Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-09, #515

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-09, #515. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-09, #515. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 55, 11 Sapar, Taun Jimawal 1861, 9 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Amerikah

[Grafik]

Sawangan papan langsir ing sêtatsiun ing Amerikah, ingkang agêng piyambak.

--- 852 ---

Panglipur Manah

Umuk Kaalap ing Dhêmit

Ing Kajawèn nomêr 35 sampun nate nyariyosakên umukipun Mas Krêti nalika dipun têdha kolerah lajêng wangsul malih. Punika taksih panunggilanipun.

Kacariyos Mas Krêti sarêng mêntas umuk anggènipun dipun arad dhatêng Pamancingan botên saèstu, manahipun saya agêng, rumaos manawi dipun gêga ing tiyang.

Satunggiling dalu Mas Krêti nuju jagongan bayèn, ing sabên sagrombol wontên ingkang rêmbagan piyambak. Ing panggenanipun Mas Krêti kalêrêsan wontên tiyangipun ingkang ginêman gupyuk. Mas Krêti tansah ewa kemawon, sakêdhap-sakêdhap angêdhèpi Amin, inggih punika lare tukang nginggihi ingkang salaminipun tansah dipun ajak. Ing kala punika ingkang dipun rêmbag dhalang, wontên ingkang ngalêm saenipun Dhalang Gônda, wah manawi andhalang katingal gêsang sangêt. Lajêng wontên ingkang cariyos sae dhalang Purwa, malah saenipun wau botên ngêmungakên wontên ing ngriki kemawon, sanadyan ing jaman padhêmitan inggih sampun misuwur. Saking cariyosipun piyambak sampun nate dipun tanggap dhêmpit ing Bera.

Mas Krêti rumaos angsal margi, lajêng nyêla ginêm: Punika pancèn yêktos, lo, kula punika namung nêksèni bab têmêning cariyos punika, awit sayêktosipun kula piyambak inggih sampun anglampahi kados makatên, inggih punika nalika kula dados dhalang wontên ing Bantaran.

Ing ngriku wontên tiyang golongan sanès grombolan, sarêng mirêng Mas Krêti rêmbagan, lajêng pindhah tumut ngêmpali. Inggih punika Wôngsa, golongan tiyang tukang ngêlèhakên. Nalika mapan linggih kalihan wicantên: Ah, ngalih nyang ngumukan kene bae.

Mas Krêti sampun mangrêtos, bilih Wôngsa punika mêngsahipun, nanging manahipun têtêg kemawon, malah lajêng wicantên: Êngga ngriki Mas Wôngsa, kula ragi kêmba manawi omong botên wontên sampeyan.

Wôngsa: Inggih. Môngga pun lajêngakên. La, pun Amin pundi. O, inggih punika punapa, sampun cêlak. Ungêl makatên wau sampun satêngah anggarap.

Lajênging wicantênipun Mas Krêti: Kala samantên, kula nuju thênguk-thênguk wontên ing griya, Amin ingkang anggodhog wedang. Ing ngriku wontên tiyang dhatêng kalihan nyabawa: Kula nuwun. Tiyang sampun dados watak kula, kula punika tanggap sangêt dhatêng tamu, mila lajêng kula sumanggakakên kanthi sumèh. Tamu wau inggih lajêng lênggah, katingal anggènipun mriyantun, lênggahipun malêpês. Nanging kula dèrèng sumêrêp dhatêng tamu kula wau. Kula lajêng ambagèkakên: Kula ngaturakên kasugêngan rawuh panjênêngan ing ngriki. Tuwin kaparênga pitakèn, panjênêngan punika sintên, kula sawêg nêmbe sumêrêp.

Tamu mangsuli: Kula puniki, sanès janma ing ngriki.

--- 853 ---

Grêg, manah kula kagèt, batos kula: We, la, basane kathik kaya sajak basa kadhaton. Mêsthine dudu wong sêmbarangan. Nanging kula lajêng ngaturi rêmbag dhatêng tamu wau supados ngandika ngangge têmbung limrah kemawon, inggih lajêng ginêman limrah, lajênging wicantênipun tamu: Nama kula Radèn Bagus Gêndir Panjalin, anggèn kula mriki dipun utus kalihan Kyai Dêmang Prawirasêkti, ing Pangalapan, prêlu badhe ngrêsaya sampeyan, benjing malêm Jumuwah Kliwon dipun purih andhalang, kalêrês wiyosanipun kiyai dêmang.

Ing ngriku manah kula pakèwêd sangêt, badhe botên purun kadospundi, nanging manawi kula purun, kula sampun mangrêtos manawi Kyai Prawirasêkti punika lêlêmbat. Salêbêtipun kula grag-grêg wau, Radèn Gêndir Panjalin sampun mangrêtos, mila lajêng wicantên: Sampeyan sampun kuwatos kakang, sampeyan miturut kemawon. Cêkakipun kula inggih lajêng nyagahi. Kala samantên ringgit saniyaganipun sampun dipun sagahi, dados kula kantun mara tiyang thok. Ingkang tumut kula kala samantên namung Amin piyambak. Rak iya ta Min.

Amin: Inggih.

Krêti: Kalampahan, dhawahing dintên malêm Jumuwah Kliwon, jam gangsal sontên sampun bidhal, Amin kula purih ambêkta epok.

Wôngsa nyêlani: Botên, Mas Krêti, punapa sampeyan punika inggih sagêd andhalang saèstu. Kados kula dèrèng nate mirêng.

Mas Krêti: O, punika namung dèrèng dhamang sampeyan kemawon. Cobi andangua pun Amin, kala kula taksih dados dhalang, o, kula ngantos kêra, saking larisipun ngantos botên nate tilêm. Rak iya ta Min.

Amin: Inggih.

Wôngsa: Jênêngmu Amin, anggonmu nginggihi ajêg kaya ngamini wong andonga.

Dèrèng ngantos dumugi anggènipun obrol Mas Krêti, sêlak kêtungka dipun ladosi dhahar, lajêng kèndêl. Badhe kasambêtan.

[Grafik]

Ombyakipun têtiyang ningali balapan kapal wontên ing Bukit Ambacang Pordhêkok.

--- 854 ---

Jagading Sato Kewan

Kêbon Raja utawi Kêbon Binatang

Têmbung kêbon raja punika sanadyan sampun Jawi, nanging tiyang ugi mangrêtos manawi aslinipun saking têmbung ngamônca, awit ing sadèrèngipun wontên bôngsa ngamônca inggih dèrèng wontên têmbung kêbon raja wau, punika sagêd nitik saking sêrat Jawi.

[Grafik]

Kewan-kewan ing kêbon raja ing Surabaya.

Mênggahing nama kêbon raja punika kenging dipun têgêsi kêboning ratu, utawi kêbon ingkang pêpêthingan, kajêngipun kêbon ingkang agêng, sae, cêkakipun dados têtungguling sawarnining kêbon.

Sarêng ngèngêti têmbung kêbon, manawi kacocogakên kalihan kajênging têmbung Jawi, lajêng botên atêgês patamanan, awit kêbon punika limrahipun awujud pakarangan wingking utawi sakiwa-têngênipun griya, ingkang isi têtanêman mawa nipkah, dados botên manjing dados sawangan. Nanging manawi mirid saking basa Mlayu, kêbon (keboen) ugi atêgês patamanan. Manawi makatên ugi wontên èmpêripun, bilih têmbung kêbon raja punika kêtêlah saking basa Mlayu ingkang atêgês: patamanan ratu, utawi patamanan adi linangkung. Nuwuhakên panganggêp angluhurakên ingkang dipun wastani wau, mila dipun sambêti têmbung raja. Upaminipun malih sêkolahan raja (H.B.S.), punika bokmanawi ugi saking tuwuhking[1] raos anganggêp luhur. Lajêng têtêp dados nama gêsang.

Ing ngriki wontên pitakenan malih, kêbon raja punika patamanan isi têtanêman, punapa isi sato kewan. Wontênipun pitakenan makatên, amargi wontên kêbon raja ingkang namung isi têtanêman thok, kados ta ing kêbon raja Bogor, nanging punika mêndhêt umumipun tiyang kathah, botên mêndhêt saking luguning namanipun ing basa [ba...]

--- 855 ---

[...sa] Walandi (s' Landsplantentuin). Wontên ingkang kêbon raja namung isi sato kewan, inggih punika ing Surabaya. Wontên ingkang kêbon raja inggih isi tanêman, inggih isi sato kewan, pinanggih ing Surakarta, nama Sriwadari. Manawi mirid lêrêsipun, papan ingkang isi sato kewan punika nama kêbon binatang. Malah ing Batawi ugi Walandi ingkang nama makatên, saking kêtêlah, ing kinanipun pancèn isi kewan (binatang), dene lênggahing mathukipun, kasumanggakakên.

[Grafik]

Kancil ing kêbon raja ing Eropah.

Mênggahing kêbon raja, punika cêtha manawi kawontênanipun manjing dados rêrêngganing nagari. Manawi ngèngêti kados makatên wau, kêbon raja punika pancèn ugi sagêd anjunjung drajating nagari ingkang kadunungan, ugi atêgês manawi nagari ing ngriku punika majêng. Tôndha yêktinipun, pundi nagari ingkang wontên kêbonipun raja, adhakan dipun dhatêngi ing bôngsa ngamônca.

Sayêktosipun ing bab kawontênanipun kêbon raja punika inggih nêdahakên ing bab kawruh nênanêm tuwin kawruh sato kewan. Kados ta ing bab têtanêmanipun, têmtu dipun tindakakên dening ahli têtanêman, têgêsipun tiyang ingkang mumpuni dhatêng ulah têtanêman, sumêrêp awon saening siti, mathuking têtanêman dhatêng hawa tuwin papanipun, sumêrêp tataning pangupakara dalah rabukipun, mila sawarnining têtanêman ing papan ingkang kados makatên, tamtu sae gêsangipun. Sanadyan juru kêbonipun pisan, inggih tiyang ingkang dhêdhasar mangrêtos dhatêng têtanêman.

Ing sapunika ing bab kewanipun ingkang dados isèn-isènipun kêbon raja, punika têtela sangêt bilih kêdah dipun tindakakên dening tiyang ahli kewan, awit mênggahing kewanipun botên ngêmungakên kewan wêdalan ing nagari ngriku kemawon, limrahipun mawi ngawontênakên kewan-kewan saking nagari ngamônca, ingkang beda kawontênaning hawanipun, apêsipun kemawon mêndhêt kewan galak. Dados sanadyan kewan tunggil nagari, sarèhning galak, inggih nama angèl anggènipun angopèni. Môngka mênggah ngopèni kewan punika kêdah nocogi kalihan kabêtahanipun. Upaminipun bab têdha, samôngsa botên cocog, kewanipun inggih dados gêring.

Tumrapipun ing tanah Jawi, kêbon raja ingkang pêpak kewanipun ing Surabaya, ing ngriku katingal kasarasan tuwin sênênging gêsangipun kewan ingkang dipun ingah, inggih ingkang kewan galak, inggih ingkang pêksi, punapadene kewan ingkang asli saking tanah ngamônca. Wontênipun makatên, kajawi kopèn utawi cocog têdhanipun, ugi jalaran [ja...]

--- 856 ---

[...laran] sae anggènipun ngupakara. Upami ingkang dipun wastani cocoging têdha, punika botên dumèh kewan nêdha daging, lajêng cêkap dipun têdhani daging kemawon, nanging ugi mawi ngèngêti takêripun. Makatên ugi mênggahing kasênênganipun, upaminipun pêksi suwari, punika sanadyan dipun têdhanana punapa kemawon, inggih mêksa nguntali krikil. Dene anggènipun nguntal krikil wau botên kok jalaran taksih luwe, nanging pancèn kabêkta ing watêk, tuwin mênggahing krikil wau tumraping pêksi suwari pados daya pangrêmêkan, malah nama angrencangi dhatêng ingkang kanggenan. Manawi kamanah panjang kenging dipun piridakên kalihan ayam, kados ta: ayam punika sanadyan sampun tuwuk, inggih nucuki pasir, bêling alit-alit, mênggah damêlipun inggih botên beda kados pêksi suwari. Dados kabêtahaning satunggal-satunggalipun kewan punika inggih kêdah dipun sumêrêpi.

Sapunika ing bab pangupakara, rêsik saha saening kandhang, manawi tumrap ingkang rêmên saba, inggih pasabanipun, dalah sawêr kemawon inggih dipun damêlakên êrong-êrongan. Yèn kewan alit, upaminipun kancil, inggih dipun damêlakên grumbulan.

Makatên ugi mênggahing bab kasarasan, punika mênggahing pangrêksa inggih katindakakên kalayan titi. Manawi nuju sukêr sakit, sagêd nitik saking sudaning anggènipun nêdha, lan malih ugi ngudi dhatêng rêsiking badan.

[Grafik]

Baya ing kêbon raja Eropah nuju dipun rêsiki.

Bab rêsiking badan punika tumrap tiyang ingkang dèrèng mangrêtos tamtu amastani anèh, awit mênggahing kewan mokal kêdunungana tindak rêsikan. Bab makatên punika kados gampil ngawontênakên tôndha saksinipun. Kados para maos botên kêkilapan dhatêng kawontênaning pêksi wanan, têgêsipun pêksi ingkang botên dipun ingah ing tiyang, punika asring cilam-cilum adus wontên ing toya. Sanadyan bab makatên wau botên tuwuh saking jangkêping raos pangraos, nanging nama têtêp [têtê...]

--- 857 ---

[...p] tindaking pangudi kasarasan ingkang tuwuh saking kodrat. Makatên ugi tumrap kewan sanès-sanèsipun, sanadyan ingkang kewan galak pisan ugi gadhah tindak makatên.

ing sapunika juru pangupakara kewan kados ingkang kacariyosakên ing nginggil, inggih kêdah nindakakên makatên. Kados ing kêbon raja ing Eropah, sanadyan baya pisan, inggih wontên kalanipun dipun rêsiki badanipun.

Mênggahing cêcariyosan kina, kêbon raja utawi kêbon binatang punika inggih sampun wontên, dadosta[2] taman Argasoka ing Ngalêngka, taman Maerakaca ing Cêmpala, makatên ugi ka ing bab kêbon binatang, punika kala jaman Prabu Hayam Wurun[3] inggih sampun wontên, nanging namung mêndhêti kewan ingkang anèh-anèh kemawon.

Kados makatên mênggah pinanggihing kawontênan ingkang dados pêpaosing praja.

Bab Ringgit

Bathara Bayu

Bathara Bayu punika putranipun Bathara Guru, kasêbut kawasa angêrèh agin, mila ugi dipun sêbut dewaning angin.

Bathara Bayu nalika ngejawantah jumênêng nata wontên ing nagari Mêdhanggora, jêjuluk Sri Maharaja Bima. Jumênêngipun nata wau sêsarêngan kalihan kadang gangsal 1. Bathara Sambo, 2. Bathara Brama, 3. Bathara Endra, 4. Bathara Wisnu tuwin Bathara Bayu piyambak.

Sampun dados watakipun tiyang mêngku pangawasa, adhakan tuwuh pasulayan ingkang jalaran saking sabab warni-warni. Wontênipun makatên, awit mênggahing ratu, wajib kêdah angadili dhatêng ruwêd rêntênging kawulanipun. Tindak makatên punika gampil manawi namung tuwuh saking kawulanipun piyambak, kenging lajêng dipun pranata dening gusti ratunipun, balik tuwuhing pasulayan gêgayutan kalihan tiyang sanès, têgêsipun tiyang ingkang winêngku ing ratu liyan, wontênipun tamtu tansah adamêl pakèwêd, lan malih sampun mèh limrah, tiyang nimbang pasulayaning tiyang kalih, adhakanipun lajêng ngiloni dhatêng tiyang ingkang gêgayutan kalihan badanipun piyambak.

Kacariyos nata gangsal wau ugi amanggih lêlampahan ingkang tuwuh saking kawulanipun, wontên ingkang rêbatan pasitèn, rêbatan donya brana tuwin sanès-sanèsipun, lajêng andadosakên botên adiling pangadilan, wêkasan namung tansah pasulayan.

Wusana para nata wau sami angsal wangsit, supados sami pados lêlêrêsan dhatêng para brahmana sadasa, ing wukir Maendra. Brahmana sadasa wau sajatosipun inggih para dewa sadaya. Ugi kalampahan dipun sêrêp-sêrêpakên dhatêng sawarnining tindak ingkang lêpat. Nata gangsal lajêng dipun cangkrimi ing bab sasmitaning ukara mantra, sami botên sagêd [sa...]

--- 858 ---

[...gêd] ambatang. Wêkasan lajêng dipun dhawuhi dening brahmana, anggènipun angratoni pinêthal piyambak-piyambak. Sri Maharaja Bima, inggih Bathara Bayu, pinatah angratoni sato kewan, wontên ing Mêdhanggora, jêjuluk Prabu Mrêgapati. Nanging wêkasanipun Sri Maharaja Bima lajêng muksa, jalaran tansah kasoran kalihan pangejawantahipun Hyang Sambo, ingkang ajêjuluk Sri Maharaja Balya.

[Grafik]

Bathara Bayu.

Kasêbut ing cêcariyosan ringgit, para Pandhawa punika sami dipun pundhut putra piyambak-piyambak dening satunggil-satunggiling dewa. Kacariyos nalika Dèwi Kunthi, garwanipun Prabu Pandhu Dewanata ambabar mêdal bungkus, sasampunipun pêcah bungkusipun, Hyang Bayu tumurun, mundhut bungkusipun lajêng dipun bucal dhawah wontên ing wana Dhandhalaksana. Saking kaelokaning dewa, jabang bayi ingkang mêdal saking bungkus sampun awujud tiyang, lajêng dipun bêkta ing Hyang Bayu dhatêng Ngastina.

Pabu Pandhu nalika karawuhan Hyang Bayu ambêkta lare sakalangkung kagèt ing galih, Hyang Bayu lajêng dhawuh: Wruhanira kaki prabu, bocah iki sajatine putranira dhewe kang mêtu saka bungkus, lan bocah iki ingsun pundhut putra, ingsun paringi jênêng Radèn Bima, iya Bimasena, iya Bratasena, apêparab Bayusuta.

Mênggah wujuding ringgit, sêrênging paraean, janggêrênging dêdêg, pangagêmanipun nyamping, Hyang Bayu kalihan Radèn Bratasena punika sairib kemawon, malah inggih sami apupuk apôncanaka. Makatên ugi sami kadunungan bayu, têgêsipun gadhah prabawa angin.

Dayaning anginipun Sang Hyang Bayu sagêd nyirnakakên isèn-isèning donya, sanadyan rêdi pisan, manawi katêmpuh bayunipun, sagêd sirna dhungkar. Nanging ugi gadhah daya angasrêpi, nawar wisa. Kados ta samôngsa wontên kasangsaran ing bumi, ingkang jalaran kaparag ing wisa tuwin sanès-sanèsipun, samôngsa siniram ing bayu asrêp, lajêng tawar sadaya.

--- 859 ---

Lêlampahaning Ngagêsang

[Mijil]

jaliriting mega malang wanci / gagat bangun katon / kuning wênês sumunu sunare / sumirat bang bangbang wetan kèksi / marakata kadi / kadadak nahên kung //

byar kawuryan wijiling hyang rawi / rumawat sumorot / taru-taru katara enggare / lir manganti antara praptaning / sunar kang nartani / sêgêring tumuwuh //

samantara sorote ngênèni / ujung pucuking ron / lir pinulas amêlês wilise / labêt saking kadrêsan dêrêsing / usara ngêbêsi / duk ing wanci dalu //

sabin-sabin sinaba ing pêksi / kang nyambêri laron / sulung ulêng-ulêngan saking lèng / barung lawan ramening raryalit / drêmimil mujèni / dhèk-rèk dhuwur kêncur //

sri kapyarsa ocèhing srigunting / cèprêt jatilêngkong / mêncit nèng pang dhidhis sarwi dhedhe / katon mêlês wulune kalimis / swarane mranani / tumanêm ing kalbu //

tanpa cengkok lagu lawan gêndhing / nanging yèn rinaos / nganyut-anyut anggarês tancêpe / sor rarasing lêlagon sakalir / wilêtaning suling / ta môntra sumundhul //

sarèh sêru swarane dumêling / cèprêt jatilêngkong / mung sagatra jêmbar surasane / yèn tumuju mring pra among tani / kadya nyasmitani / wus mangsane tandur //

ywan tumanduk mring cipta kang lagi / kinarya lêlakon / lir mangimur amrih tawêkale / ywa kadawan drawasaning budi / dèn sabar nampani / cobaning Hyang Agung //

yèn tinampi sotaning sujanmi / kang lagya winongwong / lir pangrêksa mrih lulus arjane / ywa kalimput kalêmpit ing budi / dèn mèngêt tumolih / apêsing tumuwuh //

yèn kapyarsèng pra garap kang lagi / anggilut wêwaton / lir sung pèngêt dèn rêrêm arèrèh / ing pangarah pangruruhing ati / mrih titi taliti / aywa grusa-grusu //

mundhak kadi lêkasing rarywa lit / kang samya mèt laron / yèn kalalu lali lêlabête / kang sinêdya mrih moncol pribadi / têmah anêtêpi / dhèrèk[4] dhuwur kêncur //

karêrantan rêntêng rontang-rantintg / rontag lir rinontog / sang manitrèng walgita kalane / mèngêt maring lêlakyaning dhiri / dènnya winasuh mring / kang Murbèng Tumuwuh //

sakèh rekadaya malah dadi / dêdalan padudon / kang kadyèku baya wus takdire / marma pantog pamuntuning kapti / tarlèn mung ngèngêti / apêsing tumuwuh //

yèn wujuda panggrantêsing pikir / lir gulung galolo / ngangsêg-angsêg asêsêg napase / bêbasane mati ngadêg saking / sêkunging tyas dening / barubah kabubuh //

ing puwara ngunandikèng ati / tita nora elok / apês rusak titah wus darbèke / jurang gunung wening jalanidhi / samya owah gingsir / miwah pasang surud //

jro sungkawa kawangwang miyarsi / cèprêt jatilêngkong / lir ginugah gêng panalangsane / mèngêt maring kawasaning Widhi / dènnya misesani / salwiring tumuwuh //

--- 860 ---

[Grafik]

Gambar dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun ing Surakarta, nalika tumêdhak saking motor mabur wontên ing Bandhung.

--- 861 ---

Kamajêngan

Bab Sêsêbutan Wanita Jawi

Wradin ing jaman samangke, garwaning para priyantun saha garwaning para partikêlir, ingkang sakintên pantês, punika sami kumêdah mangangge sêsêbutan radèn ayu, liripun: kathah kemawon ingkang namung wajib dipun sêbut radèn ngantèn utawi mas ajêng, ingkang dhasar moncèr ngangge sandhangan sae, sêlopan, langkung-langkung ingkang sagêd têmbung Walandi, mênawi botên dipun sêbut radèn ayu, lajêng katingal basêngut ulatipun. Samantên wau wontên ugi wanita ingkang narimah, ingkang baku botên wajib mawi sêsêbutan radèn ayu, môngka wontên ingkang nyêbut radèn ayu, lajêng mangsuli wicantên makatên: kula puniki sanès radèn ayu.

Ingkang limrah tumrap ing ngakathah ing jaman samangke, ingkang baku sanès radèn ayu, môngka wontên ingkang nyêbut radèn ayu, punika lajêng mongkog manahipun. Lajêng kawêdal têmbungipun ingkang manis sumèh, dhumatêng tiyang ingkang nyêbut radèn ayu. Wasana tiyang ingkang sampun sumêrêp ing gancaring sêsêbutanipun wau, rewa-rewa wicantên makatên: Tekade nyêbut radèn ayu ora tuku, pamrihe lêgia gulane, bukêta tèhe.

Tumrap ing tanah gupêrmenan, awit kala jaman rumiyin dumugi jaman samangke, kalênggahan bupati kasanèsakên. Sadèrèngipun dados bupati, saupami titêlipun namung mas, sarêng jumênêng bupati lajêng titêl radèn, garwanipun ingkang baku radèn ngantèn utawi mas ajêng, lajêng santun sêbutan radèn ayu. Gagrag punika murwat, sabab gupêrmèn pancèn sampun angidini. Sawênèh kala jaman rumiyin wontên ugi garwa bupati, ingkang baku sêsêbutan radèn ngantèn utawi mas ajêng, narimah têtêp radèn ngantèn utawi mas ajêng kemawon. Botên karsa angewahi saking lugu witipun. Wangsul ing jaman samangke garwaning partikêlir, mantri, juru sêrat, guru bantu sapanunggilanipun, ingkang kasêmbadan sagêd nyandhang sae, sêlopan, sanajan botêna sagêd têmbung Walandi, kathah kemawon ingkang ngudi murih dipun sêbut radèn ayu.

Ingkang sampun kawêdhar ing tanah gupêrmenan, bôngsa wanita turunan bupati, punika wajib angsal sêsêbutan radèn ayu dumugi wayah, sanajan nistha, awon ing warni, miskin, wajib mawi sêsêbutan radèn ayu, wondene salajêngipun dumugi buyut warèngipun, yèn mawi sêsêbutan radèn ayu ugi taksih wênang, nanging gumantung saking pikajêngipun tiyang ingkang condhong manahipun. Utawi angèngêti dhatêng pangkat kalênggahaning kakungipun. Tumrap tiyang ingkang sampun sumêrêp, dene sêsêbutan radèn ayu tumrap dhatêng tiyang partikêlir turunan bupati ingkang sampun têbih ugi murwat, nanging tiyang ingkang nyêbut radèn ayu wau sok kumêdah angèngêti, punapa wanita punika kacêkapan, utawi gadhah kasagêdan (pintêr) yèn wanita wau miskin utawi bodho, utawi gadhah lampah awon, sanajan tiyang sampun sumêrêp dhatêng wêwatonipun, lajêng

--- 862 ---

botên purun ngajèni, cêkakipun sêsêbutan radèn ayu sagêd ugi lajêng ical.

Beda sangêt kalihan pranatan ing karajan Jawi, sintêna ingkang gadhah talêr turunan saking sampeyan dalêm, najan sampun têbih, taksih sami wênang mawi titêl radèn ayu, sabab wosipun lugu turunan raja, mlarat utawi nistha botên badhe sagêd ewah sêsêbutanipun radèn ayu, kenging kaupamèkakên sêlaka tulèn, kapêndhêma êndhut, botên sagêd ewah warninipun. Punika andadosakên sabab, bôngsa tiyang asal ing tanah gupêrmenan, botên kenging kasamèkakên kalihan bôngsa tiyang asal karajan Jawi, ing bab sêsêbutanipun. Kêjawi yèn tiyang tanah gupêrmenan wau sampun sêsangkutan warga kalihan bôngsa asli karajan Jawi.

tiyang Bêtawi wicantên Malajêng dhatêng tiyang Jawi nyêbutakên nyonyah utawi tuwan, punika prayogi, dhawah têngah botên angluhurakên sangêt.

Kula èwêd, yèn kula wicantên dhatêng ingkang baku sanès radèn ayu, môngka dhasaripun tiyang punika kêdah dipun sêbut radèn ayu, wasana kula botên nyêbutakên radèn ayu, mendah punapa ewanipun wanita punika dhatêng jasad kula, kula lajêng ngundang dhatêng wanita punapa pêrnahipun, kados ta: ibu, adhi, bakyu, anak. Dhatêng wanita ingkang sanès warga, nimbang dhatêng sêpuh nèming umuripun. Ingkang langkung sêpuh, kula undang: ibu, bakyu. Ingkang langkung nèm saking umur kula, kula ngundang adhi utawi anak.

D.j.d.b.t; Pkt.

Waosan Lare

Kêtliwêng Barêng

V. Para bupati padha nyatakake

[Mêgatruh]

sang aprabu ing panggalih bingah nutug / anggone kagungan abdi / bisa nênun apik alus / ora ana sing madhani / kang bêcik kaya mangkono //

ngêndi-êndi wong wis angrasani umyung / yèn ing kraton ing saiki / ana abdi juru tênun / gaweane luwih adi / ora wêruh sabên uwong //

nganti gawe kandhêge wong sing malêbu / arêp adol barang bêcik / awit sang prabu wis dhawuh / ora karsa anampèni / barang malêbu kadhaton //

dhèk samana pinuju lênggah sang prabu / ora kêndhat ing panggalih / ngajêng-ajêng sing diutus / nayaka kang aniliki / dene suwe ora ketok //

ora suwe nayaka ketok malêbu / nuli didhawuhi linggih / wusana nuli didangu / priye anggonmu niliki / apa pancèn iya elok //

sing didangu amunjuk lan nyêmbah sungsun / kawula nuwun nun inggih / kawula munjuk saèstu / abdi juru tênun kalih / pancèn nyata tiyang mrojol //

titi sangêt inggih ing panggarapipun/ [pangga...]

--- 863 ---

[...rapipun/] pancèn nyata èdi pèni / dhasar grayangipun alus / lawenipun sutra Indhi / pun sêling kêncana abyor //

pantês sangêt dados pangagêman ratu / upami padosa gusti / sajagad botên kêpêthuk / mênggah atur kula gusti / namung salugu kemawon //

sang aprabu mung kèndêl lan manthuk-manthuk / saka bangêting kadugi / lan saka panggalih jujul / duli[5] enggal animbali / bupati jaba lan jêro //

sanalika barêngan sowan gumrudug / nuli bae didhawuhi / hèh kowe kabèh bocahku / ayo nyatakna saiki / pangagêmanku kang elok //

iya kuwi kang digarap juru tênun / coba timbangên sing adil / apa cocog panêmumu / karo sing tak utus dhisik / poma aja matur goroh //

sakabèhe nuli bêbarêngan mundur / turut dalan pating klêsik / awit uwis rada krungu / nyang unine Danu Dani / yèn ora wêruh wong gênjlong //

wise cêdhak ing panggonane sing nênun / krungu swara pating glidhig / lan manèh glodhagan têrus / ngono ora uwis-uwis / wong loro nganti gumrobyos //

kocap kabèh yaiku para tumênggung / banjur mara anyêdhaki / mung ing batin padha gumun / dene ketoke mung sêpi / pirantining nênun kothong //

kabèh bae pating plêlêng ketok gumun / kêdhèpe padha narithil / Dani mangrêti ing sêmu / gone nênun lèrèn nuli / karo ngulèt ngêluk boyok //

lan sêsambat anèh pangagêman ratu / wis digarap rina wêngi / ora bisa rampung-rampung / tur êmung kari sathithik / nganti ngrêkêkêlke otot //

layak bae yèn wong edan ora wêruh / barang kaya ngene iki / wise muni ngono mau / nuli nênun jêglag-jêglig / lakuning wlira nywara tho //

sakabèhe bupati sing padha krungu / ing atine nuli mosik / pancèn nyata anèh iku / dene êmung ketok sêpi / dene panggarape ngêtog //

yèn mangkono apa aku iki gêmblung / apêse ya diarani / wong ora wêruh ing prêlu / upama koningan gusti / wis mêsthi aku dicopot //

yèn mangkono bêcike tak ngaku wêruh / nuli ana sing miwiti / atêtakon sajak gumun / wadhuh thik bêcik mên kuwi / ijone ketok sumorot //

Dani ngrêti yèn kuwi wis klêbu wuwu / nuli bae anumpangi / lêrês ijêmipun têrus / ananging yèn pun têbihi / warninipun kados jambon //

cobi môngga kaparênga ragi mundur / sampun mriksanana mriki / kadospundi warninipun / bupati nuli mangsuli / êlo iya athik jambon //

Dani clathu cobi sapunikanipun / tingal têngên pun tutupi / mangke arak dados biru / bupati nuli nutupi / lan clathu: e ora lidok //

Dani ngadêg lan nyêdhaki dara mênggung / karo muni klêsik-klêsik / yèn tingal kiwa pun tutup / katingal ambalêrêngi / môngga pun cobi kemawon //

saunine Dani mau mung diturut / iya nuli anutupi / lan kagèt karo anjumbul / adhuh angudubilahi / sorote thik ora ilok //

ing cêkake kabèhe para tumênggung / padha kêna diapusi / mung padha manut ing rêmbug / kabèh ngaku amêruhi / kêblabak mung akon-akon //

--- 864 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Nêthikan[6] saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès.

Kabêsmèn agêng.

Ing Surabaya mêntas wontên kabêsmèn agêng ing gudhang A.K.I.Z. Pênthot dilah èlèktris ingkang kabêsmi wontên sayuta. Kapitunan f 600.000.-

Technische Hoogeschool umur 10 aun.[7]

Ing tanggal 2 wulan punika Technische Hoogeschool ing Bandhung sampun jangkêp umur 10 taun. Pambikakipun kala tanggal kaping 2 Juyi[8] taun 1920, kabikak dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral van Limburg Stirum.

Wanita pados papan ing rad kawula.

Vereeniging voor Vrouwenkiesrecht mêntas parêpatan, badhe adamêl sêrat paturan dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, supados ing parêpatan kawula dipun wontênakên warga wanita.

Ewah-wahan lampahing sêpur S.S.

Kados ingkang sampun kalampahan S.S. ngawontênakên tatanan lampahing sêpur, ing dalêm sataunipun dipun ewahi kaping kalih, ing wulan Mèi tuwin Nopèmbêr. Ing taun punika tumrap ing Jawi Wetan botên wontên ewah-ewahanipun, dene ing Jawi Kilèn namung sakêdhik. Tumrap sêpur kilat bidhalipun dipun undurakên, nanging dumugining papan wêkasan malah langkung majêng.

Kagunan Jawi badhe kapitongtonakên ing Eropah.

Benjing wontênipun Koloniale Tentoonstelling ing Paris, ing taun 1931, badhe wontên juru bêksa tuwin niyaga dalah gangsanipun saking Surakarta tuwin Ngayogyakarta badhe dipun tindhihi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya tuwin Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya. Punggawanipun sadaya kintên-kintên tiyang 150.

Mukhamad Hèrucakra.

Kawartosakên, tiyang ingkang ngakên ratu adil, nama Diets inggih Mukhamad Hèrucakra, ingkang karampungan prakawisipun, kabucal dhatêng Pangkalpinang. Hèrucakra wau bôngsa Walandi, kalairan ing Makasar, lajêng ngakên jumênêng ratu adil wontên ing Ungaran.

Majênging kaborosan.

Kawartosakên, pasar malêm T.H. ing Magêlang, rantamaning waragad wontên f 18.000.-. Wontên papan ênit-ênitan cacah 6 panggenan. Sawêg papan wau kemawon dipun sade sampun pajêng f 14.600.-. Mirid kawontênan wau, têtela bilih bangsaning kaborosan ingkang kados makatên punika dipun sênêngi ing ngakathah.

Arbeids-Inspectie ing tanah Jawi.

Kasêbut ing Memorie van Toelichting bagean rantaman yustisi, amratelakakên, bilih wiwit tanggal 1 Januari 1931 badhe kawontênakên Arbeids-Inspectie tumrap tanah Jawi tuwin Madura. Manggènipun badhe wontên ing Batawi, Sêmarang tuwin Surabaya. Malah kawartosakên tumrap kantor ing Surabaya benjing tanggal 1 Agustus ngajêng punika sampun kabikak, katindakakên dening Arbeids-Inspecteur Tuwan R.J.J. Biemond, ingkang sapunika nuju nindakakên wajib wontên ing tanah wetan, nanging panggenanipun taksih wontên ing Batawi.

Bang kabangsan Indhonesiah.

Parêpataning dhirèksi kalihan para komisaris bang kabangsan ing Surabaya, angrêmbag saha nêtêpakên Tuwan Rujita, dhirèktur OL Mij ing Ngayogya dados komisarising bang wau.

Parêpatan P.N.I. kasandèkakên.

Bab badhe wontênipun parêpatan umum P.N.I. ing Batawi, mèngêti adêging P.N.I. tigang taun, kasandèkakên.

Adêging padamêlan suntik sêsakit edaning sêgawon.

Dumugining tanggal 6 wulan punika adêging padamêlan suntik sêsakit edaning sagawon sampun 45, inggih punika adêgipun kala taun 1885. Dados gangsal taun malih sampun madêg 50 taun.

Gropyokan ing Kiauw Sing Djit Po.

Kantoripun sêrat kabar Kiauw Sing Djit Po ing Surabaya, nuju ing wanci dalu dipun gropyok ing pulisi, sêrat-sêrat saha sanès-sanèsipun ingkang kamanah prêlu, sami dipun bêskup, dipun êwrat ngantos nêm mobil. Administratir tuwin lètêr sètêr 4 sami dipun bêkta ing pulisi. Mênggahing bab gropyokan wau wigatosipun taksih winados.

Iksamên ing pamulangan luhur pangadilan.

Lulus kandhidhat iksamên bagean kalih ing pamulangan luhur pangadilan, Radèn Sumarka.

--- 865 ---

Sawung sêrat kabar Jêpan.

Kawartosakên ing ngriki badhe kadhatêngan Tuwan Massu Udhi Norinobu dhirèkturing satunggalipun sêrat kabar ingkang agêng piyambak saha gadhah daya ing Jêpan. Tuwan wau dhatêngipun ing tanah Jawi, pêlu pados wawasan kawontênanipun sêrat kabar ing Indhonesiah.

Nyamarakên kêkirangan toya.

Pakaryan toya ing Surabaya anindakakên rêrigên, supados para têtiyang ing Surabaya sampun ngêbrèh sangêt panganggenipun toya, amargi kuwatos manawi badhe kêkirangan. Bab punika gêmintê badhe damêl sêrat sêbaran, tuwin rêrigên sanèsipun.

Kabêsmèn agêng.

Kawartosakên ing Mênadho wontên kabêsmèn agêng ing pêkên Cêmpaka, têlas 56 wuwung, kapitunan kintên-kintên f 70.000.-

Badhe sakatèn.

Wontênipun sakatèn ing Surakarta sampun cêlak, tumrap ing Ngayogya sampun amiwiti andamêl bango-bango, katingalipun langkung agêng tinimbang ingkang sampun. Wontên ingkang gadhah pangintên, bango-bango wau inggih ngiras badhe kangge mêmahargya yuswa dalêm Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri 50 taun.

Taman pustaka ing Ngayogya.

Ing Ngayogya kawontênakên taman pustaka ingkang kanamakakên Djokdjasche Algemeene Openbare Leeszaal en Bibliotheek. Ingkang ngadani pakêmpalan wau paduka Tuwan Residhèn Westra, Bandara Pangeran Arya Suryadiningrat, Radèn Mas Tumênggung Suryatmaja, Ir. Yap Hong An, pambikakipun kala tanggal 1 wulan April kapêngkêr, papanipun wontên ing alun-alun. Wontênipun buku waosan ing ngriku sampun kathah, waragadipun kangge ngêdêgakên f 415- ingkang kathah saking bôngsa Eropah. Kas kasultanan ing taun 1930 maringi urunan f 1000. Pakêmpalan wau katingal majêng.

Malêbêt up aktê kursus.

Tuwan Latip Kartasubrata, guru H.I.S., 2. Tuwan Sutapa kapala pamulangan sêkakêl, 3. Tuwan Dwijawasita, kapala H.I.S. Muhamadiyah, tuwin 4. Tuwan Sumadi guru H.I.S. netral, sami wêdalan H.K.S. tuwin sami ing Surakarta. Katampèn malêbêt up aktê kursus ing Bandhung.

Jawah salju.

Sampun sawatawis dintên ing Malabar Bandhung, langitipun katingal pêtêng, wusana salêbêtipun nêm mênit lajêng jawah salju dêrês, mawi angin agêng. Kandêling salju ingkang dhawah ngantos 1 mètêr. Katingalipun ngantos kados nagari asrêp. Kawontênan wau ngantos sagêd angêndhêg-êndhêgi lampahing radhio sawatawis.

Asiah.

Ungguling wadya nagari ing paprangan.

Nanking 2 Juli (Aneta-Reuter). Up kuwartir wadya parentah martosakên bilih paprangan ing Yunan ngawonakên wadya Kwangsi tuwin Cung Pha Kwi, campuhipun pêrang ngantos tigang dintên, prajurit ingkang tiwas 15.000, ingkang 5000 prajurit nagari.

Katêrangakên malih, bilih ing tanggal 29 tuwin 30 golonganing wadya ura-uru, wongsal-wangsul anêmpuh bètèng, nanging ugi kenging kaundurakên, golongan wadya ura-uru karisakan agêng, kathah ingkang nandhang tatu.

Wadya nagari lajêng gêntos malês nêmpuh, ngungsir mêngsah ingkang taksih kantun, ingkang asli plajêngan saking Kwangsi.

Jayanipun pêrang punika kaanggêp wigatos sangêt, awis wadya parentah ingkang kêdhêsêk wadya Kwangsi lajêng sagêd uwal, tuwin sapunika sagêd andadosakên santosanipun Yunan tuwin Santung.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4837 ing Kare. Mêsthinipun panjênêngan botên nampi blangko, krana sampun lunas.

Lêngganan nomêr 2196 ing Tara. f 1.50 ingkang kula tampi kaping 27/6-'30, tumrap wulan Juni, Juli lan Agustus.

Lêngganan nomêr 2307 ing Bandhung. Benjing tanggal 1/9-'30 panjênêngan kula wêdalakên saking lêngganan, awit wulan Juli sarta Agustus sampun ambayar.

Lêngganan nomêr 2293 ing Bayalali. Arta ingkang f 1.50 punika sakawit kalêbêt dhatêng pambayaran panjênêngan piyambak, nanging sapunika sampun kaêlih dhatêng no. 2303, Kajawèn 49 dumugi 53 sampun kakintunakên.

Lucon ingkang Botên Anggumujêngakên

Ing Batawi sawêg mubal wontên pilêm mawi sagêd aninunong-aninunong. Petruk tanpa kêndhat tansah ningali. Saking sangêting kêpasukipun, rintên dalu namung anggagas bab punika. Mila wêdalipun Kajawèn ing dintên punika pun Petruk botên wawan sabda.

--- 866 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang Wajib Kantun.

9.

Johnson: Mangkene, manawi kula kamanah lêpat, kula katêdahna kalêpatan kula. nanging manawi rumaos kula: botên, awit, dhatêng kula ing ngriki botên niyat ngrêbat kabêgjaning liyan, sampun malih ingkang punika nama bôngsa, sampun botên babarpisan. Dados saupami sampeyan galih lêrês, kula punika namung nama tiyang sêsarêngan pados panggêsangan, saupami kaparêng sêsarêngan, kula namung andhèrèk.

Tuwan Smith wicantên sêrêng: Punika pamanggihipun tiyang badhe pados mênangipun piyambak. Mênggah caraning sêrêng-sêrêngan, sampeyan punika wênang kula tundhung.

Johnson: Kenging kemawon sampeyan kagungan panggalih sêrêng, nanging tumrapipun kula, namung kula tampi kanthi mênêbing manah. Nanging saupami kalampahana katundhung, kesah kula inggih manawi sampun mapan kalêpatan kula.

Smith: Manawi makatên sapunika ugi kula wênang nêtêpakên, bilih sampeyan tiyang nênêka, kula purih kesah saking ngriki.

Johnson: Punika namung pinanggih wontên dêrênging panggalih sampeyan piyambak, wêwênang sampeyan botên maton. Dados kula inggih awrat anglampahi. Kalihan malih tuwan, kados lêlampahan kula punika kula anggêp sandhungan, têgêsipun pakèwêd. Môngka mênggahing pakèwêd, punika pancèn sampun dados bêbahan kula, kêdah kula ajêngi kanthi kapurunan.

Tuwan Smith lajêng grêg anggagas, sarêng sampun kênthêl amanggih gagasan, lajêng wicantên dhatêng Tuwan Harwey: Kapriye Harwey, kowe aja mung mênêng-mênêng bae, kowe iya kudu duwe kêkêncêngan dhewe.

Harwey: Yèn aku, iya mung nêdya ngukuhi, yèn pulo iki dadi panguwasaku, aku ora rêna yèn ana wong kang ngrusuhi panggaotanku.

Smith: Wis, wis, cêkake mangkene, yèn didadèkake grêjêg, iya dadi, nanging bêcik ora. Nanging upama ora dadi grêjêg, bakal ora olèh karampungan kang gawe pamarêm. Dadi mungguh panimbangku, bêcik gawe tôndha saksi bae, ing bab asor unggule salah siji, lan aku duwe rekadaya liyane, têgêse ora magêpokan bab garêjêg, mung wite saka kono. Mangkene: Wis, saiki wong loro padha dhuwèla bae, mêngko êndi sing kalah, sing wajib sumingkir saka kene.

Johnson: Prayogi.

Harwey: Mangsuli kêndho: Ah, tindak mangkono mau aku ora mathuk, awit jênêng kêkêrêngan, sisip-sêmbire agawe rajatatu, gêdhene bisa gawe pêpati. Kuwi jênêng gawe kapitunan, lan bakal gawe susahing kulawargane. Aku aja koarani wêdi dhuwèl, wani bangêt. Nanging ya kuwi mau, dadi sanadyan aku mênang pisan, uga ora gawe sênênging atiku.

Smith: We la, rêmbugmu kuwi nganyêlake, dadi kowe kêna tak arani wong wêdi gêtih.

Harwey: Sakarêpmu anggonmu ngarani, nanging têmênan, aku ora bisa nglakoni.

Smith: Iya wis, salin gagrag. Ngene bae, saiki arêp tak êdu takad-takadan ngombe inuman kêras, êndi kang angglinting dhisik, ya kuwi sing kalah, kudu banjur lunga saka kene.

Johnson: Prayogi, kula namung andhèrèk.

Smith: Dadi, wis, Harwey ladènana.

Harwey: Sabar dhisik, kowe aja banjur nêtêpake mangkono. Ayake kowe wêruh dhewe, yèn aku ora maju mênyang inuman. Lan manèhe tindak mangkono mau nistha bangêt, aku ora bakal gêdhe atiku yèn unggul jalaran saka minum. Pikirên sing dawa ta, êndi bêcike wong minum, saya manèh yèn kogayutake kanggo prêlu kang kaya mangkene, loking akèh ora bêcik. Iba nisthaku, saupama aku disuwurake unggul prakara minum. Wis, wis, aku êmoh anglakoni.

Smith: La, kapriye, kabèh-kabèh kowe ora nyondhongi, jênêng anèh. La, sampeyan kadospundi Tuwan Johnson.

Johnson: Manawi kula dipun bên bab punapa kemawon inggih purun, tiyang punika ingkang badhe dados jalaran karampunganipun prakawis punika.

Tuwan Smith tansah angulir budi kemawon, kadospundi sagêdipun angrampungi bab punika. Wusana lajêng wicantên sêmu sêrêng: Wis, saiki mangkene, nanging bab iki yèn koêmohi Harwey, kowe tak têtêpake kalah, lan kowe sing wajib sumingkir saka kene. Karêpku mangkene, saiki padha arêp tak êdu santosa-santosanan ati, êndi sing tipis atine, ya sing kalah.

Harwey: Mungguh carane kapriye, aku arêp wêruh.

Smith: Wicantên nyêntak: Hèh, aja takon manèh, êmbuh kapriye bae akalku, kowe kari nglakoni, awit yèn aku kôndha, kowe iya êmoh manèh. Cêkake kowe kêduga apa ora. (Badhe kasambêtan)

--- [887] ---

Catatan kaki:

1. tuwuhing. (kembali)
2. kados ta. (kembali)
3. Wuruk. (kembali)
4. dhèk-rèk. (kembali)
5. nuli. (kembali)
6. Pêthikan (dan di tempat lain). (kembali)
7. taun. (kembali)
8. Juli. (kembali)