Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06-21, #507

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06-21, #507. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06-21, #507. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 50, 23 Sura Taun Jimawal 1861, 21 Juni 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [771] ---

Ôngka 50, 23 Sura Taun Jimawal 1861, 21 Juni 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Wawasan Kawontênaning Konggrèsipun Para Bupati

Sampun dangu kula botên ngobrol wontên ing udyana Kajawèn ngriki, botên punapaa, tiyang namung nama ngobrol, manawi kêkêrêpên mindhak dados bosênipun para maos. Dene ingkang badhe kula obrolakên wontên ing ngriki samangke, anggèn kula rumaos ambupatèni salêbêtipun tigang dintên, inggih punika wiwit malêm 14 dumuginipun malêm 16 ing wulan punika. Hara, dèrèng-dèrèng têka sampun wontên antawisipun para maos ingkang: mèsêm, mènjêp sajak ewa andalit. Mangke rumiyin, kaparênga kula ngaturi katêrangan sakêdhik. Anggèn kula matur rumaos ambupatèni, punika jalaran salêbêtipun tigang dintên wau, wawênang kula dipun samèkakên kalihan para bupati, têgêsipun: para bupati sami ngadhêp Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, kula inggih makatên, bedanipun lênggahipun para bupati sami wontên ing ngajêng, kula wontên bontot piyambak. Para bupati sami mriksani bêksan paring dalêm sumbangan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Surakarta, kula inggih sami kemawon, bedanipun ngêmungakên tumrap punapa-punapa ingkang gêgayutan kalihan ambucal waragad, kados ta: rawuhipun para bupati wontên ing papan pahargyan, sami nitih oto: pontiyak, biyuk, piyat, lan sasaminipun, kula kêdah narimah numpak oto ingkang lampahipun sarana dipun tarik kapal, alias numpak andhong. Unjuk-unjukan tuwin dhaharan wêlinganipun para bupati, sadaya sami èdi-èdi lan kathah rêginipun, kados ta: sampanyê, anggur, ès pare-pare, dhêdhaharanipun kintên-kintên inggih: sêpèkuk, tarcis lan sasaminipun. Dene ombèn-ombèn kula narimah ès sêtrup, ingkang rêginipun namung sêkêthip sagêlasipun. Kajawi punika, bawanipun kula punika anak turunipun tiyang maratapa, dados sadaya wau plaur kula rencangi siyam, botên nêdha punapa-punapa. Dalasan pangagêmipun pisan para bupati inggih botên patos beda kalihan pangangge kula, inggih punika para bupati ingkang kathah sami mangagêm langênarjan cêmêng, kula samantên ugi, kaotipun, lêngêning rasukan kula ragi ngaprêt, satunggiling bukti, manawi punika: rasukan [ra...]

--- 772 ---

[...sukan] sambu ... e, mèh kemawon kêclethut. Sampun, sampun, kaparênga kula miwiti wawasan kula mênggah wontênipun konggrèsing para bupati.

Ing tanggal 13/14 malêm Sabtu jam 9 dipun wontênakên rêsèpsi, inggih punika pêpanggihanipun para ingkang sami anjênêngi konggrès. Ing sakawit kula rumaos alit ing manah dene ingatasipun namung tukang ngobrol kemawon, têka badhe kêmpalan kalihan para prayagung pangrèh praja, mila inggih botên kenging dipun paibên, dene ebahing manah kula kala samantên tansah kados lampahing sêpur kluthuk: gêdhongglèng-gêdhongglèng. Dumadakan wontên sawatawis patih, wadana tuwin asistèn wadana, ingkang sami tilas kônca kula sêkolah kalanipun wontên ing Magêlang. Ewasamantên kula mêksa botên wani nyakêt, punapa malih aruh-aruh, awit inggih jalaran ngrumaosi rèmèhing pakaryan kula wau. E, jêbul-jêbul para jamhur-jamhur wau sami ngêlokakên kula makatên: Lo, hla ae kok Si Durna, ing batos kula: E, sida kojur, têka banjur ambukak wadi. Awit sajatosipun, nalika kula taksih sêkolah wontên ing plêdhingsêkul, manawi nuju ngawontênakên têtingalan ringgit tiyang, saking brêgasing wujud kula, kula asring kapurih jumênêng dados: Pandhita Durna. Tangkêbing para prayantun ingkang makatên wau, andadosakên bingahing manah kula, awit amracihnani, bilih panggalihanipun sami sumrambah, sarta anêtêpi kapriyantunanipun, têgêsipun: sagêd angecani dhatêng sasami, lan anguningani, bilih priyantun punika kangge tiyang kathah, dados sanès kosok-wangsulipun. Botên kok angêdir-êdirakên: aku kiye priyayi tur gêdhe, sabên uwong kudu ngurmati nyang aku.

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral saha para tamu sanès-sanèsipun nalika rawuh ing hotèl Des Indes.

Anglajêngakên wawasan kula ing ngajêng, ing dalu punika ingkang ngrawuhi rêsèpsi kathah sangêt, kajawi para ingkang dipun sêdhahi tuwin para bupati sagarwa, kathah para pangagêng sanèsipun, kados ta: Paduka Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat, warga raad van Indie pangarsaning rad kawula, para dhirèktur dhepartêmèn B.B. tuwin onderwijs, Paduka Tuwan Residhèn Vos minôngka wakilipun gupêrnur ing Jawi Kilèn, pangagêng kantor parampara, sawêtawis warga rad kawula, bôngsa pribumi tuwin Eropah, wakilipun ingkang bupati ing Batawi, ingkang bupati ing Mistêr Kornèlis, lan taksih kathah malih tunggilipun. Kajawi punika ugi katingal para pangagêng ing nagari mandhiri saking tanah sabrang, makatên ugi panjênêngan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Surakarta. Pangagêmanipun para kakung ingkang kathah sami pêthak, inggih wontên sawatawis ingkang sami mangagêm rasukan: palêmbit, santung tuwin gabardhin, nanging botên sadaya. Dene pangagêmanipun para putri, saking anggènipun pating glêbyar, pating pêncorong, pating pancorot, ngantos adamêl balêrênging paningal. Bab punika botên prêlu kula andharakên panjang-panjang, mindhak adamêl bekanipun kônca wingking kemawon. Ing ngriku dipun wontênakên pêthilan bêksan wirèng, paring dalêm sumbangan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Surakarta, mêndhêt pêrangipun Janaka kalihan Supala. Sanadyan jogèdipun pêng-pêngan, panganggènipun sami èdi-èdi, nanging jalaran saking kirang padhang, sadaya wau lajêng katingal surêm, jam 10 bêksa wau rampung, lan botên watawis dangu malih rêsèpsi kabibarakên.

Enjingipun tanggal 14 Juni bikakipun konggrès dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, sêsorahipun pangarsa ing pakêmpalan Sêdya Mulya tuwin wêdhar sabda dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang

--- 773 ---

Wicaksana, sampun kaandharakên ing Kajawèn kala dintên Sabtu ingkang kapêngkêr. Ing ngriki prêlu kawêwahan wawasan sakêdhik mênggah sêsorahipun ingkang bupati ing Pakalongan tuwin ing Karanganyar ing bab pindhahipun têtiyang Jawi dhatêng tanah sabrang.

Ingkang bupati ing Pakalongan, Radèn Tumênggung Arya Surya, botên sagêd nêmtokakên, punapa ing tanah Jawi samangke sampun kêkirangan panggenan ngantos prêlu têtiyang kêdah sami pindhah dhatêng tanah sabrang. Pamanggihing tiyang ing bab punika ingkang sarana wêwaton pintên-pintên katêrangan ingkang mathuk kalihan wontênipun jaman samangke, satunggagal[1] lan satunggalipun sami beda-beda. Inggih lêrês, bilih samangke sampun kathah têtiyang Jawi ingkang sami kesah dhatêng tanah sabrang kanthi pikajênganipun piyambak, nanging punika rak dèrèng kenging kadamêl wêwaton, bilih tanah Jawi sampun kêkirangan panggenan. Sampun malih ingkang nglairakên pamanggihipun, bilih têtiyang Jawi kêdah sami pindhah dhatêng tanah sabrang, nanging sajatosipun ing sabrang sami ambêtahakên kuli-kuli saking Jawi. Salajêngipun ingkang bupati wau, lajêng atur panuwun dhatêng pakêmpalan Sêdya Mulya, supados krêsaa ambudidaya adêgipun komisi para ahli, ingkang kawajibakên nitipriksa prêlu lan botênipun ngawontênakên pindhahan têtiyang Jawi dhatêng sabrang. Langkung utami malih manawi komisi wau katêtêpakên dening pamarentah.

[Grafik]

Para tamu kakung putri nalika sami lêlênggahan wontên ing gêdhong Bat. Jachtclub Tanjungpriuk.

Makatên mênggah wosing sêsorahipun ingkang bupati ing Pakalongan wau. Samangke sêsorahipun ingkang Bupati Karanganyar, Radèn Adipati Arya Iskandar Tirtakusuma. Mênggah wosipun makatên.

Mindhah têtiyang Jawi dhatêng tanah sabrang punika kêdah dipun santosani, langkung utami malih manawi pamindhahipun wau katindakakên dening pamarentah. Têtiyang tani ingkang dipun pindhah ing sanès panggenan, badhe ngraos sênêng wontên ing panggenan enggal wau, manawi kêmpal kalihan sanak sadhèrèkipun sarta dipun parentah dening kapalanipun piyambak. Botên cêkap namung makatên kemawon, nanging ing papan padunungan enggal wau, kêdah dipun wontênakên dhoktêr ingkang sagêd anjagi kasarasaning têtiyangipun ngriku. Kêdah dipun wontêni: lanbao konsulèn, ingkang sagêd suka sêsuluh ing bab panggarapipun sabin. Insinyur, ingkang ngurus ilining toya, ingkang sagêd ngoncori pasabinan. Dhoktêr kewan tumrap rajakaya, para guru ingkang kêdah mulang anak-anakipun têtiyang ingkang mêntas pindhah wau, para amtênar pangrèh praja tuwin pulisi, ingkang marentah tuwin anjagi kakêntrêmaning[2] dhusun. Makatên ugi tukang-tukang sacêkapipun, lan sasaminipun. Botên beda kalihan ingkang bupati ing Pakalongan, ingkang bupati ing Karanganyar ugi condhong sangêt dhatêng wontênipun komisi para ahli, ingkang dipun têtêpakên dening pamarentah, ingkang kapatah nitipriksa ing bab-bab punika sarta atur adpis dhatêng pamarentah.

Sarampunging sêsorahipun ingkang bupati ing Karanganyar, lajêng dipun wontênakên dhebat rame, nanging botên ngantos rêgêjêgan, lo, mangke dumèh wontên têtêmbunganipun rame, gèk lajêng wontên ingkang mastani rame kados wayang putèhi. O, punika babarpisan botên, nanging wontênipun konggrès wau langkung alus sangêt, inggih sampun mêsthinipun, tiyang punika konggrèsing para gembong-gembongipun tanah Indhonesiah.

Sanajan pêpuntoning rêmbag ing bab pindhahan têtiyang Jawi dhatêng tanah sabrang wau, dhawah wontên ing tanggal 15, kados botên wontên awonipun, manawi kacariyosakên sapunika, inggih punika kados ing ngandhap:

1. Mirid wontênipun katrangan-katrangan tumrap ing tanah Jawi saha Madura, kenging kawastanan kêkathahên mênggahing cacah jiwanipun, anjalari prêlu kawontênakên paboyongan. Indhaking cacah jiwanipun, bilih katimbang tumrap babagan ekonomi saha pulitik ing têmbe wingking botên kenging botên têmtu anuwuhakên paboyongan. [paboyong...]

--- 774 ---

[...an.]

2. Wontênipun paboyongan, sanadyan tumrap prakawis indhaking cacah jiwa, nanging sagêd ngudhari saperangan, tumrap pulitik umum karaharjaning nagari, pindhahipun jiwa saking tanah Jawi dhatêng tanah sabrang wau, botên atêgês sakêdhik.

3. Ing bab pindhahipun têtiyang Jawi dhatêng wêwêngkon ing tanah sabrang ingkang sakêdhik tiyangipun saha dèrèng kabubak, tumrap pambèbèripun gêwès-gêwès wau, umumipun kaprayogèkakên.

[Grafik]

Ombyaking para tamu ing hotèl Des Indes.

4. Bêbadran ulah siti minôngka pananggulang wontênipun jêjêling cacah jiwa, langkung prayogi tinimbang paboyongan kaum buruh, jalaran bab ingkang kapisan punika langgêng, botên namung kangge sawatawis môngsa.

5. Minôngka angajêngakên wontênipun paboyongan, parentah prayogi paring pambantu sarana politik paboyongan ingkang jêmbar dhêdhasaripun. Prakawis waragad-waragadipun langkung utami, manawi dipun wontênakên bang paboyongan minôngka dhêdhasar.

6. Sadèrèngipun sae tumindakipun kaboyongan mardika, prêlu katêtêpakên mênggahing wêwênang tumrap pandarbening siti saha kuwajiban-kuwajibanipun para ingkang sami boyongan salêbêtipun môngsa ingkang sakawit, murih kêkahing hak wêwênangipun.

Sampun samantên kemawon wawasan kula ing bab punika, manawi panjang-panjang ingkang maos mindhak mênirên.

Minôngka kangge mungkasi wawasan kula punika, kula badhe nyariyosakên sakêdhik mênggahing pahargyan wontên ing hotèl Des Indes kala malêm Minggu tanggal kaping 14-15 Juni punika. Ing sarèhning kala punika pahargyan wau dipun jênêngi dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, para tamu sadaya kêdah sami mangagêm pangagêman agêng, cêmêng utawi rasukan cêmêng langênharjan. Wadhuh, kala samantên ombyaking tamu ing ngriku warni-warni, ingkang mangagêm militèr katingal cakrak-cakrak, adamêl sênêning pasamuwan. Pangagêmanipun para prayagung sabrang mèh nyamèni para militèr, pating pancorot, pating pêncèrèt. Pangagêmanipun bupati ing Bali binlodir ing renda mas, gêdhabyah-gêdhabyah kados Bathara Panyarikan angejawantah, ingkang mangagêm langênharjan andhithing kados leo, ingkang mangagêm sarwa cêmêng limrah,

--- 775 ---

katingal singêr ngajrih-ajrihi, dene pangagêmanipun para putri, wah, ngantos angèl anggèn kula mindhakakên, saupami kados sêkar sataman, taksih kirang mungguh, inggih cêkakipun kemawon kula mindhakakên makatên: kawontênanipun para tamu putri, sami mangagêm pangagêman ingkang sarwa èdi, amôncawarni, gêbyaring sêsotya kados lintang ing langit ambyuk sêsarêngan, ngantos adamêl surêming dilah ingkang madhangi pasamuwan.

Dene bêksan wirèng sumbangan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Surakarta, ingkang tiningalakên wontên ing ngriku, botên prêlu kula cariyosakên malih. Bêbasanipun Walandi: Goede wijn behoeft geen krans bokmanawi upami Jawia makatên: ecaning gudhêg Kranggan, botên prêlu dipun warak-warakakên dados pikajêngipun: bêksa wirèng Mangkunagaran wau sae sangêt, sampun botên kenging dipun wancèni.

Sampun samantên kemawon. Sanèsipun kados botên prêlu dipun andharakên ing ngriki.

S.m.t.

Pawartos Wigatos

Sabda Pambuka Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana

Kala dintên Sênèn ingkang kapêngkêr parêpatan rad kawula ingkang kaping XII sampun kalampahan kabikak dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral kanthi mêdhar sabda pambuka. Ing ngriki namung mêthik ingkang prêlu-prêlu kemawon.

Pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, babagan ekonomi wêkdal ingkang kantun-kantun punika katingal mundur. Sampun sawatawis lami rêrêgèning gêndhis saha timah tansah saya mandhap gêgayutan kalihan pambèbèring pakaryan-pakaryan ing nagari mônca. Ingkang makatên wau ugi lajêng nênulari tumrap kabudidayan têtanèn sanèsipun, kados ta: karèt, kopi, tèh saha koprah, anuwuhakên mandhaping kurêsipun. Ewasamantên parentah botên badhe ical kapitadosanipun murih pulih saha saenipun ing têmbe wingking, parentah botên badhe nyimpang saking rèh tindakipun kangge angajêngakên tanah Indhia Walandi.

Ing bab rantaman tumrap taun 1931 awit saking wontênipun kacupêtan tumrap pangasilan nagari ingkang jalaran saking munduring kawontênan ekonomi kangge sawatawis môngsa, wontênipun bea tumrap barang-barang ingkang malêbêt badhe kaindhakakên 10 pêrsèn, 5 pêrsèn tumrap paos pènutsêkap, 6 pêrsèn tumrap pangasilan. Wontênipun sègêl tumrap padagangan katikêlakên kalih. Ingkang makatên wau pangasilan nagari lajêng sagêd mindhak 15 1/2 yuta rupiyah.

Ing bab pranatan pènsiun enggal tumrap para amtênar lokal kaparêngakên ngrêmbag wontên ing rad kawula. Wontêning pandhapukipun rêrigên minôngka pambèbèr saha nyaèkakên pranatan ondêrsêtan tumrap punggawa nagari bôngsa pribumi sampun mèh rampung. Gêgayutan kalihan badhe tumindakipun ewah-ewahan pangrèh praja tumrap tanah sabrang, wontênipun èrêndinês badhe kabirat saking sakêdhik.

Gêgayutan kalihan kamajênganing pangajaran andhap tumrap para pribumi tuwin wontênipun Hollandsch Inlandsche Kweekschool ingkang sampun ewah ancas saha dhapukanipun, wontênipun guru tumrap pangajaran [panga...]

--- 776 ---

[...jaran] kasêbut nginggil prêlu kaindhakan. Ingkang makatên wau wontên pamulangan nurmal tumrap lare jalêr pitu saha pamulangan nurmal tumrap lare èstri satunggal badhe kajèrèng têbanipun, punapadene badhe kaêdêgakên pamulangan nurmal tumrap lare èstri satunggal.

Mirid suraosing palapuranipun kumisi Holandsch Inlandsh Onderwijs wontênipun para ingkang sami nglajêngakên dhatêng pamulangan têngahan saha pamulangan inggil sakêdhik sangêt. Bab punika botên anocogi kalihan ingkang kasêdyakakên sakawit, ingkang anjalari pamulangan ôngka I kadadosakên Hollandsch Inlandsche Shcool. Mênggah sêdyanipun parentah ngawontênakên Hollandsch Inlandsche Shcool inggih punika minôngka dhêdhasar kangge nglajêngakên pasinaon.

Gêgayutan ugi kalihan palapuranipun kumisi H.I.O. wontênipun pangajaran andhap ingkang mawi dhêdhasar kilenan punapadene pangajaran pribumi sumêdya kadhapuk enggal minôngka dhêdhasar kangge nglajêngakên dhatêng pangajaran inggil, nanging ugi murih sagêda nocogi minôngka pangajaran wêkasan, nocogi tumrap kabêtahaning gêsang sêsrawungan. Dados ingkang katuju dening parentah botên kok badhe nyiutakên wontênipun pangajaran andhap ingkang mawi dhêdhasar kilenan, nanging malah badhe kajèrèng têbanipun.

Ing bab pamulangan luhur babagan kasusastran wetanan, gêgayutan kalihan wontênipun A.M.S. ing Surakarta ugi tumuntên badhe kabangun

Sanadyan wontênipun tiyang ingkang tilar donya tumrap tanah Jawi saha Madura ing taun 1929 racak langkung kathah katimbang kalihan ing taun 1930, nanging kenging kawastanan kawontênaning kasarasan, ugi tumrap tanah sabrang botên nguciwani.

Wontênipun lampah tilgrap kalihan nagari-nagari mônca saya majêng, ing taun ingkang kapêngkêr sampun kawontênakên sambêtan radhio tilgrap kalihan Jêpan saha Siyêm. Ing bab tumindakipun sambêtan radhio tilpun kalihan Inggris, sanadyan ajêngipun tamban-tamban nanging tansah lumintu. Wontênipun lampah anggêgana sampun kabèbèr dumugi Palembang, Surabaya saha Singgapura.

Salêbêtipun taun punika, kadugi ing pungkasaning parêpatan rad kawula wontênipun usul ing bab pambirating punalêsangsi badhe kaajêngakên dhatêng rad kawula. Usul ing bab pambangunipun satunggiling Arbeidsinspectie tumrap ing tanah Jawi, inggih punika minôngka panging Kantoor van Arbeid sampun kawrat wontên ing usul rantaman.

Kêkêncênganing parentah ing bab para panuntuning P.N.I. ingkang kacêpêng kala kawontênakên panggledhahan tanggal 29 Dhesèmbêr taun ingkang kapêngkêr, prakawisipun badhe kapasrahakên dhatêng pangadilan, jalaran nêrak anggêr-anggêr umum, artikêl 169 saha 153 bis.

Makatên mênggah rêringkêsaning sabda dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

--- 777 ---

Bab Ringgit

Sang Hyang Surya

Sang Hyang Surya punika putranipun Sang Hyang Ismaya, inggih Sêmar. Tumrapipun wontên ing padhalangan awis kocap, mêdalipun namung kala-kala ing bab anggènipun gêgayutan kalihan putra, inggih punika Radèn Suryaputra.

Sang Hyang Surya punika dewaning pêpadhang, inggih dewaning srêngenge, dados Sang Hyang Surya punika kuwaos adamêl pêpadhang.

[Grafik]

Sang Hyang Surya

Mirid cariyosan, Sang Hyang Surya punika kagungan putra miyos saking Dèwi Kunthi, putri ing Mandura. Nanging anggènipun pêputra wau botên kacêthakakên mênggah mulabukanipun. Dene mulabukaning cariyos: Dèwi Kunthi wau puruhita dhatêng sawênèhing pandhita nama Rêsi Druwasa, dipun wulang ajidarma, pikantukipun manawi dipun watêk sagêd andhatêngakên dewa. Nanging wontên awisanipun botên kenging kawatêk kalanipun kasorotan srêngenge. Wusana sang dèwi nêrak wêwalêr, amatêk aji wau nuju kabênteran, mila lajêng anggarbini, saha lajêng pêputra kawêdalakên saking karna.

Cêcariyosan ingkang kados makatên punika wontên èmpêripun bilih soroting srêngenge punika atêgês karawuhan Sang Hyang Surya, lan malih mirid ing nalar-nalaripun, Rêsi Druwasa punika inggih Sang Hyang Surya piyambak.

Sakawit sinatriya ingkang pinutrakakên dening Dèwi Kunthi dèrèng têrang sintên ingkang nêdhakakên, sangkaning alit lajêng dipun bucal, saha kaalap nata ing Pêthapralaya, saha sinatriya wau inggih mangrêtos, bilih nata ingkang ngupakara ing panjênênganipun punika namung rama ingkang mundhut putra kemawon, mila lajêng lolos saking praja.

Sajatosipun Sang Hyang Surya inggih trêsna dhatêng putra wau, katitik saking nalika nêdhaki kalanipun sang radèn kapêtêngan panggalih madosi sajatining rama. Ing ngriku Sang Hyang Surya lajêng dhawuh, bilih panjênênganipun punika ingkang rama, dene ingkang ibu Dèwi Kunthi. Sang radèn lajêng pinaringan jêjuluk: Suryaputra. Radèn Suryaputra lajêng pinaringan pusaka sanjata Kuntadurwasa, gandhewanipun nama Wijayadanu, inggih Wijayasapa.[3]

Sang Hyang Surya botên kêndhat tansah ngulat-ulatakên dhatêng putra, sabên ingkang putra kapêtêngan panggalih, inggih lajêng anêdhaki. Makatên ugi Sang Hyang Surya mêca supados Radèn Suryaputra krama kalihan putri ing Mandraka, nama Dèwi Surtikanthi. Dados [Da...]

--- 778 ---

[...dos] têrang bilih Sang Hyang Surya punika pancèn trêsna dhatêng putra.

Kasêbut ing cêcariyosan Hindhu, Sang Hyang Surya botên kêndhat tansah anggalih dhatêng pinunjuling putra, sampun ngantos kasoran kalihan para Pandhawa. kacariyos Hyang Surya uninga, bilih ingkang putra badhe katêdhakan Hyang Endra, prêlu ngudi sirnaning anting-ating ingkang wontên ing karna, awit sang radèn wau wiwit miyos sampun kadunungan anting-anting wontên salêbêting godhoh karna, mila dipun namakakên Karna. Mênggah anting-anting wau agêng sangêt dayanipun, sang radèn badhe botên kasoran kalihan sintên kemawon, mila Hyang Endra ngarah sirnaning anting-anting wau, murih Radèn Karna kasoran kalihan Pandhawa. Dene rawuhipun Sang Hyang Surya wau ngeman dhatêng putra, sampun ngantos anglênggani pamundhutipun Sang Hyang Endra. Nanging Radèn Karna awrat anglampahi dhawuhipun ingkang rama, awit ingatasing sinatriya, wajib ambêg lêgawa. Wêkasan Sang Hyang Surya namung mêca manawi sang radèn anglilahakên anting-antingipun, nyuwuna lintu dêdamêl ingkang linangkung, wusana kalampahan.

Dados sajatosipun, Hyang Surya punika tumrapipun dhatêng Radèn Suryaputra botên namung mundhut putra kemawon, nanging pancèn angakêni putra yêktos, saha katingal sangêt pangemanipun dhatêng Radèn Suryaputra têtêp dados pangemaning bapa dhatêng anak.

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sêsakit Beroerte.

Ing salêbêting thothok tiyang utawi kewan punika isinipun utêk. Warninipun utêk punika saèmpêr kadosdene gajih pêthak sêmu jêne lan êmpuk. Inggih ing ngriku punika têlêng utawi kêmpalipun pangraos sarta ingkang nampèni raosing pôncadriya saha dados dununging lênggahipun pikiran. Paribasan Jawi: apa ora duwe utêk, têgêsipun apa ora duwe pikiran. Utêk wau kenging dipun upamèkakên têlênging kantor tilpun, inggih punika panggenan kêmpalipun kawat saking pundi-pundi. Saking utêk ngriku sambêt sarana talirasa, dhatêng pundi-pundi kalihan pôncadriya wau.

Utêk punika kaperang dados kalih, utêk agêng lan utêk alit, utêk alit wau sambêt kalihan sungsum ula-ula.

Samôngsa ing utêk panggenan têlêng ingkang gêgandhengan kangge ebahipun lêngên risak, upaminipun kadhêsêk utawi kapêtêk dening mimis utawi thothok kêbênthuk utawi kenging kêpruk mawi barang atos, pêcahanipun balung wau mlêsêk lumêbêt ing utêk mêtêk utawi kapêtêk dening êrah ingkang mêdal saking urat êrah ambalabar ing nglêbêt utêk, utawi sêsakit, utawi sêsakit ingkang mrongkol wudun [wu...]

--- 779 ---

[...dun] utawi sanèsipun, panggenan thêlêng wau lajêng botên sagêd nyambut damêl, jalaran risak, mila lêngên utawi suku sagêd pêjah utawi lêmês keple-keple.

Beroerte punika sêsakit ing utêk ingkang limrahipun jalaran saking êrah ingkang mêdal saking urat êrah ambalabar ing nglêbêt utêk. Êrah sagêdipun mêdal jalaran urat êrah ingkang kenging sêsakit warni-warni, adat sêsakit èstri utawi jalaran tiyang ingkang sakit sampun sêpuh uratipun êrah, sampun gêtas mrupuk gampil sagêd pêcah. Êrah ingkang ambalabar ing utêk wau mêtêk utawi ngalang-alangi têlêng panggenan ingkang andayani ebahipun lêngên, suku, rai lan sapanunggilanipun, lajêng peranganing badan wau sagêd lêmês kirang kiyat utawi pêjah.

samôngsa ing utêk sisih têngên wontên sabab ingkang andhêsêk utawi mêtêk lêngên kiwa lan suku kiwa sagêd sami pêjah utawi keple-keple, kosok wangsul manawi ing utêk sisih kiwa manggih sabab, suku lan lêngên têngên ingkang pêjah, awit tangsul raos kangge kiwa têngên, ingkang andayani gêsang utawi ebahipun lêngên suku wau ing utêk sami simpang-simpangan, ingkang saking utêk kiwa manêngên, ingkang saking utêk têngên mangiwa.

Sêsakit beroerte punika thukulipun adat dadakan, trêkadhang kraosipun saking sakêdhik, sakawit badan kraos lêmês lêsu, sirah awrat, kuping gumrêbêg, paningal mêdal konangipun, mumêt, tilêm botên sakeca, nratab, botên sagêd sarèh, kêdah muring-muring kemawon, asring kraos gringgingên utawi lêmês ing suku utawi ing lêngên kalih pisan utawi salah satunggal, sok supe salah satunggiling têmbung, upami badhe wicantên, aku arêp turu, namung aku arêp ... utawi supe dhatêng cacah. Samôngsa sakit sampun sangêt, ingkang sakit sumaput supe botên kraos punapa-punapa, botên sagêd sambat, botên sagêd ebah, toyan utawi ambêbucal mêdal botên kraos, ambêgan kêndho glêrêg-glêrêg, wêkdal ngêdalakên ambêgan pipi mlêndhung, jalaran pipi ingkang kenging sêsakit wau lêmês, kêtêging ugêl-ugêl kêndho sangêt, mripat thêlêngipun katingal ciyut, manawi ingkang kenging sêsakit beroerte botên sangêt, ingkang sakit lajêng enggal èngêt, badan ingkang sapalih katawis pêjah, lêngên lan suku sasisih botên sagêd ebah. Pojok cangkêm utawi lambe ingkang sisih ingkang sakit mèpèt mangandhap, bolongan irung ciyut, pipi ingkang sisih sakit, samôngsa ambêgan mêdal, mlêmbung, ilat manawi dipun êdalakên (mèlèt) katawis pucukipun bengkong dhatêng sisih ingkang saras. Manawi badan ingkang sisih têngên pêjah jalaran perangan utêk ingkang sisih kiwa wontên sabab êrah upaminipun, punika ingkang sakit botên sagêd wicantên utawi pelo, awit ing perangan utêk ingkang kiwa wau panggenan têlêng kangge wicantên. Badhe kasambêtan.

--- 780 ---

Waosan Lare

Kapatèn Obor

XV. Subur dadi patih.

[Dhandhanggula]

Mugi botên dados duka gusti / lan kagalih badhe pados prênah / murih sakeca pun thole / têbih makatên wau / kula matur salugu gusti / ananging kados crita / tamtunipun galur / awit nama ngudhar-udhar / kawontênan kang sampun kasilêp lami / mugi parêng mirêngna //

kala nata rama dalêm swargi / wontênipun ngriki tansah rêsah / rintên dalu usrêg rame / dene jalaraniun / koyok pandung tansah anggili / nêmpuhipun mung nekad / tanpa mawi ewuh / sabab makatên punika / anjalari kirang têntrêming nêgari / tiyang sami brusahan //

malah wontên ingkang lajêng ngili / saking tansah nyanggi kasamaran / dene ngrika ngriki rame / ingkang makatên wau / rama dalêm tansah anggalih / murih jurjana[4] ical / wusana dhêdhawuh / anyantosani panjaga / sagèn-ênggèn sami dipun jagi rêmit / nanging sarwa santosa //

nanging gusti tindak wau ugi / botên pisan yèn andayanana / malah saya ngrêbdakake / dene kaparêngipun / rama dalêm apasanggiri / sintên ingkang kaconggah / nyirêpakên satru / badhe atampi ganjaran / sinakajêng darajat punapa siti / dhawuh nuntên warata //

nuntên wontên ingkang sowan gusti / rayi nata Gusti Jêng Pangeran / Tungguljati mênggah wose / sumundhul gadhah atur / badhe nekad nêdya ngayoni / botên pisan melikna / ganjaraning ratu / mung saking katarik wêlas / angèngêti risaking kawula alit / kang sami kasangsara //

nuli nyêla atur kyai patih / inggih lêrês gusti pun warôndha / kula èngêt botên supe / rêsahipun kalangkung / nyai rôndha ambanjur nuli / matur manèh lan nyêmbah / kalampahan sampun / umiyos kangjêng pangeran / sakathahing durjana ingkang pinanggih / pun cêpêngi sakeca //

mung durjana ingkang agêng sami / malah nglêmpak kados bêbarisan / sangêt pamuring-muringe / nagari dipun kêpung / dados kadon[5] pêrangan ugi / ngriku Kangjêng Pangeran / Tungguljati ngêsuk / botên giris dhatêng mêngsah / kang katrajang sami mawut tanpa nolih / lumajêng pating slêbar //

ing wusana lajêng pacak baris / jêng pangeran wontên Karangrêja / damêl pasanggrahan sae / nuwun gusti ing ngriku / jêng pangeran kagungan ampil / inggih kula punika / nanging botên lulus / jêng pangeran lajêng seda / kula sawêg ngandhut wontên tigang sasi / ing wusana kapiran //

awit lajêng abibaran sami / botên wontên tiyang ingkang nyapa / tanpa kocap ngantos mangke / wusana kula mupus / nrimah gêsang caraning alit / wangsul tumut gagriya / anunggil pun biyung / tiyang sêpuh sampun rôndha / wontên ngriku sarêng sampun sangang sasi / kawula gadhah anak //

kathah tiyang kang sami mastani / lare bagus nanging tanpa bapa / kula ugi ngandharake / nanging malah pun guyu / mila lajêng narimah

--- 781 ---

gusti / namung ing batos nyata / kula botên ngawur / ngriku ucap lajêng ical / lan lêstantun lare kawula êmongi / dumugi sapunika //

namung gêsang kula tanpa rêgi / lajêngipun kalantur sangsara / kala Subur taksih lare / kula pun tilar biyung / dados kantun tiyang kalih thil / dene bab gêsang kula / kasangsara nutug / dilalah rèwèling anak / sarêng agêng kapenging ngawula gusti / kula sangêt nalôngsa //

mung ing batos raos kula taksih / yèn pun Subur gènipun ngawula / katarik saking êrahe / dados kawula turut / nanging atur kawula gusti / botên pisan sumêdya / badhe pados usul / nun inggih namung punika / atur kula aluranipun pun abdi / kula namung sumôngga //

angandika nata sêpuh nuli / caritamu kabèh urut cêtha / ora ana sulayane / dene prakara Subur / pancèn nyata darahing gusti / mula ya ora mokal / watak wani mungsuh / dadi Jawane turunan / trahing wani pêng-pêngan dadi prajurit / patut kêcêdhak nata //

lan cêthane mungguh Subur kuwi / dadi jênêng isih nak ing sanak / ora ngira yèn mangkene / dadine yayi prabu / pamilihe kêbênêr bêcik / wis nuli dhawuhêna / animbali Subur / mupung padha kalumpukan / Subur nuli mlêbu mlaku mindhik-mindhik / kang digagas mung tiwas //

wise sowan nata andhawuhi / sumurupa sira bocah anyar / têmêne sanakku dhewe / isih prênah nak dulur / katujune bibi nuturi / upama kabacuta / kapatèn obormu / sira aja pisan samar / sesuk sira bakal sun dadèkke patih / tampanên kanthi bungah //

wis kalakon Subur dadi patih / salin aran Ki Patih Santosa / mirid saka watêkane / saiki kang tinêmu / nagara ing kono ngluwihi / ratune pancèn nyata / panggalihe kukuh / patihe patih pêng-pêngan / dhasar isih dimong ratu patih dhisik / têtêp tanpa kuciwa //

uwis tamat critane saiki / dadi cêtha mungguh pasulayan / iku gampang ing thukule / nanging yèn padha burus / mêsthi bakal tinêmu bêcik / dadi ya ora mokal / wong sulayan rêmbug / lan manèh tumraping sanak / ora kurang sing kabacut dadi lali / saka kêtutup sabab //

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kopêrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 49)

Petruk: Ing ngarêp wis tak caritakake, yèn tumraping kopêrasi dhuwit kuwi kanggo nomêr loro, dadi sing dibutuhake dhisik uwong, sauwise lagi dhuwit kang kanggo nindakake pagaweane kopêrasi mau. Dadi dhuwite mau nusul, ora ana ing ngarêp. Beda karo Naamlooze Vennootschap kang diprêlokake dhisik: dhuwit nyang wong-wonge sing padha asok dhuwit ora ambil pusing babarpisan. Kajaba saka iku, kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, [nga...]

--- 782 ---

[...rêp,] tumindaking Naaml. Vennootschap kuwi mung gumantung marang wong siji loro bae lan sing akèh-akèh angudi supaya andhil odhêre aja nganti kakehan, prêlune bathine aja nganti dibagi-bagi nyang wong akèh-akèh, seje karo kopêrasi, sing dianggo dhasar karukunane wong akèh. Sabên wong, anggêre pantês bae, kêna mèlu dadi warganing kopêrasi, ing kene karêpe supaya bathine bisaa dibagi marang wong sing akèh bangêt kae. Iya bênêr, ing kono kudu anjaga supaya kukubane siji-sijining kumpulan kopêrasi kuwi ora kêjêmbarên, prêlune bisa anêmtokake bisane kasumurupan tondak-tanduking siji-sijing warga, mêngkono uga ing kene dianggêp prêlu, supaya dayane siji-sijining warga tumrap tumindaking pakumpulan dipadha, sarana siji-sijining warga ing sajêroning parêpatan diwênangake anduwèni swara siji kanthi ora diprêduli akèhing dhuwit sing diasokake ana ing kopêrasi mau.

[Grafik]

Garèng: Mêngko sik, Truk, aku iya bisa nyambung omonganamu kiyi. Mungguh saka wawasan ingsun ana manèh bedaning Naaml. Vennootschap lan koperasi, sing luwih ambêlandhit manèh, yaiku mangkene: tumindaking Naaml Vennootschap kuwi sajake têka sok salênthêman alias nyalawadi ngono. Bokmanawa tindak dhiêm-dhiêm, sing ora nganti kawêruhan ing ngakèh - dadi kaya priyayi sing arêp nuwèni simpênane kae - tumraping Naamlooze Vennootschap bisa dadi kauntungane. Tandhane palapurane taunan bae, le pating clêkuthik, tumraping wong liya têmtune ora bakal bisa ngrêti mênyang kahanane kabudidayan mau. Seje karo kopêrasi, nyambut gawe blag-blagan bae, ora nganggo simpên rusia apa-apa, anggone mangkono mau kanggo kaprêluane para wargane utawa bakal wargane, supaya padha mêruhi kaanane pakumpulane sing têmênan awit kabèh mau rak kudu padha nanggung ala bêciking tumindake kopêrasine.

Petruk: Anggone kopêrasi nyambut gawe blag-blagan, prêlune ora ngêmungake kaya sing kok caritakake mau thok, nanging uga supaya wong-wong liya sing padha gêgayutan karo kopêrasi mau, jalaran saka sok ngutangi barang, utawa apa bae, bisa wêruh kaanane, kang anjalari bisa prêcaya marang kopêrasi mau. Katêranganku ing ngarêp mau kaya-kaya wis cukup kanggo awèh wawasan sawatara mungguh anane kopêrasi. Saiki mungguh prêlune wong padha ngêdêgake kopêrasi kuwi. Wah, hla kiyi prêlune sajagad abuh [a...]

--- 783 ---

[...buh] têmênan. Upamane: butuh utangan sing gampang olèhe, murah tur ora kabotan cicilane, iya banjur ngêdêgake kopêrasi potang, nèk cara Landane: crediet-cooperatie.

Garèng: Dadi ethok-ethoke apa ngêdêgake kayadene apdhèling bang kae. Nanging nèk arêp utang, têmtune rak iya ora susah ngaturi waragad nulis nang mas carik, utawa mas lurah. Lan Nèk nganti kasèp anggone nicil, rak iya ora dioyak-oyak karo bêndarasistèn ta, Truk.

Petruk: Wiyah, iya ora. Têmtune nèk ngêdêgake kopêrasi, ing kono iya banjur dianakake pranatan-pranatan sing kudu dirujuki dening para warga kabèh. Saikine sapa sing arêp utang dhuwit iya kudu saguh nindakake apa sing wis kasbut ing pranatan kono. Wis, wis tak banjurne omonganaku. Saiki upamane wong ambutuhake marang: rabuk gawean sing murah lan sing bêcik, sing tansah bisa sadhiya bae, tur bisa tuku sathithik-sathithik, iya banjur ngêdêgake kopêrasi têtuku (aankoop-cooperatie) kèri-kèri butuh nyang barang-barang sing kanggo kaprêluane wong sabên dinane, sing luwih bêcik lan luwih murah, iya banjur ngêdêgake kopêrasi tumrap kabutuhaning wong ngaurip (verbruiks-cooperatie) ensopêrut.

Garèng: Wiyah, bok cara Jawa bae. Kaya ora ana cara Jawane: ensopêrut: mêngkono sabanjure. Kathik dicara Lônda barang. Ora, Truk, saiki aku arêp takon dhisik. Wong ngêdêgake kopêrasi kuwi rak mung karo kônca-kancane dhewe. Ing môngka kônca kuwi ora mêsthi yèn rêsik atine. Akèh bae kônca sing anduwèni panganggêp: wèkmu wèkku, wèkku ya wèkku dhewe. Kèri-kèri kopêrasine banjur dikrikiti dening wong sing daulate kaya mêngkono kuwi, pakumpulane apa bisa ngapak-ngapakake nyang wong mau. Kajaba iku, upama kopêrasi mau arêp utang barang, utange mau apa atas namaning pakumpulan, apa namaning para wargane. Wah, iki sajake kok repot têmên, Truk.

Petruk: Pitakonmu kang kapisan, pakumpulan pancèn iya ora bisa gawe apa-apa marang wong sing main apus krama mau, mangkono uga pakumpulan ora bakal bisa olèh utangan yèn ta nganggo jênêngane pakumpulan mau, kajaba ta yèn pakumpulan mau wis olèh rèhpêrsun (Rechtspersoon) kuwi mêsthi banjur seje bae glagate.

Garèng: Wèh, Truk, rèhpêrsun iki bangsaning apa, nèk motor pèpêrsun, hla kuwi ngrêti têgêse, yakuwi mator sing kêna ditunggangi wong lima, balik rèhpêrsun kuwi apa bangsaning bêskal gripir kae, awit ing kono ana têmbunge; rèh (recht) têgêse: pangadilan lan: pêrsun (persoon) = uwong, dadi têgêse wong sok awèh pangadilan.

Petruk: We, hla, ana propsor anyar-anyaran kiyi, ora Rèng, pêthekanmu kiyi adoh bangêt. Liya dina tak caritani mungguh karêpe rèhpêrsun mau.

--- 784 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Parêpatan umum B.A.P.A., ing Surakarta.

Kala malêm Sabtu kaping 13 Juni ingkang kapêngkêr Badan Akan Pelindung Anak-anak kadadosan saking pakêmpalan-palêmpalan ing Surakarta ingkang manah pasinaoning lare kanthi tuntunanipun pangarsa Tuwan A.W. Karyasa ngawontênakên parêpatan umum ing abipraya. Ingkang dhatêng kirang langkung wontên wolung atusan. Pamêdhar sabda inggih punika Tuwan Sutapa Hadisaputra, wosipun nyuwalani mênggahing pamrayoginipun kumisi H.I.O. murih wontênipun H.I.S. kajugaga sarta H.I.S. ingkang sampun wontên samangke ingkang 85 prêsèn kadadosna pamulangan sêkakêl. Lajêng kasambêt pamêdhar sabda sanèsipun, inggih punika Tuwan-tuwan Martaya, Sutiyadi, Suteja, Sasraprêwata, Dutadilaga, Sudarya Cakrasiswara, Sarônta saha Adisastra, sadaya wau sami nelakakên botên condhongipun mênggahing panjugagipun H.I.S., ngajêngakên supados sêdya wau kasandèkakên. Wasana lajêng ngawontênakên mosi ingkang wosipun nyuwalani panjugaging H.I.S., katampi kalayan suwara umum.

Bang kabangsan kabèbèr.

Benjing wulan ngajêng punika ing Sêmarang badhe kawontênakên panging kabangsan, bilih kalampahan sagêd tumindak sae lajêng badhe kadadosakên agènsêkap. Ingkang badhe mandhegani inggih punika Tuwan Slamêt, wèt odhêr ing kitha ngriku.

Pamulangan luhur tèhnik ing Bandhung.

Minôngka mèngêti adêgipun sampun jangkêp sadasa taun, benjing tanggal 28 Juni ngajêng punika ing Pamulangan Luhur Tèhnik ing Bandhung badhe kawontênakên pahargyan, ingkang jumênêng pangarsaning pamulangan wau badhe damêl wawasan mênggahing kawontênan salêbêtipun taun pangajaran ingkang kapêngkêr, salajêngipun Prof. C.P. Wolff Schoemaker badhe sêsorah bab kaendahaning kagunan wangunan saha kagunan gagran[6] enggal.

Kangge nyaèni margi-margi pakampungan.

Kawartosakên, gêmintê Sêmarang sampun kaparingan pitulungan arta 2.950 rupiyah minôngka nyaèni margi-margi pakampungan ing Kêbonsari, Padêrêsan, Kêbonagung saha Tamanarja.

Ingkang Bupati ing Brêbês seda.

Kala tangga 12 Juni ingkang kapêngkêr, sasampunipun nandhang gêrah dangu, ingkang Bupati ing Brêbês, Radèn Tumênggung Sajirun seda wontên ing griya sakit ing Purwakêrta. Suwargi panjênênganipun ing wulan Oktobêr 1929 kawisudha jumênêng bupati ing Brêbês, sadèrèngipun punika jumênêng patih ing Purwakêrta. Taun 1921 dumugi taun 1924 jumênêng wontên ing rad kawula minôngka wêwakilipun P.E.B. Nalika samantên suwargi panjênênganipun taksih jumênêng wadana wontên ing Banyumas.

Tuwan Dr. Degens dhatêng nagari Walandi.

Wontên pawartos, Tuwan Dr. P.N. Degens insêpèktur pangajaran têngahan tindak dhatêng nagari Walandi, prêlu wawas[7] rêmbag gêgayutan kalihan badhe wontênipun dhiplomah opisil tumrap pangajaran padagangan. Ing rad kawula ugi sampun kaprayogèkakên supados ing ngriki kawontênakên dhiplomah makatên wau. Kajawi punika Tuwan Dr. Degens badhe ambudidaya murih wontênipun pamulangan têngahan ing Indhonesiah sagêda langkung gampil sambêtipun kalihan pamulangan têngahan ing nagari Walandi.

A.M.S. ing Sêmarang.

Sampun katêtêpakên, wiwit wulan Juli 1930 wontênipun H.B.S. ing Sêmarang badhe gêgandhengan A.M.S. babagan wiskêndhê saha ngèlmu kodrat kawiwitan saking klas satunggal.

Kalawarti Risalah Islam.

Benjing awalipun wulan Juli ngajêng punika ing Surakarta badhe kawêdalakên kalawarti: Risalah Islam, mêdal sabên wulan sapisan. Wontênipun kalawarti wau mawi basa saha sastra Jawi, badhe ngêwrat ngèlmi-ngèlmi agami Islam, ugi badhe ngêwrat suwaranipun umat Islam, gêgayutan kalihan kabêtahaning tanah Indhonesiah punapadene kamajênganing jagad kaislaman. Rêgining lêngganan f 1.75 ing dalêm 1/2 taun utawi f 1.- ing dalêm 3 wulan. Sintên ingkang badhe nyatakakên isinipun kalawarti wau, kenging mundhut conto dhatêng administrasining Risalah Islam ing Surakarta.

Para panuntuning P.N.I.

Kawartosakên, benjing wulan ngajêng punika para panuntuning P.N.I. ingkang taksih katahan, inggih punika Tuwan-tuwan Ir. Sukarna, Gathot saha Maskun badhe kaajêngakên dhatêng landrad ing Bandhung.

Prakawis panyuntikan limpa saha paru.

Ing up kantoring pakaryan kasarasan mangke sawêg kagarap supados tumuntên kawontênakên pranatan ingkang katêtêpakên dening anggêr-anggêr prakawis panyuntikan limpa saha panyuntikan paru (minôngka papriksan dhoktêr bilih wontên tiyang pêjah jalaran sakit pès).

--- 785 ---

Gêgayutan kalihan kathahing palapuranipun pangagêng pangrèh praja saha dhoktêr nagari bilih wontênipun tiyang siti sami nyuwalani tumindaking papriksan kados makatên wau.

Rantaman tumrap taun 1931.

Mirid ingkang kasêbut ing rancangan rantaman tumrap taun 1931 ingkang kala dintên sênèn ingkang kapêngkêr sampun kaparingakên dhatêng rad kawula, gêgayutan kalihan kamunduraning kawontênan ekonomi kangge sawatawis môngsa wontênipun beya tumrap barang-barang ingkang malêbêt badhe kaindhakakên 10 prêsèn, 5 prêsèn tumrap paos penutsêkap, 6 prêsèn tumrap paos pangasilan, wontênipun sègêl padagangan katikêlakên kalih. Ingkang makatên wau wontênipun pangasilan nagari lajêng sagêd mindhak 15 1/2 yuta.

Kajawi punika ugi badhe kawontênakên indhakan ingkang têtêp, inggih punika wontênipun bea tumrap tiyang mônca ingkang malêbêt, ingkang rumiyin f 100.- kaindhakakên dados f 150.-, prabeaning sègêl tumrap kuli kontrak saking mônca ingkang rumiyin f 15.- kaindhakakên dados f 75.-, punapadene tumrap tanah sabrang ingkang kaasta dening parentah piyambak badhe kawontênakên paos têtumpakan motor. Bab punika sabên taunipun tumrap pangasilan nagari mindhak 2 1/2 yuta.

Wontênipun arta ingkang kawêdalakên tumrap punggawa nagari badhe kairit 4 prêsèn. Kasêdya wontênipun schaal B saperangan badhe kaliyêrakên schaal A. Wontênipun standplaatstoelage tumrap para amtênar ingkang blanjanipun langkung saking f 1000.- badhe kasuwak.

Asiah.

Campuh malih.

Bombai 12 Juni (Aneta-Redio). Ing Khairabezirk, Bênggala, wontên ura-uru anggêgirisi. Kathah têtiyang sami ngancam dhatêng pulisi, pulisi kêpêksa migunakakên sanjata, kathah têtiyang anandhang tatu. Sarèhning kawontênanipun saya anggêgirisi, pangagêng nagari ngantos andhatêngakên bêbantu saking Kharagpur.

Kawontênan ing Indhia Inggris.

Bombai, 16 Juni (Spec. B.N.). Awit saking wontênipun ordhonansi tumuju para ingkang sami damêl uwasing umum ingkang sampun kaundhangakên dening rajamudha, wontên tiyang 26 pandhèrèkipun Sang Gandi kacêpêng dening pulisi jalaran sami manggrok sangajênging toko-toko ingkang sade barang tênunan saking nagari mônca (sampun ngantos wontên tiyang ingkang tumbas).

Bombai, 16 Juni (Spec. B.N.). Tiyang 26 ingkang kacêpêng wau sami kaukum kunjara kanthi nyambut damêl paksan nyakawan wulan, sakacêpêngipun tiyang wau lajêng wontên tiyang sanèsipun ingkang sumilih, ugi lajêng sami kacêpêng. Sasampunipun punika lajêng wontên tiyang èstri 42 kacêpêng ingkang sami manggroki ing sacêlaking toko-toko inuman kêras.

Simlah, 16 Juni (Spec. B.N.). Wontênipun pilihan umum tumrap Wetgevende Raad sampun katêtêpakên dhawah wulan Sèptèmbêr ngajêng punika.

Eropah.

Polkênbon.

Wontênipun rancangan prajanjian ing bab pakaryan paksan samangke sampun rampung pangrêmbagipun. Ing pungkasanipun sampun nuwuhakên karuwêtan sawatawis nalika katêtêpakên badhe tumuntên katindakakên panyuwaking sadaya pakaryan paksan. Tanah Indhia Walandi gêgayutan kalihan wontênipun tanah-tanah partikêlir botên sagêd anyondhongi, sanadyan ta parentah Indhia Walandi lajêng ngakên panumbasing siti-siti partikêlir. Tuwan Smit utusaning kaum buruh nagari Walandi sampun nêrang dhatêng konpêrènsi benjing punapa mênggahing pangrêmbagipun lêsangsi.

Pawartos saking Administrasi

Lênganan nomêr 2346 ing Grogol. Kajawèn ajêg dipun kintun. Nomêr pintên ingkang botên tampi. Punapa sampun kapriksa ing doplang.

Lênganan nomêr 399 ing Pagu, Yatra f 3.-, ingkang f 1.50 kangge kwartal 1 taun 1931.

Lênganan nomêr 1908 ing Kêpatihan lor, Sala. pos wisêl f 6,- tumrap Kajawèn wiwit 1 Juli 1930 dumugi 30 Juni 1931 sampun katampi. Pawartos punika minôngka lintuning kwitansi.

Wangsulan saking Redhaksi

Lênganan nomêr 3521 ing Cêpu. Prayogi pitakèna dhatêng Onderwijs-bureau Republiecan ing Bandhung.

Lênganan nomêr 232 ing Padurêsa. Manawi kintun pakabaran, kakintuna cara sêrat limrah kemawon utawi dhokimèn, awit tumrap ing kalawarti, beda kalihan sêrat kabar padintênan, prêlu ngêwrat pakabaran enggal.

Lêngganan nomêr 414 ing Jombang. Kiranging cêmêngipun sastra ing Kajawèn, punika jalaran saking enggaling sastra, botên saking awoning mangsi, mila sanadyan tipis, nanging cêtha.

Lênganan nomêr 2785 ing Bandhung. Karangan panjênêngan sampun katampèn, nanging botên kapacak, amargi bab kados makatên wau sampun nate kapacak wontên ing Kajawèn, lan malih bab cêcariyosanipun wontên ingkang botên cocog.

--- 786 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang Wajib Kantun

4

Mênggah sanyatanipun, ingkang dipun pêndhêt Tuwan Harwey wau ambêr, inggih punika kadosdene balêndok ingkang aslinipun saking utah-utahaning ulam sagantên, gandanipun wangi, dene manawi dipun olah malah lajêng dados lisah ambêr, rêginipun awis.

Lajêng panggagasipun Tuwan Harwey: kaananing ambêr iku, tak upamakake donya mumbruk kang mung kari ngukupi bae, kira-kira ing sajrone sataun bae aku wis bisa dadi miliunèr.

Ing ngriku Tuwan Harwey lajêng pados rekadaya murih sagêdipun sêsrawungan kalihan têtiyang siti, awit ugi badhe kangge sarana pangudining kadonyan. Nanging sarèhning têtiyangipun ing ngriku punika kêgolong dèrèng patos pakulinan kalihan tiyang mônca, dados tindakipun Tuwan Harwey ngangkah-angkah, supados botên damêl kagèt.

Sanès dintên Tuwan Harwey anjajah ing pulo ngriku, sarêng dumugi sapinggiring sagantên ingkang toyanipun ngalojok, sumêrêp wontên tiyang numpak baita alit, Tuwan Harwey nyasmitani ngundang, tiyang ingkang numpak wau inggih lajêng mara, nanging polatanipun katingal anjanggirat kados kagèt. Bab makatên wau tumrap Tuwan Harwey inggih lajêng mangrêtos kemawon manawi jalaran tiyang wau katêmbèn sawêg sumêrêp.

Tuwan Harwey lajêng damêl tindak pamiluta sarana sasmita lajêng sagêd têtêpangan kalihan tiyang wau, wusana dipun jak dhatêng panggenanipun. Sadumugining pamondhokan lajêng dipun sukani punapa-punapa ingkang sakintên damêl panujuning manah, kalampahan tiyang wau lajêng sênêng manahipun, saha dangu-dangu dados kulina.

Sarêng sampun kulina, malah lajêng sagêd anggêgèndèng dhatêng tiyang sanès-sanèsipun sami tumut mriku. Ing sabên dintên padamêlanipun namung bingah-bingah, saha Tuwan Harley punika sagêd, mila dangu-dangu pangraosipun tiyang ing ngriku kados ambapa dhatêng Tuwan Harwey.

Sasampunipun têtêp kulina, Tuwan Harwey lajêng wiwit ngêcakakên damêl, têtiyang ing ngriku sami dipun ajêk mêndhêti ambêr dhatêng pasisir dipun kalêmpakakên wontên sacêlaking pondhokanipun.

Botên watawis dintên, Tuwan Harwey sumêrêp wontên kapal dhatêng, piyambakipun botên kasamaran, manawi kapal ingkang dhatêng punika kapal ingkang dipun pangagêngi mitranipun. Labuhing kapal taksih wontên têngah, lajêng katingal wontên sakoci lumampah dhatêng dharatan. Tuwan Harwey lajêng manjêr kacu dipun garani panging kajêng alit, minôngka suka sasmita wilujêngipun ingkang wontên ing pulo wau, wusana yêktos, ingkang dhatêng Tuwan Smith, sasampunipun pinanggih lajêng têtabikan saha lajêng sami nglajêngakên suka sukur dene sagêd pinanggih malih. Ing sakawit Tuwan Smith badhe pitakèn mênggah angsal-angsalanipun anggèning wontên pulo ngriku sampun mèh sawulan punapa. Nanging dèrèng ngantos kêlair pitakènipun, Tuwan Smith lajêng dipun gèrèt dening Tuwan Harwey dipun têdahi barang ingkang dipun kalêmpakakên saha cariyos: iki apa.

Tuwan Smith saking botên mangrêtos: Iki apa Harwey.

Harwey: Mokal, yèn kowe durung sumurup, iki ambêr. Tuwan Smith mangsuli kalihan anjêngèk: Ambêr kang saiki rêgane madhani barlean. Herwey, aku bungah bangêt lan sukur, dene kowe nêmu kabêgjan kang samene gêdhene, dadi nyata bangêt, yèn anggonku ngajèni mênyang kêkarêpanmu iku ana wohe. Nanging Harwey karêpmu banjur kapriye, baranng iki aja mung ngumbruk ana ing kene bae, kudu nuli ditanjakake.

Harwey: Iku mêsthi, Smith. Nanging kowe sumurupa, iki jênêng isih bakal, kudu diupakara manèh, lan pangupakarane mau kudu nganggo piranti kang kêpêksa aku kudu nganakake.

Smith wicantên mêmpêng: Harwey, wong among dagang kudu tumindak cekat-cèkêt, apa tuwuhing gagasan kudu ditindakake. Aku dhangan bangêt mitulungi apa kang dadi kabutuhanmu, mara, saiki pratelakna.

Harwey mangsuli: Smith, saka karêpku, aku arêp bali mulih dhisik, iki prêlu arêp nyukupake butuhku mau.

Smith mangsuli anjêngèk: Aja, aja. Kowe aja sêmbrana, yèn donya kang kotêmu iki nganti kasumurupan ing wong liya, kowe mêsthi kelangan lan bakal ora bisa bali, awit jênêng durung dadi melikmu. Lan kowe ngèlingana anggonmu wis olèh piandêl disuyuti ing wong bumi kene. Wis saiki pratelaa bae, apa kang prêlu koênggo, aku kang bakal nêkakake.

Tuwan Harwey anggêga sangêt dhatêng pamrayoginipun Tuwan Smith, lajêng mratelakakên punapa ingkang dados kabêtahanipun. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. satunggal. (kembali)
2. katêntrêmaning. (kembali)
3. Wijayacapa. (kembali)
4. durjana. (kembali)
5. kados. (kembali)
6. gagrag. (kembali)
7. wawan. (kembali)