Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11-14, #230

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11-14, #230. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11-14, #230. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 12-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 91, 30 Jumadilawal Taun Alip 1859, 14 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1557] ---

Ăngka 91, 30 Jumadilawal taun Alip 1859, 14 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pintu Aer ing Wanakrama, Surabaya.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun pintu aer ing Wanakrama, ingkang sawêg kagarap, anggènipun anggarap dipun sêngkut, kanthi waragad kathah. Kados makatên mênggahing yêyasan, ingkang migunani kangge kabêtahaning kitha agêng.

--- 1558 ---

Kawruh Sawatawis

Èngêt ing Wajib.

[Asmaradana]

Wajib kasmaran ngawruhi | janma marang ing wong tuwa | umèngêta duk kalane | sira maksih aran bocah | ing salami jinaga | ing rahayunta dumlundung | kongsi uwal aran janma ||

sayogya sira mèngêti | rasèng asihe wong tuwa | ing salami aywa supe | awit yèn kongsi supea | mring sihing bapa biyang | baya ta iku satuhu | kadi nyelaki jalaran ||

awit yèn pinikir yêkti | lan yèn pinetung ing potang | tamtu tan ana êntèke | awit tatane wong tuwa | tan pisan yèn metungna | dènnya anglêlêmu mungsuh | yèku dènnya ngupadrawa ||

mring suta tan pisan mikir | lir andhêdhêr kabêcikan | mrih antuk piwalês têmbe | kang mangkono yêkti mokal | yèn wong tuwa darbea | mung wong anom wajib wêruh | wijanging utamanira ||

kadi ta upama yêkti | kliru tindaking awrêdha | kadi nguni caritane: | natèng Madayin Nusirwan | anggung dènnya akarya | tan yogya mring Jayèngsatru | tur amung mantu kewala ||

nanging labête antuk sih | anggarwa ing putranira | wong agung ngrasa jatine | tan pae putra sanyata | marma sanggyèng piala | mung linêbur amrih ayu | têtêpa yuwananira ||

awit sang sarayèng bumi | anganggêp wong tuwanira | wajib sinrahan bêktine | marma salami cinidra | dèn du lan mungsuh dibya | sabên sri nata pinangguh | tan pisan winalês cidra ||

mung anggung pinurih eling | iku tuladan utama | yèn ta tinulada sae | aywa kongsi pisan-pisan | adarbe tindak cidra | nêdya ngayoni wong sêpuh | yèn unggul pamrihe apa ||

apan ta kêni pinurih | pilahing ayu lan ala | sayogya dèn sisihake | wajib amung ambutuhna | ayuning jiwanira | iku wus mulya satuhu | tumrap maring wong taruna ||

dene utamane ugi | wong anom ngrumasanana | yèn angganira nyatane | dèn opèni ing wong tuwa | wiwit sangkaning jabang | yèn ta ngrumasani têrus | yêkti ngrahayoni raga ||

anak aywa andarbèni | ati saksêrik utawa | nêpsu marang wong tuwane | mungguh ta ing cêthanira | wajibirèng atmaja | aywa pisan-pisan purun | ngêcakkên kuwanènira ||

malah wajib angopèni | maring wong atuwanira | amrih widada ing têmbe | lamun ana kalanira | wong tuwa tan sakeca | wajib gita gupuh-gupuh | ngêngudi waluyanira ||

pirabara amêruhi | yèn wong tuwanira nyata | kêkurangan ing uripe | umalêsa sakawasa | sanadyan ta wong tuwa | tan pisan agahan saguh | yêkti ing batin narima ||

lan panarimaning ati | kang tuwuh saka wong tuwa | jatine pamuji gêdhe | yèn ta padha dèn timbanga | lan pamujining liyan | tan pisan mirib salugut | mandi pujining wong tuwa ||

lan wajib rumêksa ugi | mring rasaning bapa biyang | ywa kongsi susah atine | mungguh ta ing karêpira | yèn ta wong tuwanira | antuk rasaning tyas giyuh | dèn enggal pinrih waluya ||

dene sanyatane [sanyata...]

--- 1559 ---

[...ne] ugi | anak uga mêruhana | marang ing awake dhewe | têgêse ywa pisan-pisan | wong anom anggêgodha | mring atining bapa biyung | lire darbe trap piala ||

awit yèn wong tuwa kongsi | mêruhi ing anakira | tumindak ing tindak dede | rêmêk rêmpu nrus karasa | anêrês rasaning tyas | yèn ta kongsia kêdurus | aran anjêjarag tiwas ||

beda lamun anglakoni | marang panggawe utama | mungguh wong tuwa rasane | ing jagad wus tanpa timbang | rasaning kanugrahan | kadi gumêlêng gumulung | dadya wohing kabungahan ||

dene ta tataning lair | wong anom marang wong tuwa | dèn alus ing trapsilane | têgêse tanduking angga | ingkang katon atata | iku aran tata patut | kang numrapi mring wong tuwa ||

lamun angucap dèn ririh | rah-arahên mrih sakeca | rakêtên tatakramane | ywa pisan kongsi mêdharna | ujar kang tan sayogya | gêdhene sugal ing wuwus | iku wawasên kang nyata ||

dene ta gatining tulis | rarasing asmaradana | tangèh rasaa wulange | apan ta ing jatinira | mung pinèt pedahira | nyênyambi tinimbang ngangbur |[1] pirabara pakolèha ||

awit sanyatane ugi | adhakanira kêsrambah | dene yèn pinarêng supe | manawa dadya jalaran | umèngêt mring kotaman | datan pisan mrih linuhung | mung lowung lamun angrasa ||

awit yèn mirid naluri | datan ana janjinira | yèn manusa pinrih supe | marang ing tindak kang gampang | urut anut ing marga | kang aran wajit[2] tinêmtu | lan kang wus tanpa tinata ||

Bab Kasarasan

Bab Têdha.

Tiyang punika ingkang baku kêtingal dados sarananing gêsangipun: têdha, punika tiyang ngantos botên sagêd anyelaki, saha botên sagêd cariyos manawi tiyang sagêd gêsang tanpa nêdha, dene ingkang dados tăndha saksi, tiyang piyambak sampun angakêni, bilih anggèning nyambut damêl kangge sagunging gêsang punika dipun têmbungakên pados têdha.

Tiyang punika wiwit sangkaning lare, sampun dipun lêbêti têtêdhan. Ing sadèrèngipun sumêrêp têtêdhan, pun biyung sampun sagêd milihakên têtêdhan ingkang prayogi kangge têdhaning anakipun, murih anakipun sagêd agêng walagang kalis ing sêsakit. Tuwin pun biyung piyambak inggih sampun mangrêtos manawi anakipun manggih sabab ingkang jalaran saking têdha, kados ta manawi lare sêsêpan botên ajêng nêsêp, pun biyung lajêng enggal-enggal adus wuwung, ngopyok susu, supados anakipun lajêng purun nêsêp kados adat sabên, yèn ta tumrap têtêdhan, inggih lajêng dipun padosi, punapa sababipun dene botên ajêng nêdha, ing ngriku lajêng sumêrêp, punapa saking botên ecaning têtêdhan, punapa jalaran saking pun lare kirang sakeca badanipun.

Pancènipun sadaya wau sampun urut, saupami [sa...]

--- 1560 ---

[...upami] tiyang purun ngulinakakên tata ngadat ingkang sampun dipun lampahi punika, ing pangintên inggih ragi kalis ing sêsakit, awit salaminipun tansah nyumêrêpi dhatêng awon saening têtêdhan. Prêlunipun tumrap ing têtêdhan ingkang awon utawi botên prayogi, badhe dipun sirik, ingkang sae dipun ajêngi, dados salaminipun nama botên nate uwal saking pangatos-atos.

[Grafik]

Têtêdhan ing pêkên, ingkang botên dipun rukti sae, punika botên prayogi.

Ananging nyatanipun botên, pangatos-atosing tiyang dhatêng têdha, namung kalamăngsa kemawon, inggih punika kalaning lare taksih alit, utawi kalaning tiyang nuju sakit. Sanèsipun punika, ingkang kathah lajêng carobo, nêdha punapa-punapa waton ajêng kemawon, dugi-duginipun botên wontên, mangke èngêt-èngêt manawi sampun manggih sabab.

Tumrap ing jaman sapunika, sêsêrêpaning têtiyang kathah dhatêng ing bab kasarasan sampun kêtingal beda sangêt, tinimbang jaman salangkungan taun kêpêngkêr, kados ta manawi nuju usum sêsakit kolerah, tiyang lajêng mangrêtos dhatêng têtêdhan ingkang wajib dipun sirik, dalah têtiyang sêsadean ing pêkên kemawon inggih sampun ngandhang, upaminipun tiyang sadean bangsaning ombèn-ombèn, ingkang toyanipun mêntah, rujak-rujakan, wowohan sasaminipun, manawi dipun awisi botên kaparêng sêsadean kados makatên, inggih lajêng angèstokakên têrus ing manah, botên gadhah pangrêsula kados kala rumiyin, rumaos manawi anggèning [anggè...]

--- 1561 ---

[...ning] pados têdha dipun pakèwêd dening ingkang wajib.

Mênggahing sayêktosipun, nêdha ingkang dados kasarasan punika botên ngêmungakên wontên ing saening barang ingkang dipun têdha kemawon, nanging ugi gumantung dhatêng tataning anggènipun nêdha, têgêsipun nêdhanipun mawi wanci. Botên dumèh sagêd nêdha, lajêng ngêmil tanpa kèndêl, punika pinanggihipun botên prayogi, adhakan lajêng andadosakên kirang sarasing badan, mênggah ing gampilanipun kemawon, upami tiyang lumampah tanpa kèndêl, tamtu inggih kêsêl, lan mêsthinipun pirantosing nêdha ingkang tansah tumindak kemawon, inggih kêsêl. Dene kêsêlipun wau, tamtu lajêng botên titi tumindaking damêlipun, barang ingkang lêrêsipun dados lêmbat, lajêng namung growal-growal, awit pun pirantos sampun kêsêl tumindak ing damêl.

Sayêktosipun tiyang punika inggih sampun kadhah[3] pranatan nêdha, lan manawi dipun manah wancining nêdha wau sampun angênggèni ukuran ing kodrating badanipun piyambak, tuwin anocogi kalihan kawontênanipun, kados ta:

Ing wanci enjing, tiyang satanginipun tilêm, wêtêng kêraos luwe, awit ing dalunipun mêntas tilêm, salêbêtipun tilêm wau têtêdhan ingkang wontên ing wêtêng tamtunipun sampun luluh tumănja sadaya, mila lajêng ngawontênakên raos kêpengin nêdha. Sasampunipun makatên, tiyang lajêng badhe nêdha, nanging sarèhning angèngêti, bilih badhe nyambut damêl, saupami nêdha tuwuk badhe ngawrat-awrati badan, mila lajêng nêdha sakêdhik kemawon, dipun wastani sarapan, utawi sèmèkan, têgêsipun namung nyarapi utawi nyèmèki wêtêng.

Ing siyangipun, sabibaring nyambut damêl, wêtêng luwe sangêt, awit mêntas kasok nyambut damêl, ing ngriku lajêng nêdha satuwukipun, punika têtêp ingkang nama nêdha. Mêntas nêdha katog wau, badan lajêng kraos awrat, nanging sarèhning wontên wancinipun ngaso, inggih kangge ngaso, dene manawi badhe nyambut damêl malih, sasampuning ngaso sawatawis, inggih sampun dados tiyang kiyat.

Ing wanci sontên, nalika badhe tilêm, wêtêngipun sampun ragi kraos angglong, nanging sarèhning namung badhe tilêm, panêdhanipun cêkap namung sawatawis kemawon, nama mancal kêmul.

Mirid tataning nêdha ingkang kados makatên punika, kêtingalipun kados sampun prayogi sangêt. Nanging inggih punika wau, tiyang sok lajêng nyulayani, nêdha tanpa wanci, lowonging wanci ingkang pancèn botên kangge nêdha, tansah kangge ngêmil, ngantos kêsundhul dumugi wanci nêdha malih. Wêkasanipun kadospundi, nêdha botên eca, tur têtêdhan ingkang dipun têdha inggih botên dados daging.

Wontên malih tiyang nêdha ingkang ngantos kêladuk, punika inggih botên prayogi, sok andadosakên sabab, apêsipun kemawon wêtêngipun karaos sêbah, minggahipun lajêng dados kêmlakarên, punika kajawi saya botên prayogi, wujudipun kemawon sampun saru, apêsipun ngêdalakên upacara enthong irus.

Dene bab ukuraning tiyang nêdha ingkang nama drêmba, punika pancèn sampun mathuk kalihan kawontênanipun, dados sanès punapa-punapa.

--- 1562 ---

Bab Têtanêman

Paedahipun Wit Arèn.

Mênggah wit arèn punika bangsanipun kêkajêngan ingkang thukul piyambak, nanging thukulipun wau ingkang kathah wontên ing èrèng-èrènging parêdèn, ênggih wontên salah satunggiling pakêbonan ingkang kathukulan arèn, nanging limrahipun lajêng botên kapulasara kapêndhêt asilipun, têrkadhang lajêng katêgor kadamêl kajêng bêthak. Jalaran makatên wau namung kamanah kirang prayogi tiningalan tumrap ing pakarangan, utawi nyêngkarakên pasitèn. Bokmanawi makatên wau namung saking kiranging pamarsudinipun dhatêng indhaking pamêdal.

[Grafik]

Wit arèn ingkang tuwuh ing èrèng-èrènging parêdèn.

Saking pamanggih kula wit arèn punika bangsanipun thêthukulan ingkang kathah paedahipun. kados ta: witipun bilih arèn wau katêgor kenging kapêndhêt pathinipun (pathi arèn punika kawastanan gelang). Mênggah gelang punika sasumêrêp [sasumê...]

--- 1563 ---

[...rêp] kula wontên paedahipun tigang warni awujud têtêdhan: 1. Bilih măngsa katêndhagan têdha gelang punika kenging kadamêl sêkul, inggih punika ingkang dipun wastani sêkul kêrok. Dene pangolahipun inggih dipun bêthak kados sêkul uwos. 2. Kadamêl jênang kaabênan gêndhis, tiyang dhusun amastani jênang gudir. 3. Ugi dipun jênang nanging botên kaabênan gêndhis, lajêng kailing ing gêmbrèng ingkang kabolong pating crêmplêng, saha gêmbrèng wau katumpangna ing kuwali, ingkang sampun isi toya. Sasampunipun makatên lajêng dipun santêni, nanging kêdah mawi juruh, sabên sagêlas dipun sukani juruh ingkang ngantos lêgi, punika inggih miraos. Têtêdhan ingkang makatên punika kawastanan dhawêt gelang. Dene manawi măngsa bêntèr dhawêt gelang punika laris sangêt, awit raosipun sêgêr.

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, paedahipun wit arèn wontên malih, inggih punika dipun dèrès, kapêndhêt lêgènipun kadamêl gêndhis. Mênggah patrapipun andèrès lan pandamêlipun gêndhis arèn ing ngriki ugi badhe kula têrangakên, nanging inggih sasumêrêp kula kemawon saking kawruh padhusunan.

Sasampuning lêgèn kaudhunakên saking wit, lajêng kagodhoga ing kuwali ingkang sakintên cêkap kangge anggodhog lêgèn wau. Sarta pangodhogipun botên usah mawi dipun kêbur utawi dipun udhêg, awit botên sagêt enggal kênthêl. Rumiyin anyêdhiyakna bathoking klapa (bathok sirah), prêlu kangge anjêngdhêlakên gêndhis wau. Bilih lêgèn wau sampun kênthêl, warninipun lajêng dados abrit, inggih punika lêgèn ingkang sampun dados gêndhis, lajêng katitis (cithak) ing bathok wau. Wasana manawi gêndhin[4] wau sampun dados lirangan lajêng katangkêb-tangkêbakên abên dhasar, kalih dados satunggal, punika kawastanan salinting. Lajêng kabuntêlan ing godhong pisang ingkang garing (klaras), supados botên sagêd lumang.

Dene wohipun (kolangkaling) kenging kangge isèn cao, utawi dipun damêl kolak.

Dukipun kadamêl tangsul payoning griya. Ingkang limrah ngangge payon duk punika tiyang parêdèn.

Kawulipun (êmput) kadamêl abên thithikan êrèk sela latu dipun abên ing waja. Pandamêlipun kawul makatên, ngêrika kawuling arèn kaabênan amploking tuntut kabakar ingkang ngantos dados arêng, lajêng kagêrus ngantos lêmbat, kacampurakên ing kawul nuntên dipun awut-awut ingkang radin. Samantên paedahipun wit arèn.

Wasana bilih wontên lêpating panyêrat tuwin têtêmbungan kula, kula nyuwun gunging samodra pangaksama.

Kula pun Kasna

Guru dhusun ing pamulangan dhusun, Klêpu, Gêmuh.

--- 1564 ---

Jagading Wanita

Kamajênganing Wanita.

Tumrap ing jagad kajawèn, majênging para wanita punika kenging dipun wastani sawêg sapunika, lan ajêngipun wau tumraping akathah, sakawit tansah dados pradondi, wontên ingkang nganggêp sae, wontên ingkang nganggêp botên, nanging sarèhning kamajêngan punika dayanipun kiyat sangêt, raos-raosing manahipun tiyang ingkang sêmang-sêmang, tuwin wêkasanipun malah lajêng tumut mastani sae.

[Grafik]

Sampun limrah, tuwuhing kaanan enggal punika tamtu dados rêmbag, dening kêraos dèrèng damêl srêging manah, kados ta kala jaman wiwit wontên lare èstri tiyang siti ngambah dhatêng pamulangan, punika tansah damêl cingakipun ingkang nêmbe sumêrêp, panggagasipun warni-warni, sawênèh wontên ingkang anggagas, kawruhipun anggèning sakolah wau ing benjingipun badhe kangge punapa, awit mênggahing tiyang èstri, ingkang prêlunipun namung badhe dados padaringan, upaminipun, kêlangkahên manawi ngantos anggadhanana kasagêdan samantên, pikantukipun namung badhe dados tiyang èstri kêmajêngên.

Rêraosan kados makatên punika, tumrapipun kala jaman samantên inggih taksih kathah ingkang ngiloni, nanging manawi dipun ucapakên wontên ing jaman sapunika, botên tarimah dipun ewani ing akathah kemawon, malah sinurak ambata rubuh.

Sêmang-sêmanging manahipun tiyang kala jaman samantên, dangu-dangu malah kanyataan, bilih kasamaranipun wau sajatosipun tanpa têgês, awit sadaya ancas ajênging para wanita, wohipun sami pinanggih sae. Kawruh anggènipun angsal saking pawiyatan dados piguna agêng mênggah ing gêsanging wanita, tur pinanggih salaras kalihan kawontênanipun, kados ta: dados guru pamulangan, dados punggawa kantor pos, dados juru ngupakara tiyang sakit, tuwin sanès-sanèsipun, lan sanadyan dados biyunging lare, inggih saya prayogi.

Sarêng kamajênganing wanita sampun ambyah pinanggih kados makatên, raos ingkang kados jaman kina punika lajêng kuwalik balêjêt, tiyang malah gêntos prihatos manawi botên sagêd nyêkolahakên anakipun èstri. Mripatipun [Mripatipu...]

--- 1565 ---

[...n] ingkang kala rumiyin sêpêt kangge nyawang lare èstri sêkolah, sapunika santun araos sêdhêp. Manawi ningali wanita nyangking tas badhe dhatêng padamêlan, manahipun katatarik, dene malah mantêsi, dene tumraping para èstri ingkang diwasanipun pinanggih ngancik wontên ing jaman kamajêngan, kathah ingkang kêtuwuhan osik, yèn ta sagêda ugi badhe tumut majêng, nanging sarèhning sampun kalajêng dados golongan mrêtanggêl, pamarêming manah narimah nyawang dhatêng kamajênganing bangsanipun èstri ingkang kantun.

Ing sapunika kamajênganing para wanita wau nama sampun manggèn, tiyang manawi sumêrêp para wanita cêpêng damêl wontên ing kantor-kantor, dados guru tuwin sanès-sanèsipun, sami sênêng ing manah.

Sayêktosipun kamajêngan punika namung tansah mindhak-mindhak, tuwin warni-warni sangêt ingkang kenging dipun jăngka tuwin salaras kalihan kawontênaning wanita. Dados ingkang nama salaras wau, manawi dipun lampahi inggih nama botên nyalênèh, yèn dipun manah anyalênèh, inggih namung jalaran saking sawêg katêmbèn katingal.

Ing sapunika gêntos nyariyosakên kamajênganing wanita kêkalih ing Surakarta ingkang majêng dhatêng lampah among dagang, sapisan, angatingalakên ancasing kamajênganipun wanita dhatêng bab lêlampah dagang, kaping kalihipun ngatingalakên anggèning wanita wau angajêngakên barang dêdamêlan kagunaning para wanita, inggih punika ingkang dipun gêlar wontên ing toko padhasaranipun. Murih têrangipun, sêratipun juru kabar Kajawèn ingkang manjurung bab punika, mawi sinawung ing sêkar, kapacak ing ngriki, kados ing ngandhap punika:

[Kinanthi]

Ngèsthi nêmbah trusing kalbu | trus gati pamurtyèng bumi | kang kadya pradapaning rat | ing mandrawa kang umèksi | sayêkti katon sadaya | kang ala kalawan bêcik ||

apan ta ing wiyosipun | kawula atur pawarti | ing nagari Surakarta | pan wontên putri kêkalih | kang wus misuwur ing jana | nama Dèn Ajêng Sumarni ||

dene ta ing arinipun | nama Radèn Ajêng Nari | kêkalih ingkang pêputra | Radèn Mas Tumênggung swargi | Sumadarmaja putranya | Bandara Aria nami ||

Suryadarmaja puniku | kang pêputra Kangjêng Gusti | Aria Mangkunagara | kang kaping katri mandhiri | dadya kêkalih punika | taksih darahing narpati ||

amanjingi jaman maju | gopyak-gapyak tur pratitis | dêdagangan warna-warna | sêdhêng datan nguciwani | pangagêman putri priya | nam-naman kang pèni-pèni ||

gêgambaran bagus-bagus | Ni Wênwingkên têngrannèki | sadaya sarwa sadhiya | ing tokonira sang putri | Pasar Pon ing Surakarta | majêng ngalèr kidul margi ||

satuhu lamun panuntun | pantês sinudarsana di | gambar sumandhing punika | warnaning putri kêkalih | dene ing pamujiningwang | mring sagunging pra pawèstri ||

samia ing tekad mau | sampun umandhêk tumolih | tilara panggalih kuna | nalika wêruh sajati | pangarah kanthi waspada | kang kandêl bawaning pikir ||

binudi sarananipun | dadia timbangannèki | jalu èstri datan beda | papandumaning pambudi | kula kang mawas buwana | datan nêdya matur sisip ||

Kados makatên mênggahing kamajêngan ingkang kacariyosakên [kacari...]

--- 1566 ---

[...yosakên] punika. Kamajêngan wau, sarèhning nama sawêg katêmbèn, dene ingatasing putri kaparêng nindakakên padamêlan angasta toko kados makatên, tamtu wontên ingkang botên anyondhongi, nanging botên sande tamtu badhe dados têtuladan ugi.

Bankèt Pisang

Golonganing pisang wulêt, kados ta: gajih, agung, byar, candhi tuwin sanès-sanèsipun, ingkang taksih mêntah nanging sêpuh, sasampuning kaoncekan rêsik, lajêng dipun gêbingi (dipun sigari utawi karajang) kados sacaranipun badhe damêl criping, punika lajêng kaêpe, tamtunipun enggal garing. Manawi sampun garing saèstu nuntên kadhêplok sarta dipun ayaki lêmbat, punika dados galêpung pisang. Yèn sampun makatên, galêpung wau kaêpea malih, murih saya garing sayêktos tur kêmripik, lajêng andamêla adon-adonanipun makatên:

Jênenipun tigan 12 iji, kakêbluk sarêng kalihan gêndhis pasir 12 sendhok agêng, bilih murih babar kenging kaêmoran pêthaking tigan 5, nanging punika murugakên atos tumrap dadosipun têtêdhan. Mèlêk cap Nonah 6 sendhok agêng, mêrtega ingkang sae (merk Wood Dunn) 3 sendhok agêng, panili, murih arum gandanipun, ngangge soklat inggih prayogi. Punika pangublêkipun kêdah matêng, yèn sampun makatên lajêng kaulêtan galêpung pisang wau ngantos lumêr saèstu, nanging kaangkaha sacêkapipun kemawon (sampun ngantos kalêmêsên utawi kakasên), sapunika sampun nama jladrèn. Ing ngriku kantun nyithaki sakaparêngipun, punapa kangge wangun lètêran punapa kadospundi. Sasampuning kacithak nuntên kasèlèhna ing wadhah lèngsèr blèg utawi panci ingkang sampun kaosèr-oseran mêrtega, têrus dipun lêbêtalên ing êpan, yèn sampun matêng dipun êntas, punika kenging kasêbut nama bankèt pisang.

Namung wontên pèngêtipun: pangublêging tigan kêdah matêng (mumpluk sangêt), dene sakathahing têtêdhan băngsa bankèt punika murih prayoginipun kêdah namung kaadonan mawi jênening tigan thok, yèn mawi pêthak tigan kakatutakên, ing ngriku dadosipun têtêdhan botên patos sae, tamtunipun kakên, tur atos kados ingkang pinanggih ing padhusunan, punapa malih kaduk gêndhis ugi kirang sae, amblêngêri. Pramila pêpèngêt sakêdhik punika prêlu kula kanthilakên ing ngriki, ing pangangkah lowung kangge gêgaran nênuntun sadhèrèk ing padhusunan ingkang sampun kêrêp kula prangguli ing parampadan, kajêngipun mawi băndha kathah ngudi rêkah, nanging nyuda ecaning raos.

Mangsuli, pisang ingkang gêtas kulitipun utawi pisang ingkang tuntung kêcut, manawi kadamêl bankèt raosipun kirang eca.

Kajawi saking punika bilih pandamêlipun ngangkah kathah

--- 1567 ---

prayogi ngadonana malih kemawon kados ingkang sampun kula pratelakakên ing nginggil. Wawratipun têtêdhan kasêbut punika kalêbêt gampil tur sapele sangêt, nanging wontênipun ing meja parampadan dèrèng patos kêlimrah, saya malih ing padhusunan, pramila kêpêksa kula udhokakên ing udyana Kajawèn, ing pangangkah mugi sagêd dados tambahing sêsêrêpan sakêdhik.

Wasana bilih wontên kirang langkungipun cariwis kula punika nyumanggakakên, sampun kirang ing pangapuntên.

Kula: R.r. Juwariyah, Tumpang, (Niti Atmaja).

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Ewah-ewahaning Pangangge.

Sêmar : E, ana wong macak mèntèng-mèntèng brêgase ngene, kathik dipadhakake lagi bal kostum utawa arêp mèlu Cap Gomèk, apa Garèng lan aku padha cêclorengan utawa nganggo piranti liya-liyane, kang pantês digêguyu. Rumasaku panganggoku kiyi lumrah, têgêse manganggo panganggoning wong tuwa kang sumêdya nganggo jamane, supaya aja dirèmèhake bangêt-bangêt karo sapadhaning umat.

Petruk : Aku mula iya rujuk bangêt, dene samono panggalihe Rama, awit sanyatane: wong tuwa kuwi bisa anjunjung anak, kosokbaline anak uga bisa anjunjung bapa, mungguhing têgêse: yèn bapa katon brêgas, anake iya banjur katon brêgas, ananging yèn si bapa katon nistha, mêngkono uga anake iya banjur mèlu kacepretan kanisthane mau, mulane supaya bisa anêtêpi kang kaya mêngkono mau, yèn Rama kabênêr olèh rêjêki, êmbuh saka anggone mênang dhomino, êmbuh kapriye, kuwi wajibe kudu nguncali karo putrane, dene yèn Rama lagi kasusahan utawa kamlaratan, ora prêlu kabar-kabar nyang anak-anake, mundhak ambêbingung bae.

Sêmar : Lha kuwi yèn anak, aja manèh wong tuwa katon brêgas, lagi wis ora duwe bae, paribasane wis nganti kaya pêlok, iya isih mêsa dibrakoti. Seje karo panêmune wong tuwa, ora prêlu si anak munjung pangan kang enak-enak utawa barang kang pèni-pèni, apa manèh munjung dhuwit, anggêre uripe anake wis kaya uwong bae, atine wis sênêng lan mêntas bangêt. Mara, saiki lairna panêmumu, kang agawe ora cocoging atimu mênyang panganggoning wong tuwa kang kaya aku kiyi.

Petruk : Lho kuwi mêngkene: Rama dhewe kêrêp ngandika, yèn wong tuwa kuwi ana ing donya luwih lawas tinimbang wong ênom, dadi sing dialami [dia...]

--- 1568 ---

[...lami] utawa sing dirasakke dening wong tuwa kuwi iya luwih akèh. Ing sarèhning kabèh-kabèh wis ngalami utawa wis ngrasakake, saikine kudu ngèlingi nyang akerate, têgêse: kabèh kabêsusan, kabèh kabrêgasan, kuwi kudu dipasrahake nyang para nonoman, wong tuwa kudu narima panganggo sing barès lan prasaja, asal rêsik bae rak cukup, nanging sing diprêlokake iya anggone manêmbah nyang Pangeran, kaya ta pangangone wong tuwa, kuwi cukup: sarung, klambi, kopyah, sandhal, disaranani kêkêmul sajadah, prêlune saênggon-ênggon, yèn arêp nindakake kuwajibaning limang wêktu, ora kangelan nganggo nguculi sêpatu, yèn arêp wulu, ora kangelan ambêbukak jas utawa rompine, lan ora prêlu cêthithang-cêthithing anggolèk panggonan kang rêsik, jalaran kuwatir yèn panganggone bakal rêgêd, seje nèk manganggo kaya omongku mau, le wulu iya ora kangelan, tur ora prêlu golèk panggonan rêsik-rêsik bangêt, sajadahe bae digêlar, rak wis cukup, kajaba saka iku rak banjur kêtêngêr bae, yèn sawijining wong kang mrêlokake nyang kuwajibane.

[Grafik]

Sêmar : O, mrica kêcut sauni-unine. Lah wong kowe, bocah kêtuwan tangguh, aliyas kêmajon. Wêruha wong bagus. Mulane aku wong tuwa manganggo brêgas mangkene iki, ora kok saka kaya kandhamu kuwi mau ora, sajatine saka anggonku anglêboni jaman, sanadyan bab sejene ora, ning panganggone wis anjamani, dadi ora diarani wong wêton museum. Mungguh kandhamu ing bab panganggone wong tuwa kaya aku kiyi, kudu sing prasaja, lan aja nganti lali sajadahe, kuwi pancèn iya ana bênêre, mung bae omongmu kok banjur sajake kaya wong tuwa kuwi kudu ngetokake anggone ngibadah. Pangiramu kang mangkono kuwi rak kaliru, wong manêmbah nyang Pangeran kuwi rak ora prêlu diketok-ketokake, lan ora prêlu dipamèrake, nanging sabênêre mung antêping tekad lan adhêping atine

--- 1569 ---

marang Pangeran, mula wong manêmbah nganggo dipamèr-pamèrake mau, mungguhing khake kuwi malah batal.

Garèng : Wis, Ma, ora prêlu Petruk diwangsuli dawa-dawa, mundhak mulêsi wêtêng bae, anggone moda-mada kuwi rak saka panase atine, jalaran kalah mèfèt karo Rama utawa aku.

Petruk : Toblas, anggone le plênthas-plênthus, kiraku ya sing kaya mêngkene kiyi sing sok diarani wong kumênthus.

Garèng : Wèl, wèl, wèl, pêrdhiblêng, ana wong kathik diunèkake kaya kênthus. Wong kuwi nèk atine panastèn, mêsthi iya ora kurang marga kanggo mêmoyok. Mara, tuturna nyang aku, apa panganggoku sing kurang brêgas. Klambine potongane iya ambangkik, clanane têkukan, dadi ora ninggal modhèl sêkarang, dhasine iya kèwês, mara, apa sing kurang.

Petruk : Lho, aku ora maido, anggonmu brêgas nganggo panganggo kaya mêngkono kuwi, mung bae aku arêp takon, apa iya kalêbu ing panganggo gagrag anyar, ana nganggo sêpatu kok beda-beda, sing buri sêpatu lanang, sing ngarêp têka sêpatu wadon, tungkake jinggring.

Garèng : Lha kuwi, wong kuwi nèk kurang pangajaran, mêsthi ora cathekan, jare wong Jawa kuwi ênggoning sêmu, dene mangkono bae têka ora ngrêti, rungokna dak jarwani, anggone sing ngarêp sêpatune tak kon dèlèhi tungkak sing dhuwur, kuwi mangkene: sikilku ngarêp kuwi rêsikan tur risèn, nèk ana barang rêgêd sathithik bae, karêpe moh ngambah, gêlême iya sarana jingjit. Ig sarèhning karêm bangêt nyang jingjit, mulane tungkake tak kon dhuwurake, prêlune supaya aja rèwèl bae.

Petruk : We, lha, lagi tumon kiyi, ana sikil kathik nganggo kêdunungan rèwèl barang.

(Badhe kasambêtan).

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Wontên pawartos, Mistêr Ali Sastraamijaya, adpokat ingkang manggèn ing Ngayogya, badhe dipun êsrahi nyêpêng kalawarti Jangêt. Ing sapunika kalawarti wau dipun cêpêng Mistêr Suyudi, ananging sarèhning panjênênganipun botên gadhah wêkdal ingkang nyêkapi, lajêng badhe dipun pasrahakên dhatêng golongan pangajaran ingkang taksih gadhah wêkdal kobèt.

Jalaran saking N.I.S. tansah dipun jori ing oto bis, wiwit tanggal 1 wulan punika, N.I.S. ngandhapakên prabeya, tiyang kenging tumbas karcis wongsal-wangsul, saha kenging dipun angge salêbêtipun kalih dintên. Saking Ngayogya dhatêng Surakarta ingkang rumiyin salampahan f 0.84, sapunika wongsal-wangsul namung f 0.89. Kajawi punika, tumrap margi sêpur ingkang botên angsal tandhingan, oto bis, inggih badhe dipun wontênakên pranatan kados makatên.

Saking rêmbaging rad komisaris N.V. Volkshuisvesting, ing Batawi prêlu dipun wontênakên griya sewan wiwit f 20.- dumugi f 70.-, waragadipun kintên-kintên f 500.000. Ing bab badhe suwakipun huurcommissie benjing Januari taun ngajêng, kathah [ka...]

--- 1570 ---

[...thah] juru nyewakakên griya ingkang suka sumêrêp dhatêng pitadosipun, badhe ngindhakakên sewan griya.

Awit saking panêdhanipun băngsa Banjarmasin ing Batawi, benjing tanggal 5 Dhesèmbêr ing kampung Pakojan badhe dipun êdêgi H.I.S. Mohamadiyah ingkang nomêr 5, tuwin ugi badhe ngêdêgakên puliklinik. Băngsa Banjarmasin ingkang kadugi ambiyantu waragad, Haji Tamin Said, Haji Anang Ali, Haji Majidi tuwin Permansah.

Ing Bandhung kathah tiyang ingkang katrajang sêsakit typhus tuwin diphterie, nanging kosokwangsulipun, tiyang ingkang katrajang sakit dysentrie kirang, miturut cathêtan, wontênipun tiyang ngajal, sabên tiyang sèwu, ing dalêm sataunipun, băngsa Eropah 12.6, tiyang siti 19.6, băngsa Tionghwa 20, gunggunging tiyang ngajal băngsa Eropah wau kalêbêt pêjahing bayi tuwin têtiyang ingkang sampun sêpuh.

Kala tanggal 8 wulan punika, kulawarganipun Tuwan Martak, băngsa Arab, cacah tiyang 11 ing Surabaya sami sakit sangêt, jalaran sami mêntas ngombe puhan. Miturut pamriksan, puhan wau kêwoworan warangan. Sanès dintên malih kawartosakên, bilih ingkang sami sakit wau sampun saras, nanging taksih prêlu dipun upakara ing dhoktêr. Pulisi taksih pados katrangan ingkang andadosakên jalaranipun.

Dhepartêmèn paprangan apdhèling I angradinakên sêrat sêbaran dhatêng kumêndhan-kumêndhan militèr, supados andhawuhakên kêncêng sampun ngantos wontên tiyang-tiyang militèr ingkang gadhah tindak kasar tuwin siya dhatêng tiyang ingkang nglawan dhatêng pamarentah ingkang kacêpêng, punapadene tumrap tiyang sanèsipun, awit tindak makatên wau adamêl awoning golongan militèr. Makatên ugi tindak kasar tuwin panganiaya punika dados jalaraning prakawis, ingkang katindakakên ing pangadilan.

B.O. Apdhèling Ngayogya golongan pamulangan, benjing wulan Sawal ngajêng punika badhe ngêdêgakên pamulangan samantên tumrap lare èstri tuwin sêkakêl sêkul.

Haji Dulgani ing Losari Lor, Cirêbon, kecalan èrloji êmas rêgi f 75.-, kulawarganipun sami gadhah pandakwa dhatêng lare umur 13 taun. Lare wau dipun takèni botên ngakên, lajêng dipun pisakit, wusana andados sakit lan ngajalipun. Saking kasamaranipun kaji, mayitipun lare wau lajêng dipun pêndhêm wontên ing papan sêpên, nanging ugi lajêng kasumêrêpan ing pulisi.

Ing H.B.S. ing Bandhung, bèling pamulangan kasumêrêpan ical, kakintên jalaran saking pandamêling murid, lan malih lawanging sêkolahan wau ingkang ngajêng, dipun paku ngantos botên kenging kabikak. Sadaya wau kakintên jalaran saking dhirèkturing pamulangan wau botên dipun sênêngi ing para murid.

Tuwan Coenraad leidêr pèl pulisi ing Jombang, mêntas nyêpêng băngsa Tionghwa nama Tan Gok wontên ing Surabaya, jalaran kadakwa mêjahi Nyonya Owi Cèng Lao ing Jombang, ingkang sampun kawan taun kêpêngkêr. Kala mêntas mêjahi, tiyang wau lajêng kesah saking tanah Jawi, sarêng wangsul dhatêng tanah Jawi, nalika sawêg têtumbas barang wontên ing toko, lajêng dipun cêpêng.

Sawênèhing among dagang ing Surabaya ingkang akèn dhatêng punggawanipun supados dhatêng Dhigul, prêlu kapurih sêsadean barang-barang dhatêng toko kopêrasi, tuwin sanès-sanèsipun, tampi tilgram saking Ambon, mratelakakên, bilih sawatawis măngsa, têtiyang dagang botên kenging malêbêt ing Dhigul, anindakakên ing bab prakawis among dagang.

Tiyang nama Sadimêja ing dhusun Bêran, Surakarta, nalika wangsul saking Sănja, anakipun nama Sadirah umur sataun, botên wontên. Sarêng dipun padosi botên kapanggih lajêng lapur ing pulisi, wusana sarêng sampun kalih dintên, manggih mayiting anakipun wau, ingkang sampun dipun pêndhêm wontên ing sabin. Pulisi sampun angsal katrangan, ingkang mêjahi lare wau tiyang nama Siwil, jalaran saking melikakên panganggening lare wau, awarni anting-anting êmas rêgi f 7.50 tuwin gêlang salaka rêgi f 5.- Siwil sampun katahan ing pakunjaran.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 3453 ing Muara Aman. Sampun têmtu kemawon. Sumăngga kula aturi miwiti. (4 gratis 1, 8 gratis 2 salajêngipun).

Lêngganan nomêr 2474 ing s.f. Juwana. Tanjanipun wisêl f 1.50 ingkang f 0.50 kangge nglunasi tunggakan wulan Juli, dene ingkang f 1.- kangge wulan Nopèmbêr saha Dhesèmbêr ngajêng punika.

Lêngganan nomêr 2905 ing Dhukun. f 1.50 ingkang nêmbe kula tampi, lêrês tumrap kwartal 1 taun 1929, buku sampun kakintunakên.

Lêngganan nomêr 260 ing Klathèn. Pos wisêl f 1.50 sampun katampi. Tumrap kwartal 1 taun 1929.

Lêngganan nomêr 3647, ing Bagarêja. Ngalamating Kajawèn sampun cocog kalihan sêrat panjênêngan. Kintunan ajêg. Botênipun dhatêng wau ambokmanawi wontên ingkang ganggu. Dhuplikat 86 sampun kakintun.

Lêngganan nomêr 2819, ing Sala. Bab ingkang makatên punika saèstunipun adamêl susah ngrika-ngriki, saya malih kula. Ananging gèk kadospundi, sintên ingkang kula dakwa. Dhuplikat ngaturi.

Lêngganan nomêr 958, ing Wanarêja. Langkunganing yatra almênak wontên f 4.- sadaya kangge Kajawèn 1929.

--- 1571 ---

Cariyos Warni-warni

Paningal.

Karanganipun Sang Rabindranath Tagore, kajawèkakên dening redhaksi Kajawèn.

2

Ing sawênèhing dintên, ingkang jalêr murugi dhatêng papan patilêmanipun ingkang èstri kanthi wicantên amêmêlas asih: Dhuh Kuma, ing saiki aku ora bisa ngampêt manèh, mungguh sanyatane kang gawe rusaking mripatmu iku, iya aku iki.

Kuma ing manah karaos bilih wicantênanipun ingkang jalêr wau, kanthi rêkaos, jalaran botên sagêd ngampêd luhipun, amila tanganipun ingkang jalêr wau lajêng kacandhak saha wicantên makatên: Dhuh kakang, ingkang makatên punika rak sampun dados wêwênang sampeyan, awit punapa ingkang sampun sampeyan tindakakên, punika rak nindakakên punapa ingkang sampun dados kagungan sampeyan piyambak. Măngga sampeyan galih, saupami dhoktêr mănca utawi dhoktêr sanès-sanèsipun ingkang dhatêng ngriki, anjalari wutaning mripat kula, punika punapa ingkang kangge nglêlipur manah kula. Ananging sapunika kula rak sagêd ngraosakên, manawi karsa sampeyan punika sae, lan tumraping kula, punika dados panglipur agêng, jalaran wutaning mripat kula saking asta sampeyan. Sumăngga kagaliha malih, nalika Bamcandra sêsaji dhatêng Pangeran, amanah bilih sêkar tuntung satunggal punika kirang sangêt, amila ingkang kangge lêlintu lajêng mripatipun piyambak, makatên ugi kula, inggih nyajèkakên mripat kula dhatêng Pangeran. Wiwit dintên punika ugi, manawi panjênêngan priksa punapa-punapa ingkang sagêd damêl sêngsêming tingal panjênêngan, karsaa ngandikakakên dhatêng kula ingkang talêsih, lan pangandika panjênêngan wau badhe kula pigunakakên, kadosdene ganjaran adi, saking têtirahanipun ingkang panjênêngan pariksani.

Mênggah ingkang dipun lairakên Kuma inggih botên angêplêki kados têtêmbungan ing nginggil punika, amargi tamtunipun inggih angèl sangêt anglairakên têtêmbungan makatên punika ing wêkdal punika ugi, ananging pun Kuma salajêngipun sabin[5] dintên lajêng ngulinakakên mêmikir têtêmbungan ingkang makatên punika, lan manawi Kuma kalêrês susah utawi kadhangkala têntrêming manah dados pêtêng, ingkang lajêng anjalari ngangluhakên kasusahanipun wau, Kuma lajêng mêksa dhatêng pikiranipun, anglairakên têtêmbungan ing nginggil wau satunggal-satunggal, botên beda kalihan lare ingkang wongsal-wangsul anglairakên dêdongengan ingkang mêntas dipun mirêngi. Jalaran saking punika, manahipun Kuma lajêng sagêd manggèn ing katêntrêman tuwin lajêng narimah ing pandum. Kalanipun tiyang kêkalih wau sami rêrêmbagan, wicantênipun Kuma sampun cêkap kangge suka sumêrêp kadospundi mênggahing raosing manahipun ingkang èstri.

Ingkang jalêr wicantên: Dosaku kang wus tak tindakake saka kabodhoanku mau wis ora kêna tak dandani manèh, mung saêbab kang aku bisa nglakoni, salawase aku bakal ana ing sisihmu, prêlu arêp ngudi bêcike anggonmu kelangan mripat mau kanthi sabisa-bisaku.

Kuma amangsuli: Sampun, manawi makatên punika rak botên sae, kula botên kenging mêksa dhatêng sampeyan, supados sampeyan punika adamêl griya kados griya sakit tumrap tiyang wuta. Ingkang prayogi katindakakên malih namung saêbab, inggih punika panjênêngan kêdah krama malih.

Nalika Kuma nêdya badhe nêrangakên, mênggah ingkang makatên punika prêlu sangêt, swaranipun sawatawis andharêdhêg. Kuma lajêng dhèhèm-dhèhèm, prêlunipun kangge ngumpêtakên trênyuhing manah, ananging ingkang jalêr ujug-ujug lajêng wicantên sora makatên: Kuma, aku ngrumasani, yèn aku iki gêndhêng, umuk-umukan lan liya-liyane manèh, ananging aku dudu wong ala, aku yèn nganti rabi manèh, aku prasêtya mênyang kowe, prasêtyaku iki abot-aboting prasêtya mungguhing Pangeran, muga-muga dosa kang gêdhe dhewe, iya iku dosaning anak matèni bapa, tumibaa ing awakku.

Yèn ta sagêda, Kuma botên angsal ingkang jalêr prasêtya ingkang samantên awratipun, ananging jalaran saking tangis, cangkêmipun kados dipun bungkêm, tuwin jalaran saking bingah, ngantos botên sagêd wicantên punapa-punapa. Kuma lajêng ngungkêp-ungkêpakên mripatipun ingkang wuta punika wontên ing bantal, saha lajêng nangis angguguk botên kèndêl-kèndêl, wusana sarêng tangisipun sampun mêndha, Kuma lajêng grayah-grayah ngrangkul ingkang jalêr, wicantênipun: Kakang, punapaa sampeyan têka prasêtya ingkang samantên awratipun, punapa sampeyan ngintên, anggèn kula ngaturi krama punika murih kangge kasênêngan sampeyan piyambak, punika rak botên, kula manah dhatêng badan kula piyambak, prêlunipun, supados garwa sampeyan enggal punika sagêd angladosi sampeyan, ingkang lêrêsipun kula ingkang ngladosi, ing kalanipun mripat kula taksih saras.

Ingkang jalêr amangsuli: Ngladèni, ngladèni, ngladèni iku rak wajibing batur. Apa kowe ngira yèn aku ngingu batur ana ing sajroning omahku kene, sumêdya gêndhêng-gêndhêngan, nari mênyang batur mau supaya [su...]

--- 1572 ---

[...paya]

panguwasaning omah kene tak bage karo dhèwèke: pêpundhènku.

Kalanipun ingkang jalêr ngucap pêpundhènku, kalihan nyêpêng rainipun ingkang èstri saha nucup kaprênah ing bathuk sasêlaning alis. Kala punika sanadyan mripatipun Kuma kalih pisan sampun wuta, ananging ing batos lajêng langkung waspada, wiwit punika awas ing batos.

Kuma lajêng ngunandika makatên: Ya bêcik. Anane ing donya kene tumrap kaprêluwaning omah-omah, aku ora bisa ngladèni ing dhèwèke, ananging aku malah arêp manggon ing kaluhuran, yaiku kaluhuran kang isi karahayon, sarana nyirnakake goroh, aja nganti aku rumasa anduwèni gêtun, uripku dhèk biyèn kang arasa cidra sawatara, iku kudu ilang babarpisan.

Ing dintên punika ugi, ing sadintên muput, Kuma ngraos, bilih salêbêting sanubarinipun tansah cêcongkrahan, saha lajêng dipun rampungi piyambak. Bingahing salêbêting pikiranipun, ingkang jalaran saking anggèning ingkang jalêr anglairakên prasêtya awrat wau, mokalakên manawi ingkang jalêr rabi malih, punika oyod-oyodipun tumunjêm ing manahipun Kuma, lan Kuma piyambak sampun botên kêdugi ambubudi oyod-oyodipun wau. Ananging tumrap paningal ing batos, ingkang jumênêng enggal wontên sanubarinipun Kuma sampun cêtha: bokmanawa ana măngsa kang tinêmu, kang mungguhing bojomu, bêcik angudhari prasêtyane lan banjur rabi manèh. Nanging pangraosing èstri ing badanipun wicantên makatên: bisa uga mangkono, ananging sanadyan kapriyea kae, prasêtya têtêp prasêtya, lan bakal ora bisa wudhar saka prasêtyane. Lajêng wontên swara malih makatên: Kang mangkono iku dudu sabab kowe banjur bisa bungah-bungah. Ananging pangraosing èstri lajêng wicantên malih makatên: Gunêmmu iku pancèn bênêr bangêt, ewadene dhèwèke wis anglairake prasêtyane mau. Makatên ing salajêngipun tansah wangsul-winangsulan. Wusananipun swara ingkang rumiyin lajêng kèndêl, lan pêpêtênging manah ingkang ngajrih-ajrihi wau lajêng dhumawah.

Lakinipun pun Kuma ingkang tansah gêgêtun wau, botên suka manawi rencang-rencangipun angladosi dhatêng pun Kuma, awit piyambakipun piyambak ingkang badhe nindakakên sadaya. Ing sakawit ingkang makatên punika inggih adamêl gênging pirênanipun pun Kuma, awit ngrumaosi, sanadyan prakawis ingkang rèmèh pisan, mêksa gumantung dhatêng ingkang jalêr. Ingkang makatên punika Kuma rumaos manggih satunggiling rekadaya murih ingkang jalêr tansah wontên ing sacêlakipun, lan wiwit wuta mripatipun, saya dipun cêlaki ingkang jalêr, saya bingah manahipun. Lêrês mripatipun Kuma ingkang wuta wau botên sumêrêp kalanipun ingkang jalêr wontên ing ngriku sakêdhap, ananging ingkang ngajêng-ajêng sangêt dhatêng wontênipun ing ngriku ingkang jalêr wau, pangraosing păncadriya sanès-sanèsipun. Manawi ingkang jalêr kalêrês botên wontên ing sacêlakipun ingkang èstri, pangraosipun pun Kuma kados gumantung wontên antawising langit lan donya, lan lajêng kados botên wontên ingkang kenging kangge cêpêngan. Kala rumiyin, manawi ingkang jalêr dhatêngipun saking griya sakit kasèp, pun Kuma lajêng ambikak jandhela, lan tansah ngincêr dhatêng marginipun kemawon, margi wau ingkang dados sêsambêtan gathuking jagadipun Kuma kalihan ingkang jalêr, samangke sarêng sêsambêtan wau pêdhot dening wutanipun pun Kuma, rumaos badanipun sakojur kados angupadosi ingkang jalêr, uwot ingkang dados sêsambêtaning tiyang kêkalih wau longsor, lan ing samangke rumaos amanggih jurang lêbêt, ingkang botên kenging dipun langkungi, amila manawi ingkang jalêr wau kesah, rumaosipun pun Kuma, kadosdene jurangipun wau saya wiyar. Sagêdipun pun Kuma namung ngêntosi samăngsa ingkang jalêr anyabrang ing jurangipun wau.

Ananging mênggahing pangraosipun Kuma, pangajêng-ajêng ingkang kêncêng, saha gumantung ing liyan ingkang sangêt punika, tamtu botên sagêd sae ing salami-laminipun. Rumaosipun pun Kuma, tiyang èstri punika adamêl susahipun ingkang jalêr, lan manawi kawêwahan kalihan wutaning mripatipun ingkang èstri, punika atêgês damêl susahipun ingkang jalêr ingkang botên kuwawi dipun sanggi. Ingkang punika pun Kuma lajêng prasêtya sumêdya badhe anglampahi susah piyambak, lan salaminipun, ambudidaya supados ingkang jalêr sampun tumut-tumut angraosakên dhatêng sadaya kasusahanipun, ingkang jalaran wutaning mripatipun pun Kuma wau.

Botên ngantos watawis dangu pun Kuma sagêd kasêmbadan, sarana panggrayangan, pamirêng lan panggănda sagêd nindakakên piyambak, sawarnining padamêlan ing salêbêting griya. Ing ngriku pun Kuma ngrumaosi anggènipun tumindak ing damêl, sanyata langkung rikat tinimbang kala rumiyin, amargi mripat punika asring-asring malah sok anyalèwèngakên, botên ambantu dhatêng padamêlan. Ingkang makatên wau lajêng kalampahan, sarêng mripat ingkang nyalèwèng wau botên sagêd nindakakên padamêlanipun malih, sadaya raosing păncadriya sanès-sanèsipun, sagêd nindakakên kuwajibanipun piyambak-piyambak kanthi saèstu tuwin tumêmên.

Sarêng Kuma anggènipun nindakakên tansah lajêng kemawon saha dados kulina, Kuma lajêng angawisi dhatêng ingkang jalêr nindakakên padamêlan punapa kemawon ing salêbêting griya. Ing sakawit, ingkang jalêr sêsambat sangêt, dene linuwaran saking anggèning badhe nêbus dosanipun, ananging ingkang makatên wau ingkang èstri botên ngandêl, awit piyambakipun sagêd mangrêtos, bilih ingkang jalêr sanadyan wicantêna kadospundi kemawon, sajatosipun lêga raosing manah, dene sampun uwal saking padamêlan salêbêting griya, pangraosipun pun Kuma, angladosi tiyang èstri wuta sabên dintên, punika rak botên sagêd damêl panujuning gêsangipun tiyang jalêr.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


nganggur. (kembali)
wajib. (kembali)
gadhah. (kembali)
gêndhis. (kembali)
sabên. (kembali)