Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-04-26, #485

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-04-26, #485. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-04-26, #485. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 25-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 34, 27 Dulkangidah Taun Ehe 1860, 26 April 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [519] ---

Ăngka 34, 27 Dulkangidah Taun Ehe 1860, 26 April 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kajawèn Kadakwa Ngantuk

Ing sêrat kabar Darmakăndha ingkang mêdal dintên Kêmis tanggal 17 April ingkang kapêngkêr punika, wontên panyaruwenipun sadhèrèk sarjana, ingkang ngagêm asma sêsinglon Hs. kados ing ngandhap punika:

1e. Amastani, bilih Kajawèn ngantuk, jalaran anyêbutakên tanggal 19 April dintên agêng mekradipun Kangjêng Nabi Muhammad s.a.w. Sanadyan wara-wara ingkang lêpat wau, wara-waranipun administrasi, ewasamantên ing sarèhning sadaya isinipun Kajawèn punika dados têtanggêlaning uprêdhaktur ingkang mandhegani kalawarti wau, dados ingkang wajib dipun lêpatakên, langkung malih ingkang pantês dipun wastani ngantuk, botên liya kajawi namung uprêdhakturipun, inggih punika kula. Jalaran saking punika, kula nyuwun gunging pangaksama dhatêng para maos mênggahing kalêpatan wau, punapa malih dhatêng sadhèrèk Hs. kula matur sèwu nuwun, dene panjênênganipun sampun paring pêpèngêt dhatêng kula, lan salajêngipun kula jangji badhe tansah sadhiya kopi tubruk, murih ing têmbe wingking sampun ngantos ngantuk malih.

2e. Kacêkak kemawon, sadhèrèk Hs. amastani, bilih Kajawèn andakwa, yèn bab pêncaripun agami Islam punika, sarana latu pêpêrangan, sarta anêdahakên karangan ing bab pêrang bènsin ing Kajawèn ăngka 24, ananging botên andumuk pundi ingkang nuwuhakên pandakwa wau.

--- 520 ---

Mênggah pangintên kula, kintên-kintên ukara ingkang mungêl makatên: pêrang agami, upaminipun cara anggènipun mêncarakên agami Islam ing donya kala ing jaman kinanipun, punika ugi anjalari tiwasipun tiyang pintên-pintên yuta, makatên salajêngipun. Manawi lêrês pangintên kula, sarta ukara wau lajêng adamêl botên rênanipun para sadhèrèk muslimin, langkung malih dhatêng sadhèrèk Hs. kula, atas namanipun tukang obrol dintên Sabtu, sadhèrèk Smt. nyuwun gênging pangapuntên, awit mênggahing Kajawèn, dêmi Allah dêmi Rosulullah, salugut pinara pitu, botên pisan-pisan anggadhahi sêdya utawi pikajêng badhe adamêl tatunipun panggalih para umat Islam. Utawi sanèsipun, ananging kaparênga matur sakêdhik, ewasamantên manawi wontên kalintunipun atur kula punika, mugi para maos paringa samodra pangaksama. Miturut cacriyosan Islam, tuwuhipun wayuh, punika inggih jalaran saking kathahipun tiyang jalêr ingkang sami pêjah wontên ing madyaning paprangan. Mênggah andharanipun cêkakan kados ing ngandhap punika:

Sadèrèngipun agami Islam tuwuh ing donya, kawontênanipun ing donya saklangkung ruwêd, langkung malih tumraping tiyang alakirabi, saya-saya ing tanah Arab. Kala samantên tiyang wayuh punika nama limrah, malah ing sawênèhing nagari tiyang èstri prasasat dipun anggêp bêkakas kemawon, manawi sampun botên kangge kenging kabucal. Sarêng agami Islam wiwit kapêncarakên, têtiyang ingkang sami ngrasuk agami wau, sami miwiti semah tiyang èstri satunggal. Panutan kita piyambak aparing tuladan, bilih anayogyani dhatêng semah satunggal, buktinipun wiwit yuswa 25 taun, ngantos yuswa 54 taun, garwanipun namung satunggal, inggih punika Dèwi Khatijah. Sarêng tumindak yuswa 54 taun, panjênênganipun Kangjêng Nabi lajêng krêsa krama langkung saking satunggal, sarta lajêng paring palilah dhatêng para kawulanipun kaparêng sami somah langkung saking satunggal, nanging botên kenging langkung saking sakawan. Wontênipun pranatan enggal ingkang makatên wau, jalaranipun botên sanès sabab saking kathahing para răndha, ingkang sami tinilar pêjah ing lakinipun wontên ing paprangan, kados ta pêrang wontên ing: Jamal, Ohud, Khebar, Badar, lan sasaminipun. Namung ing sarèhning ing ngriki botên badhe angrêmbag ing bab wayuh, kula cugag samantên kemawon atur kula, pikajêng kula namung badhe ngaturakên kathahing têtiyang ingkang sami sirna ing paprangan kala jamanipun agami Islam dipun pêncarakên ing donya punika. Kajawi punika, kados-kados cariyos Menak ugi anyariyosakên, anggènipun Tiyang Agung Menak tansah andon pêrang, anêluk-nêlukakên para nata murih sami angrasuk agami Islam, pintên têtiyang ingkang sami tiwas wontên ing madyaning paprangan wau, para maos sagêd ngintên-intên piyambak. Namung samantên atur kula ing bab punika.

3e. Sadhèrèk Hs. mastani bilih Kajawèn ăngka 26 nyenggol ing bab asoring drajatipun para umat Islam ing jaman kina, inggih punika rêmbagipun Garèng lan Petruk, nanging ugi ing ngriki botên kadumuk ukara pundi ingkang kadakwa makatên wau. Kintên kula inggih ukara-ukara

--- 521 ---

ingkang mungêl makatên: mangkono uga sing diarani têlênging kasusilan Islam ing jaman biyèn, yaiku ing kutha Konsêtantinopêl alias Sêtambul. Kala samono ing kutha mau, ing ngêndi-êndi kacêluk akèhe para ngulama, para sing luhur bêbudène, prasasat ora ana sing mandhingi, nanging cacahe wong sing luwih saka asor bêbudène, iya ora ana nagara Islam sing ngungkuli. Mênggah kajêngipun ingkang ngarang damêl wawasan ingkang makatên wau, botên punapaa, namung badhe adamêl pêpandhingan wontênipun satunggal-satunggaling kitha, ingkang kasêbut kitha têlênging kasusilan, punika mêsthi wontên têtimbanganipun, têgêsipun: wontên ingkang sae sangêt, nanging kosok-wangsulipun ugi wontên ingkang awon sangêt. Manawi Kajawèn gadhah niyat kadospundi-kadospundi, ing sarèhning Kajawèn ugi anyêbut sae lan awonipun ing kitha Paris, têlênging kasusilan Eropah, utawi ing kitha Romê, têlênging kasusilan Nasrani, kenging punapa botên lajêng dipun dakwa angasorakên drajatipun băngsa Eropah, utawi drajatipun para umat Nasrani. Kados botên prêlu kula matur kathah-kathah, mindhak sagêd anjalari gèsèhing pamanggih kemawon. Ewasamantên, manawi sêratan ing Kajawèn kasbut nginggil taksih mêksa kaanggêp awon, awit saking namanipun kalawarti Kajawèn, kula nyuwun sih pangapuntên dhatêng para sadhèrèk muslimin sadaya, makatên ugi dhatêng sadhèrèk Hs. Mila inggih angèl sayêktos tiyang dados redhaktur punika, sanadyan anggadhahi kayakinan lêrêsipun punapa ingkang kasêrat, manawi kabiyak-biyak, tiyang sanès mêksa badhe sagêd manggih awonipun.

Kula, uprêdhaktur Kajawèn

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên, dèrèng dangu Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, bidhal saking Bêtawi dhatêng Suraya[1] nitih mêsin mabur K.N.I.L.M. prêlu anjênêngi konpêrènsining para residhèn saha bupati wontên ing Malang. Ing nginggil punika gambaripun tamu agung wau dalah sapandhèrèkipun nalika rawuh ing Surabaya kapapagakên dening Tuwan Gupêrnur Hardeman.

--- 522 ---

Panggulawênthah

Prayogi pundi: pintêr aling-aling bodho (pintêr ngakên bodho) tinimbang: bodho aling-aling pintêr (bodho ngakên pintêr)

Pitakenan ing paribasan nginggil punika kula wangsuli: prayogi ingkang pintêr aling-aling bodho.

Mênggah pintêr aling-aling bodho, utawi bodho aling-aling pintêr, ingkang sagêd anglampahi namung tiyang ingkang pancèn gadhah watak makatên, dados botên sadaya tiyang pintêr uatwi bodho sagêd anglampahi.

Mila kula sagêd mastani, bilih pintêr aling-aling bodho punika prayogi, upami kemawon bab: ngolah têtêdhan, tiyang èstri ingkang dhasar mangrêtos ngolah têtêdhan ingkang èdi lan eca raosipun, nanging kapintêranipun wau botên nate kapamèrakên ing liyan, ngantos tiyang sanès botên sumêrêp, bilih piyambakipun gadhah kapintêran kados makatên, samăngsa pinuju wontên prêlu, malah andadosakên pangeram-eraming tiyang sanès, sagêd pikantuk pangalêmbana, tarkadhang lajêng wontên tiyang ingkang maguru kêpengin dipun wulang olah-olah. Inggih lêrês tiyang bodho punika kathah ajêngipun badhe dipun ina ing tiyang, nanging sanajana dipun ina, manawi dhasaripun pancèn pintêr, rak ingkang ngina wau tamtu badhe kawêlèh, sasampunipun kawêlèh lajêng ering, tarkadhang lajêng anjalari thukul katrêsnanipun.

Dene bodho aling-aling pintêr, têgêsipun: sajatosipun bodho, nanging pangakênipun pintêr lan sok dipun pamèrakên ing liyan, malah tarkadhang sok purun nacad dhatêng kapintêraning tiyang sanès. Tiyang ingkang gadhah watak makatên punika, limrahipun namung saking lingsêm, ambokmanawi ngantos dipun wastani tiyang bodho.

Mênggah saking pamanggih kula, bodho aling-aling pintêr punika kirang prayogi, sabab tiyang ingkang gadhah watak kados makatên, kêrêp kawêlèh lan kalingsêman, upami kemawon bab: ngolah têtêdhan kados ing nginggil: tiyang èstri ingkang sajatosipun babarpisan botên mangrêtos olah-olah ingkang eca, nanging ngakên mangrêtos, lajêng kêtanggor sanakanipun gadhah prêlu nyambat supados olah-olah, tamtu lajêng ngupados sabab kangge pawadan botên sagêd dhatêng olah-olah, kados ta: botên sagêd sabab kathah padamêlan ing griya, sakit ngêlu, badhe kesah tuwin[2] sanak sadhèrèk sakit, makatên salajêngipun. Sanajan makatên, botên sande ing têmbe badhe kêwêlèh umukipun, inggih punika têmtu konangan bilih sayêktosipun botên sagêd olah-olah, rak inggih nama kalingsêman ta.

Karangan kula punika anggadhahi pikajêng sagêda dados pêpèngêt makatên: sintên ingkang kadunungan kapintêran punapa kemawon, prayogi kapintêranipun wau kasimpên, kawêdalakên samăngsa [samăng...]

--- 523 ---

[...sa] wontên prêlunipun, manawi wontên ingkang nêdha pitêdah, prayogi dipun pitêdahi, nanging sampun sok kapamèrakên utawi kaumukakên, sabab bilih ingkang dipun umuki wau ugi kadunungan kapintêran kados makatên, sok sagêd bêntèr manahipun, wêkasan sagêd angwontênakên parapabên rêbat unggul kapintêran. Beda kalihan kapintêran ingkang kangge panggêsangan, kados ta upaminipun: sagêd main sulap, sagêd dados dhukun, sagêd anggambar, tukang sêpatu, andandosi èrloji, sasaminipun, punika prêlu kasumêrêpakên ing tiyang sanès minăngka kangge têtawi, sabab yèn botên makatêna, badhe botên sagêd pikantuk arta. Dene tiyang ingkang pancèn dhasar bodho, prayogi nrimaha kemawon, ngrumaosana bodhonipun, botên prêlu lingsêm dipun wastani bodho, dhasar sayêktosipun inggih bodho, awit manawi ngakên pintêr, ingkang adat sok kawêlèh lan kalingsêman.

Wasana kula nyumanggakakên cêkap samantên kemawon.

Supardan, Purwakêrta.

Paribasan

Andum Amilih

Andum amilih punika paribasan prasaja sangêt, kajêngipun tiyang ambage, nanging punapa kemawon ingkang dipun bage, lajêng milih rumiyin. Tamtunipun pamilihipun wau inggih mêndhêt ingkang mikantuki dhatêng badanipun piyambak. Yèn ta awarni barang inggih milih ingkang sae, yèn padamêlan milih ingkang mayar, dados kajêngipun botên prayogi.

Botênipun prayogi wau, awit mênggah tiyang dipun pitados mandum, kêdah kêdunungan watak ngadil, măngka botên, tamtu kemawon lajêng katingal piyambak mênggahing botên prayoginipun. Nanging kados inggih sintêna kemawon tamtu kapengin badhe sumêrêp tiyang mandum ingkang anggêpok badanipun piyambak ingkang botên gadhah pamilih, punika kapadosana ngrêkaos.

Ingkang katingal, saha botên pakèwêd dipun wawas, punika tumrap tata gêsanging lare alit, kados ta lare manawi kajibah mandum punapa-punapa dhatêng sadhèrèk, upaminipun têtêdhan, anggènipun nindakakên bage rumaos kawêkèn sangêt, rumaosipun botên sagêd trêp sami, nanging sajatosipun ingkang botên sami wau pangraosipun, awit kêdhêdhêran manah nêdya angsal ingkang langkung kathah, dene sagêdipun marêm, inggih manawi sampun angsal langkung kathah sayêktos.

Wêwatêkan makatên wau sayêktosipun botên namung dumunung wontên ing lare alit kemawon, ugi ragi limrah katindakakên ing tiyang sêpuh, namung beda sawatawis, tumraping tiyang sêpuh kamelikanipun botên namung dhumawah ing badanipun piyambak, [piyamba...]

--- 524 ---

[...k,] ugi numrapi dhatêng sanak sadhèrèk, santana tuwin pawong mitra, nanging sadaya wau inggih atêgês mêkaraning badanipun.

Tumraping bêbasan andum amilih, limrahipun namung kangge nyanepakakên tumrap tiyang amandum siti lajêng milih piyambak. Tamtunipun mênggahing siti, pinanggihipun inggih namung wontên ing kala jaman mirah siti, cêthanipun inggih kala jaman taksih wontên pêpêrangan, dêdongenganipun makatên:

Kala ing jaman kina, ing tanah Jawi botên wontên kèndêlipun tansah wontên pêpêrangan, lêpatipun saking para alit ingkang damêl gêgunungan nêdya ngagêngakên wêwêngkon, inggih tuwuh saking para agung ingkang badhe ngagêngakên panguwaos. Mila pinanggihipun kala jaman samantên, botên nate têntrêm, sakêdhap-sakêdhap barusahan, saya malih tumrapipun tiyang alit ing dhusun, botên sagêd têntrêm anggènipun mêngku bale griya, gêsangipun namung gumantung wontên ingkang nguwaosi, inggih punika ingkang mênang. Wontêning barusahan dhumawah ing tiyang dhusun, awit tiyang dhusun punika kalap sadayanipun, inggih bau inggih wos pantunipun. Bau migunani dhatêng kasantosaning prajurit, rijêki tumănja dados pikuwating gêsang. Dados para ambêg prawira kala ing jaman kina, têtela bilih kêkiyatanipun sinanggi ing para kawula alit ing dhusun.

Tumindaking lampah pêpêrangan dipun tindhihi ing tiyang piniji, ingkang dipun wastani senapati. Inggih senapati wau ingkang wênang anjênang ebor, mranata ing sadayanipun, pinanggihing awon sae inggih wontên ing senapati.

Awratipun tiyang dados senapati, botên baèn-baèn, tiyang ingkang botên kadunungan manah kaluhuraning prajurit, botên dumugi anggagas, agêngipun kapengin dados senapati. Nanging mênggah agênging panguwaosipun, sintêna kemawon kapengin anglampahi.

Rêrigêning senapati kalanipun paprangan, amisudha tiyang dados prajurit, kanthi amanci têdhanipun. Tamtu kemawon pamilihing punggawa wau kanthi panimbang ingkang mikantuki, makatên ugi ing bab pêpancèning têdhanipun, ugi kagalih prayogi, dene ingkang dados pancèn têdha wau siti.

Mênggah kalimrahipun pinanggihing tindak wau andum amilih, nanging botên nama awon, awit andum saha pamilih wau tumănja dados jalaran. Dene andum amilih ingkang nama awon, punika ingkang mêngku kamelikan lugu. Kados ingkang kapratelakakên ing nginggil.

Sarêng dumugi têntrêming jaman, kamulyaning para punggawa katingal, sami abêngkok siti êloh, malah salajêngipun sagêd tumurun dhatêng anak putu. Sanadyan sampun dumugi canggah warèng, manawi dipun utus manginggil, taksih katingal labêtipun.

Nanging sarêng jamanipun ewah, kawiryan kêdah dipun angkati piyambak, kamulyan turunan wau lajêng ical, dene pinanggihipun malah saya prayogi.

Wosing karangan punika nalurèkakên lajênging paribasan andum amilih, èmpêripun kados makatên.

--- 525 ---

Bab Ringgit

Gunungan

Para maos tamtunipun botên kêkilapan dhatêng ringgit ingkang nama gunungan, inggih kayon. Nanging ing ngriki prêlu kapratelakakên sakêdhik, kenging kangge jangkêp-jangkêp cariyos bab ringgit.

Mênggah gunungan punika lugunipun inggih nama kayon, awit wujudipun amêtha kêkajêngan agêng, mila manawi dhalang ngringgit sampun rampung, panutupipun mawi nancêbakên gunungan wontên ing têngah, dipun wastani tancêp kayon, kajêngipun sampun têlas.

Gunungan punika kangge tăndha warni-warni, kados ta: manawi dipun tancêbakên ing têngah, atêgês ing ngriku botên wontên punapa-punapa, upaminipun ing sadèrèngipun jêjêr, gunungan sampun tumancêp ing têngah, punika botên gadhah kajêng punapa-punapa, namung atêgês suwung. Yèn ta dipun piridna ing jaman tonil-tonilan, dados gêbêring jawi piyambak, wontênipun gêgambaran ingkang katingal botên araos gêsang, namung dados sawangan kemawon, makatên ugi mênggahing gunungan.

Gunungan ugi kangge pêpindhaning gapura karaton, kanggenipun manawi nuju ngajêngakên kadhatonan, ing gunungan wau inggih wontên pêpêthanipun kori, ingkang dipun dèkèki rêrênggan rêca kêkalih ngapit-apit gapura, dipun pindhakakên Bathara Cingkarabala tuwin Balaupata, dewa ingkang rumêksa korining suwarga. Anggènipun gunungan dipun angge makatên wau kalanipun bibar jêjêr, inggih punika sajêngkaripun nata sinewaka, sadumugining ngajêng gapura lajêng kèndêl, nata wau lajêng nyawang kawontênaning gapura, sarana dipun ucapakên ing ki dhalang ing bab rêrêngganing gapura tuwin kawontênaning karaton.

Têtêmbunganing dhalang wau nama umpak-umpakan, awit sadaya ingkang kangge mindhakakên sami langkung saking mêsthi, kados ta ngucapakên agênging gapura kados rêdi Sêmèru, inggilipun ngungkuli wit kalapa, pucaking gapura dipun dèkèki mirah agêngipun saêpuhjênggi, sorotipun ngantos ngêmbari srêngenge. Măngka puhjênggi punika alit-alitipun sakalapa. Tuwin taksih kathah ucap-ucapan malih ingkang ngrêrêngga agêng saha kaluhuraning kadhaton ingkang dipun ucapakên wau, sadaya sami nama umpak-umpakan. Mênggah kajênging umpak-umpakan wau prêlunipun kangge anggêsangakên căndra, awit ucapipun ing ngriku sadaya angangkah damêl gêsangipun ingkang dipun ucapakên.

Kangge mindhakakên angin, kados ta manawi nuju pêpêrangan ngêdalakên pangabaran angin, punika gunungan dipun lampahakên kados mêdal saking badaning ringgit ingkang ngêdalakên pangabaran, panêmpuhipun dhatêng mêngsah kados angin agêng angatutakên tiyang. Makatên ugi tumrap Radèn Bratasena kalanipun ngêdalakên bayu. Gunungan ingkang dipun pindhakakên [pi...]

--- 526 ---

[...ndhakakên] angin wau lampahipun kêdhêr, inggih sumiyut, tumrap pangraosipun tiyang ingkang ningali, kados anggadhahi raos angin yêktos.

Kangge mindhakakên latu, punika ugi kalanipun nuju ngêdalakên pangabaran, ambêsmi, anggènipun anglampahakên sami kemawon. Nanging dipun walik, gunungan kangge mindhakakên latu, mirid saking pulasing gunungan ingkang sasisih abrit byur.

Kangge mindhakakên wana utawi rêdi, inggih punika kalanipun sinatriya ngambah wana utawi mandhap saking rêdi. Manawi kangge mindhakakên wana katingal mungguh, awit ing gunungan ngriku inggih wontên gambaraning kewan.

Kangge gêdhong, inggih punika kalanipun pondhongan.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih gunungan punika manawi tumancêp ing têngah suwung botên wontên punapa-punapa, punika tumrap wontênipun salêbêting wayangan ugi makatên, kados ta manawi gunungan tumancêp, anandhakakên mêgat cariyos, badhe santun cariyos sanès, dene manawi kasêsa wancinipun, namung dipun lampahakên wongsal-wangsul kemawon wontên ing kêlir, sampun atêgês nyigêg lampahan.

Tumrap tiyang ningali ringgit, saya tumrap lare alit, manawi nuju mêdal gunungan punika rumaos botên sênêng. Nanging mênggahing sajatosipun, kalanipun mêdal gunungan punika, dhalang ngucapakên pagêdhonganing cariyos kanthi cêkakan, nyambêti cariyos ingkang sampun, kalihan nyandhak cariyos ingkang badhe dipun wiwiti malih. Punapa malih manawi nuju ngucapakên alas-alasan, tuwin sanèsipun ingkang botên mawi mujudakên ringgit, punika ugi botên tilar sêngsêm.

Dados mênggahing gunungan, punika sajatosipun inggih gadhah raos gêsang.

Têtanèn cara Cisaruah Bogor

[Grafik]

Mênggah caraning ngulah siti tumrap ing Bogor, wontên tiyang maluku namung ngangge lêmbu satunggal. Punika tumraping têtiyang ing nagari ingkang botên nindakakên kados makatên, tamtu anganggêp botên prayogi, awit limrahipun ngangge maesa sarakit, tur bênthung-bênthung. Nanging sampun kasupèn dhatêng têtêmbungan: desa mawa cara, nagara mawa tata.

--- 527 ---

Pawartos Wigatos

Têtandhingan Karangan Kangge Petangan Cacah Jiwa Taun 1930

Kantor pametang cacah jiwa (volkstelling) taun 1930 martosakên, bilih kantor wau sampun nampi karangan saking para guru ing saindênging tanah Indhonesiah, ngantos atusan, inggih punika karangan têtandhingan kangge petangan cacah jiwa taun punika.

Ing bab isi saha gambaripun karangan-karangan wau kathah ingkang andadosakên panujuning galihipun tuwan-tuwan ingkang jumênêng kumisinipun, awit ing karangan-karangan wau cêtha, bilih para guru wau kathah ingkang sampun ambudidaya andamêl karangan ingkang sae saha nyênêngakên manah.

Wohing pambudidaya wau benjing tumindaking petangan cacah jiwa, sampun tamtu badhe agêng paedahipun tumrap prêlu umum.

Awit saking punika kumisi ngaturakên gênging panuwunipun dhatêng para guru wau.

Ing wiwitanipun wulan April punika panampining karangan kangge têtandhingan wau sampun katutup, jalaran sêdyanipun kumisi, botên dangu malih badhe ngumumakên ing sêrat-sêrat kabar, pundi karangan ingkang angsal ganjaran utawi ingkang angsal sêrat pangalêmbana.

Bab Lampahing Kajawèn

Ananggapi karanganipun sadhèrèk K. 3377 ingkang mêdal ing kalawarti Kajawèn ăngka 28, wosipun anggalih bab rêndhêting lampahing Kajawèn, punika kasinggihan sangêt, pancèn sampun sawatawis dangu anggèn kula gadhah krêntêg pados pamanggih kadospundi prayoginipun kêkasih kita rara Kajawèn lampahipun sagêd lulus dumugi ing pundi ingkang dipun tuju, ananging mêksa dèrèng sagêd angsal wêwêngan ingkang prêmati. Ing salêbêtipun kula gadhah pamanahan ingkang kados makatên wau, saupami kula punika dèrèng kapanjingan trisna sangêt dhatêng rara Kajawèn, punapa malih manah botên kasabar-sabarakên, kêkasih kula wau rak sampun kula sukani sêrat talak (pêgat), kabêkta saking punapa, botên sanès jalaranipun kados ing ngandhap punika.

I. Dhatêngipun Kajawèn, kenging kaparibasakakên lumpat kidang, têgêsipun makatên, upami mêntas karawuhan rara Kajawèn ăngka 1, 2, 3, 4, sarêng dumugi ăngka 5 botên karsa rawuh. Ăngka 6, 7, 8, rawuh malih, ingkang ăngka 9 inggih botên karsa rawuh, makatên sapiturutipun, mampir wontên ing pundi kula botên têrang.

II. Têrkadhang sarêng rara Kajawèn thimik-thimik sagêd lulus lampahipun, jêbul sampun awujud pating calerong botên angrêsêpakên, punapa malih [ma...]

--- 528 ---

[...lih] sêmêkanipun (ban) sampun suwèk, bêgja-bêgjanipun sampun kêndho, katingal mêntas dipun lukari. Kintên kula kemawon rara Kajawèn punika lampahipun wontên ing margi mawi wiraga ingkang tansah angiwi-iwi mèmpêr Mas Ajêng Sakarin, saya luconing Mas Petruk raosipun cêmêthil kados bakaran klungsu. Sanadyan makatêna nanging bok inggih mawi têpa-têpa, yèn sampun cêkap prêlunipun punika prayogi dipun lilanana nêrusakên lampah.

Ing wasana mugi para maos kaparênga paring pangapuntên.[3]

Ki Ajar Saloka.

Jagading Wanita

Ngumbah-umbahi tuwin nyêtrika pangangge.

Tumraping tiyang gêgriya, sami-sami padamêlan, ingkang kapetang kathah warninipun punika namung băngsa padamêlan èstri, mila dados tiyang èstri makatên yèn dipun manah panjang, ing bab awrating têtanggêlan prasasat mèh sami kemawon kalihan têtanggêlaning tiyang jalêr. Awit kajawi kêdah sagêd adamêl tata têntrêming bale pemahan saisèn-isènipun sadaya, inggih kêdah mangrêtos tuwin angatos-atos ing bab lêbêt wêdaling arta, tuwin sampun ngantos kêkirangan.

Upaminipun tiyang jalêr blănja f 50.-, anak kathah, samukawis tansah sarwa ambêrahakên, griya nyewa, barang-barang tumbas, padamêlan saênyèk arta, măngka tiyang èstri namung trimah awêdhak pupur, angrêrêngga busana saha sagêdipun namung trimah prentah kemawon. Ingkang makatên punika bokmanawi asring dhumawah ing susah amargi kêkirangan, mila ingkang prêlu dados pamanahan inggih kaum kita ingkang pamêdalipun namung sakêdhik.

Ing ngriki kula tumut urun udhu ing bab kawruh nyêtrika. Sanajana bab nyêtrika punika padamêlanipun juru malantên (tukang pênatu), nanging gampil katindakakên dening sadhengah tiyang èstri, dados sagêd nyênyuda wêdaling arta sawatawis, inggih punika ingkang mêsthinipun katampi ing tukang pênatu. Saha malih sanajan mênatu wau kalêbêt padamêlan gampil, nanging manawi botên nate sinau inggih botên sagêd. Wondene tumindaking damêl ugi kaangkaha sakuwagangipun, mênggah têrangipun makatên:

Pangangge ingkang rêgêd kagodhoga mawi sabun rumiyin ngantos umob, nanging sampun ngantos gosong, dados kêdah dipun pratikêlakên kados patraping tiyang ambabar sêratan. Sasampunipun makatên kaêntas, karêndhêm ing wadhah panggodhogan wau watawis sadintên sadalu, supados luntur rêrêgêdipun. Dene tumrap pangangge ingkang mawi sêkaran abrit, ijêm, biru sapanunggilanipun,

--- 529 ---

tur sagêd luntur botên prêlu kagodhog, samantêna ugi botên kenging kaêmor ing barang-barang ingkang pêthak. Mindhak anglunturi.

Sasampuning kapêndhêt saking pangrêndhêman, nuntên kakumbah mawi kakêplok, nanging sampun ngantos kêrosan mindhak nyuwèkakên barang. Sasampuning kawanting lajêng kaêpe wontên ing papan bêntèr, wontên ing ngriku dipun usar-usari sabun malih, bokmanawi wontên rêrêgêdipun ingkang lèngkèt, dados sagêd ical babarpisan. Yèn sampun malêm kakêplok malih, lajêng kagirah ngantos rêsik, yèn wontên balêntong, măngka ngangkah icalipun, kenging ugi kagosok mawi janggêl kanthi sabun. Sarampunging panggirah lajêng dipun kalanthang ngantos garing. Yèn sampun garing nuntên dipun kanji. Kanji wau pathi pohung, pathi garut utawi tajin. Panganjinipun kaêmorana nilawrêdi, sampun kêkathahên, kaangkaha namung rêmu-rêmu, sasampunipun kapêrês nuntên kaêpe ngantos garing.

[Grafik]

Pamulangan kagunan èstri ing Pariyaman, Sumatrah Kilèn.

Yèn barang-barang kanjèn wau sampun garing kaêntas, katumpuk ing meja sêtrikan, kapyur-pyuran toya supados dados lêmês, murih waradin kaulêt-ulêt sawatawis.

Sasampunipun makatên lajêng miwiti nyêtrika, kaangkaha sampun ngantos gosong utawi kabêsmi, mila pundi ingkang kirang malêm dipun osèr-osèri toya ngangge kacu ingkang pêthak tur rêsik. Miwiti saking bagian gêgêr punapa lêngên, punika kanggening băngsa rasukan, sakêparêngipun kenging kemawon, samantên ugi tumrap barang sanèsipun.

Mênggah paedahipun barang-barang sêmbêt dipun sêtrika supados botên anjêngkêrut, nanging klimis, dados rêsik lan sae, saha malih sakeca anggenipun.

Wondene papan ingkang badhe kangge nyêtrika wau kêdah mawi kalemekan barang ingkang sawatawis kandêl sarta êmpuk. Samantên ugi sêtrikanipun, manawi awis-awis kangge prayogi kagosok rumiyin mawi gêrusan banon, supados ical timbrahipun, botên ngrêgêdi barang sêtrikan.

Sampun, anggèn kula urun namung dumugi samantên punika, bilih wontên kêkiranganipun nyuwun pangaksama, jêr wosipun namung mêmèngêt kawajibaning èstri punika supados ragi sagêd nyênyuda wêdaling arta, têgêsipun anggêmèni kaskayaning tiyang jalêr.

Juwariyah, Tumpang.

--- 530 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pangajaran Tumrap lare Budhêg Bisu tuwin Lare ingkang Suda Pamirêngipun.

Petruk: Ora Kang Garèng, aku arêp takon nyang kowe, mungguh sababe bae apa, wong kuwi nèk bisu, kupinge kok ora tau cêmêngkling, nanging budhêge malah anjampêng. Iki arane rak diukum dhobêl, padhane kaya priyayi sing dhêmên ropyon-ropyon ambuwangi dhuwit, nanging rada kêlepyan sing dibuwangi mau dhuwite nagara, hla kuwi ukumane iya gêgandhengan kaya pêngantèn anyar, têgêse: ya dikon ngalironi dhuwit sing wis dianggo, iya dikon rêngêng-rêngêng ana ing hotèl prodheo. Yak, diukum kuwi bok ya siji bae, nèk bisu ya bisu bae, nèk budhêg ya budhêg bae. Dadi sathithik-sathithik bisa anggêmagus.

[Grafik]

Garèng: Lo, aku kok ora ngrêti kandhamu kiyi, nèk mung pinaringan cacad siji bisa anggêmagus, kuwi kapriye karêpmu.

Petruk: Kuwi mangkene, nèk mung budhêg thok bae, yèn omong-omongan karo wong liya, sing diajak omong aja nganti olèh papan kanggo amangsuli utawa mèlu omong, nanging kenene kudu têrus bae anggone ngêcuprus. Dadi wong liya ora bakal wêruh yèn kene budhêg jampêng. Yèn cacade mau mung bisu thok, dadi ora budhêg, banjur ngemba uriping wali, têgêse: nèk ana wong têka banjur gèdhèg-gèdhèg kaya wong sing lagi patakur, wusanane wong-wong akèh mêsthi anduwèni pêngira, yèn kenene kiyi bangsaning wali kêpêndhêm, dadi banjur kajèn, balik loro pisan, sanadyan arêp mêthènthèng sathithik bae, iya ora bisa. Mulane wong bisu kuwi sing akèh watake mêsthi cugêtan atèn lan brangasan. Sabab wong kaya mangkono kuwi, tumraping apa-apa, têmtune ya mung tansah langganan kaliru ing panămpa bae.

Garèng: Tumraping wong kang budhêg bisu, akèh-akèhing wong padha ngira, yèn cacad loro mau dhewe-dhewe, ya budhêg dhewe, ya bisu dhewe. Nanging sanyatane anggone bisu kuwi, ya jalaran saka anggone budhêg. Ing sarèhning wiwit lair ora tau krungu apa-apa, têmtune iya ora bakal tuwuh pikirane arêp ngomong apa-apa, lan jalaran sajêge ora tau ngomong, [ngo...]

--- 531 ---

[...mong,] pungkasane iya banjur ora bisa ngomong babarpisan, alias bisu. Murih têrange, mara kowe saiki dak takoni: rasane usarênslah kuwi kapriye.

Petruk: Sarèh, sarèh, têgêse têmbungmu kiyi tak ocèkane dhisik. Usar kuwi têmbung Walănda, têgêse: prajurit jaranan. Slah kuwi ya têmbung Walănda manèh, têgêse: têmpiling, dadi: usarênslah, têgêse: têmpilingane prajurit jaranan, wah, kiyi rasane nyang êndhas, mêsthine ya kliyêng-kliyêng têmênan.

Garèng: Wangsulanamu kiyi arane rak ngawur wijaya. Nanging aku iya ora bakal maido, aja manèh rasane kowe wêruha, lagi jênêngane bae kiraku ya lagi kiyi kowe krungu. Usarênslah kuwi dudu têmpilingan prajurit dudu barang, nanging araning olah-olahan cara Walănda, bangsaning sladhah kae, rasane, wah, pancèn ya angglabêt bangêt. Mara, kowe dhewe bisa wêruh, apa-apa sing durung kok rungu utawa kok wêruhi, têmtune kowe iya ora bakal bisa nyumurupi rupa apadene rasane. Mêngkono uga tumrape wong sing wiwit lair ginanjar budhêg, ing sarèhning sajêge ora tau krungu apa-apa, tamtune ya wis layak bae, yèn banjur ora bisa ngomong apa-apa.

Petruk: Wah, Rèng, nèk dipikir-pikir sarana pikiran sing ora bundhêl, pancèn iya mêsakake bangêt wong kang ginanjar budhêg bisu kuwi, awit tumrap gawean apa bae têmtune iya ora bakal dikanggokake. Nèk ginanjar kacukupan mono, kaya-kaya iya ora pati bangêt-bangêt nalangsane, balik sing mlarat, playune bae gèk nyang ngêndi hara. Ing măngka upama banjur dianakake konggrès tumrap wong budhêg bisu, kiraku ing tanah Jawa kene cacahe ora sathithik.

Garèng: Ing sarèhning ing tanah Jawa kene durung tau diprêlokake dicacahake sing têmênan, iya durung bisa kawêruhan cacahe wong budhêg bisu sing nganti cèplês, nanging saindênging tanah Indhonesiah kiyi, miturut kabar, cacahe sathithik-sathithike mêsthi ora kurang saka 40000 antarane samono mau, băngsa Tionghwa kira-kira ana 2000 lan băngsa Walănda 150.

Petruk: Wadhuh, la kok sasayahira mêngkono, ing măngka tadhahe mangan wong budhêg bisu kuwi rak iya ora beda aku kowe, ta. Lan têmtune wong sêmono kuwi rak iya ora kacukupan kabèh, ta. Apa tumêkane saiki durung ana pakumpulan sing duwe sêdya arêp mitulungi para budhêg bisu mau. Nèk pancèn mula samono kêjême jagad Indhonesiah kiyi, nganti lali karo sadulur-sadulure sing ginanjar sangsara mau, tak suwun-suwun marang Ingkang Kuwasa, muga-muga enggal tumuli kiyamata bae, mung dikèrèkna: para răndha sing ayu-ayu lan aku dhewe.

Garèng: O, wong disambêr gêlap kaping sanga likur têmênan, ana mêmuji kathik melik enake dhewe bae mêngkono. Sanyatane pakumpulan sing sêdyane arêp mitulungi wong-wong sing budhêg bisu pancèn iya wis ana. Liya dina bae tak caritani sing nganti cêtha, saiki padha lèrèn samene bae dhisik.

--- 532 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

N.I.V.

Gêgayutan kalihan aksinipun Tuwan Natasurata saha Tuwan Frans ing nagari Walandi, damêl propagandhah angajêngakên dhatêng kamardikaning Indhonesiah nanging taksih gandhèng kalihan praja Nèdêrlan, Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat ing Ngayogya ingkang jumênêng pangayoman, tuwin Mr. Kluiver saha Mr. Suripta, sami tilas pangarsa saha jumênêng eerelid pakêmpalan wau, sampun anglairakên botên condhongipun bilih Nederlandsch Indonesisch Verbond nyimpang saking dhêdhasaripun kabudayan lajêng nindakakên aksi pulitik. Ingkang makatên wau bilih têtela pakêmpalan wau sumêdya kadadosakên pakêmpalan pulitik, tuwan-tuwan kasêbut nginggil badhe mêdal saking N.I.V. Miturut pamanggihipun, tumindaking N.I.V. kêdah sairib kados Java-Instituut tuwin sapanunggilanipun, dados namung mligi bab kabudayan.

Pêrang bènsin.

Wontênipun pêrang bènsin sêmunipun sampun mèh sirêp. Wiwit dintên Sabtu ingkang kapêngkêr tumrap ing Bêtawi Socony sampun ngindhakakên rêgining bènsinipun, saking 12½ sèn dumugi ... 25½ ing dalêm salitêr, dados malah langkung 1 sèn katimbang nalika dèrèng tuwuh pêrang bènsin. B.P.M. taksih ajêg nyade 12½ sèn ing dalêm salitêr, nanging kadugi botên dangu malih ugi lajêng badhe kaindhakakên.

Saking Surabaya kawartosakên B.P.M. saha Socony sampun nêtêpakên, rêgining bènsin kaindhakakên malih dados 23½ sèn.

Konggrès P.P.A.B.

Kala dintên Sabtu ingkang kapêngkêr ing Ngayogya kalampahan kawontênakên konggrèsing P.P.A.B. (Perserekatan Pegawai Afdeelingsbank) ingkang sapisan. Pang-pangipun ingkang ngintunakên wêwakil wontên 18, ingkang kapilih jumênêng pangarsa Tuwan Suryapranata.

Pamulangan luhur pangadilan.

Lulus pandadaranipun kandhidhat perangan ingkang sapisan, Tuwan Suryanata Yumênah saha Gusti I Kêtut Pujah.

Arak pêtêng.

Saking Medhan kawartosakên, pèl pulisi ing Batangkuwis sampun ngonangi satunggiling papan kangge damêl arak pêtêng wontên sawingkinging dalêmipun pangagêng dhistrik ing ngriku. Wontên băngsa Tionghwa kalih katahan, tape ingkang kabêskup wontên 9000 litêr.

Indonesisch Studiefonds.

Awit saking ada-adanipun R.A.A. Suyana, Mr. Hadi saha sanès-sanèsipun, sampun kaêdêgakên Indonesisch Studiefonds kangge mitulungi para neneman băngsa pribumi ingkang sumêdya nglajêngakên pasinaonipun dhatêng pamulangan luhur ing ngriki saha ing nagari mănca. Arta pawitan sampun wontên f 1725.- Kawartosakên, bab adêgipun wau R.A.A. Suyana sampun angunjuki uninga dhatêng Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar saha sampun angsal kasagahan saking dhirèkturing justisi badhe kaparingan panduman bêbathèn salah satunggiling lotre ingkang badhe kawontênakên.

Lotre agêng.

Wontênipun panyadean lotlot, lotre agêng sêmunipun wêkdal ingkang kantun-kantun punika ragi rêndhêt, taksih ewon cacahipun ingkang dèrèng kasade. Ing kantor Escompto ing Bêtawi saha ing Wèltêprèdhên punapadene ing panggenan sanèsipun kakantunanipun taksih kathah. Para ingkang sami mundhut lot prayogi ingkang sarantos kemawon.

Mr. Iskak.

Kawartosakên, wiwit tanggal 15 April wulan punika Mr. Iskak sampun ambikak kantor adpokat ing Makasar.

Kuli tumrap tanah sabrang saha nagari mănca.

Kados ingkang sampun kawartosakên, wontênipun kuli ingkang kakintunakên dhatêng tanah sabrang saha dhatêng nagari mănca kathah sangêt kirangipun. Salêbêtipun kuwartal ingkang sapisan taun punika cacahipun kuli ingkang kakintunakên saking Tanjungpriuk botên langkung saking 2822. Wontênipun pangintunan kuli kangge Surinamê ugi kajugag, namung ing têngahaning taun punika wontên kuli mardika 1000 ingkang badhe kakintunakên dhatêng Indhia Kilèn.

P.E.P.

Pakêmpalan Penjokong Economie Pemoeda ing Ngayogyaka kala tanggal 22-23 April ingkang kapêngkêr ngawontênakên parêpatan warga kanthi tuntunanipun Tuwan Suryapranata. Pakêmpalan wau adêgipun dèrèng dangu, ancasipun suka pitulung dhatêng para neneman băngsa pribumi ingkang asal pangajaran mawi dhêdhasar kilenan, nanging sami nganggur botên gadhah padamêlan, supados sagêd angsal panggêsangan mardika ingkang cêkap. Pangarsa nêdahakên awonipun tiyang ingkang nganggur, para neneman ingkang nganggur tumraping gêsang sêsrawungan mutawatosi. Kaemutakên sampun namung ambujêng pangkat juru sêrat kemawon, sami nindakna pakaryan ingkang mardika, among dagang, [da...]

--- 533 ---

[...gang,] ulah tani, ambukak siti tuwin sapanunggilanipun. Ingkang makatên wau prêlu angsal sambutan saking bang. Para warganipun kawajibakên nyèlèngi kangge ngawontênakên pawitan, wasana kêkênthêlaning rêmbag sumêdya ngêdêgakên toko kopêrasi.

Asiah

Jêpan

Tokiyo, 21 April. Pangeran Takamatsu saha garwa sampun angkat saking Yokohamah nitih kapal Kashimamaru tindak dhatêng nagari Inggris. Wontên ing Londhon badhe ngaturakên panarimah dhatêng Hertog van Gloucester ingkang kala taun kapêngkêr sampun martamu dhatêng Jêpan ngaturakên orde van den Kouseband dhatêng ingkang jumênêng Mikadho.

Tokiyo, 21 April. Parêpatan-parêpatan parlêmèn sampun katapakakên malih. Ingkang kapilih jumênêng pangarsa ing Lagerhuis Tuwan Ikunosuke, mudha pangarsanipun Tuwan Soyukoyamah.

Indhia Inggris

Kalkutah, 19 April. Parentah martosakên, wontên tiyang kraman watawis satus sami nêmpuh margi sêpur saha papan-papan panyimpênan sanjata pulisi ing Sitagong.

Kalkuta, 19 April. Wanci enjing umun-umun sadaya panggenan ingkang wigatos ing kitha Kalkutah kajagi dening kreta mawi lapis waja saha pulisi asikêp dêdamêl. Toko-toko sanjata kajagi kanthi kêncêng. Ing nginggil kitha dipun mêmanuki mawi mêsin mabur. Wontên warga kumisi konggrès, cacah 21 kacêpêng. Kajawi punika taksih kathah sanèsipun ingkang ugi kacêpêng. Ing saindênging kitha katindakakên panggledhahan, langkung-langkung ing kantoring kumisi konggrès. Wontên sêrat sawatawis kabêskup.

Bombai, 20 April. Mirid ungêling tilgram saking pangarsaning konpêrènsi kaum muslimin, têtela para kaum muslimin sami botên anyondhongi wontênipun aksi mogok ambêguguk. Kasêbut ing tilgram wau, para kaum muslimin sampun ngantos dados pirantosing liyan.

Sitagong, 22 April. Kawontênanipun sampun pulih kados wingi uni. Sawatawis mil saking Sitagong wontên prajurit kapalêri, cacah tiyang kawan dasa campuh pêrang mêngsah tiyang kraman tigang dasa. Kala dahuru tanggal 19 April kadugi wontên tiyang sanga ingkang tiwas, inggih punika băngsa Eropah 2, pulisi 3 saha sopir taksi 4.

Eropah

Arbeidsconferentie

Kawartosakên, ingkang minăngka utusanipun parentah Nèdêrlan dhatêng Arbeidsconferentie ing Genève benjing wulan Juni ngajêng punika, ingkang badhe ngrêmbag bab pakaryan pêksan, inggih punika Mgr. Nolens saha Tuwan Moresco, tilas pisê presidhèn rad Indhia.

Ingkang kapiji jumênêng parampara parentah (regeeringsadviseur) R.A.A. Suyana, gedelegeerde rad kawula saha Dr. Haga tumrap pangrèh praja perangan tanah sabrang.

Tuwan H.A. Salim ingkang minăngka parampara utusanipun para kaum bêrah, dene Mr. Nolst Trénité saha Dr. Buffart badhe jumênêng parampara utusanipun para kaum majikan.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 4220 ing Jakênan. Karangan tuwin gambar lucon ingkang dhatêng Kajawèn sampun katampèn, nanging sami botên kapacak, amargi tumrap karangan raos Jawi adhapur pakabaran. Panglipur manah tuwin gambar, sami kirang mungguh. Kauningana. Karangan sanèsipun sawêg kapriksa.

Lêngganan nomêr 4287 ing Meron. Redhaksi Kajawèn botên sagêd ngaturi katrangan pandangu panjênêngan, amargi sanès lêrêsipun.

Tuwan Kaprawi ing Bogor. Kajawèn botên ngawontênakên pituwas tumrap karangan.

Tuwan Jamil, ing Soka. Bab babagan dagang kawulangakên wontên ing pamulangan ăngka II ingkang dumugi klas 6. Bab têtanèn, prayogi nyuwun katrangan dhatêng Lanbao konsulèn ingkang ambawahakên panggenan panjênêngan.

Lêngganan nomêr 2808 ing Surakarta. Tanggal 20 Siyam 1907 dhawah ing dintên Sênèn Pon, tanggal kaping 27 Nopèmbêr, taun Ehe 1836.

Lêngganan nomêr 10 ing Banyuwangi. Tanggal 19 Sura 1846 dhawah ing dintên Sêtu Kliwon, tanggal 29 Nopèmbêr 1915.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4962 ing Jombang, manawi sadaya pitakenan kêdah dipun wangsuli ing Kajawèn, têmtu badhe nêlasakên papan, satêmah ngirangakên isinipun, adamêl kapitunan panjênêngan sadaya, amila namung dipun pilih ingkang prêlu-prêlu. Dene kintunan panjênêngan, inggih sampun kula tampi, tandhanipun Kajawèn taksih ajêg sowan.

Lêngganan nomêr 4263 ing Jragan. Pambantu karangan, punapa pambatu ngupados lêngganan ingkang panjênêngan dangokakên.

Lêngganan nomêr 1773 ing Jêthis (Kroyah), Kajawèn ajêg kula kintun. Nomêr pintên ingkang botên tampi.

--- 534 ---

Wêwaosan

Cariyos Calonarang

Babon saking basa Kawi, kajarwakakên mawi sêkar macapat, dening Radèn Wiradat ing Surakarta.

1

[Kinanthi]

Aom awigênamastu | ana carita ing nguni | sang wrêda marwadi kata | kautamane sang yogi | anama Êmpu Baradhah | ngasrama ing Lêmahtulis ||

pra janma suyud sumungku | sang pandhita dèn pêpundhi | pindha dewa ngejawantah | wruh pandum pandoming Widi | widagda ing kawidagdan | wadining weda winardi ||

têtapa sangêt ginêntur | anggantêr puja sêmadi | ya ta wau sang pandhita | pêputra putri sawiji | wanci rumucuh tanggungan | duk nêdhêng rumaja putri ||

ing warna sampurna ayu | yayah hyang-hyanging yuwati | sarira rurus araras | gandês luwês anglam-lami | wagune dadi wiraga | pamulu kuning jêkining ||

rai nopèng mutri Galuh | sarwa ramping kaduk manis | netra blerah angusuma | kocak lindri masupati | samatra tanpa kuciwa | nama Rêtna Wedawati ||

nahên ta ingkang winuwus | ibune Dyah Wedawati | iya garwane Sang Wipra | nandhang gêrah angranuhi | madal salwiring usada | sida seda marang Sidhi ||

sadesa awayang-wuyung | ya ta Nikèn Wedawati | putêk mêtêk ngantak-antak | ngrungkêbi ibu kang lalis | ngrantêk sambat ngaruara | gêgulangan ngolang-ngaling ||

panangise layung-layung | dhuh ibuku kathik lalis | lulus pisah lawan ingwang | sapa sing asih mring mami | adhuh dewa dhuh bathara | kula nyuwun milu mati ||

sang dyah lungguh manggung angluh | ayune saya nêlahi | luh ngêlêb idêp ngêcombang | netra bang balut abintik | muwuhi luruh jêtmika | lathi mèngèr-mèngèr dhamis ||

tan wus wuwusên kang giyuh | layon sampun dèn ruktèni | tinunu anèng pasetran | pinaripurnèng sêsaji | rampunging pangupakara | kang nglayat wus sami mulih ||

ya ta ing antara dangu | sang wiku wus rabi malih | patutan jalu satunggal | wayah lagi ambêlêri | wus bisa atrap bêbêdan | nalika iku sang yogi ||

Êmpu Baradhah anuju | tindak mulang para murid | mring patapan Wiswamuka | miwah mawedastusidhi | sinudha widhi-widhana | kocapa Sang Wedawati ||

ibune kuwalon nyêndhu | Wedawati sangêt sêrik | anggarês karasa-rasa | marang ibune kang lalis | mila lolos anglès marang | pancakaning ibu nguni ||

sadalan-dalan rawat luh | sêmpoyongan kudhung jarit | satêkane ing pasetran | anjujug ngisor waringin | ing kono ana kunarpa | pating glundhung têlung iji ||

patute mati tinêluh | mayit èstri kang sawiji | ana anake brangkangan | maksih urip angamploki | dhadhaning biyung kang pêjah | ngêthapêl anusu mayit ||

seg-segan dirubung sêmut | Wedawati aningali | tyas rêncêm trênyuh sru wêlas | trocosan marêbês mili | sang rêtna lajêng tumindak | lumampah nglêntrêng ngalêntrih ||

mring prênahe duk anunu | kunarpaning ibu nguni | sang dyah ngêsah sru sêsambat: | dhuh ibu ingsun kasyasih | susah pisah lawan sira | tumuli gawanên mati ||

sang ayu asênggruk-sênggruk | tansah mingsêg-mingsêg nangis | sigêg ganti kang winarna | Êmpu Baradhah sang yogi | riwusnya mêmulang siswa | wangsul marang Lêmahtulis ||

duk lagi lênggah sang wiku | linapuran mring kang swami | yèn Wedawati grêjêgan | rêbutan kêmbang lan ari | lajêng minggat tan pamitan | dèn ulati tan kapanggih ||

sang pandhita ngandika rum: | aku dhewe kang ngulari | nyat laju jumênêng tindak | lumampah dumugi têgil | tanya lare angon menda | ngandika ruruh aririh ||

e gus, kowe apa wêruh | anakku Si Wedawati | ênggih wau kulaninga | lare èstri ayu nangis | kudhung slendhang sambat-sambat | ibune sing êmpun mati ||

liwat kidul ngriku wau | sang yogi enggal nututi | angênêr marang pasetran | praptèng pancakaning rabi | uninga tapaking putra | duk ngepon nglosot nèng siti ||

sang wiku mulat lor kidul | katon Sang Dyah Wedawati | andhingkluk lênggah ing sela | sêlaning wrêksa gung nambi | kêpuh angrongkop nyrêkakah | singup sêntru anglêndhuki ||

Sang Baradhah tandya mêngkul | babo putraningsun gusti | anggèr uwis aja susah | anggung anggagas kang lalis | ibumu uwis sampurna | mulih marang sawargadi ||

apa ta sira kalimput | wêwulangku wingi-wingi | wis lumrahe wong tumitah | mêsthi katêkan ing pati | mulane nini lêjara | aja andêdawa sêdhih ||

sang dyah anggung ngusapi luh | umatur kalawan nangis | aku mati bae rama | milu sibu sing wis swargi | adhuh rara nora kêna | anggege măngsa tan bêcik ||

nuruta ya nggèr wong ayu | ayo Wedawati mulih | rinapu-rapu sang rêtna | kêndhih mêndha dènnya sêdhih | nuli wangsul mring asrama | satêkaning Lêmahtulis ||

anatas sadalu muput | winêjang Dyah Wedawati | ing ngèlmu kayogiswaran | murih santosa ing galih | dhasare sang dyah gathekan | trampil graitane titis ||

wus antara laminipun | lunta lumintanging sasi | sang pandhita nuju tindak | mring pataman mulang malih | lan mêmule ulah puja | mangastungkara dewadi ||

kukusing ratus kumêlun | mulêg muluk mring wiyati | Sang Wipra dèn adhêp siswa | pra siswa kasok kaèksi | kasêngsêm tan kesah-kesah | kusung-kusung misungsung sih ||

sigêg ganti kang winuwus | Wedawati congkrah malih | ibune anyar angrampyang | sang dyah sêrike kapati | trus putung atine têkan | tan ana tinaha ing sih ||

lajêng lumajêng anjujug | pasetraning ibu malih | mêlêng milalu antaka | sêsambate amlasasih | tan liyan mung minta nunggal | lan ibu ingkang wus swargi || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

 


Surabaya. (kembali)
tuwi. (kembali)
Sanadyan panyaruwe ing nginggil punika botên cêplos anyariyosakên nagari pundi, nanging ugi sagêd angèngingi dhatêng sintên kemawon ingkang gadhah tindak kados makatên, awit redhaksi Kajawèn inggih botên kêndhat tampi sêrêgan bab lampahing Kajawèn. (kembali)