Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12-08, #236

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12-08, #236. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12-08, #236. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 30-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 98, 24 Jumadilakir Taun Alip 1859, 8 Dhesèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1669] ---

Ăngka 98, 24 Jumadilakir Taun Alip 1859, 8 Dhesèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Indhocina

[Grafik]

Ing Kajawèn nomêr 95 sampun anyariyosakên mênggah kawontênanipun kampung Tiyonghwa ing Tonkin. Dene gambar nginggil punika amratelakakên lawang ingkang lumêbêt dhatêng kampung Duong Lieu.

--- 1670 ---

Raos Jawi

Bab panggêsanganing tiyang

Para maos tamtu sampun wuninga bilih wêkdal punika kathah tiyang ingkang rumaos kangelan anggènipun ngupados sandhang têdha, sarta botên gampil ngudi cêkaping kabêtahan sanèsipun. Sawênèh wontên tiyang ingkang ngrêsula mungêl makatên: cilaka-cilakaning tiyang punika manawi botên gadhah arta, sangsara-sangsaraning tiyang punika bilih nganggur botên nyambut damêl, susahipun susah punika tiyang yèn bodho botên gadhah kasagêdan. Amargi saking punika andadosakên ngêrêsing manah, măngka sadhengah bapa biyung pangudangipun dhatêng anak ing dalêm batos makatên: anakku pintêr nyambut gawe sugih dhuwit, nanging kadospundi salajêngipun, awis kadumugèn, mênggahing pangudaraos ambokmanawi wontênipun tiyang manggih bêbaya têtiga wau amargi botên purun nandukakên dêdamêlipun pusaka ingkang ampuh, inggih punika santosaning manah, ingkang timbang kalihan kêkiyataning sarira. Dêdamêl manah manawi dipun obat-abitakên sagêd pêcah awarni-warni, kados ta: 1. Osik = grênjêting manah, 2. Cipta = siring manah, 3. Karêp = kapengining manah, 4. Pikir = panimbanging manah, 5. Budi = ulahing manah, 6. Anggit = panggubahing manah, 7. Gagasan = pangathik-athiking manah, 8. Èngêt = padhanging manah, 9. Supe = pêtênging manah, 10. Ngrêtos = tumampining manah, 11. Gathèkan = landhêping manah, 12. Samar = kêthuling manah, 13. Susah = ribêding manah, 14. Bingah = bombonging manah, 15. Gandrung = sêngsêming manah, 16. Moyar = risaking manah, 17. Têntrêm = jênjêming manah, sarta sapanunggilanipun. Sarèhning baku ugêr-ugêripun wontên manah ngămbra-ambranipun wontên kêkajêngan (karêp) dados inggih kêdah rumêksa kêkajênganipun ingkang santosa, dene pangrêksanipun botên liya saking pamikiripun piyambak. Pathokaning pamikir mêndhêt saking kawontênaning agêsang, awit kêdah nêdha amrih kuwagang, kêdah nyandhang amrih aji, kêdah saras amrih ganggas, kêdah tumandang amrih pikantuk, kêdah ngaso tilêm amrih sakeca, nanging sagêdipun tumindak kêdah dipun tuntuni saking ingkang mêngku, kapardi ajêg tuwin atul, sampun ngantos dipun sarêngi kêkajêngan sanèsipun. Ingkang baku piyambak punika namung ngudi têdha, sanadyan kabêtahan langkung kathah taksih kawon kalihan pados têdha, amargi samăngsa sampun karaos luwe lajêng ambibrahakên tatacara, sabab botên kenging dipun lintoni sanèsipun, saya dangu rupak budinipun, manawi sampun anglêntere tekadipun agêng, sanadyan wontêna lêlampahan ingkang ambêbayani mêksa katrajang purun, sagêdipun mêndha bilih sampun dipun sukani têdha, nanging sintên ingkang nyukani têdha, sintên ingkang ngrêksa kasarasanipun, sintên ingkang nyukani sandhang pangangge, sintên ingkang nyukani padamêlan, sintên ingkang nyukani prênahing pangaso, kajawi badanipun piyambak, sarana nandukakên [nandukakê...]

--- 1671 ---

[...n] kêkajêngan ingkang kasaring dening pamikir, pundi ingkang mêmpan kangge anggayuh kabêtahaning agêsang, sadintên-dintên kêdah emut sagêda ombèr tumindakipun, mênggah tiyang lumampah sapunika ambabadi rungkut-rungkut ingkang wontên margi, dados sagêd tata sakeca tindakipun, botên rêsah tuwin botên tumpangsuh, awit gêsangipun taksih sawatawis măngsa. Mila kêkajêngan sampun akanthi pamikir, nyalangi utawi rumêksa lêlampahan ingkang badhe kalampahan, mangke gadhah kajêng punapa, benjing-enjing gadhah kajêng punapa, salajêngipun wiwit ambabar dumugi bibar, punika kêdah dipun sadhiyani sarana ingkang kenging kangge tumindak, dene sarana ingkang prigêl piyambak botên wontên malih-malih kajawi namung arta, mila prayogi sangêt ngaturakên pamikir kêkajêngan ingkang badhe dipun lampahi sawanci-wanci supados ing têmbe botên kalêpatan utawi botên kainan, sampun ngantos gêtun kaduwung. Wasana ambokmanawi wontên kalêpatan kula nyuwun gunging pangaksama.

Adipêrwata, Ngêmplak.

Bab Têtanêman

Kobis

Mênggah yêktosipun tanêman kobis makatên gampil èwêd, èwêdipun yèn kirang talatos, awit adhakan sangêt kambah ama ulêrên, dene gampilipun yèn hawa sampun cocog tumrap tanêman wau, gêsangipun sagêd angrêbda nyênêngakên. Sanajana kula dede tiyang ahli nanêm sayuran, nanging mêksa sumagêd ngandharakên bab punika, namung ngangge wêwaton ingkang sampun katindakakên dening têtiyang tani ing padunungan kula makatên:

Langkung rumiyin adamêla papan pangipukan, mawi dipunlêmèni samurwatipun, sitinipun kêdah alus sarta mawug, lajêng dipun sêbari wiji kobis (kangge ing padunungan kula sanajan wiji saking nagari Walandi malah saya sae). Pangipukan wau mawi dipun yom-yomi klaras, ing pamurih supados botên kêsangêtên kenging bêntèr, enjing sontên dipun sirami, manawi sampun thukul, klaras wau kenging dipun long-longi saking sakêdhik, prêlunipun anglêlantih bibit ingkang nêmbe thukul dhatêng soroting surya, dangu-dangu kabucal babarpisan. Têrangipun bab angipuk punika mriksanana bab sayuran (andhewi) ingkang sampun kawrat ing Kajawèn nomêr 13 wulan Pèbruari 1928, pratikêlipun botên prabeda. Yèn bibit inggilipun sampun watawis 10-15 c.M. kenging kaputêr dhatêng têgil ingkang sampun kasadhiyakakên badhe katanêman.

Pangolahing pasitèn ingkang badhe dipun tanêmi kêdah dhayung saèstu, tumrap pasitèn tanah ngare kêdah mawi lêmèn, nanging rèhning ingkang kula cariyosakên [cari...]

--- 1672 ---

[...yosakên] punika kawontênan ing tanah parêdèn babadan enggal ingkang taksih kandêl lêmènipun, saha tanah wau gêmbrung sangêt, mila sasampuning dhayung namung lajêng kagula-gula, sabên wiyaripun 4 kaki kasukanan kalenan nyatunggal, prêlunipun siti sagêd tuntas, sarta malih murih kenging kangge margining tiyang ngrimati tanêmanipun. Awit kêrêping pananêm 2 kaki pasagi, dados ing dalêm siti sabau cêkap katanêman kobis 3000 wit. Katarik sipat kêncêng, kajawi murih gampiling pangrimat, benjing yèn sampun tuwuh nyênêngakên ing pasawangan, tur anggampilakên pangetang.

[Grafik]

Kobis ingkang sampun dipun sade wontên ing pêkên.

Kêbon kobis salaminipiun kêdah botên kenging garing sitinipun margi kirang toya, nanging ugi kajagia sampun ngantos bacêkên jalaran kaduk toya. Sabên-sabên kêdah kawatun awongsal-wangsul ngantos salami-laminipun tansah katingal rêsik botên katuwuhan rumput, awit rumput punika pangrêbating zad ingkang minăngka têdhaning têtanêman. Ing wanci enjing godhongipun tansah kapetanana kanthi talatos, ulêr alit-alit sarta băngsa kêpik gêgrêmêt ingkang sami manggèn umpêtan ing ngriku kasirnakna, awit inggih punika pangrisaking tanêman kobis, yèn kirang talatos anggèning tumindak makatên wau, masthi ing têmbe badhe nêmahi kapitunan, amargi kobisipun awon pating kruwis gripis sarta pating carumplêng bolong-bolong, satêmah pêpajênganipun botên sapintêna.

Watawis umur 4 wulan, kobis wau sampun anjêbobog agêng muwêr, gagang dalah godhong inggilipun racak 40 dumugi 50 c.M. Godhong ingkang bagian jawi têpung dhatêng têtangganipun, [têtangganipu...]

--- 1673 ---

[...n,] dene godhong nglêbêt, tlakup-tumalakup rapêt sangêt, kêmpal dados satunggal tur bundêr, punika dipun wastani nigan, tigan wau yèn kalêrêsan wontên ingkang sagênuk, sampun tamtu kemawon pêpajênganipun awis, langkung-langkung yèn kobis wêdalan ing Ranupani ing sacêlaking talaga (parêdèn Sêmèru) wontên ingkang sagêd pajêng f 2.50 satunggal iji kabêkta saking agêngipun, tanêmanipun sawênèhing Walandi, yasanipun Dhepartêmèn van Lanbao golongan sayur-sayuran.

Yèn tiyang tani tanêmanipun kobis sampun katingal nigan makatên, ing manah kantun ayêmipun, nuju ing wanci sontên nuwèni kêbonipun sinambi ura-ura, rêngêng-rêngêng, ah têka pantês tur mathuk, awit namung kantun ngêntosi yatra, dene panyadenipun adêgan wontên ing têgil, botên susah ngrêkaos ngusungi dhatêng pêkên, jalaran bakul sayuran sampun sami andhatêngi piyambak. Manawi tanêmanipun nyata sae, ing dalêm sabau angsal-angsalanipun botên kirang saking 150 dumugi 200 rupiyah. Pêpajêngan samantên wau sanajan kasuda pitumbasing bibit, lêmèn sarta wragad bêrahaning kuli metani ama, taksih nama lumayan.

Kajawi saking punika, mirid suraosipun sêrat bab nênanêm ing pakêbonan: nêrangakên bilih kobis sabrang katanêm ing tanah Jawi awis-awis ingkang purun nigan, nanging ingkang sampun kayêktosan ing padunungan kula têka marojol, buktinipun ingkang kula andharakên ing nginggil wau, punika ugi bibit kobis ingkang wijinipun asli saking sabrang, yèn botên lêpat kawastanan Savoyekool.

Sagêd ugi botên nigan, yèn bibitipun siwilan. Ing Tênggêran ugi wontên sawatawis tiyang nanêm siwilan, inggih punika bibitipun mêndhêt saking trubusing wit kobis, kairis katut bêdhegolipun (sêpatu) lajêng kadhêdhêr, yèn sampun gêsang kaputêr, punika kawastanan kobis sêmèn, awis sangêt ingkang nigan, pramila lampah makatên kados kirang mikantuki.

Sintên ingkang nêdya ngayati, murih botên kapitunan, amriksanana sêrat bab sayuran ingkang sampun kawêdalakên dening Bale Pustaka.

Nirasa

Waosan Lare

Bocah kêmbar

VI.

Manuk êmas dibêlèh

[Kinanthi]

kocap Ki Kêmasan mau | ing saungkure Si Miskin | ora kêndhat tansah gagas | mênyang kabêgjane Miskin | nêmu êmas sabên dina | yèn ngrêti ya mêsthi sugih ||

wise ngono manuk mau | iya banjur dikurungi | nanging ora kêna pisah | rina wêngi mung disandhing | mung jalaran saka samar | yèn nganti ana wong melik ||

bojone ya milu gumun | manuk athik êmas nêkik [nêki...]

--- 1674 ---

[...k] | mung samăngsa arêp nyêdhak | sing lanang banjur nyrêngêni | kuwatir yèn gawe giras | lan yèn ucul rak niwasi ||

yèn ing bêngi manuk mau | turune tansah disandhing | yèn nuju kêsorot diyan | pancoronge balêrêngi | mula mung tansah dijaga | lali mênyang rasa arip ||

suwe-suwe malah kuru | Ki Kêmasan mênggrik-mênggrik | saka kabotên rêrêksan | kang gawe samaring ati | nanging iya ora mokal | sapa sing ora kuwatir ||

awit wulune sakojur | padha êmas kincling-kincling | yèn ana salêmbar tiba | suwarane nganti mak cring | dadi nadyan mung bodholan | uga tansah dadi ati ||

dadi sing mangkono mau | lumrah kêna diarani | Ki Kêmasan nêmu siksa | diukum ing rina wêngi | kêpêksa tansah anjaga | sujanane saya dadi ||

mung ing ati rada bingung | karo samar sênik-sênik | awit manuk êmoh mangan | mung nyêkêkrêk kaya sêdhih | dipakani apa-apa | iya êmoh anucuki ||

kocap nuju wayah esuk | Ki Kêmasan wis nunggoni | lan angliling karo nyawang | apa ta sing anjalari | dene manuk duwe susah | kaya lumrahing wong urip ||

tliti gone nyawang mau | wusanane amrangguli | ing wulu prênah ing dhadha | ana tulisane cilik | nanging yèn diwaca cêtha | tulise mangkene muni ||

sapa sing mangan atiku | sabên tangi turu mêsthi | sangisoring githok ana | êmase gêdhe rong bithi | ing kono grêg sanalika | Ki Kêmasan sênik-sênik ||

lan diwaca manèh tutug | ajêg ya mangkono muni | Ki Kêmasan banjur kăndha | dhêdhewekan andrêmimil | rong bithi ora sêmbrana | sugihku rak angluwihi ||

bakal ngêsorake ratu | la ya wong mas kok rong bithi | bok sajagad ora ana | wong sing sugih angungkuli | hêm thik samene wong bêgja | besuk masku tak kok ngêndi ||

manuke banjur dijupuk | digawa nyang omah buri | anggone mlaku colongan | ngulatake ngarêp buri | anggolèki Bok Kêmasan | barêng kêtêmu dijawil ||

st renea ta êmbokmu | kowe arêp tak kandhani | êndi thole loro pisan | sing wedok banjur nyauri | yake padha lagi dolan | êmbuh mau mênyang ngêndi ||

wis ta mênênga tak tutur | bêlèhên ya manuk iki | kêpenginku kaya nyidham | ayake iwake gurih | mêngko olahên sing enak | panggangên nganggo kêmiri ||

sing wedok banjur sumaur | anèh têmên kowe kuwi | uwong ana manuk êmas | athik arêp disunati | dene kaya kurang iwak | rak ya enak iwak pitik ||

sing lanang ketok mêrêngut | karo nêsu nanging lirih | êmung bisik-bisik samar | nanging unine cumlêkit | bok uwis ta turutana | mêngko mundhak tak têmpiling ||

sing wedok nolèh mêcucu | isih ngêmut susur gêdhi | wong yèn duwe karêp ayah | ora kêna dikandhani | nganggo lombok apa ora | mêngko banjur muring-muring ||

sing lanang guyu ngêcêmut | ya kokana ta sathithik | nanging bokne poma-poma | wulune lho aja cicir | kabèh padha klumpukêna | uwis ya sing ngati-ati ||

e la êmèh lali aku | bokne ati aja kèri | sundukana sujèn sisan | uwis ya aku tak bali | sing wadon nyauri iya | rada

--- 1675 ---

galur lan idu crit ||

karêpe sing lanang mau | supayane aja nganti | karêpane kêwêruhan | mula bangêt digo wadi | aja manèh sing wong liya | wêruha karêpe kuwi ||

sadhela-sadhela nginguk | mênyang buri aniliki | sing wedok nganti anyêntak | tobat pijêr aniliki | bok disrantèkke geneya | atine lèhe kuwatir ||

sing lanang nuli calathu | wis ta ya sing ngati-ati | aku tak turu sadhela | mêngko cêpakna rak uwis | satangiku arêp mangan | nanging bakarên sing garing ||

Ki Kêmasan nuli turu | kanggo nyalamur ngêntèni | kocapa Êmbok Kêmasan | banjur wiwit dadèk gêni | anèng anglo kanggo manggang | iwake sing dibumboni ||

swarane kumrinyis bal-bul | kukuse mulêk ngratani | mambu bablas mrana-mrana | dhèk samana ambarêngi | bocah barêng padha têka | saka gone dolan mulih ||

bocah loro padha lungguh | pijêr nyawang kêthap-kêthip | êmbokne kêtungkul manggang | maripate kriyap-kriyip | karo angêdohi mawa | sing kumutug malêpêgi ||

wise suwe aruh-aruh | mangan apa kowe kuwi | cah loro padha ting krêcap | anak sing siji nyauri | mangan iwak ati panggang | tak pangan saparo edhing ||

bokne clathu karo guyu | sapa mau sing nguwèhi | calathune Bok Kêmasan | karo andamoni gêni | anake banjur akăndha | karo kêcap-kêcap lirih ||

anèng kene gonku nêmu | sandhing ing anglo gêmlindhing | bokne atine tumratab | panggang banjur ditiliki | nuli alok e dilalah | dadi ati manuk kuwi ||

wis-wis mênênga bae gus | yèn bapakmu krungu mêsthi | kowe digêbugi padha | Bok Kêmasan gêlis-gêlis | ambêlèh pitik dadakan | mung prêlu anjupuk ati ||

banjur diwor iwak manuk | kanggo angijoli ati | sing dipangan bocah-bocah | wise matêng dikok piring | mung bokne tansah tab-taban | kuwatir yèn disrêngêni ||

ora suwe nuli krungu | sing lanang sêru nakoni | bokne rak uwis matêng ta | sing wedok nyauri uwis | Ki Kêmasan nuli kăndha | kene arêp tak thithili ||

wise ditampani banjur | atine diling-ilingi | karo muni: wah kok nyata | atine manuk le gêdhi | padha lan ati pitik ya | sing wadon mung kêthip-kêthip ||

panggang wis dipangan rampung | sing lanang marêm ing ati | mung kari ngêntèni bêgja | barêng mapan turu bêngi | ing pangrasane prasasat | mangan pocung angêndêmi ||

Jagading Wanita

Sêrat Warakênya.

[Sinom]

Rarase dènnya mangripta | Jayèngtoya waeladi | sukèng tyas arjaning driya | tangèh yèn mantêp ing budi | trima wonnya saksêrik | nêngênkên ing pamuja yu | pamrih ja na sulaya | warata rantas tyas drêngki | barès tutur rahayu lir raywa mudha ||

dènira mèt wasitarja | têtuladan duk ing nguni | ajuning para wanita | nora mung jaman saiki | ing jaman nguni-uni [ngu...]

--- 1676 ---

[...ni-uni] | uga wus ingaran maju | nadyan klêbu bêbasan | bêbasane satus siji | kawignyane misuwur ing tri bawana ||

jamane ingkang kacrita | iku Dèwi Rukmawati | atmajèng Hyang Ăntaboga | sanadyan wijiling èstri | parandene marsudi | ngilmu kasampurnan putus | kocap Pustakadarya | anggêlarkên kawruh nênitis |[1] nêtês natas patitis nora kuciwa ||

yayah lir para jawata | tan wani misesa sami | amung asih lawan trêsna | emane mijil pawèstri | nyata putri linuwih | wani lara praptèng lampus | nuhoni trah utama | mantêp pamêsuning budi | budi mulya dadi sasêdyaning sêdya ||

[Grafik]

Dèwi Wara Srikandhi.

surasèng srat padhalangan | ran Dèwi Wara Srikandhi | atmajèng nata Cêmpala | ginarwa Radèn Pêrmadi | adining putri luwih | sêtyatuhu marang kakung | ngantêpi trah utama | umadêg dadi prajurit | nadyan wadon sudira ngluwihi priya ||

arjane nagri Ngamarta | nadyan nagarane cilik | iyêk sayuk sabipraya | tekade dadi sawiji | samya nuhoni janji | mati siji barêng lampus | wurung urip priyăngga | marma dèwa suranadi | kabèh kasok asihe padha pandhawa ||

tatag tan ngucirèng rana | sanadyan iku pawèstri | bisa amungkasi karya | akèh tuladane nguni | lir duk Ngamarta nagri | suwung kalêbonan pandung | Pustakawèni mindha | trahing pra pandhawa sami | pan kasoran dening putri ing Cêmpala ||

manthêng ing tyas mêsubrata | nityasa gêntur têtèki | ya iku Radèn Subrata | umèngêt laksitèng nguni | mring Sang Suwilagiri | nulya ran Pêksi Gathayu | têtruka ing Jênggala | pêputra Dyah Kilisuci | yu linuwih nadyan wadon santosèng tyas ||

tri bawana tanpa sama | dènnya madêg wiku putri | tansah dadya pitakonan | sagunging para narpati | kang lagya nandhang kingkin | antuk sikuning dewa gung | minta lêjaring driya | warsita pranawèng budi | ing satêmah asmane misuwur ing prang ||

wontên malih têtuladan | wanita apandhe wêsi | Ni Sumbro ing wastanira | nadyan wadon amarsudi | ngantêpi pandhe wêsi | ing satêmah dadi êmpu | wignya traping pangolah | campur pamor lawan wêsi | dadi kêris nadyan cêkak wus utama ||

nêngênkên wulanging priya | nuhoni tindak utami | wusana kaananira | misuwur praptèng samangkin | tansah pinundhi-pundhi | mring janma turun-tumurun | têkèng jaman-ajaman | asmane ngêbêki bumi | bisa sirna asmane barêng lan jagad ||

ing mêngko ingkang kacrita | duk bêdhah Mataram nagri | dening prange Trunajaya | wanita wignya angringgit | kacarita ing nguni | Dhalang Anjangmas kêplayu | lanang wadon pisahan | kang wadon mangetan maring | Sukawati kanthi tutug tanah Malang ||

patrape bisa andhalang | kaboyong marang Kadhiri | barêng konangan sang nata | Sultan Madurêtna nuli | yèn Nyi Anjangmas bangkit | ngilmu [ngi...]

--- 1677 ---

[...lmu] padhalangan putus | dhinawuhan marsita | mring pra dhalang purwa sami | lakon Bagong winurukkên nèg bangwetan ||

jamane ing kuna-kuna | nadyan tan kaya saiki | ajune para wanita | angêbaki kalawarti/ nanging ing nguni-uni | uga wus ingaran maju | sathithik rada pêpak | kêna kinarya palupi | pêpiridan panggugah wênganing driya ||

warata kuncaraning rat | bisa tulus anêtêpi | dipăngga tinggal asthika | sanadyan gajahe mati | gadhinge yêkti misih | kanggo dandanan pra manus | ya aran gadhing gajah | yèn sujanma tinggal nami | kang utama ngambar jêbaki[2] buwana ||

ran janma nora utama | yèn mati tan tinggal nami | katut pinêtêk nèng kisma | tan tinggal labuhan bêcik | sayêkti nora aji | misih aji cèlèng bulus | sato kewan wonarga |[3] tur tan darbe ngakal budi | parandene patine atinggal aran ||

babo para sutaningwang | dèn samya marsudèng budi | nulada laku utama | mamriha manggih basuki | pirangbara abangkit | mikat-mikut rèh rahayu | yuwana sasaminya | prasasate nora mati | kêna uga ingaran langgêng uripnya ||

turnèh iku nora gampang | nanging yèn srêgêp marsudi | ora kok ngêplêki kuna | sathithik rada nitèni | talatèn ipil-ipil | kawignyane wuwuh-wuwuh | mawèh ayuning jiwa | yèku wus aran utami | bêja karya kasukan kang arja tata ||[4]

Pak Jaya.

Bab Dêdagangan

Lampahing Dêdagangan Wowohan.

Sampun kêlimrah ing pundi-pundi, adi-adining dêdagangan ing pêkên, punika manawi tumrap têtêdhan inggih bangsaning wowohan. Manawi nuju kalamangsanipun awis, pundi wowohan ingkang wontênipun nyalandri inggih kathah rêginipun. Upaminipun dèrèng usum pêlêm, măngka ing pêkên sampun wontên pêlêm, punika rêginipun ngantos langkung saking mêsthi, mila tumrap tiyang ingkang ahli dagang wowohan, nyumêrêpi sangêt dhatêng lampahing wowohan ingkang sagêd pajêng kathah dipun sade wontên satunggaling nagari sanès, sarana andhatêngakên wowohan ingkang pancèn sanès asli wêdalan ing nagari ngriku, upaminipun kemawon ing Batawi, punika lăngka wontênipun pêlêm sae, ewadene manawi nuju kalamangsanipun usum pêlêm ing tanah Jawi Wetan, inggih punika nagari pêlêm, ing Batawi inggih sampun wontên, dene rêginipun sampun têmtu kemawon awis, ewadene inggih badhe botên bubruk, mêksa pajêng kemawon. Kosokwangsulipun

--- 1678 ---

wowohan ingkang wêdalan Batawi, kados ta rambutan, punika lampahipun ugi makatên, samăngsa ing Batawi nuju usum, ing nagari ingkang agêng-agêng sanèsipun inggih sampun wontên.

Amangsuli bab lampahing dêdagangan wowohan ingkang dhatêng sanès nagari, punika sajatosipun anênangi dhatêng kamajênganipun tiyang nênanêm, awit saupami botên sarana dipun sade dhatêng liya nagari makatên, tumraping nagari ingkang wêdaling wowohanipun kathah badhe tanpa aji, mila sarêng sampun wontên cara makatên, linta-lintuning dêdagangan wowohan wau lajêng dados pitulungan agêng sangêt.

[Grafik]

Patrap ngintunakên pêlêm dhatêng Eropah.

Saya sarêng sapunika sampun wontên rekadaya wêdaling wowohan ingkang ngantos dipun sade dhatêng tanah Eropah, punika saya ngajêngakên sangêt dhatêng pêpajênganing wowohan wêdalan ing Indhiya ngriki, dene ingkang sampun kêlampahan kasade dhatêng tanah Eropah: sawo manila, pêlêm, năngka Walandi. Tumrap tiyang ingkang dèrèng mangrêtos, agêng-agênging panêpsiring rêginipun tamtu namung sairid kados wowohan ingkang kasade ing liya nagari ingkang nunggil ing Indhiya ngriki kemawon, dene mênggah yêktosipun beda sangêt. Mênggahing rêrêgèn para maos kados sagêd mindhakakên kados rêgining wowohan Eropah ingkang dipun sade wontên ing Indhiya ngriki, kados ta woh anggur, saêpun rêgi kalih wêlas kêthip, apêl satunggal rêgi satangsul, punika bokmanawi kenging kapiridakên kalihan rêgining dhuwêt ingkang wawratipun samantên, utawi rêgining pêlêm satunggal ing nagari pêlêm. Dados mênggahing rêrêgèn wau langkung saking kêrta ajinipun ing ngriki. Sayêktosipun tiyang sok ngantos kasupèn, tuwin botên angrumaosi awis, manawi tumbas anggur tuwin apêl ingkang rêginipun langkung saking murwat, awit botên purun nandhing kalihan rêrêgèning wowohan Indhiya ingkang raosipun irib-iriban kemawon.

Ingkang sumandhing punika mujudakên gambaripun wowohan ing Indhiya inggih punika pêlêm, kalanipun nuju ungsum, ing ngriku panyadening wowohan sagêd sumrambah dipun sade dhatêng jajahan sanès. Kawontênan ingkang kados makatên punika, mugi sagêda anênangi manahipun têtiyang siti ing ngriki, lan amanah sagêdipun sumêbar kados wowohan ing Eropah.

--- 1679 ---

Pawartos Wigatos

Pèngêt.

Murih saminipun kalihan pranatan ingkang sampun kangge ing sadonya, dhirèkturing lanbao sampun angundhangakên dhatêng para pangagênging pakaryan, ing dhepartêmèn lanbao, supados ing salajêngipun cêkakaning nama-namanipun timbangan lan ukuran saking metriekstelsel kasêrat mawi aksara Latin kemawon, kados ing sêtat ngandhap punika.

Ukuran lan timbangan kangge ing sadonya (internationaal), awêwaton metriekstelsel.

Namanipun ---- cêkakanipun ---- ajinipun

Ukuran panjang

kilomètêr ---- km ---- 1000 mètêr

hèktomètêr ---- hm ---- 100 mètêr

dhekamètêr ---- dam ---- 10 mètêr

mètêr ---- m ---- babon

dhèsimètêr ---- dm ---- 0,1 mètêr

sèntimètêr ---- cm ---- 0,01 mètêr

milimètêr ---- mm ---- 0,001 mètêr

mikron ---- µ ---- 0,000001 mètêr

ukuran jêmbar

kilomètêr pasagi ---- km² ---- 1000000 m²

hèkto arê ---- ha ---- 10000 m²

utawi hèktomètêr pasagi ---- hm² ---- 10000 m²

arê ---- a ---- 100 m²

utawi dhekamètêr pasagi ---- dam² ---- 100 m²

sènti arê ---- ca ---- 1 m²

utawi mètêr pasagi ---- m² ---- 1 m²

dhèsimètêr pasagi ---- dm² ---- 0,01 m²

sèntimètêr pasagi ---- cm² ---- 0,0001 m²

milimètêr pasagi ---- mm² ---- 0,000001 m²

Ukuran kubuk utawi isi

dhekasêtèrê ---- das ---- 10 m kubuk

sêtèrê ---- s ---- 1 m kubuk

utawi mètêr kubuk ---- m³ ---- 1 m kubuk

dhèsisêtèrê ---- ds ---- 0,1 m kubuk

utawi hèktolitêr ---- hl ---- 0,1 m kubuk

dhèkalitêr ---- dal ---- 0,01 m kubuk

litêr ---- l ---- 0,001 m kubuk

dhèsimètêr kubuk ---- dm³ ---- 0,001 m kubuk

dhèsilitêr ---- dl ---- 0.0001 m kubuk

sèntilitêr ---- cl ---- 0,00001 m kubuk

sèntimètêr kubuk ---- cm³ ---- 0,000001 m kubuk

milimètêr kubuk ---- mm³ ---- 0,000000001 m kubuk

Timbangan

ton ---- t ---- 100 kilogram ---- 1000 kilogram

kilogram ---- kg ---- babon

hèktogram ---- hg ---- 0,1 kilogram

dhekagram ---- dag ---- 0,01 kilogram

gram ---- g ---- 0,001 kilogram

dhèsigram ---- dg ---- 0,0001 kilogram

sèntigram ---- cg ---- 0,00001 kilogram

miligram ---- mg ---- 0,000001 kilogram

--- 1680 ---

Rêmbagipun Sêmar Garèng lan Petruk

Sambêtipun Kajawèn nomêr 97

Petruk : Ora, Ma, lagi anu Rama ngandikakake paribasan Walănda, kang unine cara Jawane kira-kira mangkene: ngalêm awake dhewe kuwi amambu. Lho kuwi mungguh têgêse kapriye.

[Grafik]

Garèng : Lha wong kowe, Truk, Truk, liyane ngukur dalan sarana nyangking bathok lan têkên, ora ana kapintêranamu, seje karo aku, dhasar wong wêton sêkolahan, cara Jawane ngèsès, cara mlayune, upama sikilku ngarêp aja kêsleyoa mono, bandhangan karo sapa bae, iya ora bakal kalah, cara Cinaku têtês bangêt, mulane aku banjur bisa ngarani, yèn boluwi, ora prêlu kêpengin ciyak: baklae cah, cap jae.

Sêmar : E, tobat, tobat, anggone cara Cina kok pasèh têmên, kuwi kowe ajar nyang ngêndi, thole Nala Garèng.

Garèng : Nèk Rama arêp priksa, dhèk biyèn sêkolahku ana pamulangan pambakmèn. Nèk bakule bakmi têtawa dodolane nyang padha bangsane, kuwi kadhangkala sok diwangsuli: boluwi, jarene têgêse: ora duwe dhuwit. Dene têmbung Cina liya-liyane, ing sarèhning aku wis ora pati kulina manèh, iya wis akèh sing lali.

Sêmar : E, sêmbrana, wong tuwa kathik diapusi, tak arani rak pancèn bisa omong cara Cina têmênan. Mara, nyata kowe ngèsès têmênan basamu Jawa, têrangna mungguh têgêse: ngalêm awake dhewe amambu.

Garèng : Hla, kuwi mangkene, wong kuwi nèk duwe kapintêran, kudu diketok-ketokake, prêlune supaya amambu, têgêse: supaya [su...]

--- 1681 ---

[...paya] rata kawruhan ing wong akèh. Têmtune nèk tungkul mênêng bae, kapintêrane bakal kasilêb.

Sêmar : Lha, kuwi yèn bocah jaman saiki, duwe kapintêran sathithik bae, banjur dipamèr-pamèrake, supaya dialêma wong akèh, diarani pintêr. Măngka sabênêre kabêcikan lan kapintêran kuwi, dudu kok awake sing ngalêmbana, ananging absahe sing ngalêm kuwi kudu wong liya, jalaran paribasane rak wis ana ta, kang unine mangkene: wong ala katara, wong bêcik kêtitik.

Petruk : Nang kuping pancèn iya ora kapenak bangêt, nèk krungu uwong tansah ngalêm awake dhewe kuwi, awit ing kono karêpe rak mung arêp ngatonake, yèn dhèwèke: wong pintêr, wong turunan gêdhe, wong sugih, lan sapiturute. Malah ing jaman kamajuan kiyi ana cara pamèr modhèl anyar, kaya ta mangkene: upamane lagi têtêpungan karo wong liya, kuwi sok ana sing muni: nêpangakên kula pun: Suta, lid polêksrad, ing kono ing batin wong mau, arêp mamèrake yèn dhèwèke apangkat gêdhe, tur bangsane wong gêmblengan, awit rak mung wong kang pintêr bae, kang bisa dadi lid polêksrad. Dhèwèke mau ora ngèlingi yèn wong têtêpungan kuwi sing prêlu manuhake jênênge, dene pangkate yèn ora ditakoni, ora prêlu diketok-ketokake, iya nèk sing diajak têpungan mau, wong apangkat, iya ora pati nalăngsa, kèri-kèri sing diajak têtêpungan mau, mung wong lumrah bae, isine ditêbus têlu tèng, rak masa entuka.

Sêmar : Wis, wis aja padha dibanjur-banjurake anggone padha rêrêmbugan ing dhuwur mau, besuk manèh bae, nèk ana prêlune padha dirêmbug manèh kang luwih cêtha.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Pambantu Kajawèn ing Surakarta kintun kabar, dintên Rêbo tanggal kaping 5 Dhesèmbêr punika, saandhaping sampeyan dalêm ingkang sinuhun kaparêng utusan ajudan dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat sakanthinipun dhatêng ing Batawi, prêlu anyêdhahi tuwan-tuwan pangagêng băngsa Walandi ingkang badhe anjênêng pamiwahan wiyosan tumbuk dalêm benjing wulan Rêjêb punika. Kawartosakên utusan ndalêm wau bidhalipun saking Surakarta nitih kareta latu mandhap ing Sêmarang, nanging saking Sêmarang dumuginipun ing Batawi lajêng nitih motor ingkang mêdal ing gêgana.

Pindhahipun tiyang-tiyang sadean ing Pêkên Agêng Surakarta dhatêng alun-alun, wiwit tanggal sapisan Dhesèmbêr punika.

Băngsa hartawan ing Surabaya nama Tuwan Njoo Khe Hong ing Surabaya, tilar donya, arta têtilaranipun wontên f 30.000.000. Kasugihanipun wau jalaran anggèning dagang rèk Swèdhên miyambaki tuwin nyewakakên griya. Kala ing taun 1927 tampinipun sewan griya ing dalêm sawulan f 80.000, dene dumuginipun taun punika sampun mindhak kathah.

Pawartos badhe konggrès agêng pakêmpalan Muhamadiyah, saèstu manggèn ing kitha Surakarta, sarta sampun kaputus têmtuning dintên, wontên tanggal kaping 30 Januari dumugi tanggal 5 Pèbruari ngajêng punika. Dados salêbêtipun 7 dintên, progama utawi lampah-lampah, sapunika sawêg karangcang dening pangrèh ingkang wajib. K585.

--- 1682 ---

Kawartosakên bilih putusanipun parêpatan pangrèh pakêmpalan Tionghwa Hwe Kwan Surakarta ingkang kantun piyambak punika, bab badhe angwontênakên arak-arakan utawi optoh minăngka kangge mahargya dintên wiyosan tumbuk dalêm ingkang sinuhun, kacariyos botên èstu kalajêngakên, nanging amung badhe ngwontênakên sawênèhing barang adi-aèng wêdalan saking nagari Cina kemawon ... kapisungsungakên konjuk ing saandhap sampeyan dalêm minăngka tăndha pangèngêt-èngêt. Mênggah wujud sarta namaning barang wau sapunika dèrèng kawartosakên ing kathah.

Ing dhusun Cicêndho, Bandhung, wontên tiyang manak tiga, sadaya jalêr, nanging ingkang satunggal ngajal, dene ingkang kalih wilujêng.

Wontên pawartos, badhe pandamêlipun gêdhong gupêrnur ing Jawi Wetan, waragadipun f 750.000, panuwunanipun sampun dipun ladosakên ing pamarentah, saha sampun dipun sayogyani.

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral mêntas nampèni sowanipun Tuwan De Hoog, pursitêr Grampre Moliere, sekrêtaris up bêstir I.E.P. makatên ugi tuwan Blauw pursitêr, tuwin tuwan Ahn, lid kolonisasi komisi I.E.V prêlu ngrêmbag bab koloni ing kampung utawi Landbouw - bedrijfsschool ingkang badhe dipun êdêgakên ing ngrika. Pikantuking rêmbag wontên wohipun.

Rêsèrsi pèl pulisi ing Bêkasi mêntas angsal katrangan prakawis rajapêjah ingkang laminipun sampun saminggu. Wontên sawênèhipun tiyang sampun sêpuh ing kampung Cikêting, gadhah anak kuwalon jalêr, ingkang gadhah băndha kathah, dipun wartosakên sampun sawatawis dintên ngajal. Wusana katranganipun pêjahing tiyang wau jalaran dipun lêlêp-lêlêpakên ing toya dening bapakipun kuwalon. Sêngadi kangge sarana anjampèni sakitipun.

Kala Sêtu kêpêngkêr, ing wanci sontên, sêpur ingkang saking Surabaya dhatêng Malang, wontên ing sacêlakipun Malang malèsèd saking ril, lokomotipipun anjêmpalik, masinis tuwin sêtokêripun wilujêng. Kreta klas tiga kalih grêbong mlèsèd saking ril, wontên nyonyah băngsa Eropah satunggal tuwin tiyang èstri Jawi satunggal sami nandhang tatu. Ingkang sami numpak lajêng pindhah numpak sêpur sênèl sawingkingipun.

Wontên pawartos, ing sapunika ing Batawi ngadani badhe nindakakên rêrigên bab kasarasan ing pasitèn Batawi sisih Wetan, ingkang pasitènipun lêdhog, pamarentah sampun marêngakên ngangge arta f 310.000.-

Murih botên andadosakên sêling-sêrêping tiyang ingkang kintun sêrat mêdal pos gêgana, punika makatên: lampahing sêrat wau langkung enggal dumugi ing papan ingkang dipun ênêr ing lampahipun, nanging botên nanggêl enggaling lampah dumugi ing papan ingkang dipun kintuni sêrat, dados sasampunipun dipun bêkta ing motor mabur, dumugining papan pakèndêlan, lampahing sêrat inggih kados limrahipun kemawon, nanging kabêkta wontên ing wanci ingkang badhe bidhal sasampuning motor mabur wau dhatêng.

Wontên pawartos, kala tanggal 3 wulan punika Radèn Tumênggung Arya Tirta Adisewaya, bupati ing Băndawasa seda, yuswa 45 taun, jalaran gêrah zwart - watêr - koorts namung kalih dintên.

[Grafik]

Pambantu Kajawèn ing Puntên kintun pawartos. Ing dhukuhan Kêkêp, klurahan Tulung, Puntên, wontên tiyang gadhah anak mêdal èstri, nanging darijinipun namung niga sisih, sukunipun mungkêr kados tiyang sila, bangkekanipun alit. Sapriki wilujêng.

Ing Cikêmbêr, Sukabumi, pulisi ngonangi mayit ingkang sampun mambêt wontên salêbêting griya. Katranganipun mayit wau mayiting tiyang èstri ingkang pêjah dipun gantung ingkang jalêr. Saha ingkang jalêr nama Amsar sampun kacêpêng wontên ing sanès dhusun, mawi pindhah nama Sahali.

Wangsulan saking Administrasi

Agèn nomêr 657 ing Magêlang. Tanjanipun pambayaran a f 2,- punika makatên: ingkang 50 sèn kangge wulan Dhesèmbêr '28 ingkang f 1,50 tumrap kwartal 1 ing taun 1929.

Lêngganan nomêr 2232 ing Pracimantara. Pos wisêl f 1,50 sampun katampi. Rèhning Kajawèn wulan Nopèmbêr sampun kathah ingkang têlas, dados ing wulan Nopèmbêr wau panjênêngan botên kapetang dados langganan. Dene tanjanipun yatra makatên: f 0,50 tumrap wulan Oktobêr, f 0,50 Dhesèmbêr punika, ingkang f 0,50 malih kangge Nuari[5] 1929

--- 1683 ---

Wêwaosan

Radèn Abipraya.

Anggitanipun Ki Padmasusastra, ing Surakarta, kasêkarakên dening ingkang sinandi.

1

[Dhandhanggula]

umèngêt ring wêwacan linuri | rinaras mrih manising carita | sinawung macapat mangke | nguni gancaran amung | kang kinarang nênggih suwargi | Kyai Padmususatra | kinarya pêpemut | aywa ilang tabêtira | pinudya mrih têtêp dènnya lumastari | salami-laminira ||

satataning pèngêt tan tiniti | duk amangun mangikêt ing sêkar | nuju ari Ngahad Wage | patlikur sasi Mulud | ing taun Je sangkalèng warsi | rasa suci ngèsthi Hyang |[6] nênggih kang winuwus | carita Dyan Abipraya | kang minăngka bêbuka purwaning tulis | praja ing Mêndhangpura ||

kasangsaya sinrang ripu sêkti | sri narendra kasambut ing yuda | kasor prapta ing sedane | kang kari samya nungkul | asrah jiwa mring sang winani | têmah lulus ngawula | ing narendra kasub | asrahaning para wadya | linaluri lulus tilasing alami | ingayoman wibawa ||

para wadya kaprabawan sami | kêkêsing tyas luluh tanpa sêdya | têtêp sêtya ing bêktine | samya anut miturut | tan sawala sarèhing Gusti | malah tan paja-paja | tuwuhing tyas dudu | cipta winêngku wisesa | angênani sumingsêt pindha têtali | angluluh paracidra ||

têtilase risaking praja di | wus winangun rarasing prajarja | paripurna datan pae | sigêg gantya winuwus | samurute narendra nguni | atilar putra priya | mijil saking pungkur | pêparab Dyan Abipraya | sabêdhahing Mêndhangpura mamèt silib | lumuh suwitèng mêngsah ||

titi sonya nêdhêng madya ratri | sang rahadyan anis tanpa rowang | anut saparan tindake | tanbuh ingkang tinuju | kawuwusa duk wanci enjing | kadênangan sri nata | sakalangkung bêndu | sumung sêmuning dêduka | anggung muntap kontap ambêging prajurit | koncatan ing tawanan ||

gita-gita sri nata ngagnya ring | para wadya gêgêdhug manggala | mrih sumusul saparane | sêrêng wahyaning dhawuh | yèn kapikut kinèn nguwisi | tanggap ingkang ingagnya | tan sawalèng kayun | wusing titi rèhing nata | gêgancangan sumêbut apindha thathit | samar yèn katilapan ||

pan sumêbar dènira ngulati | satêbaning praja Mêndhangpura | kawaratan sadayane | baya karsèng dewa gung | amêmayu risang kaswasih | satêmah katilapan | nungkak jangkah kadung | wêkasan tan lêbda karya | asarsaran sumêbar tan antuk kardi | sigêg lampahing wadya ||

kawuwusa lampahe sang pêkik | murang marga anggung ngayam-ayam | kasangsaya satindake | tumurun jurang trêjung | sumêngka ring agraning wukir | kandhêg gung mênggah ing tyas | sumunging tyas trênyuh | mèngêt sarasèng sangsaya | anglêsing tyas sakala nitih ngênèni | yayah rasa kantaka ||

gagat bangun anon sri rêsmining | wana gênggêng katon tarataban | pêdhut dhêdhêt wèh samare | ngramyang sunaring banu | lir nênuntun atêdah margi | sumilak amrababang | bun kêkêl marêntul | tètès sinêsêp ing kisma | kêmbêng-kêmbêng pindha sarasaning ati | manaput ing wiyoga ||

samirana ngidit angênani | manêmpuh ing sêsêkaran wana | arum ulêkan gandane | wênèh anjrah sumawur | maratani lir sawur sari | rumênggèng srining tilam | katon muyêg sêmu | wimbaning surya sumirat | anyunari mawa ujwala nêlahi | ambirat sêkêling tyas ||

wus watara tindaknya sang pêkik | angungkurkên wana tarataban | karênan suka galihe | anon asrining dhukuh | prênah suku parêdèn Sumbing | dahat asri kawuryan | têmah kandhêg mangu | anon sêmuning padesan | agung gênggêng tiris tinata atharik | sinipat mawèh raras ||

pakarangan gumrining waradin | mèsi sakèh karang tumaruna | nêdhêng andadi uwohe | banene jroning dhusun | dahat arja apindha nagri | swarèng pandhe imbalan | tundha mawa lagu | rahadyan kadêrêng ing tyas | gya umanjing ing padesan kang sêdya mrih | nyakabat anyudara ||

wus tinampan lan rênaning ati | baya pasthi rahadyan binuka | widagda sarèhing pandhe | sakridhèng ulah putus | têtabête trahing linuwih | mung sindhitaning sêdya | winadi kalangkung | tan pisan kengis binuka | gung winadi sinamar kinunci wêrit | tan paja kawanguran ||

myang sakèhing pra sakabat sami | datan ngira ing trah Witaradya | dening wus samar titike | sêmuning angga nglayung | manabêti rusaking dhiri | mangkana sang rahadyan | wusing sarwa putus | kontap yêyasane kondhang | datan pae tapak paluning aluwih | êmpu ing jaman kuna ||

mangkya radyan tuwuhing cipta mrih | madêg pandhe mandhega priyăngga | wus amit marang lurahe | sinamar wahyèng wuwus | mung anêdya anut ing ati | nênuhun aksamèng Hyang | mrih waluyanipun | wusing amit nulya mentar | mangu-mangu anggung onêng nolah-nolih | angrês ing tyas karasa ||

têmah wigar dènnyarsa murwani | madêg pandhe kaluluning sêdya | kalênglêngan saparane | mung nut tindaking suku | gung kapêtêk sarasèng tis-tis | anon langêning arga | karasèng tyas tungtum | manahên gunging sangsaya | sinangsaya gumarit têlênging ati | mèngêti kasatriyan ||

saya èmêng kapêtêk kêpati | lêjaring tyas anon srining arga | ngêlangut patêgalane | tarap têpining dlanggung | tinanêman mawarni-warni | jali jarak arampak | mlipir angrêmbuyung | gaga muyêg angrêmbaka | jagung gênggêng ngayangan nêdhêng ngêmohi | canthèl asri sumêlap ||

--- 1684 ---

wanci surya gumiwang ing wukir | mêndhung dhêdhêt tumiyung ing wiyat | sasăngka kucêm lawêne | maruta sru sumiyut | manêmpuh ing jaladha wingwrin | mratani sèsining rat | tidhêm-tidhêm têdhuh | laluning kang masakala | sang rahadyan kalingsir tuwuh ing galih | kapengin nglopok boga ||

kanggêging tyas dèrèng mitêmbung mring | kang adarbe marma sêmang-sêmang | ma [...] solahe | puguting tyas kasaru | tumuruning warsa nungkêbi | [...] gita-gita | ngaub maring gubug | mitêmbung mring kang atêngga | Rara Sunthi kang wanca[7] sumêngit ati | pêparab Rara Mulat.

wahyaning kang pangandika aris | gêndhuk-gêndhuk sun ngaub sadhela | mung anganti satêrange | Dyah Mulat ing tyas suwung | tanpa wrana akêdhah-kêdhih | tinanggapan arila | ênggih dika ngaub | saksana Dyan Abipraya | uminggah mring gubug ngrintih amlas-asih | pan sarwi mêrês wastra ||

myang aminta mring Nikèn Sumêngit | dhuh-dhuh gêndhuk bok ngalang sapisan | sun nyilih tapihmu kuwe | mung sadhela bae wus | angêntèni tumêkèng aking | wastrèngsun kang kodanan | nikèn muwus asru | wagune tanpa wiraga | datan suka lamun kang wastra dèn silih | winangsulan sakeca ||

bok gih êmpun sami diêntosi | sagaringe lah kêsêsa napa | ngantos jawah satêrange | Dyan Abipraya nurut | pan rahadyan sinrang wiyadi | tumungtuming sarasa | cêlak èstri jalu | sumarma kumêsar ing tyas | lir angganing brêmara rumakêt sari | kawigaran asmara ||

liwunging tyas pinênggak tan kêni | mangu anon kudhuping puspita | pêpêt katutup gandane | nakêt arsa mangruruh | ngingsêp maring manising sari | kanggêg risang kusuma | tuwuhing pangawruh | arsa sinrang ing brêmara | asru bêkuh lumayu atawan tangis | wêwadul ing sudarma ||

Ki Sundara Umbul Sambiradin | duk anon ing rara sru karuna | kalara-lara tangise | gita-gita agugup | atêtanya purwaning tangis | Rara Mulat sajarwa | mula bukanipun | arsa winasesèng priya | kaduk wani nyakêti wong tunggu têgil | bagus maksih taruna ||

[Sinom]

ya ta wau Ki Sundara | kaduking tyas katêtangi | mèngêt wartane Ni Mulat | kapêtêk kêbranang runtik | karna kadya sinêbit | waringutên ing tyas gugup | tatag ing kasudiran | umapak mring sang apêkik | wijah-wijah tlêmpak pinusthi nèng asta ||

sapraptaning patêgalan | anon ing priya ngrêrêpih | lir kasmaran ing wanodya | wirandhungan asmu tangis | sinambi angrêrêpi | tansah kandhêg gandrung-gandrung | ngadhuh-adhuh sêsambat | kusuma kang têngga têgil | sira rara bisa têmên nganiaya ||

paran têka sira mentar | anangsaya ing wak mami | andaut ing kasutrêsnan | tanpa pindhaning rêrujit | wuyung sarasèng ati | yayah kaleban ing madu | kaduk kadêrênging tyas | pugut kerut ing mêmanis | têmah layu kelut katub ing maruta ||

sapa baya kang sêsuta | dene padhukuhan mêncil | kadunungan ing musthika | baya ta trahing linuwih | sinamar ing dewadi | măngka cobaning wak ingsun | mrih wigaring subrata | anrang mring ênênging ati | nadyan coba bêbantêning pangastawa ||

kasaru Umbul Sundara | prapta maripih mrêpêki | tanggap gita sang rahadyan | anrap tataning akrami | tungtung-tungtung guyu mrih | aywa kawadakèng sêmu | nanging tan paja-paja | nênamar sruning kêkêling | mênggah-mênggah marawayan ingkang waspa ||

ya ta Ki Umbul Sundara | têtanya mring sang apêkik | hèh hèh kula atêtanya | mring andika kang aprapti | sintên ingkang wêwangi | ing pundi purwaning dangu | lan punapa sinêdya | dene mawi angrêrêpi | lah punapa pedahe wong adol swara ||

Ki Sundara duk umulat | mring sênênira sang pêkik | wus anyipta yèn rahadyan | tuhu darahing aluwih | pasang solahing krami | kawistara budya rurus | myang sumunaring netya | kêkuwunge ngatarani | anglocita kaelokaning wisesa ||

tanggap Radèn Abipraya | linut kaduk ing akrami | mêngah-mêngah aris nabda | dhuh rama dèn srantèng galih | kula sajarwa yêkti | yèn ta wus prapta ing dunung | dèn rila kula arsa | tumut mring andika mangkin | yèn wus tata ing tyas kula awêwarta ||

ki umbul karênan ing tyas | gita-gita nulya mulih | tinut ing Dyan Abipraya | prapta anjujug pandhapi | sawusing tata linggih | sang rahadyan anabda rum | dhuh rama kula tanya | sintên kang ayoga yêkti | ing ni rara kang mentar anilar kula ||

kyai umbul tanggap sabda | yêkti kula kang sêsiwi | sira Radyan Abipraya | saya sungkêm ing akrami | wasana anabda ris | dhuh rama dèn kaduk mêngku | prapta kula punika | sajarwa sarasèng ati | kumacèlu momong ing putra andika ||

kula jarwa ing sanyata | dèrèng misik ing pawèstri | cipta datan pisan-pisan | parandene ing samangkin | kataman ing lêlungit | anrus ing manah panuju | baya wus pasthinira | lumuh ing tyas kula kongkih | sor prabawa kalawan putra andika ||

Ki Sundara ngungun ing tyas | ing wasana anabda ris | radèn paran andikanta | dene tan wruh silastuti | yèn ta rinasèng ati | sabda andika puniku | yêkti amurang krama | dadak ngêngandhar lumuwih | sarwa cêtha kadi ambarang carita ||

nanging kula wus waspada | ingkang dadya darunaning | dening katarik ing brăngta | kapêtêk putêking galih | tan pisan kula sêrik | amung ta dugining atur | kula arsa têtanya | sintên sinambatan ing sih | dyan sajarwa kula nama Abipraya ||

ki umbul laju têtanya | anggèr sintên kang ayogi | duk rahadyan antuk sabda | patanyan ingkang ayogi | karasa tumuntum mring | trênyuhing tyas akapiluh | sêrêt wijiling sabda | rama paran kang pakolih | andêdawa andangu mring kang ayoga ||

mindhak trênyuhing tyas kula | mêmèngêt ing rèh wirangi | gung tumanêm tan kenging sah | Ki Sundara duk miyarsi | nyathêt sajroning ati | paran ta darunanipun | mung mirid ing sawangan | nyata darahing aluwih | angujwala ruruh asarwa prasaja ||

mênggah Radyan Abipraya | wasana ngandika malih | rama kula atur jarwa | kang ayoga mring wak mami | nata ing Mêndhangpuri | Sri Dewakusuma kasub | narendra baudhêndha | angrèh samaning narpati | mung kuciwa sri supadmi tan pêputra ||

ugi apêputra kathah | nanging mijil saking wuri | kula kang sêpuh priyăngga | saking karsèng sri bupati | arsa jinunjung linggih | sinêngkakkên ing aluhur | dadya pangran dipatya | nanging pugut ing pangèsthi | dening wigar sinêrang ing parangmuka ||

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


Lebih satu suku kata: anggêlarkên kawruh nitis. (kembali)
ngêbaki. (kembali)
wanarga. (kembali)
§ Limrahipun utawi ingkang nama sandiasma, punika têgêsipun amasang nama wontên ing karangan, murih botên kasumêrêpan ing sanès, dening kaangge sandi, nanging wontênipun ing jaman sapunika botên nama sandi, malah dipun kêtingalakên ngalela. Bokmanawi raosing sandi jaman rumiyin kalihan sapunika sampun beda. Red. (kembali)
Januari. (kembali)
Tanggal: Ngahad Wage patlikur (24) Mulud Je: rasa suci ngèsthi Hyang (AJ 1846). Tanggal Masehi: Minggu 30 Januari 1916. (kembali)
wanci. (kembali)