Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03-22, #466

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03-22, #466. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03-22, #466. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 24, 21 Sawal Taun Ehe 1860, 22 Marêt 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [369] ---

Ôngka 24, 21 Sawal Taun Ehe 1860, 22 Marêt 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Pêrang Bènsin

Ing Kajawèn ôngka 22 ing bagian kabar warni-warni, sampun kawartosakên, bilih ing wêkdal samangke rêgining bènsin kathah mandhapipun, sabab-sababipun botên sanès jalaran saking tuwuhing pêrang bènsin antawisipun maskape B.P.M. (Shell) kalihan Socony (Standar Oil Cy of New York). Mênggah wontênipun têmbung: pêrang ing nginggil, para maos têmtunipun sampun sami nguningani, bilih sanadyan nama pêrang, nanging sanès pêrangan ingkang mutahakên rah. Bawanipun jagad sampun sêpuh punika, têka lajêng pating jrêdhil tuwuhipun ewah-ewahan ing donya ingkang pikajêngipun sok beda kalihan purwanipun. Kados ta têmbung pêrang, punika panampinipun tiyang kathah, tamtu mastani: jalaran saking tuwuhing pasulayan agêng, ingkang anjalari têtiyang sami pêjah-pinêjahan sarana dêdamêl, upaminipun: pêrang bratayuda, punika anggambarakên pasulayanipun praja Ngamarta kalihan Ngastina, ingkang anjalari tumpêsing para kawula praja kalih wau. Utawi: pêrang agami, upaminipun cara anggènipun mêncarakên agami Islam ing donya kala ing jaman kinanipun, punika ugi anjalari tiwasipun tiyang pintên-pintên yuta. Awit inggih sabab anggènipun botên purun ngrasuk ing agami wau. Lan sapiturutipun. Nanging tumrapipun jaman samangke, sanadyan têmbung pêrang pisan, inggih sok lajêng ewah kajêngipun. Kados pêranging Heer lan Boer, upami kajawèkna lugu, inggih punika pêrangipun kaum majikan lan kaum tani, kados ingkang sampun kalampahan wontên ing praja Ruslan, sadèrèngipun paprentahan Sopyèt ngadêg. Nanging samangke tumrap pangrêtos Jawi, pêranging Heer lan Boer wau, têka babarpisan botên anggadhahi têgês: pêrang ingkang sagêd mutahakên rah, nanging pêranging Hir kalihan Bur wau, sanadyan Bur punika saklangkung asor drajatipun, nanging manawi angsal jodho ngas, ingkang ambotohi Bur wau têka malah narik, inggih punika tumrapipun tiyang manawi ... sêlikuran.

Makatên ugi mênggah pêrang bènsin antawisipun B.P.M. kalihan Socony, tumrap panggêsanganing manusa botên ambêbayani babarpisan, botên wontên pêjah-pinêjahan utawi sakit-sinakitan, ngêmungakên maskape kalih wau sami jor-joran mirah-mirahan anggènipun sami sade dêdaganganipun lisah bènsin. Kadosdene ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn ôngka 22, ing satunggil-satunggilipun panggenan, rêgining lisah bènsin ing dalêm salitêripun ngantos namung antawisipun 19 sèn kalihan 14 sèn. Mandhaping rêginipun lisah bènsin wau, tumrap sawênèhing golongan, têmtu adamêl gumbiraning manahipun, inggih punika tumrap golonganipun para ingkang sami gadhah motor tuwin para [pa...]

--- 370 ---

[...ra] supir, punika ibaratipun sami; kêplok bokong, kêndhangan dhêngkul, dene salajêngipun badhe sagêd ngirangi pambucalipun arta kangge wragadipun bènsin, punapa malih para supir taksi, punika ingkang kathah-kathah têmtu lajêng sami ngèkèk-ngèkèk, awit sami anggadhahi pangajêng-ajêng badhe panèn, têgêsipun angsal-angsalanipun sewan taksi, apês balêbês sagêd ajêg, pambucalipun arta kangge numbas lisah bènsin, badhe suda. Nanging tumrap golongan sanès, upaminipun tumrap golonganing têtiyang ingkang nyewakakên andhong utawi dhilman, inggih sagêd kalampahan ngêmut dariji sayêktos.

Nanging sampun dados jamak limrahing ngalam donya punika, kabêgjaning satunggalipun tiyang, asring adamêl kapitunaning liyan. Bôngsa Walandi angadhahi bêbasan ingkang ungêlipun makatên: De een zijn dood, de ander zijn brood, mênggah upami bêbasan wau dipun têgêsakên ingkang lugu, kintên-kintên makatên: yèn sing siji olèh rêjêki, liyane kêpèndèng mati.

Môngga samangke sami naliti sintên ingkang bêgja tuwin sintên ingkang angsal kapitunan, jalaran saking mandhaping rêginipun lisah bènsin wau. Tumrapipun bôngsa Jawi, kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, ingkang sayêktos angsal kauntungan, inggih punika bangsanipun supir taksi, awit angsal-angsalanipun anggèning nyewakakên motoripun sagêd ajêg, nanging pambucalipun arta kangge numbas lisah bènsin suda kathah. Punapa malih manawi lajêng sami purun nyuda tarip sewanipun, punika têmtu sagêd ngindhakakên kathahipun tiyang numpak taksi, ingkang anjalari saya kathah panampinipun arta. Upaminipun tumrap ing Batawi: sewan numpak motor ing dalêm salampahan, limrahipun f 0,50 punika lajêng kasudaa dados namung f 0.25. Manawi sagêd kalampahan makatên, têmtunipun lajêng mèh satiyanga, manawi badhe kêkesahan, ingkang suwaunipun ngangge andhong, lajêng sami milih numpak motor, awit kajawi kaoting sewanipun botên sapintêna, lampahipun langkung enggal, indhaking kathahipun tiyang ingkang sami numpak motor, sanadyan pambayaripun suda, sagêd angindhakakên pamêdalipun supir-supir taksi wau. Kosokwangsulipun, para kusir andhong tuwin tukang dhokar, têmtu badhe saya suda pamêdalipun, awit têmtunipun inggih lajêng saya botên kêconggah angêjori dhatêng taksi-taksi wau, awit samirah-mirahipun pangupakaraning andhong sakapalipun, nanging mêksa angèl badhe nyuda têdhaning kapal. Ing wusana kathahing andhong têmtu badhe pêjah panggêsanganipun.

Kajawi punika, mandhaping rêginipun lisah bènsin wau, tumrap satunggiling golongan, malah dados saenipun, kados ta: ngindhakakên kasrêgêpan, kacukataning tandang, kuwajiban, kamantêpanipun dhatêng padamêlan, lan sasaminipun, inggih punika tumrap golonganing para amtênar tuwin priyantun, ingkang padamêlanipun asring turne. Jalaran, angsal-angsalaning arta pal-palan taksih ajêg, nanging pambucalipun arta kangge wragad bènsin suda sangêt.

Mênggahing pamanggih kula, kados inggih ngêmungakên golongan kalih wau, ingkang rumaos sênêng, jalaran saking mandhaping rêginipun lisah bènsin wau. Nanging tumrap tiyang umumipun - dados inggih kula barang - rêgining lisah bènsin wau, aluwung dipun indhakakên katimbang dipun suda. Awit saya awis rêgining bènsin, têmtunipun sagêd suda cacahing motor. Bathining tiyang sakula punika, manawi cacahing motor suda, inggih punika:

1e. Kula sadaya lajêng suda dosanipun. Awit limrahipun tiyang, manawi kalêrês bêntèr-bêntèr lumampah ing margi, kok lajêng wontên motor langkung, saking kathahing blêdug ingkang kabêkta, tanpa dipun sêngaja dilalah sok anglairakên makatên: Sambêr gêlap, dumèhane duwe motor bae. Môngga, punapa punika botên nama dosa, amisuhi tiyang ingkang botên punapa-punapa.

2e. Suda dosanipun malih. Limrahipun tiyang, manawi sumêrêp motor mogok, punika lajêng mèsêm, ing batos wicantên makatên: modar ora. Môngga, punapa punika botên nama dosa, anyokurakên tiyang ingkang sawêg nandhang kasangsaran.

3e. Saya suda cacahing motor, saya suda tiyang ingkang dipun ambung utawi nipun[1] pijêti motor. Sampun samantên kemawon.

Samangke nyariyosakên, sabab-sababipun dene rêgining lisah bènsin mandhap.

Ingkang miwiti mandhaping rêginipun lisah bènsin punika Socony, jalaran saking wontênipun lisah pèt saking nagari Sopyèt.

Gêgayutan kalihan pawartos saking New York, bilih pirukunanipun Standard Oil Cy of New York (Socony) kalihan B.P.M. samangke sampun pêdhot, Aneta sampun nyuwun priksa mênggah ingkang dados larah-larahipun dhatêng dhirèksining B.P.M.

Wiwit taun 1928 maskape kêkalih kasêbut nginggil, sami damêl pirukunan botên badhe jor-joran. Nanging jalaran Socony samangke sampun damêl kontrak enggal kalihan Sovjet Naphta Syndicaat inggih punika kontrak panumbasing lisah pèt, bènsin tuwin panunggilanipun, laminipun 5 taun sarta watawis rêgi 25 yuta dholar, pirukunanipun wau lajêng pêdhot, lajêng sami jor-joran, sabên satong rêginipun kaandhapakên sadholar, saha ugi badhe kasrambahakên ing panggenan sanès-sanèsipun, kados ta: Indhia Inggris tuwin sapiturutipun.

Miturut pamanggihipun dhirèksining B.P.M. wontênipun ing ngriki rêgining lisah bènsin tuwin panunggilanipun kaandhapkên, ugi jalaran saking Socony wiwit angêjori.

Miturut Agence Financière bab wau botên gêgayutan kalihan kontrakipun Socony kalihan Sovjet Naphta Syndicaat, nanging jalaran maskape wau sami anglajêngakên anggènipun mangun konkurènsi.

Miturut Agence kabaripun Sir Henry Deterding ngusulakên supados Socony ing tanah wetanan angêculna panyadenipun, nanging ing New York piyambak, têtiyang sami angajêngakên supados Socony anglajêngna anggènipun mangun konkurènsi wau, ugi dhatêng Indhia Inggris.

Makatên mênggah larah-larahipun tuwuhing pêrang bènsin wau, ing bab punika kados sampun cêkap samantên kados makatên, sanès Sabtu ngobrol malih.

S.m.t.

--- 371 ---

Kawruh Sawatawis

Rumpon

Ing lèpèn ingkang toyanipun lindhuk, ing rawa utawi sêndhang, punika ngadat kathah ulamipun, saha kathah tiyang ingkang kêpengin ngalap ulam wau, nanging rumaos kawêkèn patrapipun, jalaran toya tansah agung, ngangge pirantos jala, serok, sèsèr utawi sanès-sanèsipun ingkang limrah botên patos mikantuki. Mila yèn lêrês makatên ulam-ulam wau prayogi dipun rekadaya ngangge pirantos ingkang kawastanan rumpon.

[Grafik]

Pamisayan ulam ingkang sairib rumpon.

Misaya ulam ingkang ngangge pirantos rumpon (pasangan) wau, sasumêrêp kula ingkang asring namung katindakakên dening têtiyang ing pasisiran, môngka sajatosipun sanajan katindakna ing pundi-pundi panggenan inggih kenging, janji cêtha papan wau kathah ulamipun, tamtu angsal-angsalanipun nyumbuti kalihan kangelanipun. Mênggahing pratikêl têrangipun kados ing ngandhap punika:

Ing sadèrèngipun ambêntèlana carang ori utawi pang-êpanging kajêng sêrut, watawis ngalih prangkul agêngipun utawi langkung, panjangipun nyadhêpa, langkung saking samantên inggih kenging, namung manut lêbêt cèthèking toya. Anggènipun ambêngkêki namung onggrong-onggrong, dados tangsul botên prêlu singsêt-singsêt sangêt, prêlunipun ing sasêla-sêlaning bêngkêkan carang wau minôngka papaning ulam singidan.

Manawi anggèning nglêmpakakên bêntelan carang sampun watawis kathah, lajêng kacêmplungna ing lèpèn, rawa punapa sêndhang, milih papan ingkang lindhuk saha lêbêt-lêbêting toya namung sadhadha, kasisihakên ing pinggir utawi ing têngah, trapipun ngadêg jêjêg, panatanipun kajèjèr-jèjèr anggrombol karêndhêm toya. Supados botên rêbah, mila prêlu dipun pathoki. Saha kaangkaha ulam agêng alit sami rêmên manggèn umpêtan ing sasêla-sêlaning bêngkêkan ngriku. Lah inggih punika ingkang kawastanan rumpon, têgêsipun andamêl papan kangge ngapusi ulam.

Ing sawatawis dintên rumpon wau dipun ênggèni ing ulam sawatawis, titikanipun ing ngriku kathah ulamipun ingkang sami nênggak. Mila yèn sampun makatên, enggal amêndhêta widhe (inggih punika dêling liningan alit kajêjêd, sami kemawon [ke...]

--- 372 ---

[...mawon] kalihan wujuding kêre, nanging langkung panjang saha kiyat) punika kaalangakên ing lèpèn, ngalangi ilining toya, têbihipun kalihan rumpon watawis kalih dhêpa utawi langkung, trapipun ngadêg, ingkang sisih mèpèt gampèng kiwa, saha sanèsipun ing têngên, tur widhe wau dèrèng kabèbèr sadaya, dados taksih wontên langkunganipun ngalêkêr. Pamasangipun ingkang sarèh, sampun ngantos adamêl gêtaping ulam ing rumpon, saha malih adêging widhe sampun ngantos anggronggong, dados saurutipun kêdah angsal dhasaring toya, pamrihipun ulam sampun ngantos marojol.

Sasampuning makatên, sapunika wiwit anggropyok ulam saking nginggil, prayoginipun kalihan kônca kathah, kintên têbihipun saprapat pal, wontên ingkang nyogoki, wontên ingkang anggêblogi toya pating kropyak pamrihipun supados ulam-ulam ing ngriku samia kagèt sarta ngupados pasingidan, yèn plajêngipun mangandhap tamtu kapêngkok ing widhe, môngka botên wontên papan ingkang sakeca kajawi ing rumpon, dados mêsthi kemawon ulam-ulam wau sami ngumpêt ing ngriku, saha rumaos angsal papan pangungsèn ingkang botên nyamari. Langkung utami malih manawi anggropyok ulam punika wau ngangge pirantos wawar. Mênggah wawar punika ingkang kadamêl janur, panjangipun nyakilan, kaslêmpit-slêmpitakên ing tampar êduk utawi dêling, trapipun marapat, êlêtipun 2 kilan. Tampar wau ing pucuk kabandhulan sela, pamrihipun yèn kacêmplungakên ing toya sagêda andhasar. Tampar-tampar ingkang sampun kaslêmpitan janur tuwin dipun baluhi sela wau, pungkasanipun katangsulakên angsal tampar panjang, êlêtipun nyadhêpa, dados manawi dipun tingali pating grandhul anglawèr kados gombyok. Wawar punika pancèn pirantos anggiring ulam, awit kacariyos ulam makatên sami ajrih dhatêng janur, amargi manawi wontên salêbêting toya warninipun anyrêmomong. Tampar panjang wau pungkasanipun ingkang sisih kacêpêng ing tiyang manggèn ing gampèng kiwa, sisihipun ing gampèng têngên, lajêng kasèrèd mangandhap sêsarêngan. Saking ramening têtiyang ingkang sami anggrosok (anggiring), ulam wau sami milar asar-saran, pungkasanipun sami umpêtan ing rumpon. Mila yèn panggiringipun sampun cêlak kalihan rumpon kakèndêlna. Ing ngriku langkunganing widhe ingkang ngalêkêr wau lajêng kabèbèr malih, ngantos kêmput angubêngi rumpon atêmu gêlang.

Dados sapunika ulam-ulam ing rumpon wau sampun wontên ing nglêbêt kurungan. Mila ing ngriku sawêg kenging kacêmplungan tiyang 2 utawi 3 prêlu ngêntas bêngkêkan carang. Pangêntasipun kêdah alon, kaangkaha sampun adamêl girasing ulam. Yèn pangangkatipun bêngkêkan sampun bênggang kalihan dhasaring toya, lajêng kasêsêlan irig, wasana lajêng kajunjung minggah dalah irigipun, lon-lonan, ulam ingkang alit-alit tamtu sami malorod dhawah ing irig. Makatên salajêngpun ngantos bêntelan carang wau kadhudhah sadaya, yèn sampun [sa...]

--- 373 ---

[...mpun] rêsik, sapunika kantun mêndhêti ulam ingkang kècèr ing ngriku, malah limrahipun kantun ingkang agêng-agêng, kenging kaserokan mawi pêcak, punapa jala utawi pirantos sanès-sanèsipun ngantos têlas, tamtu gampil kemawon jalaran sampun wontên ing salêbêting kurungan widhe.

Nirrasa.

Raos Jawi

Asu Gêdhe Mênang Kêrahe

Sêgawon kêkalih sami kêrah rêbatan têtêdhan, utawi saking sabab punapa kemawon, limrahipun salah satunggal ingkang langkung agêng wujudipun mêsthi mênang.

Paribasan: asu gêdhe mênang kêrahe kasêbut nginggil, kangge nyalokakakên tiyang ingkang kuwasa utawi dipun eringi, sami rêgêjêgan pabên kalihan tiyang sor-soranipun, arêbat lêrês upami kemawon: lêlurahing satunggal pakaryan kalihan mandhor bawahipun. Punika kêrêp kalampahan, sanadyan kuwasa wau ing batos sajatosipun ngrumaosi lêpat, mêksa botên purun kalêpatakên, sabab isin mundur utawi kuwatos pikantuk kalêpatan saking nginggilipun malih. Lha kocapa punang sor-soran wau sanadyan ngrumaosana sajatosipun botên lêpat, kapêksa botên sagêd kêkah ngakên lêrês, sabab ajrih ambokbilih lajêng wontên sanès babagan ingkang badhenipun kirang prayogi tumraping badanipun piyambak. Utawi sanadyan punang sor-soran wau kêkah ngakên lêrês, inggih kêrêp dipun pênêt kemawon kaanggêp lêpat dening ingkang kuwasa wau. Ingkang makatên wau nama kojur sangêt, môngka bilih kamanah panjang, tiyang ingkang kuwawa[2] punika wajib dados pangayomaning sor-soran, sabab kenging kula anggêp pêjah gêsanging sor-soran prasasat sampun kacêpêng dening ingkang kuwasa, dados ingkang kuwasa wau upami badhe damêl pêjah utawi gêsang dhatêng sor-soran, mêsthi gampil sangêt.

Punapa ta sababipun, dene kok kêrêp wontên tiyang ingkang kuwasa gadhah pamanahan kados kasêbut nginggil, saking pamanggih kula sababipun warni-warni, upami kemawon:

1. tiyang ingkang kuwasa dhasar manahipun jirihan, rumaos kalêpatan ingkang rèmèh kemawon, ajrih bilih pikantuk cacadan saking nginggilipun malih, wêkasan kalêpatanipun kadhawahakên dhatêng sor-soranipun, môngka botên kanthi kamanah bilih kalêpatan rèmèh makatên, tumrapipun ing piyambakipun botên andadosakên sabab sapintêna, wangsul tumrap ing sor-soranipun sagêd ambêbayani.

2. sagêd ugi ingkang kuwasa wau pancèn manahipun murka, liripun upami lêlurahing pakaryan wau, dèrèng narimah namung langgêng wilujêng dados lêlurah

--- 374 ---

nanging taksih gadhah manah ngôngsa-ôngsa kêpengin pikantuk pangalêmbana utawi kaindhakan kamulyan, ngantos supe dhatêng sor-soran ingkang pantên dipun ayomi.

3. ingkang kuwasa wau dhasar gadhah manah kasupenan, upami dhawuh punapa-punapa dhatêng sor-soranipun, wusana sarêng dhawuh wau dipun tindakakên kêlèntu (botên lêrês) inggih lajêng mukir botên rumaos suka prentah makatên, dados inggih kalêbêt tiyang ingkang mangrêtos, bilih sadaya manungsa sagêd kanggenan supe.

Saupami ing salêbêting satunggalipun pakaryan wontên lêlampahan kados kasêbut ing nginggil, sampun tamtu ing pakaryan wau sadangunipun botên sagêd têntrêm, sabab ingkang rumaos alit ing manah tansah sumêlang, panyambut damêlipun botên kanthi sênêng, sarta suda katrêsnanipun dhatêng lêlurahipun, wêkasan sagêd anjalari kirang majênging pakaryan wau.

Kula sampun nate ngladosi satunggaling lêlurah ingkang katawis asih dhatêng para sor-soranipun, manawi pinuju wontên salah satunggaling sor-soran ingkang kalêpatan botên sapintêna, nanging tumrapipun dhatêng sor-soran wau sagêd ugi ambêbayani, punika kalêpatanipun lajêng dipun akêni piyambak, sanadyan dipun paibên dening nginggilipun malih botên dipun manah babar pisan, sabab mangrêtos bilih kalêpatan samantên kemawon botên badhe andadosakên sabab ingkang prêlu tumraping sliranipun piyambak, wêkasan para sor-soranipun sami trêsna asih rumaos dipun ayomi gêsangipun. Lha kadadosanipun Gusti Allah botên kasamaran, sanès wêksal pangajêng wau lajêng pikantuk kamulyan ingkang langkung agêng, botên langkung namung andhèrèk mêmuji sagêda dados tuladan.[3]

Supardan, Purwakêrta.

Pawartos saking Administrasi

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan Kajawèn, ing salêbêtipun wulan Marêt punika, administrasi Kajawèn badhe ngintuni pos wisêl kothongan kados adat, kangge pambayaran kuwartal kaping kalih, nanging pangintunipun botên kasarêngakên wontên ing Kajawèn, kakintunakên piyambak.

Ingkang punika, tumrap para lêngganan ingkang dèrèng ambayar, satampinipun pos wisêl wau, lajêng kaparênga ngintunakên arta sakêdhik-sakêdhikipun f 1.50-

Tumrap lêngganan ing tanah Jawi kasarantosakên dumugi tanggal 15 April, dene tumrap sajawinipun tanah Jawi dumugi tanggal 30 April. Langkungipun saking titimôngsa wau, manawi dèrèng ngintunakên arta, badhe botên kakintunan Kajawèn malih.

Administrasi.

--- 375 ---

Kagunan Jawi

Sêkar Agêng

Kacariyos kala jaman kina wontênipun sêkar agêng wau saking panganggitipun para dewa, kababarakên dhatêng Bathara Srita, ingkang kasêbut nama Bathara Panyarikan, lajêng kawulangakên dhatêng satunggaling brahmana, nama Walmiki, ngantos sagêd waradin saengga dumugi jamanipun Maharaja Prabu Aji Jayabaya, ing Kadhiri, tumuntên kawêwahan panganggitipun satunggaling êmpu, nama Yogiswara, ingkang kasêbut nama Puroita, inggih punika guruning para pujôngga jaman kina.

Wiyosipun, wiwit Prabu Aji Jayabaya, Kadhiri, dumugi samangke 1860 punika, bab sêkar agêng wau saengga kirang gêsang, utawi ingkang sampun dhawah gêndhing, dalah sêkar têngahan, amila sarêng wontên pakêmpalan pasinaon sêkar agêng (Mardiguna), ing ngriku lajêng wontên murid ingkang kagalih nyêkapi kasagêdanipun, malah sampun kaparingan pasêksèn awujud prancaka (Diploma) têmahan sagêd amulangakên sêkar agêng wau ngantos dumugi samangke punika. Wondene wijanging nami utawi lampah, sêkar agêng punika kaperang-perang, sabên saperangan gadhah nama sarta lampah piyambak-piyambak, katranganipun kados ing ngandhap punika

Sêkar lampah 5 dumugi lampah 10, nama lagu Salisir.

Sêkar lampah 11 dumugi lampah 20, nama lagu Siriran.

Sêkar lampah 21 dumugi lampah 27, nama lagu Rakêtan.

Sêkar lampah 28 dumugi lampah 31, nama lagu Dhêndhaka (Simparan)

Wondene ingkang badhe kula wiwiti saking sêkar lampah 5 sambêt-sumambêt ngantos dumugi sagaduging kasagêdan kula. Punapa malih ing wingking manawi pinuju sêkar agêng ingkang sampun dhawah gêndhing: (kangge bawa) ugi badhe kula sukani laguning gêgeronganipun sasagêd kula.

Kajawi punika, sêkar-sêkar wau, sasampunipun kula andharakên cakêpanipun (ukara) sanginggiling aksara kula sukani: nut, ôngka kangge laguning sêkaripun miturut wilahaning gêndèr, supados anggampilakên ingkang sumêdya nyinau sêkar-sêkar wau, pramila makatên inggih sêrêp-sêrêp lowung, kangge tuntunan supados sampun ngantos katilapan lagunipun, amargi mirit buku Mardawalagu, kathah sangêt sêkar-sêkar ingkang katilapan lagunipun, samangke badhe kula wiwiti ngrêmbag bab sêkar.

Punika sadaya nama lagu Salisir

Sadaya sêkar lampah 5 kawastanan Wasisthalagu

Sadaya sêkar lampah 6 kawastanan Sasyatalagu

Sadaya sêkar lampah 7 kawastanan Syustikalagu

Sadaya sêkar lampah 8 kawastanan Nusthupalagu

Sadaya sêkar lampah 9 kawastanan Wrêhatilagu

Sadaya sêkar lampah 10 kawastanan Sapaktyalagu

Lampahing nut

Ingkang kula cirèni sêtrip nginggil, bagean alit.

Ingkang kula cirèni sêtrip ngandhap, bagean agêng.

Ingkang botên mawi ciri, bagean têngah (sêdhêng).

Lampah 5 Sêkar Rêrantang, pelog pathêt 6.

[Notasi]

Lampah 5 Sêkar Wijayanti, salendro pathêt 9.

[Notasi]

--- 376 ---

Lampah 5 Sêkar Wanamêrgi, pelog pathêt 6.

[Notasi]

Lampah 6 Sêkar Liwung, salendro pathêt 9.

[Notasi]

Lampah 6 Sêkar Gurnang, pelog pathêt 6.

[Notasi]

Lampah 7 Sêkar Sundari, salendro pathêt 9.

[Notasi]

Lêngganan nomêr K. 4419 Surakarta.

Badhe kasambêtan.

Kaparênga tumuntên ngintunakên sambêtipun. Red.

Panglipur Manah

Gagasan Ngayawara

[Pangkur]

tak anggagas mupung sêla / kapenake tuku lot Eijken Stichting / sing pris satus sèkêt èwu / sirku mêsthi kêcandhak / yèn kalakon tampaku dhuwit mak krupyuk / dadi wong sugih dadakan / apêse kaya bupati //

nuli mung kari anggagas / kapenake wong nanjakake dhuwit / tuku bumi sèwu êjung / uwong mung kari mrentah / ing mangsane panèn parine gumrudug / yake aku nganti wêgah / nampani lêbuning dhuwit //

nanging uwong golèk lara / wong wis sugih nganggo mikiri pari / bok wis digawa mulih byuk / disimpên ana ngomah / iba padha sênênge sanak sadulur / bok sanadyan uwong liya / masthi ngaku tunggal gêtih //

pangumpake mêsthi ana / pês-apêse ngaku milu mêmuji / ing mêsthine mungguh aku / ngujuri mêsthi lila / ning kiraku uripku wis mêsthi kojur / sabên dinane mung driyah / nganti ora kobêr sisi //

lan manèh saya cilaka / uwong waras kon mêlèk sabên bêngi / anjagani maling kècu / upama têka tênan / sabên uwong malah padha muni sukur / ta apa ora mêmêlas / urip sapisan bilai //

yèn ngono murih kapenak/ dititipke ing ngêbang bae bêcik / wong ya satus sèkêt èwu / harak ora mainan / anakane ing sabên sasi sathekruk / tur aku yèn mênyang ngêbang / mêsthi padha dikurmati //

apêse diundang tuwan / ing cêkake sabên wong mêsthi giris / tur sajake padha gumun / nanging apa kapenak / wong ya dhuwit samono kèhe kok mumbruk / jênêng mung nyugihke êbang / wis ora kapenak kuwi //

kiraku luwih kapenak / saupama ditukokake andhil / sabên ana andhil tuku / rak gênah sakeca ta / rana-rene padha ora ninggal petung / aku kari lumah-lumah / karo angetungi driji //

cangkêmku karo clumikan / kadhang-kadhang kêsêlak nywara ihik / saka kêtêmu ing petung / bandhane wis sajagad / nanging ngono kuwi yèn kêbacut-bacut / rak midadarèni edan / malah bakal kowar-kawir //

wong biyèn mula wis niyat / yèn sugiha karêpku arêp mukti / bêcike [bêci...]

--- 377 ---

[...ke] dhuwit dijukuk / digawe bungah-bungah / wong wis suwe niyat nyandhangi bojoku / enake tuku apa ya / wis ngene bae saiki //

tuku suwêng sing sahohah / ali-ali apêse sing sabithi / nanging watire atiku / barêng wis sugih bôndha / bojoku gèk banjur malah dadi kuru / saka ora doyan mangan / kêtungkul pijêr palêsir //

jênênge wong arêp bungah / jêbulane mung tansah sênak-sênik / samar yèn bojone bingung / wis wis wis ora sida / ing cêkake yèn olèh samono èwu / tekadku wis ora liya / niyat arêp main mati //

nunggang sêpur sabên dina / sêpur kilat Surabaya - Bêtawi / bali nunggang motor mabur / sambène mangan enak / ya arêpa mangan sosis sing salêsung / wis mêsthi gampang kêtêkan / ya mung kari andhawuhi //

gagasanku ngômbra-ômbra / satêmêne saka kêsêpèn dhuwit / dadi lote durung tuku / tur upama tukua / ing kiraku lôngka bangêt bisa nuthuk/ wong pancèn wong tanpa bêgja / salawase mung nyaranthil //

Cêkuktruna.

Kêkajêngan Kina

Sampun dados kalimrahan, punapa kemawon ingkang nama kina, tamtu andadosakên gawoking manah.

Ing sisih punika gambar uwit eik ing Hebron (Palestina), kacariyos wontênipun sampun kala jaman Kangjêng Nabi Ibrahim. Uwit wau kubênging dêlêg wontên 10 mètêr.

Kacariyos kala ing taun 1500 uwit wau dipun puja-puja ing tiyang.

Manawi mirid wujuding gambar, uwit wau kados alit kemawon, nanging manawi mirid kubêngipun 10 mêtèr, lajêng sagêd ngintên-intên mênggahing agêngipun ingkang saèstu.

Ing tanah Jawi ugi wontên wit-witan ingkang kina-kina, nanging awis ingkang sagêd nyariyosakên ing kina-kinanipun, kala ing jaman punapa. Sagêdipun namung mastani sampun umur atusan taun. Dene ingkang kathah têbih-têbihipun namung pinanggih wontên ing kala jaman kuwalèn (jaman Dêmak).

[Grafik]

Mênggah wit-witan ingkang kina-kina wau limrahipun wit-witan taun ingkang tanpa nipkah.

--- 378 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

XVIII. Bok Abdulah mati.

[Dhandhanggula]

sanadyan ta bab anggone urip / bok Abdulah abangêt rêkasa / ananging ketok manise / wong loro tansah rukun / Rahman mênyang wong tuwa wêdi / tindake ngarah-arah / bangêt ngêmong biyung / ing bab gone ngeman-eman / angungkuli panggarape barang ringkih / utawa rajabrana //

sabên nuju kanginan sathithik / Rahman bingung ora doyan mangan / tansah nyêdhaki êmbokne / bokne sok nganti trênyuh / saka bangêt angrumasani / dieman-eman anak / nganti luwih ukur / malah sok kawêtu kôndha / wis ta thole aja bangêt-bangêt mikir / kowe mundhak rêkasa //

nanging Rahman mêksa amangsuli / kados botên yèn damêl rêkasa / rêkaos inggih kajênge / pun êmbok ampun sêpuh / wahna mangke tinitah miskin / raosing manah kula / alangkung anggêrus / sukur sagêd ambêbingah / botênipun waton êmbok botên sêdhih / kula sampun narima //

wis dilalah lakune wong urip / yèn digagas tansah ana-ana / ora ana wis-uwise / samana bokne mau / saya tuwa awake ringkih / banjur kacandhak lara / wêtêng sing diêlut / Rahman bangêt gone susah / ora kêndhat anggone tansah mêmikir / sêtiyar mrene-mrana //

sabên bêngi tunggu cêglik-cêglik / turune mung sasat digo sarat / yèn krungu sambat êmbokne / garegah ngêlus-êlus / karo muni napa sing sakit / ngunjuk jampi gih môngga / mangke rak pitulung / kêdhik sakêdhik dhahara / dados asrêp padharan botên malilit / sare sagêd sakeca //

êmbokne mung mênêng kêthip-kêthip / nyakot lambe ngampêt gone lara / saka bangêt mêsakake / wêruh anake mau / dene ketok anggone sêdhih / tumuli alon kôndha / bok iya wis turu / kene jamune prènèkna / karo aku nèhana sêga sêthithik / aku kapengin mangan //

Rahman bungah nuli angulungi / jamu sing wis didokok ing gêlas / karo mèsêm muni ngene / manawi dipun unjuk / mangke sagêd ical kang mlilit / êmbokne nyandhak gêlas / lan ngombe calêguk / sauwise nuli mangan / ing wusana larane têntrêm sathithik / Rahman ngaso sadhela //

gone turu abangêt kapati / pangoroke nganti sêsênggoran / saka bangêt ing sayahe / êmbokne ing dhèk mau / tangi linggih ngiling-ilingi / karo nywara dhewekan / mêmêlas anakku / wis rupane bangêt kiwa / dhasar bodho wahna dititahke miskin / nyambut gawe rêkasa //

nanging duwe pêpêthingan luwih / trêsna bangêt mênyang ing wong tuwa / karo nariman uripe / tanpa sambat lan sêbut / yake saka wis ngrumasani / yèn uripe

--- 379 ---

kapêsan / o Rahman rupamu / nêkakke sihe wong tuwa / ala-ala kêtitipan ati bêcik / muga-muga kuwata //

mingsat-mingsêt bokne anyêdhaki / ngarah-arah barêng uwis cêdhak / tangane alon kumlawe / nutul lêmut ing bathuk / karo lirih anyuwara ih / lêmut bisa kêcandhak / nuli ngangsur-angsur / mundur mapan lon-alonan / dhuh samono katrêsnaning biyung kuwi / tumrape mênyang anak //

barêng uwis rada lingsir bêngi / bok Abdulah larane rêkasa / gugah-gugah ing anake / le thole kowe turu / Rahman banjur garegah tangi / nganti kaya gragapan / angrungkêpi biyung / lan muni wontên punapa / bokne nulili ngrangkul Rahman bisik-bisik /[4] swarane mêgap-mêgap //

uwis tutug anggonmu ngopèni / aku thole uwis ora kuwat / wis môngsa bodhoa kowe / ora liwat pujiku / muga kowe kuwat nglakoni / sukur olèh ngapura / kapenak uripmu / mung wêlingku poma-poma / golèkana thole kakanganmu Ngali / jakên urip barêngan //

ora suwe bok Abdulah mati / mung anjêgrêg Rahman karo nyawang / uwis kêntekan tangise / tumuli nutup lurup / karo mênyang tôngga ngandhani / yèn bok Abdulah ngajal / nuli têka grudug / barêkate wong narima / ora kurang wong sing têka mitulungi / atine padha lêga //

ing esuke sawise miranti / tata-tata layon nuli budhal / akèh wong sing ngêtêrake / dhikirane gumrunggung / sabên uwong sing padha ngrêti / ya padha milu nglayat / cêkake wis rampung / ora ana sing kuciwa / Rahman bangêt narima têrusing ati / mênyang sing labuh susah //

[Grafik]

Pasanggrahan dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral ing Cipanas. Ing ngriku hawanipun sakalangkung sae.

--- 380 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Candhakipun Kajawèn ôngka 23.

Petruk: Lagi anu kowe wis tak caritani, mungguhing timbanganaku ing bab owah-owahaning pranatan lakuning otobis, supaya bisa nyuda anane kacilakan. Nanging ya mung pamrayoga bae, diagêm utawa orane, hla kuwi masa bodho, nanging wong urip kuwi wis dadi wajibe, ambudidaya marang kaslamêtane sapêpadhaning tumitah. Êmbuh nèk jagad kiyi dianggêp wis kakehan uwonge, dadi saya akèh sing mati kacilakan, saya utama tumrap karaharjaning nagara, jalaran banjur diangêp, sing mati mau ngombèrake uripe wong-wong sing isih padha slamêt.

[Grafik]

Garèng: We hla, sêmbrana, nèk kaya ngono kuwi rak pikirane wong sing ora waras, mêngko rak padha bae karo sawijining kaum sing duwe pangarêp-arêp supaya nagara katêmpuha pagêblug kang gêdhe bangêt, prêlune yèn banjur akèh wong mati, kêrêp diundangi kêndurèn mrana-mrene, dadi ing ngomahe banjur bisa ngirid anggone ngliwêt. Mara, apa kuwi pikiran sing waras. Mungguh pamrayogamu ing bab pranatan lakuning otobis, kang wajib bokmanawa iya migatèkake, nanging aja kok banjur mêsthèkake yèn pamrayogamu mau bakal ditindakake, têmtune iya nganggo ditimbang-timbang nganti matêng dhisik. Jalaran kiraku iya ora mung kowe dhewe sing awèh pamrayoga ing bab kuwi, nanging isih akèh manèh tunggale. Yèn kabèh-kabèh mung banjur dituruti, ora kok malah dadi bêcike, bokmanawa malah ora karu-karuan. Mulane iya angèl dadi pandhuwuran kuwi. Padhane rak sing Maha Kuwasa, upamane kok mung nuruti bae apa kang dadi panuwunaning manusa, têmtune iya ora ana kêndhate tansah ditutuh mahluke bae, upamane: kaum tani nyuwun supaya diparingi akèh udan. Nèk panuwunan iki kalakon dituruti têmtune Ingkang Kuwasa ora mandhêg-mandhêg tansah ditutuh karo para tukang pênatu utawa para bakul ès. Awit wong-wong golongan loro kiyi, sing disênêngi mêsthi sing panas ngêmplak-êmplak. Nanging nèk karêpe dituruti andina-dina tansah panas ngêmplak-êmplak, para pangantèn anyar iya ...

Petruk: Wiyah, kok banjur nyandhak pangantèn [panga...]

--- 381 ---

[...ntèn] anyar barang. Wis, wis, luwih bêcik aku tak ambanjurake caritaku. Sauwise têkan ing Ngayoja, aku ganti nunggang otobis sing lumaku mênyang Sala. Ing sarèhning lakune otobis saka Ngayoja mênyang Sala kuwi rada suwe, kira-kira rong jam, mulane aku iya golèk panggonan sing kêpenak, yaiku ing indhê klas. Iki cara Lônda, nèk cara Jawane klas siji.

Garèng: Kliru mas, nèk klas siji kuwi cara Landane dudu; indhê klas, nanging irstê klas. Karo manèh nèk omong Jawa kuwi sabisa-bisa bok aja sok dicampuri basa mônca, mundhak anjuwarèhi, utawa mundhak didakwa arêp mamèrake yèn bisa basa mônca. Mara pikirên, apa iya ora anjêlèhi, yèn ana wong omong Jawa mêngkene kiyi: Mas bèine kae nèk inkoopen doen (blônja) anggêre ora olèh barang sing panci very fine (apik bangêt) iya plaur cari lain.

Petruk: Nèk mêngkono kuwi pancèn iya kêbangêrên, ana basa papat Jawa, Walônda, Inggris lan Malayu kok dicampur dadi siji. Wis, wis, rungokna tak banjurne caritaku. Ing ngarêp wis tak kandhakake, yèn nunggangku otobis ana ing klas siji, kuwi prêlune: 1e. nglungguhi prajaku, hla wong dara up rêdhaktur, têmtune iya beda karo wong-wong lumrah, 2e. sanadyan bayarane luwih akèh sathithik, nanging ora suk-sukan. Nèk dikon suk-sukan karo sapadhaning wong, kuwi iya ora dadi ngapa, sanadyan kringêting kèlèk sok sônja nyang irungku. Balik dikon suk-sukan kathik karo bèbèg, kiyi rada ngrêkasa, le sok ora wêruh tata kuwi, wong nang ngarêpe wong akèh sok banjur ... crot, ngêndhog tuwa. Mungguh omongku ing ngarêp, dara up rêdhaktur têmtune beda karo wong lumrah, kuwi barêng tumêkane ing Sala têka katêmahan têmênan. Tandhane barêng têkan ing hotèl sing arêp dak pondhoki, kabèh uwong sarana ulate manis, padha nyawang nyang aku, nanging ora ana siji-sijia sing padha nglirik nyang wong sing padha nunggang klas loro.

Garèng: Wèh, nèk ngono kowe olèh kaurmatan gêdhe bangêt, dene kabèh padha nyawang kowe thik ulate padha manis-manis. Nèke anggonmu macak kok kaya têmênan.

Petruk: Lo, anggonku dandan mono iya barès kurès kaya padatan, ning kala samono rada ngayang batin. Anggone kabèh wong padha nyawang nyang aku sarana manis-manis ulate, kuwi mangkene: sauwise otobis lakune ngliwati Klathèn, ujug-ujug, brês, udane dêrês bangêt. Dilalah mung ing klas siji sing trocoh, mulane barêng wong-wonge ana ing Sala padha mêdhun, sing nunggang klas loro padha garing kêmlinthing, nanging kosok-baline sing nunggang ing klas siji, yaiku aku kiyi, crindhil kaya clurut kêcêmplung ing kalèn.

Garèng: Saikine aku ngrêti, anggone kabèh wong padha nyawang nyang kowe sarana manis ulate. Sabênêre wong-wong mau, upama walèha mono, padha anggêguyu nyang kowe. Dene liyane padha garing, kowe têka klincir kaya kirik kodanan. Wis, samene bae, liya dina caritakna anggonmu ana ing Sala.

--- 382 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès.

Kala malêm Ngahad punika, pakêmpalan Jong Celebes ing Bêtawi ngawontênakên pahargyan sawatawis, minôngka mèngêti manunggilipun dhatêng Indonesia Moeda.

Ing Banyuwangi mêntas wontên prahara agêng, kathah wiwitan ingkang rungkat, kawat-kawatipun saha listrik kathah ingkang pêdhot. Ing dalu wau kitha Banyuwangi pêtêng andhêdhêt, kasangsaran tiyang botên wontên, wontên griya sawatawis ingkang risak.

Saking Medhan kawartosakên, administrasi B.P.M. ing Pangkalan Brandhan angsal parentah, supados punggawanipun bôngsa Eropah kaêlongana, sakêdhikipun 40. Punggawanin[5] bôngsa Eropah ing ngriku sadaya wontên 400. Kadugi bab punika gêgayutan kalihan mandhaping rêginipun lisah bènsin tuwin panunggilanipun. Maskape wau ugi lajêng botên nampi kuli malih.

Dèrèng dangu margi antawisipun Solok kalihan Muaralabuh kajugrugan siti, kadugi salêbêtipun sadasa dintên botên kenging kangge langkung têtumpakan.

Wontên pawartos, Tuwan P.C.A. van Lith ondêr up prakawis pangrèh ing tanah sabrang salêbêtipun minggu punika badhe pangkat dhatêng Mênadho, gêgayutan kalihan badhe wontênipun pêpilihan zelfbestuurder têtiga tumrak[6] kapuloan Sangi.

Kawartosakên, Mr. Iskak sampun bikak kantor adpokat ing Kêmbangjêpun, Surabaya, gêgandhengan kalihan kantoripun Mr. Budiarta ing Jêmbêr.

Kala tanggal 13 Marêt punika paduka tuwan gupêrnur ing Ngayogya saha Tuwan Gobée parampara prakawis tiyang siti, kaparêng rawuh martamu dhatêng Taman Siswa, kabaripun prêlu mêmulih kaurmatanipun Ki Ajar Dewantara, ingkang nalika gledhahan P.N.I. ingkang sampun kalampahan, ugi katut dipun tahan dening pulisi.

Ing pakaryan Koninklijke Marine wiwit tanggal 1 Pèbruari 1930 kainggahakên dados matrus juru musik A.A.H. Wattimena suwau murid juru musik. Wiwit tanggal 1 Marêt 1930 kainggahakên dados kopral juru olah-olah, bêja, suwau matrus juru olah-olah. Kainggahakên dados kopral juru damêl torpedho, Sunarya saha R.W.W. Wuwung, suwau matrus juru damêl torpedho. Wiwit tanggal 1 Januari 1930 kawisudha dados matrus botêlir E. Pattipeilohy, suwau matrus klas I. Wiwit tanggal 1 Marêt 1930 kawisudha dados matrus juru olah-olah, Lasimin, suwau matrus klas II. Saha kawisudha dados juru mulasara tilang[7] sakit, J. Kaunang suwau matrus klas II.

Sawatawis taun ingkang kapêngkêr M. Wôngsadiwirya, tilas mantri pès bêstrèdhêng ing Karangkobar, Banjarnagara, dening pangadilan sampun kadhawahan paukuman kunjara 18 taun, jalaran kadakwa mêjahi nonah L.E. Samangke anglampahi paukumanipun wontên ing pakunjaran ing Cipinang, Mèstêr Kornèlis. Wontên kabar, M. Wôngsadiwirya wau, jalaran salêbêting nglampahi paukumanipun katingal sae kalakuanipun, miturut kêkancingan pamarentah sampun kaparingan sudan 8 taun, lajêng 6 wulap,[8] yajêng[9] malih 6 wulan, saha miturut kêkancingan pamarentah tanggal 24 Pèbruari punika paukumanipun kasuda malih 5 taun, dados benjing wulan Agustus ngajêng punika lajêng badhe kaluwaran.

Tuwan G. Pastor insêpèktur Kantoor van Arbeid sampun pangkat dhatêng Jawi Wetan prêlu anjênêngi parêpatan ingkang badhe ngrêmbag bab fonds tumrap têtiyang ingkang nganggur botên gadhah padamêlan ing Surabaya, parêpatanipun Plantersvereeniging ing Malang saha parêpatan umum V.V.L. ingkang badhe kawontênakên ing Surabaya.

Dèrèng dangu Kyai Haji Usman Dhamiri ing Cimahi, satunggiling kyai ingkang kathah muridipun ing Priyangan têngah, katarik dhatêng landrad, kadakwa ngalang-alangi satunggiling punggawa pakaryan pès bêstrèdhêng badhe mriksa mayiting anakipun ingkang sawêg umur 6 wulan, ingkang kadugi kenging sêsakit pès. Dakwa kabantu dening Tuwan Cakraaminata. Miturut katranganipun tindakipun makatên wau adhêdhasar anggêr-anggêring agami Islam. Muridipun kathah ingkang dhatêng ningali. Karampunganipun, kyai wau kaukum dhêndha f 20 ... jalaran ngubur mayit botên kanthi idin. Kyai wau badhe rêkès nyuwun pangapuntên.

Wontên pawartos, anuju satunggiling dalu sawênèhing tiyang ing Makasar guragapan tangi jalaran mirêng tiyang rame-rame ing lataripun. Sarêng mêdal saking griya, têtela rencang-rencangipun sawêg ambujêng sawêr, panjangipun watawis tigang mètêr, kalampahan sampun sagêd dipun pêjahi. Sawêr wau jêbul ingah-ingahanipun satunggiling tiyang ing kitha ngriku. Kok inggih wontên wontên kemawon.

Kawisudha jumênêng ondêr kolèktur ing Batang, awit saking panyuwunipun piyambak, R. Partawijaya, asistèn wadana klas I ing Trêtêp, kadhistrikan Candhirata, Têmanggung.

Miturut karampunganing rad gêmintê ing Bêtawi, Tuwan Dr. Suratna kawisudha jumênêng pangagênging pakaryan dhoktêr kewan.

--- 383 ---

Kala tanggal 15 Marêt punika Osvia ing Prabalingga ngawontênakên pahargyan minôngka mèngêti adêgipun sampun 50 taun. Kathah priyagung tamu ingkang rawuh, tuwan residhèn J.F. Verhoog minongka wêwakilipun Tuwan Gupêrnur W. CH. Hardeman, Tuwan Mr. W.A.H. Fuchter sèkrêtaris dhepartêmèn pangajaran, dhirèkturing dhepartêmèn pangajaran, residhèn ing Malang, Pasuruan, Prabalingga punapadene tilas murid-murid ing ngriku.

Ing Pordhêkok sampun kalampahan kawontênakên konggrèsing Mukhamadiyah. Cacahipun para ingkang tumut konggrès sadaya wontên 22000. Saking tanah Jawi 120, saking Sêlèbês tuwin Borneo 30, saking Acèh 100 sarta saking Sumatra sisih kilèn 200. Malêm Akhad ingkang kapêngkêr kawontênakên parêpatan umum wontên ing Roemakersplein, ingkang dhatêng watawis wontên tiyang 10000. Lajêng tanggal 8 kawontênakên arak-arakan, ingkang tumut wontên tiyang 3000.

Ing Magêlang, langkung-langkung ing môngsa antawisipun wulan Juli kalihan Sèptèmbêr, kathah sêsakit malariah. Kawartosakên, pakaryan pès bêstrèdhêng sampun ngintunakên dhoktêr-dhoktêr gupêrmèn M. Sumadiyana, M. Surana saha G.I.C.M. Sukendar, M.P. Winata, kontrolir pakaryan kasarasan, tuwin mantri malariah kêkalih, dene ingkang badhe kapriksa ondêr dhistrik Magêlang, Bandhongan saha Mêrtayudan.

Para maos kados botên kêkilapan bilih têlênging panggaotan rokok krètèk punika ing Kudus. Watawis kalih taun ingkang kapêngkêr pamarentah sampun paring dhawuh dhatêng Tuwan Ir. Darmawan Mangunkusuma nindakakên papriksan ing bab kawontênanipun panggaotan wau. Cacahipun pabrik rokok krètèk ing kitha ngriku, agêng alit sadaya botên kirang saking sèkêt. Samangke wontênipun panggaotan wau katingal mundur sangêt. Watawis wontên pabrik sadasa ingkang pêjah, makatên ugi ing Sêmarang, jalaran bobrok botên pajêng, wontên pabrik rokok krètèk sawatawis ingkang lajêng katutup kemawon.

Wontên kabar, Radèn Adipati Arya Rêksakusuma, tilas bupati ing Bojanagara, jalaran gêrah botên dangu, kala tanggal 19 wulan punika seda wontên ing Bojanagara. Enjingipun layonipun lajêng kasarèkakên.

Sapriki watawis sampun gangsal wêlas taun, sawênèhing Walandi, tilas administratur salah satunggaling kabudidayan ing Jampang kidul, sabên-sabên sarana lantaranipun satunggiling tiyang pribumi, nyambutakên arta dhatêng têtiyang dhusun ing Jampang kulon. Kocapa, bilih ingkang nyambut wau botên sagêd mangsulakên utawi nêtêpi prêjanjianing sambutanipun, lajêng dipun pêksa nyade sitinipun dhatêng piyambakipun, manawi botên inggih griya utawi maesanipun. Ingkang makatên wau sampun têmtu damêl rêkaosing têtiyang dhusun ngriku. Samangke prakawis wau sampun kaurus dening pangrèh praja, têtela gunggunging arta ingkang kasambutakên dhatêng têtiyang dhusun ing Jampang kulon watawis wontên f 40000.-

Kawartosakên, botên dangu malih pakaryan kasarasan rakyat badhe ambikak poliklinik ing Ungaran, manggèn ing sacêlakipun kantoring ondêr kolèktur, katuntun dening Nyonyah Dr. J. Sluimers-Egyedi, dhoktêr partikêlir ing ngriku.

Miturut kêkancingan pamarentah gêmintê ing Medhan sampun kaparingan pitulungan arta f 10.000.- inggih punika sapalihing rantaman waragad kangge andandosi ilèn-ilèn toya ing kitha Medhan sisih wetan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1742 ing Saradan. Administrasi ingkang kalintu. Tumrap taun 1930 punika panjênêngan sampun sah, malah wontên f 0,50 ingkang mlêbêt taun 1931.

Lêngganan nomêr 538 ing Pêrlak, Acèh. Kula aturi mêling dhatêng toko buku J.B. Wolters Gang Scott 5 Weltevreden.

Lêngganan nomêr 4886 ing Sidalaju. Lêngganan kapetang wiwit 1-1-'30.

Lêngganan nomêr 2444 ing Ngaglik. Lêngganan kapetang wiwit 1-4-'30.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan S. ing Magêlang. Bab pandangu panjênêngan redhaksi botên sagêd ngaturi wêwaton. Bab kabêtahan makatên punika, ingatasipun panjênêngan tamtu sagêd pados katrangan dhatêng tiyang ingkang gêgayutan kalihan bab wau.

Lêngganan nomêr 4977. Bab karangan ingkang panjênêngan dangokakên, badhe kawêdalakên piyambak.

Lêngganan nomêr 4023. Pandangu panjênêngan warni-warni, redhaksi Kajawèn namung sagêd ngaturi katrangan: Petruk, Garèng, Sêmar, Bancak tuwin Dhoyok, botên ngupamèkakên sintên-sintên, sampun cuwa ing panggalih.

Tuwan Sis, ing Ngayogya. Karangan panjênêngan kalih bab sampun katampèn. Nanging sami botên kapacak, amargi ingkang satunggal Kajawèn sampun kêrêp macak bab kados makatên wau, dene satunggalipun, suraosing karangan ing wêkdal punika kêlimrah sangêt sumêbaripun, awit sampun kawêdalakên warni buku.

Lêngganan nomêr 2114 ing Nôngkajajar. Karangan panjênêngan bab jangkêping wêwatêkanipun Radèn Wrêkudara, botên kapacak, awit bab wau sampun nate kapacak ing Kajawèn dados rêmbagipun Petruk. Lan malih kajênging karanganipun sadhèrèk S.m.t. ing Kajawèn nomêr 15 botên baku ngrêmbag bab wêwatêkanipun Radèn Wrêkudara.

Wêwaosan

Pati Winadi

2.

[Dhandhanggula]

mung sang wiku tan samar ing galih / panulaking kasangsaran praja / marma sang wiku ing mangke / arsa sowan sang prabu / kang jumênêng nataning bumi / sang wiku nulya budhal / mring praja tumurun / kang tinon samarga-marga / mung gambaring kasusahan maratani / mawèh asmarèng driya //

[Asmaradana]

sang wiku samargi-margi / anon janma anggalasah / kang kasok samya kaluwèn / dene ingkang maksih kuwat / dupi wruh sang pandhita / tumuli umara ambruk / sumungkm ngrungkêpi pada //

umatur kaworan tangis / mugi sang wiku parênga / angayomi sadayane / ngênêngna tangising janma / kang samya kasangsaya / tan wontên kang bangkit nulung / kajawi sang mangun tapa //

sang wiku dupi miyarsi / sêsambat ingkang mangkana / dahat karaos galihe / nulya andhangak lan ngucap / mugi-mugi wontêna / sih pitulunging Hyang Agung / angapura maring dosa //

sang wiku laju lumaris / arsa sumiwi sang nata / dupi sang wiku lampahe / praptèng wiwaraning pura / kerid sowan sri nata / dupi wus katur sang prabu / pinanggihan piyambakan //

pasêmon nata katitik / kalamun nandhang sungkawa / nanging dupi sapraptane / sang wiku nèng ngarsa nata / pindhaning jaladara / sinêrang ing angin larut / sirating padhang kawuryan //

awit wus kulina yêkti / sri narendra lan sang wipra / pakèwêd wus datan darbe / marma dupi pêpanggihan / lêganing galih nata / datan pae sang awiku / ing galih nêrusi suka //

nulya ngandika sang aji / kaaturan pambagyarja / rawuh andika ing mangke / dene tan mawi wêwarta / dahat damêl kampita / yêkti nawung prêlu langkung / kang mawèh arjaning praja //

umatur alon sang rêsi / sinuhun sowan kawula / mung nyadhang dêduka katong / dene tilar tatakrama / datan mawi cêcala / kang makatên mugi lêbur / wontên kotamaning nata //

dene kang dadya wigati / tarlèn amung prêlu praja / kang pinangguh ing samangke / nata mêgat pangandika / ingkang makatên kakang / sampun pakèwêd ing kalbu / anglajêngna pangandika //

kula katambêtan yêkti / lamun akadang pandhita / kang linangkung kadibyane / datan samar ananira / mangkya kula sajarwa / saliring tindak rahayu / kula mung êsrah sumôngga //

sang wiku ngandika ririh / linut èsêm sawatara / dene sri nata karsane / kadya apasrah sanyata / amrih arjaning praja / kang makatên yêkti klintu / pandhita tan darbe daya //

sanadyan kapara yêkti / pandhita dhêdhasar brata / mêmuji jagad ayune / ananging sajatinira / luhurirèng pandhita / maksih ingayoman ratu / kang mêngkoni buminira //

dados pandhita mung wajib / mêmuji ring karaharjan / arja mung nata kang darbe / dene nyataning narendra / yêkti dahat kuciwa / lamun tan cakêtan wiku / ingkang atur pamrayoga //

kados wontên ing prajaji / kang pinangguh sapunika / dahat karusakan gêdhe / praja kêkirangan pangan / arda punang durjana / linut tuwuhing pagêblug / angrisak praja narendra //

datan liyan ingkang wajib / amung kang jumênêng nata / awit mênggah sanyatane / nata môngka wakilira / ingkang sipat misesa / yèn kongsi weya ing laku / surêm kêkuwunging praja //

dados kang araos gati / mênggahing sowan kawula / rumaos dados wakile / janma kang samya sangsara / kang kêkirangan têdha / tanapi kang samya rapuh / myang giris marang durjana //

mangkya ulun matur gusti / mugi nuntên kasirnakna / sampun mawi mangke-mangke / lamun tan sirêp satêmah / sirna isining praja / pra pandhita sami kidhung / datan kobêr ulah puja //

dening tansah dèn rêsahi / krodhaning para durjana / saya ngangsêg kawasane / tindak kang kadya punika / kalamun tan pinapas / saking pamisesa prabu / tan sande saya andadra //

môngka tan kenging nyelaki / nata wajib ngluwarana / rêruwêding kawulane / awit lamun tan sambada / datan nguwisi karya / surêm asmanirèng ratu / ingoncatan para sêtya //

sirnaning rêrêsah yêkti / mung kêdah kanthi wisesa / bau palu upamine / kalamun wus lêrêsira / wajib kêdah dhumawah / ywa mawi ewuh pakewuh / mrih titis dhawahing siksa //

gusti ingkang kaping kalih / ing bab kêkirangan têdha / ugi nata datan pae / ingkang wajib ngêjogana / murih lulus raharja / têntrêming kawulanipun / atêgês têntrêming nata //

sumarma narendra wajib / darbe pangawak bantala / mênggah bantala karêpe / lumuh kêdanan ing liyan / parikudu malêsa / mring sintên kang mrih rahayu / wajib winalês raharja //

môngka wus kapara yêkti / tindaking para kawula / tan lyan mung ngudi saene / nadyan mung sae piyambak / ing raos tan prabeda / têntrême dènira idhup / atêgês têntrêming nata //

srananipun kêdah titi / mulat lampahing kaskaya / ing bab malêbêt wêdale / sanadyan ta bôndha beya / kalamun kalamôngsa / pinangguh ing prêlunipun / nata kang wajib ngwontêna //

dene gunti[10] bab sêsakit / datan sanès tuwuhira / gayutan kirang têntrême / punika gampil tinulak / saking pamardi nata / sambadanira mrih rujuk / ngagêma ambêging côndra //

ayêm dènira madhangi / mawèh asrêping kawula / kanthi ingudi sababe / pundi kang môngka jalaran / prayogi dèn sirnakna / kang makatên jêng sinuhun / kawula namung sumôngga //

sri narendra datan mosik / amung umindêl sakala / wusana alon sabdane / kula amung sukur suka / dene paman anggugah / mring raos pêtênging kalbu / ing mangkya sawêg kabuka //

kula arsa amurwani amberat pêtênging praja / kadi kang pinanggih mangke / namung paman sampun pêgat / ambantu pujabrata / mrih lulus antuk pangèstu / mêmayu hayuning praja // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. dipun. (kembali)
2. kuwasa. (kembali)
3. § Suraosing karangan ing nginggil punika, titis sagêd angengingi, sintêna kemawon ingkang gadhah tindak kados makatên, sanadyan lairipun kipa-kipa, nanging ing batos tamtu mungêl: inggih pancèn makatên. Red. (kembali)
4. Lebih satu suku kata: bokne nuli ngrangkul Rahman bisik-bisik. (kembali)
5. Punggawanipun. (kembali)
6. tumrap. (kembali)
7. tiyang. (kembali)
8. wulan, (kembali)
9. lajêng. (kembali)
10. gusti. (kembali)