Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11-17, #232

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11-17, #232. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11-17, #232. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 92, 3 Jumadilakir Taun Alip 1859, 17 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1573] ---

Ôngka 92, 3 Jumadilakir Taun Alip 1859, 17 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sagantên Indiya.

[Grafik]

Gambar ingkang kacêtha ing nginggil punika, mênggahing bôngsa Sundha kaprahipun kawastanan lèpèn Pameungpeuk ingkang katingal pating janggunuk punika sela ingkang minôngka pantogan lampahing toya. Dene dunungipun lèpèn wau wontên ing tanah Priyangan sisih kidul.

--- 1574 ---

Panggulawênthah Lare

Pamardi Siwi.

Salêrêsipun lare ingkang badanipun bagas kasarasan sarta kagulawênthah kalayan sae: awis-awis nangis. Jam sakawan enjing sampun tangi, klemahan ing patilêman, swaranipun rame, gêgujêngan ngèkèk-ngèkèk sarwi kroncalan sarta sraweyan, damêl sêngsêmipun ingkang sami nênggani. Dhasar nyata: wijining tangis namung badan kirang saras, kirang sakeca, kirang sêgêr. Nanging kawuningana: lêpating panggulawênthah sagêd ngewahakên prakawis punika. Mila inggih layak kemawon, kathah lare Jawi wanci sêsêpan, badanipun sêgêr, nanging doyan nangis, rintên dalu prasasat botên kèndêl-kèndêl. Makatên punika kabêkta saking klèntu panggulawênthahipun, anggêr nangis enggal-enggal dipun sêsêpi murih kèndêl. Lamining ngalami lare ngrêtos dhatêng lageyaning ibu utawi êmbanipun, têmahan tangisipun kangge dêdamêl nêdha toya sêsêpan.

Sarêng lare mindhak agêng, sagêd mlampah, wiwit sagêd ginêman, clewa-clewo, saya agêng bekanipun awit sampun mangrêtos bilih dêdamêlipun: tangis, ampuh sangêt, sagêd anggègèrakên tiyang sagriya, sadaya suyud dhatêng piyambakipun, lah kadadosanipun bilih lare wau nêdha dolanan lajêng ringik-ringik. Ibu utawi êmbanipun gupuh ngladosi, awit sampun sumêrêp watêking momonganipun: yèn ora dituruti masthi nangis.

Ha. Sintên ingkang tansah nuruti panêdhanipun anak namung jalaran badhe ngênêng-ênêngi panangisipun, tôndha yèn têluk dhatêng anak.

Sawênèhing tiyang saking trêsna sarta ngemanipun dhatêng anak, sapanêdhanipun dipun turuti, nêdhaa barang ingkang awis rêginpun, inggih dipun tumbasakên, sakajêng-kajêngipun awon sae tansah dipun uja, botên pisan-pisan dipun pênggak.

Na. Sampun dupèh sagêd nyampêti anak, lajêng nguja sapanêdhanipun, makatên punika sayêktosipun dados racun, wisa.

Lêpating panggulawênthah ingkang kasêbut ing ha lan na wau nuwuhakên awon pintên-pintên prakawis.

1. doyan nangis. | 2. gadhah anggêp mênangan. | 3. wiyaèn, sugih lêlewa. | 4. gumêdhe, kumluhur-luhur. | 5. uluamah, murka. | 6. mursal, murang sarak. | 7. saèn, ngisin-isinakên. | 8. botên gadhah panarimah. | 9. kêsèd, lumuh. | 10. tiyang sêpuh dados dolananing anak.

Tiyang sêpuh ingkang kados makatên, pangraosipun inggih taksih nguwaosi anakipun, botên anggraita bilih piyambakipun sampun tanpa daya, têluk dhatêng anak. Lah yèn sampun [sa...]

--- 1575 ---

[...mpun] kalajêng makatên, prentah utawi awisanipun sampun botên karèwès, ing ngriku sawêg rumaos sampun botên gadhah panguwaos, lajêng ngupados akal sagêda pulih panguwaosipun, nanging kok andayani inggih botên, mandar sirna babarpisan, glèthèk pêthèlipun ngapusi utawi anggorohi anakipun, mawi têtêmbungan ingkang botên-botên, upaminipun: mênêng, mênêng ta, jaba kae ana momok, ora wêdi kowe. Lo, mok, mok, gilo bocah nangis cakotên, utawi: ayo, cêp, mênêng, rasakna nèk ora mênêng, tak pênthung alu êndhasmu bôngka. Utawi: iya, sesuk masa tak êjak nonton ngantèn, nèk ora mênêng, utawi: mênêng gèr, mênêng, bocah ayu-ayu kok nangis, sesuk tak tukokake montor sing dhot-dhot kae. Nasinga daya[1] pangarih-arih pambujukipun wau tanpa guna, awit anakipun sampun sumêrêp, bilih sadaya wau dora, kados ingkang sampun.

Ca. Sintên ingkang ngêmpalakên têmbung lalawora kangge ngênêng-ênêngi anakipun, badhe sirna panguwaosipun, lan têtela sampun katêlasan akal.

Lêpating panggulawênthah ingkang kasêbut ing: ca wau nuwuhakên watêk warni-warni ingkang langkung awon malih.

[Grafik]

Lare ingkang sawêg sami penekan.

1. anak sirna pitadosipun dhatêng tiyang sêpuh, bapa biyung kaanggêp tukang goroh. | 2. kêtularan rêmên dora. | 3. sangsaya mursal sarta murang sarak. | 4. ical ajrihipun dhatêng tiyang sêpuh. | 5. saya wiyaèn. | 6. anak dados satruning bapa biyung. | 7. doracara, botên sêtya. | 8. anak botên gadhah trêsna dhatêng tiyang sêpuh.

--- 1576 ---

Gèk kadospundi yèn anak sirna katrêsnan sarta pitadosipun dhatêng bapa biyung. Lah ing ngriku lare badhe ajur mumur, dados lesaning sadaya pandamêlan watêk awon.

Sawênèhing tiyang, saking pangemanipun dhatêng anak, sanajan anakipun sampun sagêd lumampah, taksih dipun êmban, mêsakakên yèn anakipun tumapak ing siti, anakipun botên angsal nyambut damêl ingkang ènthèng-ènthèng ingkang pancèn kuwawi nindakakên, môngka sayêktosipun padamêlan wau piwulang ingkang migunani sangêt dhatêng anakipun, bapa biyung utawi tiyang salêbêting griya sami ngladosi nêdha, andulang, mêndhêtakên toya sarta ngombèni pisan, bibar nêdha lare botên prêduli dhatêng piring, kobokan, sendhok, gêlas ingkang mêntas dipun angge, lajêng katilar klepat, biyung utawi rencangipun ingkang nyingkir-nyingkirakên sarta ngasahi, ing wanci sontên kalanipun lare badhe mapan tilêm, inggih dipun ladosi malih, kapêndhêtakên sarta katatakakên gêlaran, bantal miwah kêmulipun. Bilih anakipun santun pangangge, sruwal utawi rasukan, sanajan sampun sagêd ngangge piyambak, inggih dipun anggèkakên. Anakipun andèkèk pangangge saênggèn-ênggèn, pating klemprak, botên prênah, inggih dipun kèndêlakên kemawon, botên kapurih nglêmpit utawi nyimpên ingkang gênah. Bilih dolananipun dhawah saking meja utawi mancêlat têbih, rencang utawi ibunipun piyambak gupuh mêndhêtakên. Sarêng anakipun sampun bosên, botên prêduli dhatêng dolananipun, katilar saênggèn-ênggèn. Pun biyung botên pisan-pisan angèngêtakên, supados anyimpêni dolananipun ing panggenan ingkang prênah, mandar pun biyung piyambak ingkang mêndhêti sarta nyinggahakên, cêkakipun, anak taksih dipun tulungi lan dipun ladosi, nyambuta damêl ingkang mayar, ingkang pancèn sagêd nindakakên, inggih botên suka, ungêlipun: mêsakake.

Ra. Pangeman dhatêng anak ingkang makatên wau lêpat agêng sangêt, awit wuwuhakên awon kados ing ngandhap punika.

1. lumuh, kêsèd. | 2. botên anggatosakên prentahing bapa-biyung. | 3. manahipun miyur, tansah ngajêng-ajêng pitulunganing sanès. | 4. kirang cikat ing damêl. | 5. botên kaconggah nyanggi damêl piyambak, tanpa kanthi. | 6. botên opèn dhatêng barang darbèkipun. | 7. kêmproh, botên kulina dhatêng pranatan sae. | 8. èngêtanipun kêthul. | 9. bodho, kirang jajah dhatêng samubarang damêl.

Sawênèhing tiyang wontên ingkang cidra dhatêng anakipun, janji utawi kasagahanipun botên têtêp, prentahipun botên ajêg, têrkadhang nalika sênêng-sênêng gêgujêngan, ambeda dhatêng anakipun mawi têmbung ngayawara ingkang nasarakên manahing anakipun, kados ta yèn anakipun takèn: gajah iku gêdhene sapira, Pak. Wangsulanipun: saomah, utawi salalêr. Manawi dipun takèni: montor kae sing nglakokake sapa Pak. [Pa...]

--- 1577 ---

[...k.] Wangsulanipun: sing nglakokake setan. Lan sanès-sanèsipun malih têmbung ingkang ngayawara.

Ka. têmbung ngayawara ingkang kados makatên punika adamêl risak manahipun lare, pamanggihipun kêsasar, wasana nuwuhakên:

1. botên pitados dhatêng wicantênipun bapa biyung. | 2. pamanggihipun kêsasar utawi klèntu. | 3. sinau doracara.

Wontên malih tiyang ingkang sabên enjing nyukani arta anakipun kangge sangu ngaos utawi sêkolah, yèn makatên kemawon dèrèng sapintêna awonipuin. Tarkadhang arta wau dumunung epahan anggèning anakipun purun dipun kèn ngaos, sêkolah, dipun cukur, dipun dusi, dados purunipun miturut manawi dipun epahi. Tarkadhang manawi anakipun nakal, dipun êrih-êrih mawi têmbung manis utawi têmbung pangonggrong, utawi dipun sagahi punapa-punapa murih mantuna nakal.

Da. Lêpating panggulawênthah ingkang kados makatên, nuwuhakên watak.

1. kirang bêkti lan ajrih dhatêng bapa biyung. | 2. namung manut prentahing yatra utawi epah. | 3. murka, kêthaha, ngôngsa-ôngsa. | 4. ngêbrèh, botên gêmi. | 5. kirang tumêmên pasinaonipun. | 6. yèn botên tampi epah: andagang prentah. | 7. rêmên dolan, jalaran gadhah arta. | 8. sangsaya nakal, jalaran sabên sabên dipun epahi lan dipun êrih-êrih. | 9. botên andêlan, awit bapa biyung asring cidra ing janji. | 10. rumaos mênangan. | 11. ngapusi bapa biyung supados angsal yatra. | 12. ladak, gumêdhe, digung. | 13. kirang tatakrama, kirang ajar.

Nyuwun pangapuntên.

Sêdya Utama.

--- 1578 ---

Kawruh Sawatawis

Cangkriman.

Kasêbut ing ngandhap punika, bakunipun sêkar punapa, sarta punapa kenging kasêkarakên sanèsipun baku wau, saupami kenging, kathahipun pintên sêkar, dados gunggung pintên sêkar, namung nyumanggakakên para linangkung ingkang kaparêng kagêm sênêng-sênêng.

[Dhandhanggula]

1. Sun angidung pirang pada mamrih / dipun batang dening para wignya / kasusastran kang lwih tyase / prêlu ngudi manawung / punika mrih dèn êncup maring / para nung kang kasdu tyas / ambabar sahnya wus / yun sun aturi puji myang / ingalêm wus trang sing wignyanya batang mring / cangkriman kula têmbang //

2. Bramintarda yun linipur murih / mari amrih budi saka sêdya / kaarsayan nanging tyase / mandar dadi buyar swuh / sangking tranging tan antuk ati / wêning kang mrih[2] bengkas / sanggya kang manawung / sru rudatin sumandhang mrih tyas /[3]

tan kêna ywan binerat satêmah dadi / magêng gring saya têbah //

purnanira karana tan bangkit mamrih santosaning sêdya.[4]

[Mijil]

3. Maring tyas mung dènnya yun manganggit / trus tur tansah kadho / sru myang isin bok cinacad ing lèn / tuhu wit wrin mung sing nular angling / wus trang ana kang mrih / kawong moh gêguru. //

4. Mangkya kidung kang anjaga ratri lulus lugu sisip marang asulaka blai kae seta laha run lan jim tan purun angambah mring ragèngsun tuwin karti durtan saguh lan wêdia lawan wus mung trus datan sir ênir myang mring godha wis trang padha balak nglênthar nging salamêt manggih suka.

Campur bawur.

Ing nginggil punika lowung kenging kangge ngambèn pados pikiran mawi nuju sêla. Wusana kasumanggakakên para maos ingkang kaparêng ambatang.

Red.

Bab Têtanêman

Nôngka.

Nôngka punika pundi-pundi panggenan sampun mêsthi wontênipun, saha sadaya tiyang sampun limrah sumêrêp raosipun. Ing tanah parêdèn utawi ngare manawi pinuju usum nôngka, kathah tiyang sami sadean nôngka, saya malih ing cêlak pêkên.

Ananging têka eman-eman sangêt, dene ing padhusunan, botên anggêr tiyang gumatos dhatêng tanêmanipun nôngka, tôndha yêktinipun kathah woh nôngka ingkang bungkik, borèsên utawi bosok ing sadèrèngipun sêpuh tur tanpa kabrongsong. Ingkang makatên punika kula kirang mangrêtos, punapa awit saking lumuh ngrimati,

--- 1579 ---

utawi katarik jalaran dèrèng sumêrêp pratikêling anjagi, punapa kadospundi.

Pramila prayoginipun sapunika kula nguruni kawruh bab nôngka sawatawis, ing pangangkah namung murih manjinga pêpèngêt, supados sae, sarta angèngêtana, sanajan nôngka punika têtêdhan rèmèh, nanging nama eca.

[Grafik]

Nôngka, utawi nôngka ingkang dipun sigar.

Limrahipun nôngka punika ingkang katanêm wijinipun (bêtonipun) botên tampik pasitèn, thukulipun nalagang sangêt, yèn katanêm ing tanah parêdèn saya langkung sae wohipun, dumugining papan ingkang inggilipun 3000 kaki tuwuhipun sagêd ngrêbda. Manawi katanêm wiji ngantos 6 dumugi 10 taun, sawêg awoh, mila manawi gadhah wit nôngka ingkang sampun ragi agêng kaeman-emana, sampun kok namung kangge pasrèn utawi kangge nglêmakakên ama kados ingkang kêrêp pinanggih ing dhusun-dhusun, katawis bilih botên kaopenan. Dene pamrayogining pangrukti murih sae kados ing ngandhap punika:

Sêkar nôngka kawastanan babal, wontên warni kalih, inggih punika sêkar jalêr lan sêkar èstri. Ing môngsa sêkar wit nôngka sampun sok dipun pènèki utawi kapêndhêtan babalipun karujak, punika botên prayogi, awit kajawi tarkadhang mêthik sêkar èstri (bêbakaling gori), sirnaning sêkar jalêr andadosakên risaking gori, awit sarining jalêr ingkang wujud plêtuk jêne kirang kathah lêbêtipun dhatêng sêkar èstri, kajawi lajêng garing (botên sagêd dados woh), limrahipun dadosing nôngka awis nyamplunganipun, ingkang kathah namung damèn (nyamplungan wurung).

Yèn gori sampun sasirah agêngipun, punika kawastanan tèwèl, wanci kenging kabrongsong, yèn wohipun kêgêmbêlên dipun êlongi, kapêndhêt tèwèl, kenging kagudhêg, kasade ugi pajêng. Ing dalêm saêpang kakantuna 3 gluntung kemawon ingkang undha-usuk agêngipun, yèn pang wau agêng kenging langkung saking samantên, nanging kathah-kathahipun namung 5, dene woh ingkang thukul ing wit botên prêlu kaêlong. Brongsong punika ingkang sae tur wragad sakêdhik kêdah ngangge

--- 1580 ---

kepang blarak ingkang rapêt, prêlunipun supados sêmut sênêng umpêtan ing ngriku, dados bangsaning lalêr ingkang sagêd nuwuhakên wijining ama bungkik botên purun saba ngriku, kajawi tinanggulang dening rapêting brongsong wau, tamtunipun lalêr ajrih dhatêng sêmut, pramila benjing dadosing woh sagêd sae tur wêtah. Poma samôngsa nôngka awoh, godhongipun sampun sok dipun tutuhi, anjalari kirang kiyating daya panyêrotan têdha ingkang anjog dhatêng woh, sudaning têdha ingkang mili mriku murugakên tipising nyamplungan. Mênggahing pangundhuh kêdah nyrantos sêpuhipun saèstu, titikanipun bilih sampun kitiripun jêne, kakêbuk nyuwara bug-bug. Nôngka sagluntung ing pêkên padunungan kula sagêd pajêng f 0,25 dumugi f 0,75 manut agêng alitipun. Namaning nôngka punika warni-warni kados ta: nôngka bubur, cèlèng, malam, madu, putih, lan sanès-sanèsipun.

Kajawi nôngka wau katêdha lawaran, kenging kadamêl kaluwa, sêtup, utawi momoraning adon-adon têtêdhan warni-warni, nagasari, kagorèng lan sapanunggilanipun, yèn sagêd ing pangolahipun, nama rèmèh wau lajêng oncat, santun nama èdi, mila bab punika gumantung sakêparêngipun ingkang ngrêsakakên. Botênipun taksih kenging kapupu malih, kadamêl criping punapa kagodhog, lowung kangge rêmikan.

Bab panulaking ama borèsên kajawi ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, bilih wontên ingkang kagungan sêsêrêpan sanèsipun kula aturi mêdhar ing ngriki kenginga katulad, awit ingkang sampun kula tindakakên namung makatên wau.

Nirasa Niti Atmaja.

Tumpang, Malang.

Pawartos Sanès Praja

Pahargyan Jumênêngipun Nata ing Jêpan.

Pêthikan saking Bat. Nwsbl.

Kala tanggal 10 kêpêngkêr punika, ing Kioto wontên pahargyan jumênêngipun narendra ing Jêpan. Ing sasedanipun nata ingkang rumiyin, inggih punika ing wulan Dhesèmbêr taun 1926, ingkang kaangkat jumênêng nata Sang Pangeran Adipati Hirohito, mawi pasamuan namung prasaja sangêt, awit miturut padatan Jêpan kina, kengingipun ngawontênakên pasamuan agêng-agêngan, manawi pranataning bela sungkawa sampun kalangkung dangu.

Pahargyan jumênêngan nata ing Jêpan punika, anggèning tata-tata utawi damêl pranatan, punika laminipun ngantos sataun, panindakipun miturut tatacara kina, ingkang miturut cariyos, kalampahan 2500 taun sapriki, nalika nata Jêpan kapisan jumênêng nata.

Pahargyan-pahargyan ingkang minôngka gladhèn, punika katindakakên wontên ing wulan Pèbruari, lan ing ngriki para ahli agami anêtêpakên dintên sae ingkang kangge nindakakên tatacara warni-warni wau. Ing sadèrèngipun, tatacara wau inggih [ing...]

--- 1581 ---

[...gih] sampun katata dening nayaka lêbêt, ananging wontênipun tatacara-tatacara wau, sumêbaripun ing têmbe.

[Grafik]

Jalaran saking kêdah miturut tatacara kina kanthi satiti, amila panggarapipun inggih ngrêkaos sangêt. Dene ing sapisan punika wontên tiyang ingkang ahli babad ingkang sampun misuwur namanipun, ingkang lajêng mêwahi tataning pahargyan wau mawi tatacara kina, wontêning tatacara wau lajêng kawêdalakên awarni buku, amargi tatacara tuwin têgês-têgêsipun, tumrap ing bôngsa Jêpan dipun anggêp pahargyan kabangsan.

Manawi ingkang prêlu-prêlu wau sampun katêtêpakên, sang nata lajêng animbali para priyagung ing Jêpan wontên ing kadhaton, mênggah pangagêmanipun sang nata, miturut pangagêman cara Jêpan kina, antawisipun para prayagung wau sang nata milih tiyang sawatawis, ingkang badhe kautus sowan dhatêng para lêluhuripun ingkang sampun sami seda, wontên prayagung ingkang kautus dhatêng pasareanipun pêpatih Jêpan ingkang kakintên sugêngipun kala 600 taun ing sadèrèngipun Kangjêng Nabi Ngisa miyos, saha kautus sowan dhatêng pasareanipun ingkang rama, eyang tuwin eyang buyut.

Para utusan wau kadhawuhan ngunjuki uninga para lêluhuripun wau mênggahing sadaya kawontênanipun tatacara ingkang badhe katindakakên ing pahargyan punika. Manawi badhe ngancik môngsa bêntèr, sasampunipun dipun wontênakên karamean alit-alit, lajêng ngwontênakên pasadhiyan tumrap karamean jumênêngan nata ingkang prêlu piyambak, inggih punika nênanêm wontên ing pasabinan ingkang dipun anggêp kramat. Mênggah cara-caranipun makatên:

Ing lèr wetan tuwin kidul wetanipun Kioto, ing satunggil-satunggilipun dipun wontênakên pamilihan [pamilih...]

--- 1582 ---

[...an] sabin kalih panggenan, ingkang kakintên, bilih pantun ingkang katanêm ing ngriku punika badhe tuwuh sae, ananging panimbangipun manungsa ing bab wau kaanggêp dèrèng nyêkapi, karampunganipun kapasrahakên dhatêng langit.

Pasabinan wau lajêng kaperang-perang miturut pêperanganing kulit pênyu, kados kulit pênyu ingkang sampun kasadhiyakakên ing ngriku, ingkang mujudakên gêgambaraning pasabinan. Salajêngipun andèkèk dalancang kangge nutupi long, katumpangakên ing kulit pênyu, ingkang sisikipun sampun dipun gêrêt-gêrêti, longipun lajêng kasumêt. Saking bêntèripun, kulit pênyu wau lajêng pêcah, dlancangipun kombul manginggil, saha lajêng andhawahi salah satunggiling pêcahan kulit pênyu wau, inggih punika gêgambaraning siti pasabinan ingkang kêdah kapilih. Wontên ing pasabinan ingkang dipun pilih wau, sang nata lajêng nanêm pantun piyambak, inggih punika sasampuning pasitènipun dipun olah sarana pirantos modhèl enggal.

Mênggah bidhalipun sang nata dhatêng papan jumênêngan, inggih punika ing kitha Kioto ing sêrat-sêrat kabar sampun sami mratelakakên, ing ngriku pinanggih kawontênan ingkang sakalangkung agêng.

Sarawuhipun ing sêtatsiyun Kioto, tindakipun sang nata dhatêng kadhaton dipun pikul ing para mudha tigang dasa kalih, ingkang sampun pintên-pintên atus taun laminipun tansah kapilihakên saking para mudha cacah samantên wau saking padhusunan ing sacêlaking Kioto. Sasampunipun, sang nata lajêng kondur malih dhatêng Tokio saha lajêng nindakakên kuwajiban ngasta pusaraning praja, dene tanêmanipun pantun, namung dipun pasrahakên dhatêng ingkang Maha Kuwaos. Ing dhawahing badhe môngsa asrêp, manawi sampun cêlak kalihan dhawahing dintên pahargyan jumênêngan ingkang saèstu, punika sawêg kasumêrêpan mênggahing sae saha brêkahing tanêman pantun.

(Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Rêdi Sêrela ing Palembang, pucuking rêdi katingal lancip, kados ngungak inggiling langit.

--- 1583 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Ewah-ewahaning Pangangge.

Petruk : Ora, Rama utawa Kang Garèng, aku arêp takon, nalikane aku têka ing kene mau, kok padha pating caruwèt rame bangêt nganti kaya jalak kurang pakan, mungguh sing dirêmbug bae apa.

[Grafik]

Garèng : la kuwi nèk Si Petruk, anggone ora ormat nyang wong tuwa kok ora mari-mari, ana priyayi lagi padha dhebat prakara pênting-pênting bangêt ngene, kathik diunèkake pating caruwèt kaya jalak kurang pakan, ananging kapriye manèh, wong wis kalêbu ing watak, kenene bae kudu sing jêmbar kalangane, bundêr rêmbulane, suraka surak hi..., e, nganti kaclethut, wong arêp kôndha jêmbar sêgarane, kok nganti kêplantrang-plantrang nyang ngêndi-indi.[5] Sanyatane, Truk, sing andadèkake tuwuhing dhebat bêsar antarane Rama karo jênêng ingsun kiyi, sababe ora liya jalaran saka anggone para sêpuh tansah nyalahake marang tondak-tanduke utawa manèh panggawene para mudha lan para têlèk-têlèk kayadene raka para kiyi.

Petruk : Toblas, anggone calathu le wasis, le pratitis, nganti kaya dhalang kêmênis, kowe aja gumun, Kang Garèng, anane panacading para sêpuh marang panggawene para mudha kuwi. Awit wis mêngkono, ing donya kuwi kudu ana panacad lan iya kudu ana pangalêmbana. Jalaran yèn salah siji nganti gothang, mêsthine iya banjur ora ana sing ala ora ana sing bêcik. Upamane bae mêngkene: nèk prunanmu Si Kamprèt sabên dina mung tansah dak alêmbana bae, anggone: sabar, nurutan, lêmbah manah, rikuhan, lan sapadhane, mêsthine Si Kamprèt iya banjur saya gêdhe atine, sarta

--- 1584 ---

banjur lali marang kêmajuane, nanging kosokbaline, yèn tansah dak cacad thok bae, anggone: dhêmên kêplèk, ora kêna diprêcaya, kêsèd, ora bisa nyambutgawe, lan sapiturute, mêsthine Si Kamprèt saka bingunging pikire, iya saya andaluya. Mulane aku, wong tuwa, sing diwajibake nuntun marang anak murih bêcik kadadeane, kudu bisa ngêtrapake pangalêmbana lan panacad marang anak, supaya anak banjur mangrêti marang apa sing dikarêpake wong tuwa. Dadi nèk ana anak nakal mung banjur dipêcuti thok bae, kuwi anake malah ora mari kanakalane, malah nèk ora kabênêran, suwe-suwe sok banjur wani karo wong tuwa.

Garèng : Lho, Truk, dak pikir-pikir omongku kuwi kok ora barès, jênênge rak nêmpiling lor kêna kidul. Aja ngono aja ngono, loso, loso. Karo manèh kowe rak ora krungu pangandikane Rama, mulane bisa dadi mêngkono. Mara ta pikirên, apa ora gawe untabing krêmi têmênan pangandikane Rama, anganggêp wong dêksura, yèn omong Jawa nganggo dicampuri Walônda.

Petruk : Hla, nèk mêngkono kuwi Rama tak anggêp salah, awit wong kang arêp ngênggoni jamane kuwi, aja mung tiba ing panganggo thok bae, ananging iya kudu sakabèhe, dadi sêmono uga nèk calathu, iya kudu mèlu nyang jamane. Nèk arêp têrus-têrusan omong Jawa, têmtune iya rada kangelan, tur bokmanawa akèh wong sing ora ngrêti, kaya ta: polêksrad, dijawakake: rêpat kawula, sêpur dadi: rata dahana, sop dadi: jangan bêning, dalasan pakumpulan: sosial dhemokrat bae, diêlih dadi: pakumpulan susila dhêmên rata. Mara, mêngkono kuwi apa malah ora ambêbingung wong bae.

Sêmar : Ah, yèn kaya mêngkono kuwi beda manèh karo sing dak karêpake. Mungguh karêpku sing dak arani wong dêksura mau, wong kang gunême utawa rêmbugane dicampuri basa Lônda, môngka ing basa Jawane ya wis kêlumrah lan ya wis ana, upamane: wingi sontên mênir Wôngsa kesah dhatêng sinesêkam kalihan mopro. Mara, apa ora mulêsi wêtêng kang mêngkono kuwi. Kajaba mêngkono, yèn sing diajak gunêman ora mangrêti basa Walônda, kuwi ora ngêmungake dêksura, nanging iya ngewak-ewakake, banjur jênêng wong pamèr, kang satêmêne diukumi wong ngrusak basa, dadi yèn mangkono rak bêcik dijawakake bae: wingi sontên (apa iya mas, apa den, apa pak) Wôngsa kesah dhatêng Pacinan kalihan ingkang èstri utawa ingkang rayi, wis rampung, dirungokake iya kapenak, tur sing diajak omong ya mêsthi ngrêtine, dene basa Walônda sing wis kaprah dianggo ing wong Jawa lan wis urip, têgêse anggêr uwong mangrêti, lan sing basa Jawane, sanadyan ana, nanging malah ora mangrêtèkake, kaya kandhamu mau, ya dilêstarèkake bae.

(Badhe kasambêtan).

--- 1585 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Asistèn wadana ing Gadhang kawisudha dados wadana ing dhistrik alêkmar (Purwarêja) Bangil. Dene wadana Purwarêja pindhah Pujon, wadana ing Pujon kèndêl.

Asistèn wadana ing Kalianyar Bangil, kawisudha dados wadana ing Gêmpol, dene wadana ing Gêmpol pindhah dhatêng Kêdhungdhung. (N.).

Kala tanggal 31/10-1928 dintên Rêbo, têtiyang ing sakukubanipun parêdèn Tênggêr sami minggah dhatêng pucaking rêdi Brama sarwi mêmuja, awit ing dintên punika pinuju dhawah dintên ingkang kamulyakakên dening têtiyang ingkang nglêluri sarta ngangge agami lan tatacara Buda, winastan sidhêkah kasadha, nyarêngi tanggal 14 Jumadilawal. (N.).

Kawartosakên kolèktur ing Kraksan salingkuh yatra kathahipun f 8000.- prakawis taksih kaurus. (N.).

Wontên pawartos, sêrat kabar De Kroniek ing Ngayogya, pêjah, saha pangêcapanipun badhe kasade.

Soerakartasche Kunstkring ing Surakarta, sampun dipun anggêp apsah ing pamarentah.

Mêntas wontên sirkulèr saking pamarentah, mratelakakên, bilih wontêning wragad kangge pindhahanipun para amtênar kathah sangêt. Ing taun 1925 wontên f 1.896.500, ing taun 1926 mindhak dados f 2.079.500 tuwin ing taun 1927 f 2.281.000, makatên ugi ing bab waragad-waragad lampah kumisi. Manawi dipun tandhing, wontêning wragad ing taun 1926 kalihan taun 1927, cacahing amtênar ingkang numpak sêpur suda 118.000 nanging ingkang numpak oto mindhak 201.000. Kangjêng tuwan ingkang wicaksana kagungan pamundhut, supados anyuda wêdaling waragad lampah wau, kêdah titi caraning midhah tiyang, punapa malih nyuda lampah ingkang sarana oto.

Ing bab badhe nyirnakakên sêsakit pès ing Kuningan, badhe tumuntên katindakakên, sarana andandosi griya-griya kados ing tanah Jawi Têngah tuwin Wetan, ing bab punika Dr. Versteegh saking Surakarta sampun mariksa kawontênanipun ing Kuningan. Dene bab rêrigên nyirnakakên sêsakit, katindakakên ing Dr. C.J. Schuurman.

Pamulangan Mulo ing Tasikmalaya, ingkang dipun êdêgakên dening pakêmpalan Pasundhan, sarèhning taksih kêkirangan guru, ing sadèrèngipun dhatêng guru ingkang saking Eropah, angsal pambiyantu saking pamarentah, guru ngrangkêp dhirèktur.

Kintunan pêlêm wêdalan Cirêbon dhatêng nagari Walandi, pinanggih sae, mila pangintunipun saya wêwah-wêwah, kala wulan Sèptèmbêr kêpêngkêr, ngintunakên 1000 iji dhatêng Amsêtêrdham, sadumugining ngrika wontên ingkang sampun matêng, wontên ingkang taksih mêntah. Pangintunipun wau dipun buntêl ing sêpêt lajêng kawadhahan ing pêthi. Wontênipun ing ngrika badhe dipun sade dhatêng Dhitsêlan tuwin Inggris.

Pamarentah amarêngakên paring waragad kangge adamêl ilèn-ilèn toya ing Sêntyong, Batawi, katapsir f 310.000, tuwin adamêl sadhiyan toya ngombe ing Bêngkulên f 161.000. Sadaya wau prêlu kangge pigunaning kasarasan.

Tuwan Minderman guru kapala H.I.S. ing Cicalengka, dipun sêkorês, jalaran kêkirangan arta kas tuwin salingkuh arta sanès-sanèsipun, ingkang kalêbêt pamêdaling sêkolahan. Sagêd ugi kaprakawis ing bab malsu buku. Arta ingkang kasalingkuhakên gunggungipun mèh f 1000.

Angsal-angsalaning arta S.S. ing wulan Oktobêr kêpêngkêr wontên f 912.297. langkung kathah tinimbang wulan Oktobêr taun kêpêngkêr. Angsal-angsalanipun wiwit wulan Januari dumugi Oktobêr taun punika f 59.812.317, tinimbang taun 1927 kados pêpetangan wau, langkungipun wontên f 2.089.221.

Sawêg salêbêtipun minggu ingkang kapêngkêr punika, ing Surakarta wiwit wontên jawah agêng, dumugi mèh sapriki sabên sontên jawah dêrês anggarêjèh. Hawa bumi ingkang kirang langkêp sampun nêm wulan laminipun bêntèr sangêt dening botên jawah-jawah, andadak lajêng santun dados asrêp, raosipun dhatêng badan tansah kêkês.

Kawartosakên bilih benjing wulan Januari ngajêng punika pakêmpalan Muhamadiyah badhe adamêl konggrès agêng manggèn ing kitha Surakarta. Sapunika sampun wiwit angrancang programa utawi lampah-lampah ingkang badhe kangge benjing têmpuking damêl.

Nalika dintên Jumuwah pêndhakipun Jumuwah punika, saandhaping Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Surakarta, utusan Radèn Mas Arya Yasadipura kanthi abdi dalêm mantri urdênas karaton, dhatêng ing Batawi, prêlu ingandikakakên pados katêrangan ingkang dhinês saking paprentahan agêng ing Batawi, bab badhe rawuhipun Sri Bagendha Maharaja ing nagari Siyêm, punapa malih pangeran adipati saking karajan Bèlgi ingkang sami badhe têdhak pêpara dhatêng tanah Jawi. (K. 585).

--- 1586 ---

Landrad ing Pandhegêlang mêntas ngrampungi prakawisipun pasakitan, Haji Dul Adi, kadakwa tumut ura-uru ing wulan Nopèmbêr 1926 saha mêjahi wadana Mênès, dakwa kaukum kisas.

Sawênèhipun kuli nama Sumadi, ingkang nuju nyambutdamêl ing masakan bènsin B.P.M. ing Cêpu, amanggih sabab, kobong badanipun. Ingkang dados jalaran, ukuran bêntèr ingkang kangge ngukur bêntèring bènsin anjêblug, latu lajêng ngalad-alad, Sumadi kêbêsmi, tuwin jalaran kagèt, Sumadi lajêng anjêlog saking ôndha, nanging malah lajêng sagêd kêtulungan. Rahayu sanadyan uruping latu anggêgirisi, nanging botên mrèmèn, saha lajêng kenging dipun pêjahi sasampuning têlas lisahipun.

Wiwit tanggal 1 wulan punika, S.S. sampun angwontênakên oto saking Cibadhak dhatêng Plabuhan Ratu, wongsal-wangsul. Tumrap oto partikêlir, tiyang satunggal ambayar f 1.25 nanging punika namung f 0.75.

Up bêstir Muhamadiyah bagean Penolong Kasengsara'an Oemoem ing Ngayogya, mêntas parêpatan kalihan para warganipun, ngrêmbag badhe ambiyantu dhatêng kêkiranganing pakêmpalan, ingkang langkung prêlu ing bab lare lola tuwin tiyang mlarat. Golongan Kutha Gedhe, Karangkajèn tuwin Sratèn, ngawontênakên sêpêt badhe kangge dandosan. Golongan ing Jagang badhe ngawontênakên griya kangge panggenaning lare lola èstri. Kajawi punika ing dhusun-dhusun badhe dipun wontêni griya-griya alit kangge nyadhiyani lare lola tuwin tiyang priman ingkang kasangsara.

Landrad ing Pandhegêlang mêntas angrampungi prakawisipun pasakitan Jain, ingkang wêkasan piyambak nyambutdamêl dados tukang cukur wontên ing gang Solan Batawi, griya ing dhusun Kênanga, Mênès. Kadakwa tumut damêl ura-uru kala tanggal 12 ngrintênakên tanggal 13 Nopèmbêr 1926 tuwin tumut amêjahi wadana Mênès. Kaukum kunjara salaminipun gêsang.

Ing Plasa mêntas wontên angin lesus anggêgirisi, ngambrukakên gudhang sata kêkalih, kapitunan f 10.000.- ugi kathah griya-griya ingkang karisakan, tiyang ingkang nandhang tatu 17, ingkang sangêt 2. Wontên tiyang pados ulam nuju linggih wontên pinggir lèpèn, dipun bêkta ing angin têbihipun ngantos 300 mètêr, saha lajêng kêbanting pêjah sanalika.

Ing dhusun Jatiwangi, dhistrik Cilêdhuk, wontên tiyang nama Kyai Asmawi, misuwur ing ngakathah, ngantos dipun sêbut Imam Madi. Wontên ing Têgal Pêkalongan sugih murid. Kyai wau mêntas dipun rampungi ing lanrèhtêr wontên ing Cilêdhuk, kaukum 4 minggu, jalaran mêntas nikahakên tiyang 4 ingkang botên têrang, tuwin salah satunggal wontên ingkang sampun gadhah bojo. Sasampuning luwar, kyai wau kenging prakawis malih ugi bab kados makatên.

Rumiyin ing Sèlèbês Kidul Kilèn botên wontên lêmbu. Sarêng kalih taun kêpêngkêr, têtiyang ing ngriku sawêg andhatêngakên lêmbu saking Bali, dene ing sapunika kintên-kintên sampun wontên 1000, caraning pangingahipun katingal majêng sangêt. Miturut papriksaning Veeartsenijkundigen Dienst, ing Makasar badhe sagêd ajêg angsal daging lêmbu.

Miturut bêslit saking dhirèktur B.O.W. anêtêpakên griya tilas griya sakit ing Purwakêrta badhe kangge poliklinik tuwin kangge ngrimat tiyang sakit ewah.

Benjing wiwit tanggal 1 Juni 1929 kabupatèn Karanganyar, Surakarta, badhe dipun icali, namung dipun dèkèki wadana kemawon, tuwin badhe kawontênakên ingsat-ingsêtan bawah.

Dr. Brok sèkrêtaris kumisi cacah jiwa rakyat ing taun 1930 mêntas mêdhar sabda wontên ing K.S.B. Batawi, nyariyosakên bab tumindaking cacah jiwa ing jaman kina, kados ta ing Tiongkok, sampun tumindak 2300 taun sadèrèngipun Gusti Kangjêng Nabi Ngisa miyos, makatên ugi ing Eropah, ing jaman kina inggih sampun wontên. Tumrap ing Indhonesiah, waragadipun badhe f 1.850.000, dados kapetang racak, sabên tiyang satunggal 3 sèn, nanging tumrap ing nagari Walandi kala ing taun 1920, waragadipun f 1.600.000, dados sabên tiyang satunggal kintên-kintên 23 sèn. Wusana pamêdhar sabda mêmuji, mugi tumindaking panacah jiwa sagêd amanggih wohipun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 624 ing Margayuda. Petang panjênêngan lêrês, kula ingkang kalintu. Kajawèn nomêr 88 dumugi 91 sampun kakintun.

Lêngganan nomêr 2530 ing Sêlat Panjang. Wisêl f 3.- punika tumrap kwartal 1 saha 2 taun 1929. Matur nuwun.

Ngaturi uninga dhatêng sadaya para maos, bilih Kajawèn nomêr 88 sampun têlas. Awit saking punika lêngganan lami ingkang randhat pambayaripun sami botên pikantuk, dene lêngganan enggal kapetang wiwit wulan Dhesèmbêr '28.

Wangsulan saking Rêdhaksi

Wontên sadhèrèk ingkang pitakèn, punapa sababipun sabên tanggal 1 wulan Jawi utawi Arab, rêmbulan sampun katingal sawatawis inggil. Mugi kawuningana: pananggalan sangalam donya punika botên wontên ingkang lêrês saèstu, masthi wontên gèsèhipun. Ing pananggalan namung kapêndhêt radin-radinipun kemawon.

--- 1587 ---

Wêwaosan

Paningal.

Karanganipun Sang Rabindranath Tagore, kajawèkakên dening redhaksi Kajawèn.

3

II.

Lakinipun Kuma dangu-dangu rampung anggènipun sinau kadhoktêran, salajêngipun pindhah saking Kalkotah sumêdya dêdunung wontên ing kitha alit, prêlu badhe nindakakên padamêlan dhoktêr. Ing ngriku punika papan ingkang kinubêngan ing pasabinan, anjalari bingahipun pun Kuma, ingkang ngantos nyupèkakên dhatêng wutaning mripatipun, awit piyambakipun ngrumaosi, kados dipun wangsulakên wontên ing rangkulaning biyungipun, amargi pun Kuma anggèning nilar dhusun kalairanipun sumêdya pindhah dhatêng Kalkotah, kala sawêg umur 8 taun, dumuginipun kala punika laminipun sampun wontên sadasa taun, lan salêbêtipun wontên ing kitha agêng wau, èngêting dhatêng griyanipun ing dhusun suda sangêt. Salamine mripatipun Kuma taksih sae, dados sagêd ningali, punika jalaran saking ramening kitha Kalkotah, anggèning èngêt dhatêng dhusunipun lajêng kêtutupan. Ananging sarêng Kuma dados wuta, Kuma sawêg mangrêtos, bilih kitha Kalkotah punika ngêmungakên damêl sêngsêming mripat kemawon, ananging botên sagêd ngisèni dhatêng raos. Samangke sarêng Kuma wuta babarpisan, sawangan nalika larenipun, kêtingal sumorot malih, kadosdene satunggal-satunggaling lintang ingkang tumus wontên ing langit ing wanci sêrap.

Bidhalipun Kuma kalihan lakinipun dhatêng Arsipur, wontên ing wiwitanipun wulan Nopèmbêr.

Wontênipun ing panggenan punika, tumrapipun Kuma enggal, ananging pangraosipun pun Kuma, gônda tuwin swaraning pang dhusun, punika angubêngi tuwin rumakêt ing piyambakipun, angin enjing sumribit, ingkang dhatêngipun saking pasabinan ingkang mêntas dipun luku, gandaning sawi ingkang tuwuhipun nêdhêng, anggônda lêgi mônda-mônda, singsoting lare angèn saking katêbihan, dalah swaraning grobag pating krêngkèt, kadosdene manawi ngambah wontên ing margi padhusunan ingkang risak, punika sadaya ngênani dhatêng jagadipun pun Kuma, saha tinampi kanthi bingahing manah. Èngêting dhatêng gêsangipun kala rumiyin, ingkang dipun saranani sakathahing gônda tuwin swara ingkang ngantos kenging dipun lairakên, punika tumrapipun Kuma kadosdene ganjaran ingkang gêsang, lan mripatipun ingkang wuta wau, botên sagêd mastani, bilih Kuma punika kalintu ing pamanggih, rumaosipun pun Kuma, kados wangsul wontên ing jaman alitipun, saha lajêng nêmahi lêlampahan kados kala alitipun malih, ngêmungakên ing bab satunggal ingkang botên wontên, inggih punika biyungipun pun Kuma botên wontên ing sacêlakipun.

Rumaosipun Kuma, kadosdene sumêrêp dhusun kalairanipun, ingkang wontên wit-witipun êlo inggil-inggil ing sapinggiring balumbang, ing ciptanipun kadosdene sumêrêp êmbahipun èstri linggih ing siti, angore rambutipun ingkang ramyang-ramyang, gêgêripun dipun pe wontên bênteraning srêngenge. Ing ngriku êmbahipun kêtingal sawêg ngêpeni têtêdhan galindhing-galindhing alit, ingkang badhe dipun olah, ananging ing ciptanipun Kuma, jalaran saking sabab warni-warni, botên sagêd èngêt dhatêng têtêmbanganing êmbahipun, ingkang pakulinanipun rêngêng-rêngêng wontên sangajênging griya, mawi swara andharêdhêt. Manawi ing wanci sontên, Kuma mirêng pambêngohing rajakaya, Kuma rumaos kados ngêtutakên biyungipun, ingkang mawi colok anganglangi lumbung-lumbung tuwin kandhang rajakaya.

Gandaning pakan rajakaya ingkang taksih têlês, tuwin gandaning obong-obongan damèn ingkang anggônda sangêt, punika ngèngingi manahipun pun Kuma, lan rumaos kados mirêng gêntining candhi saking katêbihan, ingkang swaranipun katut ing angin têmbinging lèpèn ngrika.

Kitha Kalkotah ingkang sakalangkung rame sarta umyung punika adamêl kèndêling manah, wontên ing ngriku sadaya kuwajibaning ngagêsang ingkang sae-sae lajêng kawon, Kuma kèngêtan dhatêng salah satunggiling mitranipun, ingkang nuwèni piyambakipun saha wicantên makatên: Kuma, genea kowe ora nêpsu, upama aku digawe karo lakiku kaya kowe kuwi, wis mêsthi aku êmoh canthuk lawung karo dhèwèke manèh. Mitranipun wau obong-obong dhatêng pun Kuma supados nêpsua, jalaran saking kadangon anggèning ingkang jalêr ngundang dhoktêr.

Kala punika kula mangsuli makatên: Wutaning mripatku iku rak wis agawe nalôngsa bangêt, prêlune apa nganggo tak wuwuhi sarana banjur sêngit karo lakiku.

Mitranipun Kuma gèdhèg-gèdhèg sajak ewa, nalika mirêngakên wangsulan cara kina ingkang kados makatên wau, ingkang tuwuh saking cangkêming lare ingkang taksih bodho makatên. Salajêngipun, mitranipun lajêng kesah kanthi kakên ing manah. Ananging sanadyan Kuma kala

--- 1588 ---

samantên mangsuli kados makatên, têtêmbunganing mitranipun wau anilari tabêt kanêpson ingkang wados racun, lan racun makatên punika manawi sampun dipun lêbêtakên sapisan, ing salaminipun botên sagêd ical babarpisan saking raosing manah.

Ing ngriku cêtha bilih kitha Kalkotah, ingkang kêbak isi pocapan tanpa wasana, adamêl lêganing manah. Ananging sarêng Kuma wangsul dêdunung wontên ing padhusunan, sadaya pêpenginan, lan kapitadosan kala rumiyin, ingkang kalanipun Kuma taksih alit dipun anggêp lêrês, punika tuwuh malih araos nikmat lan mupangat. Rumaosipun Kuma kados dipun cêlaki ing Pangeran, angisèni manah tuwin jagadipun, amila Kuma lajêng sujud ing Pangeran, ucaping panêmbahipun: dhuh, gusti, kaluhuran anggèn tuwan angicalakên pêpadhanging pandulu kawula, mratandhakakên manawi tuwan rakêt ing kawula.

Anggènipun Kuma ngucap makatên wau rumaos kêladuk, mila inggih nama ngakên-akên manawi ngucap Pangeran punika rumakêt ing piyambakipun, sayêktosipun, tiyang namung dipun wajibakên sêtya dhatêng Pangeran.

Sanadyan manungsa punika wontênipun ing donya tinakdirakên botên gêgadhahan punapa-punapa, wajibipun inggih namung anêtêpi anglajêngakên gêsangipun. Makatên mênggahing pangraosipun Kuma.

III.

Kuma kalihan ingkang jalêr, salêbêtipun sawatawis wulan rumaos sênêng gêsangipun. Ingkang jalêr anggèning nindakakên padamêlan dhoktêr sawatawis angsal nama. Kajawi punika ugi lajêng sagêd simpên arta. Ananging mênggahing arta punika, sok wontên awonipun. Lêrês pamanggihipun pun Kuma kados ing nginggil punika botên sagêd manggihakên tôndha saksi punapa-punapa, ananging ing sarèhning tiyang wuta punika pangraosipun langkung landhêp tinimbang têtiyang limrah, mila ewahipun ingkang jalêr jalaran saking indhaking kadonyanipun, ingkang èstri inggih lajêng sagêd nitèni kemawon.

Kalanipun ingkang jalêr taksih alit, rumaos gadhah tindak adil sangêt, lan kêrêp sangêt kêlair dhatêng Kuma mênggah ingkang dados idham-idhamanipun, inggih punika manawi ing têmbe sagêd nindakakên kadhoktêranipun, nêdya badhe mitulungi têtiyang mlarat. Ingkang jalêr botên anocogi dhatêng pamanggihing kônca-kancanipun, ingkang sadèrèngipun nitipriksa tiyang ingkang sakit, lajêng nêdha bayaran rumiyin.

Ananging kala punika pun Kuma mangrêtos, bilih lajêng wontên bedanipun, gumun dene ingkang jalêr lajêng dados tiyang têgêlan.

Ing satunggiling dintên, wontên tiyang èstri dhatêng anangis nêdha pitulunganing lakinipun pun Kuma, supados puruna mitulungi nambak nyawaning anakipun ingkang namung satunggal thil, ananging lakinipun pun Kuma anulak wani. Wusana sarêng pun Kuma piyambak ingkang ngarih-arih murih puruna mitulungi, anggèning nindakakên pitulunganipun, botên kanthi lêganing manah.

Miturut cariyosipun Kuma, kalanipun Kuma kalihan ingkang jalêr taksih dèrèng patos sugih, ingkang jalêr botên rêmên sangêt manawi dipun èmbèt-èmbèt rêmbag ing bab arta, awit ing bab makatên punika ingkang jalêr tansah katingal têmênipun. Ananging sarêng ingkang jalêr sampun gadhah simpênan arta kathah ing ngêbang, kêrêp sangêt lajêng rêrêmbagan piyambakan ngantos jam-jaman dangunipun kalihan tiyang awon, kados ta agèning tiyang sade inuman kêras, prêlu angrêmbag punapa-punapa, ingkang tamtu badhe botên sae kadadosanipun.

Kadospundi kadadosaning lakinipun pun Kuma ing têmbe, manawi tindakipun nasar kados makatên, ing môngka Kuma ngrumaosi têrang dhatêng kawontênanipun ingkang jalêr wau ing sadèrènging wuta mripatipun, kajawi punika ing satunggiling dintên ingkang jalêr rak sampun cucup bathuk ing antawising alisipun Kuma, saha anganggêp ingkang èstri kadosdene angsal kramat. Ananging mênggah pangraosipun Kuma, têtiyang ingkang dhawah ing kanisthan, ingkang jalaran saking botên kuwawi ngampah hawa napsunipun, punika sagêd dados sae malih kanthi adrênging manah dhatêng kautamèn.

Ananging tiyang ingkang budinipun sabên dintên tansah saya risak, lan ingkang jiwanipun saya botên sagêd polah, dening kêsuk daya saking jawi, punika kalajêng ringkih tanpa kêkiyatan, botên sagêd pulih malih.

Pisahipun Kuma lan ingkang jalêr, ingkang tuwuhipun jalaran saking wuta wau, punika rumaosipun Kuma namung kodrat ingkang sapele kemawon, ewadene rumaos kados pinêjahan, sarêng mangrêtos, bilih ingkang jalêr sampun botên condhong kalihan piyambakipun, môngka nalika kalih-kalihipun anyumêrêpi, Kuma dhumawah ing wuta, punika ingkang èstri ngrumaosi yèn lakinipun nunggil kalihan piyambakipun. Ingkang makatên punika rak inggih nyata nama pêpisahan.

Kuma ingkang katrêsnanipun taksih têtêp, lan kapitadosanipun botên gingsir, punika kasêtyanipun taksih anêrusi ing sanubari, ananging ingkang jalêr lajêng nilar dhatêng kautamèn têtiga wau, ingkang lêlajêngan tanpa wontên ewahipun. Dene ingkang jalêr jalaran saking kêpasukipun dhatêng arta, lajêng tumuntên badhe kalap ing jurang kamurkan.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. nanging sadaya. (kembali)
2. amrih. (kembali)
3. sru rudatin sumandhang tyas. (kembali)
4. mulai kata purnanira dan seterusnya tidak perlu dibaca. (kembali)
5. ngêndi-êndi. (kembali)