Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-19, #539

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-19, #539. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-19, #539. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 58, 21 Sapar, Taun Jimawal 1861, 19 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Kabêsmèn ing Mistêr Kornèlis

Kanggenipun dintên Sabtu punika, pancènipun sampun ragi kasèp angobrolakên ing bab wontênipun kabêsmèn ing kampung: blakang pasar Mistêr Kornèlis, awit kabêsmènipun wau kirang langkung sampun wontên 10 dintên sapriki. Ewasamantên mêksa badhe kula obrolakên wontên ing ngriki, pancènipun inggih botên wontên prêlunipun babarpisan, ngêmungakên kangge omong-omong kosong aliyas omong anggêdabrul kemawon.

Ing basa Walandi wontên ungêl-ungêlan makatên: De een zijn dood, de ander zijn brood, upami Kajawèkna wentehan, kintên-kintên makatên: nèk sing siji mati, liyane olèh roti. Mênggahing basa Walandi, pikajênganipun têmbung: roti punika: panggêsangan, dados sêdyaning ungêl-ungêlan wau: nèk ana salah sijining mati, bisa anjalari wong liya bisa olèh panguripan.

Para maos têmtunipun wontên ingkang pitakèn, sabab-sababipun punapa, dene panggêsangan punika ing basa Walandi dipun gambarakên mawi têmbung: roti, sanès: sêkul. Kauningana, tumrap nagari Walandi: cêkakipun saanteroning tanah Eropah, têdha ingkang baku punika: roti utawi kênthang, dados beda kalihan ing tanah Jawi, têdha ingkang baku punika: sêkul. Ewadene ing masa pacêklik, manawi ing tanah Jawi kalêrês kêkirangan wos, inggih dipun gajul mawi: tela, budin, jagung lan sapanunggilanipun. Beda kalihan ing nagari Walandi, manawi ing masa pacêklik, cêkakipun tumrap têtiyang ingkang pancèn botên gadhah, ing sarèhning ing ngriku botên wontên tela, budin, lan sasaminipun, ingkang kangge gajuling panggêsanganipun wau, botên sanès kajawi ... kulit roti utawi kulit kênthang. Amila tumrap ing kula sadaya wajib anglairakên gênging panuwun dhatêng Ingkang Kuwasa, dene manawi wontên kêkiranganing têdha ingkang baku, taksih wontên têtêdhan sanèsipun ingkang kenging kangge gajulipun.

Amangsuli ungêl-ungêlan basa Walandi ing ngajêng, inggih punika: De een zijn dood, de ander zijn brood, upami basa Jawi kintên-kintên inggih kenging dipun samèkakên kalihan: kasangsaraning siji-sijining wong, kuwi sok bisa anjalari bêgjaning liyan. Saenipun ing ngriki, anggènipun mawi dipun èmbèl-èmbèli: sok bisa. Dados pikajêngipun: botên mêsthi, ngêmungakên kadhangkala kemawon, anggènipun ungêl-ungêlan ingkang makatên punika, nêmahi sayêktos. Amrih têrangipun, ing ngriki kados prêlu dipun wontênakên tuladan ingkang nocogi kalihan wontênipun ungêl-ungêlan wau, upaminipun makatên:

Wontên satunggiling kasir kantor agêng, numbas sêngkang kangge bok nèm, ing sarèhning blanjanipun kados padatan: krupyuk, dipun sukakakên dhatêng bok sêpuh, anggènipun ambayar sêngkang wau, kêsupèn [kê...]

--- 920 ---

[...supèn] lajêng ngangge arta nagari ingkang dados têtanggêlanipun, wusana sarêng kenangan ingkang wajib, botên ngêmungakên lajêng kêdah andhêkêm wontên ing hotèl prodheo kemawon, nanging malah dipun pêcat saking padamêlanipun. Lo punika ingkang dipun wastani: tiyang ingkang manggih kasangsaran. Dene bêgjanipun dhawah dhatêng juru sêrat, ingkang botên nyana botên ngimpi, têka, jlêgêdhêg, ujug-ujug dipun têtêpakên anggêntosi kalênggahanipun priyantun ingkang mêntas nandhang kasangsaran wau. Tumrap tuladan punika, wontêning ungêl-ungêlan basa Walandi ing nginggil, mila kenging dipun wastani: mathis sangêt, môngga samangke kula aturi tuladan sanès.

[Grafik]

Wiwit ing taun punika, jalaran wontênipun rantaman nagari cupêt, nagari kagungan karsa badhe adamêl pangiritan, inggih punika: badhe nyuda punggawa lan sasaminipun. Têgêsipun nyuda punggawa punika, badhe wontên para punggawa dipun pêcati, kanthi botên nêtêpakên tiyang ingkang dados gêgêntosipun. Dados ing ngriku wontên tiyang ingkang sangsara, nanging botên wontên tiyang ingkang bêgja, kosokwangsulipun, malah amêwahi kasangsaraning tiyang, jalaran, tiyang ingkang dipun pêcat saking padamêlanipun, punika ingkang kathah, kenging dipun samèkakên kalihan tiyang pêjah ingkang sugih sambutan, tiyang pêjah ingkang makatên punika, botên ngêmungakên adamêl trênyuhing para ahli warisipun kemawon, nanging para ahli warisipun wau lajêng kabêbahan ... nyauri sambutanipun. Makatên ugi priyantun ingkang dipun kèndêli saking pangkatipun, botên ngêmungakên adamêl susah sanak sadhèrèkipun, dene wontên kulawarganipun ingkang kecalan pangkat, nanging ugi sok dados damêlipun sadhèrèkipun wau. Ingkang makatên punika nagari ugi anguningani, amila anggènipun badhe nindakakên pangiritan wau, inggih kanthi rangu-rangu tuwin rêntênging panggalihanipun. Ananging kadospundi malih, manawi margi sanèsipun ingkang kangge nutupi kacupêtan ing rantaman wau, botên wontên.

Môngga samangke sami ngrêmbag mênggah wontênipun kabêsmèn ing Mistêr Kornèlis, mriksanana gambar. Miturut pawartos ing sêrat kabar, tuwuhing kabêsmèn wau jalaran saking kiranging pangatos-atosipun salah satunggaling tiyang ing kampung ngriku kalanipun cêthik latu. Ingkang makatên wau dede wajib kula sadaya, upami lajêng nglêpatakên dhatêng tiyang wau. Jalaran tumraping tiyang ingkang waras èngêtanipun, kados-kados inggih mokal sangêt, upami lajêng gadhah sêdya sêngaja badhe adamêl kamlarataning sariranipun piyambak, punapadene tiyang sanès. Nanging ngèngêtana, bilih sangkaning kacilakan punika asring botên kasumêrêpan. Dados mênggahing kula sadaya, botên wontên gunanipun upami lajêng anglêpatakên sintêna kemawon, kuwajiban kula sadaya ngêmungna wêlas sarta bela sungkawa,

--- 921 ---

sokur bage wontên ingkang krêsa ambantu sarana arta lan sasaminipun, dhatêng para korban kabêsmèn wau, awit kêdah èngêt, bilih kacilakan ingkang makatên punika ugi sagêd tuwuh wontên ing sariranipun piyambak.

Mênggah tuwuhing kabêsmèn wau kala dintên Kêmis tanggal 10 wulan punika, kintên-kintên jam 3 siyang, dados kala punika nêdhêng bêntèr-bêntèripun. Amila sakêdhap kemawon urubing latu sagêd tumuntên agêng, ing salêbêtipun saêjam, sampun wontên griya 43 iji ingkang dados êmpaning latu. Mênggah karugianipun kintên-kintên wontên f 30.000.- ing ngriki botên prêlu anyariyosakên pangangluhing tiyang ingkang jalaran saking pangamukipun latu, sampun kecalan sadaya barang darbèkipun, mindhak dados trênyuhing para maos kemawon. Ing ngriki para maos têmtunipun sampun sagêd ngintên-intên piyambak, sapintên sangsaraning têtiyang ingkang sami dados korbanipun latu wau. Amila bab punika kula punggêl samantên kemawon.

Antawisipun para ingkang maos obrolan kula punika, têmtunipun lajêng wontên ingkang kagungan gagasan makatên: Lo, bèine S.m.t. kiyi, kiraku mêntas kêbobolan anggone bakaran, tandhane: le ngobrol têka clewa-clewo mêngkono, ingatase arêp ngandhakake kobongan ing Mistêr Kornèlis, têka dibukani nganggo unèn-unèn saka basa Walônda barang. Lo kuwi olèh pirang prakara.

Lo, mangke rumiyin, ta, mangke rumiyin, sampun buru-buru pêcuca-pêcucu, mindhak adamêl kamigilapênipun ... marasêpuh. Kaparênga kula matur sakêdhik. Anggèn kula ngandharakên kabêsmèn ing Mistêr Kornèlis, mawi kula bukani katêranganipun ungêl-ungêlan basa Walandi: De een zijn dood, de ander zijn brood awit sasampunipun wontên kabêsmèn wau, ing kitha Mistêr Kornèlis ngriku, lajêng tuwuh satunggiling pandakwa ingkang botên nyakecakakên tumraping gumintê kitha ngriku. Môngga ta punapa mèmpêr, ingatasipun gumintê punika satunggiling bêbadan ingkang gadhah sêdya badhe damêl sae tuwin wilujênging kitha satêtiyangipun, wontênipun salah satunggiling kampungipun kabêsmèn ngantos têlas-têlasan, ingkang anjalari kasangsaraning pintên-pintên tiyang, têka dipun dakwa, manawi gumintê wau kabingahên sangêt. Minôngka kangge wêwatonipun, dipun cariyosakên, manawi gumintê sampun dangu ambêtahakên sitining kampung ngriku, nanging tansah botên kadadosan, jalaran têtiyangipun ugi sami sagah pindhah saking ngriku, manawi kaparingan waragad pindhah gunggung kêmpal f 17.000.-, lo, punika ungêling pandakwa wau, dede têtêmbungan kula piyambak. Môngga punapa punika botên nama: badhe ngawon-awon, utawi badhe andakwa ingkang botên-botên kemawon. Ing môngka ingkang ngatingalakên kasaenanipun rumiyin piyambak, kalanipun wontên kabêsmèn wau, inggih gumintê ing Mistêr Kornèlis wau, tôndha yêktinipun: arta sadhiyan f 2000.- ingkang pancènipun badhe kadamêl pahargyan minôngka kangge mèngêti adêging gumintê sampun 10 taun, sabagian lajêng dipun cowok prêlu kadarmakakên dhatêng para korbaning latu wau. Môngga, punapa punika botên pêng-pêngan, ingatasipun badhe sênêng-sênêng têka kasandèkakên, jalaran botên mêntala wontên têtiyang kukubanipun ingkang sawêg nandhang sangsara. Nanging bawanipun tiyang sawêg sêngit makatên, inggih lajêng wontên kemawon wicantênipun: gumintê awor darma dhuwit samono kèhe kuwi, rak padha bae karo anggonku nêtêpi jangji mênyang tanggaku, yèn nganti têmênan bisa kalakon apa sing lagi tak gayuh, yaiku mangkene: Kang, dipujèkake mawon bisane kula mênang lotre, pèndhèke sampeya kula wèhi ... jlebrah. Rak iya mêsthi bae, ta, yèn mênang lotre f 150.000.- têmtune iya ora krasa ta, nèk mung mrêsèni jlebrah siji mênyang tanggane bae.

Lo makatên pamanahipun tiyang ingkang sawêg sêng-it, ingkang kangge wangsulan têmtu wontên kemawon. Amila inggih botên prêlu kula dhebat panjang-panjang, ngêmungakên kula punggêl samantên kemawon.

S.m.t.

Bab Ringgit

Sang Hyang Anantaboga.

Sang Hyang Anantaboga punika dewaning sawêr, makahyangan wontên sadhasaring bumi nama ing Saptapratala, mênggahing ucap-ucapan utawi ing pawayangan, wontên ingkang awujud sawêr. Awit mênggahing Hyang Anantaboga, kacariyos pêthitipun anyôngga bumi, manawi molah sagêd angorêgakên bumi, nanging sajatosipun ugi awujud manungsa. Bab makatên punika mênggah mantukipun [mantukipu...]

--- 922 ---

[...n] wontên ing dêdongengan, Hyang Anantaboga punika inggih sawêr ingkang sagêd awarni manungsa.

Putranipun Hyang Anantaboga ingkang katingal dados lêlampahan wontên tiga, 1. Dèwi Basundari, 2. Bathara Nagatatmala tuwin 3. Dèwi Nagagini.

Mênggahing Dèwi Basundari, punika tansah amakèwêdi ingkang rama, awit tansah dipun pangarah dening Hyang Sindhula, inggih dewaning sawêr. Saking kawêkèning rama, sang putri ngantos katundhung kesah saking kahyanganipun. Dene lêlampahanipun badhe kacariyos ing wingking.

[Grafik]

Sang Hyang Anantaboga.

Kalih, Bathara Nagatatmala, punika inggih adamêl èwêd pakèwêdipun Sang Hyang Anantaboga, awit putra wau sakalangkung bagus ing warni, dados dipun eman sangêt dening ingkang rama, tansah dipun umpêtakên kemawon. Wontênipun dipun umpêtakên, awit saupami kauningan ing Sang Hyang Endra, tamtu kapundhut kadadosakên prajurit ing Kaendran, ingkang nama prajurit durandara.

Mênggahing para dewa punika ugi botên beda kados satataning tiyang limrah, inggih kaêcakakên ing damêl, ing kalamangsanipun ing Kaendran wontên damêl paridamêl.

Kacariyos Hyang Anantaboga tampi dhawuhipun Sang Hyang Endra pacak baris wontên ing rêpat kapanasan, amargi ing Kaendran katêmpuh ing nata yaksa Prabu Karungkala, para dewa sami karepotan.

Nalika Hyang Anantaboga nuju baris wau, putranipun ingkang nama Bathara Nagatatmala minggah dhatêng Kaendran, wanuh kalihan Dèwi Mumpuni, garwanipun Hyang Yama. Wusana sarêng kauningan ing Hyang Endra, lajêng andhawuhakên[1] dêduka dhatêng Sang Hyang Anantaboga, dene kumarun[2] ngumpêtakên putra, wah sarêng katingal lajêng adamêl rêsah wontên ing Kaendran. Wêkasanipun Hyang Anantaboga kalêbêtakên ing yumani. Nanging Hyang Anantaboga inggih lajêng sagêd mêdal saking yumani saking rekanipun Hyang Yamadipati, murih Hyang Anantaboga sagêd nyêpêng Bathara Nagatatmala, ingkang wanuh kalihan garwanipun Hyang Madipati.[3]

Hyang Anantaboga botên kêkilapan dhatêng cidranipun Hyang Tama,[4] bilih pamardinipun Hyang Yama makatên wau botên atas saking kaparêngipun Hyang Endra, mila sawêdalipun saking yumani lajêng

--- 923 ---

dhawuh dhatêng Bathara Nagatatmala, Dèwi Mumpuni kabêktaa kesah pisan, saha salajêngipun Hyang Anantaboga lajêng wangsul dhatêng Saptapratala.

Sarêng ing jamanipun Pandhawa, putranipun Hyang Anantaboga ingkang nama Dèwi Nagagini, kasmaran dhatêng panênggal[5] Pandhawa nama Radèn Arya Bratasena. Hyang Anantaboga lajêng matak mantrawikrama sagêd andhatêngakên para Pandhawa gangsal, tuwin ingkang ibu Dèwi Kunthi, inggih punika ingkang pinanggih wontên ing lampahan Bale Sigala-gala. Lan kalampahan Dèwi Nagagini dhaup kalihan Radèn Bratasena.

Kajawi Pandhawa lajêng gêgayutan putra mantu, sajatosipun Hyang Anantaboga punika ugi asih dhatêng Pandhawa, mila salêbêtipun Pandhawa wontên Saptapratala, tansah winulang ing aji jaya kawijayan, kanuragan tuwin sanès-sanèsipun. Malah lajêng paring pitêdah dhatêng Pandhawa supados suwita dhatêng Prabu Matswapati, nata binathara ing Wiratha.

Hyang Anantaboga punika kêrêp pêpanggihan kalihan Pandhawa, inggih punika kalanipun Pandhawa manggih kasusahan. Lan malih jalaran Dèwi Nagagini punika wontên ing Saptapratala, botên nunggil kalihan Radèn Arya Bratasena, dados tansah rumêksa, mila gêgayutanipun kalihan Pandhawa inggih tansah wontên kemawon.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaring kitiran ing nagari Walandi, limrahipun kangge nglampahakên panggilingan gandum utawi nginggahakên toya. Tumraping pasêmon, gambar wau kangge pasêmoning nagari asrêp, dene pasêmoning nagari bêntèr awujud wit kalapa.

--- 924 ---

Raos Jawi

Têtêping Manah

Satunggil-satunggiling lêlampahanipun tiyang, pundi ingkang nama marojol saking kalimrahan, tamtu dados rêraosaning ngakathah. Ingkang[6] ngriki badhe nyariyosakên lêlampahan sakêdhik, ingkang wosipun badhe ngatingalakên ing bab kasantosaning manah, cêcariyosanipun makatên:

[Grafik]

Ing Boedapest wontên sawênèhipun tiyang èstri nama Nyonyah Josef Takacs, padamêlanipun dados babu wontên ing tangsi. Nyonyah wau sangêt anggènipun tumêmên ing damêl, sadaya dipun lampahi kanthi pangatos-atos. Ingkang nama pangatos-atos wau botên namung bab anggènipun tumindak ing damêl kemawon, ugi ngatos-atos ing bab rumêksaning panggêsanganipun piyambak, têgêsipun sagêd nindakakên caraning nata kabêtahan, ingkang ngrahayoni dhatêng gêsangipun. Mila sanadyan piyambakipun nama namung nyambut damêl asor, nanging gêsangipun katingal sênêng, kêtingalipun langkung têntrêm tinimbang tiyang nyambut damêl ingkang ngungkuli piyambakipun.

Tindakipun nyonyah wau tansah dados rêraosanipun tiyang kathah, dipun wastani dados tiyang ingkang botên limrah kalihan tiyang, namung kêtungkul ngudi kabêtahanipun piyambak, salêbêtipun gêsang tansah kêklêmpak bôndha tanpa kêndhat, punika ing têmbenipun lajêng badhe kangge punapa. Manawi wontên pitakenan makatên wau, anggènipun mangsuli sakeca kemawon: tataning gêsang kula sabên dintên punika, prêlunipun inggih namung kula angge nyênyênêng manah kula piyambak. Sênênging manah kula, badhe tumônja dados jampining sayah anggèn kula nyambut damêl. Dene pangangkah kula murih manah kula sagêd têtêp, sampun ngantos adamêl ewahing raos pangraos kula, upaminipun kula sakawit malarat, sarêng dados tiyang sugih lajêng santun pangraos agêng ing manah tuwin lajêng ngewahi tataning gêsang kula, punika sampun ngantos, lan malih kula lajêng isin amlampahi[7] nyambut damêl dados rencang, punika inggih sampun ngantos.

Ungêl ingkang kados makatên wau tumraping tiyang ingkang sami mirêng, namung nganggêp ungêl limrah kemawon, awit kathah tiyang ingkang sagêd cariyos, nanging botên sagêd nêtêpi cariyosipun.

Dilalah lêlampahan manawi sawêg nyarêngi dhumawahing kang kabêgjanipun, nyonyah wau dumadakan tampi warisan saking warisipun, awarni arta pintên-pintên yuta. Iba ta kagèting manahipun ingkang tampi warisan wau. Nanging nyatanipun mênggahing Nyonyah Josef têka ayêm kemawon. Arta inggih dipun tampèni, nanging botên pisan-pisan adamêl [ada...]

--- 925 ---

[...mêl] ewahing manahipun, malah inggih lêstantun anglampahi dados rencang kados adat, ajêg nindakakên damêl, ingkang ngêdalakên nipkah kanthi ngrêkaos. Kados makatên mênggahing cêcariyosanipun.

Têtêping manah ingkang kados makatên punika, manawi dipun manah, sayêktosipun ugi dados lantaran kasambadaning sêdya. Inggih bab punapa kemawon, manawi dipun lampahi kanthi ajêg, sêlot-sêlotipun inggih sagêd kadumugèn.

Ingkang cêtha saha mèmpêr pêpiridanipun, lêlampahan ingkang kados makatên punika, tumrap lêlampahanipun tiyang ingkang nêdya sugih, marginipun botên sanès, kêdah namung ngajêgakên adêging panggêsanganipun sabên dintên, manawi sagêd tumindak lêrês, inggih sagêd kadumugèn.

Murih cêthanipun, kados sagêd pados pasaksèn kathah, nanging limrahing pamanahanipun tiyang ingkang botên kuwawi sugih, adhakanipun lajêng ngawontênakên panacad, mada dhatêng wêwatêkanipun tiyang sugih, tur sampun cêtha bilih wêwatêkan ingkang dipun cacad wau wêwatêkan ingkang andadosakên sugihipun.

Dados mênggahing gampilanipun, tiyang punika limrahipun kapengin sugih, nanging namung kandhêg ing kapengin kemawon. Mila tansah manggih pituna.

Saya agêng pitunanipun malih, manawi kasugihan ing donya botên kacêpêng, kasugihaning Pangeran botên sumêrêp.

Kamajêngan

Bab Sêsêbutan

Nyambêti kalawarti Kajawèn ôngka 55 bab sêsêbutan wanita Jawi. Rèhning ing ngriku mawi anggêpok sêsêbutanipun para wanita ing tanah krajan Jawi, ingkang punika kula prêlu urun ular-ular sakêdhik, supados para maos sagêd ambedakakên sêsêbutan: gupêrmenan lan Kêjawèn.

Sêsêbutan radèn ayu utawi radèn mas, punika tumrap ing krajan Kêjawèn, wontên watêsipun. Inggih punika sêsêbutan wau ngantos dumugi wayah canggahing panjênêngan nata. satêlasing canggah wiwit warènging panjênêngan nata salajêngipun tanpa pêdhot-pêdhot.

Sêsêbutanipun:

Dèrèng diwasa, sampun emah-emah.

Èstri: radèn rara, radèn ngantèn.

Jalêr: radèn bagus, radèn ...[8]

Sêsêbutan: mas, gus, punika namung tumrap abdining panjênêngan nata ingkang asli kawula.

Dene sêsêbutan ngabèi, punika abdining panjênêngan nata pênajungan (gadhah sabin) lan pangkat mantri sapanginggil.

--- 926 ---

Pangkat bupati, punika tumrapipun ing Ngayogyakarta, sêsêbutanipun botên ewah kados nalika dèrèng dados bupati. Upami ing suwau mas, lajêng dados bupati, sêsêbutanipun inggih namung mas tumênggung. Bupati ingkang asli darah: canggah, buyut, wayahipun panjênêngan nata, punika sêsêbutanipun sami kemawon, sadaya radèn tumênggung. Makatên ugi garwa sarta putra wayahing bupati ingkang asli kawula, punika sadaya inggih botên gadhah sêsêbutan radèn.

Manawi wontên prêlunipun (saking katrimahipun) ngarsa dalêm inggih botên kawratan nginggahakên paring sêsêbutan radèn, nanging inggih lôngka. Bab sêsêbutan cêkap samantên kemawon.

Sapunika bab pêprênahan. Saèstunipun nêrangakên bab pêprênahan punika mêngêng sangêt, pramila ing ngriki kula namung badhe nêrangakên sadaya kawontênan ingkang sampun kula mirêngi kemawon, têgêsipun botên wontên pakêmipun.

Pêprênahan ingkang kangge wontên sajawining kraton: tumrap para darah pêprênahan kalihan para priyantun, ingkang asli kawula, cêkap nyêbut:

Êmbah, kakang utawi raka.

Bapak, adhi utawi rayi.

Paman, bok ayu.

Bibi, anak.

Nini, kakèk, salajêngipun.

Para priyantun ingkang asli kawula pêprênahan kalihan para darah: (R.M. = R.A. = R ngantèn, lan radèn) cêkap nyêbut titêlipun kemawon.

Para priyantun asli kawula pêprênahan kalihan para darah kasêbut nginggil, manawi wontên talêring sadhèrèk:

Êmbah = eyang,
Bapak = rama,
Kakang = kangmas,
Adhi = adhi mas,
Anak = anak mas,
simbok = ibu.
êmbok gêdhe = ibu agêng.
pak gêdhe = rama agêng.
adhi (èstri) = dhiajêng.
anak (èstri) = nak ajêng.

Dene yèn botên wontên talêripun sadhèrèk, inggih cêkap nyêbut titêlipun kemawon.

Tumrap wontên ing Ngayogya manawi badhe pêprênahan ingkang ganggam (dèrèng nate sumêrêp) yèn wontên kitha mawi sêbutan dèn, yèn wontên dhusun cêkap mas.

Kula ngakêni manawi katêrangan ing nginggil punika saking dayaning jaman têmtu badhe ewah piyambak. Dados salêrêsipun sampuna kula nguruni rêmbagipun Kajawèn ôngka: 55, kados sampun botên prêlu kalairakên wontên ing kalawarti.

Wasana bokbilih katêrangan kula wau wontên kêkiranganipun utawi kêladukên, kula sumanggakakên dhumatêng para maos ingkang ambêtahakên.

R.M.B. Dirjasubrata. Kêtandhan, Klathèn.

--- 927 ---

Waosan Lare

Kêtliwêng Barêng

VIII. Nênun pangagêman iyasan.

[Pocung]

amêcucu Dani nolèh nyawang Danu / lan alon akôndha / lah kapiye Danu iki / dene aku wis saguh munjuk sang nata //

sesuk rampung yèn cidraa ora wurung / bakal tômpa duka / apês sirahmu titanjir /[9] lan sirahku padha digawe tontonan //

lan andhingkluk Dani nangis sênggruk-sênggruk / ketok bangêt susah / kang jalaran saka wêdi / nganti gawe wêlasing panggalih nata //

nuli dhawuh wis ta sira aja ewuh / lan ya aja samar / awit yèn samar ing ati / ora wurung bakal agawe kapiran //

aja gugup wis ênya murih kêcakup / iki tampanana / agêm ingsun ali-ali / sun paringke uwong loro siji edhang //

prêlune mung sira aja padha bingung / lan sabisa-bisa / rampungna tênan sing bêcik / awit bakal ingsun agêm pasamuwan //

Dani Danu bêbarêngan matur sêru / nun inggih sandika / tamtu dados benjing-enjing / wise ngono nuli ngadhaton sang nata //

wuse mungkur Danu Dani kukur-kukur / Danu nuli kôndha / kowe wong dipangan dhêmit / dene bisa gawe tangis reka-reka //

ing rekamu kapriye he kuwi mau / Dani nuli nyêdhak / karo kôndha bisik-bisik / gampang bae mung mangkene rasakêna //

gone clathu lan nyandhak mripate Danu / Danu gundam-gundam / mripat ambarêbês mili / karo kôndha dadi mripatku ko-brambang //

ngrêti aku dadi mangkono akalmu / wis aja sêmbrana / galo disawang prajurit / yèn konangan môngsa wurunga dibônda //

wise surup diyan pating klêncar murub / padhang kaya awan / rekane Danu lan Dani / nuli mapan wiwit nênun pating glodhag //

nadyan ngantuk iya nekad thênguk-thênguk / lan isih anggarap / swarane pating jarêglik / dilakoni têrus bae nganti mèh byar //

sang aprabu nuli utusan andangu / dhawuh ing utusan / dhatêng kula anuwèni / agêm dalêm punapa sampun sadhiya //

Dani matur samôngsa kapundhut katur / kula mung sumôngga / ing ngriki sampun cumawis / lan munjuka sadaya sarwa klêrêsan //

bali mlêbu ora suwe ketok mêtu / ngirit panakawan / kabèh padha kalung samir / lan amandhi arupa bèri kancana //

uwong mau kabèh bae padha ngaku / mêruhi rêrupan / kang padha bêcik lan pèni / ing têkane prêlu mundhut gêm-agêman //

Dani Danu nuli masrahake ithu / sawise katampan / Danu Dani milu ngiring / nyaosake mênyang ngarsane sang nata //

wise mlêbu ing kadhaton Dani Danu / bèrine kancana / diunjukke karo muni / lah punika agêm dalêm priksanana// [priksa...]

--- 928 ---

[...nana//]

sang aprabu mèsêm lan alon andangu / asta kaya ngasta / sajak angungkab-ungkabi / e la pancèn èdine wis ketok cêtha //

karsaningsun bisaa nuli diwangun / apa sira bisa / anggawe klambi kang bêcik / awit eman yèn digarapa wong liya //

Dani matur kula botên badhe ngawur / mung munjuk prasaja / alit mila pancèn grêji / tuwin malih kalêbêg[10] grêji pilihan //

nanging lugu mung anggarap agêm ratu / mila nama kula / kombul wontên pundi-pundi / botên nate babarpisan damêl cuwa //

nuli dhawuh sang prabu kaya wis manuh / ingsun wis uninga / caking gawemu saiki / lah wis gage kono nuli tandangana //

karsaningsun gawenên kang olèh wangun / kanthi gêgêlakan / awit dina sesuk kuwi / bakal ana pasamuwan rak-arakan //

Dani matur kaparênga kula ukur / sang prabu ngandika / wis aja ewuh saiki / wis tumuli kene enggal tindakêna //

nuli maju Dani angukur sang prabu / kaya ngukur tênan / cak-cakane ketok trampil / sapolahe sajak mung iya-iyaa //

wise rampung Dani nuli matur sambung / punapa kalihan / lajêng kawula bêdhahi / sang aprabu nuli dhawuh iya, iya //

Dani clathu wis ta kowe gênti Danu / nuli bêdhahana / kowe rak iya wis ngrêti / ukurane gilo tontonên sing cêtha //

ketok bikut silak klambi têkan sikut / guntinge dicandhak / dicakake cêklak-cêklik / satêmêne ya mung angguntingi hawa //

wise rampung banjur wong loro angusung / prantining dondoman / dhasare dondoman mêsin / amasang dom nanging ora nganggo bolah //

sang aprabu nalika priksa andangu / la bolahe apa / Dani kêsusu mangsuli / lah punika punapa botên pariksa //

gone matur tangane sajak angulur / sang prabu ngandika / o iya rampungna nuli / pancèn sira padha gambuh nyang kagunan.

Madusita

Pa. Pan wus lumrah manungsa nacad sasama. Ning tan kobêr gunggung cacade priyôngga.

Dha. Dhêmên tukar nuruti ati kang mungkar. Yèn mangkono kaprêp[11] mênyang kaluputan.

Ja. Jagakake kasaguhaning wong liya. Iku sasat ngandêl ingkang ora ana.

Ya. Ywa gêdhèkkên tyasing bocah lan ugungan. Nora beda jiwamu kokêlêm wisa.

Nya. Nyahak marang wawênang masthi konangan. Nastitèkna alwa[12] kongsi kang mangkana.

Ma. Mlampah-mlampah yêkti ana kang kaangkah. Anggêr bêtah sayêkti antuk paedah.

Ga. Gêlaning tyas wit saka nora kalêgan. Kang kataman manungsa pikire ngôngsa.

Ba. Basa iku dadi têtalining bôngsa. Yèn abubrah basane ngrusakkên bôngsa.

Tha. Thukuling tyas kêkarêpan tan katêkan. Mundhak cuwa yèn kinira tan kalakyan.

Nga. Ngrusak raga ngumbar karsa nora arja. Kayadene wèh wisaning jiwanira.

Pak Jaya.

--- 929 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kopêrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 46)

Garèng: Ayo, Truk, saiki caritakna isining pranatan baku sing diarani dening bôngsa Walônda Statuten, kuwi kudune kêpriye.

Petruk: Lo, kuwi mêngkene Kang Garèng. Ing pranatan baku mau kudu disêbutake jênêngane pakumpulan, mangkono uga katrangan mungguh sing dadi sêdyaning pakumpulan.

[Grafik]

Garèng: Le ora mèmpêr, hla iya mêsthi bae, yèn jênêngane utawa manèh sêdyaning pakumpulan kudu disêbut ana ing sêtatutên kono, mung bae anggone anjênêngake kuwi apa kêna sakarêpe, utawa apa ora diwajibake kudu nganggo basa Walônda. Upamane aku sakônca sing ngêdêgake pakumpulan mau, ing sarèhning jênêngku kiyi: Nala Garèng, banjur tak cara Landakake sathithik, upamane: Nala Garèng: banjur dadi Nul Kharên (Nulgaren) nèk jênêngmu Petruk, dilandakake, upamane banjur dadi Petrus (Petrus), hara, jênêngan loro kiyi rak wis pantês ta, yèn anduwèni: mripat siwêr lan irung dawa kaya canthelan topi. Ing sarèhning sing ngêdêgake ora wong siji, nanging pirang-pirang, iya banjur dièmbèl-èmbèli têmbung: Èn Ko (& Co) dadi jênêngane: Nulgaren & Co utawa Petrus & Co, hara, apa ora: mliding, jênêngan kiyi.

Petruk: Wiyah, sing kok kandhakake kuwi rak jênênganing pirmah, toko lan sapanunggalane, dudu jênêng kang pantês kanggo pakumpulan kopêrasi. Jênênganing pakumpulan kopêrasi kuwi ora prêlu nganggo basa Walônda, kêna ganggo basane wong bumi, dadi kêna nganggo basa: Mlayu, Jawa, Sundha lan sapêpadhane, anggêre aja nganti kalalèn anggone nyêbutake: kopêrasi lan pribumi. Jênêngan kang mathuk bangêt upamane mangkene: pakêmpalan kopêrasi potang pribumi ing Bayêman, utawa: kopêrasi pribumi pangupakaraning kewan ing Karanganyar.

Garèng: Wah, jênêngane têka le dowi mêngkono, apa ora kêna dicêkak bae ta Truk, sabab jaman saiki kiyi jaman nyêkaki jênêng, kaya ta: Budi Utama (Boedi Oetomo) dadi B.O., asistèn wadana (Assistant Wedono) dadi A.W. malah [ma...]

--- 930 ---

[...lah] ana, tuwan asistèn residhèn algêmènê bêstirsakên (Assistant Resident Algemeene Bestuurszaken) kuwi jarene dicêkak dadi tuwan Arab nanging dudu saka adramaut.

Petruk: Wiyah, sêmbrana kuwi le kabanjur-banjur ngono. Kêna orane dicêkak, jênênganing pakumpulan kopêrasi kuwi, aku êmbuh ora wêruh, upama kênaa, kiraku nèk nyêbutake kang kapisanan, ya kudu apa mêsthine. Sabanjure kudu ditêrangake padunungane, sarta prayogane ditêrangake pisan sing nganti gênah panggonane.

Garèng: Iya wis ngrêti aku, Truk. Dadi ora mung ditêrangake desa utawa kuthane bae, nanging iya kudu ditêrangake mèlu dhistrik ngêndi, kabupatèn utawa paresidhenan apa. Murih gênahe babarpisan, apa ora prêlu ditêrangake, yèn papan padunungane mau cêdhak bambon, utawa êmbakmèn upamane.

Petruk: Hara, kok banjur anggawa-gawa pakarêmane mêngkono, bambon utawa bakmèn iya ora prêlu disêbut-sêbutake, kaya kandhamu ing ngarêp bae, kaya-kaya iya wis cukup. Kajaba kang wus kasbut ing ngarêp, ing sêtatutên mau iya kudu ditêrangake sêdyaning pakumpulan, lan watês-watêse têbaning pakaryan. Mungguh watês-watêse têbaning pakaryan iki, upamane bae ing kono diarani pranatan mangkene: kang kêna dadi warganing pakumpulan kiyi ngêmungake wong-wong ing desa: A utawa ing ondêr dhistrik B.

Garèng: Wah, hla kiyi aku ora ngrêti sathithik-thithika, Truk, kênang apa dene jajahane pakumpulan kopêrasi mau digawe rupêk bangêt mêngkono. Ambok iya upamane pranatane dijêmbarake sing tênan, kaya ta mangkene: sing kêna dadi warga kuwi kabèh wong pribumi kang dêdunung ana ing tanah Jawa. Luwih jêmbar manèh upama sing kêna dadi warga kabèh wong pribumi ing saindênging tanah Indhonesiah.

Petruk: O, hla kliru, Rèng, yèn mangkono panêmumu, anggone jajahane kopêrasi mau digawe rupêk bangêt, kuwi prêlune supaya bisa mêsthèkake, supaya para wargane, siji lan sijine bisa têpung, nimbang utawa manèh niti kaanane dhewe-dhewe.

Garèng: Wèthè thithèh, hla kok rèwèl mêngkono. Ewadene jarene gampang wong yèn arêp nimbang utawa niti kaanane liyan kuwi, anggêre diajaki cêki utawa thothit bae, kabare: wong kuwi anggêre klabasan, raine katon anjrêbabak abang, tôndha gampang jèngkèle. Nèk sajêroning main ambasêngut bae, gêlanan atine. Nèk gawene ambantingi krêtu, jarene cugêtan atèn, mêngkono sabanjure.

Petruk: Wiyah, iya ora jangji, yèn kok banjur nyandhak wong main mêngkono, mêngko rak sida akèh sing mleroki têmênan. Luwih bêcik padha ambanjurake rêmbuge ing bab kopêrasi bae. Anggone warga siji lan sijine,

--- 931 ---

kudu têpung, bisa nimbang lan niti kaanane dhewe-dhewe, kuwi supaya bisa anggampangake apa kang wis disêbutake ing ngarêp, yaiku: para wargane kudu bisa nyambut gawe bêbarêngan.

Garèng: Iya wis gênah, anggêr siji lan sijine wis padha têpung bangêt, ya banjur bisa nyambut gawe bêbarêngan. Tandhane aku kiyi bae, anggêre mlêbu toko karo kancaku, yèn dhèwèke tak kêdhèpi, iya banjur ngrêti bae, nèk karêpe dhèwèke tak kon ngajak omong sing jaga toko, prêlune aku bisa ...

Petruk: Lo, kok banjur nyaritakake anggone nyambut gawe bêbarêngan, sumêdya arêp ngutil, kang kaya mangkono kuwi ora pantês, yèn dirêmbug ana ing kene. Wis, wis, saiki tak banjurne katêranganaku ing bab isining pranatan baku tumrap pakumpulan kopêrasi. Ing sêtatutên kono, uga kudu dipasthèkake sapira gêdhene utawa pira lawase têtanggungane siji-sijining warga tumrap prajangjian utawa ing têmbe yèn ana kakurangane dhuwiting pakumpulan. Nanging bab kiyi minôngka mungkasi rêmbuge ing bab kopêrasi, padha dirêmbug ing liya dina bae manèh.

Barang-barang Dêlancang

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kawontênaning barang-barang ingkang badhenipun dêlancang. Barang-barang wau mêntas dipun pitongtonakên wontên ing Amsêtêrdham.

Kagunan ingkang kados makatên punika wontênipun ing ngriki nama satunggaling kawruh ingkang anggawokakên.

--- 932 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Iksamên notaris agêng.

Lulus iksamên notaris agêng bagean kapisan, Tuwan Abd. Tadjoedin ing Batawi. Bagean kalih Mas Jaka Mardiya ing Wèltêprèdhên.

Pamulangan luhur.

Lulus kandhidhat iksamên bagean kalih, Tuwan M.H. Sutama, asli saking Porong, Lawang.

H.I.S. èstri Pasundhan.

Pakêmpalan Pasundhan ing Bandhung kalampahan sampun ambikak H.I.S. èstri, muridipun sampun wontên 125.

Nyirnakakên sagawon.

Tumrap ing Bandhung nindakakên rekadaya nyirnakakên sagawon ingkang damêl pakèwêding tiyang, dumuginipun sapunika cacahipun sagawon ingkang sampun dipun pêjahi wontên 3906.

Prakawisan kalihan S.S.

Rad pan yustisi angrampungi prakawis gigatipun Cultuurmij. Goenoeng Sindoer lawanan S.S. Ingkang gigat anglênggahakên prakawis, supados S.S. angrembak sêtatsiun Batawi enggal, ingkang manggèn ing sitinipun. Karampunganing pangadilan anganggêp gigat wau botên tumônja.

Hawa srêp ing Priyangan.

Wontên pawartos ing Bandhung, kawontênanipun hawa srêp ing kabudidayan-kabudidayan sanginggilipun pêngalengan, ing sapunika karaos sangêt, ngungkuli taun ingkang sampun-sampun, nuwuhakên kapitunan agêng. Kathah kêbon ingkang kêtutup ing êbun lajêng anjêndhêl, andadosakên jênening godhong wêkasan andadosakên karisakan.

Salingkuh arta.

Ilêp pos komis ing Klampok, nama Radèn Awal Sumantri, kesah nilar padamêlanipun. Sarêng katitipriksa, artanipun ing kas kirang f 500.- lan ugi kakintên ambêkta arta kintunan sanès-sanèsipun gunggung f 3800.-

Pêpetangan angsal-angsalanipun Jaarbeurs ing Bandhung.

Ing taun punika cacahipun tiyang ingkang ningali ing Jaarbeurs wontên 189.659. ing taun 1929 wontên 226.227 lan ing taun 1928 wontên 189.166. Gunggunging angsal-angsalanipun arta ing taun punika f 54.924.90 ing taun 1929 wontên f 65.413.40 tuwin ing taun 1928 f 55.183.95.

Bab pandamêling arta.

Para warga rad kawula sawatawis sami angaturakên pamanggihipun, supados pandamêling arta ing Utrecht kapindhah wontên ing Indhonesiah kemawon. Kasêbut katrangan dhatêng dhepartêmèn babagan arta, bab wau botên kaparêngakên, amargi pamindhahipun wau waragadipun sakalangkung kathah. Lan malih parentah botên anyondhongi bilih pabrik arta wau wontên ing ngriki, awit pikantukipun botên sapintêna.

Malariah ing Majakêrta.

Sanadyan ing wêkdal punika pakaryan kasarasan tansah tumindak ambudidaya sirnaning sêsakit malariah, ing Majakêrta inggih tuwuh sêsakit malariah ngantos lar-tumular. Bab punika pangagêng ing ngriku lajêng nindakakên rêrigên rumiyin, ambage tablèt kêninê dhatêng têtiyang kathah.

P.N.I. tuwin panuntunipun.

Kawartosakên, pangagênging Politieke Inlichtingen Dienst ing Bandhung, inggih punika komisaris pulisi Tuwan H.H. Albreghts katimbalan dening pokrul jendral. Kintên-kintên badhe kadangu ing bab prakawis P.N.I. Ing bab mardikanipun Mr. Iskak, botên sande inggih badhe kapriksa sasampunipun angrampungi Ir. Sukarna. Tuwin Mr. Iskak ugi badhe dipun biyantu dening Mr. Singgih. Wontên pawartos malih bilih Mr. Sartana, Mr. Suyudi ing Surakarta tuwin Mr. Sunarya ing Medhan, ugi sami badhe angêmbani prakawisipun Ir. Sukarna. Saksi-saksi bôngsa Walandi ingkang tumrap prakawisipun Ir. Sukarna, tuwan D. de Vlugt up komisaris pulisi. Tuwan H.H. Albreghts kasêbut nginggil, tuwin parkèt ugi ngutus tiyang ahli, badhe mariksa pasakitan.

Balônja bêstir amtênar pribumi.

Jalaran saking kawontênanipun arta nagari kirang, tumrap rantaman B.B. kêpêksa botên sagêd dipun indhaki kathahipun.

Anggêgana ing wanci dalu.

Ing Batawi K.N.I.L.M. sampun nindakakên cobèn anggêgana ing wanci dalu, wilujêng botên kirang satunggal punapa. Kathah têtiyang ingkang numpak, sagêd nyumêrêpi kawontênanipun kitha ing wanci dalu.

Rêdi Krakatao.

Kawontênanipun rêdi Krakatao ajêk, wontênipun jêblosan ingkang inggil piyambak 800 mètêr, ingkang langkung saking 500 mètêr kathah, anakan pulo Krakatao inggilipun sampun 30 mètêr.

--- 933 ---

Pêkên darma.

Benjing wulan Agustus ngajêng punika Indonesisch Clubhuis ing Kramat, Wèltêprèdhên, badhe ngawontênakên darma, badhe kangge prêluning studiefonds, ingkang dipun adani dening para neneman ingkang sinau ing Batawi.

Dhirèktur Bestuursschool.

Kawartosakên, bilih Mr. Ch. W.A. Abenhuis ajung insêpèktur A.Z. badhe dados dhirèkturing Bestuursschool ing Batawi, anggêntosi Tuwan A. de Geus ingkang badhe wangsul dhatêng nagari Walandi kanthi pènsiun.

Bab pindhahan sêkal B dhatêng sêkal A.

Miturut papetangan, manawi kalampahan saèstu pindhahaning amtênar saking sêkal B dhatêng sêkal A, nagari badhe manggih pangiritan, ing dalêm sataun f 2.000.000.-

Pindhahan tiyang Jawi ing Surinamê.

Miturut katrangan-katrangan ing bab tumindaking pindhahan tiyang Jawi dhatêng Surinamê, waragadipun sabên 100 kulawarga, kapetang bapa, biyung tuwin waradin-waradinipun anak tiga, wontên f 29.000.-. Waragading lampah saking tanah Jawi dumugi Surinamê f 70.000.-

Asiah.

Ngukum panuntun.

Bombai 13 Juli (Aneta-Nipa). Parentahan dhawahi ukuman nyambut damêl paksa kawan wulan dhatêng presidhèn rad pêrang konggrès kabangsan Madi tuwin Dr. Gour. Lan malih ngukum dhatêng Desnan Singh panuntun konggrès, ingkang damêl arak-arakan wontên ing Maidan. Kadakwa nêrak awisan.

Curacao dipun ancam.

Curacao 13 Juli (Aneta-Nipa). Kawartosakên, bilih van Slobbe tampi sêrat kalih saking Revolutie-partij ing Venuzuela, suraosipun gadhah panêdha, supados pangagêng Curacao sampun angalang-alangi tindaking parte wau.

Pêpêrangan ing Tiongkok.

Syang Hai 15 Juli (K.P.). Campuhing pajurit ing Cinpuril We kaajêngakên dhatêng Kuphu, ing ngriku wadya Pucoyi cacah 1000 langkung, sami sirna, atusan ingkang katawan. Mêngsah mundur dhatêng Nin Yang.

Cinan badhe dipun rêbat tumuntên, parentah lajêng kintun bêbantu pêpêrangan ing Santung.

Bôngsa Ngamônca ing Sasi.

Han Ko 13 Juli (Aneta-Nipa). Kawartosakên, bongsa ngamônca ing Sasi sampun sami sumingkir sadaya, nyarêngi ing salêbêting kitha pêpêrangan. Nanging kakintên saking panêmpuhipun kaum abrit.

Pulisi nêmpuh kanthi dêdamêl.

Bombai 13 Juli (Aneta-Nipa). Konggrès Militia nglêksanani damêl arak-arakn, nanging lajêng mundur jalaran dipun cêgah pulisi mawi dêdamêl, wontên tiyang tatu 300, wontên 100 ingkang kabêkta dhatêng griya sakit. Pulisi tuwin militèr lajêng mingsêr saking Maidan.

Bêna agêng.

Syang Hai 14 Juli (Aneta-Nipa). Wontên pawartos saking Seoul, ing Koreah kilèn wontên bêna agêng, tiyang ingkang tiwas kalêlêp 78, ingkang ical 30, dene ingkang botên gadhah griya ewon.

Ura-urunipun bôngsa Indhu Islam.

Bombai 14 Juli (Aneta-Nipa). Wontênipun têtiyang ingkang damêl ura-uru ing wêwêngkon Bênggal tansah lajêng, wontên tiyang Indhu sanga papagan kalihan bôngsa Islam sami tiwas. Lajêng tuwuh ambêsmèni griya tuwin anjarah rayah. Pangagêng lajêng ngintuni pulisi tuwin prajurit kangge anjagi tata têntrêm.

Eropah.

Pangeran Siyêm wontên ing nagari Walandi.

Amsêtêrdham 9 Juli (Spec. Bat. Nbld.). Pangeran Damrong ingkang paman nata Siyêm sapunika rawuh ing nagari Walandi kalihan putranipun kêkalih, katingal sami rêna ing panggalih. Sang pangeran ngandikakakên, ing Siyêm prêlu angsal wulangan ing bab lampahing toya kangge têtanèn, sarana matah guru-guru agêng saking nagari Walandi wontên ing pamulangan luhur ing Bangkok.

Punapa kintên-kintên badhe wontên pêrang.

Paris 14 Juli (Aneta-Nipa). Jalaran saking wontêning rêmbagipun Prancis kalihan Itali katingal mrêpêg, parentah Prancis lajêng nyantosani wadya kapapanakên wontên ing watês.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 4779 ing Jagalan kulon. Lêngganan kapetang wiwit 1 Januari, nglajêngakên lênggananipun sadhèrèk Cakradiharja. Bayaran kula ajêng-ajêng.

Lêngganan nomêr 3123 ing Têsanan. Lêrês panjênêngan, taun punika sampun sah.

Lêngganan nomêr 3616 ing Cilacap. Wulan punika botên kêdah ambayar, amila botên dipun kintuni blangko, ananging 1 Ogustus mêsthi.

Lêngganan nomêr 1848 ing Magêtan. Panjênêngan lakar botên kula kintuni blangko wisêl, awit wulan Juli punika sampun ambayar. Wragad ngintunakên buku-buku katanggêl dening Bale Pustaka, makatên wau manawi ingkang mundhut tumbas ngintunakên rêgining buku-buku wau rumiyin.

--- 934 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang Wajib Kantun

10.

Kados punapa kagèting manahipun Tuwan Johnson, ngantos botên kenging dipun pindhakakên, mila wontênipun namung anjêlih kalihan lumajêng, sêsambatipun: Tulung, tuloung. Sawêr mirêng sabawa makatên wau malah kados dipun sêngkakakên panyarapipun, nanging sampun katilar lumajêng ing Tuwan Johnson. Saha ing sanalika ngriku kamirêngan wontên swaraning pistul jumêdhor, botên dangu sawêr katingal ngringkêl sampun pêjah.

Sintên ingkang mistul sawêr wau, botên liya Tuwan Smith, pancèn sampun sadhiya ing sadèrèngipun. Saha botên dangu Tuwan Smith nyabawa: He, mandhêg. Ingkang dipun uwuh makatên wau Tuwan Johnson. Sarêng Tuwan Johnson sumêrêp bilih ingkang dipun uwuh wau piyambakipun, lajêng nolèh saha lajêng cangkelak wangsul.

Tuwan Smith wicantên: Ing sapunika botên prêlu majêng, sawêr sampun pêjah. Nanging sapunika sampeyan kula têtêpakên kawon, lajêng wajib sumingkir saking ngriki. Kados ing sapunika sampeyan sampun botên sagêd mabêni ginêm kula malih, awit sampeyan sampun têtela kawon santosa ing manah, malah mirising panggalih sampeyan katingal ing sadèrèngipun dhumawah ing wanci.

Tuwan Johnson: Sampun, sampun, samantên sampun cêkap, kula badhe nêtêpi janji kula, ing sapunika ugi, kula lajêng badhe kesah saking ngriki, sadaya sami manggiha rahayu.

Smith: Têtêping pangandika sampeyan wau pantês kula aosi, lan kula wajib ngaturakên pakurmatan dhatêng sampeyan. Dene ingkang dados pakurmatan kula, botên sanès, sampeyan badhe kula aturi nitih baita kula. Kaparêng sampeyan badhe dhatêng pundi, kula dhèrèkakên.

Johnson: Mirahing panggalih sampeyan ingkang samantên punika, kula tampèni kanthi gênging panuwun, tuwin kula anganggêp, bilih sampeyan sagêd ambadhe cangkriman ingkang taksih sumimpên salêbêting batos kula. Dene ingkang kula anggêp cangkriman wau, inggih punika pakèwêding manah kula anggèn kula badhe oncat saking ngriki, badhe kadospundi. Ing môngka ing sapunika angsal margi sarana saking pitulungan sampeyan. Nuwun, nuwun.

Smith: Tuwan, pitulungan kula punika namung nêtêpi wajibing agêsang kêdah bêbrayan gêsang sêsarêngan. Wis ta Harwey aku banjur lilanana tumuli budhal, awit lakuning kapal wis owah pirang-pirang dina, kang jalaran kasandhung sabab ana ing kene, aja nganti aku kaparan tutuh lan anêmoni cacading akèh.

Harwey: Iya Smith, ora liwat aku mung amêmuji rahayua ing salakumu. Samantên ugi sampeyan tuwan.

Johnson: Nuwun, ing ngriki makatêna ugi.

Tuwan Smith kalihan Tuwan Johnson lajêng bidhal, dene prakawis padagangan ing wêkdal wau lajêng dèrèng kaucapakên malih.

VII. Marêm ing manah.

Sarampunging lêlampahan ing bab anggènipun Tuwan Harwey rêrêbatan lêrês. Tumindaking panggaotanipun lajêng pulih malih. Nanging ing bab wau botên pisan-pisan andadosakên pamarêmipun Tuwan Harwey. Dene anggènipun botên kêdunungan manah marêm wau sababipun punapa, punika botên kasumêrêpan.

Mênggah ingkang dados titikan, bilih Tuwan Harwey botên gadhah pamarêm, ing sapunika namung katingal kèndêl kemawon, kala-kala sok kadumêlan piyambak, kados anglairakên manah piduwung.

Bab makatên wau tumrapipun Tuwan Harwey pancèn dipun raos dados pamanahan saèstu, tuwin sarèhning anggènipun wontên ing ngriku punika, tumrap ingkang tunggal bôngsa namung jongos, dados pun jongos ugi tumut ngraosakên, rintên dalu tansah ngulatakên dhatêng pasêmoning bandara. Sarêng pasêmoning bandaranipun saya dangu malah saya katingal anggènipun susah, jongos kêpêksa pitakèn, têmbungipun: Bandara, panjênêngan punika kadospundi, dene sapunika malah sajak katingal susah makatên, punika nama botên mantuk kalihan kawontênanipun. Awit saupami panjênêngan anggalih botên kraos wontên ing ngriki, prêlunipun punapa mawi katrêm wontên ing panggenan ingkang botên dados panujuning panggalih. Manawi anggalih pakèwêd, ingkang dipun pakèwêdi punapa, ing ngriki sapunika sampun botên wontên tiyang ingkang ngêgrêg-êgrêgi tumindaking kabudidayan panjênêngan. Lah lajêng punapa ingkang dados panggalihan malih.

Mirêng pitêmbungan makatên wau Tuwan Harwey ngantos anjênggirat, dening rumaos kêthuthuk ing rêmbag, tuwin anganggêp bilih pun jongos kêdunungan pamanggih ingkang nocogi kalihan raosing manahipun, wusana lajêng mangsuli: Jongos, kowe kuwi suwe-suwe saya ketok pratitising gunêmmu, bêbasane bathok bolu isi madu, ora ngira yèn kowe kêdunungan rasa kang nocogi kaya rasaning atiku. (Badhe kasambêtan).

Catatan kaki:

1. andhawahakên. (kembali)
2. kumapurun. (kembali)
3. Yamadipati. (kembali)
4. Yama. (kembali)
5. panênggak. (kembali)
6. Ing. (kembali)
7. anglampahi. (kembali)
8. § Punika tumrap Ngayogya. tumrapipun Surakarta, radèn namung dumugi warènging nata. (kembali)
9. ditanjir / tinanjir. (kembali)
10. kalêbêt. (kembali)
11. karêp. (kembali)
12. aywa. (kembali)