Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05-31, #505

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05-31, #505. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05-31, #505. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 25-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 44, 2 Sura Taun Jimawal 1861, 31 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [679] ---

Ăngka 44, 2 Sura Taun Jimawal 1861, 31 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tanah Arab

[Grafik]

Gambar nginggil punika kawontênanipun kitha Taizz ing nagari Yèmèn, tanah Arab sisih kidul.

--- 680 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Blindedarm-ontsteking

Têtêdhan ingkang sampun lêmbat ajur punika anjog wontên ing wadhuk, lajêng lumêbêt ing usus alus, salajêngipun langkung ing usus kandêl. Usus kandêl punika dumunungipun wontên ing peranganing wêtêng nglêbêt sisih têngên ngandhap, sumèlèh ing balung cêthik têngên, jalaran saking wontêning usus kandêl wau ing perangan pucukipun buntu, mila dipun wastani usus buntu (blindedarm). Ing pucukipun usus kandêl punika wontên èmbèl-èmbèlipun wujud saèmpêr kadosdene cacing, agêngipun sami potlot utawi cacing tiyang ingkang agêng, panjangipun kirang langkung 10 cm., ing nglêbêt èmbèl-èmbèl wau wontên urung-urung utawi pipa watawis 5-7 c.m. ingkang sambêt kalihan usus kandêl, dene perangan èmbèl-èmbèl sanèsipun buntu. Pipa èmbèl-èmbèl wau kothong botên isi punapa-punapa lan saubêngipun pipa ing nglêbêt daging. Dhasaring kêndhanganipun sami kalihan daging kêndhangan ing lak-lakan. Èmbèl-èmbèl saha usus kandêl wau kabungkus dados satunggal dening daging kêndhangan wêtêng.

Gunanipun èmbèl-èmbèl wau tumrap tiyang gêsang botên wontên, malah manawi kenging ing sêsakit, sagêd ambêbayani. Tandhanipun manawi tiyang gêsang dipun bêdhèl dipun icali èmbèl-èmbèlipun wau botên andadosakên ewah kasarasaning badanipun.

Kasêbut ing nginggil èmbèl-èmbèl punika asring kenging ing sêsakit (blindedarm-onsteking) sajatosipun nama blindedarm-onsteking punika botên lêrês, awit ingkang sakit èmbèl-èmbèlipun, sanès ususipun buntu.

Sêsakit inpguensah[1] tuwin sakit ing lak-lakan, basilipun sagêd katut ing êrah dumugi ing èmbèl-èmbèl wau saha sagêd anjalari thukuling wudun utawi abuh ing ngriku. Manawi ambêbucal botên ajêg utawi angèl, jalaran kaalangan sêsukêr ingkang mandhêg dados atos. Krêmi utawi cacing-cacing ingkang mandhêg utawi kêmpal ing ngriku, isi jambu kluthuk lan sapanunggilanipun, ingkang kasasar utawi kalêbêt ing pipa èmbèl-èmbèl wau, sadaya sagêd nukulakên sêsakit abuh ing èmbèl-èmbèl.

Ingkang sakit andadak sakit wêtêng, mulês ing saubêngipun pusêr utawi ing wadhuk, antawis dintên kraos sakit ing perangan wêtêng ngandhap têngên, langkung-langkung manawi kagrayang ing panggenan ingkang sakit, katawis mrongkol utawi atos, agêngipun sakêmiri, sagêd ugi sami tigan ayam utawi langkung. Badan bêntèr, ambêgan saha kêtêg ugêl-ugêl lampahipun rikat. Ênêk, trêkadhang mawi nuntak. Adat botên ajêg utawi angèl anggènipun ambêbucal, nguyuh sok kraos sakit, otot-otot daging ing sisih têngên saubêngipun perangan wêtêng ngandhap: kêncêng. (Kadhe[2] kasambêtan)

--- 681 ---

Wawasan Nagari Mănca

Ebah-ebahan ing Pilipinah

Para ingkang sami anggatosakên kawontênan-kawontênan pulitik ing tanah wetanan sampun têmtu botên kêkilapan bilih wontênipun ing tanah-tanah jajahan, ing Indhonesiah, ing Mêsir, ing Indhia Inggris, punapadene ing Pilipinah, saya dangu saya adrêng saha saya gumathok anggènipun sami angudi dhatêng kamardikan.

Mênggahing Pilipinah punika cacah jiwanipun sadaya watawis wontên 9 yuta, ingkang kathah sami agami Rum Katolik.

Miturut babad pulo-pulo Pilipinah punika nalika mêkar-mêkaripun karajan Majapait sabagian kabawah ing karajan wau.

Ing taun 1521 pulo-pulo wau kasumêrêpan dening Fernando Magelhaen, satunggiling băngsa Portêgis, salajêngipun ing taun 1570 dhawah ing panguwaosipun karajan Sêpanyol ngantos dumugi taun 1898.

Tancêping panguwaosipun karajan Sêpanyol ing Pilipinah sanadyan kenging kawastanan atêgês kamajêngan tumrap têtiyang siti, kados ta ing bab pangajaran tuwin sapanunggilanipun, nanging bawanipun kaêrèh ing panguwaos mănca, ugi lajêng tuwuh karêntêging manah sumêdya angudi dhatêng kamardikan.

Wontênipun ebah-ebahan kamardikan ing Pilipinah watawis ing taun 1890, katuntun dening José Rizal, sawatawis taun malih inggih punika ing taun 1896 kacêpêng saha kinisas dening têtiyang Sêpanyol. Sarêng makatên ing sawatawis panggenan lajêng tuwuh kraman, ingkang dados panuntunipun inggih punika Aguinaldo.

Nalika samantên karajan Sêpanyol mêmêngsahan kalihan Amerikah lèr. Senapatining wadyabala Amerikah, Admiral Dervey lajêng minta sraya dhatêng Aguinaldo. Kalampahan, panguwaos Sêpanyol sagêd kaêndhihakên, nanging sarêng makatên, Amerikah lajêng botên purun anglulusakên kamardikaning Pilipinah, panguwaos badhe kacêpêng piyambak.

Awratipun badhe ambujêng dhatêng kamardikan Aguinaldo lajêng gêntos ajêng-ajêngan kalihan mêngsah ingkang langkung kiyat saha langkung santosa. Wasana ing taun 1901 Aguinaldo kacêpêng, wontênipun kraman ugi lajêng sirêp. Inggih wiwit titimăngsa wau tancêping panguwaosipun Amerikah ing Pilipinah.

Kanthi tuntunanipun Amerikah kathah sangêt ewah-ewahan ingkang katindakakên kangge angajêngakên têtiyang siti, ing taun 1904 kawontênakên satunggiling badan pamarentah ingkang kawastanan Philippine Assembly. Ingkang kawisudha jumênêng pangarsa inggih punika Sergio Osmena, panuntuning parte kabangsan ing Pilipinah.

Wasana ing wulan Agustus 1916 kapatêdhan parentah mandhiri, katêtêpakên wontên ing Jones Act. Wontênipun parentah mandhiri wau kenging kagrêba: [ka...]

--- 682 ---

[...grêba:] tumindaking pamarentah kapasrahakên dhatêng tiyang siti kaayoman dening parentah Amerikah. Kados ing Amerikah ing Pilipinah ugi kawontênakên badan pamarentah kalih, inggih punika Lagerhuis saha Senaat. Ingkang kapilih minăngka pangarsaning Lagerhuis inggih punika Sergio Osmena, dene Manuel Gurzon minăngka pangarsaning Senaat.

[Grafik]

Pakaryan babagan kajêng, ingkang katindakakên dening para murid têtanèn ing Pilipinah.

Ewasamantên băngsa Pilipinah botên kêndhat tansah angudi dhatêng sampurnaning kamardikan, kados ingkang kasêbut ing kabar kawat, băngsa Pilipinah sampun ngintunakên satunggiling utusan kanthi tuntunanipun sang sarjana Roxas saha Somulong prêlu damêl propagandhah saha wawan rêmbag kalihan parentah Amerikah ing bab kamardikanipun Pilipinah.

Para maos kados sagêd anggalih piyambak, bab punika satunggiling prakawis ingkang sakalangkung wigatos, botên namung tumrap Pilipinah kemawon, ugi tumrap Amerikah. Nalika pangkatipun dhatêng Amerikah Somulong sampun ngemutakên dhatêng têtiyang Pilipinah ingkang wosipun: supados têtêp anggènipun mangun yuda anuju dhatêng kamardikan. Miturut pamawasipun satunggiling băngsa Amerikah ahli dagang, bilih Pilipinah samangke kamardikakakên, sampun têmtu badhe atêgês karisakaning ekonominipun. [ekonomini...]

--- 683 ---

[...pun.]

Lan malih bilih Pilipinah kalampahan pêthal kalihan Amerikah wontênipun gêndhis saking Pilipinah badhe botên sagêd lêlawanan kalihan gêndhis saking tanah Jawi ingkang langkung mirah, badhe kenging beya kados gêndhis saking tanah Jawi, wêkasanipun badhe botên sagêd kasade wontên ing Amerikah. Kajawi punika wontênipun indhustri gêndhis ing pulo Hawai ugi badhe pêjah, jêr kalih pratiganing punggawanipun inggih punika băngsa Pilipinah (pulo Hawai puniba[3] kalêbêt jajahan Amerikah ugi).

Makatên mênggah kawontênanipun samangke ing Pilipinah. Kadospundi badhe wohing pirêmbaganipun utusan Pilipinah kalihan parentah Amerikah prayogi kasarantosakên kemawon.

Bab Ringgit

Dèwi Uma

Sambêtipun Kajawèn nomêr 43

Cariyos Dèwi Uma ing Kajawèn nomêr 43 dumugi nalika têtiyang ingkang nêmbah ulam tirbah santun sami manêmbah dhatêng Hyang Guru, nanging ugi taksih wontên ingkang sêmang-sêmang ing panêmbahipun, satêmah sami nyatakakên sami sowan ulam tirbah, ingkang sami sowan wau sawênèhing nata tuwin juragan Umaran tuwin têtiyang sanès-sanèsipun, nanging sadumugining pinggir rawa, ulam tibah mêksa botên ngatingal.

Ing ngriku Sang Hyang Guru botên kasamaran dhatêng kajêngipun têtiyang ingkang sami mriku punika, wusana lajêng angrawuhi. Sang Hyang Guru lajêng ngandika kathah-kathah ing bab kalintuning panêmbahipun têtiyang wau sadaya, saha lajêng sagêd manggihakên tăndha yêkti, ingkang nuwuhakên piandêling ngakathah. Nanging tumrap juragan Umaran, ing manah ugi dèrèng mantêp yêktos, mila gadhah atur: Dhuh dewaning jagad, sêsêmbahanipun manusa sadaya, kawula pitados saha sumungkêm ing paduka, ananging kawula kaparênga nyuwun tăndha saksi purbawisesa tuwan.

Sang Hyang Guru mèsêm kalihan angandika: He Umaran, sira iku têrahing linuwih, biyèn sira duwe anak wadon aran Umayi, ananging nalika samana lunga atinggal praja, sira ora sumurup ana ing ngêndi dununge. Nanging jalaran saka kamurahan ingsun, anakira iku bakal katêmu. Sasampunipun makatên, Hyang Jagadnata lajêng nyipta ruwatipun ulam tirbah, murih wangsul dados manungsa malih. Ing sanalika ngriku ulam tirbah mancolot saking rawa lajêng dados tiyang malih, saha lajêng sujud dhatêng Sang Hyang Guru. Sang Hyang Guru lajêng ngandika: He, Umaran, iki apa dudu anakira Si Umayi.

Ing sanalika ngriku juragan Umaran botên pangling, lajêng anjêlèh kalihan ngrangkul tuwin wicantên: Aku ora ngira babarpisan yèn katêmu karo kowe [ko...]

--- 684 ---

[...we] ênggèr, aku nganti samar, apa kowe iku anakku Si Umayi têmênan. Dangu-dangu juragan Umaran botên kasamaran yêktos, lajêng matur dhatêng Hyang Guru, bilih punika anakipun saèstu.

Hyang Guru lajêng mangandikakakên lêlampahanipun Umayi sadaya, wiwit kalanipun kesah ngantos dumugi babaripun dados tiyang malih. Sadaya sami ngungun. Sang Hyang Guru lajêng ngandika malih: Anakira Si Umayi iki prayoga dadi sêsêmbahaning wong, amarga anggone kapati tapa mung nêdya supaya bisa kagarwa pangeraning jagad, sarèhning anakira mantêp ing sêdyane, ingsun iya anjurungi. Juragan Umaran sampun nyandhak ing karsanipun Sang Hyang Manikmaya.

Sang Hyang Manikmaya lajêng nitih Lêmbu Andini mumbul ing gêgana, Dèwi Umayi kabêkta. Lajêng kagarwa, ugi karan Dèwi Uma. Lajêng pêputra Bathara Sambu, Bathara Brama, Bathara Endra, Bathara Bayu. Sasampunipun pêputra sakawan wau, lajêng pêputra malih ingkang tumitahipun bineda kalihan putra ingkang sampun-sampun, inggih punika Bathara Wisnu.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, nalika Sang Hyang Guru angejawantah jumênêng nata jêjuluk Sri Padukaraja Mahadewa Budha, ingkang garwa katilar. Dèwi Uma lajêng dados kakung, nusul ingkang raka. Sarêng dados kakung jêjuluk Sri Maha Bathara Rajadurga, jumênêng nata wontên ing Mêdhangkamulan tilas kithanipun Sri Padukaraja Dewa Budha. Sajumênêngipun nata ngirup têtiyang sanès nagari, kathah ingkang sami nungkul, jalaran saking sami kasoran prabawa.

Dangu-dangu kamirêngan ing Sri Padukaraja Mahadewa Budha, lajêng utusan wadya kadhawuhan anglurugi, nanging sarêng campuh pêrang, wadyabalanipun Sri Padukaraja Mahadewa Budha sami kasoran. Kalampahan Sri Padukaraja Mahadewa Budha angrawuhi piyambak, lajêng pêrang sakalangkung rame, gênkos[4] unggul gêntos kalindhih. Dangu-dangu Sri Maha Bathara Rajadurga kenging prabawa lajêng dados èstri malih. Sang putri sarêng sampun sajarwa sakathahing lêlampahan ngantos dumugi nusulipun punika lajêng kabêkta kondur angadhaton, saha kaêlih nama Bathari Mahèswari Parwati.

Ing têmbe sang putri botên lulus anggènipun kagarwa ing Hyang Guru, amargi kasiku anggèning ngupatani ingkang raka ngantos anêmahi sêsiyung, utawi jalaran Hyang Guru ngantos pêputra Kala. Nanging anggèning botên tulus kagarwa wau namung wadhangipun[5] kemawon, alusipun taksih lêstantun, wadhagipun lajêng kagarwa Hyang Kala. Nama Bathari Durga.

Mirid cariyos padhalangan, Bathari Durga punika angadhaton wontên ing Setra Găndamayi, limrahipun tansah anjurungi dhatêng para lampah cidra. Kados ta ingkang pinanggih wontên ing lêlampahan Endhang Wrêdiningsih, anggèning Radèn Prêmadi kadadosakên èstri, jalaran badhe lampah cidra, makatên ugi lampahan Sumbadra Larung, Radèn Burisrawa pinaringan kasaktèn linangkung, ugi jalaran badhe lampah cidra, tuwin sanès-sanèsipun.

--- 685 ---

Cariyos Kina

Aslinipun Sarêm Tampêr (Plêtuk)

Ing bawah dhistrik Kradenan (Purwadadi) kathah sangêt tiyang ingkang andamêl sarêm tampêr, inggih punika: ing dhusun Crèwèk, Banjarmêndhikil, lan ing Kuwu (Blêdhug).

Pangupajiwanipun tiyang ing ngriku, inggih sami andamêl sarêm tampêr, dene pamêndhêtipun sarêm tampêr punika, botên mêndhêt saking toya sagantên, ananging mêndhêt saking êmbêl (êndhut).

Ing dhusun ingkang kasêbut ing nginggil wau, satunggal-satunggaling dhusun ngriku, wontên ara-aranipun bênthak, inggih punika ingkang mêdal êmbêlipun ngantos pintên-pintên bau.

Wontênipun ing ngriku amujudakên siti ingkang kados makatên wau, mulabukanipun makatên: saking cêcriyosanipun tiyang ing ngriku, nalika panjênênganipun Sang Prabu Jaka, inggih punika Sang Ajisaka, ingkang angêdhaton wontên ing Mêdhangkamulan.

Ing nalika samantên, sang prabu kalêrês dipun sowani ingkang putra, nanging kang putra punika botên awujud manungsa, inggih punika awujud sawêr, kalangkung agêng, dening mripatipun kadosdene srêngenge kêmbar, anyrêmomong, awasta pun Jaka Linglung.

Rèhning panggalihipun sang prabu ragi pakèwêd, badhe kaakên kadospundi, botên kaakên kadospundi, manawi botên kaakên, bokmanawi pun Jaka Linglung ambêbayani, manawi kaakên, sang prabu lingsêm sangêt, ingatasipun ratu kagungan putra wujud sawêr agêng.

Sang prabu lajêng kagungan panggalih, badhe nyirnakakên ingkang putra pun Jaka Linglung punika. Sang prabu lajêng dhêdhawuh dhatêng Jaka Linglung, ing sarèhning sang prabu kagungan mêngsah, inggih punika baya pêthak, ingkang manggèn wontên ing sagantên kidul, kapurih nyirnakakên, lan ambêkta kranjang mata era (kranjang arang utawi kranjang pangaritan). Sawangsulipun saking sagantên, kadhawuhan ambêkta angsal-angsal, inggih punika sirahipun baya pêthak, lan toya sagantên, kawadhahan ing kranjang mata era, mratandhakakên manawi mêngsahipun sang prabu sampun sirna. Dene kaparêngipun sang prabu, pancèn pun Jaka niyatipun dipun pitênah murih sirnanipun.

Sarêng Jaka Linglung kadhawuhan ingkang rama makatên lajêng nyuwun pamit, lèngsèr saking ngarsanipun sang prabu, amblês ing siti, sanajan wujud sawêr, pancèn trahing ngawirya, inggih kalampahan.

Kacariyos, sarêng pun Jaka Linglung sampun dumugi ing sagantên kidul, kalêksanan prang kalihan baya pêthak, nanging pun baya pêthak kawon prangipun, nuntên katigas jangganipun, kabêkta katur dhatêng Sang Prabu Jaka, kalihan ambêkta kranjang, isi toya sagantên.

Sarêng sampun kalêksanan, pun Jaka Linglung lajêng wangsul, wangsulipun inggih ugi mêdal salêbêting siti, sarêng lampahipun Jaka Linglung sampun watawis têbih, lajêng anjêdhul, panjêdhulipun pun Jaka Linglung, kalêrês wontên dhusun Crèwèk, nanging kadhatonipun kang

--- 686 ---

rama taksih têbih, dados pun Jaka Linglung amblês malih, toyanipun ingkang winadhahan kranjang, kocar-kacir wontên ing ngriku, mila wontênipun êmbêl ingkang sapisan. Wontên ing dhusun Crèwèk, pun Jaka Linglung anjêdhul malih, kalêrês ing dhusun Banjarmêndhikil, punika ingkang kaping kalih, toyanipun sagantên ugi kocar-kacir. Nuntên amblês malih, tumuntên anjêdhul malih, kalêrês ing dhusun Kuwu (Blêdhug), ing ngriku pun Jaka Linglung ragi dangu, awit kadhatonipun ingkang rama ragi cêlak, pramila kèndêlipun pun Jaka Linglung ragi dangu, jalaran sayah.

Milanipun ing Kuwu punika êmbêlipun kalangkung agêng sangêt, dene sanèsipun alit. Ing sarèhning pun Jaka Linglung anggènipun sayah sampun mantun, tumuntên amblês malih, cêkaking cariyos, pun Jaka Linglung sampun dumugi ing kadhatonipun ingkang rama, inggih punika ing Mêdhangkamulyan, dene bêbêktanipun pun Jaka Linglung sampun katur dhumatêng kang rama Sang Prabu Jaka, inggih kalêksanan sadaya, punapa ingkang dados karsanipun sang prabu wau.

Pramila dhusun Kuwu (Blêdhug) kasêbut makatên, awit mêndhêt saking suwaranipun êmbêl, dening êmbêlipun kalangkung agêng sangêt, manawi êmbêlipun mumbul, ngantos nyuwara sora, mak blêdhug-blêdhug, mumbulipun êmbêl, ngantos inggil sangêt, êmbêl ingkang alit inggih nyuwara, nanging alit, plup-plup.

Têtiyang ing ngriku, pandamêlipun sarêm tampêr, mêndhêt saking êmbêl, ingkang andêlèwèr saking ing nginggil, utawi saking ilinipun êmbêl, tumuntên dipun upakara, ngantos dados sarêm. Dene sarêm tampêr punika wujudipun lêmbat, kadosdene gêndhis pasir.

Dadosanipun sarêm tampêr punika, asli saking êmbêl, ingkang mawa sarêm.[6]

Sastrasugănda.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar margi sêpur ing sapucaking rêdi Colorado (Amerikah). Ingkang inggilipun 4.700 m.

--- 687 ---

Waosan Lare

Kapatèn Obor

X. Pangeran adipati mèh tiwas.

[Mêgatruh]

Gênti catur ngăndha crita kang kêpungkur | dhèk samana kangjêng gusti | kêtaton prênahing bau | gêtih andalêdêg mili | bokmanawa kêna otot ||

bangêt kantu êmung tansah ora emut | nanging sarèhning prajurit | isih sagêd adhêdhawuh | murih padha angunduri | mung undure isih tanggon ||

karo dhawuh sadalan-dalan anêmpuh | omah-omah diobongi | uwonge padha kon têluk | yèn lumuha dirampungi | kabèhe uwis kalakon ||

jêng pangeran dipikul ana ing tandhu | nanging pijêr ora eling | sawise adoh lan mungsuh | lan wis ora nguwatiri | padha lèrèn alon-alon ||

sakabèhe para kawula angrubung | ngupakara kangjêng gusti | kocap ana uwong maju | amiyak para prajurit | barêng ketok uwong wedok ||

nuli clathu amit sadaya priyantun | kula parêngna nyêlaki | badhe tumut urun rêmbug | sukur sagêd anjampèni | wong-wong sing wêruh malênggong ||

ana ngêndhêg karo mancêrêng calathu: | anèh têmên kowe kuwi | awit kowe iku mungsuh | ya arêp ngakua bêcik | mêsthi disamarke uwong ||

uwong wedok mangsuli karo angguyu | botên lêpat kang anggalih | nyujanani dhatêng mungsuh | nguwatoskên bokmanawi | badhe adamêl piawon ||

nanging kula tiyang punapa priyantun | harak namung tiyang èstri | tuwin malih sampun ngumur | yèn gadhaha manah drêngki | têtêp nama tiyang awon ||

mênggah kula ing manah mung raos suwung | malah mung nêtêpi wajib | yèn tiyang wajib têtulung | botên mawi pilih-pilih | pun anggêp sami kemawon ||

dhèk samana jêng pangeran nuju wungu | tumuli andangu lirih | apa kuwi rubung-rubung | ana abdi sing mangsuli | sêmu wêdi andharodhog ||

nuwun gusti wontên tiyang èstri sêpuh | badhe sowan dhatêng gusti | kula pambêng botên purun | angandika kangjêng gusti | kene ambacuta êmbok ||

nuli mlêbu karo nangis sênggruk-sênggruk | pangeran andangu lirih | anèh têmên kowe iku | têka-têka banjur nangis | wis ta kapenakna kono ||

aku arêp takon mênyang kowe biyung | ana apa dene nangis | aku iki rak mungsuhmu | prêlu apa kotangisi | tindakmu rak aran elok ||

uwong wedok isih nangis karo matur | lêrês dhawuh dalêm gusti | nanging punapa kalèntu | anggèn kawula nangisi | jalaran kêraos-raos ||

nadyan kula punika kêbandhang mungsuh | nanging mungsuh kula gusti | dados [dado...]

--- 688 ---

[...s]

upami dipun jur | sayêktos kawula tampi | lêga lila lair baos ||[7]

awit mênggah raos kula têtêp têrus | botên badhe angiloni | gusti kula jêng sinuhun | tuwin gusti kula ngriki | yêktos mung sami kemawon ||

dene gusti sowan kula niyat namung | nuwèni gêrahing gusti | kacariyos nandhang tatu | manawi kaparêng gusti | badhe ningali pun êmbok ||

jêng pangeran mandêng mênyang uwong mau | karaos têrus ing galih | lan èngête nuli thukul | yèn tindake kangjêng gusti | mung gawe susahing uwong ||

awit jênêng sulayan padha sadulur | gawe susahing wong cilik | kabèh mung anut ing grubyug | loro pisan padha gusti | padha bae yèn dibobot ||

jêng pangeran nuli alon adhêdhawuh | kene ta nyêdhaka bibi | gilo priksanên tatuku | adhuh larane ngluwihi | ayake narajang otot ||

uwong wedok nuli namatke andhingkluk | nuli wiwit anambani | barêkate wong wis ngumur | wis kulina amêruhi | owahe balung lan otot ||

alon-alon nuli ditambani rampung | astane disăngga godhi | barêng wis singsêt akukuh | pangeran ngandika lirih | dene kok kapenak êmbok ||

alon matur wong mau karo angguyu | o, tamtu kemawon gusti | awit gêrah namanipun | manawi dipun jampèni | sagêd lajêng botên kraos ||

wiwit mau pangeran bingah kalangkung | sarta nuli kagungan sih | wong mau dianggêp biyung | rina wêngi mung disandhing | pangeran êsihe kasok ||

kala-kala uwong mau bisa tutur | lêlakone para gusti | malah nadyan para ratu | bisa cêtha tharik-tharik | kabèh caritane maton ||

dhèk samana ambênêri wayah esuk | lênggah pangeran dipati | sarira wis rada kukuh | diadhêp para prajurit | angrasani ing bab mungsoh ||

ing karsane jêng pangeran bali nêmpuh | awit wis sugih prajurit | wong-uwong kang padha têluk | akèhe wis mêmêdèni | kira kutha mêsthi jêbol ||

nuli dhawuh hèh kabèh kang padha saguh | padha mantêpa ngantêpi | ing samăngsa ingsun dhawuh | kutha rangsangên tumuli | aja nganggo ewah-ewoh ||

durung tutug kasaru uwong gumrudug | suwarane pating jlêrit | alok ana uwong ngamuk | êndi sing ditrajang nyingkir | yèn sing mapag mati ngênggon ||

nuli ketok wong sing ngamuk bangêt riwut | kangjêng gusti ora pangling | yèn uwong sing ngamuk mau | mungsuh sing biyèn natoni | pangeran anggragap alok ||

ayo enggal cêkêlên wong ngamuk iku | nanging wonge ngangsêg wani | sing nyêdhak dipêdhang rampung | wise nyêdhak kangjêng gusti | dicandhak astane kukoh ||

karo clathu gusti mangke seda tamtu | kula niyat malês pati | gusti mêjahi pun biyung | manawi karsaa budi | lah budia kula kêtog ||

jêng pangeran prasasat koncatan bayu | saka ing panggalih gingsir | sarta isih rumbu-rumbu | wonge nuli narik kêris | dilarihke wis mèh cêprot ||

--- 689 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kawigatosanipun Tiyang Ngarang

II

Garèng: Wis, Truk, tumuli caritakna andharanamu cara-carane juru ngarang băngsa Eropah utawa Amerikah yèn arêp ngarang dongèng. Sanyatane aku ngarêp-arêp bangêt ngrungu panêmune wong sing kêmlănda-lănda kaya kowe kuwi, sing anduwèni panganggêp, kabèh-kabèh sing nyara Lănda, mêsthi apike. Lo, Truk, kowe aja kliru panămpa mungguh sing tak anggêp Lănda kuwi, sabênêre ora ngêmungake sing asli nagara Walănda bae, nanging kabèh sing sairib Lănda. Mulane banjur ana unèn-unèn: Lănda Inggris, Lănda Jêrman, Lănda dhidhong, Lănda irêng, Lănda ikêt-ikêtan ...

[Grafik]

Petruk: Hara, kok banjur mlantrang-mlantrang mêngkono, ana Lănda kok Lănda ikêt-ikêtan, kuwi karêpmu kapriye.

Garèng: Jarene Lănda ikêt-ikêtan kuwi, wong Jawa sing watake, pikirane, solah tingkahe lan sapiturute, wis Lănda blêjêt kae, Jawane mung ana ing ikêt ...

Petruk: Wis, wis, kok banjur nyêmoni kayakinaning liyan. Ora bêcik, Kang Garèng, apa kok kira kayakinanmu dhewe kuwi mêsthi bênêre, rak durung kinar, ta. Nèk ngrungu kabèh unimu ing ngarêp, sajake kowe arêp ngêncêngi bangêt mênyang kajawanmu, kuwi iya bêcik. Nanging iya ora bêcik, nèk carane anggonmu arêp ngêncêngi kajawan mau sarana ngêmohi kabèh kang dudu asli kajawan, jalarane ora liya mung sabab kowe ora dhêmên karo wong-wong sing anduwèni cara mau. Sanyatane sawijining băngsa sing kêpengin jajar lungguhe karo băngsa sing wis unggul drajate kuwi iya ora kêna anduwèni ewuh-pakewuh niru utawa nelat tatacara băngsa mau. Wis mêsthi bae sing ditiru kuwi ya sing bêcik, aja sing ala. Mêngko dumèh băngsa sing unggul drajate mau mata dhuwitên upamane, nganti nyawa uwong prasasat dianggêp kayadene nyawaning pitik, saka anggone arêp ngudi mênyang kamulyan, banjur ditiru bae, lo, nèk mêngkono kuwi iya ora mathuk. Nanging tindake sing bêcik, sing pancèn munpangati tumrap aku kabèh, kuwi sanadyan sing nindakake mau satru bêbuyutan pisan, kenene kudu aja pakewuh

--- 690 ---

niru. Mêngkono uga mungguhing juru ngarang băngsa Eropah utawa Amerikah, kuwi pirang-pirang tindak lakune, sing anjalari karangane bêcik, cêtha, sarta disênêngi ing wong akèh, kang pantês ditiru ing para juru ngarang bangsaku kiyi. Kaya ta: juru ngarang băngsa Amerikah, Tuwan Jack London kang karangane kasuwur saindênging bawana, apa manèh karangane ing bab uripe sato kewan ana ing sajêroning alas, kuwi pirang-pirang taun lawase manggon dhewe ana ing alas, prêlu nyinau uriping kewan. Mulane anggone anggambar carane uriping kewan iya kaya têmênan-têmênana kae.

Garèng: Hêm, dadi nèk aku ora kaliru ing panămpa mungguh kandhamu kiyi, yèn arêp gawe dêdongengan murih bisa cêthane lan disênêngi ing wong akèh, si juru ngarang kudu nalitèkake kaanane sing têmênan. Juru ngarang sapa bae manèh sing mrêlokake nêksèni kaanane sing arêp kanggo dêdongengan-dêdongengan sing arêp dikarang.

Petruk: Wah, nèk aku kudu nyêbut jênênge kabèh, sanadyan nganti kêtêmu karo eyang Yamadipati pisan, iya mêksa durung cuthêl-cuthêl. Saikine kowe tak caritani sawatara bae, kaya ta: Gustave Aimard juru ngarang băngsa Prasman, pangarang dongèng-dongèng băngsa Indhian, hla, kuwi anggone bisa andongèng caritaning wong Indhian, iya nganggo dilakoni manggon kumpul karo băngsa Indhian nganti pirang-pirang taun. Ana manèh juru ngarang E. Philips Oppenheim kuwi kalane arêp ngarang ing bab susahe wong kalah main, iya mrêlokake main nyang papan ngabotohan ing Monte Carlo, yaiku papan ngabotohan saindênging jagad kang gêdhe dhewe. Pangarange Tarsan, yaiku anak manusa kang diopèni ing kêthèk bangkokan E.R. Burroughs, kuwi pirang-pirang taun manggon ana ing alas ing Aprikah, prêlu nyinau uriping kêthèk, malah jarene nganti bisa wawan gunêm karo kêthèk. Ana manèh juru ngarang băngsa Swid, kalane arêp ngarang carita kuna ing Eropah, nalikane gamane isih watu, banjur manggon ana ing alas tanpa mênganggo tur mung sangu gêgaman watu nganti sataun lawase.

Garèng: Wadhuh, hla nèk ngono iya angèl bangêt anggone arêp niru. Ewadene upama aku dadi juru ngarang, mêksa ana uripe juru ngarang sing wis kasuwur ing jagad, kang gampang anggonku arêp niru, yaiku juru ngarang Prasman kang aran Emile Zola, ing sarèhning sing dicaritakake mung băngsa Rusiah-Rusiah bae, pawitane rak anggêre royal bae, rak mêsthi bisane.

Petruk: Hara, rak banjur salah wèsêl. Dumèhane sing didongèngake juru ngarang mau sing akèh bab-bab kang sinarawèdi, banjur dianggêp yèn sangune royal. Ing ngarêp aku rak wis kăndha, juru ngarang kuwi yèn arêp gawe cacritan, sabisa-bisa kudu nalitèkake apa sing arêp dicaritakake, dene yèn ora bisa nalitèkake dhewe, ana dalane liya, upamane bae sarana takon-takon marang wong sing wis tau nglakoni utawa ngalami, kaya ta: arêp nyaritakake abote wong kontrak nyang

--- 691 ---

Dhèli, têmtune arêp anglakoni dadi kontrak dhewe kangelan, kuwi iya banjur takon marang wong-wong sing wis tau nglakoni kontrak nyang Dhèli. Takone mau aja mung nyang wong siji bae, nanging nyang wong pirang-pirang, awit nèk mung nyang wong siji bae, bisa uga banjur diwuwuh-wuwuhi utawa dikurangi, kang bisa anjalari caritane kurang utawa kêladuk.

Garèng: Iya, iya, wis ngrêti aku, dadi wong arêp ngarang buku kuwi kudu nalitèkake apa sing arêp dicaritakake utawa takon-takon marang wong-wong sing wis tau nglakoni. Hla, saiki aku arêp takon manèh, nalikane durung măntra-măntra ana kapal silêm, kapal mabur, kuwi ana juru ngarang băngsa Prasman, yaiku Jules Verne ngarang dongèng-dongèng sing gêgayutan karo masin mabur utawa kapal silêm, nganti anggone anggambarake bab loro kiyi cêtha wela-wela bangêt, hara, apa dhèwèkne mau iya wis tau nglakoni nunggang masin mabur utawa kapal silêm. Ing măngka ing ngarêp rak wis tak kandhakake, nèk jaman samono kuwi durung paja-paja ana bêkakas loro kiyi. Nèk takon-takon sing ditakoni bae sapa, apa iya bêndara-bêndara malaekat.

[Grafik]

Gambaripun suwargi Tuwan Jules Verne.

Petruk: Lo, yèn tumrap juru ngarang iki pancèn kêna diarani wong rada anèh, yèn cara Jawane kêna diarani: wong waskitha utawa wêruh sadurunge winarah.

Garèng: Wèyèh, ngêndi ana wong wêruh sadurunge winarah, rak banjur sugih phulus sanalika, awit yèn tuku lotre banjur wêruh nomêre sing bakal narik f 150.000.- aku kok ora pati ngandêl, dhing.

Petruk: Ya kêna kowe ora pati ngandêl. Nanging apa kowe lali, yèn juru ngarang băngsa Jawa ya ana sing kaya mangkono, kaya ta: layang jăngka karangane Prabu Jayabaya lan layang Kalatidha karangane Radèn Ngabèi Rănggawarsita, genea kathik bisa nyaritakake lêlakon sing durung kalakon. Hara, kapriye saka pamikirmu.

Garèng: O, iya, dhing, bênêr kandhamu. Saiki aku wis trima ngalah. Mung bae coba aku saiki kandhanana, sarèhning sumurupanku kurang, kapriye cara-carane gawe karangan sing mêsthi bisa katampan saupama diaturake marang Bale Pustaka, kang sabanjure dadia wacan umum.

Petruk: Bab kiyi liya dina bae dak caritani sing nganti talêsih.

--- 692 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Paduka Tuwan W.P. Hillen.

Paduka Tuwan W.P. Hillen, warga rad Indhia ingkang ngêmban dhawuh parentah supados nitipriksa kawontênan-kawontênan ing Dhigul nginggil, kadugi benjing tanggal 10 Juli ngajêng punika badhe kondur dhatêng tanah Jawi.

Pawartos Marinê.

Kaangkat wiwit tanggal 1 Mèi 1930, Martijan (15.371), Matrus klas II dados matrus kok saha H. Lintjewas (562), matrus montir dados kopral montir.

Kaangkat wiwit tanggal 1 Juni 1930 Lenggo, matrus op mèstêr dados kopral op mèstêr.

Sambêtan tilpun radhio kalihan nagari mănca.

Wontênipun sambêtan tilpun radhio saking tanah Jawi kalihan Inggris Schotland saha Wales langkung Amsterdam wiwit tanggal 23 Mèi punika kabikak tumrap umum. Embalanipun inggih punika tumrap 3 mênit ingkang kawitan 63 rupiyah, salajêngipun tumrap samênit-mênitipun 21 rupiyah.

Tuwan Tamrin sampun wangsul saking Sumatra.

Kala tanggal 23 Mèi ingkang kapêngkêr Tuwan Tamrin sampun wangsul saking anggènipun tindak lêlana dhatêng Sumatra. Pangandikanipun, anggènipun lêlana wau ingkang perangan pulitik sae wohipun, ing pundi-pundi sampun kabangun komite-komite minăngka ngêmpalakên arta kangge băndha kabangsan (samangke sampun wontên 6000 rupiyah). Têtela ing Sumatra wontênipun raos pulitik ugi gêsang, ing pundi-pundi katingal angandhut raos kabangsan, ing Sumatra sisih kilèn punapadene ing Sumatra sisih wetan. Ing bab wohing panitipriksanipun badhe kaajêngakên wontên ing rad kawula.

Ewah-ewahan tumrap pangajaran pribumi.

Kados ingkang sampun kawartosakên dya parentah sampun tampi usul-usul murih wontênipun pangajaran ingkang mawi dhêdhasar kilenan tumrap băngsa pribumi kaewahana saha katindakna wiwit wulan Juli 1931. Miturut pawartos Aneta kala tanggal 24 Mèi ingkang kapêngkêr bab wau sampun karêmbag wontên parêpatan rad Indhia.

Konpêrènsinipun para pangagêng Kasunanan saha Kasultanan.

Kala tanggal 10 Mèi ingkang kapêngkêr ing Danurêjan, Ngayogya, sampun kawontênakên konpêrènsining pangagêng-pangagêng Kasunanan saha Kasultanan. Konpêrènsi wau dipun rawuhi dening Paduka Tuwan Gupêrnur Surakarta saha Ngayogya K.G.P.A.A. Mangkunagara, K.G.P.A.A Pakualam, pêpatih dalêm ing Surakarta saha Ngayogya. Patih Mangkunagaran saha patih Pakualaman, residhèn t/b ing Surakarta, asistèn residhèn Agrarische Zaken ing Ngayogya, asistèn residhèn Ngayogya saha Gewestelijk Secretaris ing Surakarta. Ingkang karêmbag inggih punika:

1. Supados kawontênakên satunggiling up amtênar babagan tèhnik tumrap ing Kasunanan saha ing Kasultanan.

2. Bab Bale Agung. Ing bab adêgipun Bale Agung wau konpêrènsi dèrèng andamêl karampungan.

3. Bab pamulangan-pamulangan ingkang mawi pangajaran agami, ingkang angsal subsidhi utawi botên, punapadene bab pamulangan dhusun.

4. Pambudidaya minăngka pananggulang wukêr. Gêgayutan kalihan wontênipun gubahan ing Sêdyatama tanggal 17 Mèi bab wukêr ingkang katindakakên dening satunggiling băngsa Tionghwa, parepatan anggalih bab wau prayogi kapasrahakên kemawon dhatêng golongan partikêlir, bilih prêlu kanthi pitulungan nagari.

5. Bab sanès-sanèsipun

Ebah-ebahan Ahmadiyah.

Kawartosakên wontênipun wêwaton (statuten) ebah-ebahan Ahmadiyah ingkang kaaturakên dhatêng parentah dening M.Ng. Jayasugita, pangarsa, saha M.Moh. Husni, panitra ebah-ebahan Ahmadiyah, sampun kaabsahakên dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral. Wêwaton wau adhêdhasar:

1. Kuran.

2. Kapitadosan bilih Kangjêng Nabi Muhamad punika: nabi, saha sasampunipun punika badhe botên wontên nabi malih. Inggih panjênênganipun wau ingkang kêdah kakatulad dening têtiyang.

3. Kapitadosan bilih sasedanipun Kangjêng Nabi badhe wontên mujadhid utawi panuntun agami ingkang badhe anglêrêsakên pranatan-pranatan agami ingkang nalisir saking ingkang asli saha bilih asrah Mirsah Gulam, Ahmad punika mujadhin nalika abad ingkang kaping 14 sasampunipun Hijrah.

Wontênipun pakêmpalan wau anuju dhatêng katêntrêman.

Prakawis lintah dharat ing Jampang.

Kala tanggal 21 Mèi ingkang kapêngkêr ing Jampang kilèn sampun kawontênakên konpêrènsinipun ingkang wadana ing Jampang, administratur [admini...]

--- 693 ---

[...stratur] polêk kredhit bang ing Sukabumi saha tilas administratur ingkang sampun kawêntar dados juru potang ing wêwêngkon Jampang. Mênggah wontênipun konpêrènsi wau inggih punika ngrêmbag bab sambutan-sambutanipun têtiyang ing Jampang dhatêng juru potang kasêbut nginggil murih saenipun, punapadene badhe suka pitulung dhatêng têtiyang ingkang kenging pakartinipun lintah dharat wau.

Bêncana ladhu ing rêdi Telamaya.

Kados ingkang sampun kawartosakên wontênipun bêna ladhu saking rêdi Telamaya sampun anuwuhakên pêpêjah saha kasangsaran pintên-pintên. Samangke rêdi Susuh, inggih punika salah satunggiling pucakipun rêdi Telamaya, katingal nguwatosi, jalaran ing kiwa têngên sitinipun sampun sami jugrug. Gêgayutan kalihan bab punika awit saking dhawuhipun pangrèh praja têtiyang ing dhusun Kêbonwage, Kayumas saha Kêbumèn sampun sami ngili dhatêng dhusun-dhusun sanèsipun ingkang langkung inggil dunungipun. Kajawi punika têtiyang ing dhusun Kênanga, Limut, Gawana saha Jengkol ugi sampun sami ngili dhatêng dhusun sanèsipun. Kathah ingkang kangge sawatawis măngsa kadunungakên wontên ing tangsi ing Banyubiru.

Konggrès I.N.P.O. ingkang kaping kalih.

Wiwit tanggal 21 dumugi tanggal 28 Juni ngajêng punika Indonesisch Nationale Padvinders Organisatie badhe ngawontênakên konggrèsipun ingkang kaping kalih manggèn wontên ing Bandhung ing papan sawingkinging Technische Hoogeschool. Mirid wontênipun pratelan saking pang-pangipun, kirang langkung wontên padpindhêr jalêr èstri 300 ingkang badhe tumut konggrès. Ingkang minăngka komite konggrès inggih punika: Tuwan Sutapa, pangarsa, Tuwan Sugănda, artaka, Tuwan-tuwan Dr. Sukiman, Suwarsa, Suntaya, A. Tirtasuwirya, Sarjana, Suhata, Suwarda saha S. Tirtasupana, minăngka warga.

Tiyang wanan.

Pambantu Aneta martosakên saking kapal Camphuys sarana radhio ing Dhobo bilih dèrèng dangu prajurit ingkang sawêg nganglang kanthi asistèn pangrèh praja Tuwan Rungenbregt ing lèpèn Cêmarah sisih nginggil kaprêgok tiyang wanan 200, ingkang sami asikêp dêdamêl. Têtiyang wanan wau mêntas angglandhang tiyang sawatawis saking Mimikah saha sampun kapêjahan saha katêdha, namung kantun tiyang èstri lan lare alit satunggal. Kalih-kalihipun kalampahan sagêd kapitulungan dening para prajurit. Para prajurit sami kadhawahan panah, lajêng gêntos angêdrèl, têtiyang wanan lajêng sami lumajêng, anilar pêpêjah tiga kalêbêt ugi pangagêngipun.

Wiwahan.

Kawartosakên, benjing wulan Nopèmbêr ngajêng punika Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat ing Surakarta badhe ngramakakên putra putrinipun kalih inggih punika Radèn Ajêng Amiyati dhaup kalihan Radèn Sudarga, opsihtêr B.O.W. ing Amuntai (Borneo sisih kidul wetan), kaprênah kapenakan kalihan ingkang bupati ing Cilacap, saha Radèn Ajêng Rêtna Sriyati dhaup kalihan R.M.Ng. Wiraatmaja, putranipun R.M.A. Yasadipura ing Surakarta.

Asiah.

Kawontênan ing Indhia Inggris

Bombai, 25 Mèi (Aneta-Reuter). Gêgayutan kalihan wontênipun panêmpuhing papan panyimpênan sarêm ing Wadhalah, wontên tiyang 115 ingkang kacêpêng. Tiyang 35, kalêbêt satunggiling agèn pulisi, sami nandhang tatu.

Bombai, 26 Mèi (Aneta-Reuter). Ing sacêlakipun toko Ghèndhi pulisi kalihan têtiyang dados campuh. Pulisi lajêng migunakakên sanjata, wontên tiyang wolu prêlu kabêkta dhatêng hospital.

Krisnagar, 26 Mèi (Aneta-Reuter). Sarêng têtela têtiyang ing Napadwip botên kenging kabibarakên kanthi gitik, pulisi lajêng migunakakên sanjata.

Bombai, 26 Mèi (Aneta-Reuter). Ing wanci dalu pulisi sampun ambibarakên têtiyang ingkang sami wontên ing margi ingkang anjog dhatêng Wadhalah.

Indhocina

Hanoi, 22 Mèi (Aneta-Radio). Kasêbut kêkancinganipun Paduka Gupêrnur Jendral P. Pasquier ingkang kawrat wontên ing Staatscourant para amtênar ing Indhocina kajawi bakên nyinau salah satunggilipun basa ing Indhocina murih sagêdipun angsal inggahan. Kêkancingan wau tumindakipun wiwit tanggal 1 Juli ngajêng punika.

Kapal kaji kêbêsmi.

Jedah, 23 Mèi (Sepc. B.N.). Tanggal 21 Mèi kapal Asia, inggih punika kapal ingkang dipun tumpaki tiyang 1500 ingkang mêntas minggah kaji saha badhe wangsul dhatêng palabuhan-palabuhan ing sagantên abrit, labuh wontên ing sajawining palabuhan. Ing ngriku jam 8 sontên tuwuh wontên kêbêsmèn ingkang lajêng saya mrèmèn-mrèmèn. Awit saking pitulunganipun kapal ingkang wontên ing palabuhan, kalampahan wontên tiyang 950 sagêd kapitulungan. Wontên tiyang 112 ingkang dèrèng pinanggih, kadugi sami pêjah kabêsmi.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3077 ing Sleman. Sampun têlas, botên sagêd ngaturi.

Lêngganan nomêr 48 ing Klojèn Lêdhok. Saloka kalihan paribasan taksih. Nanging Kajawèn nomêr 37 sampun têlas. Sampun dados panggalih.

Lêngganan nomêr 1537 ing Sawangan. Mriksanana Kajawèn nomêr 41.

Ngaturi uninga dhatêng para prayantun lêngganan sadaya, bilih Kajawèn nomêr 35 lan 37 sampun sami têlas. Amila sintên ingkang botên nampi, mugi sampun andadosakên cuwa ing panggalih.

--- 694 ---

Wêwaosan

Cariyos Calonarang

Babon saking basa Kawi, kajarwakakên mawi sêkar macapat, dening Radèn Wiradat, ing Surakarta.

11

[Asmaradana]

Cubag-cubug dèn anciki | godhong nora kuwat nyăngga | sang wiku ngrasa karêngon | Kyai Kuturan aduka | dènnya tan pinamitan | Sang Baradhah lajêng wangsul | anyuwun ampun apura ||

lan pamit dènnyarsa mulih | Kuturan wus mari duka | paring dhawuh karahayon | Sang Baradhah tandya mangkat | nitih baitra[8] patra | lêstantun anglêr wus tutug | plabuhan sagara rupak ||

lajêng lampahe sang yogi | mak bur mibêr ngawang-awang | sundhul jêdhug mega jodhog | mudhune wus têkan Daha | anjujug jroning pura | kocapa sang mahaprabu | siniwakèng wadyabala ||

tandya risang guru prapti | sêr anjog saking ngawiyat | sang nata umiyat kagèt | saksana ngaras dlamakan | wus sami tata lênggah | sang wiku ngandika kêcut | anggèr sang prabu wruhanta ||

ingong mêntas saking Bali | nêmoni wiku Kuturan | anjaluk idi adêge | putramu dadi narendra | ana ing Bali kana | kyaine Kuturan rêngu | nyarungus nora kalilan ||

sun jiyad malah ambêkis | tur dadi diya-diniya | dayaku tak tokke kabèh | iku kyaine Kuturan | lagi ginawe mênang | ngadu japa jopa japu | cêkakane aku kalah ||

mèh bae tan bisa mulih | wis ta putraku sang nata | bêcike mangkene bae | tanah Jawa pinaroa | sisih aran Janggala | sijine Kadhiri iku | dadi kratone putranta ||

mupung ingsun anunggoni | tumuli sira prentaha | gawe karobongan loro | rinarêngga pêpajangan | dalah sajèn tigasan | kanggo jumênêngan iku | ya putramu karo pisan ||

sang nata mituhu tuding | jumurung karsaning rama | wus dhawuh nyampêti sajèn | sang guru nuli linggaran | ngaso mring kamar dênta | sinuba-suba sêsuguh | kocap pra kriya ing pura ||

mrantèni bale patani | tinata anèng paseban | sinoba sabusanane | sinerongan langse sutra | seta satundha-tundha | gundha grandhèl kayuapu | gombyok kalèmbrèh ngêdhepyah ||

cancutan cinincing-cincing | ngencong kinancing cancangan | cêplok kêmbang mas ting grendhol | palipit sotya tretesan | mêngkang mingkup amêkak | purna pêpènine pênuh | punang panangkilan endah ||

ya ta wus andungkap wanci | jumênênganing narendra | Sang Sri Èrlangga wus miyos | para sumewa samuha | sumahab ambalabar | bêg ambèr bêbasan rubuh | pancaksujining bacira ||

para pandhita kinêrik | sadu sidi sida sabda | sadaya wus pêpak andhèr | rajaputra sakalihan | ngrasuk kaprabon endah | makutha kiritha munggul | sêkar taji cundha sotya ||

urnaja manggrudha mingking | amêngkang sagara muncar | pênding pêkak madya mèpèt | lur-ulur naga karangrang | bêbadhong kêbo mênggah | gundhawara atri dhatu | sangsangan kastuba nungsang ||

akampuh limar katangi | calana cindhe jalamprang | kêlatbau gêlang kroncong | kancana cinawi sotya | kadga slorok topengan | intên mirah lan jumêrut | tinatrap tinaturêngga ||

narpatmaja dhasar sigit | rinarêngga sarwa endah | wus pinrênah ing jro krobong | lênggah sinungan sasana | sunare kang busana | asinang sênên sumunu | sinumêne sawatara ||

Sri Èrlangga lajêng nuding | pra pandhita lan punggawa | kinèn majêng pasowane | ngèstrèni narendratmaja | jumênêng maharaja | ing praja Kadhiri iku | kang sawiji ing Janggala ||

para sowan saur paksi | mangayubagya pujyarja | pakurmatan muni kabèh | sajèn tigasan pinrutah | maratah matêng mêntah | mratani tinon supênuh | malah turah ngambrah-ambrah ||

purna jumênênging aji | putra nata sakalihan | sang prabu sêpuh lumèngsèr | jumênêng raja pandhita | pasewakan bubaran | brung-brung paseban anjêmbrung | mung kari kang brêsih pura ||

Êmpu Baradhah wus mulih | cinêkak lakuning crita | wau sri narendra Karo | sampun iyasa nagara | arja karta tur endah | enggale wus sami rampung | kang manggon suka sadaya ||

raras rêsmine andadi | èdi kang pura parama | rêrumahan rêma rame | kang rama Sri Aèrlangga | dahat sukaning driya | ya ta ing antara dangu | ana wêwinih wisuna ||

ing Janggala lan Kadhiri | ngacaki cak-cakan congkrah | cengkre lan kadang kêdudon | kudon-kudon ayun yuda | ya dyan angadu wanda | drêng sudira takêr marus | mamrês mrusa băndawala ||

sri narendra ing Kadhiri | wus angirabakên bala | bêlêg gêgaman anggêbèl | anggêbag praja Janggala | mangkana Sri Janggala | midhangêt pawarta tamtu | yèn badhe pinrêping aprang ||

sri nata cikat ngaturi | uninga marang kang rama | nata wrêda kang wus lèrèh | gugup Sang Sri Aèrlangga | lajêng utusan mênggak | dhatêng Kadhiri ngrêrapu | aywa ngrêmpak ngripu kadang ||

wêwaraha wira-wiri | mrih wurung wêruha wirang | ngwèri sadulure dhewe | wèh susahing kulawarga | sêdhih kang sami trêsna | kang sêngit giyak gumuyu | muyêg amêmoyok miyak ||

mangkana Natèng Kadhiri | nora paja-paja kêndhak | malah amêlak wadyane | narapati ing Janggala | ugi mêpak pamapag | mapan ing papan prang pupuh | mampang mêmpêng mumpangkara ||

mangkana cucuking baris | wus campuh kalawan mêngsah | sami sudira dêrênge | dahuru urêk-urêkan | urging rata kang rêbah | krapyaging landhehan dhumpyuk | prag-prog gada bindi makan || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

 


inpluensah. (kembali)
Badhe. (kembali)
punika. (kembali)
gêntos. (kembali)
wadhagipun. (kembali)
§ cariyos ing nginggil punika nama cariyos kina, pinanggihing pangothak-athik saha salajêngipun dados patilasan dumugi sapriki sagêd mathuk, nanging pinanggihing nalar wontên ing jaman sapunika botên gathuk. Mila prayogi kaanggêp dongèng kemawon. (kembali)
batos. (kembali)
baita. (kembali)