Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-23, #545

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-23, #545. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-23, #545. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 59, 25 Sapar Taun Jimawal 1861, 23 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [935] ---

Ăngka 59, 25 Sapar Taun Jimawal 1861, 23 Juli 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pucaking rêdi Pênanggungan

[Grafik]

Rêdi Pênanggungan punika rêdi ing tanah wetan, antawisipun Bangil lan Majakêrta, inggilipun 1625 mètêr.

--- 936 ---

Siti dalah Têtiyangipun

Kasusilaning Jalu Wanita

Mênggahing kasusilan, inggih tumrapa băngsa punapa kemawon, ingkang adhakan katingal rumiyin, punika ing bab tatacaraning pasrawungan jalêr èstri, ing ngriku rêbat pados pasaksèn pundi ingkang dipun wastani lêrês utawi sae, nanging sadaya wau wosipun inggih namung lèrèg dhatêng kasusilan.

Tumrapipun kasusilan kintên-kintên tumindakipun lêrês, pinanggih wontên tiyang ingkang sampun diwasa, mila ing bab gampiling titikanipun inggih pinanggih wontên ing pasrawungan jalêr èstri, têgêsipun inggih ingkang sampun diwasa wau.

Satunggal-satunggaling tatacara, tamtu wontên kajêngipun piyambak-piyambak, kados ta tumrap jaman rumiyin, băngsa wanita Tionghwa pinardi suku alit, dipun sêngkêr. Băngsa Arab akudhung barukut, tuwin sanès-sanèsipun.

Cara kalih warni wau mênggahing kajêngipun, botên liya inggih namung dados pamardi murih sae, nanging manawi dipun manah, pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, lajêng katingal kawadhaganipun, pinardi alit, pedahipun namung murih wanita sampun ngantos ènthèngan suku, gampil ngambah margi ingkang gawat. Dene tumrap kêkudhung, botên liya namung ngudi, murih sampun sagêd gadhah wawasan têbih. Awit mênggahing wanita, manawi botên gadhah tindak kalih prakawis wau, kasusilanipun sampun nama utami. Wusana [Wu...]

--- 937 ---

[...sana] lajêng tuwuh ewuh-ewuhan tatananing jagad, tuwin lajêng sagêd cocog, bilih sèlèhing kasusilan ingkang kados makatên punika dèrèng srêg, malah nama namung makolèhakên tiyang ingkang gadhah panguwaos, inggih punika tiyang jalêr, dados ingkang anggadhahi kabêgjan tiyang jalêr, kasusilaning èstri namung adamêl pitunaning èstri piyambak. Pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, băngsa wanita Tionghwa inggih sampun sami suku limrah, băngsa Arab sampun wontên ingkang bikak kudhung. Saupami sapunika taksih wontên ingkang nindakakên tatacara lami, lajêng katingal piyambak anggènipun nyulayani kasusilan ing jaman sapunika.

Manawi băngsa Jawi, pandhêdhêring kasusilan tumrap wanita ugi salaras kemawon, nanging limrahipun namung kangge kalanipun dèrèng winêngku ing kakung, dene manawi sampun emah-emah, dipun anggêp sampun luwar saking èwêd pakèwêd. Tumrap ing jaman rumiyin, tatacaranipun tiyang gadhah anak èstri punika tansah nindakakên kasusilan ingkang adhapur pasêmon, kados ta lare èstri ingkang anggarapsari sapisan, punika mawi dipun êdusi kanthi ngatur-aturi para sêpuh utawi ulêm-ulêm para putri, prêlu nyuwun barkah. Nanging mênggah kabatosanipun angatingalakên, bilih anakipun sampun diwasa, kenging dipun takèkakên ing tiyang sanès. Dene sasampunipun punika, tumrap panitiking lare èstri ingkang sampun diwasa utawi taksih lêgan, sagêd nitik saking sandhang pangangge, inggih punika sampun nyandhang ngangge kados tiyang sêpuh, nanging untunipun pêthakan, dados tiyang sanès botên kêkilapan malih, bilih wontên wanita ingkang kados makatên nandhakakên taksih lamban. Dene tandhanipun manawi sampun emah-emah, sampun untu cêmêng, inggih punika sisig.

Tataning kasusilan Jawi kala jaman rumiyin warni-warni sangêt, tur sadaya sawarni pasêmon, nanging sarêng dhawah ing jaman kamajêngan, kasusilan jawi kina, kenging dipun wastani mèh ical babarpisan, santun ngangge kasusilan enggal.

Dados mênggahing kasusilan, ewahipun sampun mêsthi, dening kawon kêsuk lampahing jaman. Dene awon saenipun: sami-sami.

Bab Ringgit

Bathara Cingkarabala tuwin Bathara Balaupata

Sintên ingkang sampun kulina dhatêng cêcariyosan ringgit, tamtunipun inggih sampun mirêng dhatêng cêcariyosanipun dewa kêkalih wau. Awit dewa kêkalih punika sanadyan awis mêdalipun, nanging kêrêp dipun ucapakên.

Bathara Cingkarabala tuwin Balaupata punika sami dewa danawa, padamêlanipun rumêksa kori sela matangkêb, inggih punika kori ing swargan.

--- 938 ---

Dewa kêkalih wau sami pinaringan pangawasa misesa tiyang ingkang minggah dhatêng kaswargan ingkang botên pinarêngakên dening dewa, mila mênggah tiyang ingkang minggah dhatêng suwarga pakèwêdipun ingkang kapisan inggih wontên ing ngriku punika, manawi sampun lulus sagêd anglangkungi kori sela matangkêb, sampun sêpên ing pakèwêd. Wontênipun makatên, awit tamtu dipun tanggulangi ing dewa kêkalih wau, dhasar sami sêkti tuwin tansah amandhi gada, sintêna ingkang kadhawahan gadanipun tamtu ambalêdug sirna sami sanalika. Mênggah mulabukanipun anggèning dewa danawa kêkalih wau wontên ing kaswargan makatên:

[Grafik]

Nalika Hyang Guru ngejawantah jumênêng nata ajêjuluk Sri Paduka Rajamahadewa Budha aningali teja ngêguwung, sarêng dipun pariksa, ingkang mawa teja wau danawa tapa, ditya têtapa wau nalika dpun rawuhi Sri Paduka Rajamahadewa Budha botên mobah botên mosik, wusana lajêng dipun dangu: punapa karananipun têtapa, manawi gadhah sêdya badhe nêdya punapa, lan sintên namanipun.

Ditya amangsuli: sanadyan ditya, nanging bangsaning brahmana, mila têbih gadhah tindak awon, nama Bagawan Danu. Dene ingkang dados sêdyanipun kapengin nunggil kalihan para dewa.

Sri Paduka Raja Mahadewa Budha mirêng atur makatên punika sakalangkung rêna ing panggalih, Bagawan Danu lajêng dipun bêkta dhatêng kadhaton.

--- 939 ---

Nanging tindakipun Sri Paduka Raja Mahadewa Budha wau andadosakên kalintu sêrêping para danawa anak putunipun Bagawan Danu, angintên ingkang botên-botên, malah wontên ratuning danawa Maharaja Danu kalajêng ngêrig wadyabala anglurugi paduka Raja Mahadewa Budha, lajêng dipun pêthukakên para jawata rêsi, nanging sadaya sami kasêsêr.

Ing ngriku Bagawan Danu sumêrêp manawi tuwuhing pêpêrangan wau namung jalaran saking kalintu sêrêp kemawon. Bagawan Danu lanêng[1] nyapih ingkang pêpêrangan,sarta saha lajêng nyariyosi dhatêng anak putunipun, bilih pamurinanipun wau kalintu, awit Bagawan Danu malah manggih kamulyan. Sarêng sampun têrang makatên, para danawa lajêng sami wangsul.

Sawangsulipun para danawa, wontên danawa satunggal taksih kantun, nama Gopatana, gadhah atur dhatêng Sri Paduka Raja Mahadewa Budha, aturipun: dhuh, ratu sêsêmbahaning sipat gêsang sadaya, wontênipun kula botên tumut wangsul kados danawa sanès-sanèsipun, kawula badhe saos atur ing paduka.

Mênggah wigatosing atur kula, sarèhning kula punika sampun ngrumaosi kasoran, kula ngaturakên panungkul anak kawula kêkalih, satunggal nama Cingkarabala, satunggalipun nama Balaupata, makatên ugi kawula piyambak, inggih nêdya suwita ing paduka.

Sri Paduka Raja Mahadewa Budha dangu: apa kamulane sira têka ngaturake panungkul, lan kang sajatine ingsun iki dudu bangsanira, têka sira suwitani.

Gopatana mirêng dhawuh makatên wau matur kanthi gumujêng: nata sêsêmbahaning isinipun jagad sadaya, kados botên wontên sipat ingkang botên ngratu dhatêng paduka, lan kula botên kêsamaran bilih paduka punika dewa ngejawantah, mila kula kumacèlu badhe anunggil wontên ing ngriki. Punapa malih tumrap anak kula kêkalih, kados wajib nunggil ing paduka, awit sanadyan danawa, ugi wontên nalurinipun trahing jawata. Mênggah pun Cingkarabala tuwin pun Balaupata punika sayêktosipun patutan saking midadari Dèwi Amatri, putranipun Sang Hyang Triyata. Dados têrang manawi taksih aluraning dewa.

Sri Paduka Raja Mahadewa Budha sarêng uninga warninipun ditya Cingkarabala tuwin Balaupata langkung rêna ing galih, dhawuh pangandikanipun: bocah loro iki pantês dadia pangrêksa pura, lan sira uga Gopatana.

Kalampahan ditya têtiga sami kadadosakên juru rumêksa pura. Wusana sarêng Sri Paduka Raja Mahadewa Budha wangsul dados Hyang Guru, ditya Cingkarabala tuwin Balaupata lêstantun abdhèrèk dhatêng kadewan, sami kadadosakên dewa, kapatah rumêksa kori sela matangkêb. Wontênipun dewa kêkalih wau amêwahi singêring Jonggringsalaka, salaminipun tansah jagi angapit-apit kori, warninipun kêmbar angajrih-ajrihi, dhasar botên uwal amanggul gada bindi.

Kados makatên mênggah kawontênanipun dewa kêkalih wau, kenging dipun wastani dewa kêmbar ingkang tanpa pisah.

--- 940 ---

Kawruh Sawatawis

Pangolahipun Kajêng Taun

Ing jaman samangke ing tanah Jawi ngriki, wana pêpajatosan[2] kantun awis-awis kemawon, tur satunggal-satunggaling wana botên wiyar. Ingkang punika pandugi kula, saya dangu rêginipun kajêng jatos sangsaya awis, labêt saking kiranging kajêng jatos. Kawontênan ingkang kados makatên punika, tamtu andadosakên susahipun sadhèrèk-sadhèrèk ingkang badhe dêdamêlan griya tuwin sanèsipun. Awit badhe ngangge kajêng jatos rêginipun awis, badhe migunakakên kajêng taun tuwas ngêcèh-êcèh wragad. Sabab tumrap kajêng taun, anggènipun botên sagêd dangu, adhakan sangêt katêdha thothor tuwin bubuk. Ananging sarèhning sampun kêpantog, inggih lajêng migunakakên kajêng taun murih botên kêkathahên wragad.

Ing ngajêng kula sampun matur yèn dêdamêlan ngangge kajêng taun punika nama ngêcèh-êcèh wragad, awit botên lami inggih kêdah nyantuni, sabab sampun gapuk utawi katêdha bubuk utawi thothor. Satêngah adamêl kasusahan labêt saking wongsal-wangsul ngêdalakên wragad. Pramila tiyang-tiyang, sami ambudidaya, tuwin ngêmpakakên panyobèn, kangge nanggulangi murih thothor utawi bubuk punika botên doyan dhatêng kajêng taun, ananging wohing pambudidaya tuwin panyobèn, taksih kirang sampurna sangêt. Ananging inggih lumayan dene sanajan kirang sampurna sampun wontên rekanipun. Dene rekanipun makatên:

Kajêng sasampunipun kawangun kasar-kasaran kemawon, lajêng kakum ing blumbang, dangunipun watawis tigang wulan, sagêd nêbihakên wontênipun ama-ama kasêbut nginggil. Nanging inggih botên dangu, namung sawatawis taun kemawon. Wusana kula angsal cêcariyosan kados ing ngandhap punika:

Pratikêl I

Bilih tiyang badhe damêl punapa-punapa ingkang migunakakên kajêng taun, sasampunipun dipun brubuhi, kajêng wau sampun kakêthok rumiyin, kakèndêlna kemawon ngantos kirang 20-30 dintên saking panggarapipun. Yèn sampun dumugi ing titimăngsa punika, pang-pangipun kajêng ingkang botên kenging kangge dandosan sami kakêthok, tabêting kêthokan kadamêl wradin, nuntên dipun tatahi awangun lumpang, têrus kaisenan ing lisah patra manut takêran mêndhêt saking agêng alitipun kajêng, kados ing ngandhap punika:

Garis têngah 15 c.m. mêngandhap, cêkap kaêsokan lisah pangaos ± 2½ sèn, satêlasipun.

garis têngah 16 c.m.-30 c.m. cêkap kaêsokan lisah pangaos ± 5 sèn, satêlasipun.

Dene kajêng ingkang garisipun têngah lakung[3] saking samantên, para maos masthinipun sampun sagêd andugi piyambak.

Yèn lisah ingkang wontên ing kajêng wau sampun asat, [a...]

--- 941 ---

[...sat,] kajêng wau lajêng kaukur saking nginggil, panjangipun miturut kanggenipun, nuntên kakêthok lêrês ukuran wau. Tabêting kêthokan inggih kawangun malih kados ing ngajêng, tuwin kaêsokan lisah makatên salajêngipun ngantos kajêngipun têlas sangêthokipun dumugi ing bonggol.

Pratikêl makatên punika namung tumrap kajêng ingkang taksih gêsang, tumrap kajêng ingkang sampun kakêthok tamtu botên sagêd nindakakên, sagêdipun nindakakên bilih kareka kados ing ngandhap punika.

Pratikêl II

Patrapipun mèh sami kalihan pinanggihing panyobèn ingkang sampun kula têrangakên ing ngajêng, namung beda sakêdhik, inggih punika: sasampunipun kajêng kaêkum ing blumbang, toyanipun lajêng karabukan ing godhong ingkang araos pait, tuwin pangêkumipun cêkap sawulan kemawon. Awit saenipun kajêng sampun sami kalihan wohing panyobèn ingkang kaêkum dangunipun sataun.

Pratikêl I tuwin II punika sampun mèh nama sae, nanging para ulah kajêng mêksa dèrèng marêm, awit ambokmanawi patrap makatên punika kadangon, pramila inggih tansah ngothak-athik nalar, tuwin nindakakakên panyobèn, ing pangangkah wohipun sagêda ngungkuli ingkang sampun-sampun.

Pratikêl III

Ing sadèrèngipun damêl balumbangan (tanpa toya) ingkang panjang, wiyar, tuwin lêbêtipun: nyamlêng kaisenan kajêng ingkang badhe kaêkum. Nuntên dhasaring blumbangan kadekekan kapur kandêlipun ± 1 c.m. awradin, lajêng kasiram toya ngangge gêmbor nyêmêk-nyêmêk. Nuntên kajêng ingkang badhe kakum katata ing ngriku, sêsagêd-sagêd kêdah dhèmpèt, nuntên kasawuran kapur malih kandêlipun kados ing ngajêng awradin, têrus kaurug ing siti ingkang rapêt. Makatên wau dangunipun namung: 1 dintên, 1 dalu. Langkung utawi kirang saking samantên botên kenging, sabab bilih langkung saking samantên, kajêng dados gapuk (lodhoh), dene manawi kirang saking samantên kajêngipun kirang prayogi. Wondene sanajan namung sakêdhap, saening kajêng tikêl matikêl tinimbang pratikêl I tuwin II.

Namung samantên pitêdah wau. Wasana sumăngga sami kacobi.

Pun S. Padmasumarta.

Cariyos Kina

Nyai Rara Kidul

Têtiyang ing Jawi Têngah, langkung-langkung têtiyang bawah Surakarta Ngayogyakarta tuwin têtiyang tanah urut sèwu (Bagêlèn) mangilènipun dumugi bawah Cilacap, kathah ingkang pitados dhatêng Nyai Rara Kidul. Nyai Rara Kidul punika criyosipun ngadhaton wontên têlênging sagantên, dados ratuning para lêlêmbat, awit saking punika ing pasisir kidul wêwêngkoning tanah-tanah kasêbut nginggil,

--- 942 ---

kathah panggenan-panggenan kangge mêmule. Saking kandêling gugon tuhon nadyan dèrèng nyipati warninipun Nyai Rara Kidul, nanging kathah tiyang ingkang sami ajrih kêlangkung-langkung. Gotèking sawênèhing tiyang asring nyabuti nyawaning tiyang, inggih punika wontêning pêpêjah kêsrakat dening sêsakit kolerah, cacar lan sasaminipun. Criyosipun yèn makatên punika klêrês pajangan (mantu) pramila mundhuti tiyang kathah kangge bêbau wontên ing èwêd-èwêd wau. Tuwuhing pagêblug sêsakit kolerah, kala 20-nan taun kapêngkêr dilalah cocog kalihan cêcriyosan, inggih punika mèh sabên sapêndhak, pramila wontênipun kojah sabên taun mêsthi kagungan damêl, inggih dipun pitados kemawon. Mila sabên-sabên kagungan damêl mantu punika jalaran putra mantu têmtu botên kiyat dhatêng putra sang rinajaputra, kajawi punika wontên cêcriyosan malih mênggah bangsaning lêlêmbat punika tan kênaning pati, pramila saking kacriyos asring rawuh cangkrama martuwi dhatêng para nata, wontênipun kathah ingkang pitados. Bab sadaya wau sampun mêsthi tumraping têtiyang ingkang cèthèk pamanggihipun, tumrap ingkang sampun jêmbar sêsêrêpanipun tamtu botên badhe ngandêl. Cêcriyosan kados makatên punika tumrap lare kirang prayogi, pramila sampun nyariyosakên bangsaning aèng-aèng wontên ing pangajênganing lare, punika sagêd kêdhasar manahing lare wasana lajêng gadhah manah gugon-tuhon, punika nama kapitunan.

Mênggah ingkang dipun anggêp têdhakanipun Nyai Rara Kidul wau, saking gotèkipun bilih ing awang-awang kêpirêngan swara kumrasak kados jawah. Kawontênan makatên wau ing nginggil inganggêp untabing wadyabala brêkasakan. Mênggah angsal-angsalan panlusur kula swara makatên punika ing sanès pasisiran ugi asring kêmirêngan, sarasilahipun inggih cocog, inggih punika mangsanipun ing wanci dalu, yèn panuju sidhêm, ingkang punika sawêg kêmirêngan. Raos-raosipun swara makatên wau cêtha namung swaraning alun ing têngah-têngah, têbih saking pasisiran, ngumandhang ing ngriku, pramila sagêdipun kêmirêngan namung manawi panuju nyênyêt (sidhêm) wau. Punapa swara ingkang makatên wau ingkang winastan: udan mas tapawèni, jalaran criyosipun jawah nanging wontên ginggil, botên sagêd tumêdhak ing bumi.

Mangsuli kawontênan têdhakan Nyai Rara Kidul saugi ing satunggiling panggenan kêmirêngan swara kados makatên, tumrap ingkang gugon tuhon saking bawaning manah ajrih lajêng sami grawalan mêdal ing jawi, nyandhak sakkêcêpêngipun, wontên kênthong lajêng dipun tabuh, ingkang gadhah lêsung lajêng bendrongan sawênèh namung gêdhèging griya dipun têbahi, sampun tamtu swaranipun pating grablul, pating krênthung lan sasaminipun, punika mamrihipun namung kangge ngajrih-ajrihi pandhèrèk-pandhèrèk, ambokmanawi kandhêg ing margi, punika criyosipun asring ganggu damêl dhatêng tiyang, kados ta: upaminipun wontên lare sakala mêcicil, punika dipun kintên-kintên kêsurupan ing lêlêmbat brêkasakan wau. Jalaran saking makatên tuwuhing têmbung kêsurupan utawi kampiran. Badhe kasambêtan.

Sumadi. Pangarasan.

--- 943 ---

Waosan Lare

Kêtliwêng Barêng

IX. Sang prabu nyobi rasukan.

[Gambuh]

nuli tumandang sêngkut | sapolahe sajak ketok ibut | ora kêndhat tansah angiling-ilingi | manèh sok ketok anjumbul | alok yèn bolahe pêdhot ||

tandange Dani mau | kaya gugup disawang sang prabu | mula banjur lèrèn lan umatur lirih | yêktosipun kula gugup | yèn pun priksani kemawon ||

sang prabu nuli dhawuh | iya ta wis murih aja ewuh | ingsun arsa angadhaton poma nanging | aja nganti ora rampung | bakal ingsun agêm miyos ||

Dani Danu umatur | kula tanggêl tamtu badhe rampung | wise ngono sang prabu ngadhaton nuli | wong loro tumuli sêngkut | kringête nganti gumrobyos ||

sapa wonge sing wêruh | mêsthi padha kêpêksa ruh-aruh | dene ketok panggarape ngati-ati | nadyan nyatane mung suwung | sajake padha andêlok ||

malah ngakune wêruh | malah ana wong sing aruh-aruh | wah patute klambi sing mangkono kuwi | ya mung pangagêman ratu | dudu klambi sabên uwong ||

Dani nalika krungu | banjur nolèh nudingi lan nêpsu | kowe apa dene wani angrasani | tak jlumat tênan lambemu | yèn nganti wani mindho ||

iki kagungan ratu | sapa-sapa sing ngrasani kudu | lan andhodhok apa manèh nyêmbah dhisik | nuli andhodhok wong mau | lan tumuli nyêmbah sedhok ||

Danu nganti ngêcêmut | saka wêruh Dani ngono iku | dene bisa duwe tindak waton muni | tur sakabèhe mung nurut | kêna digawe dhuk dhuk nong ||

Danu takon angguyu | bok ya rada kosuda patrapmu | yèn kabacut bisa uga nêniwasi | awit mungguhing patrapmu | upama kawiyak blandhos ||

Dani mangsuli alus | klêsik-klêsik karo ngêlus-êlus | sumurupa mungguh watake wong kuwi | yèn ana sing kêna cinthung | malah gampang dadi ngradon ||

watak mangkono mau | aku dhewe uwis kêrêp wêruh | bêbasane undhak kalanturing uni | êmung tansah wuwuh-wuwuh | malah nglawèr ora pêdhot ||

upama uwong krungu | ana uwit gêdhang tuntut têlu | sabên uwong sing krungu banjur ngundhaki | kăndha yèn tuntut sapuluh | tur kabèhe padha goroh ||

saka gonku wis atul | wataking wong kang mangkono mau | dadi gampang uwong yèn arêp diwalik | dikapak-kapakke nurut | ing wêdine malah ketok ||

wis ta ayo malêbu | nyobakake agême sang prabu | Dani Danu nuli malêbu diirid | barêng pariksa sang prabu | banjur digawe wong loro ||

apa wis dadi iku | Dani matur: nun dèrèng sênuhun/[4] kaparênga inggih kacobi rumiyin | wise matur Danu [Da...]

--- 944 ---

[...nu] maju | angagêmke alon-alon ||

Dani tumuli matur: | kadospundi kaparênga dhawuh | mupung mangke taksih kenging pun ewahi | sang prabu ngebahke bau | karo jăngga menga-mengo ||

wise tumuli dhawuh | wis kapenak mung hi iki ing gulu/[5] krasa logro kurang kapenak sathithik | Dani matur lan angguyu | lah sampun tamtu kemawon ||

punika jangganipun | kabênikna na na mathuk sampun | karaosna sapunika kadospundi | sang aprabu manthuk-manthuk | lan ngandika: kok iya lo ||

srêg bangêt ana gulu | nganti ora kaya ngagêm ingsun | Dani matur: o tamtu kemawon gusti | awit bangsanipun alus | tiyang gêndhêng botên kraos ||

sang prabu manthuk-manthuk | nuli mênyang uwong loro dhawuh | karo sajak lukar maringke kulambi | ênya rampungna ya sesuk | matur sandika wong loro ||

tumuli padha mundur | ing lakune mung tansah angguyu | tur anggawa ganjaran akèh lan bêcik | ngono wong yèn lagi mumbul | satibane mung anggotong ||

tindak mangkono mau | satêmêne angèl yèn ditiru | ditirua trêkadhang malah niwasi | mung sing anggumunke iku | gone bisa tutug katog ||

tur sabên wong wis wêruh | satêmêne uwong tukang apus | andèkneya uwong akèh padha ering | mung saka diwalik rêmbug | wêdi yèn dikira gênjlong ||

dadi kabacut-bacut | kabèh uwong padha ngaku wêruh | ning upama oraa mangkono kuwi | ing mêsthine iya banjur | ora dadi dongèng elok ||

kocap ing wayah bangun | suwaraning tambur wayah esuk | karo slomprèt wis warata ngêndi-êndi | mêmanise ketok mungguh | yèn sang prabu arêp miyos ||

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun kitha Batawi tiningalan saking gêgana ing wanci dalu.

--- 945 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kopêrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 58)

Petruk: Saiki tak caritani mungguh gêdhening têtanggungane siji-sijining warga. Kanggone pakumpulan potang tumrap para tani, kang agawe wèt mêsthèkake, yèn ta tanggungane mau ora diwatêsi, nanging dibagi-bagi rata. Sêmono kuwi yèn ing sêtatutêne pancèn ora nyêbutake liyane. Mungguh karêpe kang mangkono kuwi, yèn pakumpulan mau nganti olèh kapitunan, aja kok mung ditanggung para warga sing sugih-sugih bae, nanging kapitunane mau kudu dibagi rata saanterone wargane kabèh.

[Grafik]

Garèng: Iya wis mêsthi bae ta Truk, rak iya ora adil, nèk ana bathine mèlu narik, nanging nèk ana tunane moh katarik. Kiyi rak padha bae karo wong-wong sing padha brandhon utawa pun-punan karo bandar sing main triple. Nèk bandare pancèn lagi jaya, wong-wonge sing padha ambrandhon mau, iya bisa mèlu singsot-singsot, nanging kosok-baline, yèn bandare jê ... blog, kănca-kancane pun-punan mau, iya bisa kalakon tombok kathok.

Petruk: Iya mula mangkono. Nanging ing pakumpulan potang, para wargane kadhangkala sok banjur padha wis sarêmbug, supaya kang dadi têtanggungane mau, ora dipadha, nanging undha-usuk miturut pira kênane olèh utang. Pranatan kiyi kudu disêbutake ana ing sêtatutêne.

Garèng: Mêngko sik, Truk, amrih cêthane, aku tak gawe petungan. Dadi yèn aku ora kaliru mungguhing andharanamu kiyi, upamane apa mangkene: saupama pawitane pakumpulan mau f 500.- urunanaku f 25.- lan olèhku kêna utang kiraku iya mung f 25.- dadi sapra rongpuluhe pawitane pakumpulan. Kèri-kèri gluthêg, êmbuh jalaran kapriye, pakumpulane mau dikrikiti tikus, nganti kakurangan dhuwit kurang luwih f 100.-, ing sarèhning kênaku utang mau mung sapra rongpuluhe pawitane, dadi têtanggunganaku anggone kudu nglironi kêkurangane, iya sapra rongpuluhe f 100.- mau, yaiku f 5.-, apa ya ngono, Truk.

Petruk: Wah, Kang Garèng kok mêtu pêng-pêngane, [pêng-pênga...]

--- 946 ---

[...ne,] sajake têka wis tau jumênêng dadi ajung preyalan. Wis, wis, saiki kêpriye mungguhing pakumpulan kopêrasi tumrap kabutuhan sabên dina. Kuwi têtanggungane para wargane diwatêsi, upamane bae ora luwih saka duwèking andhile.

Garèng: Hla, nèk kaya ngono kuwi aku ngarani iya pancèn wis adil têmênan. Awit sabisa-bisa wong ngêdêgake kumpulan kopêrasi kuwi duwe pamrih undhake pamêtune, ora duwe pamrih undhake anggone bêkênêngan karo nyaine.

Petruk: Lo, kok banjur anggawa-gawa nyaine mêngkono.

Garèng: Kuwi mêngkene, Truk, lumrahe wong Jawa kuwi mlarat, nèk arêp mèlu tuku andhil, biasane sathithik-sathithik iya sok nganggo dilakoni nêkêk gulu utawa ngêncêngake sabuke. Wusana nèk nganti pakumpulane kapitunan, sing anjalari ora ngêmungake andhilku kêcowok, nanging malah tombok suwênge nyaine, apa iya ora bisa nuwuhake pêrang gêdhe sajêroning ngomah kiyi. Nanging bab kiyi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa, saiki aku arêp takon, mungguh têtanggungane siji-sijining warga kuwi pira lawase.

Petruk: Ing bab lawase têtanggunganing warga, kang kudu disêbutake ana ing sêtatutên, kuwi mung kèri nurun apa kang wus kacêtha ing pranatan pribumi taun 1927, yaiku: tumrap sabên warga kang mêtu, sajêroning taun pambukonan kang isih dilakoni lad[6] taun pambukonan candhake, têtanggungane isih têrus bae.

Garèng: Mêngko sik, Truk, kowe kok nganggo têmbung: taun pambukonan, kiyi gênahe brêkasakan apa, Truk.

Petruk: Sing diarani taun pambukonan kuwi, yaiku pèngêtan sing nêrangake pungkasaning wêktu ing taun kang lumaku, sing mratelakake karampunganing bab dhuwit olèh-olèhane sajroning wêktu mau. Dene tumindake lumrahe wiwit tanggal 1 Januari tumêkane tanggal 31 Dhesèmbêr.

Garèng: Iya wis, cêtha saikine aku, kajaba sing wis kok caritakake ing ngarêp, apa manèh sing kudu dipacak ana ing sêtatutên.

Petruk: Mlêbu utawa mêtuning warga, kuwi ing sêtatutên kono iya kudu ditêtêpake, mêngkono uga anggone arêp ananjakake dhuwit turahan ing sabên taune. Ing bab pananjaning dhuwit turahan mau, ing pranatan 1927 ana artikêl kang nyêbutake, yèn sathithik-sathithike saprapat saka turahan rêsik, kudu ditanjakake kanggo sadhiyan, kanggo nambêli samăngsa ana kêkurangan.

Garèng: Hla, kiyi aku cocog, lan luwih cocog manèh, upamane sing têlung prapate banjur kanggo nganakake slamêtan, minăngka mèngêti adêging pakumpulan wis ganêp sataun. Ora prêlu nganggo apa-apa, anggêre nganakake tayuban, nyêmbêlèh sapi, ora-orane iya wêdhus ...

Petruk: E, hla kiyi rak arêp ngajak ora omah, sêtun-sêtun sing têlung prapat mau,

--- 947 ---

banjur dicêmplungake nyang pawitane, supaya bisa mèlu dilakokake, jênênge dadi mundhak. Ana kok banjur arêp dianggo ropyan-ropyan. Wis, wis, tak banjurne omongku. Sabanjure banjur ngaturake pranatan ing bab panitipriksaning pakumpulan. Pranatan iki kudu disayogyani dening tuwan adpisur, utawa priyayi liyane, kang dipatah angulat-ulatake pakumpulan kopêrasi. Nanging pranatan paniti priksa kiyi ora kêna dilêbokake ing sêtatutên, ngêmungna disêbutake ana ing layang soroganing layang tăndha adêging pakumpulan. Prêlune supaya sabên-sabên aja tansah kapêksa ngowahi sêtatutêne, yèn arêp nêtêpake wong anyar kang kapatah anitipriksa mau, jalaran kang lawas lèrèn sabab mati, utawa sabab ora kaconggah nindakake panitipriksane.

Garèng: Kandhamu kang wis-wis nganti pirang-pirang dina lawase kiyi aku iya wis ngrêti kabèh, ewadene aku mêksa isih samar, yèn layang panuwunanaku, kang dikanthèni 2 x f 1,50 mau banjur di: apêkir, mêsthine têlung rupiyahku mau, iya banjur: têrbang kêmanah-manah.

Petruk: Wiyah kok banjur ngroncong. Ora, Rèng, amrih aja ambuwang-buwang sègêl, luwih bêcik ngengrengane layang tăndha adêging pakumpulan, apadene pranataning panitipriksa kuwi dicaosake mênyang tuwan apisur[7] dhisik, dene nèk wis dimupakati dening tuwan adpisur, lagi ditulis ana ing sègêl, lan diaturake manèh marang tuwan adpisur, supaya bisane olèh rèhpêrsun pribumi. Kaya-kaya wis cukup anggone padha rêmbugan ing bab kopêrasi, saiki padha dilèrèni, liya dina padha rêmbugan bab liyane manèh.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kawontênanipun tanah parêdèn ing kitha Pordhêkok.

--- 948 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sampun sênggang.

Kawratosakên, ing dintên Rêbo kapêngkêr Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anggènipun gêrah sampun sênggang, ing dintên wau jam sadasa sampun miyos saking griya sakit.

Lulus iksamên ing pamulangan luhur nagari Walandi.

Lulus saking pamulangan luhur pangadilan ing Lèidhên, Radèn Sujana, tuwin lulus angsal sêsêbutan Arts saking pamulangan luhur ing Amsêtêrdham R.S. Adibrata, asli saking Purwakêrta.

Pagêblug malariah.

Kawartosakên, ing wêkdal punika ing bawah ondêr dhistrik Wêdhi tuwin Gantiwarna, Kabupatèn Kalathèn, tuwin bawah ondêr dhistrik Plupuh, Mari, Kabupatèn Sragèn, sami katêmpuh sêsakit malariah, kathah ingkang sami sangêt. Pakaryan kasarasan ananggulangi bab punika, tablèt kênini ingkang kaêdum-êdumakên sampun têlas sayuta. Dr. Kern pangagênging pakaryan kasarasan, tansah dhatêng nitipriksa.

Pasang banon gêdhong kabangsan, ingkang sakawit ing Surabaya.

Ing tanggal 13 wulan punika, banon gêdhong kabangsan, ingkang sakawit ing Surabaya sampun kalampahan kapasang, manggèn ing Bubutan. Ing sadèrèngipun pasang banon, mawi kawontênakên wêdharan sabda, ingkang dipun purwani dening Dr. Sutama, gêgêntosan kalihan sanès-sanèsipun. Wontênipun tiyang ingkang dhatêng ngantos ewon. Wontên lare tiga umur antawisipun 6-8 taun minggah dhatêng podhium, andarmakakên kroncongipun dhatêng pakêmpalan. Pulisi nyêngkakakên supados tumuntên nindakakên prêlunipun, awit rakyat sêlak botên kuwawi.

Pamulangan Pergoeroean Rajat.

Pamulangan P.R. ing Gang Kênari, Batawi, ingkang dipun pangagêngi dening Mr. Nazif tuwin Mononuto, badhe mèngêti adêgipun pamulangan wau sampun sataun. Kawontênanipun têtiyang ingkang sinau kathah. Ing sawatawis wulan kapêngkêr katingal mundur, nanging ing sapunika majêng malih.

Bab bayi-bayi ingkang sami tiwas ing kabudidayan tanah Sumatra.

Atas namaning Vereeniging voor Vrouwenkiesrecht, Nyonyah S. van Overveldt-Biekart, pitakèn dhatêng Ver. Van Rubberplanters ing Sumatra pasisir wetan, tuwin dhatêng Deli Planters Vereeniging, ing bab wontêning bayi tiwas ing ngriku gunggungipun ngantos 9%, punapa ing ngriku kenging dipun dèkèki dhoktêr èstri, supados nênuntun bab pangupakaranipun bayi.

Bab wau dipun wangsuli dening A.V.R.O.S. bilih sapunika dèrèng prêlu ngawontênakên, nanging rêmbag bab wau dipun wigatosakên sangêt ing tiyang kathah.

Tampi gambaran bintang.

Tuwan Tawikrama, bêkêl ing dhusun Likasan, tampi bintang salaka alit saking parentah. Katarimah saking lêlabêtanipun ing nalika wontên bêbaya ing rêdi Telamaya.

Sêtudhèn Jêpan dumugi Indhonesiah.

Kapal Jêpan Batavia Maru sampun dumugi ing Surabaya, dipun tumpaki propesor Jêpan Hayashi Trunekichi kanthi sêtudhèn pamulangan dagang luhur ing Pormosah 12. Dhatêngipun ing ngriki prêlu nyinau prakawis padagangan, ingkang badhe dipun dhatêngi ing Surabaya, Sêmarang, Batawi, Bandhung, Garut, Ngayogya tuwin Surakarta.

Kamajêngan pangajaran ing Palembang.

Kawontênanipun pangajaran ing Palembang katingal saya majêng. Kala tanggal 13 ngawontênakên parêpatan umum, ngrêmbag bab dhêdhasaring pangajaran, saha lajêng prêlu badhe ngaturi Ki Ajar Dewantara, badhe kasuwun panimbang ing bab paguron kabangsan.

Bandera jêne.

Jalaran ing Cirêbon tuwuh sêsakit nular, ing palabuhan amanjêr bandera jêne, kangge nyasmitani baita-baita ingkang labuh ing Cirêbon.

Munduring panggaotan, anjalari kathah tiyang nganggur.

Jalaran kawontênanipun padagangan srutu wêdalan Magêlang sangêt kêndhonipun, wontên ingkang lajêng ngèndêli panggaotanipun babarpisan. Ingkang punika lajêng kathah bêbau tukang nglinting srutu ingkang kêpêksa nganggur. Bilih panggaotan wau kalajêng-lajêng makatên, tamtu adamêl kasusahanipun tiyang kathah.

Griya sakit leprah ing Palembang.

Ing Kundhur, sacêlakipun Palembang, kalampahan sampun ambikak griya sakit leprah kanthi pasamuwan. Dipun jênêngi ing burgêrmistêr Palembang, asistèn residhèn, komêndhan bala kaslamêtan, tuwin dhirêktur griya sakit wau. Panggenan wau dipun sadhiyani panggenan cêkap kangge tiyang 22 jodho (jalêr èstri).

Sêsakit tipês ing Cirêbon.

Bab wontênipun sêsakit tipês ing Cirêbon, mirid pratelanipun Dr. De Bruyn Kops botên jalaran saking toya lèidhêng, [lè...]

--- 949 ---

[...idhêng,] lan ugi botên saking ès utawi limunadhê, awit sadaya wau sampun sami dipun pariksa ing para ahli. Manawi kakintên saking lalêr, ugi botên, amargi ing wêkdal punika botên wontên lalêr. Dene mênggahing pangintên tuwuh saking têtêdhan ing margi-margi utawi saking balêdug.

Nglajêngakên dhatêng pamulangan militèr luhur ing nagari Walandi.

Kala dintên Rêbo kapêngkêr wontên para neneman 13 ingkang sami nglajêngakên dhatêng Koninklijke Militaire Academie ing Breda. Kajawi băngsa Walandi, wontên băngsa Tionghwa nama Tuwan Tjie Kim Tjoan asli saking Surakarta, tuwin băngsa Ambon satunggal, nama Tuwan W.P.A. Nanlohy. Tumrap băngsa jawi botên wontên.

Karisakan jalaran hawa asrêp.

Kala malêm Minggu ingkang kapêngkêr, hawanipun ing tanah Priyangan asrêp sangêt, toya-toya ingkang ngêmbêng ngantos dados kênthêl, saya tumrap kabudidayan sanginggilipun Pêngalengan. Ing kabudidayan Talun wontên kêbon 72 hèktarê, sami karisakan, jalaran saking asrêp.

Neutrale H.I.S. Siladêrma ing Klungkung.

Ing Bali ugi saya majêng, kala tanggal 10 wulan punika ing Klungkung sampun kalampahan ambikak H.I.S. netral, ingkang dipun namakakên: Siladêrma. Băngsa Walandi ingkang anjênêngi wontên 40 kalêbêt tuwan residhèn, Tuwan Beeumkes mêdhar sabda: anglairakên suka sukuring panggalih ing bab kamajêngan punika.

Asiah.

Tumindaking pêpêrangan ing Tiongkok.

Syanghai 15 Juli (K.P.). Ing Lunghairilwe wadya mêngsah campuh ambêg pêjah kalihan wadya parentah. Ciang Kai Sèk piyambak anindhihi wontên ing Liu Ho. Nanging wadya parentah ing Wèisin manggih karisakan.

Sir Baden Powell badhe ngajawi.

Wontên pawartos, panuntun pad pindêrbon tampi sêrat saking Sir Baden Powell sêsêpuhing padpindêr sadonya, mratèkakên[8] anggènipun kapengin badhe dhatêng tanah Jawi, tuwin badhe nyatakakên piyambak ing bab kamajênganipun padpindêr ing ngriki. Kajawi punika Sir Baden Powell ngintuni ulêm-ulêman, supados padpindêr bon ing Indhonesiah andhanganana kintunan wêwakilipun dhatêng Jamboree benjing 1933. Kalih bab wau sapunika sawêg dipun timbang dening up bêstir.

Ajênging wadya parentah dhatêng Cinan.

Syanghai 16 Juli (Aneta-Nipa). Kawartosakên gumathok, bilih wadya parentah ing ngajêng, ingkang kapetang wadyanipun, Han Puci, sampun majêng Urukiyaoco Cinan Rilwe, kintên-kintên ngantos wontên 10 mil sawetan Cinan, susulan wadya tansah lumintu, prêlu kangge sadhiyan ngrêbat wangsulipun Cinan. Gêgayutanipun kalihan bab punika, wadya parentah ing Tinsin Puko Rilwe ugi majêng, saha lampahipun sampun dumugi antawis 30 mil saking Cinan kidul.

Ungguling wadya parentah ing Santung, atêgês ungguling paprangan ing Honan lèr wetan, wadya wau dipun tindhihi dening Syang Kai Sèk piyambak, nanging ngrika-ngriki ugi sami karisakan agêng.

Tindaking parentah kalihan golongan lèr.

Syanghai 16 Juli (K.P.). Syang Kai Sèk andhawuhakên waradin dhatêng têtiyang ing paprangan, ing bab anggènipun ngalêmpakakên wadya saking Upèh, Hunan, Kiyangsu, Kiyangsi tuwin Kuwantung. Badhe ngalêmpak ing salêbêtipun 20 dintên. Manawi sampun kalampahan ngalêmpak, badhe nêmpuh sêsarêngan.

Ing bab punika, Syang Kai Sèk dhawuh, supados ing salêbêtipun wulan punika wadya-wadya ing propènsi anataa pajagèn kemawon ingkang ngatos-atos tuwin kiyat.

Ura-uru bab agami.

Bombai 16 Juli (Aneta-Nipa). Ura-uru agami ing Mymen Singh pinanggih wontên tiyang Indhu 15 dipun pêjahi dening tiyang Islam, lan têtiyang wau ugi nyêpêngi têtiyang èstri. Pulisi sampun ngoyak-oyak ingkang dados pangajêng tuwin sampun sagêd nyêpêng tiyang 53.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1312 ing Karangtalun, f 3 sampun kula tampi. Wontên langkungipun f 0.50 tumrap taun punika.

Lêngganan nomêr 1293 ing Nganjuk. Mila inggih makatên.

Agèn nomêr 3182 ing Kêbumèn, Tuwan M. Maseh K. 1745 lakar sampun dipun sêtop, awit nunggak bayaran tumrap wulan Mèi salajêngipun.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para priyantun lêngganan enggal, sintên ingkang botên nampi Kajawèn nomêr 54-55 saha 56- anggènipun lêngganan sami kapetang wiwit tanggal 1 Ogustus 1930.

--- 950 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang Wajib Kantun

11.

Jongos: O, bab makatên punika bandara, panjênêngan kêdah ngèngêti bilih pangabdi kula dhatêng panjênêngan sampun dangu, kenging dipun wastani wiwit sangkaning sinyo ngantos dumugi dados tuwan, tamtunipun kula sampun kulina sangêt dhatêng panggalihan panjênêngan, malah kenging dipun wastani sumêrêp kalebat kajênging pasêmon.

Tuwan Harwey: Wis, wis, kowe anggêr tak jak kandhan banjur nglawèr ora ana pêdhot-pêdhote. Aku tak kăndha rungokna. Anane aku katon susah, kuwi pancèn iya têmênan. Dene jalarane, ora liya iya mung saka anggonku grêjêgan karo Tuwan Johnson.

Jongos: Lo, punapanipun. Ing bab grêjêg rak nama sampun rampung, la, lajêng badhe ngraosakên punapanipun malih, awit mênggah caraning kasukan, panjênêngan sampun ngasut.

Harwey: Bênêr jongos, nanging kowe sumurupa, unggulku mau, mungguh saka panêmuku mung saka tindak paekan bae, dadi upamane jago ora jênêng tarung têmênan. Dene tindak paekan mau, ora disumurupi ing Tuwan Johnson babarpisan.

Jongos: pundi ingkang dipun wastani paekan.

Harwey: Mangkene, jongos. Sakawit atiku iya samar têmênan nalika sumurup ula kang mèlèt-mèlèt. Nanging barêng kokandhani, yèn ulane ora mandi, atiku banjur têtêg bae. Kuwi apa ora aran paekan, utawa ora aran tindak cidra.

Jongos: Adhuh, bandaraku sing lêngkung-lêngkung, tak aranana busuk, nyatane langkung, tak aranana ngrêtos, têmêne durung, hêm, yèn tak rasakna nganti bingung. Ha ha hak. Ngantos gumujêng kula.

Tuwan Harwey nyêntak: Mênêng, têka banjur galur.

Jongos: Sarèh, bandara sarèh. O, tujunipun panjênêngan botên mangrêtos yêktos, têrangipun panjênêngan punika rak kula apusi. O, bandara, sawêr kala anu punika sawêr mandi sangêt, paribasanipun tiyang kenging dipun ambus kemawon tamtu pêjah ngênggèn. Wontênipun kala samantên kula matur botên mandi, namung supados panggalih panjênêngan têtêg. Dene ingkang nyata mangrêtos, bilih sawêr wau mandi Tuwan Johnson, mila lajêng gundam-gundam.

Tuwan Harwey sarêng mirêng cariyosipun jongos ingkang makatên wau lajêng ngrangkul tuwin wicantên: O, tujune ana kowe, jongos. Dadi kowe kuwi kêna tak arani wong kang sêtya mênyang bandara têmênan, lan nyata yèn kowe iku wong kang ngrewang-ngrewangi santosane adêging kabudidayanku. Bangêt panarimaku, jongos. Wis, saiki atiku wis marêm.

Jongos: Mila panjênêngan kêdah ngèngêti suraosing wulangipun tiyang sêpuh, ingkang ungêlipun makatên:

Samubarang kang katon kuwe, mêsthi ana ala bêcike, nanging mungguh bênêr-bênêre, kabèh kudu dinyatakake.

Sumurupa sabarang laku, bênêr luput wong kudu ngaku, awit nadyan rêmpit tindakmu, tansah krasa ing batin ngaku.

Kaanan kang gumêlar donya, kabèh cêtha kalawan nyata, yèn ta nganti kaentha-entha, panganggêpmu kang nyata onya.

Tinêmune rina lan wêngi, sabên uwong tansah ngênggoni, dene bungah susahing ati, sabên uwong ya anduwèni.

Yèn kalane nêmoni susah, bab rasaning bungah kêpisah, adhakane mung tansah ngêsah, ing lair lan batine bubrah.

Mung yèn bungah adhakan lali, bab susahe ana ing ngêndi, uwong lumuh yèn anggolèki, mula gampang nêmu bilai.

Sampun cêkap yèn kula ngidung, kenging kangge ngimur kêduwung, nama namung tarimah lowung, dongèngipun ing mangke rampung.

Tuwan Harwey mirêng anggènipun rêngêng-rêngêng jongos makatên wau, kêtingal bingah ing manah. Ing wusana wiwit punika panggaotanipun Tuwan Harwey lajêng saya mumbul, ing salajêngipun kasêmbadan, dados milionèr yêktos. Tamat.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


lajêng. (kembali)
pajatosan. (kembali)
langkung. (kembali)
sinuhun. (kembali)
Lebih satu suku kata: wis kapenak mung iki ing gulu. (kembali)
lan. (kembali)
adpisur. (kembali)
mratelakakên. (kembali)