Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05-14, #499

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05-14, #499. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05-14, #499. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 39, 15 Bêsar Taun Ehe 1860, 14 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [599] ---

Ôngka 39, 15 Bêsar Taun Ehe 1860, 14 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kènnémêrland nagari Walandi

[Grafik]

Mêkaring sêkar krokus ing sabibaring môngsa asrêp (lente)

--- 600 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Wajibing Ngagêsang.

Kawontênan ingkang gumêlar ing donya ingkang katingal wujud gêsang agêng anjêgêrêng, inggih punika manungsa, kewan lan têtuwuhan. Sadaya wau sagêdipun gêsang sarana nêdha, tumrap têtuwuhan nêdha utawi nyêrot sari-sarining siti ingkang dipun cêbloki. Tumrapipun manungsa gêsang wajib nêdha saprêlunipun saha kêdah ngrêksa kasarasaning badan, awit manawi badan saras lan kiyat, botên gampil katrajang ing sêsakit, kajawi punika badan kraos ajêg botên ewah, tilêm lumampah, nyambut damêl lan lanès-sanèsipun sagêd sakeca lan trêngginas.

Murih têtiyang sagêd nata pangatos-atos, ingkang ancasipun badhe sagêd damêl sarasing badan wau, kadumugènipun prêlu kêdah nyumêrêpi lampah-lampahing têtêdhan ingkang manjing ing badan. Lampah-lampah wau kados botên prêlu nyumêrêpi ngantos gambêlang sangêt, cêkap manawi têtiyang nindakakên saprêlunipun, sampun kenging kangge gêgaraning pangatos-atos.

Sakawit tiyang punika ngupa boga kanthi migunakakên suku kangge mlampah pados panggêsangan, yèn sampun angsal, tangan ingkang kêdah rumagang kanthi kabiyantu ing pôncadriya inggih punika paningal, pamirêng, panggônda, lan pangraos badan têrus ing manah, angsal-angsalanipun rumagang ing damêl wau kasêbut asiling pangupa boga. Asil wau taksih nama barang mêntah, sagêdipun tumônja ing badan kêdah dipun ratêngi. Ratêngan punika sakawit kalêbêtakên ing cangkêm nuntên kamamah sarana untu ngantos lêmbat, prêluning lêmbat punika sagêda mitulungi rêkaosing panggilêsipun wadhuk. Têtêdhan ingkang lêmbat wau kaulêt ngangge idu ingkang mêdal saking saubênging cangkêm wau, lajêng dados lunyu gampil kaulu. Manawi kirang lunyu tumrap tiyang sêpuh ingkang nêdha botên mawi duduh utawi kirang duduh lajêng sagêd kasêrêdên, têtêdhan kenging dayaning idu sagêd dados gampil ajuripun.

Têtêdhan ing cangkêm ingkang sampun lêmbat lunyu lajêng kaulu. Pangulunipun sarana êlêt-êlêt. Êlêt-êlêt punika dumunung ing gulu jèjèr (ngajêng wingking) kalihan gurung. Gurung wau pirantos kangge ambêgan tansah nglêbêt ngêdalakên hawa napas kemawon tanpa kêndhat, mila lajêng wontên awisan, manawi lare pinuju nêdha wicantên, tiyang sêpuhipun mungêl: nèk lagi mangan ora kêna padon. Iku ora ilok, utawi manawi tiyang nêdha sampun wicantên kathah-kathah, manawi kapêksa kêdah wicantên, amargi wontên kônca utawi tamu rêmbagan ingkang pitakèn kêdah dipun jawab, punika manawi cangkêm pinuju kêbak têtêdhan inggih kacandhêt sawatawis rumiyin ngantos têtêdhan sampun kaulu. Têrangipun makatên: ing têlak tiyang punika wontên sêntilipun pirantos kangge nutup gurung manawi nuju nêdha, utawi pirantos kangge nutup êlêt-êlêt manawi nuju wicantên. Dados yèn nêdha lajêng wicantên, [wicantê...]

--- 601 ---

[...n,] pun têtêdhan lajêng sagêd wangsul kasurung dening hawa wicantên, amargi pun sêntil ingkang kasurung hawa sagêd mênga, wangsuling têtêdhan wau lajêng sagêd lumêbêd gurung sakêdhik ingkang kawastanan kasêlak, punika sarana ngagèt lajêng kalêbêt ing irung. Tumrapipun tiyang sêpuh sangêt utawi bayi, bab kasêlak punika asring aniwasi, jalaran lumêbêtipun têtêdhan sakêdhik ing gurung, lajêng sagêd dhatêng ing pipa-pipa kêbuk, punika sagêd nukulakên sêsakit longontsteking ingkang ambêbayani. Têtêdhan ing cangkêm ingkang sampun lêmbat lunyu lajêng kaulu sakawit tumandho ing wadhuk, wontên ing wadhuk lajêng kagilês kaulêt sarana toyaning wadhuk (zoutzuur) raosipun kêcut sangêt, têtêdhan kenging toya kêcut wau lajêng lêbur dados bubur, sarinipun kenging kaisêp ing urat êrah. Sawatawis 3-5 jam wontên ing wadhuk nuntên mandhap lumêbêt ing usus 12 nyari panjangipun, ing ngriku kèndêl malih sarta kaêjur malih kenging kaisêp ing urat êrah ngantos kantun ampas. Ampas punika dèrèng nama têlas sarinipun, lajêng mlêbêt ing usus alus, samargi-margi tansah kaisêp urat êrah ngantos dados ampas sayêktos, pun ampas lumêbêt ing usus kandêl ingkang tansah mêlar mingkup nuntên dumugi ing dubur lajêng kabucal.

Sapunika urat êrah ambêkta sari wau dhatêng badan sakojur, nama suka têtêdhan dhatêng saranduning badan, ing ngriku tuwuhing kêkiyatan adamêl sêgêring badan sakojur.

Dados tiyang gêsang punika kêdah nêdha, sadaya solah-bawa lan ebahing peranganing badan punika sarana kêkiyatan. Wêdaling kêkiyatan kanthi wêdaling isining badan, saya kathah kalonging isinipun badan, upami tiyang gêgêni kajêngipun sami dados awu, tumrapipun badan inggih makatên ugi. Wondene kalongipun wau kêdah dipun lintoni sarana nêdha, manawi botên nêdha botên gadhah kêkiyatan wêkasan pêjah, dados têdha punika prasasat suka kêkiyatan. Kajawi punika têdha punika inggih nuwuhakên bêntèr ingkang prêlu sangêt tumraping ngagêsang, bêntèring badan kenging kaupamèkakên pawoning pabrik, manawi latuning pawon botên gêsang mêsin-mêsin botên lumampah.

Cariyos Kina

Kêpêl Bima

Ing Kajawèn tanggal 29 Marêt 1930 ôngka 26, kula sampun maos karanganipun P.K. 585 anêrangakên kawontênanipun tapak Bima ing paresidhenan Surakarta. Kula rumaos cuwa sangêt ing manah, dene kula botên sagêd urun anggancarakên lajêngipun dêdongengan wau, kadosdene pamundhutipun ingkang ngarang, namung sagêd ngaturi cocoganipun, minôngka pandhinganipun tapak dêlamakan Bima wau, inggih punika tapak èpèk-èpèk Bima, nanging botên awujud tapak [tapa...]

--- 602 ---

[...k] tangan kajrêbèbèhakên, wontênipun tapak tangan kakêpêlakên, dados tapak wau katawis wontên ing barang ingkang dipun kêpêl, pramila tiyang kathah lajêng mastani kêpêl Bima utawi kêpêlan Bima utawi inggih sok dipun sêbut: watu kêpêl. Ewasamantên wontênipun kêpêl Bima wau, inggih botên wontên tiyang ingkang sagêd nyariyosakên dêdongenganipun ingkang kenging dipun pitados, namung dêdongengan ngayawara kanthi cêkak, kados ing ngandhap punika:

ing sapinggiring margi agêng wêwêngkon dhusun Tumpang, andhèrèk wêwêngkon dhistrik Jatilawang, kabupatèn Purwakêrta, kaprênah sacêlakipun lèpèn Sêrayu, ing ngriku wontên sela wangun gilig, panjang kalih iji, agêng tuwin panjangipun botên sami. Ingkang agêng panjangipun kirang langkung kalih kaki, kubêngipun kirang langkung tigang kaki, dene sela satunggalipun malih langkung alit sarta langkung cêlak. Sela kalih iji punika sami ngadêg jajar ing pinggir margi, sarta kêbak borèh lan ing perangan nginggil kathah sêkaripun, sabab kathah-kathahing tiyang ingkang langkung ing margi punika, sok sami mrêlokakên ambêkta borèh lan sêkar kasajèkakên ing sela wau, ngapuntên punapa pikajêngipun, kula piyambak botên mangrêtos. Wondening sela kêkalih wau, ing ngiringan (giliganipun) botên alus, nanging dhêkok mubêng, mênjuluk mubêng, makatên salajêngipun, dados saèmpêr kadosdene barang dipun kêpêl, katawis wontên tapakipun dariji mubêng.

Nalika kula taksih alit, wontên satunggiling lurah sêpuh ing dhusun sacêlakipun ngriku andongèng dhatêng kula, nanging tamtu dongèng ngayawara kemawon, sabab dongèng kangge lare alit, makatên: Nalika nagari damêl margi wau, piyambakipun tumut nyambut damêl. Sarêng kuli-kuli andhudhuk siti badhe kangge ngurug panggenan ingkang taksih lêgog-lêgog lajêng manggih sela wontên ing salêbêting siti kalih iji. Sarêng margi sampun dados, sela kêkalih wau pancèn dipun jarag kaêdêgakên jajar ing tanggul margi ngantos sapriki. Dene aslinipun sela wau, ing jaman kina pancèn kêpêlan sêkul, ingkang kakêpêl dening Bima badhe katêdha, sabab kacariyos, lèpèn Sêrayu kasêbut ing ngajêng damêlanipun Bima. Ing satunggaling wêkdal, Bima pinuju kèndêl nêdha sêkul, dumadakan kadhatêngan mêngsah, botên katêrangakên mêngsah sintên, kêpêlan sêkul kantun kalih iji dèrèng ngantos kaêmplok, kasêsa nanggulangi mêngsahipun, namung samantên dongenganipun kaki lurah sêpuh dhatêng kula nalika taksih lare.

Kadosdene kula sampun matur ing ngajêng, dongengan punika tamtu ngayawara kemawon, prêlu namung kangge damêl sênêng dhatêng lare, dados inggih dongengan botên kenging dipun pitados, amila ambokbilih wontên para maos sagêd sarta karsa anggancarakên sanès cariyos malih, ingkang mèmpêr, sangêt ing panuwun kula, minôngka mêwahi sêsêrêpan.[1]

Supardan, Purwakêrta.

--- 603 ---

Bab Ringgit

Bathara Guru

Sambêtipun Kajawèn nomêr 38.

Ing sadèrèngipun wontên Pandhawa, Bathara Guru inggih sampun nate ngejawantah jumênêng nata, jêjuluk Maharaja Dewa Budha, nagarinipunn ing Mêdhangkamulan, angratoni janma manusa, lêlêmbut tuwin sawarninipun ingkang sipat nyawa. Salêbêtipun jumênêng wau tansah mranata rahayuning bumi, botên wontên isining jagad ingkang botên suyud dhatêng panjênênganipun, nanging ugi tansah wontên sabab ingkang kêdah dipun adili. Dangu-dangu Sri Maharaja Dewa Budha kêwêlèh ing tindak, jalaran dipun aturi anduradarsihi bunglon kalihan pramèswari nata. Wontênipun makatên, awit sang nata adhêdhawuh sawarnining supênan kêdah dipun duradarsihi, upami wontên sima supêna nêdha kidang, makatên sapanunggilanipun.

Kacariyos bunglon ingkang anjalari kawêlèhipun sang nata, ing sadèrèngipun tansah anggagas kanthi prihatos, awit tamtu badhe damêl karisakaning kawula, lajêng gadhah atur ingkang botên-botên. Ing ngriku bunglon lajêng gadhah atur dhatêng sang nata, nyuwun dipun duradarsihi anggènipun supêna tinariman pramèswari nata. Nanging salugunipun namung atur damêlan kemawon. Ing ngriku sang nata sakalangkung lingsêm wêkasan lajêng muksa wangsul malih makahyangan ing wukir Têngguru.

Manawi mirid kawontênaning lêlampahan, mokal sangêt manawi para dewa punika ngantos kasoran kalihan titah, nanging nyatanipun botên makatên, para dewa inggih nate kasoran kalihan tiyang limrah, têgêsipun sanès dewa, lan ugi kêrêp sangêt kahyanganipun dipun inggahi ing danawa, dewanipun lajêng pados sraya tiyang. Ingkang makatên wau nandhakakên bilih dewa punika inggih kenging apês, dene jalaraning apês tamtu wontên.

Kadosdene Sang Hyang Guru wau, sintên ingkang badhe ngintên manawi sagêd kasoran, ewadene wontên ing lêlampahan ringgit, Bathara Gurun nate kasoran, malah botên kasoran kemawon, mawi kawirangan, wontên ing lampahan caranggana, cêcariyosanipun makatên:

Kacariyos ing Praja Ngastina kataman pêpêtêng, amargi kadhaton kalêbêtan pandung aguna, nyidra Dèwi Dursilawati. Sampun kathah ingkang ngayoni pandung, nanging botên wontên ingkang angsal damêl, dalah para pandhawa pisan sami kasoran, kalêbêt Prabu Krêsna pisan. Wusana pandung aguna lêstantun ngambah pura Ngastina tanpa sônggarunggi.

Anyarêngi lêlampahan, wontên pandhita ing Awu-awu Langit, kagungan wayah jalêr bagus anèm, ambranyak ngajrih-ajrihi, sakti linangkung, tiyang dipun idoni: lonyoh, tiyang dipun salênthik: mawut, sawêk mandêng kemawon tiyang sampun gundam-gundam. Satriya wau nama Radèn Caranggana, putra panêngah Pandhawa, Radèn Dananjaya. Nanging Radèn Caranggana dèrèng sumêrêp dhatêng panêngah Pandhawa, [Pa...]

--- 604 ---

[...ndhawa,] lajêng matur ing sang bagawan, sintên ramanipun, têmbungipun ngoko kemawon. Cêkakipun botên kenging dipun kilapi, lajêng madosi dhatêng Madukara. Kados adat kalimrahaning lêlampahan ringgit.

Lampahipun Radèn Caranggana wontên ing margi manggih pakèwêd, pêrangan kalihan danawa, nanging sakêdhap kemawon sirna sadaya. Sadumuginipun ing Madukara tanpa lèrèn, botên wontên para sêpuh ingkang dipun kramani. Cêkaking cariyos inggih badhe dipun akên putra, manawi sagêd nyêpêng pandung aguna ing Ngastina. Radèn Caranggana nyagahi lajêng bidhal.

Sadumugining Ngastina lajêng madosi pandung dhatêng kaputrèn, kacariyos pandungipun kalih, sami bagus-bagus ing warni, nanging satunggalipun namung dados pandhèrèk kemawon.

Pandung kalih pisan kenging kacêpêng, lajêng dipun bên kumba, wêkasan badhar, bêdhêngis dados Hyang Guru kalihan Hyang Narada. Kalih pisan taksih dipun cêpêng Radèn Caranggana, Sang Radèn lajêng ngandika: E la, layak, la wong kowe, sapa sing arêp nandhingi. Nanging kowe apa padha ora isin, ana dewa têka duwe tindak mangkono, mêsthi bae tanpa alangan tanpa pakewuh. Kowe kapok ora.

Dewa kêkalih sami asrah kalêpatan lajêng muksa. Bab punika namung kangge pasaksèn bilih dewa punika inggih taksih kenging lêpat.

Dumugi samantên andharan bab Bathara Guru. Lêrês lêpatipun kasumanggakakên ing para maos.

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika sawangan kawontênanipun margi ing Kurinci, Sumatrah.

--- 605 ---

Raos Jawi

Raosing Lêlagon

Bokmanawi ing pundi kemawon, botên wontên bôngsa ingkang botên anggadhahi raras lêlagon ingkang nênarik manah, sanadyan tiyang ingkang taksih wanan pisan, ugi gadhah raos katarik ing manah nalika mirêngakên suwaraning lêlagon, mila satunggal-satunggaling bôngsa punapa kemawon, tamtu gadhah kasênêngan awarni têtabuhan utawi rêngêng-rêngêng ingkang manjing dados kanikmatan.

Tuwuhing raos ingkang nênarik manah wau, manawi têtêmbangan, wontên ingkang jalaran saking sakecaning swara, wontên ingkang jalaran saking suraosipun, dene jangkêpipun ingkang kêcakup kalih pisan.

Swaraning têtabuhan utawi swaraning têtêmbangan punika tumandukipun dhatêng raos beda-beda. Upaminipun tiyang jagong, nalika dumugi ing pajagongan, sanadyan lampahipun ngunthul, sarêng dipun urmati gamêlan Kêbogiro inggih janggirat, botên ketang sakêdhik, inggih lajêng mawi pêtètèng. Tiyang ingkang raosipun gathuk kalihan swaraning musik, nalika mirêng: jing, jing, inggih lajêng mungal dhadhanipun. Satunggal-satunggaling lêlagon wau tumandukipun dhatêng raosing tiyang kagambarakên kados ing ngandhap punika:

Raos ingkang damêl ngêrêsing manah. Wontên tiyang jalêr dipun tilar ngajal ingkang èstri, nilar anak sawêg umur kalih taun, bekaning lare wau tansah damêl susahing bapa, saya manawi nuju nglilir ing wanci dalu, lajêng takèn biyung, raosing manahipun bapa, kados ajur dipun rêmêt-rêmêt. Ing kalanipun lare nangis ing wanci dalu wau, lajêng dipun bopong kalihan dipun rêngêng-rêngêng. Tamtu kemawon rêngêng-rêngêngipun tiyang susah punika botên mêlang-mêlung kados pamêlungipun tiyang ngumbar swara, malah sêndhêt sajak grag-grêg kancing kalamênjingipun. Swara ingkang makatên wau, tumrap tôngga têpalih ingkang mirêngakên, tamtu kêtarik saha tumut ngêrês ing manah.

Raos ingkang damêl wêlas. Ing wanci têngah dalu, wontên swaraning pawèstri rêngêng-rêngêng, lamat-lamatipun sajak Dhandhanggula turu lare, nanging sajak tansah kandhêg jalaran dipun sambi nyambut damêl, pantês-pantêsipun nuju nglêmbur nyêrat. Wontên tiyang pitakèn dhatêng sawênèhing tiyang: ingkang rêngêng-rêngêng punika sintên. Wangsulanipun: punika radèn ngantèn anu, nêmbe dipun tilar krama enggal ingkang raka. Tiyang ingkang pitakèn wau lajêng wicantên, mêmêlas.

Raos ngêlangut. Nuju nglilir tilêm ing wanci têngah dalu, mirêng wontên tiyang maos, sêkaripun mijil, dhasar suwaranipun sae, lagunipun nyês, dene pamaosipun ingkang cêtha, kêmirêngan makatên.

[Mijil]

Sun wartani laraningsun nini / kinarya lêlakon / pinisahakên dening mangsane / sih-sinihan sinarèng ing Widi / tan tulus karonsih / lunga jiwaningsun // …. Tiyang ingkang [ing...]

--- 606 ---

[...kang] mirêngakên lêlagon ingkang kados makatên punika, gagasanipun lajêng angalangut, ngèngêti suraosipun Sêrat Rama, pêlênging panggagas gumêlêng wontên ing Dèwi Sinta, ingkang kapisah kalihan garwa. Suraosipun wau anuwuhakên raos mêmêlasipun Dèwi Sinta wontên tanganing mêngsah, salajêngipun saya ngêlangut.

Raos bingah kamoran sêdhih. Wontên sawênèhipun saradhadhu Jawi cariyos makatên: kala pêrang ing Lombok, kula tumut dipun lurugakên, nêmpuh kitha Cakranagara. Kala samantên kathah kônca, kuwanuhan, punapadene pangagêng ingkang sami tiwas, wusana kitha Cakranagara kalampahan sagêd bêdhah. Sabêdhahipun kitha Cakranagara para prajurit lajêng wangsul saking ngriku. Bidhaling prajurit wau samargi-margi tansah ngungêlakên musik, suwaranipun ing wêkdal wau, sagêd nuwuhakên raosing manah kula gambira kamoran sêdhih. Gambira kula, dene rumaos unggul ing pêrang, sêdhih kula, dene kathah kônca ingkang nêmahi tiwas, punapadene ngèngêti wujuding kitha katingal kados papan pêjah. Ing sanalika ngriku, botên namung kula kemawon, ugi kathah tiyang sanès-sanèsipun, ing salêbêtipun lumampah sami pating slênggruk nangis, nanging inggih raos bingah, kula ngantos botên sagêd milahakên.

Raos gambira. Punika gampilanipun wontên raosipun tiyang nayuban, kalanipun kadhawahan sampur, sarêng mirêng ungêling gêndhing pundhutanipun, lajêng binarung pangêliking waranggana. Adhuh raosing panggalih tamtu gambira. Ing wêkdal punika sawarnining ruwêd rêntêng sami sumisih.

Raos nganyêlakên. Bokmanawi ingkang ragi mèmpêr makatên: anak nuju sakit, sakêdhap-sakêdhap mêcicil, wah nuju botên gadhah arta. Salêbêtipun manggih lêlampahan kados makatên punika wontên tiyang tunggil sagriya ura-ura Sinom parijatha. Punika sanadyan ingkang mirêngakên botên nyuwara punapa-punapa, nanging ing batos tamtu anyêl.

Kados makatên mênggah gêgambaraning raosing lêlagon ingkang tumanduk ing tiyang.

Ambêg

Ambêg ala, sugih ewa, nora lômba.

Ambêg siya, tansah suka, karya lara.

Ambêg wêlas, nora eklas gawe maras.

Ambêg mulig, kang dèn ulig bôngsa wêgig.

Ambêg pati, nguja wani, lumuh bali.

Ambêg tani, tansah ngudi ing lêstari.

Ambêg guna, tansah mêksa ngaku bisa.

Ambêg adil, noragêlêm anggêgampil.

Budi wrêngkêng, barang mêmpêng, kongsi matêng.

Budi kukuh, nora keguh ing panggidhuh.

Karsana.

--- 607 ---

Waosan Lare

Kapatèn Obor

V. Subur klêbu dadi prajurit

[Mêgatruh]

Ambalèni caritane Jaka Subur / salakune mung kêkinthil / barêng lakune wis tutug / ing nagara Singa muni / ing saiki alon-alon //

wong lumaku ana ing nagara iku / bêcik kudu ngati-ati / kuwi bênakna klambimu / lan aja acincing jarik / wong sing wêruh mundhak alok //

awit lumrah wong nagara dhêmên nyaru / karo ngarani gumaib / yèn diwangsuli sok banjur / gampang bangêt angunèni / andesa-desakke uwong //

apa kowe ora krasa ngêlèh he Bur / Subur alon amangsuli / botên kula taksih tuwuk / mung ragi ngêlak sakêdhik / nanging môngga lajêng mawon //

punapa pak kang katingal rubung-rubung / bok môngga mampir ningali / Singa mangsuli ambêkus / o dudu tontonan kuwi / anu Bur kuwi wong dodol //

uwis lumrah wong dodol yèn laris rubung / kuwi sing padha nukoni / dene sing diêdol iku / jadah jênang iwak têrik / wah larange ora ilok //

Subur wêruh kang mangkono iku gumun / saka durung amrangguli / lakune wusana tutug / têngah pasar Subur giris / dene rame kaya ngono //

Subur ngêsuk Pak Singa gondhelan sabuk / rongèh atine kuwatir / kreta tansah pating gludhug / wong mikul nyabawa sih sih / grobag sapi pating gêrot //

Singakrama angguyu lan alon clathu / bênêr bu[2] yèn kowe wêdi / aku yèn eling ing guyu / dhèk nalika isih cilik / yèn wêdi banjur ambêngok //

nuli Subur anggêguyu lan clathu ah / yèn kula botên ajrih /[3] mung ing manah pancèn kuwur / saking bingung aningali / pating sliwêr tanpa pêdhot //

Singakrama mangsuli karo angguyu / dene kowe lagi mak nyik / ngambah nagara wis umuk / kôndha jare ora wêdi / besuk dadi tukang obrol //

ora suwe lakune têkan lun-alun / Subur nolèh milang-miling / dene ketok ngaluk-aluk / Singa nuli angandhani / iki alun-alun êlor //

mêngko aku kowe ambacut malêbu / mênyang jêron baluwarti / banjur sowan ing lurahku / tindakmu sing ngati-ati / kabèh kudu sarwa alon //

ora suwe lakune tumuli tutug / omah gêdhe ketok sêpi / nuli ana uwong mêtu / gêdhe dhuwur amêdèni / karo ambagèkke alon //

kowe Singa dene nyang nagara mlêbu / ora nganggo tak timbali / wis nyanga buri ambacut / lah sapa cah lanang kuwi / lagi iki aku tumon //

Singakrama nuli andhodhok lan matur / punika penakan kyai / sing takon nuli calathu / ya wis ta êjakên bêcik / sowana lurahmu wedok //

uwong mau jênênge

--- 608 ---

Ki Dhêndhabau / dadi lêlurah prajurit / dene Singakrama iku / bêbêkêl lungguhe bumi / kang nèng Karangrêja manggon //

lurah wedok barêng wêruh Singa mau / bangêt bungah karo muni / lah kabênêran têkamu / aku lagi sêpi dhuwit / êmpingana ka rong pasok //

Singa linggih lan angguyu karo clathu / iyah panjênêngan nyai / botên wontên sanèsipun / kula sabên sowan mêsthi / pun pundhuti ngêmping paos //

Kyai Bau têka anyambungi clathu / pancèn kêbangêtên kuwi / pira ta gone anjaluk / Singa alon anyauri / mundhutipun kalih pasok //

Kyai Bau mangsuli karo ambêkus / ora mèmpêr bangêt kuwi / ora eling cêdhak mulud / wis ta ngene bae bêcik / uwèhana têlung pasok //

Singakrama kêthip-kêthip lan angguyu / dados têrangipun kyai / malah nama dhapur nimbrung / inggih sampun môngga nyai / kula andhèrèk kemawon //

tuwin malih kyai kula nyêla atur / mugi kaparêng nulungi / penakan kula pun Subur / ingkang tumut sowan mriki / kula abdèkakên borong //

sukur-sukur manawi ing têmbenipun / sagêd kalêbêt prajurit / kula bingah sakalangkung / Kyai Bau ngundang nuli / coba renea tak tonton //

lah ngadêga coba malakua maju / wis linggiha iya bêcik / Singa titike anakmu / kalêbu dadi prajurit / bênêran ana sing lowong //

kowe Subur ing sadurunge malêbu / anaa ing kene dhisik / supayane kowe atul / cara srawungan priyayi / dadi ora bangêt totok //

lêga bangêt Singakrama karo Subur / Singa anginêp sawêngi / esuk bali umun-umun / cêkake Subur saiki / wis macung prajurit kraton //

Anèh-anèhan ing donya

[Grafik]

Tiyang ingkang nêdya langkung tansah wontên kemawon rekadayanipun. Tuwan Kaye Don, bôngsa Amerikah, anglampahakên oto ing dalêm saêjam 400 km, môngka sêpur èsprès kemawon saêjam wradin-wradin namung 75 km. gambar ing nginggil punika nalika oto sawêg kacobi.

--- 609 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kasênêngan wontên ing Batawi

III.

Petruk: Nalika dina Sêbtu kang kapungkur, aku wis nyaritakake kaanane pasar ikan sadurunge diadani gêmintê. Ing kono kowe bisa ngira-ira, sapira rêkasane tukang-tukang amèk iwak kala samana, aja manèh simpên dhuwit bisaa, lagi sing dipangan sabên dinane bae mêksa comprang-camprèng. Nanging mara dêlêngên wohe saiki, sajêrone pasar ikan kurang luwih têlung taun kiyi barêng diadani dening gêmintê.

Garèng: Buktine Truk, buktine, aja mung ngalêm thok bae. Sêdyaning gêmintê kuwi aku pancèn iya prêcaya yèn utama bangêt, yaiku arêp ambêcikake, kaya ta: ambêcikake dalan-dalan sajêroning kutha, nganti katon alus kaya sutra lan rêsik mêling-mêling kaya gêlas, ning ya mung dalan-dalan sing kêna diambah motor, nèk diambah dhokar saking alusing dalan, jarane malah kêrêp sêtrikêl, apa manèh nèk sing ngambah bangsane aku kowe thik wanci bêdhug andhrêndhêng, kuwi kene bisa kalakon jêjathilan tanpa nganggo gamêlan têmênan. Dadi bêcike dalan-dalan mau, mung dalan-dalan sing mêtu ngarêpe omahe sing sugih-sugih phulus, lan gunane ya mung kanggo sing sugih-sigih phulus. Dene anggone ambêcikake dalan-dalan pakampungan, saking apike, nganti nèk masa udan jarene ora ana ilèn-ilène, sok dadi kêdhatone wêlut, nèk masa panas saka akèhing blêdug, bêcik bangêt kanggo wong sing kêpengin bèlèkên, kajaba iku ...

[Grafik]

Petruk: Wis wis têka banjur ngala-ala mêngkono. Kowe rak iya wêruh dhewe, yèn umure gêmintê kuwi durung lawas, têmtune iya durung bisa nandangi kabèh, tumindake kudu saka sathithik, lan diwiwiti sing prêlu-prêlu dhisik, nanging ngandêla nyang aku yèn suwe-suwene kabèh mau mêsthi iya dicakupi, nanging iya sarana alon-alonan.

Garèng: Aku ya ngandêl bangêt Truk, apa manèh yèn ana bôngsa luhur ngrêsakake arêp têdhak nyang pakampungan, sadhela bae têmtune dalan-dalan ing pakampungan iya banjur nècis-nècis sanalika. Nanging dudu bab kiyi sing dak rêmbug, saikine aku mung arêp anjaluk bukti-buktine, [bukti-bukti...]

--- 610 ---

[...ne,] undhake kaanane pasar ikan dicêkêl dening gêmintê sajêroning têlung taun kiyi.

Petruk: Bukti sing wis cêtha wela-wela, anane dhuwit kang wus dicèlèngi dening tukang-tukang golèk iwak, kuwi sabên taun tansah mundhak-mundhak bae, mara ta pikirên, apa ora jêmpol jênêngamu, êntèk-êntèkane taun 1927 wong-wong mau wis bisa nyèlèngi f 14.000.- ing taun 1928 - f 18.000 lan êntèk-êntèkane taun 1929 - f 22.600.-

Garèng: Wathathithah, nèk mêngkono iya plêng-plêngan têmênan. Mungguh tumindake kapriye, Truk, têka bisa dadi ngèrèng mêngkono.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun mênara ing pasar ikan, Bêtawi.

Petruk: Kang kapisan: gêmintê nganakake pranatan, wong-wong tukang golèk iwak sing kêkurangan bêkakas, bisa diutangi dhuwit sacukupe kanggo tuku pirantining wong golèk iwak, kaya ta: prau, jala, pancing, rumpon lan sapêpadhane.

Garèng: Mêngko dhisik, Truk, aku tak nyêlani. Aku iya prêcaya bangêt, yèn sêdyane gêmintê kuwi apik, nanging nyang lomaning gêmintê, dhal-dhêl nyilihi dhuwit, kuwi yèn aku dikon ngandêl bae, kok iya mêksa kudu: mangke rumiyin. Kiraku gêlême ngutangi kuwi, ya nèk yakin yèn sing arêp diutangi kuwi nyata têmênan duwe barang-barang sing kanggo nanggung utange mau. Lan kiraku anakane iya ngungkul-ungkuli karo sing sêpuluh kumbali dhua bêlas kae.

Petruk: Lo, durung-durung têka banjur wis arêp nacad bae. Sing arêp utang kudu anduwèni barang-barang sing ambêjaji kanggo nanggung utange, kuwi iya wis mêsthi, nanging mungguh tumrap gêmintê, barang-barang sing ditanggungake kuwi sing akèh ora ana ajine babarpisan. Kaya ta: tukang golèk iwak sing omahe adoh saka kutha Batawi, lan yèn diparani rêkasa bangêt lakune, kuwi sanadyan ing kanane ana rêgane, nanging tumraping gêmintê rak ora ana ajine babarpisan, ewadene wong mau mêksa bisa olèh utangan. Utawa manèh kowe rak wêruh dhewe, gampange olèh kapitunan ngutangi marang wong-wong tukang golèk iwak kuwi, kaya ta: prau gampang kêrême, rumpon gampang rusake, lan sapêpadhane. Nèk kalakon mêngkono, sing kêrêp gêmintê ora olèh liru dhuwit sing diutangake mau.

Garèng: Hla, nèk mêngkono gêmintê iya kêna diarani jêmpul, sakikine ing sarèhning gêmintê [gê...]

--- 611 ---

[...mintê] bisa olèh karugian jalaran ora baline dhuwit sing diutangake, têmtune anggone ngantêm jakop kanggo anakane, iya sasayahira.

Petruk: Pantês-pantêse iya mangkono, nanging sanyatane ora. Aku mrêlokake analiti pranatane amotangake nyang wong-wong tukanag golèk iwak, mungguh panêmuku iya adil bangêt. Anggone ambalèkake dhuwite mau, miturut olèh-olèhane iwak. Nitik palapurane panggêdhe sing nguwasane pasar ikan, tumêkane saiki gêmintê durung bisa olèh bathi, nanging isih tansah kapitunan bae. Iya wis mêsthi yèn ora bakal mangkono bae, suwe-suwene iya mêsthi bisa olèh kauntungan.

Garèng: Lan kauntungane mau mêsthi bisa tikêl matikêl têkuk. Sajake Petruk ki olèh tukon rokok, anggone ngalêm têka ambêlagêd mêngkono. Pranatan kapriye manèh kang bisa anjalari wong-wong tukang golèk iwak mau bisa nyèlèngi dhuwit sathekruk kuwi.

Petruk: Carane nglelangake iwak nyara modhèl saiki, têgêse: rêganing iwak ora saya mêngkêrêt, nanging tansah mundhak-mundhak. Lan pituwase kanggo nglelangake mung 5% saka olèh-olèhane. Ing kono ora dibedakake wong utang utawa ora, kabèh mung ambayar 5%.

Garèng: Iya wis, aku tak prêcaya bae nyang omongmu, aku têmtune iya ora bisa nêksèni dhewe, mulane bisaku ya mung: amin bae. Ora Truk, apa kowe wêruh, sapira olèh-olèhane iwak kang lumêbu ing pasar ikan ing dalêm sataun-taune.

Petruk: Ing taun-taun kang wus kapungkur, êmbuh ora wêruh, nanging ing sajêrone taun 1929 olèh-olèhane kira-kira ana f 2.048.000.- samono kuwi olèh-olèhane wong pribumi f 1.175.000.- bôngsa Eropah f 26.000.-, bôngsa Jêpang f 500.000.- lan bôngsa Tionghwa f 350.000.-, nèk nitik andharanku kiyi, olèh-olèhane wong pribumi akèh dhewe. Nanging nèk ora kabênêran olèh-olehane mau ora suwe manèh mêsthi bakal kêsusul karo olèh-olehane bôngsa Jêpang, awit pirantine misaya iwak bôngsa Jêpang kabèh sarana gagrag anyar, balik bôngsa inyong kiyi isih migunakake piranti-piranti kira-kira rongatus taun sing wis kapungkur. Jalaran saka iku nagara saiki nganakake kantor kang dikêpalani dening sawijining tukang golèk iwak bôngsa Eropah, sing sêdyane arêp ambêcikake carane amisaya iwak tumrap wong pribumi. Nanging rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

--- 612 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Tumut bela sungkawa

Saking Medhan, Aneta martosakên, ing Sumatra sisih wetan gêgayutan kalihan kacêpêngipun Sang Mahatma Gandi kala tanggal 6 Mèi punika têtiyang Indhu sami kèndêl botên nindakakên pakaryan, lajêng sami mêmuja ing candhi Indhu ing Medhan. Pulisi angrondhani, kawontênanipun têntrêm botên wontên kara-kara. Kawartosakên British Indian Association sampun kintun tilgram dhatêng Lord Irwin, rajamudha ing Indhia Iggris[4] saha dhatêng konggrès kabangsan, wosipun nelakakên bela sungkawanipun ing bab kacêpêngipun Sang Mahatma. Ing dintên wau sadaya tiyang Bombai, tiyang Kêling tuwin sanè-sanèsipun sami siyam.

A.M.S. ing Sêmarang.

Kawartosakên dhirèkturing H.B.S. ing Sêmarang sampun tampi kabar opisil bilih benjing wulan Juli ngajêng punika ing Sêmarang badhe kawontênakên A.M.S., manggèn ing gêdhong H.B.S. ing Bojong. Sintên ingkang badhe nglêbêti pamulangan wau kenging prasabên dhatêng dhirèkturing H.B.S. wau ingkang ugi badhe ngrangkêp jumênêng dhirèktur A.M.S., dados kados wontênipun H.B.S. - A.M.S. ing Malang, inggih punika pamulangan kalih kanthi tuntunan satunggal. A.M.S. wau badhe kawiwitan saking klas ngandhap, kathah-kathahipun kalih klas. Tumrap taun ingkang kawitan cêkap kapanggènakên ing gêdhong H.B.S. nanging benjing bilih sampun wêwah klasipun, sampun têmtu badhe kadamêlakên gêdhong piyambak utawi wontênipun gêdhong ing ngriku kaagêngakên. Minôngka gurunipun inggih punika guru-guru ing H.B.S., bilih prêlu kadugi badhe kawêwahan satunggal malih.

Angsal-angsalanipun S.S.

Saking Bandhung Aneta martosakên, salêbêtipun wulan April taun punika angsal-angsalanipun S.S. ing tanah Jawi wontên 4.184.603 rupiyah, katimbang kalihan taun ingkang kapêngkêr suda 388.282 rupiah. Saking wulan Januari dumugi wulan April sudaning angsal-angsalanipun wontên 2.637.847 rupiyah katimbang kalihan taun ingkang kapêngkêr.

Paboyongan Mardika dhatêng Surinamê.

Sambêt kalihan pawartos ing bab brayat 100 bôngsa pribumi ingkang badhe kakintunakên saking Indhonesiah dhatêng Surinamê botên kanthi kontrak, Aneta mirêng kabar bilih gupêrnur ing Surinamê sampun nyuwun supados wontênipun paboyongan wau kawêwahan dados 150 brayat. Ingkang badhe pados tiyang inggih punika kantor paboyongan mardika ing Ngayogya.

Tuwan Tamrin saha Tuwan Kusumautaya.

Aneta martosakên saking Padhang, tanggal 8 Mèi punika Tuwan Tamrin saha Tuwan Kusumautaya sampun rawuh ing ngrika, dalunipun ing gêdhong gambar idhup mêdhar sabda bab bôndha kabangsan tuwin sanès-sanèsipun. Saking ngrika lajêng dhatêng Pordhêkok, lajêng têrus dhatêng Sumatra sisih wetan.

Pambêskupan morpinê.

Pulisi mêntas nindakakên pambêskupan morpinê ing salah satunggiling hotèl ing Batawi kitha lami, gadhahanipun satunggiling Tionghwa, wawrat 1 k.g., rêgi 2000 rupiyah, asli saking kapal Moena.

Syanghai - Wèltêprèdhên.

Sampun kabikak sambêtan radhio antawisipun Syanghai-Wèltêprèdhên tuwin kosok wangsul. Taripipun sami kados sambêt kan mêdal kabêl.

Patih ing Kêndhal.

Saking Bogor kawartosakên, awit saking panyuwunipun piyambak wiwit tanggal 15 Mèi punika Radèn Mas Suwandi, patih kabupatèn Kêndhal, kaparêngakên lèrèh saking kalênggahanipun kanthi urmat.

Panggêbagipun lotre agêng.

Kasêbut kêkancinganipun dhirèktur justisi sampun katêtêpakên panggêbagipun lotre agêng Van Eykenstichting dhawah dintên Rêbo tanggal 14 wulan punika.

Mênara.

Ing Batawi botên dangu malih badhe kawêdalakên sêrat kabar dintênan enggal anama Mênara, mawi basa Malayu, dipun pandhegani dening Tuwan Tabrani ingkang ugi sampun ngêdalakên kalawarti Revue Politiek.

Kadhigulakên.

Aneta mirêng kabar, tanggal 18 wulan punika wontên tiyang 14 dalah lare saha tiyang èstri sawatawis badhe kasingkirakên dhatêng Dhigul. Têtiyang wau asli saking Sumatra tuwin tanah Jawi, saking bêtawi katumpakakên kapal Plancius, wontên Surabaya lajêng gantos kapal Reteh.

Prakawis jimat.

Kala tanggal 18-19 punika pulisi ing Candhipura sampun nyêpêng tiyang 17 ingkang pinuju kêmpalan wontên ing griyanipun tiyang nama Mangun [Mangu...]

--- 613 ---

[...n] ing Pangungkombak, dhusun Candhipura (Pênanggal). Salah satunggalipun tiyang wau anama Astrasêtika, asli saking dhusun Jarit (Pasirian). Nalika sadaya wau kadangu, wangsulanipun anggènipun kêmpalan wau awit pun Mangun badhe pindhah griya. Wasana sarêng kabêkta dhatêng Candhipura lajêng sami blaka bilih anggènipun kêmpalan wau awit pun Astrasêtika badhe amarah satunggiling ngèlmu. Salajêngipun pulisi sagêd angsal katrangan bilih ing kabudidayan Sumbêrwulu, Kêbondhèli saha Danurêja, taksih kathah tunggilipun ingkang dados muridipun Astrasêtika. Têtela prakawis wau botên gêgayutan kalihan pulitik utawi pakarti awon, wontênipun sami tumbas jimat damêlanipun Astrasêtika namung mligi pados kauntungan tuwin sapanunggilanipun.

Asiah

Parentah enggal ing Pêking.

Kawartosakên, sampun kabangun satunggiling komite tumuju dhatêng adêging parentah enggal ing Pêking. Marsêkalêk Yen badhe jumênêng panuntun pulitik, dene Marsêkalêk Feng ingkang minôngka senapatining wadyabala. Kadugi parentah enggal wau, ingkang minôngka têtimbanganipun parentah ing Nanking, tanggal 1 Juni ngajêng punika badhe kakêpyakakên.

Têmpuking yuda.

Pêking 9 Mèi (Aneta-Radio). Kitha Sengho ingkang minôngka pasanggrahanipun Jendral Feng Yu Hsiang tinêmpuh ing mêsin mabur parentah Nanking, anuwuhakên pêpêjah 100, ingkang tatu wontên 200.

Dahuru ing Indhocina

Hanoi, 6 Mèi (Aneta-Radio). Ing sacêlakipun kitha Fi, wontên kaum kominis sagolongan sami nêmpuh ing satunggiling kabudidayan, nuwuhakên pêpêjah 4. Kaum kuminis ingkang kaprêjaya wontên 20, ingkang nandhang tatu 20, sanèsipun kabujêng dening pulisi.

Wadyabala abrit ing Tiongkok.

Mosko, 4 Mèi (Aneta Reuter), sêrat kabar Prawda martosakên bilih ing Tiongkok wontên wadyabala abrit ingkang sarwi mirantos, cacah sawatawis wontên tiyang 60.000. Miturut sêrat kabar wau wontênipun wadyabala, ingih punika têtiyang inggatan saking wadyabala golongan lèr saha kidul, wigatos gêgayutan kalihan badhe têmpukipun mêngsah kêkalih punika.

Raja Siyêm.

Bangkok, 9 Mèi (Aneta-Radio). Nata ing Siyêm sakalihan garwa sampun kondur saking anggènipun lêlana dhatêng Indhocina, gêgayutan kalihan wontêning salah satunggilipun pandhèrèk, ingkang kasangsaran motor wontên ing purug, konduripun wau botên kanthi pakurmatan punapa-punapa.

Sasampunipun Sang Gandi kacêpêng.

Surat 7 Mèi (Aneta-Reuter). Para ingkang cami[5] tumut ebah-ebahan tumut mogok sampun mupakat sumêdya dhatêng Darasanah nêmpuh gudhang sarêm ing ngriku, kados rancanganipun Sang Mahatma nalika dèrèng kacêpêng.

Eropah

Prakawis Tiongkok-Sopyèt.

Mosko, 9 Mèi (Aneta Radio). Utusan Tiongkok kanthi tuntunanipun Mo Teh Hui ingkang badhe wawan rêmbag kalihan parentah Sopyèt prakawis margi sêpur ing Mansuriah sampun dumugi ing Mosko. Tanggal 11 Mèi punika pirêmbagan wau kadugi sampun kawiwitan.

Nagari Walandi.

's Gravenhage, 9 Mèi (Aneta). Awit saking aksi pambekotan barang-barang mônca ing Indhis Inggris pabrik-pabrik barang tênunan ing Twente kathah ingkiang lajêng katutup.

Tilpun radhio.

Saking 's Gravenhage kawartosakên, wiwit tanggal 12 Mèi punika Bèlgi, Prancis, saha Luksêmburêh kasambêtakên kalihan Indhonesiah sarana tilpun radhio. Tanggal 14 Mèi Dhènêmarkên ugi lajêng badhe kasambêtakên (Spec. Bat. Nieuwsblad).

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 232 Juma. Ngintunakên pakabaran prayogi kakintunakên sarana Document, sêratipun dipun êbani mrapat, botên kapêjahan, nanging botên kenging dipun kanthèni sêrat.

Tuwan S. Sumarta, ing Masaran. Karangan panjênêngan kalih bab sampun katampèn, nanging botên kapacak. Karangan ingkang botên kapacak, botên kakintunakên wangsul, amargi mênggahing kalawarti, ngwangsulakên karangan punika badhe ngathahakên padamêlan tuwin waragad, awit kathah sangêt ingkang kintun panjurung. Saupami sabên panjurung ingkang botên kapacak kawangsulakên, andadaosakên rêribêd.

Lêngganan nomêr 3018 ing Wêlèri. Karangan panjênêngan botên kapacak, kamanah kirang jangkêp, gambar botên cêtha, kakintunakên wangsul.

Lêngganan nomêr 81. Pandangu panjênêngan dintên saha tanggal ingkang sampun 80 taun kapêngkêr, dèrèng manggihakên pathokanipun

Lêngganan nomêr 4684. Karangan sampun katampèn nanging botên kapacak sadaya, Fadjar Soematra ing Tanjungkarang, rêginipun tigang wulan f 2.50.

--- 614 ---

Wêwaosan

Cariyos Calonarang

Babon saking basa Kawi, kajarwakakên mawi sêkar macapat, dening Radèn Wiradat ing Surakarta.

6.

[Mêgatruh]

sajatine marang Lêmahtulis mantuk / ngutu tan dangu wus prapti / kapanggih lan gurunipun / Êmpu Baradhah nanggapi / kitab winiyak tinonton //

wus winaos agawok sarwi macucu / kitab linuwih pramati / amung kang nganggo kalèru / landhêping môntra kinardi / ngadoni panindak awon //

Sang Pandhita Baradhah ngandika arum / hèh Bahula kitab iki / konên nyimpêni bojomu / sandika kang sinung angling / ya ta sawusnya mangkono //

Sang Baradhah laju mring ênggon pagêblug / murid tiga ingkang ngiring / urut marga miwah dhusun / nguripke kang padha mati / nanging mung kang durung bosok //

kang sinawang kang dinumuk kang dinamu / prasami waluya jati / ya ta sang wiku andulu / ana uwong dadèk gêni / dèn anggo angobong layon //

sang bagawan mring ênggon kang arsa nunu / mayit iku dèn lurupi / bojone nangisi ngrangkul / sambat-sambat lan ngambungi / Sang Baradhah nabda alon //

mêngko-mêngko tak dêloke mayit iku / lurup nuli dèn ungkêbi / kêkêtêge banjur thukul / saya sêru sêntig-sêntig / lurub binukak ping pindho //

ambêkane mêtu nora suwe lungguh / warise bungah kêpati / pating sredhok nêmbah sungsun / marang risang angsung jampi / tan kayaa sukaning wong //

atur bêkti panuwun tuwin misungsung / sang wiku lumampah malih / mulat bangke jèjèr têlu / wus basah bangkrah kang siji / ingkang loro durung bosok //

wangke loro iku siniratan banyu / gumaregah padha urip / nêmbah dahat sukèng kalbu / sang wiku ngandika maring / muride kang ngiring loro //

kinèn wangsul marang Lêmahtulis mantuk / ing dhepok kagalih sêpi / ya ta sêsewangan laku / sang wiku laju lumaris / ngidul ngulon menggak-menggok //

dupi prapta pasetran kang rêgêd runggud / dhukut kêkruwudan pakis / wangke pirang-pirang atus / asu jugug gagak muni / hak huk hèng hèng gaok gaok //

sami mangsah mêmôngsa bathang kang buthuk / duk wêruh marang sang yogi / sami kabrasat nênusup / sang bagawan gya nyirati / marang bangkene sakèh wong //

ting jênggèlèk urip pirang-pirang atus / sang wipra lumampah malih / ana wong wadon anginglung / kanganglangan andalêming / kadhang nangis anggêlolo //

labêt tininggal ing mati lakinipun / èstri duk miyat sang yogi / grawalan nungkêmi suku / sambat pêgat-pêgat nangis / nyuwun mrih uriping bojo //

sang bagawan nabda o iku lakimu / uwis ora bisa urip / wis suwe patine iku / yèn kowe adrêng ing ati / kudu kumpul nunggal ênggon //

yèn kowe wis mati iku bisa kumpul / anèng swarga lakawati / kudu nganggo sarat ngèlmu / iki tampanana nuli / anggonên tumêkaning don //

wong wadon wus nampani sangêt anuwun / sêdya mituhu wêwêling / sang wiku tindake laju / anèng pasetran pinanggih / wong loro nêmbah andhodhok //

Sang Baradhah takèn sapa sira iku / dene padha atur bêkti / aku durung tau wanuh / Wêgsirsa amba puniki / punika kônca sadhepok //

pun Maisawadana pêparabipun / sami siswanipun Nyai / Calonarang kang misuwur / dhuh tuwan sang maha yogi / kula dosa ing Hyang Manon //

jêng paduka ngruwata cintraka ulun / tiyang kêkalih puniki / sampun tobat turun pitu / botên badhe nêluh malih / durung kêna yèn samêngko //

kudu Calonarang rinuwat karuhun / payo têmokêna mami / ya ta prasamya lumaku / sêdya pêpanggih lan nyai / kang lagi mundur lungandon //

[Pangkur]

mangkana wau Nyi Rôndha / Calonarang arang-arang nèng panti / nalika iku anuju / anèng jroning pasetran / tinêdhakan Bathari Durga dhêdhawuh / hèh Calonarang dèn yitna / pakewuhmu mèh nêkani //

Hyang Durga anulya muksa / Calonarang watir akêtir-kêtir / tan dangu sang wipra rawuh / den iring Si Wêgsirsa / Si Maisawadana sami tut pungkur / Wêgsirsa matur mring rôndha / nyai kula atur uning //

punika sang panêmbahan / Maha Yogi Baradhah Lêmahtulis / sagêd ngruwat mêmala dur / o o iku sang wipra / dhuh sang wiku bagea paduka rawuh / saklangkung kapasang yogya / amba mèmalar srêdhasih //

mugi paduka ngruwata / dhatêng ulun dhuh enggal sang ayogi / hèh bok rôndha wruhanamu / sira tan bisa ruwat / lamun nora srana pêcating nyawamu / awit kêgêdhèn duraka / dosamu anggêgêdhêgi //

siranggung gawe sangsara / ulah têluh akèh wong padha mati / matimbun tambuh pinetung / mulane nora gampang / Calonarang mêksa-mêksa amêmêsu / mrusa minta rinuwata / sang wiku gèdhèg lan nyungir //

kukuh tan kêna dèn anyang / Calonarang tandya krodha mawrêdi / padoning lambe kumêdut / napas angundar-undar / mondar-mandir andik mandêng mring sang sadu / idu cupêt tibèng jaja / jwalita muntab mêtwagni //

rongèh rêringane ringas / mengas muwus winga-winga mawêngis / hèh hèh hèh Baradhah puguh / tita tan arsa ngruwat / apa kongsi sun têluh amêsthi luluh / kêsanglat prabawaningwang / sida lêbur tanpa dadi //

sira tan kulak pawarta / gilo iki Calonarang sinêkti / santak santosa gêgêdhug / anggêdhig gunung dhungkar / aja manèh kang kaya iku wandamu / sundamu môngsa ngukupa / galo dulunên wit ringin //

tak gêtake pêsthi sirna / dadi awu mawut wangwaning uwit / tandya bok rôndha anyêmbur / gurda dadi dahana / nuli lêbur ting slêbar kabur ing lesus / sang pandhita angandika / kêtogên gunamu nyai // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. § Dongengan ingkang kados makatên punika warni-warni sangêt, nanging para maos sampun kalintu, punika namung dongèng. (kembali)
2. bur. (kembali)
3. Kurang satu suku kata: yèn kawula botên ajrih. (kembali)
4. Inggris. (kembali)
5. sami. (kembali)