Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05-21, #504

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05-21, #504. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05-21, #504. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 41, 22 Bêsar Taun Ehe 1860, 21 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [631] ---

Ôngka 41, 22 Bêsar Taun Ehe 1860, 21 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pulo Sèlèbês

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kawontênanipun pasiraman ing Bantimurung, Makasar.

--- 632 ---

Raos Jawi

Supênan

Bab supênan ingkang kagêlar dening sadhèrèk Majanggan Prasaswa ing Kajawèn ôngka 36 kaping 3/5 '30 kapêngkêr punika, kula kapengin urun wudhu, inggih namung sajimpit, dèrèng paja-paja andungkap dhatêng kêplasipun. Ing ngajêng sadhèrèk kula Majanggan Prasaswa paring katrangan supênan punika kalêbêt gugon tuhon. Gêmbêlêngipun supênan punika dora, jalaran namung pandamêlipun utêk walaka, dados supênan punika namung gambaring pangangên-angên ingkang mêdal piyambak wancinipun tiyang tilêm, têrang dede barang-barang, liripun sanès ngalamat utawi ilapat, mila cêkaking rêmbag supênan punika rêrêngganing tilêm. Punika kula rujuk, amargi babagan punika kula: solo.

Ananging andharan wau ing ngandhap paring katrangan, bilih supênan punika wontên tigang pangkat, pangkat andhap (kasar) pangkat têngaha, sarta luhur. Miturut larapipun supênan punika: wontên tur nyata, kados sasmita, walak-walak ingkang supêna. Manawi ingkang supêna punika tiyang ingkang sampun sagêd mangrèh polahipun utêk ingkang lunjak-lunjak piyambak wau. Dados supênan punika dipun akêni wontên kanyataanipun, gumantung dhawahing supênan: kok inggih mathuk, margi katêranganipun sadhèrèk Prasaswa sajak sampun maton sadaya.

Ing mangke kula sadaya punika dumunung wontên pangkat andhap, punapa têngahan, punapa luhur, e, sanès, tiyang miturut pitêdahipun sadhèrèk wau, supênan luhur punika ingkang kagungan para panjênêngan nabi. Manawi kula sampun sagêd sumêrêp grat kula, andhap, yèn supêna, kula wangsuli piyambak, dudu barang-barang: goroh. Namung kadospundi pandumuk kula, dhatêng andhap inggiling raos, ing ngriki kula kapêksa nyuwun katrangan sakêdhik êngkas, sagêda saya gambêlang manah kula, mênggah wujud trap-trapan bab supênan. Kajawi punika kaparênga paring sêsulang minggahipun dhatêng pitêdah: perangan pundi ingkang ngajak tilêm, sarta singidan punika angslup, wontên ing pundi. Margi sajak sajakipun supênan punika pêpulêtan kalihan bab angslup punika. Kenginga kangge ngoncori katêrangan bab supênan ingkang panjênêngan karsakakên, liripun: iku impèn dora, duradasih, impèn luhur, impèn ngalamat, sapanunggilanipun. Wontênipun kula nyuwun sêsêrêpan ingkang kados makatên wau, babarpisan anggèn panjênêngan mêlasi dhatêng para ingkang taksih kalêbêt jaman pêpêtêng ing bab tanjaning supênan. Saèstunipun sagêdipun sumèlèh ing raos, manawi sampun sagêd mastani piyambak, bilih supênanipun namung: manawi badhe wontên wahana awon sagêda nyingkiri piyambak, yèn badhe manggih kabêgjan sampun ngantos mêndêm.

Ingkang punika sadèrèng sasampunipun kula ngrumiyini matur nuwun.

Sastraswara.

--- 633 ---

Bab Ringgit

Lêmbu Andini

Lêmbu Andini lulus dados titihanipun Hyang Girinata, lajêng botên dados sêsêmbahanipun tiyang malih, awit dangu-dangu pawartosipun saya sumêbar, bilih lêmbu Andini kasoran kalihan dewa, saha malah dados titihanipun.

Kala Hyang Guru ngejawantah, jêjuluk Sri Paduka Rama Mahadewa Budha, garwa Dèwi Uma tuwin titihan lêmbu Andini botên andhèrèk. Kala samantên, Dèwi Uma sakalangkung sêkêl ing galih, dening kapisah gurulaki inggih dewanipun, nanging wantuning dèwi, inggih namung dipun batos kemawon, botên katingal sêmunipun.

Ing ngriku lêmbu Andini botên kêkilapan dhatêng raos panggalihipun Dèwi Uma, lajêng matur: dhuh dèwi garwa sêsêmbahanipun tiyang sajagad, sanadyan binatosa, sêmuning netya paduka katitik manawi angêmu sungkawa, lan mênggah pun lêmbu Andini, botên kêkilapan dhatêng raosing panggalih paduka wau. Ingkang makatên punika, mugi paduka kaparêng mangandikakakên dhatêng kula, bokmanawi kula sagêd urun atur pamrayogi dhatêng sang dèwi.

Dèwi Uma rumaos lingsêm ing galih dene ngantos kawanguran wêwadosing panggalih, badhe prasaja pakèwêd, nanging sajatosipun pancèn inggih makatên, mila sang dèwi ngandika dipun samar: mokal manawa ingsun darbea cipta mangkono, ananging ora aran anèh, upama wanita tininggal ing laki susah ing ati. Nanging Andini, samubarang tindaking wanita iku mung sarwa pakewuh, upama ingsun sumusula gurulaki, cêpak olih sêsiku, dening ora pantês bangêt, ingatasing wanita sumusul ing laki tanpa tinimbalan.

Lêmbu Andini mirêng dhawuh pangandika makatên wau lajêng gumujêng kalihan matur: kaluhuran dhawuh paduka: sang dèwi, tindaking wanita punika sarwa pakèwêd, bêbasan karubyug kabotan tapih, nanging punika rak tumrap wanita limrah, ingkang namung kêbak isi sêsiku, balik paduka, tangèh manggih lêlampahan ingkang kados makatên, awit paduka dèwi garwaning dewa têtungguling dewa sadaya, kanthi nyingkiri sêsiku, tur sagêd linampahan kanthi gampil.

Jalaran saking sagêdipun lêmbu Andini, sang dèwi kapilut ing galih, wusana ngandika: kapriye mungguh pratikêlira, murih kapenak linakon.

Lêmbu Andini matur: o, punika gampil kemawon: bathari. Ing sapunika raka paduka angejawantah jumênêng nata wontên ing Mêdhangkamulan, nanging manawi paduka sumusula makatên kemawon, tamtu manggih sêsiku, lan ugi nama nguciwani sangêt, dene wanita sumusul ing kakung tanpa cêcala. Ananging bathari, kawula gadhah rekadaya makatên, paduka dadosa kakung, lajêng anjujuga tanah Jawi saha jumênêng nata, tuwin angayonana raka [ra...]

--- 634 ---

[...ka] paduka, ing ngriku tamtu dados jalaranipun pinanggih.

Sang dèwi anganggêp lêrês sangêt dhatêng pamanggihipun lêmbu Andini wau, lajêng dados kakung, dhinèrèkakên para widadari ugi sami malih jalêr sadaya, bidhal dhatêng tanah Jawi. Botên kacariyos lêlampahanipun.

Kocap lêmbu Andini ingkang taksih kantun wontên ing kahyangan, botên sumêrêp sababipun, rumaos sampun sumewa wontên ngarsanipun Sri Paduka Raja Mahadewa Budha. Dene wontênipun dumugi ing ngriku wau saking cinipta ing Sri Paduka Raja Mahadewa Budha. Lêmbu Andini sampun ngrumaosi manawi manggih sêsiku, awit Dèwi Uma sampun katingal wontên ing ngriku. Lêmbu Andini kadangu karananipun Dèwi Uma sumusul, lêmbu Andini kèndêl kemawon. Sri Paduka Raja Mahadewa Budha katingal sêmuning duka, lajêng dhawuh ngupatani, lêmbu Andini dados kaluwung, wusana lêmbu Andini muksa.

Cêcariyosan makatên punika tumrap para ahli nalar, saya malih wontênipun ing jaman sapunika, tamtu anuwuhakên gujêng. Ingkang makatên wau botên prêlu kagalih panjang-panjang, namung tinampia, bilih punika cêcariyosan ringgit, nanging tumrap panggalihanipun bôngsa Jawi, kawiyaking cêcariyosan ingkang pinanggih doranipun, punika lajêng nuwuhakên gagasan dhatêng lêbêting kajêngipun. Upaminipun kemawon Kiyai Agêng Sela nyêpêng blêdhèg. Sintên tiyang Jawi kala ing jaman dèrèng majêng ingkang botên pitados, nanging sarêng katingal doraning cariyos, lajêng katingal mênggahing kajêngipun ingkang saèstu. Bab makatên wau, sadaya namung kasumanggakakên dhatêng para maos.

Anyambêti sakêdhik, tamtunipun para maos ingkang dèrèng uninga, kagungan pandangon ing dalêm batos, Sang Hyang Guru lajêng nitih punapa, lan punapa sababipun, dene ing ringgit Hyang Guru taksih nitih lêmbu Andini. Bab punika badhe kacariyos ing Kajawèn ngajêng.

[Grafik]

Kawontênanipun rêca Bandha ingkang sakalangkung agêng ing Rangun, kitha agêng ing Burmah.

--- 635 ---

Bab Tanêman

Jarak

Mênggah wujudipun jarak punika kados para maos sampun nate ngawuningani piyambak, malah ambokmanawi sampun nate nanêm piyambak, pramila ing ngriki botên kula princi ngantos anjalimêt, namung kula pêthik saprêlunipun kemawon. Lan warni-warninipun jarak inggih botên kula têrangakên, sabab para maos sampun sagêd anggalih piyambak jarak ingkang limrah katanêm, utawi inggih sampun priksa yèn ingkang katanêm punika wijinipun sarana kaulurakên.

Ingkang kathah-kathah tiyang ingkang anjarag damêl kêbon jarak punika awis-awis, racakipun namung kaêmorakên ing tanêman ingkang witipun andhap, kados ta: kacang, gaga, kacang tunggak tuwin sanès-sanèsipun. Ananging sanajan tanêman jarak punika pananêmipun namung kanunutakên kemawon, paribasanipun namung tanêman ala nganggur, ewasamantên pamêdalipun inggih ragi lumayan, kenging kangge sumbang surunging kabêtahanipun kônca èstri, awit rêginipun jarak wose inggih botên kagolong mirah, malah kagolong awis, sabathok uwos sagêd pajêng f 0.25-f 0.35.

Lugunipun tiyang nanêm jarak ingkang namung kanunutakên punika botên nama lêpat, malah dhapur klêrêsan, awit yèn jarak punika katanêm piyambakan inggih botên kenging kakêrêpakên kadosdene tanêman sanèsipun, inggih kêdah ingkang ragi awis, prêlunipun pangipun sagêd nyrêkakah. Ing môngka yèn kaslundhingakên ing tanêman sanèsipun antawising wit sami wit inggih botên sapintêna indhakipun. Dados têrang yèn pamêdalipun mindhak, inggih punika: sapisan saking tanêman ingkang dipun nunuti, kaping kalih saking jarakipun. Pramila tiyang bilih nênanêm tanêman ingkang andhap-andhap, kadosdene: kacang ijêm, gaga sapanunggilanipun, prayogi ing antawisipun tanêman wau katanêman jarak, dados nanêm sapisan sagêd gadhah pamêdal saking tanêman kalih warni. Ing ngriki prêlu kula andharakên. Bilih nanêm jarak kanunutakên ing tanêman sanès, pananêmipun sampun ngantos ngôngsa-ôngsa, liripun sampun ngajêng-ajêng supados kathah pamêdalipun, inggih punika sarana ngêrêpakên pananêmipun, awit yèn makatên tanêman kalih-kalihipun gêsangipun lajêng botên patos sae, jarakipun suk-sukan pangipun, tanêman ingkang nunutan kaiyom-iyoman ing godhonging jarak. Wusana yèn nanêmipun makatên mêsthi namung kangelan kemawon ingkang pinanggih, pamêdalipun botên sapintêna.

Tumraping patêgilan ingkang mawi galêngan, jarak punika inggih prayogi katanêm ing sauruting galêngan. Awit ing ngriku kajawi wêwah pamêdalipun, ugi dados bibiting watak tabêri ingkang wusana anjog ing kasugihan.

--- 636 ---

Limrahipun tiyang nanêm jarak punika namung kasade wose kemawon, awis-awis ingkang nyade lisah. Ingkang makatên punika tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos pandamêlipun lisah inggih botên dados punapa. Nanging yèn pancèn sagêd damêl, môngka botên purun anglampahi, punika kenging kawastanan tiyang ingkang ambujêng arta sasèn kalih sèn, botên ngèngêti yèn makatên punika ugi ngawontênakên kapitunan. Utawi malih inggih mracihnani bilih tiyang ingkang wêgahan, êmoh kangelan sawatawis ingkang wusana ngindhakakên pamêdal. Awit tumrap ingkang sampun sagêd damêl, ugêr purun uthêg-uthêg ing pawon inggih punika andamêl lisah saking jarak wau, sampun mêsthi ngindhakakên pamêdalipun. Inggih lêrês patrap makatên punika mindhak kangelan sakêdhik, ananing indhaking pamêdal rak sampun masthi. Rak inggih, ta. Wondene bilih wontên ingkang dèrèng sagêd damêl, awon punapa bilih kula têrangakên pisan.

[Grafik]

Pancènipun pandamêling lisah jarak punika kagolong bab pandamêlipun lisah ingkang sampun kula andharakên ing Kajawèn ôngka 33 kapêngkêr punika. Ananging sarèhning kala samantên kula kêsupèn, dados sapunika sawêg sagêd nusulakên. Mênggah rekanipun andamêl makatên:

Jarakipun rumiyin kadamêl wose, sarana kaundhug-undhug ing siti kagêbagan mawi papah. Wose wau lajêng dipun gorèng ngantos mèh gosong, dipun lèr sawatawis dangu supados asrêp, nuntên kagêntang ngantos lêmbat. Glêpung wau plikêt sangêt, pramila ingkang kangge wadhah prayogi gadêbog. Yèn sampun rampung pangglêpungipun, nuntên kacêmplungakên ing kwali, kaêngkrongakên ing pawon dipun toyani, toyanipun: yèn galêpungipun sabathok wos, toyanipun watawis 1½-2 siwur.

Panggodhogipun ragi dangu, awit mêdaling lisahipun samôngsa toyanipun asat. Yèn toya sampun asat, lisahipun lajêng mêdal, kantun nglerobi kemawon, sampun kenging kaangge saprêlunipun.

Dene gunanipun lisah jarak punika ing jaman samangke ing kitha-kitha ingkang kathah namung kangge gêmuk tuwin [tu...]

--- 637 ---

[...win] lisah colok, dene ing dhusun-dhusun kangge lisahan rambut tumrap tiyang èstri, kaabênan godhong dilêm lan mangkokan karajang, tuwin sêkar warni-warni, nuntên kagodhog. Namung ing jaman rumiyin lisah jarak punika agêng paedahipun, inggih punika kadamêl lisah, awit kala samantên lisah pèt taksih awis-awis wontênipun. Nanging tumrap jaman samangke ingkang ambêtahakên lisah jarak awis-awis.

Jaka S. Padmasumarta, Tunggur- Lembean- Parang.

Pawartos Nagari Mônca

Pulihing tata têntrêm ing tanah Arab

Sampun pintên-pintên taun wontêning pitêpanganipun Raja Ibnu Saud ing Ejas, Nèjid kalihan Raja Phesal ing Irak kirang sae, tansah darêdah botên sagêd rukun.

Para maos kados botên kêkilapan, ing tanah Arab ingkang jumênêng raja wontên pintên-pintên, satunggal-satunggalipun sami kapengin anggadhahi panguwaos ingkang agêng. Dene angên-angênipun Raja Ibnu Saud, jagading bôngsa Arab sumêdya katunggilakên murih sagêd langkung kiyat saha santosa.

[Grafik]

Gambar ingkang lênggah no.2 lan 3 Raja Ibnu Saud kalihan Raja Phesal.

Jumênêngipun Raja Phesal ing Irak kenging kawastanan awit saking panguwaos saha pangayomanipun parentah Inggris. Ing taun 1926 ingkang rama, Raja Husèn, kadhêsêk saha kalungsur saking Ejas dening Raja Ibnu Saud. Ingkang makatên wau sampun têmtu damêl gêrahing galihipun Raja Phesal, malah sampun kaping pintên-pintên mèh tuwuh dados pêrang ugi saking pambêbaluhipun kraman bosang[1] Mutèr (bôngsa Wahabi) ing Nèjid ingkang tansah ambêbahak ing wêwêngkon karajan Irak sakilènipun lèpèn Ephrat. Kalampahan kraman wau kala wulan Januari sagêd kasirêp dening Raja Ibnu Saud. Sirêping kraman wau tumrap tanah Arab botên namung sirnaning kalilip ingkang mutawatosi, nanging ugi atêgês satunggiling gagaran pulihing tata têntrêm.

Gêgayutan kalihan kawigatosanipun susukan Suès, karajan Inggris sampun lami tansah ambudidaya murih saening pitêpanganipun para raja ing tanah Arab, Irak saha Mêsir. Bilih para raja wau kalampahan sagêd rukun sampun têmtu ugi [u...]

--- 638 ---

[...gi] atêgês kamênangan tumrap parentah Inggris, lêlayananipun kalihan tanah jajahanipun mêdal susukan Suès saha mêdal Irak lajêng sagêd têntrêm botên badhe nyandhung rubeda.

Kalampahan, kala tanggal 22-24 Pèbruari ingkang kapêngkêr awit saking pangathik-athikipun parentah Inggris Raja Ibnu Saud saha Raja Phesal sampun damêl pêpanggihan wontên ing kapal pêrang Lupin ing Têluk Pèrsi. Wohing pêpanggihan wau pitêpanganipun karajan kêkalih wau dados sae, lajêng manjing dados mitra.

Samangke kados sampun katingal galagatipun tanah Arab badhe saya majêng saha saya santosa. Ing Propinsi Èlhasah, sacêlakipun Têluk Pèrsi, Raja Ibnu Saud sampun andhawuhakên yasa papan anggêgana, punapadene sampun amêling mêsin mabur sakawan saking Inggris. Ing Ejas ugi tumuntên badhe kayasanan papan anggêgana.

Tumrap Raja Ibnu Saud ingkang botên kêndhat tansah ambudidaya murih tata têntrêming nagarinipun, mêsin mabur wau badhe dados satunggiling sanjata ingkang miyatani minôngka pananggulanging dahuru saha kraman.

Para maos kados sagêd anggalih piyambak, pulihing tata têntrêm ing Ejas sampun têmtu ugi badhe murakabi tumrap saindênging jagad kaislaman, jêr sabên taun ewon cacahipun tiyang ingkang jiyarah dhatêng Mêkah saha Mêdinah.

Waosan Lare

Kapatèn Obor

VII. Nagara Ora Têntrêm

[Dhandhanggula]

Kocap ratu ing nagara kuwi / ajêjuluk Prabu Naranata / gêdhe bangêt kuwasane / nagarane kasêbut / praja agung bangêt ngluwihi / murahe sandhang pangan / ananging sang prabu / panggalihe bangêt susah / gone ngêmong rayi pangeran dipati / kang durung pati yuswa //

jêjuluke Pangeran Dipati / amisuwur Pangeran Taruna / dene critane mangkene: / sugênge nata sêpuh / mung kagungan putra loro thil / karsane ingkang rama / putra loro mau / padha digêgadhang raja / dadi ora tumiba wayah ing buri / turunan saka bapa //

ing sawise kalakon saiki / pangran sêpuh wis jumênêng nata / kang anom pangran patine / ananging pangran mau / durung trima mangkono kuwi / ing panggalih kasêsa / êmung kudu-kudu / tumuli digêntosêna / dadi ratu suwe-suwe aja nganti / ing besuk prêlu apa //

ingkang raka mung sabar ing galih / ngandikani cêtha wela-wela / pangandikane mangkene: / pangran sêdyamu iku / mêsthi lulus ing têmbe buri / ingsun môngsa cidraa / manèh

--- 639 ---

wêdi dhawuh / ngandikane kang wus swarga / ora bêcik yèn ta ingsun nyulayani / dhawuhe kangjêng rama //

nanging aja kasusu ing ati / bangêt luput yèn nganti sulaya / dêlêngane bae priye / grêjêgan lan sadulur / mung rêbutan prêkara waris / tur gênah uwis cêtha / sira dadi besuk / nanging yèn bangêt kosêngka / ora bêcik dadine ing têmbe buri / uwis bêcik sabarna //

nanging mungguh Pangeran Dipati / ing panggalih ora pisan nrima / êmung tansah ngangsêg bae / saka galih kasusu / banjur nyêmbah anyuwun pamit / mênyang jaban nagara / kalakon wis mêtu / sang prabu tansah anggagas / dene têtêp kêncêng têmên bocah iki / lali mênyang wong tuwa //

malah ketok Pangeran Dipati / panggalihe sansaya andadra / ngirup uwong kana-kene / madêg baris angêpung / dalan kabèh dipêpêt wani / nganti uwong nagara / kabèh padha bingung / awit kêpêpêtan pangan / sang aprabu nuli dhêdhawuh nyang patih / kanthi karasa-rasa //

bapa patih tindakna tumuli / sisihêna lakune pangeran / aja ngêpung kutha ngene / iku rak gawe bingung / sasat mêpêt bêras lan pari / sukur yèn sira bapa / bisa atur tutur / murih pangeran elinga / gêlêm bali aja mung anguja ati / mundhak gawe rêkasa //

nanging poma aja pisan nganti / ing cilike dadi pasulayan / gawe pêpati gêdhene / patih sandika mundur / nuli dhawuh prajurit miji / kabèhe pêpilihan / Subur milu klêbu / sawise tata budhalan / alon-alon lakune angangsêg wani / ngèngsêrke sang pangeran //

mêsthi bae dadi kliru tampi / pangraosing galih sang pangeran / wong nagara mapagake / nanging kêpêksa mundur / awit bala dudu prajurit / durung wêruh ing gêlar / mung diêsuk larut / mula Pangeran Taruna / banjur mulang wong-wonge dadi prajurit / ora suwe kulina //

padha kêndêl wani anandhingi / wah dhasare prajurit anyaran / padha brai mênyang gawe / malah rada kêladuk / wani ngangsêg maju sathithik / suwe-suwe andadra / wani pêrang riwut / malah wis ana sing tiwas / kang mangkono wong nagara angaturi / nyadhong dhawuh kang cêtha //

sang aprabu mung tansah anggalih / kapenake murih linakonan / nanging pêpêt panggalihe / awit jênêng wis thukul / pêpêrangan sanadyan cilik / yèn ta dikalahana / tiwas ora wurung / nuli adhawuh kasêsa / prajurit ing nagara disantosani / aja nganti kuciwa //

barêng ana dhawuh ngono kuwi / prajurit kang padha bêbarisan / padha agêdhe atine / nuli kêndêl angêsuk / bala mungsuh mundur tumuli / maju-maju kêlaran / yèn mundur diêsur / sarèhning prajurit tuwa / saupama jago wis akothot daging / pangabruke santosa //

kang mangkono Pangeran Dipati / ing panggalih saya bangêt muntab / kaya murub paningale / dhasar pangeran iku / biyèn mula apilih tandhing / ering wong sanagara / kabèh padha têluk / ing saikine pangeran / uwis supe nuli kaparêng ngêdali / mungsuh akèh ditrajang //

bangêt rame maju mundur gênti / wong nagara ing kalane mênang / bêbarêngan surak rame / gawe muntabing mungsuh / mungsuh maju angêsuk gênti / padha abarêng surak / grêng ambata rubuh / saka gone padha kuwat / loro pisan ora ana sing ngunduri / papaning pêpêrangan //

--- 640 ---

Panglipur Manah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 28

Pelog pathêt 6, Sêkar Rukmawati, lampah 10, pêdhotan 4, 6.

[Notasi]

Sêkar ingkang lampah 11, kawastanan Tristha lagu. Salendro pathêt 9, sêkar Lêbdajiwa lampah 11, pêdhotan: 4, 7.

[Notasi]

Pelog pathêt 6, Sêkar Brêmarawilasita, lampah 11, pêdhotan 4, 7

[Notasi]

Sadaya sêkar ingkang lampah ngalih wêlas, kawastanan Jagatilagu.

Salendro pathêt: 9, Sêkar Kusumawicitra, lampah: 12, pêdhotan: 6, 6.

[Notasi]

Pelog pathêt: 6, Sêkar Padmawicitra, lampah: 12, pêdhotan: 4, 4, 4.

[Notasi]

Pelog pathêt barang, Sêkar Sastrakusuma, lampah 12, pêdhotan 5, 7.

[Notasi]

Salendro pathêt manyura, sêkar Prawirasêmbada. Lampah 12, pêdhotan 5, 7.

[Notasi]

Pelog pathêt 6, Sêkar Jiwarêtna, lampah 12, pêdhotan 6, 6.

[Notasi]

Badhe kasambêtan, K. 4419.

--- 641 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kasênêngan Wontên ing Batawi

V

Petruk: Kang Garèng, wis cukup anggonku nyaritakake kaanane pulo Sakit. Bab liya-liyane ora prêlu tak kandhakake nyang kowe, mundhak kalamênjingmu lerag-lèrèg munggah mêdhun bae, kaya ta: lêlinggihan ana ing kisiking sagara sinambi ngêmploki kupat sing lawuhane kompêlit, sambêl gorèng jêroan, gudhêg, rêmpah, bubuk dhêle, iwak abon, krupuk, lan ombèn-ombènane kathik banyu ès. Buahe: jêruk kêprok, jêruk bali, jêruk gulung, jambu dêr ...

Garèng: We hla, sêmbrana, nganti wêtêngku andadak pating klikik, êluhku cangkêm mili kaya banyu lèdhêng bae. Jarene ora arêp carita, jêbul-jêbul malah amêmengin uwong. Ora Truk, saka pulo Sakit, lakuning prau banjur mênyang ngêndi.

[Grafik]

Petruk: Ana ing pulo Sakit kira-kira mung ana têlung prapat jam, tumuli ambanjurake laku, yaiku praune mlaku saantarane pulo Onrês (Onrust) lan pulo Cipir (Kuiper) ing pulo loro mau ora ana sing padha mêdhun, awit kabare sadurung-durunge kudu nyuwun idi dhisik.

Garèng: Mêngko dhisik, Truk, aku tak takon. Jênêngan pulo Onrês kuwi, awit aku isih durung doyan pêdhês, aku wis krungu kabarane. Jarene wong-wong sing arêp padha munggah kaji, utawa sing mêntas padah bali saka kaji, kuwi ana ing pulo Onrês padha diudhunake, prêlu padha dipriksa ing dhoktêr, malah jarene lanang wadon padha diwudani sakrêsa-krêsa bae. Iki apa nyata Truk. Nèk pancèn nyata, rak iya: pêr ... dhi ... blêng têmênan.

Petruk: Aku bungah bangêt, Rèng. Dene ing bab kiyi kowe pitakon mênyang aku, awit ing jaman saiki kiyi ora ngêmungake pangkat bae sing bisa promosi, sanadyan pakabaran pisan iya bisa promosi, kayadene pakabaran ing bab kaanane Onrês, kuwi diundhak-undhakake, nganti wusanane sing katon mung sing ala, sing bêcik kêsilêp babarpisan. Cara ngabarake sing mangkono kuwi, rak bisa agawe sêlang-suruping liyan. Nanging mungguh sanyatane, sing kudu dipriksa dening dhoktêr ana ing pulo Onrês, kuwi ora [o...]

--- 642 ---

[...ra] ngêmungake wong-wong sing arêp munggah kaji, utawa sing mêntas têka saka kaji, nanging kabèh wong-wong sing padha nunggang kapal, sêmono kuwi yèn kawêruhan, ing sajêroning kapal ana wonge sing lara nular. Prêlune anjaga supaya larane mau aja nganti mrèmèn. Dadi kapal kaji pisan, yèn ora ana wonge sing lara nular, iya ora prêlu dipriksa ana ing pulo Onrês, dene kandhamu yèn pamriksane wong-wong kabèh padha diwudani, kuwi arane: omong kosong. Mungguh sabênêre mêngkene: wong-wong sing arêp padha dipriksa kuwi kudu salin manganggo sandhangan sing disadhiyakake ana ing kono kanggo sawatara môngsa. Sandhangane dhewe mau banjur digarap dening punggawa kono, yaiku dikumbah, digodhog, lan sapiturute, cêkake diupakara supaya yèn nganti ana lêlarane sing nular, cikbèn bisa ilang babarpisan. Sauwise sandhangane mau iya kêna dianggo manèh.

[Grafik]

Pulo Onrês

[Grafik]

Pulo Cipir (Kuiper)

Garèng: Hla, nèk ngono kuwi rak iya mèmpêr. Wong kuwi le sok dhêmên ngundhak-undhakake pakabaran, sing nganti ora mèmpêr. Aku dhewe wis tau dikabarake sing diundhaki sasayahe, nganti pikiranku bingung ora karu-karuwan. Aku kiyi mêntas mênang lotre, ning lotre pitik, hla kuwi kok banjur dikabar-kabarake, yèn aku olèh lotre irsêtêpris, dadakan banjur pirang-pirang sing padha rêkès, ana sing nawakake lêmahe dikon nuku, ana sing arêp utang, malah ana sing anjaluk tak ... ningkah.

Petruk: Wiyah, wiyah, bok aja sok gêmaib, nanging iya ora kêna dipaido, dhing, jamane saiki kiyi wong jaman phulus, sapa sing sugih phulus, iya kuwi sing kajèn kèringan. Sanadyan mung duwe sêsêbutan kenthol ngantèn, manawa pancèn sugih phulus, bêndara wadana, patih, tumêkan bupati pisan, iya bisa kalakon ngajak ... lud-ludan.

Garèng: Wis, wis, kok banjur kêplantrang-plantrang omonge. Luwih bêcik pitakonku kiyi wangsulana. Mungguhing pulo Onrês, ingatase pulo saupit ngono, apa wiwit biyèn [biyè...]

--- 643 ---

[...n] mula duwe têgês sing wigati sêmono.

Petruk: Ing jamane Kumpêni, pulo Onrês kuwi malah saya misuwur jênênge, awit kala samono pulo mau ana papan panggawening prau kang gêdhe lan papan panyimpêne piranti-pirantining pêrang, ing kono bisa andandani prau-prau sing rusak, malah nèk prêlu iya bisa gawe prau.

[Grafik]

Pulo Kelor, wontên tilas bètèng kina.

Garèng: We, hla, iya kampiane, mulabukane pulo Onrês, wiwitane duwe pambêktan Dasamuka, saikine banjur dadi drêma kusuma, kuwi kêpriye. Apa iya sabab olèh tandhing Prabu Rama saka Inggris.

Petruk: Iya mula mêngkono, ngancike abad sangalas, nagara Walônda mêmungsuhan karo Inggris, kang anjalari ing taun 1800 ambrondongi pulo Onrês, nganti omah-omahe padha rusak kabèh. Awit saka dhawuhe Tuwan Bêsar van der Capellen wiwit taun 1823-1825, omah-omah mau kadhawuhan andandani, sarta banjur digawe bingkil kapal pêrang (Marine Etablissement), lan ing taun 1856 ing kono dianani papan kanggo andandani kapal. Nanging kala samono bingkil kapal ing Surabaya tansah maju bae, jalaran saka iku pulo Onrês banjur dianggêp kayadene bingkil tulungan. Apa manèh hawane Onrês kuwi ora bêcik bangêt. Luwih-luwih barêng palabuhan Tanjungpriuk dadi, kuwi kamundurane pulo Onrês kaya disêngkakake. Wusanane banjur dadi sêpi nyênyêt. Wiwit taun 1911 pulo Onrês lan pulo sacêdhake kono, yaiku pulo Cipir (Kuiper) dipigunakake kaya kaanane saiki kiyi.

Garèng: Trima kasih têrbanyak-banyak, Truk, dene kowe wis ngandharake kaanane pulo Onrês nganti dowi lan gamblang mangkono. Saiki banjurna caritamu le lêlayaran. Apa ana manèh pulo sing kok udhuni.

Petruk: Sauwise kêkitêr ana ing sadhuwure banyu kira-kira sajam, ngliwati Pulo Kelor, praune banjur mandhêg ana ing sacêdhaking pulo, yaiku sing diarani pulo Edham, wong pribumi anggone ngarani pulo mau, pulo Damar Bêsar. Bab kiyi liya dina bae dak caritani.

--- 644 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Pambirating punalêsangsi.

Aneta angsal pawartos Kantoor van Arbeid sampun ngaturakên usul-usulipun dhatêng parentah ing bab pambirating punalêsangsi saking sakêdhik. Dèrèng dangu Tuwan Mr. Einthoven sampun pangkat dhatêng Nèdêrlan kadhawuhan anggênahakên usul-usul wau dhatêng paduka ministêr jajahan murih sagêd tumuntên rampung. Gêgayutan kalihan wontênipun ewah-ewahan awit saking adpisipun Permanente Arbeis Commissie Tuwan Einthoven ugi sampun kaparingan uninga ing bab wau sarana tilgram. Usul-usul wau sasampunipun karêmbag wontên ing rad Indhia lajêng badhe kalajêngakên dhatêng rad kawula.

Pèlpulisi tumrap Bali

Miturut kabar Aneta, bilih botên wontên alanganipun, wontênipun militèr ing Bali wulan ngajêng punika badhe saèstu kasantunan pèlpulisi. Salêbêtipun wulan Juni saha Juli ngajêng punika saking tanah Jawi badhe kaangkatakên pèlpulisi sawatawis bragada dhatêng Bali, kanthi tuntunanipun Tuwan de Jong, tilas opsir, samangke wontên ing Lampung. Sakawit ewah-ewahan wau badhe katindakakên ing Dhènpasar. Ing ngriku badhe kawontênakên panjagenan pèlpulisi tiyang 60.

Radèn Cakradibrata, up rêdhaktur Bale Pustaka.

Jalaran kêrêp sakit, saha miturut papriksanipun dhoktêr sampun botên kiyat nindakakên padamêlanipun, dèrèng dangu Radèn Cakradibrata, up rêdhaktur Bale Pustaka, kalerehan saking kalênggahanipun kanthi urmat saha badhe angsal pènsiun. Tuwan Cakradibrata wau kagolong salah satunggiling punggawa Bale Pustaka ingkang sêpuh piyambak, wiwit Bale Pustaka taksih gumana ngantos dados agêng. Botên langkung mugi panjênênganipun ginanjara katêntrêman saha kawilujêngan anartanana ing sadayanipun.

Lotre enggal.

Wiwit dintên Sênèn tanggal 19 Mèi punika Ned. Ind. Escompto Mij. sampun wiwit nyade lot-lot lotre enggal kangge Bataviaasch Kinderziekenhuis tuwin sanès-sanèsipun.

Pananggulang malariah ing Prabalingga.

Dèrèng dangu Tuwan Dr. Overbeek saking pakaryan pananggulang sêsakit malariah sampun rawuh ing Prabalingga. Kanthi tuwan bêrgêmèstêr saha pangagênging pakaryan gêmintê panjênênganipun sampun papriksa dhatêng pasisir ing sisih lèr wetan ingkang dados têlênging sêsakit malariah. Samangke sawêg karêmbag pranatan-pranatan ingkang prêlu katindakakên.

Rêsèpsi ing kraton Surakarta.

Gêgayutan kalihan rawuhipun Paduka Tuwan Pisê Admiral Ten Broecke Hoekstra mrêtamu dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta tanggal 21 Mêi punika ing kraton kawontênakên rêsèpsi.

Sêsakit bèri-bèri ing Madura.

Saking Madura sisih kilèn kawartosakên kanthi opisil, bilih wontênipun pagêblug bèri-bèri ing ngrika kenging kawastanan sampun sirêp, namung kantun tiyang 38 ingkang taksih nandhang sakit saha kausadanan tablèt pitaminê tuwin kacang ijêm.

Ingkang Bupati ing Bandhung.

Gêgayutan kalihan panyuwunanipun ingkang bupati ing Bandhung R.A.A. Wiranatakusuma anggènipun badhe lèrèh saking kalênggahanipun, dèrèng dangu Tuwan Gobee, parampara prakawis tiyang siti, sampun tindak dhatêng Bandhung prêlu wawan rêmbag kalihan ingkang bupati supados anggènipun badhe lèrèh kasumênèkakên dumugi môngsa ingkang katêmtokakên.

Petangan cacah jiwa.

Kala tanggal 14 saha 15 Mèi ingkang kapêngkêr para panuntuning petangan cacah jiwa tumrap gêwès-gêwès ing tanah sabrang sami kêmpal wontên ing kantor sentral sêtatistik ing Wèltêprèdhên, prêlu katêrangan ing bab caranipun anacahakên jiwa. Salêbêtipun minggu punika kawontênakên kêmpalan malih tumrap para panuntun ing tanah Jawi saha Madura.

Sampun kalampahan kacobi kawontênakên petangan ing wêwêngkon ingkang cacah jiwanipun watawis wontên 125.000, têtela tumindakipun sae, badhe mitayani kaêtrapakên tumrap saindênging tanah Indhonesiah.

Salêbêtipun saminggu dumugi tanggal 5 Oktobêr badhe katindakakên petangan periodhik (petangan samôngsa) tanggal 7 Oktobêr badhe katindakakên malih petangan momèn (petangan satungkulan), ing ngriku satunggal-satunggalipun tiyang kêdah mratelakakên wontênipun ewah-ewahan cacahing brayatipun salêbêtipun kalih dintên wau. Ingkang makatên wau têtiyang katêdha, sasagêd-sagêd supados botên kesah-kesah saking griya. Ing môngsa wau botên badhe kawontênakên pasar malêm tuwin sanès-sanèsipun.

Mirid talitining dhapukan caranipun anacahakên jiwa, sampun têmtu badhe sagêd kasumêrêpan kanthi patitis mênggahing cacah jiwanipun tanah Indhonesiah, punapadene mênggahing pakaryan, agami tuwin sapanunggilanipun.

--- 645 ---

Dhawahing kabêgjan.

Kawartosakên, ingkang kadhawahan pris 10,000 rupiyah lotre agêng ingkang nêmbe kagêbag punika, inggih punika tiyang nama Suma, satunggiling rêsèrsir P.I.D. ing Priyangan ingkang tumbasipun bathon kalihan kancanipun tunggil damêl tiyang sanga.

Bôndha pangudi raharja.

Ing Kêbumèn sampun kabangun satunggiling pakêmpalan krèdhit kopêrasi, anama: Bôndha Pangudi Raharja. Pakêmpalan wau wontêning pawitanipun saking andhil-andhilipun para ingkang sami angêdêgakên, tumrap satunggal-satunggalipun botên kenging kirang saking 10 andhil ingkang gangsal rupiyah. Arta ingkang kasambutakên badhe kawêdalakên kanthi nicil salêbêtipun 10 wulan mawi sarêman 1½%. Mênggah ingkang dados pangrèhipun inggih punika Tuwan Susanta Tirtapraja minôngka pangarsa saha Tuwan Atmadimêja minôngka agèn. Benjing wulan Juni ngajêng punika badhe wiwit ngêdalakên andhil.

Asiah

Ebah-ebahan ing Indhia Inggris

Darsanah, 15 Mèi (Aneta-Reuter). Minôngka pananggulang wontênipun satya-groha (mogok ambêguguk) pulisi kados sumêdya nindakakên satya-groha ugi tumuju dhatêng para ingkang sami tumut ebah-ebahan mogok ambêguguk ingkang samangke katuntun dening Nyonyah Naidhu.

Sarêng ing dintên wau têtiyang sami bidhal sumêdya anêmpuh gudhang sarêm, sadaya kinêpang dening pulisi, ananging botên kaganggu damêl.

Naidhu mopo botên purun wangsul, lajêng andhawuhakên dhatêng para pandhèrèkipun supados sami kèndêl wontên ing margi.

Sadintên muput Nyonyah Naidhu saha pandhèrèkipun kèndêl ing sakubênging papan-papan kangge damêl sarêm, kinêpang dening pulisi, botên ngombe botên nêdha, kasambi omong-omong saha ngantih.

Bulsar, 16 Mèi (Aneta-Reuter). Nyonyah Kaidhu kacêpêng, nanging sawêdalipun saking barisan pulisi lajêng kamardikakakên malih.

Pambudidayanipun All-India Congress

Alahabad, 16 Mèi (Spec. B.N.). Kumisi All-India Congress sampun mupakat sumêdya ngemutakên dhatêng sadaya têtiyang supados sami ambudidaya sakiyat-kiyatipun kangge anggayuh ingkang dados sêdyanipun, punapadene ngêmên-êmênakên anggènipun mangun yuda salêbêtipun Sang Gandi taksih kinunjara. Makatên ugi badhe kawontênakên aksi pananggulang paos, saha wontênipun aksi pananggulang monopoli sarêm tuwin inuman kêras punapadene pambekoting badan-badan padagangan, Inggris badhe katindakakên langkung kêncêng.

Padagangan tiyang èstri.

Genève, 15 Mèi (Aneta). Rad Polkênbon sampun mupakat sumêdya nitipriksa wontênipun padagangan tiyang èstri ing tanah wetanan. Waragad badhe kasanggi dening Amerikaansch bureau voor sociale hygiene (pakaryan ingkang anuju dhatêng kasarasan umum). Mênggah wontênipun kumisi wau inggih punika tiyang ahli tiga, satunggal bôngsa Pèrsi, satunggal bôngsa Inggris, satunggal bôngsa Jêpan, badhe katuding dening warganing Rad Pollênbon.[2] Pangkatipun benjing awalipun wulan Sèptèmbêr ngajêng punika saha badhe mrêtamu dhatêng nagari-nagari ingkang sampun suka palilah.

Prêjanjian kalihan Pêrancis.

Nanking, 16 Mèi (Spec. B.N.). Wontênipun prêjanjian padagangan antawisipun Tiongkok, Pêrancis saha Indhocina ing dintên wau sampun katandhanan dening Dr. L.T. Wang, ministêr Tiongkok prakawis sajawining praja, saha Domien J.A.Ch. Comte de Martel, utusan Pêrancis ing Tiongkok.

Eropah

Pambekotan ing Indhia.

Londhon, 14 Mèi (Aneta-Radio). Gêgayutan kalihan wontênipun pambekotan ing Indhia salêbêtipun wulan April ingkang kapêngkêr wontênipun barang tênunan ingkang kakintunakên mêdal suda langkung saking 4 yuta ponsêtèrling (1 ponsêtèrling = ± 12 rupiyah) katimbang kalihan ing taun 1929.

Ingkang bupati ing Bangkalan.

Aneta martosakên saking 's Gravenhage bilih ingkang bupati ing Bangkalan miturut pratelanipun Nederlandsch-Indonesisch Verbond sampun lumêbêt dados warga pakêmpalan kasêbut nginggil.

Pawartos saking Administrasi

Toko buku S.M. Diwarna Kotagêdhe. Nomêr-nomêripun 5 lêngganan inggih punika: 3537, 3638, 3543, 3545 sarta 3553.

Lêngganan nomêr 1944 ing Surabaya. Tuwan Arjapuspita ing Sawangan sampun kalêbêtakên dados lêngganan wiwit 1 Juni 1930.

Lêngganan nomêr 3720 ing Wanagiri. Botên sagêd, jalaran nomêr April sampun têlas. Amila kapetang wiwit 15 Mèi. Adrès sampun kalêrêsakên.

Lêngganan nomêr 1874 ing Gregol Kauman. Kajawèn ajêg kakintun, nomêr pintên ingkang dèrèng katampi.

Lêngganan nomêr 1023 ing Majarata. Bab punika botên dados punapa. 1 saking 5, salah satunggil gratis.

--- 646 ---

Wêwaosan

Cariyos Calonarang

Babon saking basa Kawi, kajarwakakên mawi sêkar macapat, dening Radèn Wiradat ing Surakarta.

8

[Dhandhanggula]

larung sami kula damêl cantrik / mawiku wikan wêngkoning weda / mandêng mungkul sami salèh / sang nata ngandika rum / amaripih èsmu kapengin / dhuh rama wiku wara / warahên pun ulun / lampahing kayogiswaran / weda darma supados dados pangudi / widadaning dêlahan //

mila mangke rama sang maharsi / sarênga kula dhumatêng praja / anggèr mugi dipun sarèh / ing wingking ulun nusul / dèrèng sagêd mangke umiring / sawêg anggêlak karya / inggih damêl rabut / sang nata mituhu sabda / lan dhêdhawuh dhatêng sang anindya mantri / kinèn nyamêktanana //

bôndha beya bau suku saking / ing nagara aja kêkurangan / kang tinanggênah ing gawe / Kandhuruhan puniku / mangastuti ingkang sinung ling / ya ta wus sawatara / sri natarsa kondur / atata untaping lampah / datan pae lan duk rawuh wau enjing / tan dangu nuli budhal //

tan winarna kondure sang aji / laju jumujug sajroning pura / sêsowangan pra pandhèrèk / ngaso wus sami mantuk / caritane dipun wangsuli / ya ta rabut ing Girah / samana wus rampung / marma Sang Êmpu Baradhah / arsa marak marang Sri Natèng Kadhiri / mangkana sampun mangkat //

sri bupati wus tampi pawarti / karsa mapag lêbête sang wipra / mring jawi kitha sakèthèng / kathah wadya anggrubyug / samana wus papagan panggih / lêrêm ing sawatara / lajêng wangsul kondur / kerid sang Êmpu Baradhah / sri narendra dahat noraga malat sih / ya ta wus praptèng pura //

sang pandhita lênggah kursi gadhing / Sri Èrlangga lênggah ing ngiringan / tansah ngrêrêpa ngrêpèpèh / kalangkung sugun-sugun / sru sumanggêm sasat sumunggi / sagung suguh siyaga / sinumanggèng kayun / yayah liningga bathara / pra kawula kalulun mèlu malatsih / marang Êmpu Baradhah //

sami kèdhêp ngadhêp kêthip-kêthip / ya ta wau sang nata ngandika / linut ing pamulat sumèh / dhuh rama sang awiku / kula èstu nyuwun pêparing / pamulang weda darma / ing supadosipun / dados sapuning tyas murka / ingkang nama pôncawisayaning budi / drêmba weya angkara //

srèi cêthil lan sêngsêming ngèksi / pamiyarsa pangrasa panggônda / panggrayang kang damêl slèwèng / dhatêng naraka limut / kantun watak wêlas lan asih / santi santa santosa / satatambêg ayu / mêmayu ngèlmi minulya / yèn maluya laya malaya ing benjing / murih jati sampurna //

tuwin pintên sarating mêjani / agêng alitipun punang sarat / mirêng kula sanès-sanès / inggih anggèr sang prabu / botên kêdah mawi mêjani / sok ugi mituhua / mantêp anggêguru / bêkti nurut pinarentah / nadyan bêntèr gêmamplêng jawah wor angin / yèn kinèn kêdah mangkat //

dene undha-usuking mêjani / wontên utami madya lan nistha / inggih lêrês mawi princèn / makatên wijangipun / sèwu langkung nêm atus ringgit / punika petang nistha / madya kawan èwu / wolung èwu yèn utama / utamining utami ngantos dumugi / wolung dasèwu reyal //

manawi sampun mawi mêjani / kenging botên mituhu parentah / nanging ingkang sangêt sae / bêkti mantêp mituhu / tur ta mawi arta mêjani / sang nata angandika / rama mahawiku / kula ngangge sarat arta / ingkang wolung èwu kemawon rumiyin / ing benjing gampil wêwah //

inggih anggèr kalangkung prayogi / kajawi bab mêjani punika / malih kêdah mawi sajèn / lan sêdhah pitu likur / ingênjêtan tinrap ing bèri / mawi cagak kancana / mirah pucukipun / tuwin sêkar urap-urap / kang pun damêl êmas salaka ginunting / rineka sêsêkaran //

miwah uwos jêne mirah abrit / yèn sampun makatên jêng paduka / têmbe sagêd kinabêktèn / ing bawana sumuyut / môngga anggèr kula aturi / lajêng sirama jamas / lawan kangjêng ratu / dhawuha damêl pajangan / langse sutra rinênggaa ingkang adi / kangge ênggèn pamêjang //

sri narendra enggal dhawuh ngrakit / sarat miwah kanthil pêpajangan / sampêt sakèh ubarampe / sang prabu wusnya gêbyur / sakalihan sang pramèswari / mapan mring pêpajangan / winêjang sang wiku / ing ngèlmu kayogiswaran / lawan garwa pramèswari wus winisik / wêwarah kasampurnan //

sri bupati dèn usap-usapi / kêmbang sajèn ping têlu wus purna / sang wiku guru wuwuse / hèh anakku sang prabu / sira mêngko ingsun salini / arana jatiningrat / kalawan garwamu / nuhun risang tampi sabda / tandya guru Baradhah mêmulang malih / wijanging pra pandhita //

wiku praja desa wana wukir / grêhastana miwah wanapastra / biksu brahmacari kabèh / grêhastana puniku / wiku wênang rabi sêsiwi / wanapastra punika / wiku kang dêdunung / anèng ngalas talusupan / kang pinangan sukêt godhong sulur usit / angrênggut cara kewan //

biksu iku wênang mangan daging / laki rabi miwah omah-omah / anjêjamah tindak rèmèh / srawungan ngingu batur / patrap lumrah kêna nglakoni / aja kongsi cinêgah / brahmacari iku / yaiku pandhita wadat / ana patang pangkat ingkang brahmacari / suka miwah tan trêsna //

sawala lan têmên patang warni / suka iku wiwit bayi mula / durung tau ngrasakake / pangan kang lumrah iku / ajar ngèlmu duk saking cilik / dene ingkang tan trêsna / kang kapencut ngèlmu / nuli ninggal sanak kadang / anak bojo tega tan ana tinolih / dene ingkang sawala // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. bôngsa. (kembali)
2. Polkênbon. (kembali)