Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01-25, #449

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01-25, #449. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01-25, #449. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 8, 24 Ruwah Taun Ehe 1860, 25 Januari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [113] ---

Ôngka 8, 24 Ruwah Taun Ehe 1860, 25 Januari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Priyangan Kidul

[Grafik]

Gambar nginggil punika krêtêg gantung ing Cimandhiri sacêlaking Palabuhan Ratu.

--- 114 ---

Kawruh Sawatawis

Pasiraman Lèpènbacin Tambakwringin.

Salêbêting wêwêngkon dhusun Kalitanjung (samangke sampun kablèngkèt kalihan sanès dhusun, pikantuk nama enggal dhusun Tambaknêgara) kabawah ondêr Dhistrik Rawalo, Dhistrik Jatilawang, Kabupatèn Purwakêrta. Ing ngriku sampun kina-makina wontên tuk ingkang toyanipun mambêt botên eca, mèh mambêt bacin, mila inggih lajêng kawastanan: Lèpènbacin. Tuk wau dumunung ing saantawising sabin kalihan wana pêjatosan, têbihipun saking dhusun watawis saprapat pal, saking margi agêng watawis tigang atus mètêr. Saking haltê S.S. Kêbasèn, utawi saking sêtoplas S.D.S. Gambarsari, kirang langkung satêngah pal, mawi nyabrang lèpèn Sêrayu, sarana baita sasak.

Toya tuk wau samêdalipun saking tuk, amujudakên balumbang, ing sapinggiring balumbang wontên witipun waringin sampun agêng, mila panggenan wau lajêng dipun namakakên: Tambakwringin. Sabab: tambak atêgês: balumbang.

Balumbang wau ing jaman rumiyin mèh botên kopèn babarpisan, sabab panggenanipun ragi têbih saking dhusun, sarta wontên ing ênthak-ênthak. Sanadyan toyanipun mambêt bacin, ewasamantên wiwit rumiyin mila toya punika asring kaombe tiyang, kangge olah-olah tuwin kangge adus, sabab toyanipun manawi sampun kacidhuk saking panggenan, bilih katahan sawatawis jam kemawon, ambêtipun lajêng ical. Punapa malih manawi dipun godhog, tumuntên ical ambêtipun. Tiyang dhusun nyariyosakên, bilih toya wau kenging kangge jampi sêsakiting tiyang warni-warni sarta sampun kathah kanyataanipun, kados ta: sêsakit kulit (gatêl, gudhig, korèng sapanunggilanipun), sêsakit encok, tosan, watuk, tuwin sanès-sanèsipun.

Dene wontênipun toya tuk wau mambêt bacin, botên wontên tiyang ingkang sagêd nêrangakên sababipun. Lêrês panggenan punika sampun kêrêp kadhatêngan ing para ahli pêmisah mriksa toya wau, ananging kadospundi pamanggihipun papriksan, sapriki lajêng sêpên, botên sagêd kasumêrêpan sababipun, utawi kamomoran punapa.

Kintên-kintên ing taun 1893, ingkang wadana ing Jatilawang ginanjar sakit gatêl badanipun, malah wontên sawênèhing panggenan ingkang mlènyèh kados korèng, sanadyan dipun jampèni dhoktêr sagêd saras, sakêdhap kemawon inggih kimat malih, ngantos katawis bosên anggènipun ajêjampi. Wasana lurah dhusun Kalitanjung (Tambaknêgara) matur dhatêng ingkang wadana, bilih ing dhusunipun wontên tuk ingkang toyanipun mambêt bacin, sarta kêrêp kangge adus tiyang sakit kulit, encok, sapanunggilanipun, kathah ingkang sagêd saras. Cêkakipun ingkang wadana lajêng nyobi adus ing lèpèn bacin wau. Sarêng sawêg nyobi kaping tiga, sakitipun gatêl kathah sudanipun, sarta ingkang mlènyèh kados [kado...]

--- 115 ---

[...s] korèng katingal wiwit alum. Kalajêngakên sabên dintên adus ing ngriku, sakitipun lajêng saras babarpisan, sarta botên kimat malih. Wusana pasiraman wau dipun dandosi sae. Wiwit wau pasiraman ing ngriku lajêng kondhang dumugi sanès panggenan, sabên dintên kathah tiyang sami dhatêng adus, botên ngêmungakên tiyang Jawi kemawon, dalah bôngsa Tionghwa inggih kathah ingkang dhatêng, sarta ingkang kathah tiyang ingkang sami sakit korèng, gudhig, encok, tosan, sapanunggilanipun.

Sarêng pasiraman saya agêng, lajêng dadondados. tanggêlaning dhusun, ananging dhusun botên gadhah arta kas, mila lajêng damêl akal, sadhengah tiyang ingkang adus ing kulah mawi tutupan, kêdah bayar arta miturut tarip ingkang sampun katêtêpakên, dene ingkang adus ing kulah sanès-sanèsipun, têrus botên ambayar punapa-punapa.

Sasampuning pasiraman kadamêl sae, sangsaya mindhak kathahipun tiyang ingkang dhatêng adus, makatên ugi tiyang-tiyang saking mônca, nanging taksih kuciwa dene dèrèng wontên pamondhokan, dados tiyang-tiyang ingkang prêlu sipêng, kapêksa pados pondhokan ing dhusun sacêlakipun, utawi satunggal kalih wontên ingkang nrimah mondhok ing griyaning juru kunci, dhêsêkan kalihan ingkang gadhah griya. Ananging ingkang kathah-kathah tiyang sami sakit pados kasarasan, mila inggih ragi pakèwêd padosipun pondhokan, botên sadaya tiyang purun dipun pondhoki tiyang nandhang mala. Ananging sarêng têngah-têngahipun taun 1910 lurah dhusun ngriku piyambak damêl pondhokan, mawi kêlas-kêlasan miturut dhatêng mirah awising pasewan, sarta pirantosipun jangkêp botên nguciwani. Kajawi hotèlipun lurah kasêbut ing ngajêng, ugi taksih wontên malih pamondhokan ingkang langkung mirah, kangge nyêdhiyani tiyang ingkang ringkih-ringkih.

Kados sampun cêkap samantên andharan kula bab kawontênanipun pasiraman: Lèpènbacin Tambakwringin. Ing ngriki prêlu kula sambêti sakêdhik bab pamêdaling arta saking tiyang-tiyang ingkang sami adus. Wiwit pasiraman punika karimat sae, sapriki pamêdaling arta sampun kenging dipun wastani: ewon. Ingkang nampèni lurah kanthi dipun titi priksa dening priyantun, sarta arta wau saminggu sapisan kêdah kalêbêtakên dhatêng bang apdhèling. Kajawi arta wau kangge prêlu ngrimat pasiraman, ugi murakabi agêng dhatêng dhusunipun, sabab sadaya prêluning dhusun ingkang kêdah ngangge wragad arta, sagêd ngangge arta wau. Ingkang sampun kêtingal, kados ta: damêl sêkolahan dhusun, urun ambalônja guru dhusun, damêl krêtêg dhusun, gardhu dhusun, tumbas prabot sêratan kangge dhusun, makatên salajêngipun, dados samangke manawi wontên padamêlan dhusun, tiyang alit namung ngêmungakên urun bahu suku, botên prêlu urun arta kados jaman rumiyin sadèrèngipun wontên pamêdal saking tiyang adus.§ Gambar botên sagêd kapacak, amargi kirang sae.

Supardan, Purwakêrta.

--- 116 ---

Bab Tanêman

Nangkarakên Têtanêman Sarana Wiji.

Ing Kajawèn nomêr 102 ingkang mêdal nalika tanggal 21 Dhesèmbêr 1929, kula manjurung karangan bab manggis, nanging sêmunipun ing ngriku pancèn kirang sampurna, inggih punika ing bab pandhêdhêring wiji, mila ing mangke kula sambêti andharan bab kasêbut nginggil, murih botên adamêl cuwaning panggalih tumrap ingkang kaparêng migatosakên.

Sajatosipun botên ngêmungakên manggis kemawon ingkang angèl panyangkokipun, nanging durèn, dhuku, rukêm, mundhu, nôngka sabrang (nôngka Walandi utawi sirsak), nôngka Jawi, kêmiri, kluwak tuwin sanès-sanèsipun, inggih samantên ugi.

Mila manawi badhe nanêm bôngsa wowohan, môngka winawas wowohan wau ragi angèl yèn ta pinêncarakên sarana cangkokan, punika prayogi amiliha wijinipun kemawon ingkang sae-sae, kadhêdhêr. Mênggah pamilihipun makatên:

1. Wit-witan ingkang kaalap wijinipun wau kêdah wit-witan ingkang sampun misuwur eca wohipun, botên molah-malih lan botên sakitên, punapadene ingkang agêng wohipun.

2. Ngupadosa ingkang matêng wit, inggih punika ingkang katog sêpuhipun, dados nuntên thukul, lan thukulanipun kiyat.

3. Ingkang sae wangunipun, inggih punika botên pèncèng, purêt utawi krowok dening ama. Awit manawi pèncèng, purêt utawi krowok, benjing thukulipun inggih botên sae, amargi peranganing wiji botên sami.

Dene pandhêdhêripun inggih kêdah mawang-mawang kandêl tipising kulitipun wiji, tuwin agêng alitipun. Awit wiji punika warni-warni, wontên ingkang tipis utawi kandêl kulitipun. Tumrap wiji ingkang cangkokipun kandêl, kados ta bangsaning kêmiri, kluwak, sadhang, kênari, jangglêng sapanunggilanipun, cangkok wau kêdah dipun tipisakên rumiyin, sarana kikir, nanging kêdah ngatos-atos, murih mripat bêbakalaning sêmi botên ngantos kêkikir, lan malih ing sadèrènging katanêm, kêdah kaêkum ing toya angêt sadintên sadalu, sasampunipun makatên wiwit kenging katanêm, malah yèn jangglêng kêdah kagorèng rumiyin, supados malêthèk, awit saupami dipun kikira tamtu kadangon, sabab saking alit. Dene tumrap wiji ingkang cangkokipun tipis, inggih punika manggis sapanunggilanipun wau, waton botên ngantos garing sampun prayogi nuntên kadhêdhêr ing papan pandhêdhêran.

Mênggah papan pandhêdhêran punika kenging sakaparêngipun, namung cêkap wontên ing êpot, ing êbak utawi ing pakawisan (pangipukan), namung watonipun kêdah mawi rabuk, kenging ngangge talethong kapal utawi lêmbu, kaangkaha sacêkapipun, kapilihna ingkang sae, ingkang mèh dados siti, utawi bêbosokaning [bêboso...]

--- 117 ---

[...kaning] gêgodhongan ingkang kacarub siti lan pasir. Siti ing papan pandhêdhêran kêdah alus amawug, sampun ngantos bacêk, yèn wontên ing êpot, ing ngandhap kasukanan bolongan, supados toya siramanipun boên dados ngêmbêng, tuwin sagêd angsal hawa saking ngandhap, mila pot wau kêdah kaganjêl. Dene yèn ing bedhengan, mawi kagula-gula, kasukanan kalenan ingkang sakintên sagêd nuntasakên siti. Mênggahing panyiram kaangkaha sacêkapipun kemawon, sampun kêtêlêsên lan sampun kagaringên. Siti wau supados botên jamurên, mila kêdah dipun walik mawi cuthik, inggih punika siti ing ngriku sabên katingal ragi padhêt, lajêng kadhangir, nanging kêdah ngatos-atos, sampun ngantos adamêl pêdhoting oyod.

Mênggah lêbêt cèthèking tancêbipun wiji dhatêng siti, manut aliting wiji ingkang dipun dhêdhêr, yèn wiji wau agêng inggih kêdah lêbêt pananêmipun, yèn alit kêdah cèthèk, inggih punika siti ingkang kadamêl ngurugi kintên tikêl ping 1½ ipun kandêling wiji. Malah tumrap wiji ingkang lêmbat sangêt botên prêlu kaurug, cêkap namung kauwur-uwurakên kemawon. Ing pasitèn ingkang awon utawi asrêp hawanipun, wiji wau kêdah katanêm langkung cèthèk tinimbang ing pasitèn ingkang lêma lan bêntèr hawanipun. Badhe kasambêtan.

Nirrasa.

Pasisir Kidul

[Grafik]

Margi sêpur saking Kalipucang dhatêng Pangandharan.

--- 118 ---

Jagading Wanita

Bab pangolahipun Durèn ingkang Sagêd Kasimpên Ngantos Lami.

Para maos kados botên kêkilapan dhatêng wontênipun durèn. Mênggah durèn punika kenging kaewokakên satunggiling wowohan ingkang mèh botên nate katampik dening sok tiyanga, amargi saking ecaning raosipun. Pramila inggih botên anggumunakên bilih wowohan wau kalêbêt madolakên. Mila inggih mèmpêr kemawon manawi rêginipun kalêbêt awis, saya manawi kalêrês mangsanipun awis durèn, satunggal kemawon ngantos rêgi tigang dasa sènan utawi langkung, ananging inggih ingkang agêng.

[Grafik]

Durèn ingkang sampun sêpuh.

Mênggah durèn punika kajawi kadhahar wajaran, ugi kenging kangge momoraning têtêdhan warni-warni, ingkang sagêd mathuk, kados ta: kangge momoran kolak, jênang tuwin sapanunggilanipun. Dene têtêdhan ingkang dipun dèkèki durèn punika angindhakakên ecaning raos, sarta ambêtipun lajêng tuntung wangi. Kuciwa sakêdhik dene durèn ingkang kaabênakên makatên wau botên ngantos sagêd dangu, têgêsipun manawi ngantos wayu dintênan kemawon lajêng kêdadak sampun mambêt. Ewadene inggih wontên pratikêlipun amurih botên enggal risak makatên. Dene sarananipun kêdah kadamêl jênang, namanipun inggih jênang durèn, pratikêling pangolah tuwin panyimpênipun makatên:

Durèn ingkang sampun sêpuh-sêpuh punika kapêcahana, tumuntên dipun pêndhêti ajaranipun kadhawahan [kadhawaha...]

--- 119 ---

[...n] ing kuwali ingkang rêsik, lajêng kadèkèkana gêndhis jawi ingkang ragi kathah tumuntên dipun ulèni. Sasampunipun durèn gêndhis sami carub, lajêng kadèkèkana sarêm lan toya sakêdhik. Lajêng kagodhog, lan kêdah kaudhak mawi irus salajêngipun ngantos tanak. Pratandhanipun manawi jênang punika sampun tanak, warninipun malih dados abrit sêpuh, lah punika sampun katalompèn enggal kaêntas kemawon. Ananging ing sadèrèngipun kêdah sampun sadhiya bumbung dêling ingkang rosipun satunggal sampun kabucal. Bumbung punika sasampunipun dipun koroki lan dipun gojagi rêsik, lajêng katuntasakên supados garing. Dene jênang ingkang sampun kaêntas wau enggal kaisèkakên ing bumbung, lajêng katutup mawi tutup ingkang rapêt saèstu. Bumbung-bumbung wau manawi kathah prayogi kagantung, ananging manawi namung satunggal kalih cêkap kadèkèk ing glêdhêg utawi ing paga kemawon.

Mênggah jênang durèn ingkang kaolah kados andharan ing nginggil, kajawi raosipun eca, punika sagêd kasimpên ngantos wulanan dangunipun, malah sagêd ngantos sataun laminipun têtêp sae botên risak, saya dangu saya mindhak eca raosipun. Samantên punika manawi bumbungipun rapêt, jalaran saening jênang wau winêngku dening pangrêksaning bumbung. Ewadene kula inggih dèrèng nate nyimpên jênang durèn ngantos langkung saking sausum dangunipun, jalaran kajawi namung sakêdhik inggih kasêlak botên srantos.

Kajawi kaolah kados ingkang sampun kasêbut nginggil, durèn punika inggih kenging kadamêl manisan limrah, mênggah raosipun ugi botên badhe kawon kalihan jênang durèn wau, lan ugi kenging kasimpên ngantos ragi lami, kiyat sapêkên utawi saminggu botên punapa-punapa, dene mênggah pangolahipun inggih sairib kados pangolahing jênang durèn, makatên:

Sasampunipun durèn sami kapêcah kapêndhêtan ajaranipun, lajêng kaklêmpakakên kawadhahan ing kuwali ingkang rêsik, tumuntên kasukanan parudan kalapa lan toya sakêdhik, lajêng dipun bucali ponggenipun. Sasampunipun lumêr lajêng dipun sukani gêndhis jawi ugi ingkang kapara kathah. Manawi sampun dipun ulèni kados wau lajêng kagodhog ngantos satanakipun, lan ugi tansah kaudhak, prêlunipun sampun ngantos kêlèt utawi ngêrèng. Mangsuli bab pandèkèkipun parudan kalapa ingkang kapara kathah, dene toyanipun cêkap sakêdhik kewawon.kemawon. Manawi sampun awarni abrit sêpuh lajêng kaêntas sarta kaisèkakên ing bumbung ingkang sampun sumêdhiya. Dene tutupipun sae mawia klaras pisang, jalaran punika ingkang botên mambêt talutuh tuwin sapanunggilanipun.

Sadaya jênang utawi manisan durèn wau anggèning anggodhog, latunipun kêdah mèntèr, botên kenging byar pêt, awit sagêd amurugakên sangit.

Wasana kula nyumanggakakên dhatêng sintên ingkang kaparêng nyobi.

W. Sarwana, Karangpêtir - Tambak.

--- 120 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

V. Pangantèn Batawi.

[Pocung]

wise mathuk tinêmune rêmbug rujuk / sasrahan ditômpa / kari golèk dina bêcik / ing lumrahe milih dina malêm Ngahad //

luwih prêlu yèn tanggal sapisan nuju / orane ya cêdhak / dadi ora ngapirani / awit lumrah uwong lagi mêntas blanjan //

ing dhèk mau sawise matêng dipadu / calon maratuwa / nuli wiwit akêkirim / layang ulêm mênyang sanak pawong mitra //

nganti sèwu trêkadhang nganti rongèwu / iku kôndha nyata / mung wong sing durung ngalami / mêsthi ngira mung umuk watone kôndha //

murih galur bêcik dikôndha sing mulur / supayane cêtha / cara-carane Batawi / lowung kêna digawe sêsambèn kôndha //

ulêm mau tumap wong sing duwe prêlu / diêcakke rampak / mèh sabên wong diulêmi / kêna bae sanadyan durung kulina //

iku durung isih ana ulêm sambung / mêtu saka mitra / supaya milu ngulêmi / nyang wong liya sing wong mau wis kulina //

dadi sambung sasat kaya ngulur dhadhung / bung-sumambung dawa / dadi akèhe wis mêsthi / yèn ngantia ewon jênêng ora lôngka //

ngono mau isih ana sing ambantu / tumrape wedokan / padha têka amarani / angulêmi wong wedok êmung ijoan //

gone mlaku ulêm-ulêm kabèh mau / isih bangêt awal / upama kurang sasasi / wis sumêbar layang ulêm mrana-mrana //

ala nganggur yèn wêruh sanak sadulur / iya nyampe kôndha / ing anane gawe kuwi / kabèh mau tumindak tanpa prakara //

yèn wis cukup nuli wiwit tata tarub / kanggo bukak meja / lan wiwit angrêratêngi / lah ing kono nganggo ulêm-ulêm prawan //

yèn pinuju usrêg lagi padha ithu / ing jaba ting krêcap / jêjaka padha ngruh-ruhi / anggêgarap sagêlême gone kôndha //

tindak mau satêmêne yèn diburu / mung agawe tuna / awit lumrahe mung nal-nil / tumindaking gawe kêladuk sêmbrana //

ana brak-bruk nyèlèh piring nganti rêmuk / yèn sing olah-olah / luput gosong iya sangit / dene mungguh nyatane mung kanggo srana //

sing tinêmu tindak sing mangkono mau / iya mung supaya / prawan padha ditontoni / lan manèhe aran dadi tatacara //

ing dhèk mau wong sing bênêr duwe prêlu / nganggo nanggap wayang / mungguh carane Batawi / pamayange manggone panggungan ngegla //

wise surup diyan-diyan uwis murub / saka ing kadohan / krungu ana trêbang muni / gumarambyang dibarung ramening swara //

iya iku pangantèn lanang lumaku / diiring punggawa / pangantène cara kaji / wise têmu kabèhe padha bubaran //

iya klêbu pangantène lanang mau / kono bêbarêngan / dhayoh têka [tê...]

--- 121 ---

[...ka] andalidir / karo awèh dhuwit barêng sêsalaman //

dene mungguh dhayohe sing durung wanuh / lan sing duwe omah / awit mung saka kêcangking / anggolèki uwong sing dhèk anu ngundang //

dadi kudu kêtêmu sing ngundang mau / dene wong sing têka / sadhela bae wis bali / ora ana sing tanak nganti jam-jaman //

sabên jêdhul mêtu tumuli disusul / diwèhi buntêlan / kanggo liru ulih-ulih / pating grandhul dicangking sadalan-dalan //

patrap mau babarpisan ora saru / malah go pameran / bab brêkate sing dicangking / dadi tôndha mêntas saka pasamuwan //

mula cukup palinggihane ing tarub / ora ngambrah-ambrah / awit wonge gênta-gênti / yèn kasuwèn malah digunêm wong liya //

bêngi mau ing sauwise jam wolu / tumuli wayangan / ramene ngudubilahi / ngêndi-êndi kêbak wong padha dodolan //

tansah gang gung sawêngi gamêlan ngungkung / sasat tanpa sêla / yèn mirid ramening uni / ing patute sawêngi mung pêpêrangan //

lumrah mungguh ing wong kono padha wanuh / yèn tumrape wayang / Gathutkaca didhêmêni / dadi padha karo rasane wong Jawa //

ing bab clathu mêsthi bae cara Mlayu / lan kamoran Jawa / tur rada kakehan Kawi / suwarane glêrêg-glêrêg kandhas dhadha //

wise rampung jam lima wis usung-usung / arang wong sing natas / yèn wis bangun bangêt sêpi / mula sabên êbyar wis ketok suwungan //

mantèn mau ora banjur milu mlêbu / anunggal saomah / êmung kala-kala tilik / seje dina pangantèn wedok digawa //

dhèk lumaku manganggo kaya dhèk têmu / mung sing lanang ora / nanging iya milu ngiring / êmung nylamur kaya wong nonton balaka //

andhêkukul mantène wedok dipikul / pupur putih rata / rupane nganti manglingi / ing sadalan-dalan ora lèrèn nyêmbah //

guse Abdul ya kêpêksa milu kumpul / angênggoni cara / barêng saiki wis mulih / lagi têntrêm atine karasa lêga //

cêkak cukup murih dongènge kêcakup / uripe Abdulah / kapenak lêstari mintir / sataune nuli duwe anak lanang //

tumaruntun duwe anak sabên taun / têlu padha lanang / wedoke siji ing buncit / suwe-suwe saya sugih andrêbala //

seje taun munggah kaji nuli turun / ing kono katara / têtêpe dadi wong sugih / ing arane kaji radèn dhèk samana //

aja kliru kang maca gêdhene nêsu / dene wacan bocah / nganggo ngandhakake rabi / satêmêne karêpe sing duwe crita //

sing dirêmbug carita kang bakal tutug / bab jêjêring kôndha / anjupuk crita dèn kaji / nanging murih cêtha diwiwiti kôndha //

dadi turut ora kêcurat-kêcurut / uruting carita / ing saiki diwiwiti / dibalèni manèh têmbang dhandhanggula //

--- 122 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Ing Bab Pêrgêrakanipun para Wanita Indhonesiah.

V.

Petruk: Kang Garèng, rêrêmbugane ing bab pêrgêrakaning wanita bok padha dilèrèni bae, wong atiku rada ngênês. Wong andina-dina aku banjur tansah digumbrêng karo Makne Kamprèt, kandhane mangkene: Wong lanang, sabên dina sing dicatur kok ora liya mung ing bab kamajuaning wanita, jarene wong wedok kuwi kudu mêngkana, kudu mêngkene. Gênahe bae apa wis bosên karo aku, kaya-kaya apa sing dadi sênêngane, sabisa-bisa iya tak gawèkake, kaya ta: akon gawe buntil (brubus, aliyas gêthuk lumbu), iya tak gawèkake, malah sapiring munjung-munjung dijablasake dhewekan, ewadene iya mêksa ora ana kêtrimane. O, Allah gusti, gusti, têka kaya mangkene têmên awakku kiyi. Mara, ta, Rèng, apa ora ngênês nyang pikiran, ing môngka pangangluhe mau nganggo dibarêngi sênggruk-sênggruk lan sêntuk-sêntuk. Turne iya wis tak ayêm-ayêmi arêp tak tukokake kacamata utawa cocoh barang, prêlune nèk nginang ora sêmang mamah, kuwi ora banjur sabar, malah saya nêpsu.

[Grafik]

Garèng: We, hla, kurang ajar, wong ngayêm-ayêmi kok arêp nukokake kacamata utawa cocoh, kuwi rak prasasat mujèkake supaya bojone enggala jêmpo. Mungguh sanyatane panêmune wong wadon sing kaya Makne Kamprèt kuwi saikine isih akèh, jalarane ora liya iya saka kurange sêsurupane, kang wusanane banjur kaliru panampane. Mulane tumraping kumpulan wanita ing jaman saiki kiyi, angèl bangêt sanggane. Awit bedane sêsurupane siji lan sijine isih nglangut bangêt, sawênèh ana sing wis lulus saka Milo lan sapêpadhane, nanging sing akèh kêrtas lan potlote rak cowekan kambi munthu. Kang iku mulane kêrêp bae sêdyane kumpulan wanita sing pancèn utama têmênan, banjur ditômpa kaliru.

Petruk: Ora ngêmungake wong wadon sing kok anggêp isih bodho-bodho sing sok kaliru tômpa, malah wong lanang-lanang sing pintêr-pintêr akèh bae sing sok kaliru tômpa, kaya ta upamane: ana wong wadon padha kumpul-kumpul, [kumpul-ku...]

--- 123 ---

[...mpul,] banjur bae diarani kumpulane para Srikandhi, apês-apêse ya kumpulane para Mustakawèni, wadhuh, banjur ribut satêngah mati.

Garèng: Wiyah, wiyah, bok aja sok dhêmên maido ing liyan, aran manusa kuwi pancèn gampang kalirune, tandhane kowe dhewe lagi anu kae: kowe anglarangi anakmu Si Kamprèt udut, pancèn iya ana bênêre, awit udut kuwi sok gawe dhêdhêling pikiran. Nanging barêng ana anaking tôngga carita nyang kowe, yèn Si Kamprèt ana ing sakolahan sok udut, tanpa kok titi dhisik, pêthi wadhahe sandhangan lan kanthonge jase kok balengkraki sakrêsa-krêsanya, nèk-nèke ana rokoke. Kang mangkono mau kowe rak agawe tatuning atine Kamprèt, iya nèk iya, kèri-kèri kandhane anaking tôngga mau mung gawe-gawe bae, kêpriye. Kuwi apa ora kaliru kowe jênênge, mulane aja guru-guru maido nyang wong liya.

Petruk: Yak, bok aja mêlèhake barang sing uwis-uwis, wong nang wêtêng rasane sênêp, jalaran awit saka iku, ora ngêmungake Kamprèt thok sing jèngkèl nyang aku, sanadyan kônca-kancane sing biyèn padha ambapak karo aku, sajake saiki iya padha akalewa-akalewa. Wis, wis, bab kiyi padha dipunggêl samene bae. Saiki aku arêp takon nyang kowe, mungguh panêmumu apa sing kudu ditindakake para panuntuning pakumpulan wanita, supaya ing têmbe buri para wanita padha bisa mundhak darajate.

Garèng: Nèk panêmuku, sing kudu ditindakake kang prêlu dhewe ana patang prakara, kang kapisan: kudu ambudidaya supaya para kênya olèh pangajaran kang sampurna, prêlune yèn laki uripe bisaa anjajari karo lakine.

Petruk: Mêngko sik, Kang Garèng, aku tak nyêlani, tumrape aku dhewe iya pancèn rujuk bangêt, yèn bocah wadon kudu disêkolahake sing nganti sampurna, nanging kosok-baline iya akèh bae sing ora cocog, kandhane: anakku wadon ora tak sêkolahake dhuwur-dhuwur, sêbab aku kuwatir mêngko mundhak dadi ... têlung prapat nyonyah.

Garèng: Lo bab kiyi kowe ora kêna nyalahake bocahe wadon, nanging sing pantês disalahake wong tuwane. Awit, anane sêkolahan sing dhuwur-dhuwur kuwi sing nganakake bôngsa kulonan, dadi sing dadi dhêdhasare piwulang ing kono iya mêsthi ngango dhêdhasar kulonan. Mulane sing dadi wong tuwa kudu sing prayitna ngati-ati, aja mung anggatèkake biji rêpotane, nanging kudu tansah anjaga lan bisa nglêbokake rasaning kajawène nyang anake mau. Wis, wis, saiki tak banjurne mungguhing panêmuku ing bab kang prêlu diudi dening para panuntuning pakumpulan wanita, yaiku kang kaping pindho: ambangun wêwatêkane para wanita, apadene para kênya, sarta moncèrake budine kanthi diniyati.

Petruk: Ora, Rèng, mungguh dalane ambangun wêwatêkane para wanita kuwi apa sing cara

--- 124 ---

Landane: vrije omgang kae. Têgêse: bocah lanang lan bocah wadon kudu dimardikakake kêkumpulan dadi siji. Nèk kaya mangkono dalane, aku kok kêpengin dadi jaka kumala-kala manèh.

Garèng: Yak, kok banjur mikir awake dhewe ngono, sanyatane iya pancèn ana sing nyarojani karo sing kok kandhakake vrije omgang mau, nanging bab kiyi aku tak ora anglairake gagasanaku bae, mêngko mundhak ana sing kliru surup. Ananging mungguhing panêmuku, sing diarani ambangun wêwatêkane para wanita, yaiku: ngudi supaya wong wadon aja dipingit bangêt-bangêt, nanging supaya anduwèni kêkêndêlan, kêkêncêngan pikir, ora cara biyèn mung ngarêp-arêp kabêgjan, yaiku: bisa olèh bojo sing bagus, sing sugih, sing duwe drajat, nanging wanita kudu anduwèni tekad, nèk kapêksane, bisaa urip dhewe. Dene kang têlung prakara kang pantês diudi dening kumpulaning para wanita: ambudidaya ilange adat-adat kuna kang wus ora mathuk karo jamane. Bab kiyi ora prêlu dak jalèntrèhake dawa-dawa, cêkake sabên wong Jawa wis mêsthi ngrêtine. Dene prakara kang ôngka papat kang prêlu diudi dening pakumpulaning para wanita: bêbarêngan karo para kakung para wanita bisaa ambantu nyambut gawe ngudi marang kaarjaning bangsane. Wis, Truk, anggone rêmbugan bab pêrgêrakaning wanita padha dilèrèni samene bae, seje dina padha rêmbugan bab liyane.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Saking panêdhanipun sadhèrèk juru pangriptaning Kajawèn, sabên dintên Sabtu kula kapurih tumut angramèni isinipun Kajawèn. Blakanipun makatên, kula jimbit sangêt, tiyang kapurih ngramèni, têka kêdah ngisèni kalawarti, inggih botên gampil. Kajawi ta, manawi kapurih angramèni ... nêkuk krupuk, mothèng-mothèng opor, ambagi brêkat, sanadyan galiyak-galiyak inggih mêksa matur: sêndika. Utawi kapurih ngramèni: tayuban, sanadyan wiwitipun mawi lengkat-lengkot, nanging manawi kêndhangipun ngungkung tumuntên badhe kadhawahaken, inggih mêksa enggal-enggal kula majêng, sampun ngantos kêpancal ungêlipun êgong, jalaran, mangke kula mindhak rugi: pacak gulu. Sarêng dipun purih ngramèni kok ngisèni sêrat kalawarti, inggih mêksa nunak-nunuk. Ewadene ing sarèhning kula namung dipun pasrahi ngobrol aliyas omong kosong, grathul-grathul inggih badhe kula lampahi.

Sadèrèngipun kula miwiti obrolan kula punika, mugi kaparênga kula nyuwun nêpangakên dhatêng para maos tuwin para lêngganan rumiyin. Mênggah nama kula punika S.m.t. Sampun têmtu, bilih nama punika satunggiling nama cêkakan. Kadospundi jangkêpipun, ngêmungakên kula sumanggakakên dhatêng para maos. Manawi dipun ngandikakna, bilih

--- 125 ---

S.m.t. punika cêkakanipun saking S(aja) m(aoe) t(oeloeng) kula malah matur nuwun kaping sèwu, awit inggih pancèn makatên punika ingkang tansah dados idham-idhaman kula. Dene ingkang nama têtulung punika, manawi pamanggih kula, botên ngêmungakên suka têdha lan sandhang dhatêng pêkir miskin kemawon, nanging sayêktosipun mawarni-warni, kados ta: nêtêpi kuwajibanipun, punika inggih sampun nama: têtulung. Tumrapipun tiyang nyambut damêl, manawi nyambutdamêlipun anêtêpi sayêktos punapa ingkang dados kuwajibanipun, inggih sampun atêgês: amitulungi dhatêng tiyang ingkang nyukani padamêlan. Tumrapipun para lêngganan Kajawèn, manawi nêtêpi kuwajibanipun, inggih punika: salêbêtipun Januari punika: jrèng, ngintuni arta lêngganan Kajawèn, sakêdhik-sakêdhikipun kangge sakwartal, inggih nama: amitulungi gêsangipun Kajawèn, makatên sapiturutipun.

Antawisipun para maos, têmtunipun inggih wontên, ingkang ngintên bilih S.m.t. punika cêkakanipun saking: S(aja) m(aoe) t(oeroet). Hla, punika kula inggih matur: nuwun, sanadyan inggih wontên kalanipun ingkang kula malah dados jèngkèl, awit ukara ingkang makatên wau, wontên ingkang sae pikajênganipun, nanging inggih wontên ingkang nyakitakên rêmpêlu. Ingkang sae upaminipun: Saja maoe toeroet sadaya piwulangipun para sêpuh ingkang sae-sae. Wah, punika utami sangêt. Nanging manawi: Saja maoe toeroet batja sadja upaminipun, punika sok wontên kalanipun ragi ngisin-isini, punapa malih manawi tumutipun maos wau, botên kanthi palilahipun ingkang gadhah waosan, punika ingkang kanamakakên: ngisin-isini kasbut nginggil, lajêng kemawon promosi kabênum dados jêjuluk: saèn. Upaminipun mênggahing kalawarti Kajawèn, punika wontên sawênèhing tiyang ingkang badhe lêngganan piyambak, botên purun, nama mokal ta, yèn botên sagêd tumbas piyambak, awit rêgining Kajawèn punika sawulanipun namung powatun (f 0.50-) wusana lajêng ngampirakên rara Kajawèn nalikanipun badhe sowan dhatêng priyantun ingkang wajib nampi, thik cara pangangge makatên, mawi dipun agêm rumiyin, tur pangagêmipun ragi kêdangon, wêwah-wêwah botên mawi palilahipun ingkang kagungan. Sarêng pangagêmipun sampun katog, ngantos wujudipun dados kluwus-kluwus, rara Kajawèn sawêg kaparêng nglajêngakên lampahipun. Môngga, punapa tindak makatên punika botên kenging kanamakakên saèn, pantêsipun rak malah kêdah dipun wêwahi èmbèl-èmbèl: sêmbrantên diningrat.

Cêkakipun kadospundi anggèning para maos badhe anjangkêpi cêkakan S.m.t. wau, kula namung nyumanggakakên kemawon, janji sampun dipun wastani cêkakanipun: S(oedah) m(aboek) t(oean). Hla, punika kula tobat mêncit saèstu. Dupèh sampun ngangge sêtelan, rumaosipun lairan, amsêtêrdham, sumêrêp tiyang gêgriya kirang rêsik sakêdhik kemawon, irungipun lajêng cungar-cungir, manawi botên dipun sêbut: bêndara tuwan, gidro-gidro. Malah manawi wontên Walandi [Wa...]

--- 126 ---

[...landi] kalintu ngajak omong cara Mlayu, inggih muring-muring sayêktos, môngga, punapa punika botên nama cilaka.

Dene manawi wontên ingkang mêstani, bilih S.m.t. cêkakanipun S(aja) m(oendhak t(janthas) utawi S(aja) m(anther) t(jahyane), lo, kula andhèrèk kemawon, tiyang kula namung drêma nglampahi. Sampun samantên kemawon rumiyin.

S.m.t.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès.

Kawartosakên ing dhusun Pêndhêm lan Jêpang, bawah ondêr dhistrik Mêjaba, dhistrik Tênggèlès (Kudus), têtiyang kalih dhusun punika padamêlanipun sami andamêl wadhah rokok (dobong) kasade kalihan juragan rokok ing Kudus. Ananging wiwit wulan Januari 1930 punika, juragan Kudus sampun botên purun tumbas malih awit sampun angsal lêngganan pêthi saking Eropah, ingkang tumbasanipun langkung mirah kados tumbasanipun dobong. Jalaran saking punika tiyang dhusun ingkang kasêbut ing nginggil sami rêkaos anggènipun ngupados sandhang têdha. (Ngaripin).

Wontên pawartos, benjing wulan Pèbruari ngajêng punika ing Batawi badhe kawêdalakên sêrat kabar enggal nama Pewarta Betawi mawi basa Mlayu, dipun pandhegani dening Tuwan G. Siagian. Sakawit badhe kawêdalakên saminggu kaping kalih, dene manawi sagêd lêstantun gêsang sae benjing taun 1931 badhe kadadosakên sêrat kabar dintênan. Sêrat kabar wau ancasipun, netral.

Wontên pawartos, benjing tanggal 3 Marêt punika B.R.M. Tinggarta kalihan B.R.M. Darajatun, putra dalêm Kangjêng Sultan ing Ngayogya, sêsarêngan kalihan Tuwan J.J. Hofland administraturing kabudidayan gêndhis sawatawis ing paresidhenan Ngayogya, badhe pangkat dhatêng nagari Walandi prêlu nglajêngakên pasinaonipun.

Saking Sukabumi kawartosakên, ing bawah Jampang kulon jalaran sampun sawatawis lami botên wontên jawah kathah sabin-sabin ingkang kalajêng kabêrakakên. Samangke rêgining pantun ing dalêm sagèdhèngipun (5-6 kati) sampun 35 dumugi 40 sèn, dados ing dalêm sapikulipun 17 utawi 19 rupiyah. Makatên ugi ing bawah Lubuk Pakam (Dhèli) kathah sabin ingkang botên dados katapsir pamêdalipun botên wontên sapalihipun kalihan adat sabên.

Kawartosakên kawontênanipun ludrug ing Kudus katingalipun majêng sangêt, kintên-kintên sampun wontên 15 golongan, lan sabên dipun tanggap tiyang, ingkang ningali ngantos atusan, jêjêl uyêl-uyêlan. Ingkang dados ludrug punika lare jalêr sadaya, ananging manawi sampun mangangge cara èstri adamêl kêpencutipun ingkang sami ningali. (Ngaripin).

Volksuniversiteit ing Surakarta sampun saèstu kabikak, dipun pangagêngi dening Mr. Singgih saha Mr. Ali Sastraamijaya. Guru-guru sanèsipun ingkang tumut mulang inggih punika: Dr. Sêmèru, M.Ng. Yasawidagda, M. Sumardi, Ahmad saha Aliman. Tumrap para wanita kawontênakên kursus piyambak. Kursus babagan kawruh tataning nagari (staatsinrichting) ekonomi, basa Inggris, basa Walandi saha kawruh nyêpêng buku (boekhouding) ugi botên kantun. Bayaran kadamêl mayar, supados Volksuniversiteit wau têtêp nama pitulungan tumrap rakyat ingkang sumêdya ngangsu kawruh.

Ing kabudidayan Egah Arap (S.O.K.) mêntas wontên sawênèhing bôngsa Jawi ingkang kacêpêng jalaran nyêbar ngèlmi warni-warni sarta sade jimat kêdhotan dhatêng para kuli-kuli. Wontên kuli 8 ingkang sampun tumbas jimat wau ugi katahan pisan.

Wontên kabar, Tuwan C. Adriaanse, Controleur ter beschikking van den Adviseur voor Inlandsche zaken benjing wulan Pèbruari punika badhe pangkat dhatêng nagari Walandi prêlu nglajêngakên pasinaonipun wontên Leiden. Tuwan wau calon kapiji anggêntosi Tuawn van der Meulen kunsul nagari Walandi ing Jedah ingkang badhe lèrèh benjing taun ngajêng punika.

Pasar Gambir ing Batawi taun punika badhe kawontênakên benjing tanggal 23 Agustus dumugi 7 Sèptèmbêr, dados langkung dangu katimbang adat sabên.

--- 127 ---

[Grafik]

Tuwan Dr. G.W.J. Drewes suwau pangagênging taaltechnische afdeeling ing Bale Pustaka, kawisudha jumênêng wd. Hoofdambtenaar ugi ing Bale Pustaka. Anggêntosi suwargi Tuwan T.J. Lekkerkerker.

Jaarbeurs ing Bandhung ingkang kaping sawêlas badhe dhawah benjing tanggal 21 Juni dumugi 6 Juli ngajêng punika.

Wontên pawartos, Tuwan Stokvis ingkang wêkdal samangke wontên ing nagari Walandi, suwau dados jagoning I.S.D.P., benjing wulan April ngajêng punika badhe dhatêng Indhonesiah malih, nanging botên lami.

Saking Kutharaja (Acèh) kawartosakên, bilih ngrika kala tanggal 21 Januari punika wanci jam 7, 7.15 sarta 7.45 karaos wontên lindhu, nanging botên sapintêna.

Wontên pawartos, sadèrèngipun ngancik wulan Siyam ngajêng punika paduka Sultan ing Siyam (S.O.K.) kaparêng badhe krama malih pikantuk putrinipun Têngku Pangeran Êmbang ing Langkat, sadhèrèk kalihan pramèswarinipun ingkang sampun seda.

Miturut kêkancingan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, kawisudha dados Wd. kumêndhaning prajurit dalêm, anggêntosi Pangeran Arya Purbanagara suwargi. Sasampunipun tampi kêkancingan dalêm panjênênganipun lajêng kadhawuhan sowan dhatêng dalêm gupêrnuran, prêlu nyaosi uninga ing bab wau. Konduripun saking sowan ingkang gupêrnur, kadhèrèkakên dening para upsir-upsiring kraton.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3358 ing Sapuran. Wisêl f 4.50 sampun kula tampi. Tiga pisan sampun kalêbêt ing buku lêngganan, nanging wiwit 1/2 '30, awit Kajawèn nomêr 1 dumugi 4 sampun têlas. Kula aturi paring priksa sintên namanipun para sadhèrèk ingkang panjênêngan lêbêtakên dados lêngganan. Manawi nyata inggih badhe pikantuk, nanging manawi ênthal-ênthil, botên badhe katampi.

Agèn nomêr 1815 ing Tumpang. Pamundhut panjênêngan P.P. dèrèng sagêd ngaturi, krana taksih ribêt saking kathahing tandhon padamêlan, namung kemawon kula ngaturi priksa manawi ngangkah pikantuk P.P. saha Kdj. gratis, kêdah nglêbêtakên tiyang utawi pambayaran 9 x f 1.50 + f 1.- = f 14.50 Lêngganan ingkang botên dados tanggêlan, botên kenging kapetang.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1791 ing Klumprit. Kintun pakabaran prayogi kakintunakên sarana Document, waragadipun langkung mirah, kirangipun saking wawrat 50 gram, waragadipun namung 12 1/2 sèn, nanging botên kenging dipun kanthèni sêrat, utawi sêrat ingkang kakintunakên wau botên kenging dipun pati.

Lêngganan nomêr 3037 ing Surakarta. Pambantu Kajawèn sampun nyêkapi. Ewadene manawi badhe manjurung botên wontên pakèwêdipun. Ngintunakên gambar kenging gulungan kemawon.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn tampi buku paramasastra Walandi saking Boekhandel S.M. Diwarna, ing Kuthagêdhe, satunggal iji. Buku wau minôngka katranganing Woordenboek Walandi Jawi kados ingkang sampun kawêdalakên, rêgi f 0.75. Buku wau agêng pigunanipun.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

Pawartos Wigatos

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan enggal. Sintên ingkang botên tampi Kajawèn nomêr 1 dumugi 4, punika anggènipun lêngganan kapetang wiwit ing wulan Pèbruari 1930. Dados Kajawèn ingkang dipun tampèni ing wulan Januari kapetang lêlahanan. Wontênipun makatên, amargi Kajawèn nomêr 1 dumugi 4 wau sampun têlas.

Adm.

--- 128 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta.

6.

[Asmaradana]

awit yêktosipun gusti / lamun botên umèngêta / kawula tiwas yêktine / kenging alating pusaka / satêmah kapitunan / yèn tiwasa cèthinipun / dhuh mila gusti èngêta //

tamat ature sang putri / sang nata anggung anggagas / têmah kanggêg ing ciptane / mangu-mangu manglocita / gawat têmên tyasira / patute yèn tan tinurut / sumanggêm praptèng palastra //

bêcike ingsun turuti / mangkana sabdaning nata / Marwati sun marêngake / sira sêmaya wit arsa / cêcêgah tarakbrata / mung rong côndra laminipun / yayi sun turut sêdyanta //

nging sira ywa mijil-mijil / mêmpêna sajroning kamar / sandika sang dyah ature / wau Sang Prabu Karêndha / mijil saking jro pura / sang dyah kantun amanêkung / nyênyuwun mring Hyang Wisesa //

sagêda oncat tumuli / saking karaton seluman / sang dyah dahat panlangsane / sigêg gantya kawuwusa / nèng gêmpalaning kôndha / Warsa Kusuma Sang Prabu / raja gung Banjaransêkar //

kagungan putra sawiji / kêkasih Radyan Sujana / satriya bagus warnane / ruruh jatmika solahnya / karêm andon lêlana / mring wana misaya manuk / myang kewan kidang mênjangan //

cinandhêt rama tan kêni / nuju ing sawiji dina / mring wana nganthi abdine / Jola Jali namanira / Jola wungu warnanya / anjêbobog rambutipun / netrane wiyar tur kera //

Jali rambute barintik / krêsna kêkulitanira / dêdêge mathekol cêndhèk / nanging kalih-kalihira / digdaya sugih guna / kinawêdèn pra lêlêmbut / kocapa Radyan Sujana //

praptèng wana sêpi mamring / paksi miwah buron wana / sawiji tan ana katon / amung paksi jalak seta / nèng êpang lincak-lincak / pindha mêmengin sang bagus / mlaku-mlakua dèn pikat //

radyan awas aningali / nèng jalak ulêse seta / jambul nèng lêmah cêcèkèr / nulya mabur mencok ngêpang / karsane Dyan Sujana / arsa pinanah kang manuk / ngandika mring Jali Jola //

pundhutên jêmparing mami / panah sawuse tinampan / pinênthang swara gumêrèt / panahe sampun pinasang / mulat sang paksi jalak / anjrit sarwi manabda sru / dhuh dhuh satriya utama //

aywa pinatèn wak mami / dasihira botên dosa / kalamun pinarêngake / kawula badhe suwita / dhumatêng sang minulya / sadhawuh kawula nurut / Dyan Sujana kanggêg ing tyas //

kanthi gawok ing panggalih / dene bisa tata janma / jalak bêcik sun abdèkke / bokmanawa bisa karya / kabungahan ing benjang / mangkana radyan nabda rum / hèh jalak kalamun nyata //

arsa suwita ing mami / sira nuli tumuruna / kang jalak tumurun age / dhêkêm na ngarsane radyan / sêmune solahira / ngêkêr kasusilanipun / sarta wruh ing tatakrama //

Dyan Sujana ngandika ris / hèh jalak ingsun têtanya / ngêndi sira pinangkane / sarta apa ingon sira / de bisa tata janma / kang jalak umatur dhêku / amba yêkti jalak wanan //

gèn amba sagêd mangrêti / tata wicaraning janma / saking mung kulina bae / ing nguni ulun kulina / mring lare-lare kathah / nèng pangonan tumut-tumut / gunêman caraning janma //

myang amba sakêdhik-kêdhik / anggêgulang mring krawitan / saking mêmpênge dasihe / anyêlaki wong amaca / lami-lami widagda / angulah lêmêsing têmbung / mring lêlagon ura-ura //

nadyan dèrèng anyêkapi / nging sampun lowung katimbang / lan bangsaning manuk kaot / wus sagêd ngrakit ukara / mring laguning wong nêmbang / kaote sarèhning manuk / sok wontên kithaling basa //

radyan kakênan ing galih / ngalêmbana jroning driya / pancèn lantip manuk kiye / sêmbada lan pelagira / pantês dèn pinilala / mèsêm ngandika sang bagus / hèh jalak sira sun tômpa //

gonira suwita mami / mêngko sun paringi aran / pantês Si Cundhuk arane / kang jalak matur sandika / sarwi matur têtanya / mugi tinêbihna ulun / sêsiku myang ila-ila //

dasihira kumawani / têtanya anilakrama / gusti ing pundi prajane / lan sintên kêkasihira / supadi tyas kawula / tan tidha-tidha wong bagus / suwita satriya tama //

radyan mèsêm ngandika ris / bênêr jalak aturira / wruhanta ingsun putrane / Sang Prabu Warsakusuma / nagri Banjaransêkar / Dyan Sujana jêjulukku / de praptaningsun jro wana //

lêlana angenggar budi / mung nganthi dwi panakawan / Si Jola Jali arane / Cundhuk nabda nolih wuntat / ki raka kalihira / mugi dèn samia rukun / kêkancan lan jalak wana //

kalihe nabda ya yayi / kang mantêp suwita dara / jalak angguguk sabdane / iya kakang iya kakang / radyan malih ngandika / Cundhuk ingsun arsa kondur / mring praja Banjaransêkar //

nunggala abdiku kalih / dhèrèka kondur mring praja / Cundhuk amanis ature / dhuh adhuh radyan ywa duka / sampun ginalih amba / mung lamisan atur ulun / kang sampun katur paduka //

tan mingkêt ing lair batin / sêdya mantêp suwitamba / amung samangkya dasihe / tan dhèrèkkên kondurira / awit sajatinira / nadyan amba bôngsa manuk / rèh kulina sabèng wana // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---