Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02-26, #459

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02-26, #459. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02-26, #459. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 17, 27 Pasa Taun Ehe 1860, 26 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [257] ---

Ăngka 17, 27 Pasa Taun Ehe 1860, 26 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing Gêgana

[Grafik]

Kitha Malang dipun tingali saking gêgana.

--- 258 ---

Raos Jawi

Lêlampahanipun para Pandhawa

Ujaring para sêpuh: tiyang ambêk rahayu punika, sasolah-tingkahipun tansah pinayungan ing Hyang Widhi. Ingkang makatên punika mênggah lêrês lêpating kanyataanipun namung kasumanggakakên dhatêng para nupiksa.

Ewadene ing ngriki badhe anggancarakên lêlampahan purwa sawatawis, ingkang raosipun ragi mencok yèn ta kadamêla pasêksèn ing bab lêrêsipun ungêl-ungêlan ing nginggil wau, inggih punika lêlampahanipun Pandhawa.

Kacariyos ambêk rahayu wau satunggiling pambêkanipun tiyang ingkang pikantuk wahyuning Pangeran, gêlaranipun makatên: sirik adamêl saksêrik, kapara angenaki janmi, bêkti ing Gusti, wuruk dhatêng para busuk, mirah dhatêng bocah, anggunggung para kumalungkung, titi dhatêng para budi, ngungsêd dhatêng para sagêd, tuwin sanès-sanèsipun. Wondene wontênipun ing cariyosan purwa (ingatasipun para Pandhawa) wêwatakan ingkang makatên wau namung dumunung wontên ing Maha Prabu Yudhisthira, inggih Darmakusuma ratu ing Cintakapura (Ngamarta).

Kyai Dhalang cariyos: Sami-sami ratu sajagad rat pramudita, botên wontên ratu ingkang kasinungan pambêkan utami kados Sri Yudhisthira wau, malah kaloking rat, punika satunggiling ratu binathara ambêk darma martotama, nagarinipun agêmah-ripah loh jinawi. Prajuritipun nyêkapi tur sami santosa, sanadyan sadaya wau sami kalêbêt santana piyambak, ewadene botên wontên ingkang purun anglirwakakên kawajibanipun piyambak-piyambak, sadaya sami sumêrêp têtanggêlanipun tanpa kaêrèh, nelakakên bilih sami sumuyud manguswapada, ingkang makatên punika mencokipun pasêksèn ingkang kapisan bilih sumuyudipun sadaya wau amargi saking kêdayan pambêkan rahayu.

Kaping kalih, manawi wontên mêngsah andhatêngi, nêdya angrubeda katêntrêmaning praja Ngamarta, ngrurah nagari utawi rajadarbèkipun, sang prabu tansah prayitna, nanging katawisipun namung sarwa dhangan kemawon. Upami prajuritipun sampun sami kasoran, wasana sang prabu dipun cêcamah ing mêngsah supados murka panggalihipun, ewasamantên inggih mêksa namung sinanggi ayêm kemawon, botên gampil dados kabaranang kados ratu sanèsipun. Sanadyana mêngsah wau anjêjamah sang prabu, inggih winangsulan sarwa sarèh, pangandika alus manis, rila lêgawa, nanging ing panggalih namung tansah gêgandhulan karsaning dewa ingkang murba amisesa, pramila pungkasanipun mêngsah wau inggih lajêng abêr piyambak, tuwin suminggah, utawi saking parmaning dewa, sanalika lajêng wontên kemawon ingkang kadugi atêtulung, ngadatipun inggih punika Sri Krêsna utawi satriya saking sanès nagari, ngantos anjalari sirnaning rêribêdipun tuwin wilujênging praja Ngamarta,

--- 259 ---

kapara malah saya kineringan dening liyan praja.

Kawontênan ingkang kados makatên punika ugi satunggaling pracihna bilih pambêkan rahayu wau nyata andayani wilujêng tumrap kawontênaning nagari dalah têtiyangipun sadaya, punapa malih dados satunggaling pasaksèn bilih panjênênganipun tansah pinayungan ing dewa (kinasih).

[Grafik]

Para kadang Pandhawa pêpak dalah Sri Krêsna.

Sampun kaping-kaping praja Ngamarta badhe rinisak ing mêngsah, nanging tansah sande, amargi singa ingkang angraosi, sanalika lajêng èngêt, utawi lajêng ajrih piyambak, bokbilih kenging sapudhêndhaning dewa.

Ingkang makatên punika manawi dipun irib-irib ugi lajêng mantuk dhatêng ngibaratipun sadaya tindak nistha, sisip utawi angkara murka manawi botên dipun lawani, satêmah wangsul dhatêng asalipun malih, upaminipun kadosdene êbal kadhawahakên ing siti, sayêktos mêndal, wangsul dhatêng ingyang[1] nyawatakên.

Kaping tiga, wiwit timur mila para trahing Kurupati (Korawa) punika darbe pamanahan sêngit dhatêng Pandhawa, amargi kuwatos manawi ing têmbe ngrêribêdi prajanipun, sabab dening kasor kadibyanipun, ingatasipun bab punapa kemawon, jêr rikala samantên para Pandhawa sampun kêtitik sami putus ing saliring guna sura sakti, sajagad pilih tandhing, malah kasêbut dados pêpêthinganing dewa ing Suralaya, dados para Korawa sami kuwatos bokbilih ing wingking pangwaosipun karêgêm ing darah Barata (Pandhawa) wau. Pramila sanajan alit mila kêkêmpalan, saha ing lair katingal sae sami sae, nanging sayêktosipun, para darah Kuru wau sangêt pangigit-igitipun ingatasing para Pandhawa, malah ngantos marambah-rambah dipun arah sirnanipun, nanging Pandhawa mêksa dhawah wilujêng kemawon. Badhe kasambêtan.

Nirrasa. Tumpang- Malang.

--- 260 ---

Panglipur Manah

Êmbah ingkang Tansah Grêjêgan kalihan Putu.

Wontên tiyang dhusun sampun dipun sêbut êmbah ajak-ajak putu-putunipun dolan-dolan. Saking dhusunipun dumugining nagari mawi numpak sêpur, saha salajêngipun badhe santun numpak sêpur sanès malih, wicantênipun dhatêng para putu: Sesuk padha tangia sing esuk, padha arêp tak ajak nyang nagara. Wontên putunipun satunggal pitakèn: Punapa dhatêng nagari mawi numpak sêpur, bah. Êmbahipun mangsuli: Iya le, sêpur èsprès. Putunipun: Punapa sêpur èsprès mawi kèndêl wontên ing pakèndêlan alit ta, bah. Êmbahipun: Geneya ora mandhêg, waton ana sing nunggang mêsthi diêndhêgake. Wis ta padha turu, sesuk mundhak kêrinan.

Putunipun wontên ingkang sampun mangrêtos dhatêng lampah-lampahing sêpur, ing batos anglêpatakên dhatêng êmbahipun, nanging badhe criyos ajrih.

Lare-lare sami bingah ing manah, tansah ngèngêt-èngêt anggènipun badhe dipun ajak dolan êmbahipun dhatêng nagari. Ingkang badhe dipun ajak wontên lare gangsal.

Enjing jam gangsal putunipun sampun sami dipun gugahi, kapurih adus, sampun dipun timbakakên wontên ing jêmbangan, lajêng sami adus pating gêbyur, sawênèh wontên ingkang dipun grujugi, sadaya katingal sêgêr-sêgêr. Sarampunging dandan lajêng bidhal, êmbahipun ambêkta buntêlan ambêntoyong isi sêkul salawuhipun. Putunipun ingkang alit piyambak pitakèn: Kuwi apa bah. Êmbahipun mangsuli: Sêga karo iwak, mêngko padha dipangan, dadi ora kakehan jajan. Putunipun: Aku wis ngêlèh, bah. Êmbahipun mangsuli satêngah ngoso: Ya mêngko, yèn wis têkan sêtatsiun padha dipangan. Yêktos, sadumugining sêtatsiun lajêng ambikak bêbêktanipun, sêkul dipun bontot ing godhong pisang wêtahan, taksih angêt, lajêng dipun gêlar. Ulamipun panggang ayam bumbu rujak, lajêng dipun pothèng-pothèng, êmbahipun lajêng wicantên: Wis kono padha mangana sing warêg. Lare lajêng sami nêdha, êmbahipun nginguk dhatêng panggenan panyadean karcis taksih tutup, nanging botên dangu bikak, tiyang ingkang tumbas kathah sangêt, ngantos suk-sukan. Nanging sarèhning tiyang wau sabar, inggih ngêntosi sasêlanipun. Sarêng sampun sêla lajêng pitakèn dhatêng ingkang sade karcis: Èsprès dhatêng kitha pintên. Wangsulanipun: O, èsprès botên kèndêl ngriki pak. Sakêdhap kemawon inggih botên. Tiyang ingkang sade karcis mangsuli kalihan gumujêng: Botên pak. Inggih sampun tumbas dhatêng nagari kemawon pintên. Tigang kêthip, nanging sêpur ingkang badhe dhatêng nagari mangke langkung awis, amargi sêpur sênèl, karcis pêthak, kados karcis Walandi, mangke wingkingipun malih sêpur ingkang thruthuk, langkung mirah.

--- 261 ---

Tiyang sêpuh lajêng murugi dhatêng panggenaning putu-putunipun kalihan wicantên: Enakna anggonmu mangan, aja padha kêsusu, aku wis ngrêmbugi, èsprès mêksa ora mandhêg ing kene. Putunipun ingkang mabêni kala wingi wicantên: Rak inggih lêrês kula ta bah. Iya nanging barang sing durung ana nyatane ora kêna diugêmi.

Botên dangu sêpur èsprès langkung, lampahipun rikat sangêt, ngantos namung katingal sakêclapan. Êmbahipun lajêng wicantên: Kowe padha ngrêti sababe ora mandhêg, kuwi jalaran saka rikate. Wis padha linggiha ing dhingklik kono, sêpure isih suwe.

Lare-lare lajêng sami linggih. Lêt saprapat jam wontên sêpur dhatêng badhe dhatêng nagari, lare-lare sami bingah. Ingkang agêng wicantên: Punika bah, sampun dhatêng. Kuwi sêpur Lănda, le, luwih larang, mêngko nunggang sing murah bae, tur ya padha têkan nagara. Wis padha linggiha manèh. Lare-lare sami katingal gêla, pating palênggong.

Salêbêtipun ngêntosi sêpur thruthuk, wontên tiyang pitakèn dhatêng tiyang sêpuh wau badhe dhatêng pundi, dipun wangsuli manawi badhe dhatêng nagari ambêbingah putu-putunipun. Tiyang wau cariyos, manawi putunipun ingkang tiga taksih kenging katumbasakên karcis sapalihing tiyang sêpuh. Tiyang sêpuh dipun cariyosi makatên wau bingah ing manah, lajêng cariyos dhatêng putunipun ingkang agêng: Gulo, samono bathine wong sabar. Ngrêtia.

Tiyang sêpuh wau thukul gagasanipun: Tinimbang tuku karcis saparo kanggo bocah têlu, bok ya lima babarpisan. Yêktos, sarêng panyadean karcis dipun bikak, tumbas karcis tiyang sêpuh satunggal, lare gangsal, lajêng dipun lungakên putu-putunipun nyatunggal. Sarêng putunipun ingkang agêng nampèni lajêng wicantên: Punika mangke rak dipun dhêndha bah. Êmbahipun mangsuli: Didhêndha dosane apa. Kula lare kalih punika karcisipun kêdah sami kalihan tiyang sêpuh. Sapa sing arêp ngarani wong tuwa kowe. Botên tiyang sêpuh makatên, lare ingkang kakengingakên bayaran namung sapalih punika ingkang kirang saking umur sadasa taun. Kowe rak ya kêna takawatake umur kurang sapuluh taun, ta, sapa sing arêp maido putuning uwong.

Lare kèndêl kemawon, nanging ing batos kêdah mabêni. Botên dangu sêpur dhatêng, sadaya lajêng sami minggah, saha lajêng bidhal. Putunipun ingkang alit-alit sami bingah, saha wontên ingkang apitakèn: Iki sêpur èsprès, bah. Bahipun mangsuli kalihan ngêlus-êlus gundhuling lare: Putune èsprès. Botên dangu wontên suwara: karcis. Ing ngriku tiyang sêpuh lajêng akèn dhatêng putu-putunipun supados sami nyêpakakên karcis. Sarêng kondhèktur dumugi ngriku lajêng angguntingi karcis kalihan namatakên saha wicantên: Ingkang kalih punika sanès lare, kêdah ngangge karcis tiyang sêpuh. Mangke rumiyin, ngêntosi tuwan. Botên dangu kondhèktur Walandi dhatêng, tiyang sêpuh lajêng cariyos tatag: Tuwan, sarèhnya saya punya putu-putu umurnya padha kurang nyêpuluh taun, makanya saya bêlèkkên karcis satêngah manusiah. Kondhèktur Walandi wicantên kalihan gumujêng: So, so. Ini yang dhua apa bêlum umur sapuluh taun. Pantês-pantêsnya kok bêlun.

--- 262 ---

Ah bayar saja, sêpèrti orang tua, pake sêdhikit dhêndha. Pak sêpuh lajêng kapurih ambayar, dipun sukani pêthuk. Sapêngkêring kondhèktur, êmbahipun wicantên dhatêng putunipun ingkang kakengingakên dhêndhan: Dadi têgêse wong tuku karcis ana ing dhuwur iku kêna ta. Ngrêtia. Putunipun mangsuli kalihan gumujêng: Inggih. Sêpur lampahipun bablas, wusana dumugi nagari, êmbahipun lajêng aba: Mudhun-mudhun, salin sêpur. Padha ngati-ati lo, aja nganti kêtlisut, kono padha kanthèn sing kêncêng. Badhe kasambêtan.

--- 262 ---

Pawartos Wigatos

Pamulangan Luhur Al Azhar ing Kairo (Mêsir)

[Grafik]

Gapuraning pamulangan luhur Al Azhar.

Sami-sami pamulangan luhur, pamulangan luhur ingkang kasêbut ing nginggil punika kenging kaewokakên pamulangan luhur ingkang sêpuh piyambak. Kawêntaring namanipun sampun pintên-pintên atus taun nyarambahi saindênging jagad kaislaman, tansah sumunar suka pêpadhang dhatêng sok tiyanga ingkang nêdya ngangsu kawruh. Miturut gotèkipun tiyang, cacahipun sêtudhèn ingkang sinau wontên ing ngriku ngantos ewon, asli saking nagari pundi-pundi, ugi saking Indhonesiah. Kawan taun kapêngkêr cacahipun botên kirang saking 10.000, ingkang 2000 manggèn ing salêbêting pamulangan, têtela Al Azhar wau botên kawon kalihan pamulangan luhur sanèsipun ing Eropah, têtela satunggiling mêmanik [mêmani...]

--- 263 ---

[...k] tumraping jagad kaislaman. Dene ingkang baku kaparsudi inggih punika babagan kawruh agami, ing ngriku bab suraosipun Kuran saha anggêr-anggêring agami Islam katêrangakên ngantos salêsih anjalimêt. Manawi kalêksanan sagêd lulus (umur 21 utawi 22 taun) lajêng angsal sêsêbutan Mudari (propesor) utawi Sèik (dhoktor). Kajawi kawruh agami ugi kawulangakên babagan: paramasastra, kasusastran, ngèlmu pangadilan, ngèlmu kadhoktêran wiskunde saha babad.

[Grafik]

Para mudha Indhonesiah, ingkang wontên ing Mêsir.

Ingkang anggumunakên, pamulangan luhur wau ugi nampi murid ingkang sawêg umur wolung taunan, mligi namung kawulang ngaos Kuran, laminipun kalih dumugi sêkawan taun.

Al Azhar wontênipun tansah majêng kemawon, saya sarêng nagari Mêsir kacêpêng ing băngsa Inggris, malah lajêng ngêdêgakên pang ing Alèksandriah, Tantah saha panggenan sanèsipun. Para sèik wêdalan ing ngriku ingkang kathah tansah dados pangalêman ing bab kasagêdan saha kapintêranipun. Mênggah babadipun pamulangan luhur wau kados ing ngandhap punika.

Ing taun 969 nagari Mêsir katêlukakên dening băngsa Arab, dipun tindhihi dening Al Muizz, salajêngipun Al Muizz jumênêng kalipat wontên ing Mêsir turun-tumurun ngantos tigang atus taun. Kacariyos sajumênêngipun Al Muizz lajêng paring dhawuh yasa kitha enggal, kaparingan têtêngêr Kairah (Kairo) têgêsipun kithaning kamênangan. Lêt kawan taun lajêng yasa mêsjid Al Azhar ngiras taman pustaka. Ingkang jumênêng kalipat wau satunggiling priyagung ingkang moncèr budinipun, mila sêsarêngan saha gêgayutan kalihan mêsjid saha taman pustaka wau ugi lajêng kawontênakên pamulangan (madrasah), babagan kawruh warni-warni kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil. Nalika samantên ingkang sami mlêbêt dados murid botên namung mligi saking nagari Mêsir kemawon, saking Indhia, Apganistan, Pèrsi, saha tanah Arab ugi botên sakêdhik. Nalika samantên Al Azhar lajêng wiwit dados têlênging kawruh, tansah ingayoman dening para kalipat, tansah dados sêkar lathinipun para ingkang sami ngangsu kawruh. Sarêng para umat Islam pêcah dados pintên-pintên madsab, kados ta: anapi, sapii, maliki saha ambali, kawontênanipun ing Al Azhar ugi lajêng pilah dados pintên-pintên golongan.

Saya kathah muridipun ingkang asli saking mănca nagari, saya kathah gêgosokanipun kalihan pamulangan luhur sanèsipun, saya kathah tiyang ingkang ngajêngakên supados pamulangan luhur ing Kairo wau kadhapuka gagrag enggal kalarasna kalihan jamanipun.

--- 264 ---

Panggulawênthah

Pamulanganipun Sang Pujăngga Dr. Rabindranath Tagore

Para maos kados botên badhe kêkilapan malih, sintên sang pujăngga punika. Amargi ing Kajawèn ngriki rumiyin ugi sampun ngêwrat gambaripun. Wiwit rumiyin mila, asmanipun sampun arum sumêbar ing saindênging jagad raya, makatên ugi wontênipun ing tanah Indhonesiah. Jalaran saking anggènipun sampun nate lêlana dhatêng tanah Jawi sarta Bali, asmanipun ingkang arum wau saya sumêbar, mèh sabên tiyang sami mirêng. Mênggah misuwuring asma wau, botên saking anggènipun asring lêlana anjajah praja, utawi botên namung saking anggènipun anggilut sampurnaning kabatosan tuwin saking kamursidanipun kemawon, ugi saking anggènipun gadhah pamulangan luhur ingkang sae ancasipun sarta mulya gêgayuhanipun. Dene ing ngriki ingkang badhe kaandharakên, ancas sarta dhêdhasaring pamulanganipun sang pujăngga wau, ingkang saenipun sampun pinuji ing jagad.

Mênggah pamulanganipun punika botên namung kados limrahing pamulangan punika kemawon, ananging mêngku kajêng ingkang luhur lan lêbêt. Bakunipun makatên adhêdhasar kamanungsan, têgêsipun botên ambedakakên dhatêng jinis-jinising băngsa ing alam donya punika. Ing basa mănca dipun wastani: International University têgêsipun: pawiyatan luhur kangge sadhengah băngsa. Mila makatên, amargi saking anggènipun kagungan idham-iman[2] murih manusa ing donya punika samia gadhah raos katrêsnan dhatêng băngsa sanèsipun. Mila wosing sêdyanipun pamulangan wau, mêmayu dhatêng karukunaning donya ingkang sayêktos, lan sagêda dados abên-abênan sêsambêtanipun jagad wetanan kalihan jagad kilenan, inggih punika buwana Asiah kalihan Eropah.

Kathah para sarjana sujana ingkang sami ambudidaya, murih sêsrawunganipun băngsa wetanan kalihan kilenan sagêd rukun, sampun sami abên dêg namung ambujêng pamrih mikantukakên badanipun piyambak-piyambak. Para pintêr sampun sami ngakêni, yèn dhêdhasaring băngsa kêkalih wau botên sami, nanging pinanggihipun kosokwangsul. Kasusilan kilenan punika adhêdhasar kalairan, ingkang dipun utamèkakên babagan kadonyan. Kayakinanipun ing donya botên wontên barang anèh lan elok, sadhengah tiyang ingkang purun sarta têmên-têmên pangudinipun, badhe kadumugèn punapa sasêdyanin.[3] Ingkang makatên punika, lêpasing kamajêngan kilenan adamêl gawoking ngakathah, bêbasan angèl rungsiting donya kaconggah dening lantiping kapintêran, sadaya-sadaya badhe kawêngku utawi kagayuh. Dene yèn băngsa wetanan, kasusilanipun adhêdhasar kabatosan, ingkang dipun udi kasampurnaning batos. Pamanahipun dhatêng kadonyan botên patos kèrêm sangêt, botên gadhah raos kamurkan sarta pangăngsa-ăngsa. Dening ngèngêti yèn babagan punika namung kadosdene [ka...]

--- 265 ---

[...dosdene] barang sampiran, ingkang botên mêsthinipun yèn kêdah dipun rungkêbi sangêt-sangêt.

Jalaran saking beda-bedaning kasusilan wau, sang pujăngga Dr. Rabindranath Tagore badhe andhapuk dhêdhasar kalih warni punika, murih sêsrawunganipun băngsa wetanan sarta kilenan sampun sami rêbat dêg, puguh angêkahi dhêdhasaripun piyambak-piyambak. Amargi yèn sami dene kêkah-kêkahan makatên, wohipun tinêbihan ing karukunan donya. Satunggal-tunggalipun sagêda tulung-tinulung sêsamadan, sami dene angakênana, yèn satunggal-tunggaling băngsa punika migunani dhatêng sanèsipun. Amargi saking ancasing sêdyanipun ingkang utami lan luhur punika, kathah para ahli budi ingkang sami mangayubagya sarta manêmbrama dhatêng gêgayuhanipun sang pujăngga. Saya sasampunipun kondur andon lêlana saking Tyongkok, Jêpan lan sanès-sanèsipun, saya kathah malih para marsudi budi saha para sarjana ingkang sami kapadhan ing galih, ngrujuki dhatêng ada-ada ingkang adhêdhasar kautamèn punika.

[Grafik]

Sang Minulya Dr. Rabindranath Tagore.

Adêgipun sêkolahan wau kala taun 1901, kanamakakên: Brahma Widyalaya (Brahma Vidyalaya) ingkang atêgês, panti pawiyatanipun para brahma. Sakawit pamulangan wau ingkang amurwani yasa ingkang rama, asma Sang Maharsi Dhèpêndranat Tagor (Maharashi Devendranath Tagore) ingkang dumuginipun sapriki lajêng kabangun dening sang pujăngga Dr. Rabindranath Tagore, kajêmbarakên têbanipun sarta kadhapuk malih murih laras kalihan gegayuhanipun. Inggih punika sasampunipun kondur andon wisata saking kitha Londhên, kala ing taun 1913.

Sarêng taun 1920–1921, sataun dangunipun, sang pujăngga andon lêlana malih dhatêng Eropah, prêlu badhe nyipati wohing paprangan donya ingkang mêntas kapêngkêr. Panggalihipun trênyuh sangêt mirsa papan patilasanipun paprangan, ingkang anggêgirisi sarta adamêl kasangsaranipun para kawula, ingkang sampun damêl kurban nyawa pintên-pintên lêksa jiwa. Kathah pasabinan ingkang mluwa, dhusun-dhusun sami ngarang katingal suwung, greja-greja sami risak, kantor-kantor sami mawut, krêtêg-krêtêg sami ambrol, kathah kabudidayan sami lêbur mawut, kathah têtiyang sami ina cacad anggotaning badan, ingkang sadaya wau saking uwohing paprangan donya. Papan sêsawangan ingkang suwau asri nêngsêmakên, samangke santun sipat dados sêsawangan ingkang ngêrês-êrêsi sarta adamêl trênyuhing manah.

K.M. Sasrasumarta.

Badhe kasambetan.

--- 266 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

XIII. Ngali Mulih

[Dhandhanggula]

nadyan bodho mungguh Rahman kuwi | nanging ana titike katara | trêsna marang sadulure | ing nalikane krungu | yèn kakangne mangkono kuwi | atine bangêt krasa | bangêt ing kumênyut | sarta banjur ora tahan | nuli mangkat mripat tansah mrêbês mili | lakune rêrikatan ||

panggagase sajêroning ati | lêlakone biyung ana-ana | dene mau lagi bae | atine nuju kisruh | krungu kabar si bapak mati | saiki banjur kakang | nêmoni pakewuh | jarene kêna prakara | kêbangêtên wong yèn lagi nêmu sêdhih | têkane rut-urutan ||

rêrikatan ora nolah-nolih | têkan kantor mandhêg ana dalan | takon lan uwong mangkene: | pundi panggenanipun | têtiyang kang kenging prakawis | uwonge nuli kăndha: | gih ing kantor ngriku | kang katingal tiyang kathah | sami tiyang kang badhe dipun rampungi | adhi prêlu punapa ||

Rahman kăndha karo sêmu nangis | kula badhe madosi pun kakang | kang kenging prakawis mangke | ing wau wartosipun | kêrêngan pun cêpêng pulisi | nuli ana sing kăndha | o, sakêdhap rampung | yèn mung sabab kêkêrêngan | kenging dipun wastani prakawis alit | sampun dhi ingkang sabar ||

Rahman ayêm banjur lèrèn linggih | ana ngisor asêm pinggir dalan | tunggal lan karo wong akèh | ora suwe kêrungu | ana uwong clathu ngrasani | ing bab wong kêkêrêngan | sajake gumêndhung | yèn adhiku nganti kalah | sabab gone kêrêngan karo Si Ngali | aku mungsuh kêduga ||

anggêr Ngali ketok tak têmpiling | sanadyan ta Ngali sugih bala | mêsthi mung gampang tak kedhe | apês sirahe rêmuk | aku ora lêga ing ati | yèn durung bisa ngêmplang | mênyang Ngali iku | Rahman pangrungune cêtha | banjur mrêmpêng linggihe ngangsêg nyêdhaki | lan takon alon cêtha ||

kalilana kula anyêlani | kakang badhe mrina bab punapa | dene mêmpêng sajakane | yèn kalampahan èstu | harak badhe botên prayogi | inggih yèn Ngali gampang | lêmês kados lumbu | lan malih yèn tanpa kănca | kados inggih dipun êlak-êlak gampil | nanging dèrèng kantênan ||

uwong mau clathu lan ambêkis | la bok Ngali rangkêpa sakawan | rampung namung kula sampe | Rahman êmung andhingkluk | nanging bangêt panas ing ati | panase nganti krasa | nyuwara sumruwung | nanging rèhne bocah sabar | dadi bisa ngênêp kanêpsoning ati | batin mung jaga-jaga ||

ora suwe nuli mêtu Ngali | guwayane ketok sajak bungah | kêtitik saka èsême | Rahman nuli nyalinthut | arêp ngodhol lakune Ngali | lan iya [i...]

--- 267 ---

[...ya] apa nyata | wong sing muni mau | arêp agawe piala | dhèk samana uwong mau barêng ngrêti | Ngali sing ketok mênang ||

lan manèhe sing disêbut adhi | malah kokum têlung puluh dina | parêmpêng abang raine | lakune nuli ngêtut | ing saparan lakune Ngali | barêng têkan gon kiwa | anjarag numbuk brus | lan manèh anggawa rewang | iya nuli anjarag bae miwiti | angajak pasulayan ||

nanging Ngali pancèn bocah ngrêti | barêng wêruh ana uwong cidra | banjur mapan ing adêge | nanging nuli dikrubut | ing wong loro ya padha wasis | mênyang ing bab kêrêngan | kanthi sotho jurus | wusana rukêt têlonan | ing wangune rada katêlèyèk Ngali | tansah kelangan papan ||

kocap Rahman tumuli nyêdhaki | tangan têngên anggawa bêngkolang | bongkotan kayu agêdhe | barêng wis ora klèru | mênyang sikil sawiji-wiji | tumuli nyabêt rosa | nganti nywara mak prus | gêgarês diarah kêna | banjur uwal gumalundhung wong sing siji | gênti sijine gledhag ||

pêringisan wong sing ditibani | Rahman nuli ngangsêg karo kăndha | wêruha iki adhine | murinani sadulur | gêlêm bangêt abela pati | kowe padha wong cidra | arêp ngringkês sirmu | katujune aku ana | saupama kasèp kakang mêsthi mati | ayo padha tangia ||

sanalika mung anjêngêr Ngali | nanging barêng wêruh nuli mara | êlo jêbul kowe thole | padha slamêt lakumu | sapa thole sing anuduhi | dene kowe anungka | mênyang ing lakuku | adhine tumuli kăndha | pancèn uwis saka kantor êtut buri | nuli ambacut kăndha ||

adhuh kakang bapak uwis mati | wong saomah kabèh padha susah | wis ta ayo bali bae | sakala kakangne bruk | banjur ambruk karo anangis | ing sauwise tata | adhine dirangkul | karo kăndha mêgap-mêgap | wis ayo ta thole banjur padha mulih | atiku pêdhot krasa ||

[Grafik]

Desa mawa cara, nagara mawa tata, makatên ingkang pinanggih ing bêbasan Jawi. Ing nginggil punika gambaripun băngsa Timur ingkang nuju anjogèd, dipun wastani badhendhang.

--- 268 ---

Jagading Wanita

Olah-olahan ing Wulan Siyam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 16

Salêbêtipun wulan Siyam, sampun wontên olah-olahan warni-warni ingkang kacariyosakên ing Kajawèn, kados sampun nyêkapi kagêm buka dalah sauripun pisan. Sapunika gêntos anggagas badhe dhawahipun dintên riyadi, punika sabên tiyang mêngku balegriya inggih tamtu ambêtahakên dhêdhaharan kangge nyugaga[4] têtamu, botênipun inggih kangge dhêdhaharan piyambak. Cara gampil tur sakêdhik waragadipun, damêla:

Manisan agêr-agêr

Anggodhoga agêr-agêr, kaangkah asrêpipun sagêd dados atos. Manawi sampun asrêp lajêng dipun iris-iris alit-alit, manut sakaparêngipun, kadamêl pasagèn punapa balebekan.

Lajêng anggodhoga gêndhis pasir ingkang ngantos kênthêl, manawi sampun kênthêl dipun asrêpakên. Agêr-agêr ingkang sampun dipun pe ngantos garing, mawi dipun lambari ing mêrang.

Dhêdhaharan punika pandamêlipun mayar, waragadipun sakêdhik, tur pèni.

Manisan kolang-kaling.

Mundhuta kolang-kaling (limrahipun tiyang sade kolang-kaling punika sampun oncekan) milihana ingkang cêkapan, sampun kêsêpuhên utawi kênèmên, awit manawi kêsêpuhên atos, dene manawi kênèmên ambêdhêl. Kolang-kaling wau dipun êkuma ing tajin sadalu, yenjingipun[5] lajêng dipun kumbah toya tawa.

Anggodhoga gêndhis pasir ngantos kênthêl, manawi sampun asrêp, kolang-kaling kacêmplungakên, têrus kacêncêm ngantos kalih dalu. Manawi sampun kalih dalu, gêndhisipun dipun iling, saha dipun êngêt malih dipun wêwahi gêndhis, wusana kolang-kaling kacêmplungakên malih, lajêng kawadhahan ing lodhong.

Kolang-kaling wau ugi kenging dipun garingakên sarana dipun pe.

Roti Jawi.

Glêpung wos 5 mangkok, santên 1½ mangkok, lêgèn 1 mangkok, tigan ayam 8 iji, gêndhis pasir 3 mangkok agêng, santên kênthêl 3 mangkok.

Pandamêlipun: lêgèn dipun mor kalihan santên 1½ mangkok, lajêng dipun cêmplungi glêpungipun, dipun ublêg, lajêng dipun kèndêlakên kalih jam, supados mumbluk. Lajêng ngublaka tiganipun kalihan gêndhis, dipun udhêg kalihan galêpung ingkang sampun dipun abêni wau ngantos kenging dipun cuwoli. Lajêng dipun cuwoli kawangun bundêr, ngandhap dipun papakakên, lajêng dipun pan kadosdene ngêpan roti.

--- 269 ---

Kuwih lapis.

Sadhiyaa glêpung wos samangkok, glêpung kêtan satêngah mangkok, santên kênthêl sacangkir, toya gêndhis ingkang kênthêl (gêndhis pasir) sacangkir, toya tawa samangkok, sarêm sasendhok tèh tuwin tèrês abrit.

Kajani[6] tèrês, sadaya wau dipun wor dados satunggal, lajêng dipun saring ing srêbèt ingkang awis-awis, lajêng kabage dawos[7] kalih, ingkang sapalih lajêng dipun dèkèki tèrês.

Pangolahipun: numpangna wajan dipun dèkèki toya bêntèr, lajêng kadèkèkana basi kasar utawi wadhah sanèsipun, wadhah wau lajêng dipun soki jladrèn kasêbut nginggil, ingkang pêthak, lajêng dipun tutupi, manawi sampun matêng dipun soki jladrèn ingkang abrit, ugi ngantos matêng, lajêng ingkang pêthak malih, makatên salajêngipun, ingkang mungkasi nginggil piyambak abrit.

Sêpekuk

Pandamêlipun sêpekuk punika kêgolong riwil sangêt, awit kajawi kathah padamêlanipun, ugi kêdah rikrik. Ing sadèrèngipun kêdah ngêpe gêndhis pasir, utawi galêpung gandum ingkang lumêr sangêt, pangêpenipun ngantos pintên-pintên dintên.

Abên-abênanipun: tigan ayam 30 iji, pêthakipun kaublêg piyambak, gêndhis pasir ingkang lêmbat saha garing 30 sendhok dhahar, galêpung gandum ingkang sampun dipun ayaki 15 sendhok dhahar. Martega 1 pun, kakêbluk, angkak cina 2 sendhok sêdhêng, cêngkèh bubukan lêmbat 1 sendhok tèh, kapulaga bubukan 1 sendhok tèh, manis jangan bubukan ½ sendhok tèh, martega ingkang sampun dipun luluhakên.

Anggènipun ngabêni. Manawi badhe ngabêni kêdah katindakakên ing tiyang kalih, nyadhiyakna wadhah 2 iji, kobokan 2 iji, osèr-osèr ingkang lêmês utawi pangublêgan tigan. Wontênipun kasadhiyanan wadhah ngalih iji, amargi satunggal-satunggaling jladrèn pandamêlipun botên kenging lêt dangu. Mila kêdah kabage dados kalih.

Wadhah ingkang satunggal kangge ngublêg jênening tigan dipun mori gêndhis 16 sendhok, danguning pangublêg ngantos 1 jam, ingkang ngantos warni kados martega. Lajêng dipun mori glêpung saking sakêdhik ngantos wolung sendhok, martega ingkang sampun dipun kêbluk satêngah pun, dipun udhêg.

Wadhah satunggalipun malih kangge ngublêg jênening tigan ingkang 14 iji, kalihan gêndhis pitung sendhok utawi glêpung pitung sendhok dalah bumbu sanès-sanèsipun kalihan martega ingkang satêngah pun. Manawi anggènipun sami ngabêni wau sampun mukêt, lajêng dipun mori pêthakaning tigan, ingkang ngangge jênening tigan 16 inggih dipun mori pêthaking tigan 16. Wusana lajêng dipun olah wontên ing wadhah dipun sêlang-sêling.

Patraping pangolah, jladrèn ingkang kapisan dipun êpan ngantos garing, lajêng dipun tumpangi jladrèn ingkang bumbon. Latu kakantunakên ingkang nginggil, sabên saêsap lajêng dipun osèr-osèri martega ingkang sampun dipun luluhakên. Manawi sampun [sampu...]

--- 270 ---

[...n] angsal sakawan sap, kacublêsa ing sada, manawi sampun kalis, bitingipun botên katutan punapa-punapa, tăndha sampun matêng, makatên salajêngipun.

Ingkang kangge ngêsokakên prayogi sendhok agêng.

Warni-warnining olah-olahan inggil punika namung kasumanggakakên dhatêng ingkang kaparêng nyobi.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Benjing tanggal 13, 14 saha 15 Juni ngajêng punika pakêmpalan Sêdya Mulya, pakêmpalanipun para bupati, saèstu badhe ngawontênakên konggrès manggèn ing Wèltêprèdhên. Ingkang baku badhe karêmbag inggih punika bab: kawontênanipun pangrèh praja pribumi samangke saha ing têmbe wingking.

Dèrèng dangu wontên tiyang kuminis sanga dalah sabrayatipun kakintunakên saking Tanjungpriuk dhatêng Dhigul. Suwau namung kagantungan paukuman kunjara sawatawis taun. Sapundhating paukuman wau, jalaran kagalih mutawatosi tumrap katêntrêmaning umum lajêng kasingkirakên dhatêng Dhigul.

Wontên pawartos R.T. Căndradipura, panitya Rad Kraton ing Surakarta, benjing wulan Juni ngajêng punika kadhawuhan sinau dhatêng pamulangan pangadilan luhur ing Bêtawi. Ingkang badhe kapatah anggêntosi padamêlanipun Mr. R.T. Jaksadipura.

Salêbêtipun taun 1929 ingkang kapêngkêr tumrap ing kadhistrikan Bandhung cacahipun tiyang ingkang nikahan dhatêng pangulu ing Bandhung wontên 4431, ingkang pêgatan 4250 sarta ingkang rujuk malih 343. Beyanipun sadaya wontên f 13.440.50. Dene tumrap ing sadaya wêwêngkon ing Kabupatèn Bandhung salêbêtipun taun wau ingkang nikahan wontên 28141, ingkang pêgatan 19586 sarta ingkang rujuk malih 808. Gunggunging beya wontên f 76.155.50. Ing bab pêgatan Kabupatèn Bandhung pancèn onjo piyambak.

Wontên pawartos, Tuwan Middendorp (I.S.D.P.) kaparêng badhe lèrèh saking anggènipun jumênêng wontên ing Rad Kawula. Lajêng badhe dipun gêntosi Tuwan Stokvis, ingkang samangke taksih wontên ing nagari Walandi.

Benjing wulan April ngajêng punika Taman Siswa badhe ngawontênakên konggrès manggèn ing Ngayogya. Ingkang baku badhe karêmbag bab pangajaran kabangsan, nanging ugi badhe anggêpok pulitik, inggih punika bab aksinipun para guru ing bab pulitik.

Katêtêpakên dados Ind. Arts. ing C.B.Z. Wèltêprèdhên, Tuwan Mas Sukendar Sukarya, saha ing C.B.Z. Surabaya Tuwan G.H. Rehatta.

Dèrèng dangu sawênèhing asistèn ing kabudidayan Blangkahan (S.O.K.) amratapi[8] paukuman dhatêng satunggiling kuli, wiwit jam 6 enjing dumugi jam 11 siyang kapurih dhedhe kanthi nglugas raga. Jalaranipun kuli wau sampun kamipurun matur dora dhatêng tuwan asistèn, wasana sarêng prakawis punika priksa dening pangadilan, asistèn wau kaluwaran saking sêrêgan, jalaran miturut anggêr-anggêr tumrap tindak makatên wau botên wontên kukumipun. Lo, kok anèh.

Kados ingkang sampun kawartosakên, tuwan gupêrnur ing Makasar botên amarêngakên dhatêng panuwunanipun Tuwan H.O.S. Cakraaminata malêbêt ing Sêlèbês prêlu dados panuntuning konggrès P.S.I. ingkang badhe kawontênakên ing Pare-Pare. Samangke wontên kabar, tuwan pokrul jendral saha parampara prakawis tiyang siti botên kawratan ing bab punika, namung kantun ngêntosi karampunganipun pamarentah. Manawi saèstu kaparêngakên sarta botên wontên pakèwêdipun, Tuwan-tuwan H.A. Salim, M.M. Anwarudin saha A.M. Sangaji ugi badhe anjênêngi konggrès wau.

Wontên pawartos, Tuwan P.J. van Gulik, Gupêrnur Propinsi Jawi Têngah, benjing wulan Juli ngajêng punika badhe lèrèh saking kalênggahanipun, lajêng badhe tindak dhatêng Eropah.

Konpêrènsinipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral kalihan para residhèn saha bupati ing Jawi Kilèn badhe kawontênakên benjing tanggal 19 Marêt ngajêng punika.

Dèrèng dangu ing kadhistrikan Grati Kabupatèn Pasuruhan, jawahipun dêrês sangêt ngantos nuwuhakên bêna agêng, langkung-langkung ing parêdèn Tênggêr. Margi antawisipun Pasuruhan kalihan Prabalingga botên kenging dipun langkungi.

--- 271 ---

Sampun wiwit wulan Oktobêr taun ingkang kapêngkêr pulo Plorès ingkang sisih kilèn kaambah ing pacêklik, nanging samangke sampun kathah mêndhanipun, jalaran lajêng angsal bantu têtêdhan saking pamarentah. Saking tanah Jawi sampun kakintunakên turus katela pohung 150.000 sarta ugi sampun wiwit katanêm, punapa malih têtanêmanipun jagung ing ngrika katingal subur badhe sae pamêdalipun.

Wiwit tanggal 4 Marêt ngajêng punika K.N.I.L.M. sabên saminggu sapisan badhe ajêg, nglampahakên mêsin mabur antawisipun Bêtawi kalihan Singgapura. Saking Bêtawi pangkat jam 7 enjing, dumugi Singgapura jam 2.10, enjingipun jam 7 pangkat saking Singgapura, dumugi Bêtawi jam 1.50.

Miturut katranganipun K.N.I.L.M. Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar benjing tanggal 6 April badhe nitih mêsin mabur saking Bêtawi dhatêng Sêmarang, prêlu anjênêngi konpêrènsining para bupati Jawi Têngah ing Wanasaba, tanggal 8 April têrus anggêgana dhatêng Surabaya, prêlu anjênêngi konpêrènsining para bupati Jawi Wetan ing Malang, lajêng tanggal 12 April kondur anggêgana dhatêng Batawi.

Dening Sarekat Ambon ingkang dipun kandhidhatakên kangge Rad Kawula 1. Dr.J. Kayadoe, Ind. Arts. ing Wèltêprèdhên, 2. Mr. Gieben presidhèn landrad ing Ambon, 3. Atica de Queljoe, raja ing Kilang, 4. Dr. Sitanala, dhoktêr ing Sêmarang saha 5. H. Wattimena, tiyang mardika ing Wèltêprèdhên.

Kawartosakên Dr. Kwa Tjwan Sioe saha Mr. Ko Kwat Tiong ada-ada badhe ngawontênakên konggrès tumrap para jurnalis băngsa Tionghwa sa-Indhonesiah. Mênggah ancas sêdyanipun konggrès wau badhe angrukunakên para jurnalis băngsa Tionghwa sampun ngantos sami tukar pabên piyambak, saha badhe ambudidaya dhatêng majênging pèrês, Tionghwa sarta pèrês Malayu Tionghwa.

Saking Medhan kawartosakên, ing Bêlawan mêntas wontên warung 13 kêbêsmi ngantos têlas-têlasan. Wontên băngsa Tionghwa têtiga ingkang ugi manggèn ing warung wau katahan, kadakwa ingkang ambêsmi. Kapitunan kataksir wontên f 15.000.-

Kala tanggal 19 Pèbruari parêpatan Rad Kawula sampun katutup, nanging benjing tanggal 20 Marêt ngajêng punika badhe kawontênakên parêpatan mirunggan, prêlu angrêmbag kontrak K.P.M. kalihan bêgrotêng babagan defensie.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1683 ing Gondhanglipura. Kintunan sampun katampi. Kuciwanipun dene randhat sangêt, ngantos katêlasan Kajawèn ăngka 10 dumugi 12.

Lêngganan nomêr 2427 ing Nganjuk. Lakar inggih dipun sêtop, jêr kula botên wani nêrak wêwalêring kumisi Bale Pustaka. Nyumanggakakên.

Lêngganan nomêr 131 ing Ngayogyakarta, pos wisêl f 6.- sampun kula tampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 1843 ing Pasir Kidul, pos wisêl f 6.- sampun kula tampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 1726 ing Kasin Kulon. Lêngganan wiwit 1-2-'30.

Lêngganan nomêr 2062 ing Rèndhèng. Lêngganan wiwit 1-2-'30.

Lêngganan nomêr 869 ing Sala. Sadhèrèk K 4370 sampun dipun sêtop, awit dèrèng nyêkapi wajibipun. Adrès panjênêngan sampun kula owahi. Kajawèn ingkang kapundhut sampun têlas.

Pawartos

Ngaturi uninga dhatêng para maos, sarèhning benjing dintên Rêbo tanggal kaping 5 Marêt ngajêng punika nglêrêsi dintên ingkang cêlak kalihan dintên riyadi, Kajawèn kaajêngakên wêdalipun, karangkêp kalihan wêdalipun Kajawèn dintên Sabtu tanggal 1 Marêt, awujud Kajawèn nomêr lêbaran.

Dados Kajawèn ingkang lêrêsipun mêdal ing dintên Rêbo kasêbut nginggil botên kawêdalakên.

--- 272 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta

15

[Sinom]

wusing nata manglocita | mèsêm angandika aris | kalingane putraningwang | mring wana ngupaya rabi | dhuh kulup putra mami | wong bagus mungguh aturmu | Si Marwati rêtnèng dyah | rèhning wus padha sêtya sih | sira suwun lastarine dadi garwa ||

sun dahat mangayubagya | nanging putraku wong sigit | aku wèhana katrangan | kang rada dawa sathithik | wêruhmu Si Marwati | nandhang sangsara binedhung | dening raja siluman | tumêkèng sira tulungi | myang sêtyane mring sira gêlêm ginarwa ||

sapa kang dadi lantaran | minăngka panuduh margi | prêlune mung ingsun karya | pangarêm-arêming ati | radyan matur wotsari | lêrês dhawuh jêng pukulun | rêmbag sayêktinira | lantaran panuduh margi | mokal lamun lêlakon tanpa sarana ||

dhuh rama kauningana | kang asung pituduh nguni | pun jalak seta punika | nadyan jalak băngsa paksi | ywanjana tata janmi | myang undhagi ngikêt têmbung | purwane jalak seta | suwita mring awak mami | duk nèng wana nalikarsa amba panah ||

sêsambat lir calapita | aminta ywa dèn pêjahi | sanggêm suwita mring amba | sêtyane sabaya pati | amba wêlas ningali | amba tampi switanipun | nulya pamitan kănca | mring wana antukirèki | awêwarta jro wana wontên wanodya ||

sangsara dahat aminta | sintên kang sagêd nulungi | ngêntas saking sangsaranya | prasêtyane sanggêm nyèthi | kalampahan wak mami | anulungi mring dyah ayu | makatên purwanira | sang nata karênan galih | sarwi nabda: kalingane jalak sira ||

minăngka cacongkokira | Marwati lan putra mami | pintêr têmên jalak seta | ngumpulke anyanyongkoki | bangêt tarima mami | tak pêpuji sira besuk | bisa antuk kamulyan | lêstari sira kinathik | lan putrèngsun gustimu Radyan Sujana ||

jalak matur anoraga | dhuh gusti timbalan aji | amba pundhi ing mastaka | mugi-mugi anètèsi | sadhawuhira gusti | antuk kamulyan linuhung | nata karênaning tyas | mèsêm angandika manis | mring Marwati: Dhuh dhuh nini putraningwang ||

aywa rikuh nèng prajèngwang | mapan wismamu pribadi | ing praja Banjaransêkar | duwèke lakinta nini | sang dyah matur wotsari: | kawula umatur nuhun | sakêthi tanpa nyana | kawula prapta ing ngriki | dahat bêgja ginarwa ing putra nata ||

sang nata malih ngandika | dhawuh mring narpagarini | ni mbok ratu putranira | Si Nini Dèwi Marwati | jakên lumêbèng puri | minăngka panyêngkêripun | ri Soma Manis ngarsa | lamun sira nayogyani | sun dhaupkên lan putramu Si Sujana ||

bawahan binarêng pisan | si kulup ingsun sèlèhi | kaprabon jumênêng nata | nèng praja Banjaransari | sang sori rênèng kapti | sarwi nabda: Dhuh wong ayu | Marwati lumêbua | kadhaton dhèrèka mami | kang sinabdan sandika nulya tut wuntat ||

manjing jroning dhatulaya | nahên ta wau sang aji | nimbali pêpatihira | tan dangu sang nindya mantri | sowan ing byantaraji | silanira makidhupuh | muka konjêm bantala | sang nata ngandika aris | gaibing rat andadèkna wêruhira ||

dina Soma Manis ngarsa | ingsun arsa ambawahi | gustimu Radyan Sujana | dhaup lan Dèwi Marwati | pêparinge Hyang Widhi | tata-tataa sirèku | rêrênggan kang prayoga | ywa kongsi anguciwani | jroning praja rêngganên ingkang prayoga ||

urut marga pasangana | ombak banyu janur kuning | miwah rontèk pare mudha | nèng kiwa têngêning margi | watêsing kutha patih | prayoga pinasangan krun | rinêngga dening buntal | umbul-umbul kanan kering | pucaking krun mawa bandera tri warna ||

korining pura dêgana | gapura binlêbêt mori | mawa rinêngga ing buntal | daluwang abang lan putih | pasangana ting lilin | supadya abyor dinulu | ing pucak pasangana | bandera abang lan putih | tur sandika nindya mantri gaibing rat ||

gya mêdal dhawuh mring wadya | sadhawuhira sang aji | pakaryan kinon gêlakan | pininta-pinta ing kardi | wagêde nindya mantri | tri dina rêrênggan rampung | sang patih tur uninga | rêrênggan praja myang puri | sampun sagêd samêkta rampung sadaya ||

sang nata karênaning tyas | cancute sang nindya mantri | wasana lon sabdanira: | patih sira sun tuturi | besuk ri Soma Manis | bakal prêlune gustimu | ingsun barêngi pisan | nyèlèhke kaprabon mami | mring gustimu pangantyan Radyan Sujana ||

mula sarat prantènana | rong prangkat ywa kongsi lali | saprangkat sarat pangantyan | saprangkat adêgiraji | pra pandhita wêwasi | jêjanggan myang uluguntung | ngulama myang suhada | padha timbalana sami | tur sandika gaibing rat gya utusan ||

nêngna wus praptaning dina | prêlu pangantèn kêkalih | wus rampung dènnya busana | pra tamu pêpak wus prapti | nulya binayangkari | pangantèn putri myang kakung | măngka têtêp dhaupnya | Dyan Sujana lan Marwati | kinurmatan rame umyunging pradăngga ||

drèl mariyêm pangurakan | sinêlan drèling prajurit | sirêping drèl pakurmatan | pangantèn kakung gya mijil | kinanthi sang narpati | jumênêng ngajênging tamu | sang nata sora nabda: | pra wadya punggawa mami | sêksènana sun sèlèh kaprabon ingwang ||

mring sutaningsun Sujana | ing mangkya Sujana dadi | nata ing Banjaransêkar | yèn ana kang mêmalangi | yêkti ing mêngko dadi | satru miwah mungsuh ingsun | pra wadya myang punggawa | nêmbah samya saur paksi | ing sakarsa nata abdine sumăngga || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

 


ingkang. (kembali)
idham-idhaman. (kembali)
sasêdyanipun. (kembali)
nyugata. (kembali)
enjingipun. (kembali)
Kajawi. (kembali)
dados. (kembali)
amatrapi. (kembali)