Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02-05, #455

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02-05, #455. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02-05, #455. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 25-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 11, 6 Pasa Taun Ehe 1860, 5 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [161] ---

Ăngka 11, 6 Pasa Taun Ehe 1860, 5 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Bandhung

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar gêdhong-gêdhong dhepartêmèn pakaryan praja, dipun tingali saking gagana.

--- 162 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Sêsakit bêntèr tiyang èstri ingkang bakda gadhah anak (kraamvrouwenkoorts)

(Candhakipun Kajawèn ăngka 9)

Dhukun utawi vroedvrouw, ing sabibaripun nulungi utawi mulasara tiyang sakit nular. Kados ta tiyang èstri ingkang sakit kraamvrouwenkoorts utawi sanèsipun, botên kenging lajêng nimbal nulungi tiyang ingkang badhe manak sanèsipun. Kajawi yèn vroedvrouw wau sagêd rêrêsik ingkang sampurna (desinfectie), awit manawi sêmbrana, tiyang ingkang manak sagêd katularan wiji sêsakit, ingkang sagêd ambêbayani. Wêkdal tiyang èstri badhe manak, dhukun utawi vroedvrouw botên kenging mriksa ing nglêbêt kalihan driji, têgêsipun mriksa nglêbêtakên mawi driji ing pawèstrèn, prêlu nyatakakên punapa sirah bayi sampun mandhap lêrês lan tata punapa kadospundi, utawi sanèsipun. Kajawi manawi voedvrouw utawi dhoktêr ingkang prêlu kêdah mriksa, jalaran kuwatos manawi wontên bêbaya, awit mênggah ingkang nindakakên makatên wau tamtu rêrêsik tanganipun sayêktos (desinfectie).

Kula asring mriksa lan anjampèni tiyang èstri ingkang sakit kraamvrouwenkoorts, nanging ingkang kathah sampun kasèp lajêng dados tiwasipun.

Ing padhusunan utawi têtiyang Jawi taksih kathah ingkang gugon tuhon, dèrèng mangrêtos manawi sêsakit wau ambêbayani, namung pitados dhatêng dhukun, bilih sakit punika ganjaranipun Gusti Allah, dados lajêng sumendhe karsaning Allah, botên mangrêtos manawi sêsakit punika kenging katulak utawi kacêgah dening reka utawi ihtiyaripun tiyang ingkang sampun mangrêtos.

Tuladha:

Ing wulan Pèbruari 1929 kula dipun undang băngsa Tionghwa, kapurih mriksa nyonyahipun ingkang sakit bêntèr jalaran mêntas gadhah anak, sampun pêndhak dintên. Wêkdal gadhah anak, ingkang nulungi dhukun kampung kemawon. Sarêng bayi umur 3 dintên biyungipun sakit bêntèr, lajêng ngundang dhoktêr Walandi. Kalampahan ingkang sakit kagarap dhoktêr wau ngantos 4 dintên, nanging botên wontên sudanipun. Ingkang sakit wau katawis rêkaos, bêntèripun sangêt, jalaran infectie. Ingkang sakit lajêng kula purih ambêkta dhatêng griya sakit ing Sêmarang, nanging kulawarganipun botên rujuk, sasagêd-sagêd dipun pulasara ing griya kemawon, dene manawi prêlu andhatêngakên dhoktêr sanès (consul) botên kawratan. Kalampahan ingkang sakit kula garap saminggu botên sapintêna sudanipun. Mila lajêng andhatêngakên dhoktêr speciaal kangge consul saking Sêmarang, ngantos sontan-santun dhoktêr kaping tiga, dhoktêr consul tiga pisan wau pamanggihipun sami, mastani sakitipun nyonyah wau kraamvrouwenkoorts. Jampi suntikan punapa kemawon ingkang [ing...]

--- 163 ---

[...kang] prêlu kangge jampi sampun kula suntikakên, kala-kala ingkang sakit inggih wontên sakecanipun, purun nêdha sawatawis, sagêd anjênggèlèk, timbangan bêntèr mandhap 37,6 utawi langkung sakêdhik, ananging badanipun ingkang sakit saya dangu saya risak, wêkasan sarêng sampun kalih wulan, ingkang sakit tiwas.

Cêcariyosan ingkang kasêbut ing nginggil prayogi minăngka tuladha, bilih sêsakit kraamvrouwenkoorts punika sêsakit ingkang ambêbayani, manawi botên enggal kapulasara lan dipun jampèni ing dhoktêr lêrês-lêrês, lăngka ingkang sagêd ngukup.

Panulakipun sêsakit wau sampun kapratelakakên ing nginggil, janji ingkang gadhah anak ing sadèrèngipun lan sasampunipun bayi lair dipun rêsiki (desinfectie), sampun cêkap, punapa malih dhukun utawi vroedvrouw ingkang têtulung saras lan rêsik saèstu, insya Allah wilujêng.

Wontên sawênèhipun tiyang Jawi ingkang mungêl: kabèh-kabèh iku rak wis takdiring awak, yèn pancèn arêp lara lan mati lantaran manak, ya wis mêsthine, geneya ing desa-desa wong kang padha anak-anak iya padha slamêt ora ana kang lara panas nganti tiwas mangkono, măngka sing têtulung iya dhukun desa, ora ngrêti rêrêsik kaya dhoktêr barang mangkono.

Têtêmbungan makatên punika têtêmbunganipun tiyang ingkang botên ngèngêti, bilih manungsa sapunika wajib ihtiyar saprêlunipun.

Upami tiyang badhe kêkesahan ningali ing langit mêndhung sakêdhik, punika lajêng gadhah kuwatos bilih jawah: kajawahan, mila lajêng ambêkta payung. Upami botên ambêkta payung măngka saèstu jawah, inggih sampun têmtu lajêng têlês (klêbus). Saminipun lare umur sataun utawi kalih taun dolanan lading panyukuran utawi gunting ingkang landhêp, inggih manawi botên kêpêrang utawi kêcocog, nanging manawi lare wau saèstu tatu gobrah-gobrah êrahipun, punapa tiyang sêpuhipun botên kaduwung.

Tiyang ingkang botên purun ihtiyar punika namanipun tiyang nekad, dados têtiyang manak, ingkang wilujêng dipun tulungi dhukun kampung wau, nama kapinujon.

Sajatosipun ing padhusunan punika têtiyangipun dèrèng ambêtahakên dhatêng vroedvrouw, amargi dèrèng mangrêtos, jalaran saking taksih bodhonipun, pitados kemawon dhatêng dhukun lan sampun kulina dhatêng dhukun.

Rekadaya murih têtiyang dhusun nêdha pitulungan dhatêng vroedvrouw, punika nagari kêdah ngawontênakên vroedvrouw ing dhistrik-dhistrik, ing ondêr dhistrik-ondêr dhistrik, awit upami tiyang dhusun kêpengin dipun tulungi vroedvrouw, punika botên sagêd, jalaran ing dhusun botên wontên vroedvrouw, dados kêpêksa tiyang-tiyang wau pitados dhatêng dhukun kampung kemawon.

--- 164 ---

Pawartos Wigatos

Pailan ing Bawah Gunungkidul

[Grafik]

Pasitèn ing Gunungkidul

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ăngka 6, jalaran wontênipun jawah ing măngsa punika pancèn kirang nyêkapi, ing bawah Gunungkidul kathah sabin-sabin ingkang botên dados, sami alum jêne, malah ugi sakalangkung kathah ingkang kalajêng pêjah. Ingkang makatên wau sampun tamtu lajêng anuwuhakên kasusahan agêng, langkung-langkung tumrap para têtiyang tani, jêr inggih sabin wau ingkang dados bakuning panggêsanganipun. Wontênipun risaking têtanêman anuwuhakên kiranging têtêdhan, salajêngipun sagêd murugakên wontên pailan utawi pacêklik. Makatên ugi ing bawah Gunungkidul, wêkdal samangke kawontênanipun ragi nguwatosakên, rêgining têdha sampun awis sangêt, kados ta: gaplèk ingkang adat namung rêgi f 1,- dumugi f 1,50 samangke sampun mindhak dumugi f 5,75. Gêgayutan kalihan bab punika botên anggumunakên, bilih rêgining barang-barang prabot griya tuwin rajakaya, kathah sangêt mandhapipun, malah saking botên pajêngipun lajêng kasade mirah. Ing dhusun-dhusun saha ing pêkên-pêkên. Ing măngsa makatên wau tumrap kawula alit saya rêkaos saha nrênyuhakên manah. Manawi wanci dalu ing kitha Wanasari kathah kemawon lare-lare ingkang sami kluyuran turut margi, sami priman utawi pados têtêdhan sawontênipun, sok ugi kenging kangge nambak ngintir-intiring padharan, jalaran tiyang sêpuhipun sami kasrakat sangêt. Wontên pawartos, malah sampun kalampahan wontên satunggiling tiyang ingkang nyade anakipun kêkalih, ingkang satunggal taksih watawis umur satêngah taun, kasade saringgit, labêt saking botên têgêl ningali anak-anakipun wau mèh pêjah kalirên. Ing dhusun Kalangbangi racakipun ingkang katêdha namung godhong kêmlandhingan, mila ing ngriku kathah kemawon tiyang ingkang lajêng ambrodholi rambutipun, kabêkta [kabê...]

--- 165 ---

[...kta] saking dayaning godhong wau, jalaran murugakên bêntèr dhatêng badan. Ing kalurahan Bêdheo, Kênthêng, Bêndhagêdhe saha Koripan kêrêp wontên tiyang ingkang pintên-pintên dintên babarpisan botên kalêbêtan gaplèk sakêdhik-kêdhika, dene ing kalurahan Ngara-ara, Salam, Têrbah saha Sampang ingkang kangge bakuning cagag gêsang inggih punika woh sata, asli saking pabrik-pabrik ing bawah Mataram. Woh sata wau sasampunipun kasosoh lajêng dipun liwêt, panêdhanipun tumrap ingkang sagêd, kauworan sêkul gaplèk sakêdhik, nanging ingkang kathah namung katêdha kalihan rambanan tuwin sarêm kemawon. Têtêdhan kados makatên wau sapisan pancèn botên eca raosipun, kaping kalih têtela manawi ambêbayani tumrap kasarasaning badan, jalaran ingkang kathah sasampunipun nêdha sêkul woh sata wau lajêng botên sagêd ambêbucal.

Samantên rêringkêsaning pawartos ingkang kapacak ing S.T.

Raos Jawi

Lêlabêtan Utami Nyarambahi dhatêng Anak Putu.

Sampun dados kalimrahanipun băngsa Jawi, dhatêng lêluwur ingkang nurunakên punika sangêt migatosakên, awit mênggahing gêgayutaning sanak, manawi botên sumêrêp aluranipun, lajêng nama kêpêjahan obor. Lan malih mênggah ing turunipun tiyang sae, agêngipun ingkang gadhah labêt dhatêng nagari, punika limrahipun dipun pèngêti ing tiyang, saya malih tumrap turunipun, tamtu botên kêkilapan dhatêng bab punika. Ewadene ing bab makatên wau inggih dèrèng tamtu, wontên ugi ingkang lajêng kecalan lacak, botên dhamang dhatêng ingkang nurunakên, jalaran saking kêdangon jamanipun.

Ing karangan punika badhe anyariyosakên babad Bêstaman sawatawis, mênggah prêlunipun, sapisan nyariyosakên bab mula bukanipun ing Sêmarang wontên kampung nama Bêstaman, kaping kalihipun ngêtingalakên satunggiling băngsa Jawi kala jaman kina sampun wontên ingkang dipun kanggèkakên damêlipun dening parentah Walandi, lan malih tumrap para maos Kajawèn, salah satunggal bokmanawi wontên ingkang gêgayutan ing bab punika. Mênggah cêcariyosanipun makatên:

Kala ing taun 1708 ing Sêmarang wontên tiyang Jawi nama Bêstam, umur 27 taun, kagolong pintêr. Kala samantên Bêstam dipun timbali ingkang bupati Sêmarang asma Kyai Adipati Sura Adimênggala, kadadosakên juru sêrat wontên ing Sêmarang, awit kala jaman samantên awis sangêt tiyang Jawi ingkang sagêd maos lan nyêrat, lan malih awis ingkang purun nyambut damêl kalihan băngsa Walandi. Bêstam wau kajawi angsal balănja, inggih angsal pêpancèn siti.

Sarêng anggènipun nyambut damêl sampun angsal tigang taun, balănja tuwin pancènipun siti kaindhakan malih saya kapangkat komis, têtêp manggèn [manggè...]

--- 166 ---

[...n] ing kantor Sêmarang.

Kala samantên anyarêngi ing karaton Kartasura pêpêrangan, kathah têtiyang Jawi ingkang wontên ing Sêmarang sami wayang-wuyungan, wontên ingkang lajêng ambiyantu tumut golongan karaman, namung Kyai Bêstam têtêp ing manah angantêpi wajib. Anyarêngi kalamangsanipun, kala samantên juru basa Walandi ing Sêmarang lowong, sarèhning ing wêkdal punika anyarêngi kathah sangêt padamêlan, inggih punika bab wontênipun sêrat-sêrat saking nata Jawi, Kyai Bêstam dipun sampiri padamêlan wau. Sasirêping pêrang Kyai Bêstam saya kêtingal saening damêlipun, malah sirêping pêrangan wau Kyai Bêstam ingkang dados lantaranipun. Wusana lajêng kaangkat dados sekrêtaris juru basa Jawi. Kajawi punika ugi tampi ganjaran siti saking nagari run-tumurun, ngantos sapriki taksih karan kampung Bêstaman, Sêmarang. Kala punika ing tanah Jawi dèrèng wontên up jaksa, Kyai Bêstam ingkang wiwit nindakakên padamêlan jaksa wau. Wusana lajêng kawisudha dados ondêrêgèn wontên ing Têrbaya, panguwaosipun botên beda bupati, saha kaparingan santun nama Ngabèi Kêrtabasa, taksih ngrangkêp padamêlanipun sèkrêtaris Jawi utawi juru basa Jawi.

Kala samantên anyarêngi karaman Mangkubumèn, sajawining kitha Sêmarang, inggih punika ing Pêterongan, Jombêlang, salajêngipun ngantos dumugi Magêlang, sampun dipun broki ing barisan brandhal, têtiyang salêbêting kitha Sêmarang ngantos ajrih mêdal saking kitha.

Bab punika nuwuhakên kawigatosaning panggalihanipun parentah. Ing ngriku Ngabèi Kêrtabasa gadhah pamrayogi rêmbag dhatêng parentah, saha atur wau kadhahar, wusana lajêng wontên sêrat saking Batawi dhatêng Pangeran Mangkubumi. Nalika sêrat wau badhe kalampahakên, botên wontên ingkang kadugi tumindak, sanadyan para bupati pisan sami mopo, amargi saking giris dhatêng agênging barisipun mêngsah. Bab punika Ngabèi Kêrtabasa ingkang lajêng kadugi badhe ngaturakên dhatêng Pangeran Mangkubumi, sarana lampah nyalamur.

Lampahipun Ngabèi Kêrtabasa sami mindha kuli, wontên ing candhi kapanggih pangaritipun Dêmang Jêthak, ingkang nuju baris wontên ing ngriku. Ngabèi Kêrtabasa [Kêrta...]

--- 167 ---

[...basa] cariyos manawi asli tiyang Magêlang, badhe mantuk ajrih, mila badhe tumut ngarit wontên ing ngriku. kêlampahan Ngabèi Kêrtabasa tumut ngarit, dados pangaritipun Dêmang Jêthak, sarêng anggènipun wontên ing ngriku sampun nêm dintên lajêng anglajêngakên lampah dhatêng Magêlang, taksih nyalamur kemawon. Wusana dumuginipun Magêlang anjujug pabarisan, lajêng dipun cêpêng, dipun kintên têlik ngantos adamêl orêging pabarisan.

Bab punika ngantos kauningan ing Kangjêng Pangeran Mangkubumi, tiyang ingkang kacêpêng dipun ladosakên. Wusana sadumugining ngarsa dalêm kangjêng pangeran, lajêng matur walèh punapa saprêlunipun, saha ngaturakên sêrat saking Batawi. Wohing lampah wau, pabarisan lajêng kabibarakên.

Sawangsulipun Ngabèi Kêrtabasa angsal panarimah agêng, saha angsal sêsanggêman saturun-turunipun ingkang sae, kagalih dening parentah. Ing salajêngipun, turunipun Ngabèi Kêrtabasa ingkang dados bupati anak kêkalih, putu gangsal.

Cêcariyosan puniku, ngatingalakên bilih băngsa Jawi punika sanadyan kala ing jaman samantên ugi sampun wontên ingkang sagêd nindakakên padamêlan wêrit, dados mênggah tiyang ingkang sampun angsal kapitadosan, manawi ngantos manggih sabab ingkang nuwuhakên raos dhatêng sudaning kapitadosan wau tamtu inggih lajêng karaos kemawon, lan têtela bilih rêkaosing tiyang sêpuh punika sok numusi sae, thukul wontên ing anak putu.

Jagading Wanita

Dhêdhaharan Wulan Siyam

Sayêktosipun mênggahing băngsa Islam, manawi nuju Siyam, sanadyan botên ngêmên-êmênakên prakawis olah-olahan, nanging mêksa ngawontênakên ingkang langkung saking mêsthi. Botên kok anggènipun olah-olah dipun pêng ngungkuli padatan, nanging prêlu mujudakên kangge buka utawi saur. Lan sarèhning pranataning nêdha beda kalihan padatan, kêpêksa lajêng ngêning-êning, upami padatan manawi nêdha namung kalihan sambêl, kalanipun Siyam mawi wêwah lalaban.

Wontên gotèkipun para sêpuh, nanging bokmanawi para nyata, tiyang Siyam punika adhakan, kalanipun buka kêdunungan manah ngăngsa, panêdhanipun lajêng asring kêladuk, wêkasan adamêl botên sakecaning wêtêng. Ingkang makatên wau dados ugi prayogi anjagi kasarasan, kêdah sarana jêjampi.

Nanging kadospundi ingatasipun tiyang Siyam kapurih jêjampi, wah anggènipun jêjampi wau kalanipun buka, punika botên mathuk sangêt. Ewadene sarèhning sêsêrêpan, utawi sampun wontên ingkang ngêcakakên, dipun cakakên kenging botên, [botê...]

--- 168 ---

[...n,] inggih botên dados punapa. Mênggah ingkang dipun wastani jampi wau sayêktosipun têtêdhan, inggih punika gudhangan. Pandamêlipun kados ing ngandhap punika:

Gudhangan mêntah.

Mêndhêta godhong gagan-gagan satêkêm, sêre tigang uwit, godhong jêram pêcêl ingkang ênèm tigang lêmbar, sawarnining pupusing gêgodhongan ingkang kenging katêdha, upaminipun pupus godhong pêlêm (pradapa) pupus godhong pala, sasaminipun. Sadaya wau karajang lêmbat, sêrenipun namung kapêndhêt ingkang ênèm, lajêng dipun kumbah rêsik saha kaatusakên.

Bumbunipun: maruda klapa sacêkapipun, sarêm sacêkapipun, lombok sakêdhik, kulit jêram purut dipun parud sakêdhik, kêncur sakêdhik, manawi wontên dipun êmori wowohan ingkang raosipun kêcut, kados ta pêntil pêlêm, woh pala, dipun rajang lêmbat. Bumbu wau lajêng kacarub ingkang waradin lajêng kacarubakên ing gêgodhongan ingkang sampun dipun rajang wau. Punika sampun kenging dhahar, tumrap ingkang karsa kenging dipun dèkèki gêndhis pasir. Dene pandhaharipun ing wanci buka sadèrèngipun kalêbêtan dhêdhaharan, namung dipun gadho lugu kemawon. Tamtu kemawon raosapun[1] botên eca, nanging botên tilar sêdhêp, makatên malih saking cariyosipun ingkang sampun nindakakên, kajawi gadhah daya sakeca dhatêng wêtêng, ugi numani. Awit raos ingkang botên eca wau lajêng sagêd ngosokwangsul. Ingkang kaparêng nyobi prayogi nyobi.

Sêgêr-sêgêran, rujak timun.

Mundhuta timun ingkang agêngipun cêkapan, kasigara byak, lan dipun kêrokana mawi sendhok alit, pangêrokipun dipun kambang kemawon, pamurihipun sagêd lêmbat anglamut. Manawi timunipun sampun sêpuh, isinipun kabucala, dene manawi ênèm, kenging dipun sadayakakên, sampun ngantos katutan kulitipun, timun kêrokan wau lajêng kawadhahana ing gêlas, dipun toyani sakêdhik, botên prêlu kathah, awit timunipun sampun pangawak toya. Lajêng dipun dèkèki gêndhis pasir salêginipun, wusana dipun kêcêri jêram pêcêl, utaminipun mawi ès, botênipun, makatên kemawon raosipun sampun kados mawi ès satêngah ngabar.

Sêgêr-sêkêran[2] kados makatên wau, pandhaharipun ugi wanci buka. Mênggahing dayanipun, lungkrahing badan kalanipun siyam, samăngsa kasiram ing unjuk-unjukan punika lajêng larut, clês, asrêp, anungtumakên otot bayu. Dados unjuk-unjukan wau tumrap wontên ing kitha sagêd kasêmbuh ing asrêping ès, dene tumrap wontên padhusunan, prasasat damêl ès piyambak. Prayogi kanyatakakên.

Sanès dintên badhe kasambêtan ing bab dhaharan sanèsipun, kapilihakên ingkang mathuk kagêm ing wulan Siyam.

--- 169 ---

Bab Tanêman

Pohung (Bodin)

Pohung punika miturut cêcriyosan asli saking tanah sabrang, nanging sampun kêlimrah lan mratah dados tanêmanipun tiyang siti Indhonesiah sadaya. Gêsangan sangêt, pancaripun gampil, cêkap saking witipun, dipun têngkêl-têngkêl panjang watawis nyacêngkang, lajêng dipun cêblokakên ing ipukan, punika lajêng sami thukul. Anggènipun mănja kêdah titi, sampun ngantos nyungsang, ing têmbe wohipun botên eca katêdha. Layak wontên ila-ila, botên kenging kêsêsa nanjakakên, kêdah nyrantosakên garinging tlutuh, wohipun mindhak langu. Punika yèn dipun manah-manah klêbêt ngakal. Awit mênggah wit pohung punika yèn dipun lêrêbakên sawatawis dintên, ing soca sampun sami sêmi, dados botên badhe klintu bongkot pucukipun. Pramila adatipun tiyang dhusun têngkêlan-têngkêlan wau kabêngkêtan lan lajêng kadèkèk sangandhaping wit pisang, ing ngriku papan ayom tur hawanipun asrêp, pramila lajêng dados sêminipun. Sasampuning pinanggih sami sêmi sawêg kapănja.

Nanêm pohung punika ingkang kasuprih wohipun, punika sajatosipun oyodipun, nanging dilalah inggih punika ingkang eca katêdha. Ing nginggil inggih ugi sok mêdal wohipun, warninipun kados jarak kêpyar, namung punika botên paedah punapa-punapa. Watawis umur-umuran gangsal wulan (tumrap bangsaning genjah) lan sangang wulan (tumrap bangsaning pohung lêbêt) sampun wiwit kenging dipun cagêrakên, nanging inggih taksih klêbêt kêsêsa. Ingkang genjah sêpuhipun ngantos pitu, lan ingkang lêbêt ngantos sataun, langkungipun samantên malih, sampun anggêmbosi utawi ngayu. Manawi katitipriksa, kawontênanipun woh (ingkang wontên siti) ragi anèh, sakêdhap ngayu, dados sari-sarinipun larut, sawatawis dintên malih sampun pulih kados wingi uni. Pramila dados tuwuhing gugon tuhon, ambubak pohung makatên kêdah kalêrêsakên wontên ing umur-umuran ganjil. Petangan makatên punika têmtu mêndhêt saking kawontênan pêpasthèning tuwuhing pohung ingkang molah-malih wau, udakawis wontên sakiwa têngênipun sawulan. Kawontênan punika inggih klêbêt ngakal malih, pandugi kula, nalikanipun ngayu, sari-sari wau sawêg prêlu kangge dumadosipun, kados ta: indhaking wit, godhong, tuwin sanès-sanèsipun. Yèn sari-sari wau nglêmpak wontên ing oyod, ing wêkdal punika têmtu titimasa ingkang sae tumrap bubakanipun. Bab punika kenging dipun nyatakakên mawi coban, upaminipun sawêg ngayu, dipun sandèkakên rumiyin, ngêntosi sawatawis dintên malih.

Ing ngajêng sampun kula criyosakên bilih tanêman pohung punika gampiling gampil, bêtahipun [bêtahipu...]

--- 170 ---

[...n] pasitèn kêsat, pramila tumrap pasitèn ingkang kirang sae, murih makantuki[3] prayogi katanêman pohung, ing ngriku têmtu gêsangipun, tur sajatosipun langkung kasil katimbang dipun tanêmi jagung, nanging inggih sampun nyupèkakên tanêman baku, inggih punika jagung. Tiyang dhusun ingkang gadhah simpênan jagung punika prasasat gadhah simpênan pantun, manahipun ayêm, jalaran jagung punika manpangatipun mèh kados sêkul. Rekanipun murih sagêd kacêpêng mrika-mriki akalipun gampil kemawon, inggih punika pananêmipun sarêng-sarêng klayan jagung, punika kawontênanipun sae kemawon, jagung lêstantun, makatên ugi pohungipun. Patrap makatên punika caranipun jaman samangke ngupados kaindhakan, nanging bab lêmèn sampun dipun lirwakakên, awit punika dados pakaning tanêm tuwuh, emuta siti sapunika tansah botên wontên kèndêlipun dipun tanêmi, yèn botên kajagi kados ingkang sampun kapratelakakên, ing têmbe sagêd kacuwan awit dening botên dados tanêmanipun.

[Grafik]

Siti parêdèn ing Jawi Wetan, ingkang sawêg kabubak.

Bab panyade tumrap sapunikanipun sampun botên kèwêdan, jalaran pabrik pohung sampun kathah. Pabrik wau mêndhêt pathinipun, punika lajêng kakintunakên dhatêng sabrang, pramila dados padagangan agêng. Ingkang kathah pathinipun punika bangsaning pohung lêbêt, punika witipun sêmu abrit utawi pêthak, ingkang sêmu ijêm punika bangsaning genjah.

Yèn badhe kiyat dangu kêdah kadamêl gaplèk, punika ing măngsa pailan sagêd kangge sumbang surung dhatêng têdha. Kadamêl têtêdhan warni-warni inggih lêmêsan, malah pandugi kula ingkang kakintunakên dhatêng sabrang punika wangsulipun mriki dados bêskuwit, pramila sapunika wontên bêskuwit ingkang rêginipun mirah.

Sumadi. Pangarasan (Brêbês)

--- 171 ---

Panggulawênthah

Panggulawênthah Lare Sawatawis

Sambêtipun Kajawèn nomêr 10

[Gambuh]

ing mangke kang winuwus | katrêsnane wong tuwa mring sunu | apan bêcik lamun sinimpên nèng batin | aywa rêmên ngucap têmbung | ngalêmbana kongsi kasok ||

awit yèn bocah mau | ngrumasani sinihan satuhu | ing satêmah tuwuh tyase ngadi-adi | yèn jêjaluk tan tinurut | lêledanira andados ||

wondene jatinipun | kang ingaran wong trêsna mring sunu | yèku dudu srana ngrêngga busanadi | lan nuruti karêpipun | amuktèkkên kongsi notog ||

mungguh ingkang kadyèku | mandar dadya wisuna satuhu | saking bocah wus manuh maring kamuktin | ngadat kêsèd kang tinêmu | dening kulina akongkon ||

lawan ing benjangipun | diwasane ing sawastu kidhung | saya lamun wus tininggal yayah wibi | nora nana kang têtulung | nyampêti sakabèh butoh ||

ing kono wiwitipun | krasa rasa lêlakon kapungkur | angakoni uripe wong donya iki | kudu awas lawan emut | lan uga nganggo prihatos ||

marma sayogyanipun | wiwit bocah kabèh tindakipun | pinardia pinrih tumindak pribadi | dimèn mulur nalaripun | jêmbar wawasaning batos ||

tur ta agawe untung | angènthèngke karyaning wong sêpuh | mung yèn prêlu wong tuwa ngawat-awati | andunungke tindak klèru | asung tuladha wêwaton ||

lan manèh pedahipun | angilangke wêwatêkan nguthuh | jêr sanyata ananing nguthuh puniki | saking kêsèd asalipun | sarta sêpi ing prihatos ||

sanajan nguja sunu | lamun maring kagunan tumuju | nora nana ilange lamun ngragadi | kaya ta upamanipun | kanggo têtuku pirantos ||

tur bocah dadya mungkul | nora dhêmên dolan angaluyur | nanging muhung anèng wisma ngonggat-anggit | kang maring wisma pikantuk | sayêkti anyuda boros ||

poma sami dèn emut | aywa rêmên anglulu mring sunu | saya lamun tinêmu nèng bocah cilik | kang durung wruh bênêr luput | akarya mamang ing batos ||

satêmah tindakipun | datan kêndhat samaran kang langkung | liring bocah tan tuwuh andêl ing kapti | tan ngrungkêbi bênêripun | ingkang wus pinikir bontos ||

măngka tumrap panggayuh | prêlu ana piandêl puniku | dening bisa gumrêgut tindakirèki | nora mundur ing pakewuh | ing satêmah bisa klakon ||

wusana kang mangapus | wanti-wanti ngaturkên pêpemut | mugi-mugi ingkang andarbèni siwi | aywa lena mardi sunu | dening prakawis wigatos ||[4]

Darpa.

--- 172 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

VII. Ngali lunga.

[Kinanthi]

lêlakon lakune thukul | adhakan nuli manthingil | kaya uripe Abdulah | pancène wis bêcik apik | ananging ya wong manungsa | sok kêsasaran ing sêdhih ||

ora ngira ora wêruh | yèn Ngali nganyar-anyari | arêp wiwit duwe pokal | dhêmên ambuwangi dhuwit | sabên dina mung kluyuran | kumpul lan wong ora bêcik ||

ora kêndhat grudag-grudug | cah akèh padha tut buri | anggêpe kaya bêndara | digrubyug ing para abdi | didhèrèkke mrene-mrana | mung waton ambuwang dhuwit ||

mêsthi bae wong sing nrambul | padha bungah minthi-minthi | rumasa ora kelangan | mung pawitan ana uni | gêlêm ngumpak ngalêm blaba | dhuwite banjur nalitik ||

sabên uwis wayah surup | wus tata miranti cancing | arêp mênyang gon tontonan | kancane wis pating sruwit | ngêntèni ana ing dalan | wise gathuk ting cêkikik ||

nuli padha pating kluyur | wis mèh esuk lagi mulih | esuke mung kêlangopan | nganti lali mênyang wajib | priye carane dodolan | wis ora cumanthèl ngati ||

ing sabên dina mung ngantuk | wayah sore lagi eling | awit wis mèh wayah dolan | lêlakon sing ngono kuwi | dadi pikire wong tuwa | nêdya arêp elik-elik ||

mung bapakne rada rikuh | awit rumasa ngèlingi | ngatase wong duwe băndha | lagi kêsrêmpil sathithik | ora yèn bakal karasa | kuwi mung prakara sipil ||

nanging wusana kêbacut | upama urubing gêni | uwis dadi ngămbra-ămbra | arêp disirêp malahi | Abdulah nuli rêmbugan | karo sing wedok ing bêngi ||

sawise anake turu | sing lanang klisik kalêsik | mungguh kowe kapriye ta | prakara anakmu Ngali | aku nganti rada eram | dene watêkane salin ||

dhèk bocahe nurat-nurut | saikine dadi malih | sing wedok mangsuli kăndha | lan ngêsut suruhing tapih | jênêng bocah uwis lumrah | yèn gêdhe mangkono kuwi ||

karo rumasa diugung | dhasar bapakane sugih | sing lanang tumuli nyêntak | gunêmmu banjur ngêcuwis | apa aku ya ngugung ta | yèn grêgêtên tak têmpiling ||

sing wedok ngowahi susur | karo anggalêgês muni | kowe kuwi kliru tampan | yèn aku muni sathithik | banjur kogagas adawa | bok rada sabar sathithik ||

lan kandhaku durung tutug | thik-thik banjur tak têmpiling | ênya wis rikat tibakna | sing trêsna nyang anak kuwi | apa iya êmung bapa | bok iya nganggo dipikir ||

kaya ta Si Ngali mau | kowe rada luput thithik | ora nganggo titi

--- 173 ---

priksa | mung koêndêl têrus ngati | nanging wong ya jênêng anak | kapriye gone nyrêngêni ||

Abdulah ketok mêcucu | mancêrêng karo mangsuli | ngono yèn biyung nyang anak | karêpe mung nyunggi-nyunggi | anu sathithik dieman | dhêmên anggêdhèkke ati ||

anane padha dirêmbug | ya mung arêp murih bêcik | karêpku ngene rungokna | aja pijêr pringas-pringis | Si Ngali arêp tak labrag | nanging mung tak labrag uni ||

sing wedok tumuli sambung | sing mangkono kuwi bêcik | nanging aja kasar-kasar | awit dudu bocah cilik | lirih bae waton krasa | yèn kokasar mundhak isin ||

kocapa barêng wis esuk | wong tuwane amarani | Ngali nuju kêlangopan | bapakne ngaruh-aruhe | dene kuwi kêlangopan | apa karipan ing bêngi ||

wong mêlèk sawêngi nutug | kuwi sirmu apa bêcik | priye lakuning dagangan | dene kabèh ketok nipis | mung kotinggal kêluyuran | nyang gawean nganti lali ||

sapa sing sudi têtuku | dagangan mangkene iki | bok kowènèhke thok pisan | măngsa anaa wong sudi | saya kosambi klangopan | wong sing têka padha bali ||

jênênge bocah wis ngumur | rak ya nganggo duwe isin | yèn wong dhêmên balayangan | pakolèhe apa kuwi | bok wis omah ana dalan | ora usah mulah-mulih ||

dadi tutug gonmu ngluyur | yèn ngêlèh ngêmuta krikil | wis suwe tak ancam-ancam | kowe arêp tak srêngêni | hara coba wangsulana | ngakua bênêr saiki ||

bokne Ngali ing dhèk mau | iya milu êtut buri | banjur anjiwit sing lanang | ing karêpe dikon eling | aja bangêt nguman-uman | yèn bocahe dadi isin ||

nanging malah dadi nêpsu | nuli nolèh lan anggêjil | unine saya andadra | prêdom bangêt kowe kuwi | athik kowe nganggo calak | wani arêp mêmalangi ||

Ngali sanalika mau | ketok bangêt gone wêdi | arêp muni ora bisa | dadi mung mandhêg ing ati | wusana lês banjur lunga | ora gêlêm dikon bali ||

Dulah saya mabul-mabul | sing wedok diuring-uring | dikira saka ing biyang | bocah dadi ngono kuwi | ing wusana nuli kăndha | togna bae lunga ya wis ||

sing wedok asênggruk-sênggruk | mingsêg-mingsêg karo muni | wingi aku uwis kăndha | rêmbuge tak êkon lirih | dene banjur nyêntak-nyêntak | kuwi jênêng anggêgiri ||

yèn wong lanang kuwi êmbuh | tegan bangêt têrus ngati | tur nèh Ngali kuwi nyawa | tumrap aku ora mikir | nanging yèn nêmoni sabab | aku sing krasa nêrusi ||

lumrah bapa ngono iku | êmoh mênyang pait gêtir | kocapa ing sanalika | wong saomah tanpa uni | kabèhe padha katara | anggagas susahing ati ||

--- 174 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Bab badhe rawuhipun Pangeran Adipati Anom ing Dhènêmarkên dhatêng Indhonesiah, dumugi samangke pamarentah dèrèng tampi pawartos ingkang sah, sagêd ugi sande botên saèstu rawuh.

Tirtayasa, pakêmpalaning para têtiyang Bantên ingkang sami manggèn ing Bandhung ingkang dipun pangarsani dening Tuwan Jayakusuma, miturut kêkêncênganing parêpatan warga ingkang mêstas dipun wontênakên, badhe malêbêt dhatêng P.P.P.K.I. sarta badhe damêl propagandhah ing sajawining kitha Bandhung.

Nalika tanggal 30 Januari punika dening Volksraad-stemkantoor kawontênakên parêpatan ngrêmbag badhe pilihan warga rad kawula băngsa pribumi kêkalih, gêgayutan kalihan lèrèhipun R.A.A.A. Jayadiningrat (kring Jawi Kilèn) kalihan P.A. Kusumayuda (kring Jawi Wetan).

Satunggiling kuli S.S. ing Batawi manggih patlum dhinamit ing salêbêting siti. Sarêng kathuthuk mawi tugêlan tosan patlum wau amblêdhos, ngèngingi kuli ingkang kirang wêweka wau, ngantos tatu sangêt. Makatên pikantukipun tangan rêmên ala nganggur.

Wontên pawartos Dr. R.M. Sujadi dèrèng dangu punika tilar donya wontên ing C.B.Z. Sêmarang. Suwargi panjênênganipun ngasta padamêlan wontên ing C.B.Z. kasêbut nginggil, sarta sampun kawêntar mênggahing kasagêdan saha kasaenanipun. Mugi rohipun tinampènana ing pangayunaning Pangeran saha jinêmbarna ing kuburipun.

Pirmah Fraser Eaton ing Surabaya, panging Kongsi tiga. Dèrèng dangu mentas kêtitik wontên kêkirangan arta f 44.000.- ingkang dados têtanggêlanipun satunggiling punggawa băngsa Walandi ing ngriku, nama Tuwan A.L.F. Rumemper ingkang ugi ngiras dados bokser. Samangke punggawa wau katahan, kadakwa ingkang nyalingkuhakên, gêgayutan kalihan bab punika kasir băngsa Tionghwa ing pirmah kasêbut nginggil ugi tumut katahan.

Nalika tanggal 27 Januari punika Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaparêng miyos dhatêng Gunungkidul, dene prêlunipun kajawi tuwi rayi dalêm, Gusti Bandara Radèn Ayu Pringgadiningrat, ugi mratitisakên kawontênaning têtanêmanipun para têtiyang tani ing ngriku, gêgayutan kalihan wontênipun pailan ing samangke.

Kala tanggal 30 Januari punika, awit saking dhawuh timbalan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, Kangjêng Pangeran Adiwijaya kautus amatêdhakakên pisungsung dalêm warni têkên ingkang pinatik ing nawarêtna dhatêng Tuwan van Zalinge presidhèning K.P.M.

Saking Medhan kawartosakên, jalaran wontênipun jawah ing măngsa punika pancèn kirang nyêkapi, ing bawah Sumatra sisih wetan saha ing Idhi (Acèh) kathah têtanêman ingkang botên dados.

Sambêt kalihan pawartos bab pilihan warga enggal ing rad kawula minăngka gêgêntosipun R.A.A.A. Jayadiningrat, kalihan P.A.A. Kusumayuda, ingkang kapilih R. Idih Prawiradiputra rechtskundige ing Garut (N.I.V.B.) saha R.A.A.A. Wijayasuwănda, bupati ing Trênggalèk (P.E.B.).

Wontên pawartos, Tuwan P.F. Dahler badhe nyuwun lèrèh saking anggènipun jumênêng wontên rad kawula, gêgayutan kalihan kalênggahanipun enggal jumênêng pangagênging taaltechnische afdeeling ing Bale Pustaka, kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ăngka 10.

Nalika malêm Minggu tanggal 26/1-'30, ing pandhapi kawêdanan Caruban dipun wontênakên pasamuwan ngangge ringgitan, minăngka ngramèkakên murid-murid pamulangan ăngka II pangkat 5 ing sabawah dhistrik Caruban, dipun jumênêngi pêpatih Madiun, tuwin pêpatih Nganjuk, punapadene ingkang wadana kitha Madiun. Kajawi punika ugi kathah para priyantun sanèsipun ingkang sami rawuh. Adêgipun pasamuwan wau saking pirukunanipun para priyantun, kabantu ing wadana Caruban. (K.4504).

Dintên Minggu ping 26/1-'30 ing Kêbumèn sampun sagêd ngadêg pakêmpalan guru dhusun (P.G.D.) ingkang mlêbêt lid 173 tiyang, bêstiripun 15. Guru wanita botên kantun. Ingkang andhatêngi utusan P.G.D. Purwarêja, Kutaarja, Karanganyar. Enz. (K.2651).

Wontên satunggiling lare nama Slamêt, asli saking dhusun sacêlakipun Karanganyar (Kêdhu). Rumiyin sinau wontên ing H.I.S. Adidarma Ngayogyu,[5] lajêng nglajêngakên dhatêng kwiksêkul Adidarma, jalaran tiyang sêpuhipun botên sagêd nyêmbadani waragadipun, pun Slamêt lajêng kêpêksa mêdal saking pamulangan, wasana nêmpuh byat cêpêng damêl wontên ing satunggiling kapal ing Tanjungpriuk. Pun Slamêt pancèn lare ingkang agêng tekadipun, mila bilih wontên sêlaning padamêlan inggih lajêng maos buku-buku kangge ngindhakakên sêsêrêpanipun. Lami-lami bab punika kauningan dening tuwan nangkoda. Cêkaking cariyos, Slamêt awit saking kamirahanipun tuwan nangkoda kalampahan kalêbêtakên dhatêng pamulangan calon guru mudhi ing Singgapura. Sarêng sampun kalih taun kadadar kasagêdanipun, sagêd lulus [lu...]

--- 175 ---

[...lus] dados juru mudhi klas III. Salajêngipun, Slamêt sagêd minggah-minggah pangkatipun, wasana kala wulan Juli 1929 pangkat dhatêng nagari Walandi, malah kawartosakên sampun lulus pandadaranipun dados aspiran upsir klas III, satunggiling pangkat ing lautan ingkang kagolong sampun inggil, minggahipun sagêd dados nangkoda. Mugi kemawon sagêda kasêmbadan ingkang dados sêdyanipun.

Pamulangan luhur têtiga ing tanah Jawi sêsarêngan ngaturakên pambagya basuki sarana tilgram konjuk dhatêng paduka Prinsès Yulianah ingkang mêntas kaangkat dados eere doctor ing bab ngèlmu ukum.

Ing kadhistrikan Ciparai bawah Bandhung wontên tiyang 10 katrajang sêsakit pès planjêr, ingkang 3 salêbêtipun tigang dintên kalajêng pêjah.

K.N.I.L.M. benjing tanggal 10 Pèbruari punika badhe nyobi nglampahakên mêsin mabur saking Batawi dhatêng Singgapura, wontên Palembang kèndêl ing dharatan sakêdhap, prêlu ngisèni bènsin, dene danguning lampah kadugi wontên 7 jam. Enjingipun tumuntên badhe wangsul anggêgana malih dhatêng Batawi. Wontên pawartos, Tuwan Sir Josiah Crosby Konsul Jendral Inggris ingkang badhe kondur dhatêng Eropah awit saking sêdhahanipun maskape kasêbut nginggil kaparêng badhe tumut anggêgana dumugi ing Singgapura, lajêng badhe têrus nitih kapal Insulinde.

Lulus iksamênipun doctoraal bagean ingkang kapisan ing Rechtshoogeschool Tuwan Santosa Tohar.

Dere[6] dangu punika lèpèn Wampu (S:O.K.), mêntas bêna agêng, ngantos lubèr ngêlêbi kampung saha têtanêman ing bawah Langkat. Para têtiyang sami ngili, barang darbèkipun katilar sadaya. Têtanêman pantuh kathah ingkang risak, kapitunan katapsir wontên f 150.000.-

Wontên kabar, gêmintê Cirêbon badhe amisudha satunggiling Wethouder băngsa pribumi, gêgayutan kalihan sêdyaning gêmintê badhe andandosi kawontênaning kampung-kampung ing salêbêtipun taun punika.

Saking Surabaya kawartosakên, bilih ing kamar mêsin salêbêtipun kapal Annatiana ingkang sawêg dipun dandosi wontên ing droogdok mêntas wontên kêbêsmèn ingkang ragi nguwatosi. Mila kapal wau lajêng enggal-enggal kasèrèt mêdal dhatêng palabuhan. Kapitunan kadugi wontên f 100.000.-

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2967 ing Cisêru. Pandangu panjênêngan Instituut Blom ("Royal" Typeswriterschool) Rijswijk 11 pav. Weltevreden.

Tuwan Sumadirya, ing Magêtan. Gambar botên kapacak, kakintunakên wangsul.

Lêngganan nomêr 4753 ing Wanagiri. Karangan panjênêngan kalih iji sami botên kapacak, amargi bab dongèng sampun kêrêp kapacak wontên ing sêrat kabar, dene satunggalipun namu[7] pêthikan saking sêrat.

Lêngganan nomêr 843 ing Parakan. Pambatang panjênêngan lêrês. Sapunika kula aturi ambatang malih, Petruk punika sintên.

Nung- nung- nung

Ngaturi uninga dhatêng para maos sadaya, mugi sampun cuwa ing panggalih, ing dintên punika sarèhning boên kêduman papan, pun Petruk botên ngêdali. Kaundurakên wontên ing Kajawèn ngajêng punika.

Nung- nung- nung

Pawartos wigatos

Ngaturi uninga, para lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn ing kuwartal kapisan, punika botên kakintunan Kajawèn wêdalipun wulan Pèbruari malih, ewadene manawi tumuntên ambayar, ugi taksih kasadhiyanan. Murih botên kacuwan, kaparênga tumuntên ngintuni rêgining Kajawèn, amargi namung dipun sadhiyani sakêdhik.

--- 176 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta.

9

[Pocung]

gya tumurun jalak seta arsa ngidung | mêmiringi sang dyah | ywa kongsi ngêgèt-êgèti | panêmbange sinawung sêkar têngahan ||

mrih pakantuk lan wancine esuk-esuk | pelog pathêt barang | mèt sêkar Kusumastuti | mangkana kang kinarya sêkar Lampita ||

[Sekar Lampita]

dhuh kulup putraningsun | sirèku wus wanci | pisah lan jênêng ingwang | ywa kulinèng ardi | bêcik sira nèng praja | suwitèng narpati | amung ta wêkas ingwang | ywa pêgat têtèki ||

apindho wêkas ingsun | Prabu Malwèngpati | ratu Nungswa Kancana | duk kala ngêjawi | Sêkartaji sinêdya | ngrabaswèng Kadhiri | antuk tandhing kalawan | Panji Wanèngpati ||

Sang Rêtna ngrum mirêng sabawa angidung | jroning tyas nglocita | baya swara apa iki | rênyah arum dahat gawe gawoking tyas ||

wruhing sêmu jalak seta mring sang ayu | lumarap mangandhap | andhêkêm ngarsèng sang putri | alon nabda: | dhuh dhuh mundrining bawana ||

aywa bingung | ginalih kang barang kidung | bangsaning lêlêmbat | sayêktine amba gusti | kang ambawa swara nèng luhur paduka ||

sowan ulun | nyuwun dêduka rêtnèng rum | kumawani amba | ngidung nama ngrêregoni | sang kusuma kang lagya manungku puja ||

jatinipun mung saking kumênthus ulun | birai anêmbang | datan mawi amekani | wit kabêkta paksi wana kirang duka ||

dèrèng wêruh tatakrama unggah-ungguh | mung guru alêman | mrih winastan paksi wasis /sang kusuma karênan ing tyas lan nabda ||

tuntung guyu pait kilang têmbungipun | dhuh dhuh jalak seta | ywa katênta sun dukani | malah sira sun anggêp paksi sarjana ||

bisa nuju birat ruwêding tyas ingsun | salugune ingwang | nèng wana nawung rudatin | sadurunge sun gêlarkên tikbraningwang ||

ingsun dangu jalak ngêndi pinangkamu | apa ingon sira | dene bisa tata janmi | têmtungira tan pae lawan manungsa ||

jalak matur pasang sêmu winor umuk | mrih kakênaning tyas | sang dyah mring aturirèki | dhasar wasis jalak tur lêbda carita ||

tuntung guyu dhuh gusti lamun andangu | tuhu paksi wanan | nging mangkya kinathik dening | Dyan Sujana satriya Banjaransêkar ||

kang misuwur bagus digdaya pinunjul | solahe jêtmika | rêmên angenaki dasih | taksih jaka dèrèng amisik wanodya ||

rêmên tulung mring sasamining tumuwuh | kang kataman susah | lêgawa tan darbe pamrih | mila amba kinathik datan garêsah ||

mung sumaguh linulut ing siyang dalu | sanadyan rêkasa | nging kanthi bungah tyas mami | wit kawula rumasa dipun pilala ||

mung dèn ugung sakarsa ulun dèn turut | yèn sare bandara | amba tan pisah nèng kathil | nunggu sarwi bawa swara ura-ura ||

sagêdipun dasihe pisah kalamun | bandara wus nendra | kapati kawula lagi | mandhap saking kathil anunggil prakănca ||

singsihipun bandara dhumatêng ulun | kongsi pinaringan | pêparab sun cundhuk mami | de gèn amba sagêd mring wana punika ||

sang binagus sakeca sare wit dalu | tan sagêd anendra | mirêngkên pandongèng mami | kongsi klantur wungu lir yuda kênaka ||

[Pangkur]

sang dyah karênaning driya | amirêngkên ature jalak putih | ing tyas rangu kapirangu | kandhuhan tyas gung rimang | cipta kenging sambang catur nahên gandrung | panglocitaning wardaya | si jalak mêmanas ati ||

bisa têmên amraceka | mring gustine kang dadya woding ati | kandhane kongsi agalur | pindha janma carita | ngulur-ulur mung angulur bêcikipun | bisa gawe runtaging tyas | apa jarag jalak iki ||

sawusing tyas manglocita | alon nabda nikèn rara rum manis | jalak rungokna sun tutur | yêkti manungsa ingwang | dudu êjim lan dudu băngsa lêlêmbut | nging janma kabur kanginan | marma praptèng jro wanadri ||

wit binedhung ing seluman | ngaku ratu arsa ngrabasèng mami | nging ingsun puguh tan ayun | sêdyane amisesa | gya minantran sun banjur tan wruh lor kidul | dinokok ing watu gilang | tan bisa obah wak mami ||

mula datan lunga-lunga | luwih-luwih susah rasaning ati | ri dalu mung nèng wana gung | tan lumrah samèng titah | mula lamun gustinira sang binagus | nêtêpi tyas paramarta | rêmên têtulung kaswasih ||

aku bêbana ing sira | umatura karsaa anulungi | luwar sing sangsaraningsun | nyirnakna lêtuhing rat | kang adigu[8] gumunggung anèng wana gung | misesa wong ora dosa | luware sanggêm anyèthi ||

paksi jalak wlas miyarsa | mring sabdane musthikaning wanadri | mangkana jalak turipun | dèn pracaya kewala | mring abdine yèn sampun kawula matur | amasthi Radyan Sujana | adat sok sanggêm nulungi ||

angluwari kusumèng dyah | sing sangsara saking pakaryanèki | lêlêthêk ratu lêlêmbut | pintên banggane setan | yêkti lêbur kawisesa gusti ulun | sanadyan kadanga dewa | datan wurung sirna gusis ||

măngsa dadak mindho karya | awit gusti Radyan Sujana bilih | ngêtog tiwikramanipun | salira pindha tosan | karosane pitung gajah wawratipun | mila ywa sumêlanging tyas | yèn bandara wus kadugi || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


raosipun. (kembali)
Sêgêr-sêgêran. (kembali)
mikantuki. (kembali)
§ prasajaning pitutur | barès kurès gampil măngka catur | tandukira mêmulêt amikênani | kula anêmênkên atur | kadugi ngêcapi jêmpol ||. (kembali)
Ngayogya. (kembali)
Dèrèng. (kembali)
namung. (kembali)
adigung. (kembali)