Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02-19, #457

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02-19, #457. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02-19, #457. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 12-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 15, 20 Pasa Taun Ehe 1860, 19 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [225] ---

Ăngka 15, 20 Pasa Taun Ehe 1860, 19 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing Gêgana

[Grafik]

Kitha Bandhung dipun tingali saking gêgana.

--- 226 ---

Jagading Wanita

Olah-olahan ing Wulan Siyam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 14.

Kajawèn ingkang kapêngkêr sampun nyariyosakên olah-olahan kangge saur, nanging namung saêbab, tuwin kêgolong dhagêlan, têgêsipun dipun êngêt kenging, botên dipun êngêt inggih botên dados punapa, gampilanipun kenging kaanggêp dhaharan sadhiyan, dados kapêndhêt samăngsa-măngsa sampun sumadhiya. Kajawi punika prayogi dipun kanthèni malih:

Sambêl gorèng kêring.

Sambêl gorèng kêring punika limrahipun tempe kêdhêle, lajêng dipun namakakên tempe kêring. Nanging ngriki botên badhe mratelakakên bab tempe, awit nuju măngsa olah-olahan adèn, dene ingkang badhe kacariyosakên makatên:

Mundhuta ulam daging maesa utawi lêmbu punapa dene ati, ingkang sae, kagodhoga ingkang ngantos êmpuk. Tumrap dagingipun manawi sampun êmpuk lajêng dipun gêpuk, kaangkaha sampun ngantos ajur, prêlunipun namung murih mêkaripun kemawon, inggih punika ingkang ngantos gèpèng, lajêng dipun puwêri ingkang agal-agal, saha lajêng dipun pêcaki sarêm namung kangge isarat kemawon, botênipun inggih kenging, wusana lajêng kagorèng ing lisah klêntik ngantos garing, dadosipun kumrêmês. Lajêng dipun wadhahi rumiyin.

Ati ingkang sampun kagodhog wau lajêng dipun iris-irisi alit-alit ingkang wangun panjang, dipun pêcaki mănda-mănda lajêng dipun gorèng ngantos garing, ugi lajêng dipun wadhahi rumiyin.

Miliha èbi ingkang agêng-agêng, lajêng dipun gorèng ingkang ngantos kêmripik.

Ngrajanga bawang ingkang kathah, lajêng dipun gorèng. Anggorèng bawang punika angèl, kêdah ngatos-atos, awit manawi kasèp sakêdhik kemawon dados pait.

Ngrajanga lombok agêng ingkang abrit-abrit, dipun bucali isinipun, ugi lajêng kagorènnga ngantos garing.

Sadaya wau dipun wadhahi piyambak-piyambak lajêng ngracika bumbu: sarêm, traos, brambang bawang, laos, godhong jêruk purut, asêm, gêndhis jawi ingkang kathah, awit gêndhisipun punika mèh dados baku. Sarêm, taros, brambang bawang tuwin asêm, sami dipun ulêg dados satunggal ingkang lêmbat, lajêng dipun cêmplungakên ing wajan, dipun dèkèki toya sawatawis, lajêng dipun latoni ingkang cêkapan agêng alit-alitipun, ingkang ajêg urubipun, prayogi mawi arêng kemawon. Gêndhis, laos tuwin godhong jêram purut inggih lajêng dipun cêmplungakên.

Bumbu wau têrus kaudhêg kemawon ngantos angglali. Laos tuwin godhongipun jêram purut lajêng dipun pêndhêti, tumuntên dipun cêmplungi gorengan-gorengan [gorenga...]

--- 227 ---

[...n-gorengan] ingkang kasêbut ing nginggil têrus dipun ulêt ingkang waradin, ngantos kêmpêl, lajêng dipun êntas, dipun lèr rumiyin. Manawi sampun asrêp dipun wadhahi ing lodhong, dipun tutupi rapêt, murih awèt kumrêmês.

Pèngêt, bab bumbu olah-olahan punika, kêdah tandhing lêgi asinipun, awit manawi botên tandhing, salah satunggiling raosipun lajêng katingal, kêlêgèn ugi kasinên.

Tiyang nêdha mawi lawuh kados makatêng punika sok anggrêgêtakên, adhakan tansah nglantur, amargi sanadyan namung lawuh warni satunggal, sajatosipun ugi măncawarni, pating kalêthis sontan-santun raos. Malah trêkadhang sampun tuwuk sêkulipun, taksih galiyak-galiyak dipun gadho. Mila manawi ingkang nêdha lare, prayogi dipun abani: sêtop.

Dhèndhèng gêpukan.

Dhèndhèng gêpukan punika satunggiling lêlawuhan prasaja, nanging pandamêlipun kikrik. Mundhuta daging pênthul, lajêng dipun dhendhenga ingkang wiyaripun satêbah, panjangipun sakilan, kandêl tipisipun ingkang cêkapan. Dhèndhèng kados makatên punika botên kenging kasêlapan gajih. Lajêng ngracika bumbu namung warni tiga, sarêm, asêm tuwin gêndhis jawi. Sasampunipun dipun ulêg lêmbat, lajêng kangge mêcaki ulam wau, anggenipun mêcaki sarana dipun uleni. Salêbêtipun ngulèni dipun dilata, punapa bumbunipun ingkang kirang: dipun wêwahi. Pêcakan punika ugi ngudi cocoging têtandhinganipun raos, asin lêgi kêcutipun. Para ingkang ahli dhahar eca tamtu sagêd mangrêtos dhatêng cêkapaning bumbu, awit mênggahing bumbu, ingkang nama cêkapan punika asin lêginipun sampun anggêlêng dados raos satunggal.

Patraping ngulèni ulam punika ugi mawi kawruh, kêdah rosa, kêdah mêmêt, manawi sampun tanak anggènipun ngulèni, ulamipun dados kêsêt. Beda kalihan ulam ingkang kirang ulenan, lajêng anggêgêbêr.

Manawi sampun rampung anggènipun ngulèni, lajêng dipun pe wontên ing tampah, dipun lèmèki mêrang. Kêdah kêrêp dipun wolak-walik. Damêl dhèndhèng punika kêdah nangguh manawi nuju bêntèr, awit kêdah garing sadintên, amargi manawi ngantos wayu dèrèng garing, ngawontênakên raos botên eca.

Manawi sampun garing, lajêng dipun bakar saha dipun gêpuki, panggêpukipun manawi taksih malêm wontên ing bakaran. Manawi anggenipun anggêpuki sampun waradin, dipun panggang malih sakêdhap, lajêng dipun pe ngantos garing. Ing ngriku sawêg kenging dipun gorèng ing lisah klêntik, sukur angsal lisah klêntik tulèn. Panggorèngipun namung cêlap-cêlup kemawon, amargi ulam ingkang dipun gorèng samun garing, manawi kasep dados gosong. Wusana lajêng dipun wadhahi ing lodhong.

Ulam kados makatên punika kumrêmês, ecaning raosipun angalela wijang. Prayogi nyobi damêl kemawon.

--- 228 ---

Wulang Sae

Kayu Growong Isi Têkèk, Manungsa Isi Pikiran

Tiyang ingkang kadunungan watak kèndêl, botên sagêd micara, wah malih solah tingkahipun anglêlêr botên cukat, sok kêrêp dipun ina ing liyan, ingkang pangraosipun piyambak pintêr. ananging tiyang ingkang kadunungan watak kèndêl kados kasêbut ngajêng botên mêsthi bodho, kathah kemawon ingkang pintêr, namung limrahipun sok botên purun amamèrakên kapintêranipun, bilih botên pinuju kaprêgok ing pakèwêd, liripun: bilih wontên prêlunipun.

[Grafik]

Sawênèhing tiyang ingkang kadunungan watak kèndêl kados kasêbut ing nginggil punika, măngka sajatosipun tiyang pintêr, manawi pinuju dipun ina ing tiyang sanès, ingkang kapintêranipun wontên ing sangandhapipun, trêkadhang sok kawêdal bramantyaning manahipun, kanthi wicantên makatên: hèh, kayu growong bisa uga isine têkèk, nanging manungsa rak isine pikiran. Wêkasan tiyang ingkang ngina wau dipun mêngsah kawon, kadadosanipun kadospundi, tamtunipun lajêng kawirangan.

Ngèngêti dongenganipun tiyang sêpuh bab Kancil pêthak nantang dhatêng Keyong ngajak rikat-rikatan lampah (balapan). Mèh sadaya tiyang tamtu sampun nate sumêrêp wujudipun Kancil lan Keyong. Kancil punika mripatipun agêng (mêndêlo), mênggah tiyanga pêthakipun tiyang pintêr, punapa malih Kancil punika plajêngipun rikat sangêt. Dene keyong punika lampahipun anglêlêr tur sarana anggendhong griyanipun tanpa pisah, mila inggih dipun ina kemawon dening Kancil, bilih plajêngipun mêsthi botên badhe sagêd nututi, mila dipun tantang balapan. Keyong ingkang dipun tantang balapan, anyanggêmi, nanging nêdha inah sanès dintên, Kancil pêthak anglêgani. Keyong lajêng nglêmpakakên kancanipun kathah, rêmbagan, supados ing dintên ingkang sampun katêtêpakên, sami sadhiya abaris ing pinggir banawi ingkang badhe kangge balapan, [balapa...]

--- 229 ---

[...n,] nanging sampun sami ngatingal, sarta ing têmbe mangsanipun balapan, bilih Kancil sawêg lumajêng ing pinggir banawi, sami nyuwaraa gêntos-gêntos: aku keyong, aku keyong. Yêktos, sarêng mangsanipun Kancil lumajêng balapan, keyong gêntos-gêntos sami nyuwara: aku keyong, aku keyong, makatên salajêngipun ngantos sakêmputing pinggir banawi. Wasana Kancil lajêng narimah kawon anggènipun rikat-rikatan lampah (balapan).

Mênggah dongènging Kancil pêthak lan Keyong kasêbut nginggil, mêsthi botên wontên nyatanipun, namung anggitan kemawon, nanging anggitaning tiyang ingkang sampun linangkung, ambokmanawi anggadhahi pikajêngan sêsorah sawatawis, makatên: aja sok ngina ing liyan, mundhak dadi kawirangan, sabab sanadyan sing diina mau katone kaya wong bodho, durung mêsthi bodho têmênan, kêrêp bae ana wong katone bodho, nanging sanyatane pintêr.

SPD. Ing PKT.

Margi sêpur ingkang risak

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar karisakan margi sêpur ing Linggapura, antawisipun Prupuk kalihan Purwakêrta. Ngantos saantawis dintên lampahing sêpur kilat kalangan mêdal Bandhung.

--- 230 ---

Jagading Sato Kewan

Bulus, Pênyu tuwin Kura

Ingkang nama bulus punika golonganipun warni-warni, kados ta bulus limrah, pênyu, kura tuwin sanès-sanèsipun. Manawi mirid buku sato kewan, bangsaning bulus punika wontên pintên-pintên dasa warni, nanging kalimrahanipun ingkang kasumêrêpan ing băngsa Jawi inggih namung tigang warni wau.

Bulus ingkang limrah kasumêrêpan ing akathah, punika gêsangipun sami manggèn ing sêndhang-sêndhang ingkang kawak, utawi lèpèn ingkang ngêsong lêbêt. Ing pundi panggenan ingkang wontên bulusipun tamtu panggenan ingkang sampun kina, mila asring pinanggih wontên bulusipun ingkang kawak, dipun kintên sampun umur atusan taun, wujuding bulus ngantos bêlang. Kala rumiyin bulus ingkang sampun misuwur kawak punika bulus ing Jimbung, Klathèn, bulusipun bêlang. Malah lajêng wontên cêcariyosan, bilih bulus ing ngriku punika kenging dipun têdhani pasugihan, sintên ingkang tinarimah sugih lajêng manggih têtêngêr nandhang cacad bêlang. Mila loking tiyang kathah ingkang sumêrêp dhatêng kawontênanipun ing Jimbung, manawi sumêrêp wontên tiyang bêlang, lajêng dipun wastani pados pasugihan bulus Jimbung. Kajawi punika botên kêkirangan panggenan sanès-sanèsipun ingkang wontên bulusipun, tuwin adhakan lajêng dados pasujarahan.

Bulus punika mênggahing pigunanipun tumraping tiyang namung kapêndhêt dagingipun, punika taksih pilih-pilih ingkang doyan. Nanging wontên sawênèhing kaol, lisah bulus punika agêng sangêt dayanipun, kenging kangge anjampèni tiyang kenging latu, kêsokan wedang sapanunggilanipun sarana dipun balonyohakên. Malah saking kêladuking ginêm tuwin ngantêpakên piandêl, lisah bulus punika manawi kawadhahan ing bumbung kagantung wontên tritisaning griya, tinêbihan ing bêbaya latu. Ujar makatên punika bokmanawi mêndhêt dupèh lisah bulus punika kenging kangge anjampèni tiyang kenging latu.

Pênyu, bab pênyu punika sampun kacariyos ing Kajawèn nomêr 6, ewadene ing ngriki dipun sambêti ing bab pigunaning sisikipun, ingkang limrahipun dipun wastani pênyunipun. Kala rumiyin pênyu punika tumrapipun wontên ing Surakarta dados padagangan agêng sangêt, awit mênggahing Surakarta sabên tiyang jalêr sami migunakakên kangge sêrat cundhuk, dipun wastani sêrat pênyu plêngkung. Wontênipun makatên dening wujuding sêrat panjang malêngkung, manawi dipun angge (dipun cundhukakên) watoning sêrat wau dhawah wontên sanginggiling pilingan kiwa têngên, pênyu ingkang kangge sêrat wau warni-warni, 1. pênyu brambang, warninipun abrit, 2. pênyu gagak, warninipun cêmêng, 3. pênyu kêmbang, punika ingkang sae piyambak, warninipun pating balêntong cêmêng kalihan pêthak sulak jêne. Ingkang nama sae, punika ingkang cêmêng pêthakipun wijang, balêntongipun têrus jawi lêbêt tuwin kandêl. Sêra-

--- 231 ---

[Grafik]

--- 232 ---

t pênyu plêngkung punika ingkang mirah namung f 1.50, dene ingkang awis wontên ingkang ngantos rêgi f 150. Wujuding pênyu ingkang taksih gêsang wontên ing toya, mriksanana gambar sisih punika.

Nalika ing Surakarta taksih kaprah tiyang jalêr ngingah rambut, tataning panganggenipun sêrat punika ugi mawi tatakrama. Ingkang panganggenipun sumungkêm kalêrês sanginggiling bathuk, nama ingkang sae piyambak manawi ragi anjêplak, nama diksura, dene manawi miring, dipun anggêp kurang ajar. Nalika jamanipun têtiyang ing Surakarta taksih rêmên saron-sikon, tiyang ngangge sêrat miring punika dipun anggêp tiyang nantang tiyang, miringing sêrat adhakan dipun bênakakên ing tiyang sarana tabok. Kajawi ingkang pancèn purun dhodhoganipun miringing sêrat punika malah anjalari dipun eringi ing tiyang sanès. Mila limrahipun ingkang cundhuk sêrat miring punika namung para bandara.

Kajawi kangge sêrat pênyu plêngkung, ugi dipun damêl sêrat cundhuk èstri, wujudipun namung balebekan, wiyaripun tigang nyari, panjangipun satêbah kirang, wontên warni kalih, satunggal dhapur gunungan, wujudipun pating palêngkung, ing perangan têngah mandhukul inggil, satunggalipun dhapur jêruk saajar, punika lugasan kemawon. Panganggenipun sêrat warni kalih punika inggih mawi tata, tumrap ingkang gunungan, anggèn-anggèning lare dumugi prawan, jêruk saajar anggèn-anggènipun tiyang sêpuh, limrahing panganggenipun wontên sanginggiling bathuk. Sanadyan bab panganggening sêrat èstri wau tanpa awisan, ugi tumindak kanthi tatacara, têgêsipun tiyang sêpuh cundhuk sêrat gunung inggih botên pantês, makatên ugi lare ngangge cundhuk sêrat jêruk saajar. Lan malih limrahipun dados panganggenipun tiyang kêpama, inggih punika bandara mandhapipun dumugi priyantun, sanèsipun kalih golongan punika sami botên purun ngangge, kajawi tumrap para wanita ingkang sampun nilar kasusilaning èstri.

Kajawi punika mênggahing pênyu, ugi dipun damêl bangsaning susuk panyanggi gêlung tumrap băngsa Eropah. Wusana sarêng wiwit jaman para kakung paras rikma, makatên ugi para wanita Eropah papalan, punika ing pangintên adamêl sudaning panggaotan barang pênyu. Ewadene pinanggihipun malèsèd saking pêthèk, dagangan barang pênyu wau taksih majêng kemawon, amargi saking kathah sangêt barang-barang ingkang badhenipun pênyu.

Kura. Kura punika satunggiling kewan ingkang apês piyambak, awit samăngsa kêcêpêng ing tiyang namung kangge ganjêl ambèn. Dene mênggah paedahipun, ambèn ingkang dipun sanggi ing kura punika tinêbihan ing gêgrêmêtan, awit pun kura tansah pasang ilat, sabên wontên gêgrêmêtan langkung ing ngriku lajêng katut kadilat.

Kapitadosaning tiyang, kura punika umuripun panjang sangêt.

--- 233 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Gununggiri

Gununggiri punika têmbung kêrangkêb (gunung = gunung, giri = gunung) nanging lajêng katêlah dados nama, inggih punika namanipun satunggiling rêdi alit dumunung ing kikising kitha Wanagiri sisih lèr, (kalêbêt wêwêngkon wana Kêthu sisih kidul). Inggilipun antawis salawe mètêr, ing nginggil punthuk wontên cungkupipun tembok payon gêndhèng, salêbêting cungkup punika wontên sela pindha kursi malês (panjang) warninipun cêmêng gêsêng, dening kêkukusan ing kukusing dupa sabên malêm Jumuwah utawi Anggara Kasih. Manawi dintên makatên wau tiyang ingkang dhatêng ing ngriku atusan, saking sajawining kitha Wanagiri, saha saking sanès paresidhenan, ingkang kathah saking Surakarta lan Ngayogya. Dene sêdyanipun para ingkang sujarah mriku punika, prêlu nyuwun brêkah pangkat utawi sagêda gampil anggènipun ngupados panggêsangan. Saking gênging kapitadosanipun wontên ingkang dhatêng ngriku dintên Rêbo, Slasa, Sênèn, wangsulipun Jumuwah enjing, wontên ugi ingkang ngêblêng wontên ngriku pitung dintên sawêg mantuk. Sintên ingkang sawêg ngambah ngriku masthi lajêng tuwuh ciptanipun badhe têrus manggèn ing ngriku sawatawis dintên, amargi wontên ing ngriku punika dhatêng manah karaos makcêlês tumalawung anglamlami. Dene mênggah sanyatanipun ing ngriku punika punthuk ingkang katuwuhan jawi lan wit sanès-sanèsipun. Satêngêning cungkup kangge pasarean (kuburan)nipun para priyantun ing Wanagiri, mila ugi kawastanan pasarean Giri.

[Grafik]

Sêtatsiyun saha masjid ing Wanagiri, dipun gambar nalika wontên pahargyan pambikaking masjid.

Mênggah dongèngipun makatên:

Kala jaman kuwalèn (jaman Dêmak) wali ingkang linangkung sinêbut Sunan Kali lêlana anjajah wana ngupados kajêng [ka...]

--- 234 ---

[...jêng] jati ingkang badhe kangge saka masjid ing Dêmak, punika lampahipun ngantos kaplantrang dumugi wana: Danalaya bawah Wanagiri sisih wetan. Sasampunipun angsal ingkang prayogi nuntên kausung para sahabat dumugi Wanagiri lajêng kacêmplungakên ing banawi, kalêrês sapinggiring wana Kêthu. Sunan Kali pariksa punthuk ingkang dados tanggulanging toya banawi ingkang badhe nrajang wana (lampahing banawi nêkuk mangetan têrus ngalèr bablas), kala samantên wanci asar, lajêng dipun inggahi ngiras ngasar kalihan ngaso. Kalêrêsan sangêt dene wontên sela ingkang rêsik sarta munggul, papanipun ayom andadosakên parênging galih nêdya lêrêm sawatawis dintên, sasampunipun mêndhêt toya wulu nuntên salat dhatêng sela ingkang munggul wau, inggih punika ingkang sapriki dados pasujarahan agêng nama Gununggiri. Dene tilas panyawuking toya wulu, dados piandêlipun tiyang ing ngriku kenging kangge jampi, têrangipun makatên: patilasan wau wontên ing sela nyaluwêk sacêlaking banawi, ing caluwêkan wau asring wontên urang utawi cebongipun, trêkadhang kothong tanpa isi, trêkadhang asat tanpa toya, punika manawi dhatêng ngriku asat piandêlipun tiyang ngriku tăndha manawi taksih dangu sakitipun, dene manawi pinuju isi urang, urang kapêndhêt kangge jampi sagêd nyarasakên, makatên ugi manawi isi cebong. Isi wau masthi namung satunggal. Wasana kula namung sadrêmi nyêrati, kula sumăngga para maos.[1]

Guru: ya

--- 235 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

XI. Abdulah wangsul dhatêng Palembang.

[Asmaradana]

anggêgês rasaning ati | Abdulah digodha anak | kang mung arêp ngrusak bae | tumuli tansah kèlingan | ing nagarane Plembang | lan manèh eling sadulur | kang wis lawas pêpisahan ||

ing saiki barêng eling | kèlingan sadulur tuwa | awit bisa nêpakake | rasane dadi wong tuwa | yèn ora digugua | anggone duwe pitutur | abangêt kalara-lara ||

mêngko nêdya arêp mulih | tilik nyang sadulur tuwa | dene uwis bangêt suwe | ora tau krungu warta | mungguh ing bab kaslamêtan |[2] wise ngênthêlke panêmu | nuli nyang sing wedok kăndha ||

bokne aku ing saiki | mênyang kowe arêp kăndha | yèn Pangeran marêngake | aku arêp nyang Palembang | tilik sadulur tuwa | wis lawas ora kêtêmu | sarta ora krungu kabar ||

kowe mêmthi[3] durung ngrêti | sababe gonku pisahan | saprana nganti saprene | mung sabab saka sulaya | barêng tak pikir dawa | aku jênêng bangêt luput | wani mutungi wong tuwa ||

tak etung têkan saiki | uwis sangalas taunan | mirid saka Ngali kuwe | saiki uwis pitulas | măngka anggonku lunga | lêt rong taun ing kiraku | nuli rabi dhèk samana ||

ya samono kurang luwih | ing saiki sumurupa | dina Kêmis ngarêp kiye | aku sida arêp budhal | kowe kudu sing bisa | ngrêksa nyang anak-anakmu | aja padha pasulayan ||

yèn têka kene Si Ngali | iya bêcik kandhanana | sing alus sakapenake | baresa yèn aku lunga | dhèwèke anak tuwa | wajib sumurun[4] ing prêlu | rumêksa mênyang wong tuwa ||

lan manèh nyang adhi-adhi | sukur yèn atine lêga | tumuli bali marene | sing wedok mung kaca-kaca | ing ati bangêt krasa | awit salawase kumpul | saiki arêp ditinggal ||

wise mangkono tumuli | banjur anata gêgawan | anake ngrewangi kabèh | Si Kasan tandange cikat | kabèh bisa kêsrambah | yèn Rahman mung ala nganggur | nanging rampung tanpa swara ||

yèn Siti êmung ngrusuhi | nanging rèhning anak nyawa | mung diêlêm ing bapakne | nganti bêngi lagi ludhang | anggone tata-tata | gawane nganti mêthuthuk | kirane ana sagrobag ||

sorene akèh wong tilik | mitra utawa têtăngga | sajak padha kagèt kabèh | dene tanpa rêrasanan | wêruh wis arêp budhal | kabèh padha kaya gêtun | upyêk padha rame kandhan ||

wênèh ana sing nyangoni | iwak utawa panganan | iya mung sakuwasane | Dulah ketok bangêt bungah | mênyang mitra lan tăngga | sing padha mrêlokke mau |

--- 236 ---

dadi pratandhaning trêsna ||

ana manèh sing nyaguhi | arêp anggawakke barang | wis dicoba ing bobote | wise kuwat nuli kăndha | sesuk aku sing nggawa | liya-liyane ya saguh | padha arêp arêrewang ||

nganti têkan lingsir bêngi | dhayohe lagi bubaran | swarane gumrênggêng rame | Dulah nuli mlêbu ngomah | niliki anak-anak | uwis padha turu nglepus | diiling-ilingi cêtha ||

sirahe dilus-lun[5] gênti | dhèk ngêlus Kasan akăndha | iki bocahku wis gêdhe | wis mêtu saka sêkolah | kêna dikon rêrewang | nyambutagawe ya klêbu | jênêng wis duwe pawitan ||

mung watêking bocah isih | ngadèn-adèni wong tuwa | rumasa anak wong duwe | nanging ora dadi ngapa | jênêng pikiran bocah | rak ya bakal mari besuk | awit bocah pangajaran ||

nuli nyandhak Rahman gênti | karo lirih anyuwara | iki bocah salawase | ora mambu pangajaran | mung atine narima | mênyang uwong tuwa wêruh | wis katara cilik mula ||

dhêdhasare pancèn bêcik | upama oleh wulangan | dadi wong luwih besuke | nanging iya wis dilalah | pêpêsthène si Rahman | kudu kon dadi wong busuk | tujune watak nariman ||

nuli ngêlus-êlus Siti | pancèn kuwi anak nyawa | diman-eman salawase | ing kono Abdulah krasa | kanthi angunjal napas | bathuke Siti dilus-lus | karo nywara lamat-lamat ||

anakku sing dadi ati | rupane saya katara | bakal arêp kèri dhewe | măngka bangêt le ugunggan | o, iya muga-muga | bêcika ing sapungkurku | aja ana pasulayan ||

mung kari siji Si Ngali | kêbanjur-banjur le gila | mênyang aku ing saprene | pamujiku ora liwat | Ngali muga èlinga | nggone muni ngono mau | karo sêsêg kaca-kaca ||

nuli manèh ambalèni | anake diêmèk padha | ing bathuke gêntèn-gêntèn | lan kurêp pèk-èpèk tangan | bokmanawa kanginan | karo ambênakke kêmul | sing padha uwal kêpancal ||

sing kringêtên diusapi | ing sauwise warata | nuli thênguk-thênguk dhewe | sing wedok alon digugah | uwis satêngah lima | Abdulah tumuli subuh | adane ngumandhang cêtha ||

swarane lantas abêning | nganti krungu kene kana | tăngga padha tangi kabèh | karasa kaya digugah | malah ana sing kăndha | swarane kiyai iku | kadingarèn gawe krasa ||

kumênyute mênyang ati | kaya arêp pêpisahan | iya salawas-lawase | uwise têkan wayah byar | tăngga têparo têka | angusungi barang brang-brung | ing wusana banjur budhal ||

anak têlu diambungi | êmbokne mung ngucêk mripat | kyai kaji muni ngene | wis ta aja krasa-rasa | muga padha slamêta | uwis ta tak budhal aku | aja padha kambang-kambang ||

--- 237 ---

Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok (Pênthul lan Têmbêm)

Bab Raos Jawi

Bancak: Sore-sore adhême kaya mangkene. Ya bapo ... ak ...

Dhoyok: Ngono kuwi kutut manggunge wong gêndhêng, patute mung diwêtokke măngsa rêndhêng, ora ana rasane wong rêngêng-rêngêng, mênyang kuping ora duwe rasa nyamlêng.

Bancak: E, gênahe mêmoyoki Dhoyok kowe, lah yèn wani bok iya mêtu marene, aja êmung maoni suwara bae, apa klakon kowe tak gèrèt marene. Nanging Dhoyok sumurupa mungguh aku, isin yèn ta nganti tindak grusa-grusu, ora prêlu aku nganggo nêsa-nêsu, yake cukup tak balang wangsalan sêmu: Adhuh lae kêmbange gêdhang ya tuntut, bokne ngantèn nutu pari tanggung baut, adhuh Dhoyok aja mrêngut ora patut, bok ngêmpingi èsêm aku bène katut. Kang wangsalan ginita măngsa ngrêrêpi, mrih nênangi panggalihe pra taruni, aywa lacut kerut murang kramaniti, umèngêta marang kang wus samya swargi.

[Grafik]

Dhoyok: Sarèh-sarèh adhuh Bancak sadulurku, kok sêmoni rada karasa atiku, wis nisiha Bancak, aku arêp mêtu, aku arêp nyambungi mênyang gunêmmu.

Bancak: Wis mrenea tak tampani Dhoyok: babo, têtêpêna aja nganggo kêncêng kêndho, ayo padha rêrêmbugan uwong loro, wis mapana linggiha ana ing kono.

Dhoyok: Hê ah Bancak, aku arêp takon kowe, apa mungguh wangsalanmu ing karêpe, dene nganggo ngarani sing kae-kae, iku apa Bancak mungguh pakolehe.

Bancak: Aku ora arêp kăndha apa-apa, mung kêkandhan kanggo sêlan kadhingkala, aku aja diarani nyêla-nyêla, mung ngandhakke uni sing krasa balaka. Ing karêpku mung arêp kăndha mangkene, sabab apa ing jaman saiki kiye, ingatase wis kaya ngene majune, nanging ing bab anèh-anèh isih bae. Kaya ta bab kaanan sing elok-elok, ana uwong bisa mêca ora ilok, amêruhi samar-samar bisa ketok, malah jare wêwatone kanthi mêlok.

Dhoyok: Wong ya kowe cèthèk pikiranmu Bancak, ing kiraku saka ora tau nacak [na...]

--- 238 ---

[...cak] kêndêl bangêt kowe banjur ngicak-icak, ing mulane rêmbugmu banjur kêcacak. Sumurupa Bancak ujar ngono kuwi, kuwi saka tumusaning raos Jawi, dadi mungguhing bab elok kuwi mêsthi, awit ora cara nganggo tăndha saksi. Nanging ora ta yèn ora nganggo tăndha, ing bab ngono ing mêsthine iya ana, nanging ora disaksèni kene ana, mung gumantung ana wong sing tinarbuka.

Bancak: Kandhananmu dene têka banjur muluk, angalandêng kaya lumakuning kêluk, banjur dakik kaya ngrêmbug ing bab suluk, kuwi aku iya pancèn uwis mathuk. Ora pisan yèn aku bakal maido, pancèn ana mungguh wong sing aran onjo, nanging mungguh karêpku ora mangkono. Mung geneya akèh wong sing katut mrono. Yèn kotimbang gunêmku rak wis nocogi, pasaksène tinêmu nèng tăndha sêksi, kang wis têtêp wong liya ora mêruhi, lah, geneya akèh wong padha nglêluri. Upamane ana wong olèh wêwêngan, banjur bae akèh wong têka byuk-byukan, sok kalalèn mênyang luhuring kaprajan, bab asoring bêbudène ora dieman.

Dhoyok: Kang mangkono Bancak, kowe aja kliru, awit mungguh ing bab, kluhuraning wahyu, upamane bisa ngêsorake ratu, uwong lumrah ora bakal bisa niru.

Bancak: Iya bênêr lalêr mibêr enak sêgêr, nanging apa ora akèh sing kêblingêr, saka luput anggone angaku bênêr, barêng wong sing dianggêp luwih wis abêr. Kang mangkono Dhoyok apa ora cêtha, yèn wong akèh mung saka gampang pracaya, sabên ana ombyak mrana katut mrene, durung bisa ngantêpke tekad sing nyata.

Dhoyok: Kang mangkono iya durung aran kliru, awit mungguh kahanane kabèh mau, mung minăngka coba panglalaring kalbu, yèn tumêmên nyatane mêsthi tinêmu. Aku ngrêti rêmbugmu sing ngono mau, têgêse rak ngrasani wong adol idu, iya pancèn ana kang mangkono iku, lan lumrahe sok ora lulus ing laku. Ing saiki rêmbugku tak unggahake, angrasani bab kawruh kasunyatane, ora kurang uwong sing kliru tindake, nanging bisa tinêmu têmbe burine.

Bancak: Kang mangkono mung gampang ana ing clathu, yèn wong kliru salawase iya kliru, ngono mau tumrap ujar mungguh ngèlmu, nanging aku ya mung êmbuh sakarêpmu. Na: saiki rada tinêmu rêmbuge, dadi ora mung gunêman gawe-gawe, lan ing kono ketok ing beda-bedane, ing bab kawruh pangajaran lan jawane. Yèn tumrap wong sing wis ngambah pangajaran, kagunane wis tinêmu nèng kanyatan, ora prêlu ngalêm sing awèh wulangan, awit uwis jênêng mapan lan kawakan. Beda karo uwong kang maguru ngèlmu, ing samăngsa wis nglakoni anggêguru, ora liya kang diketokke mung guru, nganti lali yèn awake dhewe turu. Kang mangkono apa ora jênêng luput, rumasa yèn uwis dhuwur nyamut-nyamut, dalah uwong liya iya milu nyêbut, aja main kuwi siswa Gunung Kêlud.

Dhoyok: Pancèn bênêr Bancak mungguh ing rêmbugmu, uwong iku adhakane slura-sluru, gampang kêna diarani ngaku-aku, padha bae kaya kowe karo aku. Yèn mangkono dadi yèn dipikir [dipi...]

--- 239 ---

[...kir] bablas, kabèh kawruh iku pancèn bêcik canthas, mung tindake sok kliru surup ing ancas, mung kêburu murih diarani brêgas. Kang mangkono yake iya apa bae, tumusaning antêpmu digampangake. Uwis-uwis dicuthêl samene bae, suk lêbaran bae padha têka kene.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Ing Sêmarang ing Kampung Pêkojan mêntas wontên kêbêsmèn, wontên toko Tiong Hwa gangsal dados karangabang, kapitunan katapsir wontên f 100.00.-, ingkang sabageyan kaayoman dening asuransi.

Tuwan pokrul jendral sampun paring dhawuh nindakakên papriksan dhatêng Tuwan de la Fosse, seping kantor pos ing Bandhung, jalaran kadakwa nêrak art. 153 bis saha 156 inggih punika prakawis pèrêsdhèlik.

Kala tanggal 5 Pèbruari punika Tuwan Ibrani, satunggiling jurnalis băngsa pribumi sampun wangsul anggènipun lêlana anjajah Eropah, tigang taun laminipun. Wontên pawartos, tuwan kasêbut nginggil gadhah niyat badhe ngêdalakên sêrat kabar dintênan mawi basa Walandi.

Benjing tanggal 16 wulan punika badhe wontên tamu dhoktêr băngsa Jêpang kêkalih, Dr. Nobechi saha Dr. Yokoyama, prêlu anjênêngi Medisch Volkenbodscongres ing Bandhung. Dr. Nobechi punika satunggiling dhoktêr babagan sêsakit ingkang nular, asmanipun sampun kawêntar ing saindênging nagari Jêpang.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, benjing ngancikipun wulan April ngajêng punika kaparêng badhe anjênêngi konpêrènsining para bupati Jawi Têngah ing Wanasaba, tanggal 8 dumugi 10 April, lêrêp wontên ing Năngkajajar, salajêngipun tanggal 9 April lajêng badhe anjênêngi konpêrènsining para bupati Jawi Wetan ing Malang.

Ing dhusun Pêsawahan, Ondêr Binangun, wontên tiyang nama: Wadinaya anjala ing sêgantên kidul, manggih lare jalêr umur 1 1/2 taun, ingkang sampun gumlethak ing wêdhèn kasêmpyok ing toya, lare wau kapêndhêt, rahayu taksih gêsang. Saking rigênipun pulisi, ingkang gadhah anak pinanggih, tiyang èstri ing dhusun Banjarwaru, Ondêr Nusawungu, kapriksa cariyos, bilih lare wau anak bêktanipun ingkang jalêr, sarèhning piyambakipun biyung kuwalon, botên purun kanggenan, lajêng kabucal. (S).

Ingkang bupati ing Batawi R.T. Ahmad, samangke sampun sênggang saha sampun wiwit ngasta padamêlan malih.

Tuwan H. Kraemer satunggiling dhoktêr sèndhêng, samangke sampun wangsul saking anggènipun lêlana ing Indhia Inggris nyinau sipat-sipatipun agami Islam, lajêng badhe mampir ing tanah Batak. Benjing pungkasanipun wulan April lajêng badhe têrus dhatêng tanah Jawi, ngasta padamêlan wontên ing Surakarta.

Sawênèhing tiyang ing Ngayogya mêntas nyuwun pitulunganipun Anti-Woeker Vereeniging ing Bandhung, awit sêmunipun, A.W.V. ing Ngayogya sampun botên wontên tilasipun aliyas sampun puput yuswa. Manawi pawartos punika nyata, samangke wontênipun A.W.V. ingkang têtela kathah sangêt pitulunganipun namung kantun kalih, inggih punika ing Bandhung saha ing Têgal.

Nalika parêpatanipun Prijaji Bond pang Surabaya tampi satunggiling usul ingkang wosipun badhe ngaturakên panuwun dhatêng pamarentah supados para juru sêrat ingkang botên anggadhahi dhiplomah sarta badhe kainggahakên dados mantri pulisi, pamikiripun dening dhoktêr botên kaping kalih, inggih punika sapisan nalika sampun kagalih nyêkapi, kaping kalih badhe katêtêpakên dados mantri pulisi, ingkang lêtipun sok ngatos taunan. Usul ing bab badhe ngaturakên panuwun supados para juru sêrat kasaènana balanjanipun ugi katampi. Wasana lajêng wontên usul ingkang wosipun botên nyondhongi dhatêng wontênipun pilihan tumrap ingkang badhe nglêbêti Bestuursschool.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1939. Kintunan panjênêngan gambar sampun katampèn, badhe kapacak ing Kajawèn.

Tuwan Karsana ing Nganjuk, gambar botên kapacak, kamanah botên patos wigatos.

Tuwan A.M.K. Sudirja, ing Sumilir. Gambar botên kapacak kirang prêlu.

Lêngganan nomêr 980 ing Gunung Megang. Pakabaran panjênêngan punika tumraping ngakathah botên patos wigatos, lan malih kados botên prêlu kapacak badhe ngawontênaken bayaran punapa, suka sukur panjênêngan sampun anyêkapi.

--- 240 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta.

13

[Durma]

gyah ingambil jêmparing wus tinampanan | pinênthang langkap neki | cumlorot kang panah | ngênani Raja Kandha | sakala niba ngêmasi | nanging jatinya | Kandha tan kênèng pati ||

lamun durung kacandhak pangapêsannya | jatine Kandha Aji | matia ping sapta | yèn pinêrang ing gaman | yêkti bangkit urip malih | bisane sirna | sinawat cupu manik ||

yèku cupu kang kinandhut kusumèng dyah | mangkana Sang Kandhaji | tangi ngamuk sigra | radyan arsa cinandhak | jinêmparing wus ngêmasi | nanging waluya | pulih sauni-uni ||

kanggêging tyas Rahadyan Sujana sigra | oncat nyalimpêt têbih | sêdyanira arsa | kapanggih sang kusuma | kocapa Kandha wus tangi | atiwikrama | ngêtog kadibyannèki ||

Jola Jali kang ngêmbuli ing ngayuda | dhasar sêkti wong kalih | padha trah siluman | mila gêgêt prangira | tan wontên ingkang kalindhih | gêntos kang pêjah | samya kawêkèn budi ||

kawuwusa radyan kapanggih rêtnèng dyah | mèsêm Dèwi Marwati | sarwi lon turira | dhuh radyan kadiparan | Kandha punapa wus mati | de panggih amba | radyan ngandika ris ||[6]

durung sirna Si Kandha pancèn digdaya | nyawane bola-bali | mati rambah-rambah | têka bisa waluya | sun kira Si Kandha Aji | panukmanira | carita purwa nguni ||

Prabu Dasamuka ing Ngalêngkapura | de duwe aji-aji | aran păncasona | sanadyan palastraa | yèn isih nèng dhasar bumi | bisa waluya | krodha mangkrak krura ngrik ||

bedanira Kandha dene nora bisa | mangun wikrama dadi | mung wantah kewala | prandene raganingwang | rumasa tan bisa budi | bisane sirna | yèn mundur aku isin ||

kaping pindho aku wêlas marang sira | puntoning tekad mami | mung angantêp yuda | sanadyan praptèng lena | satêmah ingsun antêpi | tan nêdya ingwang | mundur ngucirèng jurit ||

wêkas ingsun yayi yèn ingsun palastra | titip Si Jola Jali | lan si jalak seta | yayi aywa kosiya | jalak durung milu mukti | Si Jali Jola | abdi wiwit bêbayi ||

pan wus akèh labête mring dasihira | sang dyah mèsêm nabda ris | ywa pêpês ing cipta | lêrês Si Raja Kandha | pinrang gêgaman tan mati | wadine ana | lir simbar nyawanèki ||

pêjahira winangsulkên mring witira | măngka cupu puniki | sawatna dèn kêna | nanging kudu prayitna | yèn luputa bêbayani | cirine ana | tulisira pan muni ||

kang cupu wus tinampan Radyan Sujana | gawok dènnya mriksani | ana tulisira | pati uripe Kandha | sang dyah matur dipun aglis | cupu tamakna | kanthi angêtog budi ||

radyan manthuk nulya mangun tiwikrama | ngêtog karosannèki | gya bali cangkelak | mrêpêki Raja Kandha | cêcupu kinandhut rêmpit | Sang Raja Kandha | kagyat dupi udani ||

Dyan Sujana dahat gawok jroning driya | de wujud gêng ainggil | netrane ngatirah | Kandha nulya cinandhak | tininggil-tinggil nèng nginggil | pindha likasan | binanting tibèng siti ||

nora pêjah gya malês radyan cinandhak | jinunjung datan kongkih | pinêksa tan kuwat | amblês suku kalihnya | prandene radyan tan osik | Kandha angucap | hèh hèh bojlèng si bêlis ||

bobotira pindha gunung Maliawan | sun angkat wola-wali | tan mingsêt sukunya | kongsi ngêtog karosan | sukuku amblês ing siti | tan paja-paja | nyata dibya wong iki ||

lah malêsa radyan aja ngenak-enak | lir wong sêkti pribadi | nabda Dyan Sujana | Kandha dipun prayitna | cêcupu nulya dèn ambil | saking kandhutan | dèn tamakakên nuli ||

anjêrbabah Kandha nèng siti palastra | kuwandanira nuli | binuwang ing jaba | kagyat para drubiksa | ratune tiba ngêmasi | angêbyuk samya | lumêbèng jroning puri ||

mulat ana satriya bagus taruna | wus ngira lamun iki | kang bunuh Si Kandha | gya samya mangsah krura | amulat Si Jola Jali | mangsah manêngah | pêdhangira kumitir ||

sirna larut sakathahirèng drubiksa | rêsik lir dèn saponi | sirnaning drubiksa | radyan kanggêg ing driya | awit sakala kaèksi | marga prapatan | dibyane para dhêmit ||

kang umpêtan angêmpakakên kamayan | radyan kewran ing budi | awas sang kusuma | mrêpêki sarwi nabda | dhuh radyan kewran panggalih | mugi priksaa | marga prapatan iki ||

sajatine kabèh anjog panasaran | panggawene Ijajil | cupu kaparingna | ngong racut alamira | cupu pinaringkên nuli | sampun katampan | dening Dewi Marwati ||

gya binuka kang kutha sirna sakala | pulih dadya wanadri | Rahadyan Sujana | tyase èngêt sakala | Jola Jali dèn timbali | dening rêtnèng dyah | praptane dèn dhawuhi ||

kinon masang cêcupu nèng soring wrêksa | lamun wus sawatawis | kinon jupuk enggal | sandika kang sinabdan | cêcupu wus dèn tampèni | nulya pinasang | sang dyah angore wèni ||

[Sinom]

sarêng sampun kalêksanan | dhawuhe Dèwi Marwati | obah kêkayon ing wana | gumêro tinêrak angin | lesusira gumêrit | prahara mulêg wor lêbu | kèh kayon kaparapal | ana kang tugêl kapuntir | tan adangu katon latu ngalad-alad || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


§ Gambar 4 iji botên kenging kadamêl kêlise, kajawi kalitên, burêng sangêt. Red. (kembali)
Lebih satu suku kata: mungguh bab kaslamêtan. (kembali)
mêsthi. (kembali)
sumurup. (kembali)
dilus-lus. (kembali)
Kurang satu suku kata: radyan ngandika aris. (kembali)