Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01-29, #450

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01-29, #450. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01-29, #450. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 9, 28 Ruwah Taun Ehe 1860, 29 Januari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [129] ---

Ăngka 9, 28 Ruwah Taun Ehe 1860, 29 Januari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Talaga ing Maninjo

[Grafik]

Panggenan sawangan ingkang adi kados gambar nginggil punika, kathah têtiyang dhatêng ningali.

--- 130 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Sêsakit bêntèr tiyang èstri ingkang bakda gadhah anak (kraamvrouwenkoorts)

Tiyang èstri ingkang mêntas gadhah anak punika, wadhahipun bayi ing panggenan êmbing-êmbing, ingkang sampun uwal katut lair kalihan bayi, wontên tatu-tatunipun. Tatu-tatu ing wadhah bayi wau sagêd kalêbêtan rêrêgêd saking jawi nyarêngi wêkdal bayi utawi êmbing-êmbing mêdal. Dados katularan baktèri utawi basil ingkang ambêbayani. Mila tiyang èstri ingkang nglairakên bayi ngantos dumuginipun ganggas, punika kenging dipun wastani tiyang ingkang nuju sakit (kraambed). Ing wêkdal punika, tiyang èstri wau gampil kenging sêsakit, langkung-langkung tiyang èstri ingkang ringkih.

Limrahipun tiyang èstri ingkang nêmbe gadhah anak punika sasampunipun 2-3 dintên badanipun bêntèr sakêdhik 38°, jalaran toyanipun susu badhe mêdal (jawinipun: nawoni). Ing salêbêtipun sadintên utawi kalih dintên bêntèripun sagêd ical. Dene manawi bêntèripun têrusan kemawon, nandhakakên ing wadhah bayi katularan utawi kalêbêtan baktèri utawi basil.

Wadhah bayi ingkang tatu-tatu wau, ing sawatawis dintên, sakawit ngêdalakên êrah ingkang matêng abrit sêpuh, sasampunipun kintên gangsal dintên dumugi saminggu utawi langkung êrah bêning abrit sulak jêne, wêkasan dumugi 2-3 minggu wêdalipun êrah pêthak, lajêng sagêd pampêt, dados saras. Manawi langkung dangu têrusan ngêdalakên êrah abrit, punika nandhakakên ingkang gadhah anak sakit bêntèr (kramvrouw), ing nglêbêt wontên ingkang ewah. Limrahipun tiyang èstri ingkang saras, sasampunipun anglairakên bayi ngêdalakên êrah (kramvloed), botên mambêt utawi mambêt êrah amis sakêdhik, nanging samăngsa êrah wau mambêt botên eca, utawi mambêt bacin, punika nandhakakên wadhah bayi kalêbêtan baktèri utawi basil, lajêng sagêd thukul bêntèripun, dados tiyang èstri wau kenging ing sêsakit (infectie), ingkang jalaran baktèri katut ing êrah, lajêng sagêd nukulakên buikvlies onsteking ing pundi-pundi utawi wisa baktèri (toxine) waradin ing êrah lajêng sagêd thukul bloedvergiftiging, ingkang sangêt ambêbayani. Sêsakit ingkang thukul jalaran tatu-tatunipun wadhah bayi ingkang nêmbe nglairakên bayi lan êmbing-êmbing katularan baktèri punika, namanipun kraamvrouwenkoorts.

Tiyang èstri ingkang kataman sêsakit wau bêntèr sangêt, sagêd ngantos 40° utawi langkung, mawi andhrodhog, wêtêng kêmplung-kêmplung lan malêmbung, manawi kagêpok utawi kagrayang karaos sakit. Êrah ingkang mêdal saking wadhah bayi mambêt badhêg utawi bacin, kêtêging tangan rikat, ambêgan [ambê...]

--- 131 ---

[...gan] mênggèh-mênggèh ugi rikat. Ingkang sakit asring nuntak-nuntak, andalêming trêkadhang botên èngêt kadosdene tiyang ingkang setanên.

Adat tiyang èstri ingkang katrajang sêsakit punika kathah ingkang tiwas. Manawi saras, sakitipun ngantos wulanan utawi sataun langkung, ananging badanipun inggih risak sangêt, rambut sagêd bodhol lajêng gundhul, kêra sangêt lan ringkih. Ingkang botên saras salêbêtipun 14 dintên dumugi 2-3 wulan sagêd pêjah.

Pamulasaranipun ingkang sakit, ingkang prayogi kêdah wontên ing griya sakit, kapapanakên piyambak, têtêdhanipun ingkang êmpuk-êmpuk, kados ta: puhan, tigan lan sanè-sanèsipun ingkang kathah vitamine nipun. Jampi suntikan ingkang prêlu dipun jampèkakên, kêdah kapatrapakên ing dhoktêr piyambak.

Panjagi panulakipun sêsakit wau, tiyang ingkang badhe manak, sadèrèngipun kêdah rêrêsik ing pawèstrèn, wulu utawi rambut pawèstrèn kêdah dipun icali. Dhukun utawi vroedvrouw ingkang badhe nulungi kêdah saras, botên kenging korèngên, gudhigên, tatu utawi sêsakit sanès-sanèsipun ingkang sagêd nular, lan malih pangangge kêdah rêsik. Badhe kasambêtan.

Pawartos Wigatos

Lintah dharat.

Punapa ingkang dipun wastani lintah dharat, para maos kados sampun botên kêkilapan, inggih punika tiyang ingkang pakaryanipun nyambutakên arta mawi sarêman tikêl têkuk, wontênipun anjrah ing pundi-pundi, ing kitha ingkang agêng-agêng, ing kitha ingkang alit-alit ngantos malêbêt ing dhusun-dhusun. Dene ingkang dados mangsanipun ingkang kathah inggih tiyang siti piyambak, kabêkta saking anggènipun botên sagêd anggêmèni pamêdalipun, gêsang mubra-mubru ingkang botên wontên tanjanipun, satêmah lintah dharat wau wontênipun botên mêndha malah saya subur gêsangipun. Kajawi punika kathah kemawon tiyang ingkang jalaran saking kaslêpêk ing bêtah, lajêng korup kenging kapiluta dening manising lintah dharat, malah ingkang kapiluta wau trêkadhang botên rumaos manawi sajatosipun sampun lumêbêt ing jirêt, angèl sangêt sagêdipun uwal. Lêrês wiwit taun 1916 sampun wontên woekerordonanntie ingkang mratelakakên bilih pangadilan dipun kuwasakakên suka kamayaran dhatêng tiyang ingkang kapitunan utawi ambatalakên prajanjian, manawi kagalih pamêndhêting sarêman kawratan, ngantos adamêl rêkaosipun, nanging bab punika para lintah dharat ugi botên wêgah. Dene rekadaya ingkang dipun tindakakên samangke supados mangsanipun botên badhe sagêd gagal, inggih punika sarana sêrat accept, ingkang kapurih nèkên dening tiyang ingkang nyambut. Mênggah ingkang

--- 132 ---

dipun wastani sêrat accept punika sêrat sambut apisambut tumrap băngsa Eropah ing bab lampah dagang, mila ing salêbêtipun sêrat accept wau botên namung piyambakipun piyambak ingkang kasêbutakên sudagar, nanging ingkang nyambut kaawadakên sudagar ugi. Inggih awit saking rekadaya punika para lintah dharat lajêng giyak-giyak malih, mangsanipun botên wontên ingkang gagal.

[Grafik]

Pangrèh panuntuning Anti Woeker-Commisie saking kiwa manêngên, Tuwan-tuwan W. S. de Haas, pangagênging Tucht-Opvoeding en Amrwezen, Mr. P. G. Bijdendijk, voorzitter Landraad, Mr. K. L. J. Enthoven, pangarsa Mr. van Uchelen, panitra Th. A. Meister residhèn punsiun Loa Sek Hie, warga rad kawula R.M.A.A Kusuma Utaya, warga rad kawula W. van Balen, warga rad kawula Mr. Th. A. Fruin, dhirèktur Centrale Kas J.J.B. Ostmeier, adpisur A. D. E. K. saha C. J. Hulshoff voorzitter Anti Woeker-vereeniging ing Bandhung.

Tujunipun lajêng katungka adêgipun Anti-Woeker-Vereeniging ing Bandhung ingkang sêdyanipun badhe ananggulangi krodhanipun para lintah dharat. Dumuginipun samangke sampun kathah sangêt ingkang kapitulungan, sakêd uwal saking jirêting lintah dharat. Pakêmpalan kasêbut nginggil ugi adamêl propagandhah wontên ing pundi-pundi, nêrangakên bilih tiyang punika kêdah ngatos-atos ing gêsangipun, sampun ngêbrèh, sampun giri-giri pados sambutan dhatêng lintah dharat, ingkang botên sande badhe nuwuhakên kasangsaran. Bab punika pamarentah ugi botên kêkilapan. Malah sampun ngawontênakên Anti Woeker Commissie ingkang kapatah nyinau saha suka panimbang minăngka pananggulang saha nyirnakakên wontênipun wukêr.

Minăngka pungkasaning wawasan bab lintah dharat punika, bêbasan sadhiya payung sadurunge udan, katimbang nguculi jirêt ingkang sampun sumingsêt, kados langkung prayogi tinêbihna kemawon, liripun, sampun ngêdalakên arta ingkang botên wontên tanjanipun, dene manawi wontên kaslêpêking bêtah prayogi nyuwuna pitulungan dhatêng pagantosan ingkang nyambutakên arta kalayan sarêman mayar.

--- 133 ---

[Grafik]

Gambar pambikakipun rad Kabupatèn Kudus.

Adêgipun Rad Kabupatèn ing Kudus

Ing dintên Sênèn tanggal 13 Januari 1930 rad Kabupatèn Kudus kalampahan ngadêg.

Sadèrèngipun tuwan residhèn rawuh, lid-lid rad kabupatèn sampun sami wontên, makatên ugi pangarsa, sèkrêtaris saha dhirèktur padamêlan rad kabupatèn ugi sami satata.

Dene ingkang sami ningali inggih kasadhiyanan kursi ing salèr, sawetan saha sakilènipun panggenan rad. Ingkang sami rawuh mirsani para luhur Jawi kakung-putri, ingkang Bupati Dêmak, Japara. Sanèsipun punika para tuwan-tuwan Walandi sanyonyahipun, para băngsa Tionghwa, para priyantun, para sudagar lan tiyang bumi.

Jam sadasa Tuwan Residhèn Kudus rawuh, nitih oto kadhèrèkakên para asistèn residhèn, saha kumêndhan pèl pulisi, kajajaran ing ngajêng wingking pèl pulisi kathahipun suwidak sami numpak pit. Jlok saking oto rawuhipun tuwan residhèn katampi pangarsa kanthi lid Walandi satunggal, lid Jawi satunggal, lid Tionghwa satunggal. Tuwan residhèn lajêng têdhak dumugi ing palênggahan ingkang sampun kasadhiyakakên, manthuk maringi urmat dhatêng lid-lid, lid-lid lajêng ngadêg manthuk nyaosi urmat, lajêng sami lênggah malih.

Tuwan residhèn mêdhar pangandika, ing bab pambikaking rad kabupatèn wau.

Pangarsa rad kabupatèn gêntos mêdhar sabda, suraosipun anampèni dhawuh pangandikanipun tuwan residhèn ing saprêlunipun, saha ngaturakên panuwun dhatêng ingkang sami rawuh sadaya. Wusana lajêng sami lêlênggahan, saha salajêngipun bibaran, wilujêng.

--- 134 ---

Kawruh Sawatawis

Topèng

Topèng punika tumrapipun băngsa Jawi sampun kêlimrah sangêt, kados awis ingkang dèrèng nate sumêrêp. Mênggah kêlimrahipun topèng punika wontên ing Jawi Têngah, dene lêlampahanipun mêndhêt cariyos ing jaman Jênggala tuwin barakanipun. Topèng wau wontênipun ing pawayangan kalêbêt ing lêlampahan ringgit gêdhog.

Miturut cêcariyosan Jawi, topèng punika anggitanipun Kangjêng Sunan Kalijaga, dene ingkang nglampahakên topèng (nopèng), dhalang asli saking tanah Sela. Nanging manawi miturut kawruh babad, wontênipun topèng wau sampun kina sangêt, malah sampun wiwit kala jaman kadewan. Nanging limrahipun băngsa Jawi, piandêlipun tamtu namung mantêp amastani, bilih yasan nalika jaman kuwalèn, inggih punika jamanipun Kangjêng Sunan Kalijaga wau. Dene ing karangan punika botên badhe ngandharakên bab babad-babading topèng ing jaman kina, namung badhe nyariyosakên bab ingkang gêgayutan kalihan limrahipun topèng ingkang kasumêrêpan ing têtiyang jaman sapunika kemawon.

Topèng punika limrahipun wontên ing Surakarta namung dados têtingalan ing wanci siyang, mêndhêt lêlampahan jangkêp, dene ingkang nindakakên lampahan jangkêp wau topèng dhusun, limrahipun ingkang dados sami dhalang. Nanging tumrapipun ing kitha namung mêndhêt pêthilan kemawon, wontên tigang adêgan, inggih punika Gunungsari kalihan Regol, Klana kalihan Sêmbunglangu tuwin Pênthul kalihan Têmbêm, awis ingkang nindakakên lampahan jangkêp. Wontênipun botên nindakakên lampahan jangkêp, bokmanawi jalaran saking kêrèbyèkên, utawi kathah ingkang botên adamêl sêngsêm. Mila namung mêndhêt pêthilan tigang adêgan kapilih ingkang sae saha anêngsêmakên. Kados ta:

Adêgipun Radèn Gunungsari kalihan Radèn Regol, punika [pu...]

--- 135 ---

[...nika] ngatingalakên kalangkunganing jogèd tuwin kaalusaning gêndhing. Ing ngriku anggambarakên kaluhuraning satriya agêng, mawi banyolan ginêm tuwin patraping abdi kêkasih ingkang gumêlar ing ngriku, kêtingal sangêt, bilih kawibawaning sinatriya punika linangkung, tuwin katingal anggènipun mumpuni dhatêng ulah kaprajuritan. Inggih punika mirid saking pangandikanipun Radèn Gunungsari anggènipun tansah nimbali prajurit warni-warni, sanadyan tumandukipun namung dhawah dhatêng lêlucon, nanging ugi mêngku raos dhatêng kaprajuritan.

Adêgan Prabu Klana kalihan Sêmbunglangu, punika kajawi ngêtingalakên jogèd utwi gêndhing, ugi ngatingalakên wujuding tiyang karungrungan. Sanadyan Prabu Klana punika nata, bokmanawi malah nata binathara, ewadene nalika ing galih kataman cobi, ugi nêmahi risak, botên beda kados pamanahaning tiyang limrah. Têtela bilih dhawahing bingah lan susah punika botên pilih tiyang, sanadyan ratu pisan, raosing susahipun botên beda kalihan tiyang alit. Mênggah sangêting èmêngipun Prabu Klana ngantos katingal kados gingsiring panggalih. Tumrapipun wontên ing pawayangan, sang prabu tansah ngrêrêpi, ngantos kasupèn manawi sinewa ing wadya kathah. Malah ing ngriku dipun wujudi bêbanyolaning abdi kêkasih, ngantos ngambrah-ambrah, mênggah wosipun botên sanès namung damêl pangimur dhatêng risaking panggalihipun sang prabu. Kawontênan ingkang kados makatên punika kenging karaosakên dados wêwulang, dene tumrapipun wontên ing topèng, botên sangêt-sangêt katingalipun, bilih panggalihipun Prabu Klana sangêt risak, awit ing ngriku namung kêslamur tumindaking jogèd warni-warni. Dados wontênipun ing sawangan malah namung adamêl sêngsêm, mila limrahipun wontên ing topèng, ingkang dados kêmbang lambe punika Klana.

Adêgan Pênthul Têmbêm, punika wosipun inggih ngêtingalakên jogèd, nanging botên sapintêna, dene ingkang wos, ngatingalakên ing bab karawitan, awit ing ngriku ngatingalakên gêndhing warni-warni ingkang linut ing bêbanyolan, lan bêbanyolanipun wau ngatingalakên banyolanipun Pênthul Têmbêm, punika sakalangkung anêngsêmakên. Nanging sayêktosipun luconipun nama lucon pêjah, salaminipun botên santun, ajêk kemawon, makatên ugi Gunungsari Regol utawi Klana Sêmbunglangu. Tumrap tiyang ingkang katêmbèn ningali, tamtu kapingkêl-pingkêl, namung bab sêngsêming gêndhing, punika ingkang ajêg.

Bakaling topèng punika kajêng, milih kajêng ingkang alus sêratipun, utawi ingkang ènthèng, mênggah pikantukipun, alusing sêrat punika nyaèkakên dadosipun, dene ènthèng badhe sakeca ing pangangge, botên awrat, awit topèng punika panganggenipun wontên ing rai namung mawi cakotan ilat-ilatan wacucal wontên ing nglêbêt, dados saupami awrat, damêl rêkaosipun ingkang ngangge. Badhe kasambêtan.

--- 136 ---

Bab Tanêman

Nangkarakên Têtanêman Sarana Wiji

Sambêtipun Kajawèn nomêr 8.

Makatên ugi wiji ingkang enggal thukul, pananêmipun kêdah langkung cèthèk tinimbang kalihan ingkang dangu thukulipun. Wiji ingkang enggal thukul wau kêdah dipun sirami ajêg, inggih punika enjing sontên, supados pasitènipun botên garing. Awit antawising pananêm lan thukul punika botên sapintên laminipun.

Awis kêrêping pananêmipun wiji, manut agêng aliting thêthukulan. Yèn thukulan alit kêrêp, yèn agêng kêdah awis-awis. Tumrap bangsaning wowohan: dhêdhêraning wijinipun wau manawi sampun agodhong 3-4 rakit, puniki wiwit kenging kaputêr dhatêng papan sanèsipun, ingkang pancèn sampun kasadhiyakakên badhe katanêman. Pangêlihipun kêdah ngatos-atos, sampun ngantos adamêl pêdhoting oyod. Ing papan tanêman enggal wau inggih sampun ngantos kêkirangan lêmèn, punapadene siraman.

Prayoginipun nanêm wowohan punika kêdah mawi pranatan, katharik-tharik sipat kêncêng, awis kêrêpipun katêmtokakên, supados katingal sae, lan kaangkaha benjing manawi sampun agêng tuwuhipun, êpang-êpangipun sagêda sampun ngantos sêk-sêkan, awit punika anjalari kirang saening tanêmanipun, inggih punika pasitèn ing sangandhapipun wit, botên sagêd pikantuk soroting srêngenge nyêkapi, wasana siti wau dados bacêk, sagêd ugi adamêl garinging oyod sarta uwit.

Sawênèhing tiyang nanêm wowohan wontên ing pakawisan utawi pakêbonanipun, tanpa pranatan, tur dipun kêrêpi, pamrihipun supados sagêda ngundhuh wowohan wau langkung kathah. Pangintên ingkang makatên punika saèstunipun kirang prayogi, awit sanadyan piyambakipun sagêd ngundhuh wowohanipun langkung kathah, nanging namung sausum kalih usum, saya dangu saya suda, amargi gêsangipun têtanêman ingkang sêk-sêkan punika langkung cêlak tinimbang têtanêman ingkang kobèt, pramila prêlu kaèngêtana. Awit kajawi wohipun botên sagêd agêng-agêng, inggih sok kêra prakawis kirang hawa lan soroting srêngenge ingkang tumanduk dhatêng wit lan oyodipun, lan malih lêmèn ingkang dumunung ing pasitèn ngriku enggal sangêt têlasipun, amargi dipun têdha ing wit-witan ingkang samantên kathahipun. Mila tumraping wowohan, băngsa manggis sapanunggilanipun, kêrêp-kêrêping pananêm kêdah 6 dumugi 10 mètêr longkangipun, dados botên katingal anggrumbul kados wana.

Amangsuli bab pangêlihipun dhêdhêran dhatêng papan ingkang katêmtokakên wau, sadèrèngipun katanêm, godhongipun kapunggêlana rumiyin, ingkang prayogi ngangge gunting, sabên godhong satunggal [sa...]

--- 137 ---

[...tunggal] kakantuna 1/4-ipun, prêlunipun supados toyaning tanêman wau sampun ngantos nguwab kathah-kathah, awit tanêman ingkang nêmbe dipun êlih punika panyêrotipun toya taksih sakêdhik sangêt, dados saupami nguwabing toya saking godhong kêkathahên, wit-witan wau sagêd alum, lajêng garing wusana pêjah. Kajawi saking punika, sawênèhing tanêman wontên ugi ingkang oyodipun kêdah kakêthok pucukipun sakêdhik, nanging botên prêlu kapunggêl godhongipun. Inggih punika tumrap bangsaning wit-witan ingkang oyodipun lajêr panjang sangêt sarta oyodipun rambut botên kathah.

Tanêman enggal wau prêlu dipun pagêri, lan kajagia sampun ngantos dipun cèkèri ayam, tancêbipun ingkang jêjêg, botên dhoyong, kêdah kêrêp nuwèni, yèn bêntèripun sangêt prayogi dipun kudhungi (yub-yubi), samantên ugi yèn jawahipun dêrês, sampun ngantos kêlêban utawi larud dening banjir. Dados sadangunipun kêdah tabêri lan gumati.

Wit-witan punika manawi ngajêngakên awoh kawastanan dhara, ing ngriku inggih tansah kaulat-ulatna, sampun ngantos karisak ing kewan punapadene kadamêl penekan lare. Yèn ngundhuh wohipun kasrantosna ngantos sêpuh saèstu, dados mênggah caranipun ayam utawi pêksi makatên botên elik. Yèn wontên kamladhehanipun, sampun ngantos katalompèn, enggal kabucalana, janji talatos tamtu tuwuhipun sae, godhonghipun lêdhung-lêdhung, wohipun ambiyêt.

Nir rasa. Tumpang-Malang.

[Grafik]

Pacinan ing Singgapura.

--- 138 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

VI. Wiwit tumindakipun lêlampahan.

[Dhandhanggula]

Amiwiti carita saiki | Abdulah wis aran uwong ana | sugih băndha omah gêdhe | anake lêmu-lêmu | samubarang ditandur dadi | wong utang ora ngêmplang | mung sarwa sêmpulur | dalah bab ingon-ingonan | gêdhe sapi cilike têkan ing pitik | padha kalis lêlara ||

anak barêp dijênêngke Ngali | banjur Kasan sumundhule Rahman | sing wedok Siti jênênge | padha diwêlêg wuruk | pancèn dhasar bocahe bêcik | mula Kaji Abdulah | bungahe anutug | rumasa tinunggu bêgja | bêbasane apa sing dicipta dadi | ora tau kacuwan ||

anak tuwa sing jênênge Ngali | isih bocah uwis bisa dagang | bisa prigêl mrana-mrene | bapakne nganti gumun | ing batine nganti ngarani | dudu karêping bocah | dene isih lêmbut | tindake kaya wong tuwa | wêruh bangêt marang tumindaking dhuwit | tur kabèh sarwa tata ||

awit saka lêgane ing ati | lan manèhe saka wis pitaya | Kaji Abdulah karêpe | Ngali saya dituntun | digawèkke warung acèkli | dodolan samubarang | manggon ana kampung | sarupaning butuh ana | malah nganti băngsa gêlas cangkir piring | kabèhe ana pêpak ||

sasat mêntas anake sing siji | dene Kasan dêprêdi[1] sekolah | iya ketok ing majune | sakèhing wulang wuruk | bisa gampang tumanêm manjing | titikane wis cêtha | marojol ing ukur | mula nadyan isih bocah | uwis ketok yèn bakal dadi wong luwih | sêmune wis katara ||

katêlune Rahman ing saiki | padha bocah ketok sajak kêmba | kêndho samubarang gawe | mung narima lan nurut | ora tau anyulayani | wêdi mênyang wong tuwa | trêsna nyang sadulur | ora tau pasulayan | yèn kalane ana grêjêg trima nyingkir | lumuh bangêt padonan ||

watêkane sing mangkono kuwi | nadyan isih bocah wis katara | ngeman mênyang wong tuwane | upama nuju wêruh | wong tuwane turu kêpati | bangêt gone anjaga | măngka nganti krungu | ana wong rame gunêman | alon-alon nyang uwonge angêsêti | dipênging padha nywara ||

lan yèn wêruh wong tuwane sêdhih | ketok sajak kaya milu susah | sêmu kaya ngrasakake | măngka yèn mirid umur | durung patut duwea pikir | susah kaya wong tuwa | nanging Rahman mau | mungguh satêmêne nyata | bangêt bodho mung dhêdhasar ati bêcik | katitik cilik mula ||

dene mungguh Rahman katiban sih | saka biyung manawa kêgawa | saka ketok ing wujude | dene ragile iku | bocah wedok sing jênêng Siti | ketok rada ugungan |

--- 139 ---

mung tansah dinulnul | kêtiban êsihing bapa | cilik mula mung cumanthèl dadi ati | wis ora tau pisah ||

cêkakane kêna diarani | Kaji Dulah ditunggu ing bêgja | ora kurangan uripe | sapa wonge sing wêruh | mêsthi duwe rasa kapengin | ananging yèn dirasa | sing mêngkono mau | mung tinêmu ing sawangan | sanyatane mungguh lakune wong urip | sababe mêsthi ana ||

awit mungguh anane dèn kaji | jênêng têtêp aran uwong tuwa | wiwit nindakke pikire | mêmardi mênyang turun | ing têmbene supaya bêcik | iku luwih rêkasa | ora kêna kliru | awit yèn ta kalakona | nganti luput uwong tuwane sing rugi | wong liya kari nyawang ||

nanging mungguhing bab anak kuwi | yèn dirasa prasasat cangkriman | ing bab besuk tinêmune | kaya Abdulah mau | sing digadhang bisa nulungi | mêsthine ora liya | Si Ngali ing besuk | awit wis kêtitik cêtha | isih bocah wis prigêl nindakke dhuwit | nyang among dagang bisa ||

kalumpuking sih mung rono kuwi | samubarang ora ana madha | mung ngalela Ngali dhewe | biyunge sok anyêbut | ing batine rada ngêprêti | saka bangêt murina | nyang anak sing têlu | sajake ora kêcacah | kajabane anake sing wedok kuwi | nanging ya durung padha ||

nganti tau sing wedok nakoni | bok ya aja bangêt le dibeda | kabèh iya anak dhewe | nanging sing kopuk-umpuk | ora liya êmung Si Ngali | liyane ora kocap | sing lanang angguyu | tumuli alon akăndha | lo sing ngono kowe kudu duwe pikir | aja kêliru tămpa ||

awit mungguh anane Si Ngali | jênêng anak sing kêtêmu tuwa | sing mêsthi dadi gêntine | wong tuwane ing besuk | dadi wajib wêruh lan ngrêti | nulat gawening bapa | aja nganti kidhung | dene mungguh anak liya | ora pisan yèn nganggo takprinci-princi | wong jênêng padha anak ||

wis ta bokne aja mikir-mikir | măngsa iya aku duwe niyat | ora bêcik nyang liyane | kowe ngandêla têrus | karo aja kêndhat amrêdi | ing tindak sing utama | nyang anak-anakmu | aku iya ora kêndhat | amêmuji têtêpa bisa lêstari | dikanthi ing wong tuwa ||

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun talaga Tanganikah (Aprikah).

--- 140 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Tiyang Gadhah Damêl.

I

Garèng: Truk, Truk, têkaku sapisan kiyi, aku arêp rêmbugan karo kowe ing bab prakara pênting bangêt. Iya sapa manèh sing kudu dak ajak rêmbugan kajaba kowe utawa rama, nanging sadurunge aku nyuwun rêmbug karo rama, bab kiyi arêp tak rêmbug karo kowe nganti matêng dhisik. Mungguh sing arêp takrêmbug kiyi, prakara prunanmu Si Poniyêm. Nèk miturut panêmuku sêkolahe kaya-kaya iya wis nyukupi, malah saikine wis olèh èksamêne kanggo: lirling mantri plik plikêr. Apamanèh olah-olahane, rasane, wah, nyamlêng têmênan, ora ngêmungake bisa olah-olah thok bae, sanadyan nyêmbuh olah-olahan sing wis dadi iya bisa, tandhane lagi anu kae: anggorèng tempe bumbu asêm, barêng tak pangan jêbul kasinên, e, barêng tak gumbrêng, sorene banjur disêmbuh malih dadi: oblok-oblok. Mara, apa ora pêng-pêngan. Nèk wujude Poniyêm mono iya ora ayu, mung lumrah bae, nanging manise, lo kuwi ulêng-ulêngan mêrakati têmênan.

Petruk: Anggonmu mangkono kuwi rak saka angênggoni bêbasan: kêncana wingka. Sanadyan wujude kaya wingka pisan, ning nèk tlètèke dhewe kuwi anggêpe ya kaya kêncana kae. Panganggêp kang kaya mangkono kuwi pancèn iya wis lumrah, aku dhewe kurang sacêplik bae, mèh kawirangan gêdhe, iya jalaran saka ngênggoni bêbasan mau. Lo, kuwi mangkene: sawijining dina gurune Kamprèt têka nyang omahku madulake kanakalane Si Kamprèt ana ing sêkolahan. Kala samono aku jaja bang mawinga-wi têmênan. Hla apa mèmpêr, ingatase anakku, têka diadul-adulake, jarene Kamprèt kuwi nèk anjajan pêcêl ana ing sêkolahan, sanadyan mung rêga sasèn, saradane sok anjaluk tambah sambêl kanthi nyidhuk dhewe. Omonge guru mau, anggone nyidhuk sambêl dhewe kuwi prêlune mung arêp ngêlêr rêmpèyèk karo gorengan sarèn. Lo, andak mèmpêr kiyi, lo, kuwi ingatase anakku. Tujune gurune mau sabar, ajaa rak sida kalakon tak ajak plothotan wudun têmênan.

Garèng: Hla, nèk ngono kuwi ora bêcik. Wong tuwa wis mêsthine kudu trêsna nyang anak, nanging katrêsnane mau aja nganti gawe kapitunane anak utawa awake dhewe. Dadi yèn ana wong wadul apa-apa, luwih-luwih yèn sing wadul mau gurune, wajibe kowe rak kudu tarima kasih, lan sabanjure kudu dititipriksa dhisik bênêr lan orane. Dumèh trêsna bangêt karo anake, rumasane anake ora bakal bisa

--- 141 ---

nindakake barang salah, pungkasane banjur arêp ngajak boksên karo sing madulake. Mêngko rak diarani wong tuwa cêthèk budine. Saiki ambalèni rêmbugku ing ngarêp mungguh prunanmu Si Poniyêm, lo, saiki ana sing nglamar, iya klêbu bangsaning bocah pangajaran, wis olèh dhêklomah saka Ambahsêkul, malah jarene wis nyambut gawe dadi: dhoktêr montor.

[Grafik]

Petruk: Yah ana dhoktêr kok dhoktêr montor. Karêpmu rak tukang andandani motor, ta, kuwi jênênge rak montir. Nèk timbanganaku, nèk cara jaman saiki kiyi, anggêre loro-lorone wis padha: srêg, bok iya: lung, diwènèhake.

Garèng: Rekaku mono, ing sarèhning mantu kang kapisanan, iya arêp tak gawe gêdhèn, niyatku arêp: tayuban, wayangan, trêbangan barang kae.

Petruk: Cocog. Awit nèk anggonmu duwe gawe mung arêp calimèn bae, kuwi akèh alangane. 1e apa kowe ora isin karo tăngga têparomu, mêsthine padha ngrasani mangkene: O, hla kok nyolong pêthèk, Mas Bèi Nala kae tak arani rak wong brêgas jaba jêro, jêbul mung pêthunthang-pêthunthunge bae, ana wong mantu lagi sapisanan, têka sêpa-sêpi mêngkono, tanpa nganggo nyêmbêlèh êgong barang, 2e. Apa kowe ora mêlas karo anakmu. Nèk kok ramèk-ramèkake gêdhèn, rak kêna kanggo pêngeling-eling besuke: wadhuh, ora kaya aku lagi dadi pangantèn, ramene nganti kaya cèmbèng. 3e. Kowe kudu ngèlingi, saya gêdhèn anggonmu mantu, rak saya akèh olèhmu sumbangan. Nèk ana gamêlane upamane, sing maune mung arêp nyumbang sêtalèn, iya banjur rikuh, sida-sidane iya banjur: jrèng, sarepis.

Garèng: Sokur ta sokur, yèn kowe rumujuk nganakake rame-rame. Ayo, saiki padha nyuwun rêmbug karo si rama.

Sêmar: Lo, kuwi kok Garèng karo Petruk padha kêthumuk-kêthumuk têka mrene. Nèk andêlêng [andê...]

--- 142 ---

[...lêng] polatane sajake kaya ana rêmbug sing wigati. Mara, Rèng, aja rikah-rikuh, tumuli caritakna kang dadi karêpmu.

Garèng: Mungguh sowanku nyang ngrêsamu kiyi, rama, sanyatane arêp nyuwun rêmbug karo panjênêngane si rama ing bab wayahmu Si Poniyêm, yèn saikine ana sing nglamar, sarta aku ya wis cocog. Saka rêmbuge putramu Si Petruk, ing sarèhning iki mantu kang kapisanan, supaya diramèk-ramèkake gêdhèn, sabisa-bisa kudu nganggo klênat-klênit barang.

Sêmar: Hêm, iki saka rêmbuge Petruk. Hla, apa kowe wis duwe pawitane sing kanggo wragad anggone arêp rame-rame bêsar-bêsaran kuwi.

Petruk: Bab kiyi ora prêlu kuwatir, awit aku duwe têpungan băngsa Arab, kang saguh arêp mawiti. Lagi anu malah têka nyang omahku, nawani aku mangkene: Aphah Tuwan mau phêrlu phakik phulus, sêratus, dhua ratus pholih. Phinjêm sêratus, saphin phulan phayar dêlaphan phêlas, sêphuluh phulan abis.

Sêmar: Hla, kiyi jênêngane rak tulung mênthung, ana utang satus rupiyah, anggone ambalèkake ing dalêm sêpuluh sasi kok f 180-, kajaba kuwi sing kok jagakake kanggo bayar apa.

Petruk: Anakan samono kuwi rak yèn pambayare nganti sapuluh sasi, nanging panganggone dhuwitmu sawatara dina bae, rak luwih murah. Dene sing kanggo ambalèkake rak gampang, mêngko olèh-olèhane saka sumbangan, rak luwih saka samono.

Sêmar: We, hla, sêmono bantêre panggodhaning setan, sarèh-sarèh, padha ngombea wedang dhisik, bab kiyi kudu dirêmbug kanthi adhêming pikir.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Sampun sawatawis wulan, ing Pantecêrmin (S.O.K.) kadhatêngan satunggiling tiyang èstri băngsa Acèh, ngakên nama Têngku Cut têdhakipun Putri Hijau ingkang kasêbut ing dalêm dongèng, dhatêngipun ing ngriku mawi numpak ulam lodan, lajêng atêtruka ing satêngahing wana. Dados ahli nujum sumêrêp sadèrèngipun winarah. Tamtu kemawon para têtiyang ngriku lajêng kèlu ing manah sami gumarubyug dhatêng papan dunungipun prêlu nyuwun kasawaban ing ngèlminipun. Mugi bab punika sampun ngantos kalajêng-lajêng ingkang badhe botên prayogi kadadosanipun.

Kawisudha dados pokrul (procureur) ing rad pan justisi ing Surabaya Radèn Sukarja Wiryapranata, suwau rechtskundig lid landrad ing Malang.

Kawartos bilih Mr. Bekkering Officier van Justitie ing Medhan sampun pangkat dhatêng Rio prêlu mriksa prakawis ingkang ragi nyalawados. Samangke Sum. Post mirêng kabar, bilih angkatipun Mr. Bekkering wau gêgayutan kalihan sêrêgan tumuju dhatêng satunggiling nangkoda băngsa Tionghwa ing Tanjungpinang, kadakwa nyade kapal ingkang dados têtanggêlanipun, darbèkipun satunggiling kongsi, nanging arta pêpajêngan dipun kanthongi piyambak.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ăngka 6 Tuwan M.H. Tamrin sampun kapilih dados Wethouder. Nalika tanggal 21 Januari punika panjênênganipun kalêksanan kapilih dados loco-Burgemeester II. Dados samangke pasulayan ing rad gêmintê Batawi sampun sirêp.

--- 143 ---

Pangagênging pakaryan kasarasan ambayawarakakên bilih kitha Sêmarang wêkdal samangke katrajang sêsakit pès.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral benjing dintên Rêbo tanggal 5 Pèbruari 1930 wanci jam sanga enjing kaparêng ngawontênakên audientie tumrap umum wontên ing pura Wèltêprèdhên. Sintên ingkang badhe ngadhêp sadèrèngipun kêdah suka sumêrêp rumiyin sarana sêrat dhatêng ajudan dalêm ingkang wicaksana kanthi kacêthakakên bab punapa ingkang badhe kaunjukakên.

Wontên pawartos, ing Surakarta sacêlakipun Purwasari badhe kawontênakên pabrik sigarèt enggal. Nama pabrik sigarèt Priyayi. Ingkang ngêdêgakên saha ingkang badhe dados dhirèkturipun Tuwan J.A. Dezentje Hamming, dene para komisarisipun inggih punika Tuwan W.A. van Luyk dhirèkturing Escomto-Maatschappij saha Tuwan M. Gulcher administratiring pabrik gêndhis ing Rêwulu, malah fonds Mangkunagaran ugi tumbas andhilipun Tuwan J.A. Dezentje Hamming dèrèng dangu punika sampun pangkat dhatêng Eropah prêlu tumbas mêsin ingkang badhe kangge. Manawi kalêksanan bokmanawi badhe sagêd kabikak benjing wulan Juni ngajêng punika.

Kawartosakên, ingkang bupati ing Bandhung R.A.A. Wiranata Kusuma saèstu badhe kawisudha dados warga College van Gedeputeerden rad propinsi Jawi Kilèn, gêgayutan kalihan badhe kawontênanipun warga băngsa pribumi kawêwahan satunggal. Dados badhenipun warga băngsa pribumi 2, băngsa Walandi 2 sarta băngsa Tionghwa 1.

Wêkdal samangke kănca tani ing ing bawah Pêlabuhan Ratu ugi sami angêsah, jalaran sampun lami babar pisan botên wontên jawah. Watawis wontên siti 500 bau ingkang kalajêng kabêrakakên botên kagarap, dene ingkang sampun katanêman wontênipun ragi nguwatosakên.

Wontên pawartos, putra saha wayah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan 7 sampun rawuh ing Bandhung, kairid dening Kangjêng Pangeran Jatikusuma ingkang dados pangarsaning schoolcommissie ing kraton, gêgayutan kalihan pasinaonipun. Putra wayah dalêm wau sami kadalêmakên ing dalêmipun satunggiling hoofdofficier, makatên ugi B.R.M. Raisul saha B.R.M. Alpo, putra dalêm Kangjêng Sultan ing Ngayogya sami kadhawuhan anglajêngakên pasinaonipun ing Mulo Bandhung, kadalêmakên ing dalêmipun tilas litnan kolonèl Tuwan De Boer.

Prof. Rodenwaldt insêpèkturing pakaryan kasarasan umum ing Jawi Wetan, dèrèng dangu punika tindak dhatêng Madura prêlu nitipriksa kawontênanipun kadhistrikan barat laut, timur laut, saha bundêr ingkang wêkdal samangke katrajang ing sêsakit malariah. Gêgayutan kalihan bab punika Dr. Susila, Arts. tumrap pananggulanging sêsakit malariah ugi sampun pangkat dhatêng Madura. Têtiyang ing ngriku sami dipun dumi tablèt kininê, inggih punika rekadaya ingkang pêng-pêngan piyambak minăngka pananggulanging pagêblug malariah. Antawisipun tanggal 30 Dhesèmbêr kalihan 14 Januari punika ing ondêr dhistrik Pragaan, cacahipun tiyang ingkang ngajal wontên 150, ing ondêr dhistrik Blulo antawisipun tanggal 30 Dhesèmbêr kalihan 10 Januari wontên 104, sadaya jalaran sakit malariah.

Mr. R.Ng. Subrata gedeputeerde rad propinsi Jawi Wetan sampun apacangan kalihan Radèn Ajêng Kus Andrinah Sri Sulistyawati, salah satunggilipun putra putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya. Saha botên dangu malih lajêng badhe kadhaupakên.

Krigsraad ing Cimahi sampun angrampungi prakawisipun saradhadhu băngsa Mênadho ingkang nalika ajar-ajaran pêrang (manoeuvre) ing bawah Cirêbon sawatawis wulan ingkang kapêngkêr sampun soroh amuk wontên ing kampung Sindhangjawa, ngantos adamêl tiwasipun tiyang sawatawis. Karampunganipun, jalaran têtela ragi ewah pikiranipun, tiyang wau kalêbêtakên ing griya tiyang sakit ewah.

Nalika tanggal 24 Januari punika rad propinsi Jawi Têngah sampun tapak ngawontênakên parêpatan ingkang wiwitan, dipun pangarsani dening paduka Tuwan Gupêrnur van Gulik, Tuwan J. Gerritsen kapilih dados sèkrêtaris, dene ingkang kapilih dados gedeputeerde Tuwan-tuwan Ir. Wouter Cool, Zijlmands, Emmichoven, Ir. Dr. Han Tiauw Tjong, saha R. Sasra Adikusuma.

Pawartos saking Administrasi

Agèn nomêr 310 ing Pedan, rèhning wontên lêngganan 3 ingkang dèrèng ambayar, wiwit Kajawèn nomêr 7, panjênêngan namung nampi f 1,-.

Lêngganan nomêr 4490 ing Magêlang. f 3,- punika tumrap wulan Pèbruari dumugi Juli 1930. Dhuplikat No. 6 en 7 sampun kakintun.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan S. ing Madiun. Karangan panjênêngan botên kapacak amargi cêcriyosan kados makatên punika sampun nate kapacak ing Kajawèn. Gambar kakintunakên wangsul. Nuwun.

Tuwan A.K. ing Mêsir. Kajawèn botên ngawontênakên pituwas tumrap karangan.

Langganan nomêr 4684 ing Parang. Suraosing karangan panjênêngan sae. Namung taksih wontên ingkang kirang langkung. Botên kapacak.

--- 144 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta.

7.

[Asmaradana]

mitra amba warni-warni | paksi myang bêburon wana | kidang mênjangan myang banthèng | andhapan sênuk myang warak | sima kêthèk rangutan | kêkathahên yèn dèn etung | sadaya sèsining wana ||

kajawi kulina sami | kalamăngsa sinêdhahan | kinon crita lan andongèng | myang kinon abawa swara | mila pra buron wana | asih trêsnane mring ulun /pindha kadang nunggil yayah ||

katrêsnan ingkang kadyèki | dasihnya saklangkung awrat | yèn banjur tinilapake | kenging winastanan amba | tan wruh ing tatakrama | miwah winastanan ulun | tan ngajèni mring kanthinya ||

[Kinanthi]

amrih prayogi dinulu | ngangge tata mawi pamit | mring kancane nunggil saban | mrih cipta ywa sănggarunggi | mila gusti dasihira | nyuwun pamit angantuni ||

pamit mring kănca sadarum | yèn wus rampung nusul nuli | sowan paduka mring praja | radyan mèsêm ngandika ris | apa kêna sun pracaya | Cundhuk aturira iki ||

Cundhuk matur lan angguyu | dhuh gusti kula wong sigit | nadyan bangsaning kukila | nging amba sampun udani | mring tindak bêcik lan ala | sarta jrih wilalat gusti ||

paduka putraning ratu | sintên kang wani nyidrani | antuk sikuning Hyang Suksma | yèku kang ulun wekani | botên darbe watak amba | luwêsing atur mung lamis ||

radyan ngandika jro kalbu | mokal Si Cundhuk blenjani | ature titis tur cêtha | kalamun ingsun cukêngi | kalah luhur lan kukila | sung lingsêm maring Hyang Widhi ||

nulya ngandika hèh Cundhuk | sira mangkin sun lilani | kèri pamitan mring kănca | nanging Cundhuk wêkas mami | ywa kasuwèn anèng wana | enggal nusula ing mami ||

ngangêni kabèh aturmu | Cundhuk sandika turnèki | Jola Jali sêru nabda | besuk yèn anusul gusti | yayi Cundhuk aku minta | olèh-olèh munyuk èstri ||

tak go ngênêng-nêngi putu | Cundhuk nabda anyukikik | panjalukmu luwih mokal | aku mung bangsaning paksi | mêsthi ora bisa gawa | munyuk băngsa kewan kêsit ||

Jola Jali guyu guguk | lamun tan bisa ya uwis | mung poma-poma ywa cidra | Cundhuk awacana aris | kakang ora kakang ora | aja slamêt yèn nyidrani ||

radyan nulya pangkat kondur | dwi panakawan tan kari | Cundhuk kang kantun anggana | tyas kaduwung dènnya kari | panglocitaning wardaya | lir mangan barutu mami ||

prakara pamit sadulur | bênêre katêmu wuri | kalamun wus sawatara | nèng praja anyuwun pamit | anêmoni mitra-mitra | gustiku mêsthi nglilani ||

ran wus têtêp pangabdiku | balik lêlakonku iki | durung kêna winastanan | dadi abdining priyayi | isih têtêp manuk wanan | durung kulinèng priyayi ||

miwah ana manèkipun | yèn ingsun nusul mring nagri | gèk gustiku Dyan Sujana | anambahi marang mami | lali duwe abdi jalak | yêkti sèwu merang mami ||

puluh-puluh wus kabanjur | luputku sok nganyih-anyih | mring bandara dupèh trêsna | bungahe yèn dèn turuti | kongsi lali akalira | kaliru mring tindak sisip ||

lêlakonku iki mau | mula puntoning tyas mami | rèh panggawe wus kêwuntat | mangkya mung kudu nêtêpi | golèki pra mitra-mitra | kang arêp ingsun pamiti ||

têgêse tan cidra wuwus | mring bandara kang nrêsnani | sawusing tyas manglocita | jalak lumêbèng wanadri | nusup glagah rêrayungan | dilalah karsèng Hyang Widhi ||

manuk-manuk samya nglumpuk | myang sato galak mênuhi | jirap nèng soring mandira | pra paksi pating palangkring | samya kagyat wruh praptanya | mitrane si jalak putih ||

pra sato malih amuwus | dhuh mitraku jalak putih | mênyang ngêndi gonku lungan | de lawas nora kêpanggih | jalak amaluyèng sabda | mêngko-mêngko sun tuturi ||

kabèh para mitraningsun | ywa rame brêbêgi kuping | dèn telingna ujar ingwang | sira padha sun tuturi | sajatine raganingwang | mula suwe tan kaèksi ||

aku pinèt satriya gung | ing Banjaransêkar nagri | kêkasih Radyan Sujana | dene ingkang asêsiwi | Sang Prabu Warsakusuma | satriya ambêg marta sih ||

kinarya klangênanipun | tan kêni pisah yèn guling | agung dènnya ngêla-êla | tinurut sakarsa mami | de pisahku iki arsa | nêmoni ing sira sami ||

prêlu pamit ing sirèku | rèhning padha kula-kuli | dèn padha samya nglanggêngna | katrêsnan salami-lami | nadyan ing mêngko sun pisah | kalamăngsa sun tiliki ||

singa barong sarêng krungu | ujare sang jalak putih | bangêt bungah ngalêmbana | sokur yèn sira kinathik | dening Rahadyan Sujana | putra ing Banjaransari ||

para kadangmu jumurung | ananging pitutur mami | nadyan sira wus widagda | sakridhanirèng dumadi | nanging parikudu ingwang | wèh tutur supadi eling ||

pawitan suwitèng ratu | limang prakara ywa lali | têmên kang mantêp ciptanta | wêkêl agêmi nastiti | têgêse mangkene jalak | wijange sawiji-wiji ||

têmên iku têgêsipun | kudu nurut rèhing gusti | yèn dinuta ywa slewengan | yèn durung rampung ing kardi | kang cêtha ywa matur dora | dadi nora mindho kardi ||

mantêp iku têgêsipun | bandara anggêpên Gusti | Pangeran kang murbèng sira | ywa sêmang-sêmang ing kapti | wit iku măngka lantaran | ing lair sambunging urip || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

 


diprêdi. (kembali)