Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03-29, #473

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03-29, #473. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03-29, #473. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 26, 28 Sawal Taun Ehe 1860, 29 Marêt 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [401] ---

Ôngka 26, 28 Sawal Taun Ehe 1860, 29 Marêt 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Adêging Vak-Centrale Tumrap Punggawa Nagari Têtiyang Siti

Awit saking namaning komite badhe adêgipun pusaraning pakêmpalan-pakêmpalan tunggil damêl (Vak-Centrale) tumrap para punggawa nagari têtiyang siti, Mas Martadirja, juru pangriptanipun pangrèh agêng pakêmpalan P.P.P.H. inggih punika pakêmpalanipun para punggawa pagantosan nagari, anyêdhahi dhatêng para pangrèh agêng, sadaya pakêmpalan nunggil damêl tumrap punggawa guprêmèn têtiyang siti, supados sami krêsaa anjênêngi parêpatan ingkang badhe dipun wontênakên ing Surakarta ing mangke sontên tuwin benjing-enjing, utawi ing tanggal 29/30 tuwin 30 Marêt punika, prêlu angrêmbag badhe adêgipun Vak-Centrale wau.

Ing sêdhahanipun wau, ugi kapratelakakên sawatawis mênggah kajêng lan ancasipun Vak-Centrale ingkang badhe madêg punika, inggih punika, supados pakêmpalan-pakêmpalan tunggil damêl tumrap punggawa nagari sagêda nunggilakên ihtiyar lan pambudidayanipun kangge anggatosakên punapadene andumugèkakên punapa ingkang dados kaprêluaning punggawa guprêmèn ingkang sami darajatipun, saya malih ing bab hak wêwênangipun punggawa nagari, ingkang dumuginipun sapunika kawontênanipun taksih awon sangêt. Bab wau nyatanipun sampun pinanggih wontên ing lêlampahan ing prakawis-prakawis ingkang ngèngingi pêpêsthènipun têtiyang siti ing golongan pang-panging padamêlan nagari pintên-pintên. Sadaya wau dipun sababakên jalaran saking punggawa nagari botên anggadhahi hak ingkang têtêp ingatasipun padamêlanipun piyambak-piyambak.

Makatên isining cêkakan sêdhahanipun komite badhe adêgipun pusaraning pakêmpalan-pakêmpalan tunggil damêl, ingkang kapacak ing sêrat-sêrat kabar, mugi-mugi parêpatan ingkang badhe dipun wontênakên ing Surakarta wau, sagêda wontên uwohipun, ingkang sagêd nginggahakên darajading para punggawa nagari sadaya.

Samangke kadospundi mênggahing adêgipun Vak-Centrale kasbut nginggil, punapa wontên saenipun tumrap pakêmpalan-pakêmpalam tunggil damêl ingkang sami ngrubyuk wontên ing ngriku. sadèrèngipun amangsuli pitakenan punika, kados langkung sae nyariyosakên rumiyin mênggah gunanipun pakêmpalan tunggil damêl. Nanging kaparênga kula matur dhatêng para maos, bilih ingkang badhe kaandharakên ing ngriki punika, sanès pamanggihipun sintên-sintên, ngêmungakên pamanggih kula piyambak, pun S.m.t. inggih punika tukang ngobrol, ingkang salugunipun botên prêlu dipun wigatosakên pamanggihipun, awit sampun wongsal-wangsul kula aturakên, bilih ingkang 99% namung isi rêmbag ngayawara kemawon.

Mênggahing kula, têtiyang ingkang sami nunggil damêl, sami angêdêgakên pakêmpalan, punika pancèn inggih sae sayêktos, awit adêgipun pakêmpalan ingkang makatên punika, sagêd nuwuhakên prakawis warni-warni, ingkang badhe mumpangati tumraping para warganipun sadaya, kados ta: 1e para warga sagêd dados sami rukun lan guyub, 2e para warga sagêd ngudi indhaking kasagêdanipun ing bab kuwajibanipun piyambak-piyambak, 3e sagêd ambudidaya indhaking drajatipun, makatên sapiturutipun.

--- 402 ---

Tumrapipun ingkang kasbut 1e supados para warga samia guyug lan rukun, punika pancènipun botên prêlu kaandharakên panjang-panjang, para maos têmtunipun sampun sami anguningani piyambak. Ewadene ing ngriki kados prêlu kula anggambar sakêdhik awonipun têtiyang ingkang nunggil karya, nanging botên guyub lan rukun gêsangipun, kula kêrêp mêningi, nanging kula, lo, pun S.m.t. wontên satunggaling kantor, ingkang punggawanipun satunggal lan satunggalipun gêsang kadosdene: kucing kalihan sagawon, andintên-dintên tansah kêkêrahan. Caranipun kêrah wau tamtunipun inggih botên sarana jêgog-jêgogan utawi cokokotcotan.cokot-cokotan. Nanging upaminipun sarana bêntèr-binênteran, kados ta: para punggawa sami ngawontênakên konkurènsi (jor-joran) anggènipun sami pados ... pêndhok. Caranipun têmtunipun inggih beda-beda, wontên ingkang sarana nêdahakên kasrêgêpanipun kanthi luwar biasah, wontên ingkang sarana ... gramèh, malah wontên ingkang sarana ... patigêni sadina sawêngi. Manawi wontên satunggiling pakaryan ingkang makatên kawontênaning punggawanipun, sintên ingkang bingah lan sintên ingkang angsal kapitunan. Ingkang ngèkèk-ngèkèk sampun têmtu majikan, nanging ingkang tansah angsal kapitunan inggih para punggawanipun piyambak, sanès manawi para punggawa wau sami guyub lan rukun, punika sagêd anjalari tuwuhipun pranatan-pranatan, ingkang botên ngêmungakên badhe nyakecakakên para punggawa sadaya, nanging ugi badhe sagêd ngènthèngakên bêbahaning pangagêngipun.

Samangke ing bab 2e. inggih punika para warga sagêd sami ngudi indhaking kasagêdanipun ing bab kuwajibanipun piyambak-piyambak. Amrih gampilipun ing ngriki kula mêndhêt tuladan mênggahing pakêmpalan-pakêmpalan tunggil damêl tumrap pakêmpalaning para dhoktêr, insinyur, opsihtêr, asistèn apotèkêr, lan sasaminipun. Pakêmpalan-pakêmpalan wau sami ngêdalakên kalawarti piyambak-piyambak, ingkang ngêwrat karangan warni-warni ingkang dados kabêtahaning para warganipun, kados ta: kalawartining pakêmpalanipun para dhoktêr, tansah ngêwrat karangan-karangan ing bab kawruh kadhoktêran utawi sawênèhing warninipun usada ingkang pinanggih enggal. Mongga, punapa punika sanès satunggiling margi tumrap para warganipun kangge ngindhakakên kasagêdan-kasagêdan ingkang dados kuwajibanipun. Makatên ugi kalawartining pakêmpalanipun para insinyur, opsihtêr lan sasaminipun, punika ugi tansah sami ngêwrat karangan-karangan ingkang dados kabêtahanipun. Makatên mênggah sabab-sababipun, dene kula sagêd mastani bilih adêging pakêmpalan tunggil damêl sagêd ngindhakakên kasagêdaning para warganipun.

Dene ingkang 3e. para warga sagêd ambudidaya indhaking drajatipun. Bab punika pancènipun kula ragi rikuh anglairakên pamanggih kula, kuwatos bilih lajêng dipun gagas ingkang botên-botên, ewadene ing sarèhning kula samangke sampun kabênum dados tukang ngobrol, pamanggih kula sapunika lajêng kapêksa kula obrolakên wontên ing ngriki, inggih punika makatên:

Para maos sadaya kados sampun sami anguningani, bilih drajating kaum buruh têtiyang siti punika, manawi kapandhingakên kalihan bôngsa sanès, taksih nama asor sangêt. Kawontênan ingkang makatên punika, ingatasipun wontên ing nagari wutah rahipun piyambak, inggih nama nalôngsa, amila sampun dados wajibipun sabên kaum buruh, kêdah ambudidaya icalipun kawontênan ingkang botên prayogi kala wau. Mênggah caranipun ambudidaya wau, sampun kok lajêng sarana bêngak-bêngok utawi main rewel-rewelan, nanging sarana kabuktèkakên, bilih ing sadayanipun - kasagêdan, kakiyatan, sumêrêpipun dhatêng kuwajiban, lan sasaminipun - sagêd mandhingi kalihan kaum buruh bôngsa mônca, ingkang drajadipun kaanggêp langkung inggil wau. Ewadene manawi sadayanipun sami, mêksa taksih dipun bedakakên. Punika sanès lêpatipun pranatan, nanging lêpatipun pangagêng ingkang majibi, dene taksih gadhah wêwatêkan: sagalak-galakaning macan, masa kolua môngsa anake dhewe.

Kados sampun cêkap anggèn kula anggambar gunanipun pakêmpalan tunggil damêl tumrap para warganipun. Botên ngêmungakên jalaran saking guyub rukunipun, lajêng sagêd sêsarêngan ambudidaya dhatêng indhaking drajatipun, nanging ugi badhe sagêd ngindhakakên kasagêdanipun mênggah ingkang dados kuwajibanipun. Amila kula asring sok gumun, manawi nyumêrêpi tiyang, ingkang ngêmohi dados warganing pakêmpalaning kônca-kancanipun ingkang nunggil damêl. Tiyang ingkang makatên wau, prasasat kados tindakipun sawênèhing pokrul bambu ing satunggiling dhusun, punika manawi wontên kaprêluaning dhusun, kados ta: gugur gunung, lan sasaminipun, babar-pisan botên purun tumut cawe-cawe, nanging manawi ing ngriku wontên kêndhurèn, botên sande inggih tumut mênthongsot wontên ing ngriku. Makatên ugi mênggahing tiyang ingkang botên tumut lumêbêt dados warga pakêmpalan tunggil damêl, punika ingkang dados rêkaosipun, kados ta: ambayar arta urunan minôngka panggêsanganing pakêmpalan, lan sapiturutipun, botên tumut ngraosakên, nanging manawi wontên untungipun, ingkang jalaran saking pambudidayanipun pakêmpalan wau, têka nglênyêm tumut ngêcap-ngêcap. Ewasamantên kula botên badhe maibên dhatêng tiyang ingkang anggadhahi tindak kados makatên punika, awit satunggal-satunggaling manusa punika têmtu anggadhahi kayakinan piyambak-piyambak. Nanging mênggahing kula, tinimbang dipun wastani botên guyub, sarta ing têmbe badhe mêthik woh ingkang sawaunipun kula botên tumut nanêm witipun, manawi para kônca kula ingkang sami nunggil damêl, ngêdêgakên pakêmpalan, kula namung badhe ngombyongi kemawon.

Nitik sêratan ing nginggil, ing ngriku cêtha wela-wela, agênging dayanipun pakêmpalan tunggil damêl. Ing ngriki botên prêlu katêrangakên malih, bilih pakêmpalan wau inggih kêdah dipun pranata kanthi samêsthinipun, sarta sasagêd-sagêd inggih kêdah nêbihi dhatêng prakawis pulitik, ngêmungna migatosakên dhatêng kaprêluanipun piyambak.

Saya agêng malih dayanipun, manawi sakathahing pakêmpalan tunggil damêl wau, sami purun ngêdêgakên Vak-Centraal kados ingkang dados idham-idhamanipun komite badhe adêgipun pusaraning pakêmpalan-pakêmpalan tunggil damêl wau, awit ing ngriku lajêng sagêd tuwuh satunggiling bêbadan, ingkang manawi dipun pranata kanthi lêrês-lêrês, kiyat saha santosa. Kajawi punika sagêd nyuda wontênipun pasulayan antawisipun satunggal lan satunggaling pakêmpalan tunggil damêl, ingkang tuwuhipun wau namung jalaran prakawis sêpele kemawon. Sampun samantên kemawon, sanès dintên ngobrol malih.

S.m.t.

--- 403 ---

Panglipur Manah

Dhawahing Kabêgjan ingkang Botên Kenging dipun Tulad

Dhatênging kabêgjanipun tiyang warni-warni, dene kabêgjan punika sintên ingkang dipun dhawahi tamtu bingah, awit botên wontên tiyang kadhawahan kabêgjan mungêl: cilaka, kajawi wontên ing ucapipun tiyang balondrongan, dados namung lucon.

Sintên tiyangipun ingkang cariyos ngêmohi kabêgjan, punika goroh. Ugi wontên tiyang ingkang ngêmohi kabêgjan, nanging namung atêgês ngêmohi kabêgjan ingkang dipun tampik wau, tumrap kabêgjan sanèsipun trêkadhang malah dipun padosi, lan sarèhning kabêgjan punika warni-warni, mingar-mingêr tiyang anggènipun nêdya ngêmohi wau tansah kêpêthuk kemawon, mila wajibipun tiyang punika malah kêdah sumêrêp sarananipun pirantos ingkang kangge andhatêngakên kabêgjan.

Sintêna kemawon tamtu mangrêtos, bilih dhatênging kabêgjan punika kêdah mawi dipun saranani, upaminipun: tiyang kapengin sugih, kêdah among dagang. Kapengin kacêkapan, kêdah gêmi. Kapengin pintêr, kêdah sinau. Kapengin dados priyantun, kêdah magang kanthi wêkêl ing damêl, makatên sapanunggilanipun. Cêkakipun botên wontên ingkang tilar sarana.

Nanging mênggahing klintuning panganggêp, lêpating panjôngka asring nuwuhakên putunging manah, tiyang inggih manah sampun putung makatên, sok kalajêng coklèk yêktos. Môngka saupami dipun patèni, tamtu wontên sabab ingkang botên andumugêkakên sêdyanipun wau. Upaminipun kemawon tiyang kapengin kacêkapan, kadospundi sagêdipun cêkap manawi petangipun tansah cèwèt, manawi nêdha kirang abênipun kemawon lajêng mimpês irungipun.

Wontên malih tiyang ngajêng-ajêng dhawahing kabêgjan namung saking ngêjibakên, botên saking rekadayanipun piyambak. Nanging sarêng malèsèd, inggih botên narimah malih.

Lan wontên malih tiyang anjagèkakên dhawahing kabêgjan dupèh badanipun sampun winêca bêgja, kados ingkang kasêbut ing dêdongengan kina, wontên tiyang dipun wêca badhe bêgja gêsangipun. Tiyang wau lajêng lumuh nyambut damêl, rintên dalu namung rêbaban. [rê...]

--- 404 ---

[...baban.] Sarêng kasumêrêpan tiyang sanès dipun pitakèni. Punapaa dene rêbaban botên mawi angèn wanci, punapa botên mawi pados têdha punapa. Wangsulanipun: kula punika winêca tiyang bêgja, prêlunipun pados têdha punapa, tiyang kula sampun nama tiyang tinêngga ing bêgja. Tiyang ingkang pitakèn wau lajêng nyariyosi, bilih tindakipun kalèntu, botên wontên kabêgjan dhatêng botên sarana dipun arah. Dados wajibipun inggih kêdah dipun saranani nyambut damêl, sawêg nêdha kemawon sêkulipun botên sagêd malêbêt ing cangkêm piyambak manawi botên dipun puluk. Wusana tiyang wau lajêng nyambut damêl. Dongèng punika kenging kangge nyanepakakên tiyang lumuhan ingkang gadhah panjôngka, utawi tiyang ingkang kalèntu ing panjôngka.

Sapunika gêntos anggagas ing bab kabêgjaning tiyang ingkang botên kenging dipun tulad, inggih punika tiyang ingkang mênang lotre agêng. Kadospundi mênggah caranipun nulad, manawi bab anggènipun tumbas kenging kaanggêp minôngka sarana, botên kirang tiyang ingkang sami tumbas, manawi mawi lampah, lampahipun kadospundi. Punapa sêsirih, manawi sêsirih kados sampun botên kirang ingkang nglampahi, prakawis mêlèk saya malih.

Manawi ingkang adhakan, tiyang tumbas lotre punika lajêng tuwuh gagasanipun ingkang ngômbra-ômbra, kalairipun wontên ing pangucap kados panglipur manah ing Kajawèn nomêr 24, dene gambaranipun kados ing Kajawèn nomêr 25. Nanging kosokwangsulipun, raos kalih bab wau malah nêbihakên dhawahing pris, têbih dhatêng ingkang dipun wastani lampah.

Mênggahing dêdongenganipun tiyang ingkang angsal pamênang lotre warni-warni sangêt, kados para maos sampun botên kêkilapan. Ing ngriki prêlu ngêwrat gambaripun Radèn Tayib Tirtakusuma, upmantri candu ing Parigiraja, Riyo, ingkang angsal pamênang lotre Jang Seng f 150.000,-. Punika tiyang bêgja.

Mirid suraosing andharan ing nginggil punika, têtela bilih kabêgjan ingkang dhumawah ing tiyang angsal pamênang lotre punika botên kenging dipun telad sarananipun, dene ihtiyaripun botên sanès kêdah sabên wontên bikakan lotre tumut tumbas. Sampun lowung kenging kangge nglipur manah.

Tanah dalah Tiyangipun

Tiyang Baduwi

Tiyang Baduwi punika dunungipun ing parêdèn Kêndhêng, bawah Bantên kidul, cacahipun botên kathah sarta kenging kaperang dados kalih dhusun, inggih punika dhusun Kanèkès saha dhusun Karang, basanipun Sundha andhap, nanging kalihan têtiyang Sundha ing wêwêngkon ngriku ngêmohi, botên purun sêsrawungan. Têtiyang wau katêlah nama tiyang Baduwi, nanging tumrap tiyang Baduwi piyambak langkung sênêng bilih kawastanan tiyang Kanèkès [Ka...]

--- 405 ---

[...nèkès] utawi tiyang Karang, mêndhêt saking namaning dhusun ingkang dipun dunungi. Mênggah aslinipun nama Baduwi, dèrèng wontên katranganipun ingkang gumathok, bokmanawi kemawon gêgayutan kalihan wontênipun lèpèn alit Cibaduwi utawi rêdi Gunung Baduwi. Mirid kawontênan saha dêdongenganipun kadugi tiyang Baduwi punika têrah turunipun para ingkang sami ngungsi nalika bêdhahipun karajan Pajajaran dening Pangeran Yusup ing taun 1579.

Ing parêdèn Kêndhêng ngriku tiyang Baduwi sagêd têntrêm gêsangipun, sisih kidul wetan saha kilèn kinubêngan ing jurang cêrung saha rêdi andêdêr, namung ing sisih lèr sambêt kalihan tanah ngare, inggih saking ngriku punika lumêbêting daya saking jawi, ewadene dumuginipun sapunika taksih panggah anggènipun ngêkahi agami saha tata ngadat pusakanipun, kêncêng botên purun ngrasuk agami Islam.

Mênggah ingkang dados bakuning agami, dununging pamuja saha pamundhi-pundhinipun wontên ing arwahing lêluhuripun (spiritisme), nanging lamining-lami awit dene kasamadan agami sanèsipun, dununging pamuja lajêng baku dhatêng Bathara Tunggal utawi Bathara Guru, utawi Guru Yang Tunggal. Bathara Tunggal apêputra pitu, ingkang pambajêng Bathara Cikal, seda botên apêputra, samangke tumut ingkang rama nyêpêng pangrèhing jagad, putra ingkang pangulu Bathara Patanjala, mligi mangrèh tiyang Baduwi, dene putra ingkang gangsal sanèsipun mangrèh salawe nagara, ugi kawastanan Pasirbatang Beulahgirang, bokmanawi tanah antawisipun Ciliwung saha Cimali, kajawi punika taksih kathah dewa-dewa sanèsipun mêndhêt saking dewa-dewa Hindhu. Miturut kapitadosanipun, sasampunipun pêjah arwahipun lajêng sagêd manunggal kalihan Bathara Tunggal.

Tata ngadatipun ingkang sampun tumindak, ing sabên môngsa panèn kawontênakên sidhêkah (kawalu) ngantos rambah kaping tiga, ing sadèrèngipun mawi dipun siyami sadintên, dene ingkang agêng piyambak sidhêkah ingkang wêkasan, dipun wastani kawalu panutup mawi tatacara saha lampah môncawarni.

Tiyang Baduwi punika panggaotanipun tani, pangolahing siti tuwin salajêngipun ngantos dumuginipun panèn, katindakakên sêsarêngan. Ngadat sasampunipun tigang taun kabêrakakên, lajêng ambukak siti enggal, ing bangsa Walandi kawastanan roofbouw. Ingkang makatên wau botên anggumunakên, jalaran sitinipun ing ngriku siti parêdèn, [pa...]

--- 406 ---

[...rêdèn,] punapa malih wontênipun namung sabin tadhahan, ilèn-ilèn toya babar pisan botên wontên.

Kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, tiyang Baduwi punika kêncêng ing bab tumindaking agami saha tatacara, makatên ugi ing bab pranataning dhusun, gêgriya tuwin sapanunggilanipun. Ing ngriki prêlu anyariyosakên sawatawis bab kawontênanipun dhusun Kanèkès. Ing têlênging dhusun wau pinanggih wontên kampungipun têtiga, inggih punika: Cibeo, Cikartawanah, saha Cikesik, kampung-kampung wau kalêbêt golonganipun siti awisan (tanah larangan), tiyangipun ingkang manggèn ing ngriku watawis cacah 140, kawastanan tiyang kajêroan, bokmanawi ingkang asli darah luhur, ing sajawining tanah awisan wau, nanging taksih wontên salêbêtipun kikising dhusun wontên kampungipun 25 kirang langkung dipun dunungi tiyang 740, kawastanan tiyang kaluwaran utawi tiyang pagamping. Kajawi punika ing sajawining dhusun taksih wontên kampungipun 7, kawastanan kampung Dhangka, kirang langkung dipun dunungi tiyang 639, awor kalihan tiyang Islam ing sakiwa-têngênipun ngriku.

Tumrap ing tanah awisan sabên kampung dipun pangagêngi dening satunggiling girangpuhun, kajawi nyêpêng pangrèhing kampung, ugi ngrêksa anindakakên lampah-lampahing agami miwah tata ngadating lêluhuripun, kabantu dening satunggiling girangserat, tumraping kampung Dhangka ingkang dados pangagêngipun kawastanan jarodhangka.

Gêgayutan kalihan agami saha tata ngadatipun, tumrap tiyang Baduwi kathah sangêt awisanipun, ing ngriku kawastanan buyut, kados ta botên kenging ngingah kapal, maesa, lêmbu tuwin kewan sanèsipun ingkang agêng-agêng. Wiwit palêthèking srêngenge dumugi manjingipun dhatêng têpining cakrawala botên kenging cêthik latu. Bilih anggarap siti botên kenging ngangge pacul. Têtumpakan tuwin sapanunggilanipun ugi buyut, punapadene botên kenging nêdha ulam kapal, maesa, lêmbu, menda, saha babi. Ing bab pangangge tuwin sanès-sanèsipun kêdah ingkang sarwa pêthak utawi biru, sanèsipun ingkang kados makatên kalêbêt buyut.

Mênggah wêwatêkanipun tiyang Baduwi punika, têmên, barès, gêsangipun tata têntrêm, têbih saking lampah ingkang botên sae, malah wontên pêpacuhipun sadasa bab, inggih punika:

1. botên kenging mêjahi.
2. botên kenging ngalap barang darbèking liyan.
3. botên kenging dora.
4. botên kenging mêndêm.
5. botên kenging lampah jina.
6. ing wanci dalu botên kenging nêdha sawanci-wanci.
7. botên kenging ngangge sêkar saha wangi-wangi.
8. bilih tilêm kêdah wontên ing jogan.
9. botên kenging anjogèd, ngidung, têtabuhan, saha main tonil.
10. botên kenging nampi barang mas utawi salaka.

Tiyang Baduwi punika wêlasan, ambangun turut saya dhatêng panginggilanipun, punapadene ing bab pasoking pajêg ugi tansah ajêg lumintu, nanging bilih babagan agami utawi tata ngadat botên kenging ginagampil, singa ingkang nêrak sampun têmtu kapatrapan paukuman.

--- 407 ---

Cariyos Kina

Tapak Bima

Ing salêbêting wêwêngkon gupêrnêmèn (kala rumiyin residhènsi) Surakarta, wontên patilasan wiwit jaman purwa ingkang dipun wastani tapak bima. Sampun pintên-pintên atus taun laminipun tiyang kathah sami amastani makatên, ngantos namaning panggenan ngriku saprika dumugi sapriki lajêng lêstantun katêlah dados karan: ing dhusun Tapakbima, têgêsipun tilas tapaking bima (Radèn Arya Warkudara) wêkdal lumampah gêgancangan sarana malumpat tilasing tapakipun dalamakan wau, lajêng awarni sela. Wondene ing nagari Surakarta namung wontên kalih panggenan tilasipun tapak bima wau, sapanggenan manggèn sacêlaking dhusun Samaulun, sakidul kabupatèn Wanagiri bawah Mangkunagaran, kalêrês wetan margi agêng ingkang dhatêng Baturêtna. Punika pêpêthanipun dalamakan ingkang sisih têngên. Dene satunggalipun tilas tapaking dalamakan ingkang kiwa, manggèn ing sacêlaking dhusun Majasanga, sawetan Kabupatèn Bayalali bawah Kasunanan, kalih panggenan punika sami karan: Tapakbima. Mênggah têbihipun saking Samaulun dumugi Majasanga wau udakawis wontên 40 pal.

Mênggah wujudipun ngriku wontên selanipun lètèr, ing têngah wontên balumbanganipun alit aistha dalamakan, panjangipun wiwit saking tungkak dumugi bagian dariji kirang langkung 4 kilan, wiyaripun ing ngajêng (bagian dariji) kirang langkung 2 kilan, dene wiyaripun ing wingking bagian tungkak watawis sakilan, lêbêtipun kadugi kalih têngah kilan, katiga rêndhêng dhêkoking sela tilas dalamakan wau tansah isi toya ajêg kemawon.

Kathah tiyang sêpuh nalika alitan kula (50 taunan sapriki) ingkang kêkesahan têbih lumampah dharat, sabên anglangkungi sacêlaking tapak bima wau, lajêng sami mrêlokakên nyêlupakên sukunipun ing toya tilas tapaking Bima ngriku, kacariyos sagêd mêwahi kiyat lampahipun, utawi ngicalakên rencoging suku ingkang sayah mêntas kadamêl malampah têbih.

Mênggah dêdongenganipun tiyang sêpuh-sêpuh bab tapak Bima wau, wiwit jaman kina-kumina dumugi sapriki, botên ewah-ewah lêstantun ing panganggêpipun, dados tapak Bima punika kala rumiyinipun mila pancèn wontên sayêktos, têrang yèn dede pangathik-athik. Anèhipun dene têka namung wontên 2 panggenan, botên wontên tunggilipun malih-malih.

Awit saking punika, bilih wontên para maos ingkang langkung têrang dhatêng bab dêdongengan tapak Bima wau, supados kaparêng angudhoni gancaripun, badhe sangêt andadosakên gênging panuwun kula, sagêd ugi tumrap dhatêng para maos ingkang dèrèng nate mirêng gancaripun.

P.K. 585.

--- 408 ---

Pawartos Sanès Praja

Manusa Mêsin

Sambêtipun Kajawèn nomêr 25

Nalika taun 1918, ing Londhên sampun nate dipun wontênakên tèntunsêtèling bab mêsin-mêsin. Pirantos-pirantos sawarnining mêsin sami dipun pitongtonakên wontên ing ngriku. Wontên ing salêbêtipun tèntunsêtèling wau, kathah para têtiyang ingkang sami gumun kanthi sangêt, sabab saking nyumêrêpi satunggiling rêca agêng pindha rasêksa, ingkang kadamêl bangsaning pêlikan. Rêca rasêksa wau sagêd ebah, ngadêg, linggih, andhingkluk, ngebahakên tangan ingkang sêmunipun suka sasmita supados têtiyang sami kèndêl, malah sakêcap kalih kêcap sagêd wicantên. Rêca rasêksa wau damêlanipun Tuwan W.H. Richards, ebahipun saking abên-abênan listrik. Dene kadospundi anggènipun sagêd wicantên, taksih kadamêl wados, tuwan wau botên purun amêdharakên.

Sawatawis dintên sadèrèngipun kawontênakên têtingalan wau, têtiyang ingkang sami langkung ing kitha West End sami cingak, amargi nyumêrêpi wontên robot èstri sawêg lumampah ing margi, sêsarêngan kalihan tuwan ingkang damêl, inggih punika Tuwan J.A. Roberts.

Tuwan Mr. D.M. Radcliff ugi sagêd damêl robot ingkang kenging kapasrahan jagi patandhon toya. Robot punika sagêd mangsuli pitakèn-pitakenan saking kantor agêng ing Washington Amerikah. Sapintên isinipun toya ing patandhon. Wontên satunggiling kantor ingkang wontên pirantosipun ugi bangsaning robot, gunanipun kangge pitakenan bab pasang-suruting toya sagantên. Sabên dintên kathah têtiyang takèn dhatêng kantor wau, tumrap pasang-suruting toya sagantên ing palabuhan sadonya punika, pirantos wau tansah sagêd amangsuli kanthi patitis.

Propesor J. Popjie sarjana ahli mikir bôngsa Walandi, sampun sagêd damêl robot ingkang sagêd dados juru cukur (barbir), anggarang kuwih-kuwih tuwin nyoplok untu. Tuwan Mr. Whitman damêl robot ingkang nama Occultus, ingkang têgêsipun sang ginaib. Kawartosakên sagêd nindakakên sadaya padamêlan punapa kemawon kados ingkang kalimrah katindakakên manungsa.

Manawi nitik kamajênganing kagunan ing sawatawis taun kemawon sampun samantên uwohipun, sagêd damêl robot ingkang sagêd nindakakên padamêlan warni-warni, bokmanawi botên ngantos dasanan taun malih, badhe kathah para pintêr ingkang sagêd damêl ingkang langkung sampurna. Kasampurnanipun damêl robot, anjalari kathah têtiyang ingkang sami tumbas, kapurih dados rencangipun, botên susah ngingoni sarta ambalônja, tur tamtu miturut ing pakèn. Kala-kala namung kaêjogan ilèn-ilèn lektris sarta mawi gêmuk sakêdhik.

Pustakawarti ing Amerikah (American Weekly) damêl wawasan: bilih ing tênbetêmbe. têmtu wontên para sagêd ingkang sagêd damêl robot ingkang langkung sampurna, [sa...]

--- 409 ---

[...mpurna,] badhe wontên robot ingkang sagêd anglipur manahipun para wanita. Ing Eropah sarta Amerikah wontên tiyang ingkang padamêlanipun dados tukang panglipur, limrahipun wanita ingkang taksih ênèm. Robot ingkang dados juru panglipur wau, sagêd mêmulih manahipun para wanita ingkang katilar pêjah ingkang jalêr utawi kapêdhotan sih kalihan pacanganipun. Tamtunipun robot wau botên namung saking anggènipun sagêd ngrumpaka utawi nglairakên basa pangêla-êla kemawon, sagêd uwi wontên ingkang manggih akal, sagêd damêl robot ingkang sagêd mêtha patrap sarta solah tindak ingkang dados panglipuring manahipun tiyang ingkang kèrêm ing kasmaran.§ Nanging manggahing warni, bagus tuwin ayuning robot punapa ngungkuli ayu tuwin bagusipun robot damêlanipun Gusti Allah.

Wontên malih ingkang ngudi damêl robot ingkang sagêd nindakakên padamêlan, botên susah mawi dipun prentahi barang. Dados botên susah mawi sêsambêtan tilpun punapa. Manawi ing mripatipun dipun dèkèki sellinum cells, robot badhe sagêd rumagang ing damêl piyambak. Amargi jantu wau manawi kataman ing pêpadhang utawi mêndhung, sagêd andayani dhatêng rumagangipun robot, nutup jandhela botên susah dipun tilpun.

Warni-warni pangintênipun tiyang badhe sumêbaripun manusa mêsin wau, ingkang tumrapipun ing wêkdal samangke taksih kalêbêt babagan ingkang damêl gawoking ngakathah. Sêrat pustakawarti Amerikah wau, ugi gadhah pangintên, manawi robot badhe sagêd dados saradhadhu ingkang majêng ing paprangan, dados juru anggêgana nglampahakên kapal mabur ingkang kangge pêrang. Manawi dados tukang nyapu rêrêsik margi sarta pulisi jagi margi, pancèn migunani sangêt, amargi samôngsa-môngsa manggih kasangsaran saking bêbaya tumpakan, botên wontên kurban jiwa.§ Nanging manawi robot cêngkiling, badhe mêgah-mêgahakên. Red.

Sadaya pamanggih kados ingkang kaandharakên ing nginggil, manawi sampun mratah wontên manusa damêlan, bokmanawi sagêd damêl tidha-tidhaning panampi, dening saking kaliwat-liwat elokipun. Anggènipun wontên dêdamêlan anèh-anèh, wontên robot ingkang sagêd nyambut damêl kados manusa, kamanah pamanggih ingkang ngayawara kemawon. Sabab tumrap manah ingkang taksih kalêmpit, namung sagêd mastani yèn botên pinanggih ing nalar. Minôngka kangge pêpaking andharan, sagêda ngintên-intên dhatêng pangudinipun robot, ing Amerikah samangke sampun wontên bêbadan panggaotan ingkang mawi pawitan kathahipun 25.000.000 dholar a.f. 2.50 prêlu kangge nyampurnakakên pangudinipun robot. Bêbadan wau sagêd damêl robot ingkang kenging kapurih sêsadean. Ing New York lan ing kitha-kitha agêng ing talatah Amerikah, sampun kathah pirantos ingkang sagêd sêsadean, upami: prêmèn, soklat, lisah, rokok lan sapanunggilanipun. Robot ingkang makatên, botên namung sagêd angladosi dhatêng ingkang sami tumbas kemawon, sanajan nusuki inggih sagêd, malah sabên-sabên mungêl: sangêt nuwun. Manawi mêntas nampèkakên barangipun dhatêng ingkang tumbas.

K.M. Sasrasumarta.

Badhe kasambêtan.

--- 410 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

XX. Tinêmuning lêlakon.

[Sinom]

Padha kandhêg Ngalirahman / ana jaba angêntèni / atine duwe sumêlang / yèn dudu gone Dulgani / Rahman nuli nyêdhaki / uwong sing arêp malêbu / têmbunge ngarah-arah / kula pitakèn sakêdhik / sintên ingkang kagungan damêl punika //

wong sing ditakoni mlêngak / lan ngira yèn sing nakoni / padha uwong saka mônca / mula tumuli mangsuli / Kiyai Ngabdulgani / inggih kang kagungan prêlu / angramakakên putra / tur putra kang dados galih / putra èstri namung satunggal punika //

Rahman nyang kakange nyawang / karo anyuwara lirih / kuwi mêsthi Siti kakang / Ngali nuli anganthuki / wonge mau tumuli / clathu lan mlaku kêsusu / êntosana sakêdhap / mangke kula wangsul malih / Rahman Ngali ngêntèni ana ing jaba //

ora suwe bali têka / wonge karo tudang-tuding / angirid wong lanang brêgas / Rahman nyawang ora pangling / yèn wong sing têka kuwi / Kasan kang saiki bagus / dene Kasan ya cêtha / yèn Rahman sing angêntèni / mung nyang Ngali Kasan pangling babarpisan //

Kasan angguyu nyêkakak / hah hah têka ing saiki / tangane Rahman dicandhak / Rahman nuli angandhani / iki lo Kakang Ngali / Kasan banjur ngrangkul gapyuk / sangisoring bangkekan / karo acalathu lirih / bungah bangêt Kakang dene kowe têka //

iki jênêng kêbênêran / adhimu Si Siti laki / wis aja mênyang ngarêpan / bêcik ambacut nyang buri / uwong têlu tumuli / ambacut bae malêbu / tanak padha têmonan / nglairke bungahe ati / nuli padha ngaso ana ing pondhokan //

bêngi mau ora kocap / cêkake rame ngluwihi / barêng esuk lêlinggihan / ngadhêp Kyai Ngabdulgani / sawise tata linggih / padha gunêman kêmruwuk / kajaba bocah papat / wuwuh lan bojone Siti / dadi kabèh sing padha ngadhêp wong lima //

mung Rahman berage kurang / dening anggembol wêwadi / yaiku patining biyang / isih dikêkêr ing ati / awit upama nuli / dikandhakna ora patut / awit nuju samuwan / yèn bakal ngêndhêg-êndhêgi / dadi jênêng malangi wong bungah-bungah //

Abdulgani nuli kôndha / aku bungah ing saiki / dene uwis kalumpukan / mung eman êmbokmu êndi / grêg Rahman mrêbês mili / nuli kôndha lan andhingkluk / uwa kauningana / pun bok dumugi ing janji / sampun kawandasa dintên sapunika //

kono Siti sanalika / banjur sênggruk-sênggruk nangis / Kasan iya kaca-kaca / nuli ngimur Abdulgani / wis sukura saiki / nyang sing wis bali nyang kubur / aku ya milu ngucap / sukur alkamdulillahi / katujune kowe Rahman ana ngomah //

dadi bisa ngupakara / uwis sarèhne saiki / mupung padha kalumpukan / aku tak kôndha

--- 411 ---

sathithik / bocah kabèhe bêcik / anaa kene ngalumpuk / nèng kana mikir apa / Rahman tumuli mangsuli / inggih sangêt uwa ing panuwun kula //

ananging wa mênggah kula / awrat yèn mantuka mriki / awit wontên kula ngrika / ugi nama tiyang siti / lan malih alit-alit / inggih sampun gêsang lowung / Ngali nyambungi kôndha / kula ugi badhe nunggil / lan pun Rahman gêgriya wontên ing ngrika //

Abdulgani banjur kôndha / ngono iya luwih bêcik / rèhne aku dadi tuwa / iya wajib milu mikir / ya priye bae bêcik / waton kapenak uripmu / Rahman lan Ngali lêga / dene padha dililani / nuli kôndha arêp bali seje dina //

ing sadurunge budhalan / kabèh padha aniliki / mênyang kubure Abdulah / kanthi karasa ing ati / cah papat mrêbês mili / eling lakon sing kêpungkur / sawise seje dina / Rahman Ngali arêp bali / nuli padha pamitan mênyang wong tuwa //

Ngabdulgani alon kôndha / aku êmung amêmuji / muga kabèh salamêta / lan sarèhne kowe kuwi / jênêng bocah kêplêsit / aku ora bisa nunggu / nya tak wèhi pawitan / ulur-ulurên go urip / bocah loro olèh ngrong èwu rupiah //

cêkak cukuping carita / bocah loro uwis mulih / lan banjur padha dêdagang / tindake gêmi nastiti / saya manèh Gus Ngali / ing saiki wiwit thukul / atine sing tumuwa / dhasar sanyatane ngrêti / ora suwe iya dadi andrêbala //

banjur gayutan lan Plembang / karo Rahman diloroni / apa dagangan ing kana / didol ana ing Batawi / mangkono kosok-bali / iya kêkirim lumintu / pawêtu tanah Jawa / kang tômpa Kasan lan Siti / sabanjure wong papat dadi sudagar //

cuthêl ananing carita / kêna digawe pêpeling / sanyatane mungguh bocah / yèn ta nganti anêmoni / wong tuwane ngoncati / kaya sapu tanpa êsuh / nanging mungguh manungsa / lêlakone têmbe buri / ora kêna digagapi lan pangira //

kaya sing kamot ing crita / mungguh uripe Si Ngali / ing ngarêpe uwis nyata / bakal tumiba bilai / nanging ing têmbe buri / barêng eling malah bagus / Rahman bocah mêmêlas / ing burine bisa mukti / ing cêkake kabèh mung môngsa bodhoa // Tamat.

[Grafik]

Sawangan ing gêgana wanci sontên ing Bogor. Kawontênanipun sakalangkung nêngsêmakên.

--- 412 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Candhakipun Kajawèn ôngka 25

Petruk: Kang Garèng, lagi anu wis tak caritani sawatara wawasanaku sacleretan kaanane ing Surakarta, yaiku: ing bab apa bae wong-wong ing Surakarta tansah ana ing ngarêp. Dadi ing bab laku kautaman, apadene pangudine marang kasusilan wong Sala pancèn iya olèh pris têmênan, nanging kosokbaline panyobate mênyang ijajil lan para setan gundhul, wong Sala iya moh kalah karo sapadhaning umat ing liya nagara.

[Grafik]

Garèng: Lo, Truk, kowe aja kagèt, dene kaanane ing Surakarta kaya mangkono kuwi, wis jamak lumrah nagara sing diarani têlênging kasusilan, kuwi wis mêsthi ana lêlakon-lêlakon sing walik-wolak, yaiku: anane laku kautaman onjo bangêt, nanging kosok-baline, tindak kang ora prayoga iya ngluwih-ngluwihi. Kaya ta: Kutha Paris, kuwi wis kawêntar ing ngêndi-êndi, yèn sinêbut kutha têlênging kasusilan Eropah, nganti digawe ngungsi para mudha saka nagara-nagara saindênging bawana, kang padha ambanjurake pasinaone ana ing pamulangan-pamulangan luhur ing kono. Kang mangkono mau sababe rak ora liya jalaran saka luhure kasusilane, nanging kosoline,kosok-baline. ing Eropa prasasat ora ana nakbagaranagara. kang ngungkuli akèhe tindak ala, tindak dur, tindak ijajil, kayadene ing kutha Paris. Yèn kowe ora prêcaya, coba macaa buku karangane pujôngga bôngsa Prasman Emile Zola kaya ta: "Duister Parijs" utawa De onderwererld van Parijs" lan sapiturute. Mangkono uga sing diarani têlênging kasusilan Islam, ing jaman biyèn yaiku ing kutha: Konsêtantinopêl, alias Sêtambul. Kala samono ing kutha mau ing ngêndi-êndi kacêluk akèhe para ngulama, para sing luhur bêbudène, prasasat ora ana sing mandhingi, nanging cacahe wong sing luwih saka asor bêbudène, iya ora ana nagara Islam sing ngungkuli. Kajaba iku, kapriye caritane sing diarani têlênging kasusilan Kristên, yaiku ing Romê. Mangkono uga ing kono, wong bisa mrangguli wong-wong sing alim lan sing luhur bangêt bêbudène, nanging iya sok mrêgoki wong-wong sing luwih saka dening asor. Mulane aja guru-guru

--- 413 ---

kowe nacad kaanane ing Surakarta, kang kok anggêp ora prayoga mau, awit mundhak olèh cacadan, yèn kowe pancèn rupêk wawasanamu. Sarta manèh, ingatase kowe mung limang dina ana ing Sala, têka banjur bisa duwe wawasan kang mangkono, kuwi kêpriye.

Petruk: Ing ngarêp aku rak wis ngomong, yèn wawasanaku kiyi mung sacleretan, dadi mêsthine ya akèh kalirune, mulane tak pindhoni panuwunku nyang para sadulurku ing Sala, ya kudu sing gêdhe sêmporane. Dene anggonku anduwèni wawasan kaya ing ngarêp, kuwi mangkene: Nalikane ing sriwêdari dianani pahargyan malêman, nèk rumasaku tumrap ing Sala, tongtonane kaya-kaya mung lumrah bae, kaya ta: wayang wong, bancak dhoyok, topèng wêdhi, gambyongan, gambar idhup, lan sapiturute. Lo, kabèh mau rak wis padha priksa, ewadene sing padha mrêlokake mriksani kathik bal-balan tanpa ana bosêne, apamanèh yèn kabênêr ora udan, kuwi taman Sriwêdari, sing ambane sahohah kae, prasasat kêbak. Thik le padha dandan, nèk cara Banyumase: padha gêmrènjèng lan êmbraling pisan. Tumrape aku, sing kulina wêruh: pèci lan sarung, utawa klambi bayak potongan Bandhung, anggonku nonton iya krasan bangêt.

Garèng: Nèk ngono kowe kuwi mung nonton wong nonton, ora mrêlokake tongtonane.

Petruk: Nèk kanggone aku tongtonane wis mêsthi tak prêlokake bangêt, mulane aku banjur bisa ngarani onjoning: kagunan krawitan lan sapiturute. Kaya ta: bancak dhoyok kuwi nuduhake onjoning lêlagon, iya ing bab gêndhing, utawa ing bab têmbang. Wayang wong mitongtonake onjoning kagunan: jogèd, têmbang, gêndhing, lan sapêpadhane. Akèhe wong nonton sing padha macak gajah, sing padha ngêbaki papan wayang wong, bancak dhoyok apadene rèsturan-rèsturan, nuduhake nyang aku mungguh onjoning karoyalane. Banjur ana manèh golongan sing babarpisan ora mrêduli marang manising solah tingkahe Dèn Sri - nèk cara sêtambule, yaiku: sri panggunge wayang wong ing Sriwêdari - utawa ora ambil kêpala mumêt marang liyêr-liyêre têmbange Mas Ajêng Manggis, nanging padha kumpul-kumpul amirêngakê sêsorahe sawênèhing panuntun ing bab warna-warna, kang anjoge nênuntun marang kautaman. Hla, iki kang anjalari aku banjur duwe wawasan onjoning pangudi marang kautamaning wong ngaurip. Lo, mangkono mungguh olèh-olèhaning wawasanaku mau. Ning saiki padha lèrèn bae dhisik, liya dina padha rêmbugan manèh.

--- 414 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Antawisipun tanggal 16 kalihan 22 Marêt ingkang kapêngkêr, tumrap ing gêmintê Bandhung, cacahipun tiyang ingkang pêjah jalaran kenging sêsakit pès wontên 8 inggih punika bôngsa pribumi 7, bôngsa Tionghwa 1. Tumrap ing kabupatèn Bandhung sadaya wontên 9, inggih punika ing Ciparai 1, Majalaya 1, Ciwidhe 1, Pasirjambu 1, Cimahi 2, Soreyang 2, saha Bojong Lowah 1. Kala tanggal 30 Dhesèmbêr taun ingkang kapêngkêr griya sakit gêmintê ing Bandhung sampun nampi satunggiling tiyang èstri bôngsa pribumi, sarêng katitipriksa têtela kenging sêsakit pès planjêr. Ingkang anggumunakên, tiyang wau sagêd gêsang ngantos sawatawis wulan, malah kala-kala katingal wontên kamayaranipun, wasana tanggal 20 wulan punika ngajal.

Taun punika pamarentah badhe amiji neneman kalih, prêlu kasinaokakên dhatêng kursus lan mètêr ing Wageningen, nagari Walandi, kangge pangkat lan mètêr ing Kadhastêr ing Indhia Walandi, mawi kaparingan tulah f 1000.- ing dalêm sataun. Sêrat panuwunan kêdah sampun kaaturakên sadèrèngipun tanggal 15 Juni ngajêng punika dhatêng Commissie van voorbereiding Hoofkantoor van het Kadaster ing Bêtawi.

Kala tanggal 24 wulan punika awit saking ada-adanipun pakêmpalan pawiyatan ulah tani Têmanggung, ing Parakan sampun kabikak kursus têtanèn kangge para guru dhusun. Wontên kabar pamarentah sampun paring subsidhi f 30.000 dhatêng pakêmpalan kasêbut nginggil, kangge ngêdêgakên pamulangan têtanèn (Landbouwbedrijfschool).

MirututMiturut. katranganipun Tuwan Ch. Philips, wd. gupêrnur ing Acèh, kawontênanipun ing Acèh têntrêm, namung wontên tiyang sawatawis ingkang ambangkang dhatêng pamarentah ingkang dèrèng kacêpêng. Pêrgêrakan kuminis botên wontên. Pêrgêrakan kabangsan ugi botên sapintêna, namung kala-kala sêrat-sêrat kabar pribumi martosakên bilih bôngsa Acèh angajêngi sangêt dhatêng P.N.I. saha Ir Sukarna. Bab punika miturut pangandikanipun tuwan gupêrnur wontênipun dèrèng kenging katamtokakên, langkung-langkung ing antawisipun para pangagênging bôngsa saha zelfbestuurder pêrgêrakan kabangsan botên wontên banèkipun, kabêkta kêncêng anggènipun sami nyêpêng raosing kaluhuranipun.

Wontên pawartos, Tuwan Prawirasastra, pangagênging pagantosan ing Kêsambèn Malang, nyalingkuhakên arta f 11.000.- têlas kadamêl main ing salêbêtipun 6 minggu. Tiyang wau dhinêsipun sampun 24 taun sarta ngakêni kalêpatanipun.

Sambêt kalihan pawartos bab tiyang kuminis kalih bôngcabôngsa. Tionghwa ingkang katahan ing Bêtawi, ing Surabaya mêntas wontên bôngsa Tionghwa kalih kacêpêng, miturut panitipriksanipun rêsèrsê pulitik, ugi gêgayutan kalihan sentralê kuminis ing Singgapura. Sadaya ingkang sampun kacêpêng, ing Rio, Jambi tuwin panggenan sanèsipun wontên 27, kadugi lajêng sami badhe kaantukakên dhatêng nagari Tiongkok.

Saking Medhan kawartosakên, pèl pulisi ing Têbingtinggi mêntas ngonangi satunggiling papan kangge damêl arak pêtêng sacêlakipun sungè Simujur. Wontên kètèl 6 ingkang kabêskup, punapa malih arak 154 tong, saha tape 15.000 litêr ingkang nglampahakên wontên tiyang sadasa, ingkang tiga sampun kacêpêng.

Miturut palapuranipun rêsèrsê pulitik P.N.I. samangke kèndêl anggènipun damêl propagandhah pados warga enggal ing Jawi Kilèn, kadugi kasrantosakên ngantos sarampunging papriksanipun prakawis-prakawis ingkang katindakakên dening pangadilan.

Ing môngsa ingkang kantun-kantun punika pamêdalipun kabudidayan karèt kagungan gupêrmèn ing Tanggêrang, kathah sangêt mandhapipun. Watawis wontên f 13.000-. Dèrèng dangu kasumêrêpan satunggiling tiyang kampung ing ngriku gadhah simpênan karèt mêntah sawatawis kilogram, mila lajêng tuwuh pandakwa madhaping pamêdal wau jalaran saking pandamêling durjana. Kadugi bab wau gêgayutan ugi kalihan kiranging jawah, nanging dèrèng kenging katamtokakên.

Residhèn ing Madura sisih kilèn martosakên, kitha Sampang mêntas kêbênan ingkang nuwuhakên karisakan kathah. Kala tanggal 17 wulan punika lèpèn Sampang ambludag, nglubèri saperanganing kitha, lêbêtipun ngantos 60 c.m.

Kawartosakên, Iskandar Mokhamad Jabirsah, sultan ing Têrnate ingkang mêntas jumênêng, benjing wulan juni ngajêng punika badhe krama pikantuk Boki Mariyam, putra putrinipun Sultan ing Bacan.

Kala ing dintên Sênèn ping 24-3-30 wontên tiyang ing dhusun Jêthis ondêr Nusawungu, pinuju anjala ing sêgantên, ical botên kantênan, ing wusana enjingipun pinanggih namung wujud limpa, sagêd ugi punika tiyang katêdha ulam olor. (S.)

Saking Pamêkasan kawartosakên, kuminis Iskandi, ingkang kaukum kunjara 12 taun sampun kalampahan 3 taun, dèrèng dangu anganyut kuwuhtuwuh. sarana anggantung mawi udhêngipun.

--- 415 ---

Marta kalihan Sastra kalih-kalihipun kapengin dados agèn pulisi, lajêng sêsarêngan ngadhêp dhatêng kantor pulisi ing Batawi. Sawatawis dintên malih tampi dhawuh supados badanipun kapriksa dening dhoktêr. Kalampahan pun Marta katampi. Jalaran badanipun kiyat saha saras, dene pun Sastra kabêkta badanipun kêra kirang kiyat, botên katampi. Sasampunipun kapriksa dening dhoktêr tiyang kêkalih wau sarêmbag, bilih wontên dhawuh malih pun Sastra ingkang badhe ngadhêp sarta ngakên nama Marta Sastra. Kalampahan pun Sastra tampi prèmi f 40.- sarta lajêng badhe kakintunakên dhatêng pamulangan pulisi ing Sukabumi. Kocapa, pun Marta sarêng kancanipun tita botên dhatêng wangsul, lajêng lapur dhatêng pulisi, bilih piyambakipun ingkang sampun dipun kir dening dhoktêr, sanès Marta Sastra. Wasana tiyang kêkalih wau lajêng katarik dhatêng landrad ...

Kawisudha jumênêng warga rad kawula, Tuwan J.W.B. Everts, dhirèktur K.P.M.

Saking Medhan kawartosakên, bôngsa Tionghwa têtiga ingkang katahan gêgayutan kalihan wontênipun kêbêsmèn ing Tanjungbale, jalaran kêkirangan bukti, sampun kaluwaran malih. Papriksan ingkang katindakakên botên wontên wasananipun.

Kala tanggal 22 dumugi 24 Marêt ingkang kapêngkêr pakêmpalan Pemoeda Soematra ngawontênakên konggrès manggèn ing gêdhong Pêrmupakatan ing Gang Kênari, Bêtawi, prêlu mèngêti manunggilipun dhatêng Indonesia Moeda. Konggrès wau binukanan mawi rêsèpsi, dene ingkang dados panuntun Tuwan Muhamad Yamin, murid ing pamulangan luhur pangadilan. Dintênipun Ahad, kawontênakên parêpatan umum. Ingkang jumênêng pangarsa, Tuwan Muhamad Yamin mêdhar sabda ing bab tanginipun bôngsa Indhonesiah. Malêm Sênèn konggrès kalajêngakên, wasana malêm Sêlasa kawontênakên pêpanggihan, ingkang wêkasan mawi pasugatan manggèn ing Indonesisch Club-gebouw ing Kramat. Cacahipun tiyang ingkang anjênêngi konggrès kirang-langkung wontên pitung atus.

Wiwit tanggal 2 Mèi ngajêng punika kawisudha jumênêng gupêrnur ing Maloko Tuwan J.G. Larive, residhèn ing Borneo sisih kilèn.

Kapatêdhan pangkat saha sêsêbutan gupêrnur, Tuwan G.F.E. Gonggrijp residhèn ing Sumatra sisih kilèn.

Lulus pandadaranipun Indisch Arts Tuwan Dharwis (Balei Selasa) Saha Tuwan R. Kanawan (Bandhung).

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 4889 ing Tambak. Ha, kenging kemawon, na, prayogi potrètipun, ca, sampun dipun kintuni, ra, dèrèng sagêd ngaturi katrangan, ka, sampun dipun kintuni, da, pamulangan ôngka kalih.

Lênggagan nomêr 4684 ing Magêtan. Karangan panjênêngan sampun dumugi, dene ingkang kapacak namung ingkang sampun mêdal. Wontênipun gambar botên kapacak, amargi botên sapintêna prêlunipun, tuwin jalaran sampun wontên klisenipun.

Lêngganan nomêr 979 ing Tambak Dhahan. Pinanggih wontên ing tanah Indhu.

Tuwan M. Kartama. Redhaksi wajib nyimpên saluguning namanipun tiyang ingkang gadhah sêsinglon wontên ing kalawartinipun, dados saupami redhaksi ambalakakakên saluguning namanipun Petruk, nama nêrak wêwalêr.

Pawartos saking Administrasi

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan Kajawèn, administrasi Kajawèn sampun ngintuni pos wisêl kothongan kados adat, kangge pambayaran kuwartal kaping kalih, nanging pangintunipun botên kasarêngakên wontên ing Kajawèn, kakintunakên piyambak.

Ingkang punika, tumrap para lêngganan ingkang dèrèng ambayar, satampinipun pos wisêl wau, lajêng kaparênga ngintunakên arta sakêdhik-sakêdhikipun f 1.50 -

Tumrap lêngganan ing tanah Jawi kasarontasakên dumugi tanggal 15 April, dene tumrap sajawinipun tanah Jawi dumugi tanggal 30 April. Langkungipun saking titimôngsa wau, manawi dèrèng ngintunakên arta, badhe botên kakintunan Kajawèn malihh.

Administrasi.

--- 415 ---

Wêwaosan

Pati Winadi

4

[Durma]

Kapanuju kêpapag lawan durjana / samya amindha warni / sinamar angusan / obor kombul ingasta / urubira mobat-mabit / kongsi wèh samar / kadi bala sakêthi //

pamaguting wadya praja tanpa uwas / mênggah tinrajang wani / wantuning wong cidra / yèku para durjana / sanadyanta samya wani / nanging tan tatag / mung nêdya angoncati //

parigêling wadya nulya pasang gêlar / durjana datan bangkit / yèn angoncatana / lir kalêbu ing kala / têmah sakala kajodhi / tanpa sawala / samya tinrapan tali //

samya kerid gumrudug dadya bêbandan / umanjing ing nagari / praptaning rahina / warnanira katara / sinamar angus mêdèni / samarga-marga / ginuyu para janmi //

têtindhihing wadya nulya aparentah / sanggyaning para juti / samya sêsucia / mrih ywa dadya tontonan / riwusing samya sêsuci / ing warnanira / kawuryan kang sajati //

datan kurang kang bagus miwah sambada / katon wangun priyayi / mênggahing pangira / ananing kang durjana / saking pamoring mawarni / kang karupakan / tatèng ulah utami //

pra durjana sapraptanirèng pradata / dahat tiniti-titi / kêkancuhanira / kang samya tunggal karya / riwusing sajarwa jati / nulya pra wadya / sarêngan angupadi //

desa-desa warata samya jinajah / wong kang dinumuk warti / samya pinariksa / tan wontên kalangkungan / wusana wose pinanggih / satêmah tata / têntrêmira numusi //

ing padesan pulih kadi saban-saban / datan kambah ing juti / tanapi ing praja / têntrêmira katara / sanadyan môngsa pacêklik / tan kawistara / tanduking tata bêcik //

tumaruntun sirêp ananing lêlara / wusing antara ari / kawuryan tumindak / para manambut karya / tan dangu kasusul nuli / tumurun warsa / araras nyiram bumi //

kêkajêngan kang samya katon angarang / tumuli wiwit sêmi / ingkang sêndhang-sêndhang / wus wiwit tandho tirta / rêrêmbêsan wiwit mili / sawah maratah / têlês angêmu warih //

tan antara sanggyaning kang nara karya / wiwit anggarap siti / rajakaya aglar / ingumbar ing pangonan / ayêm dènnya anggayêmi / dhukut taruna / ariyêp-riyêp wilis //

têntrêmirèng praja tan dangu kawuryan / janma prapta anggili / kang saking ngamônca / praptanira asuka / anon rêsmining prajadi / mawèh pirêna / sêngsêmira nungtumi //

satêntrêming praja kang tata kawuryan / datan kenging winanci / wus tanpa kuciwa / tuwuh tindak raharja / tindak paracidra kontit / miwah durjana / tan kuwagang ngayati //

kacarita duk usrêg ramening praja / tindak kêncênging kardi / kang para punggawa / gitanira ing tandang / yayah krodhanirèng agni / tinut prahara / singa katrajang gusis //

pilih-pilih janma bangkit suminggaha / ing sasolah kêtitih / apan duk samana / wontên tungguling dhustha / kang onjo wus tanpa tandhing / misuwur aran / Baturtastara luwih //

sinuyutan ing pra durjana sapraja / samya nganggêp anggusti / salwiring parentah / saking Baturtastara / dèn cakkên dahat wigati / tanpa sawala / yèn lumuh pinrih pati //

mung sambada mênggah Sang Baturtastara / kalamun wus nindhihi / lakuning durjana / ambêgira kawasa / datan pae senapati / lumawan ing prang / nêmpuhe miyatani //

marma suyud sang hyang durjana sapraja / malah ngêngirup wani / kathah janma liyan / kelut têmbung piluta / têmah ngumpul nayogyani / sarêng sakarya / samyambêg wani mati //

ananging ta kasantosan kang tan arja / sanadyan unggul ugi / nanging datan lana / dhawahing môngsakala / yèn wus pinangguh ing titi / yêkti tan daya / apêsira nututi //

yèku kadi prawira Baturtastara / dupi wus praptèng wanci / wadyabalanira / apês samya kasoran / singa lumawan kêtitih / satêmah sirna / kasor tan andayani //

mangkya Baturtastara tilar galanggang / lumayu mamèt silip / maring wanawasa / nêdya angungsi gêsang / mung tansah manggèn ngasêpi / datanpa rowang / tan pisan wani mijil //

[Mijil]

amarêngi nuju gagat enjing / bun pating talêthok / wutah saking godhong têtandhone / têlêsing ron kang angêmu warih / rarasira kadi / kumêmbênging êluh //

sabawaning kukila anèng wit / lir sêsambat ayon / dening ngraos atis sadayane / swaranira kadi ringik-ringik / lir sambating sêdhih / kang tumuntung kalbu //

sumawuring gônda puspita mrik / sinrang angin alon / maratani ing wana tibane / yèn rinaras mirahing wêwangi / kadi ucap bêcik / kang ngêngimur luput //

tan antara sêsoroting rawi / ngêsuk miyak godhong / amadhangi tan pilih tibane / lir anggugah saisining bumi / ponang pêksi sami / sêsarêngan mabur //

pêksi-pêksi kang samya ngoncati / lir suka pasêmon / ayo kônca bêbarêngan age / umèngêta sira marang wajib / angupaya bukti / sinangkan rahayu //

sanggyaning kang pasêmon ngênani / maring janma anom / yèku Baturtastara kang mangke / kasangsaya nèng madyèng wanadri / arasa nêrusi / tumanêming kalbu //

duk samana Batur amarêngi / alinggih ngalosod / nèng ngandhaping kêkaywan kang gadhe / angganira dahat angalêntrih / rasanira kadi / koncatan bêbayu //

tumusira rasa kang ngênani / mèngêt mring lêlakon / kadi nguni duk maksih kalane / sinampiran panguwasa luwih / kaduganing ati / jagad arsa dèn jur //

nanging dupi wus tibaning titi / rasa kang mangkono / winalik mung arasa sapele / salwiring kang cipta datan dadi / sanadyan mung alit / araos ngalangut // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]