun.

--- 1552 ---

Rêmbagipun Sêmar Garèng lan Petruk

Bab ewah-ewahaning pangangge

Garèng : Hêm, salawase wong tuwa kuwi liyane maido ora ana, mêngkene disalahake mengkana dianggêp dêksura. Hla, sing bênêr kaya apa. Mara, aku wani totohan bubulku, rak Rama iya anyalahake, yèn ana wong flètên-flètên (singsot) utawa singên-singên (mênyanyi) lagu foksêtrowat, utawa kwinkwok.

[Grafik]

Sêmar : Lho, nèk tumraping bôngsa Jawa, mula iya mêngkono, wong singsot kuwi dianggêp dêksura, awit dianggêp ngundang setan.

Garèng : Lidok ora, rak iya diluputake manèh. Ana wong singsot dianggêp dêksura, dianggêp ngundang setan, cêkake, kabèh panggawene wong ênom kuwi mêsthi disalahake, nanging yèn ana wong ênom nyalahake wong tuwa, kuwi iya lumrah banjur bae diunèkake: bocah ora tata, bocah ora idhêp bênêr, pèndhèknya sêgala yang busuk-busuk banjur disawatake nyang raine wong ênom, kaya ta: apa dudu nonsin bêsar, ingatase ing jaman saiki, têka prêcaya mênyang setan, apa kang mêngkono kuwi, ora kêna diarani gugon-tuhon.

Sêmar : Hla, kuwi nèk uwong ênom, anggêpe kapintêrane kaya bisa-bisaa mutêr jagad, ananging sanyatane yèn gunêman karo wong tuwa ora ngrêti. Ngundang setan kuwi, aja kok anggêp nonsin utawa nonmari, utawa manèh kok anggêp gugon-tuhon, ananging karêpe: sing diarani setan kuwi ora awujud kang mathongkrong, matane satrêbang, irunge satabuh êgong, cangkême ômba nganti kêna kanggo dalan motor utawa liya-liyane, cêkakane wêwujudan kang amêmêdène, ananging karêpe setan mau, kabèh laku kang nasar. Kaya ta: aku ngarani, singsot ngundang setan, kuwi karêpe mangkene: wong ênom kuwi nèk singsot-singsot, lumrahe - aku kôndha lumrahe, dadi ora mêsthi, lho - sok banjur rupa-rupa gagasane, kaya ta: wèh, aku kiyi kok mlandani, kok gagah, kok jêmpol, kok bagus, mêsthine iya akèh para wanita sing padha sir karo aku, sauwise anggone [anggo...]

--- 1553 ---

[...ne] mlaku saya dipêtontang-pêtontongake, hla, jubriyane banjur saya promosi (mundhak), gagasan kang ngrumasani bagus, jêmpol, disiri nyang wong wadon, kang anjalari saya gêdhe jubriyane, kuwi kabèh rak laku nasar, ya kuwi kang diarani setan.

Garèng : La kuwi, nèk wong tuwa, mêsthi ana bae sing kanggo wangsulan. Ora, Ma, aku arêp nyêlani dhisik, aku mau matur: nonsin, kuwi dudu bangsane Nonah Mari utawa Nonah Idhah, ananging têmbung Walônda, têgêse: ora kalêbu ing ngakal.

[Grafik]

Sêmar : Nèk uwong tuwa, ora prêlu dikandhani manèh, wis mêsthi wis bisa nyandhak. Tumraping aku nonsin kuwi iya padha bae karo nonmari. Mara, ingatase kowe rupamu brocal-bracèl angèl tangguhe, kok banjur nglamar Nonah Mari, têmtune rak iya mokal yèn olèha, awit kang mangkono mau, ora pisan-pisan kalêbu ing ngakal. Hara, apa iya ora padha têgêse.

Garèng : We, lha, kiyi katêrangane wong tuwa ambrêkunung têmênan, kathik banjur diwalik-wolak mêngkono. Ora, Ma, saiki apa alangane wong mênyanyi, apa iya dêksura.

Sêmar : Dêksurane mono nèk rumasaku iya ora, nanging mêksa iya ora bêcik, awit yèn kulina mênyonya-mênyanyi, mêsthi banjur bisa ngêndhokake rasaning kêbangsan. Mara pikirên bae: wong kuwi nèk lagi singan-singên, gagasane sing akèh, iya nyang musik, nyang dhangsah-dhangsah, nyang drom-drom, lan sapêpadhane, nèk lagi mênyanyi kroncong utawa kêmbang kacang upamane, sing dieling-eling iya nyang sêtambul utawa bangsawan, ing batin nganggo ngucap mangkene: Adhapun kami ini sêorang raja jin dhi dhalêm ... ananging yèn lagi rêngêng-rêngêng upamane bae: Tarupala utawa Gandrungmanis, kuwi rasane nyang pikiran kathik le a...ngê...la...ngut, sing katon ana ing gagasan, pratapaning pandhita kang linuwih, cantrike padha jêjogedan, utawa sing katon ana ing gagasan, dalême sawijining priyayi luhur, kang lagi kabênêr nguyu-uyu, priyayine luhur lagi lênggah ana ing kursi ngadhêpake dhêdhaharan sing èdi-èdi, kanthi diadhêpi para abdine kabèh, mara, apa ora lês-lêsan nyang pikir. Mulane iya ora maido, yèn sawênèhing kumpulan padha ngajokake nyang kagunan, kuwi kiraku prêlune ora liya iya mung supaya bisa kukuh rasaning kabangsan.

Garèng : We, lha, Rama kiyi apa niyat arêp gawe propagandhah bab kagunan Jawa apa kapriye, ora, Ma, kèndêl dhisik, dak rungok-rungokake kaya Si Petruk galenggengan mangkur, sajake kok mêntas olèh rêjêki. Ayo

--- 1554 ---

Ma, padha dirungokake.

Petruk : Kaya ngungkurke kamurkan / yèn tak raras rada mèmpêr priyayi / pyayi lagi ajar bêsus / sarunge Pakalongan / ikêt blangkon sajak modhèl cara Bandhung / êjase putih bukakan / dhasi dawa mobat-mabit //

ora lali acanelan / mlaku rindhik ngrasa kaya bupati / dhasar dhuwur lêngkung-lêngkung / nganggo ambônda tangan / nganti sêsêg atiku kêrasa jujul / kaya dadi lid polêksrad / lagi klintong golèk angin //

Id ladalah, dak arani mung aku dhewe kang macak mêngkene, têka kabèh-kabèh padha jor-joran, gênah obahe ana padha bal kustim, apa arêp mèlu rame-rame capgomèk.

(Badhe kasambêtan)

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar

Bôngsa Tionghwa ing Sêmarang nama Te Yu Hin, dipun tahan wontên ing sèksi pulisi, amargi kadakwa malsu dhacinan, wusana enjingipun, tiyang wau pinanggih pêjah anggantung, mayitipun kabêkta dhatêng C.B.Z. mênggah jalaranipun anggantung wau dèrèng kasumêrêpan.

Awit saking panyuwunipun piyambak, wiwit tanggal kaping 2 Januari 1929 ingkang bupati ing Madiun, Pangeran Arya Kusnadiningrat, kèndêl anggènipun jumênêng bupati, kanthi angsal panarimah saking pamarentah. Dene ingkang jumênêng gêgêntosipun, Radèn Mas Kusmèn, wadana ing bawah Jawi Wetan.

Ing Bahrawa kala tanggal 5/11 28 wanci sontên, nuju jawah angin wontên tiyang 10 sami ngeyub wontên ing grêdhu sapinggir sabin, dipun sambêr ing gêlap. Tiyang jalêr 1, èstri 1 tuwin lare jalêr 3 sami pêjah, sanès-sanèsipun nandhang tatu sakêdhik.

Pamarentah marêngakên adamêl tangsi pulisi ing Bandhung, waragadipun dipun tapsir wontên f 148.000.

Ing Mèstêrkornèlês mêntas pinanggih wontên arta palsu, ingkang nyumêrêpi kapala kampung bôngsa Tionghwa, asli nampèni bayaran saking bôngsa Arab. Sarêng dipun ulur, mêksa dèrèng pinanggih dhokipun. Lan katranganipun ugi taksih wontên arta kêrtas palsu sanèsipun, sapunika sawêg dipun udi katranganipun. Mênggah panitiktipun[7] ingkang sampun pinanggih, cagak-cagak ing gambaran Javansche Bank garit-garitanipun buyar, nomêr 20 ingkang awangun ukêl, punika garit-garitipun inggih botên cêtha, mangsinipun kados kenging toya. Ingkang langkung prayogi, manawi badhe nyumêrêpi bedanipun ingkang palsu, katandhinga kalihan ingkang tulèn, punika lajêng katingal bedanipun.

Wontên sêrat sêbaran saking pamarentah amratelakakên, supados para amtênar ingkang gêgayutan kalihan prakawis tiyang minggah kaji, kêdah taliti pamriksaning pasipun, awit miturut pratelan saking kongsul Walandi ing Jedah, kathah pas dhatêng Mêkah ingkang botên cêtha, lan kathah tiyang saking Indhonesiah, ingang pasipun dhatêng Mêkah namung saking kongsul ing Singgapura.

Sampunsawatawis dintên punika punggawa pos tiyang siti ing Malang, ujug-ujug kataman ing sêsakit roodevonk. Saking pangintêning dhoktêr, sêsakit wau tumular nalika milihi sêrat ingkang saking tanah Eropah. Sanès dintên wontên tiyang ingkang kêtularan. Dhatênging sêsakit wau sawêg dipun udi, punapa jalaran kabêkta saking kapal mil punapa kadospundi, lan angudi malih punapa sêsakit makatên wau sampun nate pinanggih wontên ing Indhiya ngriki.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1220 ing Pasuruan. Wisêl f 1.50 ingkang f 0.50 kangge mundhuti tunggakan wulan Juni, dene ingkang f 1 tumrap wulan Nopèmbêr saha Dhesèmbêr taun punika.

Lêngganan nomêr 3706 ing Surabaya. Wisêl f 2.50 tumrap Kajawèn wulan Nopèmbêr punika dumugi wulan: Marêt taun 1929. Dene bayaran P.P. ingkang sampun kula tampi tumrap taun 1929 wontên f 2.93.

Lêngganan nomêr 382 ing Surakarta. Langkungan arta panumbasing buku-buku wontên f 3.68 sadaya wau lajêng kalêbêt ing Kajawèn. Tumrap kwartal 2 taun 1929 kantun mêwahi f 0.82 kemawon.

--- 1555 ---

Wêwaosan

Paningal

Karanganipun Sang Rabindranath Tagore, kajawèkakên dening redhaksi Kajawèn.

1

Ing tranah Indhu wontên satunggiling tiyang èstri nama: Kuma, nalika taksih anèm pun Kuma gadhah anak, ananging kalanipun lare wau lair, sampun pêjah. Dene pun Kuma piyambak dhumawah ing sakit ngantos mèh dados tiwasipun. Pulih ing kasarasanipun malih, punika ngantos dangu sangêt, lan andadosakên jalaraning paningalipun saya dangu saya lajêng suda awasipun.

Kala punika semahipuin Kuma, sawêg kalêrês sinau ing bab kawruh kadhoktêran. Tumrap ingkang jalêr, sakitipun ingkang èstri wau amanah[8] botên andadosakên sabab punapa-punapa, awit ing wêkdal punika piyambakipun lajêng sagêd ngêcakakên kasagêdanipun ing bab anjampèni dhatêng semahipun. Ingkang punika mripatipun ingkang èstri ingkang sakit wau, lajêng dipun usadani piyambak.

Kuma punika gadhah sadhèrèk jalêr, kaprênah sêpuh, nalika samantên kalêrês badhe nêmpuh pandadaran tumrap kawruh pangadilan. Ing satunggiling dintên sadhèrèkipun jalêr wau anuwèni pun Kuma, saha lajêng saklangkung kagèt manahipun, sarêng nyumêrêpi kawontênaning sadhèrèkipun èstri.

Kowe kuwi lagi apa. Makatên pitakènipun sadhèrèk jalêr wau dhatêng lakinipun pun Kuma. Apa kowe kuwi lagi ngrusak mripate bojomu, pantês-pantêse kowe kudu enggal-enggal nyuwun pitulunganing dhoktêr kang pintêr.

Lakinipun pun Kuma lajêng amangsuli sêmu nêpsu makatên: Lho, geneya, sanadyan ana dhoktêr pintêr dikayangapa, anggone nambani môngsa ngungkulana kaya sing dak tindakake iki. Larane iki mung lumrah bae, ing môngka tômba-tambane wis kawruhan kabèh.

Dhadhah, inggih punika namining sadhèrèkipun jalêr pun Kuma, amangsuli sajak anyêngès: kiraku kowe kuwi anduwèni panêmu, yèn kowe karo gurumu ing pamulangan luhur, iku padha bae mungguh ing bab kawruhe kadhoktêran.

Semahipun pun Kuma amangsuli kanthi kakên ing manah: manawa ing têmbe kangmas nganti kalakon krama, ing môngka banjur ana pasulayan kang ngênani barang darbèke kang rayi, mêsthine kangmas iya ora bakal mundhut timbangan nyang aku kang gêgayutan karo prakara pangadilan. Kang iku mulane iya ora ana prêlune, yèn kang mas aparing timbangan ing bab kawruh kadhoktêran mênyang aku.

Salêbêtipun tiyang kêkalih sami apradondi, pun Kuma angudaraos, bilih salaminipun, manawi wontên ratu kalih campuh ing pêrang, ingkang nandhang sangsara piyambak inggih ngêmungakên rumput ingkang dipun idak-idak wau. Ing ngriku wontên tiyang kêkalih ingkang sami pasulayan, lan ingkang badhe nampi pituwasipun, inggih pun Kuma piyambak.

Mênggahing pamanggihipun pun Kuma, ingatasing piyambakipun ing samangke sampun kaimah-imahakên, kados tumrap ing sanak sadhèrèkipun inggih nama botên pantês, manawi lajêng tumut ngaru-biru mênggahing prakawisipun Kuma tuwin lakinipun, awit manawi kamanah lêrês, bingah tuwin susahipun Kuma punika, ingkang wajib ngraosakên, inggih ngêmungakên lakinipun piyambak, sanak sadhèrèkipun botên prêlu tumut-tumut.

Makatên ugi pamanggihipun Kuma. Prakawis mripatipun Kuma punika, rak prakawis sapele, ewadene wiwit dintên kasêbu tinggil,[9] sadhèrèkipun jalêr tuwin lakinipun Kuma dados crah.

Ing satunggiling dintên, nalika lakinipun pun Kuma nuju kesahan, Dhadhah dhatêng ambêkta dhoktêr prêlu kapurih anitipriksa sakitipun pun Kuma, ingkang makatên wau andadosakên gumunipun ingkang badhe katitipriksa.

Kanthi taliti sangêt, dhoktêr anitipriksa mripatipun pun Kuma, saha pasêmonipun lajêng katingal wigatos. Salajêngipun dhoktêr wau lajêng wicantên, bilih sakitipun namung dipunkèndêlakên kemawon, sagêd ambêbayani. Sasampunipun dhoktêr adamêl rêsèp, Dhadhah lajêng enggal-enggal kengkenan tiyang kapurih tumbas jampi. Sarêng dhoktêr mônca wau sampun kesah saking ngriku, Kuma angarih-arih dhatêng pun Dhadhah, sampun ngantos kakangipun tumut cawe-cawe ing bab punika, amargi pun Kuma yakin, bilih dhatêngipun dhoktêr mônca ingkang kanthi lampah sandi wau, ngêmungakên badhe adamêl ribêt kemawon. Ing batos Kuma gumun, dene piyambakipun gadhah kakêndêlan wicantên dhatêng kakangipun ingkang samantên wau, awit ing salami-laminipun pun Kuma tansah ajrih kalihan kakangipun, makatên ugi pun Kuma inggih anêmtokakên, bilih Dhadhah piyambak inggih gumun, dene adhinipun gadhah kakêndêlan ingkang samantên.

Sakêdhap pun Dhadhah kèndêl kemawon, wusana lajêng wicantên makatên: Iya bêcik Kuma, salawase aku ora bakal ngundang dhoktêr manèh, aku mung mêling, yèn tambane wis têka poma ênggonên.

--- 1556 ---

Sasampunipun Dhadhah lajêng kesah. Botên watawis dangu, jampinipun dhatêng saking kamar obat. Kuma lajêng mêndhêt gêndul, puyêr, lan sanès-sanèsipun, sadaya wau sami dipun cêmplungakên ing sumur.

Jalaran saking anggèning Dhadhah cawe-cawe, andadosakên kirang rênaning lakinipun Kuma, lan wiwit punika anggèning anjampèni mripatipun ingkang èstri saya dipun pêng, ngungkuli ingkang sampun-sampun. Piyambakipun anyobi ngêcakakên jampi warni-warni, Kuma lajêng ambêbêd mripatipun kados pakènipun ingkang jalêr, saha lajêng ngangge bêlor, mripatipun dipun tètèsi jampi mripat, saha nêdha puyêr.

Kajawi punika ugi dipun sukani lisah ulam, ingkang mêksa kêdah dipun ombe, sanadyan kintên-kintên botên sagêd kalêbêt.

Sabên ingkang jalêr wangsul saking griya sakit, lajêng pitakèn dhatêng Kuma kanthi prihatos, kadospundi mênggahing sakitipun. Sabên-sabên dipun wangsuli: sampun kathah sudanipun.

Kala punika sayêktosipun Kuma ngapusi dhatêng badanipun piyambak. Manawi Kuma sumêrêp, bilih toyaning mripatipun saya kathah, punika manahipun lajêng dipun lêlipur piyambak, makatên punika dipun anggêp sae, jalaran rêrêgêdipun sami mêdal. Dene manawi luhipun ing mripat suda, Kuma rumaos agêng manahipun, dene samantên kasagêdanipun ingkang jalêr.

Ananging botên antawis dangu malih, sakitipun saya sangêt, pandulunipun saya dangu saya suda, lan siyang dalu tansah ngraosakên sêdhih dening ngêlu. Mirib saking solah tingkahipun ingkang jalêr, Kuma sagêd nyumêrêpi bilih ingkang jalêr thak-thik pados jalaran badhe ngundang dhoktêr, amila Kuma lajêng ngêtingalakên condhongipun yèn ta ingkang jalêr ngundang dhoktêr.

Jalaran saking punika, ingkang jalêr kêtingal bingahipun kadosdene uwal saking anggènipun gadhah têtanggêlan agêng. Nunggil dintên wau lajêng wontên dhoktêr Inggris dhatêng, Kuma botên sumêrêp, punapa ingkang karêmbag ing tiyang kêkalih punika, ananging piyambakipun gadhah pangintên, bilih ingkang jalêr dipun paibên sangêt kalihan dhoktêr wau.

Sakesahipun dhoktêr wau, lakinipun Kuma dangu anggènipun dhêlêg-dhêlêg, Kuma lajêng nyandhak tanganipun ingkang jalêr saha wicantên makatên: Tiyang wau têka botên sumêrêp ing tata têmên. Punapa sampeyan botên ngundang dhoktêr Indhu kemawon, punika rak inggih malah langkung prayogi. Punapa sampeyan kagungan pangintên bilih ing bab sakit kula mripat, dhoktêr wau langkung mangrêtos tinimbang sampeyan piyambak. Sapandurat ingkang jalêr kèndêl kemawon, salajêngipun lajêng wicantên kanthi swara pêgat-pêgat: Kuma, mripatmu kudu dibêdhèl.

Kuma api-api susah, dene ing bab makatên, têka ingkang jarêr dangu anggènipun ngêndhêm, wicantênipun Kuma: Sampeyan rak sampun uninga dangu, punapaa têka botên tumuntên ngêndika dhatêng kula, Punapa sampeyan ngintên, kula punika lare, ajrih manawi dipun bêdhèl.

Wicantênipun Kuma ingkang makatên punika, adamêl bingahing manahipun ingkang jalêr, wicantênipun: mungguhing wong lanang bae arang kang ora samar atine, mêsthi tansah ngeling-eling yèn bakal dibêdhèl.

Ingkang èstri gumujêng saha wicantên: Ingkang makatên punika pancèn yêktos, awit limrahipun tiyang jalêr punika kêndêlanipun namung dhatêng ingkang èstri.

Ingkang jalêr nyawang ingkang èstri tanpa kêdhèp saha wicantên makatên: Kandhamu kuwi bênêr bangêt, bangsaku wong lanang kuwi pancèn iya gumêdhe.

Pun Kuma lajêng gumujêng, ingkang anjalari ingkang jalêr lajêng gumujêng malih, wicantênipun Kuma: Punapa sampeyan sagêd mêsthèkakên, manawi tiyang jalêr punika langkung gumêdhe tinimbang tiyang èstri.

Sanès dintên, sarêng Dhadhah nuwèni dhatêng pun Kuma, Kuma wicantên bisik-bisik makatên: Kakang, pakolèhe dhoktêr kang kogawa kae, tumrape laraku pancène mono iya bêcik, eman bangêt dene anggonku nindakake kliru, kang pancène kudu tak ombe, têka tak tètèsake ing mripat, awit saka kliruning patrapku mau, larane mripatku saya bangêt, lan saiki kêpêksa kudu dibêdhèl.

Dhadhah amangsuli: Iya, mula, jalaran saka anggonmu ditambani bojomu, aku banjur ora tilik-tilik mrene.

Kuma amangsuli: Ora kakang, têmênan aku nambakake kayadene prentahing dhoktêrmu kae.

Kuma lajêng ngunandika piyambakan: O, wong wadon kuwi têka bisa têmên ngapusi, kalane dadi biyung akalane ngapusi bocah warna-warna, murih bocahe bisa antêng. Dadi bojo, akèh anggone duwe anak ngapusi, murih bapaking anake bisa sabar. Cêkakane wong wadon iku salawase kok kêpêksa sok kudu ngapusi.

Ananging anggènipun ngapusi pun Kuma wau, malah andadosakên lan prayoginipun, jalaran kakang tuwin bojonipun lajêng dados sae malih.

Dhadhah angrumaosi ing kalêpatanipun, dene piyambakipun sampun akèn dhatêng pun Kuma, tanpa têtarosan kalihan ingkang jalêr. Dene ingkang jalêr piyambak rumaos kêduwung sangêt, anggèning botên maèlu dhatêng pitêdahing kakangipun Kuma.

Wusana kalampahan wontên dhoktêr Inggris ambêdhèl mripatipun Kuma ingkang kiwa, sarana palilahipun tiyang kêkalih wau.

Ananging jalaran saking botên kuwawi, sarêng mripatipun Kuma wau dipun bêdhèl, pêpadhanging mripatipun ingkang taksih sawatawis, malah lajêng ical babarpisan. Ingkang makatên wau mripat ing sisihipun inggih lajêng katut kemawon.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. jugag dan di tempat lain. (kembali)
2. punika. (kembali)
3. èstri. (kembali)
4. dipun plintir. (kembali)
5. têtêping. (kembali)
6. tuwin. (kembali)
7. panitikipun. (kembali)
8. kamanah. (kembali)
9. kasêbut nginggil. (kembali)