Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-30, #547

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-30, #547. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07-30, #547. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 61, 3 Mulud Taun Jimawal 1861, 30 Juli 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Dhawuh Pangandika Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, Marang Sakèhing Wong kang padha Dêdunung ing Indhia Nèdêrlan

Aparing wêruh:

Ing sasi Sèptèmbêr lan Oktobêr taun iki, sakabèhing wong kang dêdunung ing saindênging Indhia Nèdêrlan bakal dicacahake.

Nacahake jiwa mangkono iku bisa anjalari olèh katêrangan warna-warna, kang prêlu bangêt kanggo nyumurupi kaanane nagara lan uwong-uwonge.

Ing ngêndi-êndi bakal ana juru etung kang nacahake jiwaning wong urut omah lan nyathêti wangsulane uwong-uwong ing bab warna-warna miturut pitakonan-pitakonan kang wis katamtokake.

Anggone tata-tata arêp nacahake jiwaning wong iku wis suwe.

Supaya petungan cacah jiwa iku bisa sampurna, anggone mragati akèh bangêt lan kang nindakake pagaweane wong ewon-ewon.

Saiki anggone tata-tata wis rampung, ananging sakèhing wragad lan kangelan bakal muspra tanpa guna, yèn ora anggêr uwong padha sarju mangsuli ing sagadug-gaduge lan tanpa ewuh-pakewuh utawa kanthi prasaja marang sakabèhing pitakone juru etung.

Mulane kangjêng pamarentah kagungan pamundhut, supaya sakabèhing wong kang padha dêdunung ing Indhia Nèdêrlan ambiyantua ing sabisa-bisa murih sampurnane petungan cacah jiwa mau, kang tujune ora ana liya kajaba mung karaharjan umum ing sabênêr-bênêre.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Ing Indhia Nèdêrlan.

DE GRAEFF.

Wèltêprèdhên, 29 Juli 1930.

--- [967] ---

Ăngka 61, 3 Mulud Taun Jimawal 1861, 30 Juli 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing gêgana

[Grafik]

Ing nginggil punika rêdi Cikurai ing sisih kidulipun kitha Garut, dipun tingali saking gêgana.

--- 968 ---

Bab Ringgit

Radèn Jakapuring

Radèn Jakapuring punika kaprênah kadangipun Prabu Sri Maha Punggung ing Purwacarita inggih Sri Maharaja Kano. Saha sarêng jumênêngipun nata, Radèn Jakapuring kadadosakên patih.

[Grafik]

Patih Jakapuring

Patih Jakapuring sakalangkung sakti, kenging dipun wastani wawrating nagari Purwacarita inggih wontên Patih Jakapuring punika. Makatên ugi Patih Jakapuring anggalih sangêt dhatêng lampahing têtanèn, mila nalika nagari Purwacarita katêdhakan jawata amaringakên wiji, tumindaking maradinakên sawarnining wiji, inggih dipun sarirani Radèn Jakapuring piyambak. Makatên ugi nalika sawarnining têtanêman dipun têmpuh ing ama, Radèn Jakapuring botên kêndhat tansah angudi murih sirnanipun, kalampahan ngantos pados sraya, tuwin nyarirani piyambak pêpêrangan kalihan ama, wêkasan unggul ing pêrang, têtanêmanipun sagêd lulus sadaya.

Nalika ingkang raka, Sri Maharaja Kano ambêg angkara murka, mêmêjahi para danawa ingkang tanpa dosa, Patih Jakapuring tansah mambêngi, nanging botên dipun gêga ing raka, wêkasan sang prabu muksa, jalaran katêmpuh ing bêna agêng wêwêlakipun para tapa.

Samuksanipun Sri Maharaja Kano, Patih Jakapuring lajêng dhatêng praja awarta dhatêng putranipun mantu Sri Maharaja Kano, nama Radèn Turunan. Nanging Patih Jakapuring malah dipun uman-uman, dene botên lingsêm wangsul gêsang, măngka ingkang dipun dhèrèkakên dalah sawadyabala sami sirna tumpês. Manawi makatên Patih Jakapuring punika botên gadhah antêp dhatêng ratu. Radèn Jakapuring amangsuli, bilih pêjah gêsang punika atas saking karsaning dewa. Nanging wangsulan kados makatên punika botên pisan-pisan andadosakên pamarêm, Radèn Turunan malah saya sangêt panguman-umanipun.

Wantunipun Radèn Jakapuring sêpuh, sanadyan sayêktosipun lingsêm sangêt dipun uman-uman ing putra, nanging lumuh angladosi, mila milalu atilar [ati...]

--- 969 ---

[...lar] praja, lampahipun mangilèn. Dene sapêngkêripun Radèn Jakapuring, Radèn Turunan lajêng sumilih kapraboning rama marasêpuh ing Purwacarita, jêjuluk Prabu Kandhihawa.

Sakesahipun Radèn Jakapuring saking Purwacarita lajêng ngirup-irup tiyang ing bang kilèn, wusana lajêng jumênêng nata wontên ing Gilingaya, ajêjuluk Prabu Hèryanarudra.

Kacariyos Prabu Hèryanarudra sarêng sampun jumênêng nata wau, ing galih tuwuh nêdya malês sêrik dhatêng putra, inggih punika Prabu Kandhihawa, lajêng nglurug dhatêng Purwacarita.

Sadumuginipun ing Purwacarita lajêng damêl pêpucuk pêrang, wêkasan dados pêrang rame, dangu-dangu lajêng pêrang sami nata. Ing ngriku Prabu Kandhihawa botên kasamaran bilih mêngsahipun ingkang paman piyambak, nanging botên pisan-pisan ulap, ing panggalih malah saya muntab, awit saya katêtangi èngêtipun dhatêng rama suwargi. Nanging Prabu Kandhihawa pêrangipun tansah kasoran, wusana kasambut ing pêrang lajêng muksa. Samuksanipun Prabu Kandhihawa, Prabu Hèryanarudra lajêng jumênêng nata binathara

Prabu Hèryanarudra tansah anglajêngakên anggènipun ngudi ajênging têtanèn. Malah manawi mirit cariyosan Jawi, Prabu Hèryanarudra punika ingkang miwiti wontênipun tiyang andèrès arèn, mula bukanipun makatên:

Nuju satunggiling dintên, Prabu Hèryanarudra kêdah ambêbêdhag dhatêng wana, ing ngriku kathah pêksi, nanging sami ampingan wit arèn, sang prabu lajêng dhêdhawuh angrampasi sawarnining wit arèn, awit tansah dados pandhêlikaning pêksi. Kalampahan wit arèn sami dipun paprasi, wusana paprasan ingkang ngèngingi danguning arèn katingal mêdal toyanipun, saha karaosakên araos lêgi.

Sang prabu lajêng dhawuh andèrès saha kadhawuhan andamêl gêndhis. Dhawuh wau kalampahan dipun èstokakên ing para kawulanipun tani sadaya.

Lêrês lan botêning cariyosan wau namung kasumanggakakên, nanging mênggahing nalar ingkang kenging kaencokakên, nata punika ugi prêlu anggalih dumugi kabêtahaning para kawula tani.

Ing wusana sang prabu botên lulus jumênêng nata, prajanipun kambah ing pagêring agêng, tiyang sakit enjing sontên pêjah, sakit sontên enjing pêjah. Sang prabu ugi kataman gêrah, wêkasan muksa.

Jagading Wanita

Pangolahipun Katès Mêntah

Mênggah katès ingkang taksih mêntah punika, para maos kados botên kêkilapan bilih mawi tlutuh ingkang anggatêli kulit, sampun tamtu kemawon bilih katêdha araos pait. Ananging mênggahing katès mêntah, sanajan mawi tlutuh ingkang anggatêli, yèn dipun olah sarana dipun bumboni sawatawis, dados têtêdhan ingkang eca. Malah ecaning raos kados dhenga piliha kalihan katès ingkang [ing...]

--- 970 ---

[...kang] sampun matêng, nanging pandugi kula taksih eca katès mêntah ingkang kaolah tinimbang kalihan katès matêng. Tur tumrap katès ingkang kaolah wau, kenging karimat ragi dangu, punapa malih botên badhe nguciwani bilih kawadhahan ing lodhong kangge sêgah tamu, minăngka nyamikan. Tur mênggahing wujud pèni amenginakên, adamêl kumêcêr. Dene rekanipun makatên:

Ngupadosa katès ingkang andungkap sêpuh, dipun oncèki rêsik lan dipun kumbah, nuntên dipun iris-iris, agêngipun watawis sadriji, yèn sampun, dipun kumbah malih ing pangaron, pangumbahipun kakopyok, nuntên kagirah, têrus kawadhahan ing cêthing utawi sanèsipun, supados ragi atus.

Sampun, samangke cêthika latu ing pawon, lan ngêngkrongakên kuwali kangge anggodhog gêndhis, toyanipun kakintên-kintên, dene gêndhisipun kaladukana kathah kemawon. Yèn sampun katèsipun dipun pêndhêt, kacêmplungakên ing kwali, blung, têrus kaoboran ngantos toyanipun asat.

Ing sadangunipun katès kagodhog, sadhiyaa tampah utawi wadhah sanèsipun, katatanan mêrang awradin. Yèn toya godhoganing katès wau sampun asat, kuwalinipun kaêntas, katèsipun dipun pêndhêti, katata ing mêrang wau, têrus kaêpe sagaringipun. Lah yèn sampun garing sampun eca katêdha, lan kenging kasimpên ing lodhong. Punika nama: sale katès.

Ngupadosa katès malih kados ing ngajêng, kaoncekan lan kakumbah, nuntên kapasah. Yèn sampun rampung kakumbah malih kakopyok kados ing ngajêng, têrus dipun dang samatêngipun. Yèn sampun matêng, kaêpe ngantos garing.

Yèn katès sampun garing, cêthik latu ing pawon utawi ing kêrên, kangge anggodhog gêndhis ing wajan. Yèn gêndhis sampun kumrambut, katès ingkang sampun garing wau kacêmpungakên, kaudhak. Bilih sakintên sampun matêng, kaêntas, kapêndhêtan mawi sendhok, katata watawis ngalih sendhok, kadèkèk ing wadhah ingkang wiyar kalambaran krêtas. Panatanipun ragi rikat kemawon, awit yèn botên makatên sok kêpyar. Lan yèn sakintên têksih jêmèk kaêpe, supados asat. Inggih punika ingkang kawastanan: kêmbang gula katès.

Tumrap kêmbang gula katès, yèn pandamêlipun namung katès balaka, kirang raosipun, pramila prayogi dipun wori kalapa. Mangke yèn pandamêlipun makatên, tiyang ingkang botên titèn ngintên yèn kêmbang gula kalapa.

Sampun, namung samantên kasagêdan kula. Inggih lowung-lowung kangge wêwahing kawruh sakêdhik-sakêdhik, jêr punika wau pandamêlipun inggih botên angèl, tur kenging kangge pacitan ngunjuk wedang ing wanci sontên, utawi kangge cêpênganipun lare-lare alit, tinimbang tumbas.

Rara Sarbyasih. Bogêm - Goranggarèng

--- 971 ---

Wawasan Nagari Mănca

Wawasan ing Donya

Manawi dipun manah-manah, lêlampahan ing donya punika kados ajak-ajakan, punika sagêd katitik saking wontênipun pawartos ing sêrat-sêrat kabar, kados ta pawartos ing bab tiyang nyalingkuhakên arta, punika sabên wontên, inggih lajêng nalitik wontên panunggilanipun malih. Saupami bab kados makatên punika dipun wastani ajak-ajakan, nama mokal sangêt, awit tuwuhipun wontên ing nagari ingkang antawisipun têbih-têbih. Nanging mênggahing gagasan, sababipun botên sanès, namung jalaran saking nuju kêslêpêk ambêtahakên arta.

Mênggah ing bab bêna, sabên tuwuh inggih jalaran saking nuju măngsa rêndhêng, punika botên anèh.

Wontên ingkang ragi anèh, punika manawi nuju măngsa griya kabêsmèn, punika têka inggih lajêng kados ajak-ajakan, ing nagari pundi-pundi inggih lajêng wontên. Nanging mênggahing gampilanipun, kenging dipun wastani jalaran nuju măngsa bêntèr.

Sapunika lajêng anggagas dumugi bêntèring manah, manawi tumrap manahipun tiyang satunggal, tuwuhipun lajêng dados pasulayan, dene manawi tuwuh saking manahipun tiyang kathah utawi băngsa, lajêng dados pêpêrangan.

Bab makatên punika para maos sagêd nitik dhatêng kawontênaning pawartos ngamănca. Kados ta tumrap ing Tiongkok, kenging dipun wastani latuning manahipun têtiyang ing ngriku sawêg sami murub, satêmah nuwuhakên pêpêrangan ingkang ngrika-ngriki botên wontên kèndêlipun, satunggal-satunggaling golongan tansah gêntos asor gêntos unggul, botên wontên sampun-sampunipun. Saking danguning pêpêrangan, pawartos ing bab kados makatên punika lajêng dipun anggêp limbah.

Anyarêngi măngsa punika, ing tanah Indhia Inggris inggih wontên latuning manah ingkang tuwuh, inggih punika ingkang mosik wontên ing panggalihanipun Sang Mahatma Gandi, ingkang lajêng marèmèn dhatêng golonganipun, inggih lajêng sampun kalimrah kasumêrêpan ing pundi-pundi.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, tuwuhipun lêlampahan ing donya punika kados ajak-ajakan. Dilalah ugi ing laladan Indhia Inggris lajêng wontên pasulayan tuwuh malih, jalaran saking bab agami. Sanadyan bab punika dèrèng sapintêna manawi dipun timbang kalihan pêpêrangan, nanging ugi sampun nama nyarêngi kalamangsanipun.

Sapunika gêntos angraosi ing bab kabatosanipun Prancis kalihan Itali, mênggahing cêplosipun dèrèng katingal, nanging sêsungutipun sampun wontên, inggih punika ing bab anggèning parentah Prancis anyantosani pabarisan ing watês nagarinipun kalihan nagari Itali. Sanadyan bab punika namung dumunung jagi-jagi, nanging mênggahing wosipun inggih nama kaprayitnan, ingkang lèrègipun [lè...]

--- 972 ---

[...règipun] badhe dhatêng pasulayan.

Bab ingkang gêgayutan kalihan nagari Prancis inggih lajêng wontên malih, inggih punika ingkang tuwuh ing Maroko. Manawi bab punika kados inggih sampun mèmpêr kemawon, awit saupami latu, tumrapipun Maroko kados latu pêjah ingkang ngurêng ing nglêbêt, dados bêntèripun inggih taksih kemawon, awit ing batos, malah inggih lairipun pisan, pancèn mêmêngsahan.

Punapa lêlampahan ing donya punika nyata manawi tumular, punika tiyang botên sagêd mastani, nanging nyatanipun kêtingal, tandhanipun inggih kados ingkang sampun kacariyos wau. Malah botên namung samantên kemawon, sambêtipun taksih malih, inggih punika ing Mêsir, ing sapunika wontên rêrêsah, ingkang tuwuh saking pambalelanipun kaum Riffraff. Bab punika parentah Inggris sampun ngintuni kapal pêrang kalih kangge anjagi tata têntrêm. Tumraping kitha alit-alit sampun nindakakên undhang paprangan, ngawisi tiyang lumampah ing sasampunipun jam 8 dalu.

Makatên ugi tumrap jajahan Walandi sisih kilèn, sanadyan rêrêsah botên wontên nanging wontên pangancam, parentahing Curacao sampun ngantos ngalang-alangi tumindaking Revolutie-Partij.

Kawontênan-kawontênan sadaya wau, têtêp bilih ing donya punika panggenan rame tuwin isi lêlampahan warni-warni. Dene bab wontêning paprangan sapanunggilanipun, tumrapipun ingkang botên gêgayutan, cêkap amirêngakên, tuwin mèngêti, kadospundi ing kawusananipun.

Sawung bal-balan

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun para sawung bal-balan Loh Hwa, nalika dhatêng ing Tanjungpriuk, badhe nglurug wontên ing tanah Jawi. Ing sapunika sampun wiwit tarung.

--- 973 ---

Panglipur Manah

Adining Sawangan

[Dhandhanggula]

dahat asri rêrêngganing bumi | yèn sinawang datanpa kuciwa | anglam-lami mêmanise | têbaning langit biru | rinêngga ing mega kang putih | pindha gubahing wiyat | sumamar ngalangut | winiyaking diwangkara | kang umimba jumênêng nataning ari | umiyos siniwaka ||

[Grafik]

tuhu dahat dènnya misesani | miwah adil dènira mranata | kanthi pangawase gêdhe | wênang nêbar rahayu | kang kawawa antuk pakolih | dene kang tan kawawa | têmah anglih alum | parandene jatinira | tumanduking daya mung mêmurih bêcik | tan pisan wèh rubeda ||

yèn winêdhar jatining hyang rawi | dènnya ajêg umandum pêpadhang | mrih ngayêmi sakabèhe | kadi kang gunung-gunung | kang apindha pagêring bumi | anggung kataman surya | murih aking têrus | dene akinging kang kisma | ing satêmah mawèh aking sanggyèng wiji | kang apindha diwasa ||

mung tan tega hyang pratănggapati | nulya krodha mudhar pangawasa | anandukakên dayane | ngirup sanggyaning ranu | têmah tungtum sinranging angin | nguwap kombul ngawiyat | ngalêmpak ngêndhanu | ing sawusing masakala | kalêmpaking kang tirta dinuwa bali | sumawur bumintara ||

wusing rata kang tirta nêlêsi | wiji-wiji wêwijanganira | têmah tuwuh dhewe-dhewe | rumambat kang sêsulur | kang kêkaywan dadakan sêmi | sinusul sêkar anjrah | nêbar gănda arum | puwara kang desa-desa | kang wus ngarang kawuryan kalangkung asri | tan kêni winancenan ||

tiris-tiris kang tarap ing têpi | myang ing têngah kang katon sumêla | cêtha angalela dhewe | kêkayon ingkang agung | ayomira katon ngayêmi | dadya wayangan desa |

--- 974 ---

lir pathoking dhusun | kêni minăngka têngêran | sangkaning doh têngêrira wus ngarani | prênahirèng padesan ||

raharjaning padesan sayêkti | wus katitik lumahing plêmahan | warata kalaban ing we | kalèn narajang dhusun | wutahira anjog mring sabin | nulya pinara-para | kongsi wrata kêmput | para juru ulah kisma | dahat suka dènira angulah siti | aran tanpa kuciwa ||

kalanira nêru ulah siti | datan darbe rasa kasayahan | nadyan ithu esuk sore | mung laras kanthi sarju | sêsêndhonan lan kêbo sapi | yayah rasa bêbrayan | pakulinan rukun | dene wusing paripurna | satêbaning sabin wus katanjan wiji | mung kari muji ngrêksa ||

wusing nglilir trubus punang wiji | tumanduking warna nèng sawangan | ngênani mawèh sêngsême | ijo ariyu-riyu | lir gumlaring kang pramêdani | wusing sarwa diwasa | wulènira tuwuh | araras awoh kancana | angayêmi sanggyèng janma kang umèksi | nadyan tan darbe trima ||

dene para ingkang ulah siti | lamun nyata sambada ing karya | dinohan sambekalane | ciptanira tinêmu | antuk bagya liruning sakit | pirabara katêkan | ing sasêdya tutug | awit wus dangu rêkasa | wus sêdhênge antuk pamarêm linuwih | pêparinging Pangeran ||

sukurira maring Hyang tan lamis | tumrap para narakarya desa | wus tumindak salamine | kalaning parimantuk | tumpêng panggang anggung anggili | tanapi brêsih desa | samya guyup sayuk | arampak iyêg sadaya | kang sanyata dadya pamuji sajati | lulus tanpa sangsaya ||

wêdharing kang wêwarah mung amrih | amêmèngêt barkah ingkang kisma | yèn kanthi winruhan gawe | dene nyataning wujud | kang ingaran bumi rêspati | kadi suwarnanira | kang nèng gambar luhur | yèku adining sawangan | parêdèn Yang dhusun aran Tamansari | laladan Băndawasa ||

Bab Kasarasan

Anak Bêbranahan

Tiyang gadhah anak punika limrahipun dipun wastani manggih kanugrahan. Nanging saupami tiyang gadhah anak kathah punapa inggih nama kanugrahan.

Ukara ingkang adhapur pitakenan ing nginggil punika, mênggah gampiling wangsulanipun: tiyang gadhah anak kathah punika pancèn inggih nama satunggiling kanugrahan, nanging kêdah dipun jangkêpi katrangan malih: kêdah ingkang saras-saras, rahayu ing budi, pintêr. Wêwahan tigang prakawis punika kemawon, sampun kenging kangge nêtêpakên kanugrahanipun tiyang gadhah anak kathah.

Sanadyan sampun kêdunungan tigang bab wau, ugi mêksa taksih kuciwa, dene jangkêpipun yêktos, kêdah dipun tumpangi: tiyang sêpuhipun sagêd maragadi. Dados jangkêpipun wontên kawan prakawis.

Sintêna kemawon manawi nyumêrêpi tiyang gadhah anak ingkang kêdunungan bab kawan prakawis wau tamtu

--- 975 ---

kapengin. Nanging kosokwangsulipun, sanadyan namung satunggal manawi nyêbal kalihan pêpathokan wau, upaminipun murang sarak, punika tamtu botên dipun pengini ing tiyang.

Bab kawontênan ingkang kados makatên wau ing ngriki botên prêlu kacariyosakên, awit sintêna kemawon inggih sampun mangrêtos tuwin sampun nyumêrêpi. Dene kajêngipun karangan punika namung badhe ngandharakên, punapa sababipun dene tiyang punika wontên ingkang gadhah anak, sugih anak, utawi wontên ingkang botên gadhah anak babarpisan.

[Grafik]

Ing ngriki nyêlani sakêdhik, mujudakên gambaripun tiyang ingkang gadhah anak sêmpulur, tur sêmpuluripun wau ugi anèh. Inggih punika gambaripun tuwan tuwin Nyonyah Kessler ing Amerikah, ing salêbêtipun jodhoan kalih wêlas taun gadhah anak kaping gangsal, manawi kapetang racak-racakipun sabên kalih taun langkung gadhah anak, nanging anèhipun sabên mêdal: kêmbar, dados gadhah anak kaping gangsal gunggungipun wontên lare sadasa.

Mirid cêcariyosan, anak punika pêparinging Pangeran, tiyang botên kuwaos punapa-punapa. Ujar makatên punika inggih sampun lêrês, nanging punapaa têka Pangeran anggènipun pêparing mawi pilih sih. Bab panguwaosing Pangeran ingkang kados makatên punika botên prêlu karêmbag malih, aluwung anggagasa babipun ingkang gampil, tuwin dumugi dipun gayuh kemawon. Dene tumraping panggagas, kados-kados sababipun tiyang gadhah anak utawi botên punika, saking saras utawi botên.

Mênggahing kasarasan, tumrapipun ing jaman sapunika, ingkang sagêd mastani namung para ahli, inggih punika dhoktêr.

Tiyang sadèrèngipun sumêrêp dhatêng saras tuwin botênipun tumrap badanipun piyambak, trêkadhang ugi sampun sagêd anggagapi sabab-sababipun (saupami botên saras) ingkang tuwuh saking lêlampahan ingkang dipun jarag piyambak, saya tumrap para neneman, tamtu taksih kèngêtan gawang-gawangan dhatêng lêlampahanipun ingkang andadosakên kirang sarasing badan. Kajawi manawi sêsakit wau [wa...]

--- 976 ---

[...u] pancèn bêktan saking wiji turunan, punika kêdah namung dipun pariksa ing tiyang ahli. Mila sabab-sabab wau anjalari ewahing kasarasanipun, lan lajêng anjalari botên gadhah anak. Ewadene murih andadosakên pamarêming manah, prayogi anggadhahi pangangkêp[1] kemawon, bilih anak punika pêparinging Allah.

Nanging bilih sampun mantêp yêktos pangandêlipun, ugi kêdah angèngêti, bilih tiyang sanès botên sagêd damêl punapa-punapa, dados bangsaning isarat puja mantra, inggih kêdah dipun singkiri.

Dene manawi kêpêksa badhea budidaya, kenging animbangakên: dhoktêr lan dhukun, punika mênggahing kasarasan, titi tuwin pintêr ingkang pundi.

Samantên mênggah pinanggihing wawasan bab tiyang gadhah anak ingkang dumalundung bêbranahan, bakunipun saking kasarasan.

Miyos saking griya sakit

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, nalika kondur miyos saking griya sakit militèr ing Wèltêprèdhên. Kados ingkang sampun kacariyosakên wontên ing Kajawèn. Gambar dalêm ingkang lênggah ing oto, dene griya agêng, punika gambaring griya sakit militèr.

--- 977 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Imigrasi

Piridan saking sêsorahipun Radèn Adipati Arya Tirtakusuma, Bupati Karanganyar, tuwin saking sanès-sanèsipun.

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 60)

Garèng: Ambanjurake rêmbuge bab imigrasi, kowe durung mangsuli pitakonku, Truk, yaiku: apa iya têmênan, yèn tanah Jawa kuwi wis kakehan uwonge, lan apa pancèn prêlu bangêt ing kene dianakake imigrasi.

[Grafik]

Petruk: Mungguh pitakonmu kiyi sanyatane ora gampang wangsulane, awit siji-sijining paresidhenan ing tanah Jawa kiyi ora padha jêmbar lan ciyuting papane, mêngkono uga cacahing jiwane uga ora padha, kaanane lêmahe iya ora padha manèh.

Garèng: Cacahe wong bagus, wong ayu, wong grumpung, wong pèsèk, iya ora padha. Hla kok anèh kowe kuwi, Truk, Truk, ya wis mêsthi bae ta nèk ora padha, aja manèh siji lan sijining paresidhenan bisaa padha, lagi brêkat bae mêksa iya ora bisa padha, ana sing olèh cakar, ana sing kumanan têlampikan, mung kaume dhewe sing sok olèh gêndhing utawa dhadha mênthoke.

Petruk: Hara, kok banjur nylingkêr mrono parane, anggonku ngandhakake ing ngarêp mau, prêlune supaya kowe bisa anduwèni wawasan mungguh kaanane jiwa ing tanah Jawa kene, anggone banjur dianggêp prêlu yèn kudu dianakake imigrasi. Ya kuwi mangkene: mungguh paresidhenan-paresidhenan ing tanah Jawa kene kiyi, lêmahe ana sing loh bangêt, jalaran ing măngsa rêndhêng utawa ing măngsa kêtiga tansah sugih banyu. Kajaba iku lêmahe ana sing bêcik, nanging iya ana sing cêngkar. Jalaran saka iku rak mêsthi bae ta, yèn banjur ana paresidhenan-paresidhenan, kang suk-sukan wong-wonge, lan uga ana paresidhenan sing kurang bangêt wong-wonge.

Garèng: Ngrêti saikine aku, Truk, bawane aku kiyi wong cathekan, lagi krungu omongan sak ... nil, bae, iya banjur wis gamblang babarpisan. Jajal saiki tak caritakne, mungguh panêmuku apa sing wis kok kandhakake [kandhaka...]

--- 978 ---

[...ke] mau. Nèk ing tanah Jawa umume iya ora kêna yèn dikandhakna wis kakehan uwonge, ewadene mêksa wis kêna diarani, yèn ing tanah Jawa kiyi wong-wonge wis kurang pamêtune, awit, tanah-tanah sing pancèn loh lêmahe, jalaran katiga rêndhêng tansah olèh banyu, kuwi akèh wonge. Saking akèhe wonge, nganti pirang-pirang sing ora bisa ngliwêt. Dene sing palêmahane cêngkar, wong-wonge sing manggon ana ing kono iya sathithik. Sanadyan wong-wonge mung sathithik, saking kurange tanduran sing bisa trubus ana ing kono, iya mêksa akèh wong-wonge sing ora bisa olèh pangupajiwa. Apa manèh wong Jawa kuwi sing sabagian gêdhe bangêt wis padha ora anduwèni lêmah, luwih-luwih lêmah ing tanah Jawa kuwi sing sahohah wis kêcandhak ing ... pabrik.

Petruk: Lo, kang mangkono kuwi cara Tionghwane kowe lan aku rak wajib anglairake: kamsiyah, awit, kowe dhewe ing ngarêp wis nêrangake, yèn wong Jawa kuwi sing sabagian gêdhe bangêt, wis ora padha duwe lêmah. Jalaran saka iku têmtune iya banjur akèh wong Jawa sing wis ora kulina mênyang anggarap sawah, sabanjure anggone golèk pangan iya sarana: buruh. Mulane anane pabrik-pabrik, apa ora kêna diarani sawijining kauntungan tumrap wong-wong sing panguripane sarana buruh mau.

Garèng: Iki aku mu ... pa ... kat, sanadyan ana tuwuhing pitakonan: anane saiki akèh wong Jawa padha nguli nyang pabrik-pabrik, kuwi apa jalaran wiwit biyèn mula wis kulina buruh, apa jalaran kapêksa sabab wis ora duwe sawah.

Petruk: Jalarane iya sabab wis ora duwe sawah mau. Kuwi rak iya wis mêsthine ta Rèng. Pabrik-pabrik lan kabudidayan Eropah, kuwi saya suwe saya akèh anggone nganggo lêmah, lan wis mêsthi bae, yèn sing dijukuk kuwi iya lêmah sing apik-apik. Tujune tanah Jawa kuwi jêmbar bangêt, nganti gunggunging jêmbare lêmah pabrik-pabrik mau, mung ana sabagian saka kaanane lêmah ing tanah Jawa kiyi.

Garèng: Lo, lo, êndi katranganamu mungguhing pitakonku, jalaran saka anane pabrik-pabrik mau, wong Jawa akèh bangêt sing ora padha anduwèni lêmah.

Petruk: Ing ngarêp wis tak kandhakake: pabrik saya suwe saya nganggo lêmah akèh, tur lêmah sing bêcik-bêcik, sanadyan kalonging lêmah mau ora akèh, rak iya jênêng kalong, ta. Ing măngka cacah jiwane wong Jawa undhake tikêl-matikêl. Kêpriye saikine anggone wong Jawa saya suwe ora saya akèh sing ora anduwèni lêmah, yèn anane lêmah saya suwe saya mungkrêt, lan sing kudu anduwèni saya suwe saya mundhak tikêl-matikêl.

Garèng: Wis, wis, saya suwe anggone ngrêmbug, kok saya gawe bunêking pikir, saiki padha ambanjurake rêmbugane ing bab imigrasi bae.

Petruk: Iya bêcik, Rèng. Kaya kandhamu ing ngarêp, yèn ana paresidhenan sing jalaran saka olèhe lêmahe banjur kakehan wonge, [wong...]

--- 979 ---

[...e,] lan kosokbaline, jalaran saka cêngkare lêmahe iya ana paresidhenan-paresidhenan sing kurang bangêt wonge kang padha dêdunung ana ing kono. Kang iku aku mupakat bangêt karo dhawuh wêdhar sabdane Radèn Adipati Arya Iskandar Tirtakusuma, ingkang bupati ing Karanganyar, yèn ngrêmbug ing bab imigrasi kuwi luwih bêcik, imigrasine wong Jawa ing Kabupatèn Karanganyar bae.

Garèng: Dadi cara gambarane kowe arêp ngêblak apa dhawuhe ingkang bupati ing Karanganyar mau, nèk kowe dhewe pancène ora duwe panêmu apa-apa. Wèh, kok kaya warganing sawijining badan paprentahan, sing sêsorahe ora mêtu saka pikirane dhewe, nanging digawèkake kănca-kancane tunggal sèh, wusanane ujug-ujug banjur dibantah, wangsulane cêmêplos kaya wong ... nglindur.

Petruk: Lo, kok banjur ngina nyang uwong. Apa wong kuwi ora kêna mupakat karo panêmuning liyan. Aku kiyi pancèn iya cocog karo wêdhar sabdane ingkang bupati ing Karanganyar kalane ana ing konggrèsing para bupati ing Wèltêprèdhên durung suwe kiyi, mulane sêsorahe banjur tak gawe tuntunan rêmbugan ing bab imigrasi kiyi, kanthi tak wuwuhi olèh-olèhan anggonku grèsèk-grèsèk ana ing ngêndi-êndi. Awit mungguhing aku iya mokal, yèn bisa wasis ngrêmbug ing bab kiyi. Mêngkono uga yèn kowe besuk ambanjurake rêmbugan ing bab kiyi karo rama, têmtune si rama iya nganggo tuntunan sêsorahe ingkang bupati ingkang anyar mau.

Garèng: Sokur ta sokur, yèn kowe gêlêm ngakoni, apa sing kok rêmbug kiyi dudu panêmumu dhewe, nanging uga ana sing kok ênut. Awit lumrahe, jurnalis, utawa tukang ngarang kuwi, yèn gawe karangan, turne kadhang kala wong liya sing ngarang, utawa sok dibantu ing wong liya-liyane, malah ana sing sok ngêblak karangane Si Suta, Si Naya, utawa Si Dhadhap, Si Waru, ewadene nèk wis dadi karangane mau, banjur diakoni dhewe sarana dităndha tangani jênêngane dhewe nganggo aksara sing gêdhêm-gêdhêm kae.

Petruk: Wis, wis, rêmbug kiyi aja didawa-dawa, mundhak gawe ora kapenak bae, liya dina tak nyaritakake kaanane Kabupatèn Karanganyar, kaya dhawuh sabdane ingkang bupati ing Karanganyar, kang anjalari prêlu bangêt kudu dianakake imigrasi.

Kajêng agêng

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun kajêng agêng ingkang pinanggih ing tanah Amerikah. Nanging sarèhning katrajang margi, kajêng wau lajêng kagrowong.

--- 980 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Rêdi Krakatao

Wontên pawartos saking Pulo Panjang, kala tanggal kaping 22 wontên jêblosan kaping 968. Ingkang inggil piyambak 1100 mètêr, ingkang langkung 500 mètêr kaping 31. Ing wanci dalu wontên suwara jumêbrèt kaping 31. Wiwit jam 10 dumugi jam 12 dalu wontên toya muncrat tuwin balêdhosan murub kaping 19, danguning muncratipun 4 mênit. Wiwit jam 1.39 dumugi jam 2 dalu têntrêm.

Tiwas jalaran kalêlêgên bungkus untu mas.

Wontên sawênèhipun băngsa Tionghwa ing Prabalingga, ing sadalu tilêm lajêng kagèt tangi, jalaran gorokanipun karaos kados kalêlêgên barang, ngantos adamêl galêrêg-galêrêging ambêganipun. Wusana sarêng dipun nyatakakên, ingkang ngêlêlêgi wau, êmas bungkusing untunipun coplok. Sarèhning rêkaos dipun wêdalakên, lajêng ngaturi dhoktêr, nanging dhoktêr mêksa botên sagêd mitulungi, sagêdipun kêdah dipun bêdhèl, măngka mênggahing bab ambêdhèl gulu punika ambêbayaning sangêt. Wusana ingkang sakit dumugi ing tiwas. Punika kenging kangge kaca brênggala tumrap para ingkang sami ngagêm rêrênggan kados makatên.

Ngudi dados adpokat.

Radèn Mas Sidharta, rumiyin mudha pangarsa landrad ing Jêmbêr, gadhah sêdya badhe nêmpuh pandadaran pokrul ing rad pan yustisi, kados haking para mistêr, supados sagêd ngajêngakên prakawis dhatêng ngarsaning yustisi.

Nyirnakakên sêsakit malariah.

Burgêmistêr ing Prabalingga dipun wênangakên dening pakaryan kasarasan nyambut arta kangge nyirnakakên sêsakit malariah kathahipun f 5100.- tumrap laladan Prabalingga.

Salpeterzuur kangge anjampèni mripat

Ting kampung Jandhi, Gunung Pintèh, Sumatra, wontên guru agami asring têtulung anjampèni tiyang sakit. Satunggiling dintên wontên têtiyang sami jêjampi sakit mripat, kyai guru nuju botên wontên, lajêng dipun tindakakên dening ingkang èstri, sarana jampi tès. Nanging kalèntu, ingkang kangge ngêtèsi wau Salpeterzuur. Têtiyang ingkang jêjampi wau wontên ingkang lajêng risak mripatipun.

Bab ingkang kados makatên punika sampun lajêng andadosakên kalintu tampi, dipun wastani jampi dhoktêr anêniwasi, nyatanipun saking sêmbrananipun ingkang ngêcakakên, kalèntu panganggenipun jampi.

Karampungan landrad bab arta krêtas nyarupiyah palsu

Pangadilan landrad ing Batawi mêntas ngrampungi prakawisipun pasakitan băngsa Tionghwa nama Ki Pèngnèng, kadakwa ambalibukakên[2] arta krêtas palsu nyarupayah[3] kanthi cihna 700 lêmbar. Pasakitan kaukum 4 taun kasuda tahanan.

Sudaning balănja ing kabudidayan.

Jalaran saking măngsa kêndho, kabudidayan-kabudidayan kopi tuwin karèt gadhahanipun băngsa Inggris ing laladan Malang, kados ta ing: Limburêh, Bakèk, Talagarêja, Glêdhagan Pancur tuwin Sumbêrpakèl, kêpêksa nindakakên pangiritan tumrap para punggawanipun băngsa Eropah, punggawa ingkang bayănja[4] f 250.- mangandhap, sawulan, têtêp botên dipun kirangi. Ingkang balănja f 250.- langkung dumugi f 500.- kirang, dipun suda 10%. Ingkang balănja f 500.- dumugi f 1000.- kirang, kasuda 20%. Langkungipun saking f 1000.- dipun suda 30%, nanging botên tumindak tumrap tiyang ingkang gadhah anak tuwin administratir.

Tuwan Dahler badhe dhatêng Surakarta.

Tuwan P.F. Dahler, pangagênging Taaltechnische Afdeeling ing kantor Bale Pustaka, badhe kadadosakên guru basa Malayu ing A.M.S. ing Surakarta, laminipun sataun.

Mr. Kusuma Sumantri.

Tawartosakên[5] Mr. Kusuma Sumantri sampun dumugi ing Batawi, badhe kaprênahakên manggèn ing Bandhah, ing sadèrèngipun bidhal, dipun tahan wontên pakunjaran ing Glodhog.

Babud Pèrsi.

Tuwan Damme wêwakiling Esther Surry Art Gallery Ltd. mêntas asêsorah wontên ing toko Onderlinge Hulp ing Batawi, ing bab kagunan nênun ing Pèrsi, kanthi mujudakên babud warni-warni. Tuwan Damme wau anggènipun wontên tanah Pèrsi ngantos sawatawis taun, prêlu nyatakakên bab kagunan wau. Ing pamuji kagunan wau sagêda tumular wontên ing ngriki.

Pès wudun ing Garut

Ing Garut pinanggih wontên tiyang katrajang pès wudun, kakintên botên saking tularan saking sanès panggenan. Ingkang wajib lajêng nindakakên rêrigêd[6] murih botên nular.

Kasangsaran mêsin mabur ing Cianjur.

Apdhèling pakaryan anggêgana ing Cianjur nuju anindakakên anggêgana [anggê...]

--- 981 ---

[...gana] ngangge mêsin mabur Fokker 406, nalika inggilipun sawêg 30 mètêr, motoripun mogok, lajêng kêpêksa mandhap, andhapipun anatab wit-witan, mêsin mabur risak babarpisan.

Lindhu.

Ing tanggal 23 Juli wanci jam 7.43 enjing, Observatorium ing Wèltêprèdhên nyathêt wontên lindhu alit, têbihipun 10.700 kilomètêr. Bab punika nocogi kalihan kawontênanipun lindhu ing Napels. Mriksanana pawartos kawat bagian Eropah.

Iksamên notaris agêng.

Lulus iksamên notaris agêng bagian kapisan, Radèn Krêsna, ing Pandhegêlang. Tuwin lulus bagian kalih Mas Slamêt, ing Sêmarang.

Asiah.

Ing kalangan paprangan Tiongkok.

Nanking 23 Juli (Aneta-Nipa). Ciyang Kaisèk martosakên, wadya parentah sampun ngrêbat Poco, Anhwa, saha lajêng dhatêng Onan. Têmpuhing paprangan sakalangkung rame.

Ciyang Kaisèk martosakên malih golongan mêngsah karisakan agêng.

Wadya parentah wiwit nêmpuh Tinsin Pikorilwe, prêlu ngrêbat Cinan.

Ebah-ebahan ing Hindhu.

Poona 23 Juli (Aneta-Nipa). Jayakar tuwin Sir Sapru pitakèn dhatêng Sang Gandi ngantos kawan jam wontên ing pakunjaras[7] Yeroda, nanging wusananipun Sang Gandi botên purun dipun pitakèni malih, nanging ugi sampun dados pamarêmipun ingkang pitakèn.

Kawontênipun[8] kasangsaran prahara.

Tokiyo 22 Juli (Aneta-Nipa-Reuter). Pêpetangan kawontênan kasangsaran prahara ing Koreah kala tanggal kaping 19 wulan punika, tiyang ingkang tiwas 393, ingkang ical kakintên tiwas 1493, nandhang tatu 205. Griya ingkang sirna 8475.

Wontên malih mirid pawartos saking Kiyusu, Jêpan kidul, tiyang ingkang tiwas 82, ingkang ical 75, tatu 425. Griya ingkang sirna 16.890, griya ingkang ambruk 20.786. Wontên malih baita ingkang kèrêm utawi kèli 1803.

Amerikah

Bêbaya hawa bêntèr sabên taun

New York 22 Juli, (Aneta-Nipa-Radio). Lampahing ombak hawa bêntèr ing pasisiripun sagantên Atlantic têbanipun ngantos têbih, ngantos adamêl sangsaranipun tiyang 150, ingkang 100 pêjah kalanipun nuju adus.

Eropah

Lindhu agêng ing Itali.

Rome 23 Juli (Aneta-Nipa-Reuteur). Ing Napels tuwin ing laladan Catania wontên lindhu agêng ing wanci enjing. Saperanganing kadhaton ing Napels ambruk, wontên tiyang ingkang tiwas 2, tatu 5. Wontên malih gêdhong sungsun gangsal ambruk lan gêdhong sanès-sanèsipun.

Wontên katrangan malih, tiyang ingkang pêjah langkung 150, kathah sangêt tiyang kataton. Ing Molfi tiyang ingkang pêjah tuwin kataton atusan.

Napels 23 Juli, (Aneta-Nipa-Reuter). Tuwuhing lindhu ing wanci enjing, turut babad kapetang ingkang agêng piyambak. Dangunipun lindhu ing kitha 45 sêkon, ing wanci jam 1.10 dalu. Polahing tiyang kados gabah dipun intêri. Têbaning lindhu wiyar sangêt. Grija ing Salerno ingkang misuwur kala ing taun 1080 ugi ambruk.

Cacahipun tiyang pêjah kapratelakakên malih 1000, ingkang 130 sampun dipun kubur. Ing têlêngipun Quake sacêlaking rêdi latu, botên wontên griya satunggal-satunggala ingkang kantun, wontên tiyang 60.000 botên gadhah griya.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 728 ing Klathèn. Kenging kemawon.

Lêngganan nomêr 2042 ing Slawi. Pundi ingkang botên kasêbut ing dhaptar, mratandhani sampun têlas.

Lêngganan nomêr 3466 ing Pulung. Kintunan ingkang kantun tumrap kuwartal 4, amila panjênêngan botên nampi blangko.

Lêngganan nomêr 3210 ing Cilacap. Praypgi maringi yatra lênggananipun rumiyin.

Lêngganan nomêr 3727 ing wetan Sumayudan. Kuwartal punika panjênêngan sampun ambayar sah. Dados wisêl f 6. punika tumrap wulan: Oktobêr 1930 dumugi Sèptèmbêr 1931.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1379 ing Kêndhal. Sêrat panjênêngan sampun kaupadosan, botên pinanggih.

Lêngganan nomêr 3289 ing Klathèn. Buku Cênthini ingkang sade Bataviaasch Genootschap nanging sapunika sampun têlas.

Lêngganan nomêr 3750 ing Surakarta, pangajaran ing R.H.S 5 sataun. T.H.S. 4 taun. M.H.S. 7 taun. H.B.S. utawi A.M.S. manawi badhe nglajêngakên dhatêng pamulangan dhoktêr sami kemawon, nanging tumrap ingkang saking A.M.S. kêdah wêdalan A.M.S. ing Malang, Ngayogya, tuwin ing Batawi. Tiyang ingkang sampun lulus saking H.B.S. tuwin A.M.S. sanadyan sampun dangu, kenging kemawon anglajêngakên dhatêng pamulangan luhur.

--- 982 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

2.

I. Putra nata sakawan

[Dhandhanggula]

tumindaking sanggyèng pangastuti | mawa tata dahat gêng-agêngan | datan wontên kuciwane | saking sruning pamêsu | têmah Sang Hyang Wisnu nêdhaki | kanthi amêdhar sabda | wiyosing kang dhawuh | kaki prabu sumurupa | pamujanta pra dewa wus nguningani | mangkya ingsun tumêdhak ||

awêwarta mring sira sajati | lah racutên mangkya wus katrima | kaki prabu sira têmbe | bakal pêputra catur | miyos priya apêkik-pêkik | Sri Wisnu nulya muksa | nata pungun-pungun | ing wusana wus kadhadha | sabdanira Hyang Wisnu tumanêm ngati | tumuli aluwaran ||

katêmahan datan kongsi lami | anggarbini kang garwa têtiga | dupi wus prapta êlèke | garwa nata kang sêpuh | kang pêparab Kosalya Dèwi | ambabar miyos priya | sakalangkung bagus | sri nata paring pêparab | kalokèngrat datan wontên ingkang nyami | aran satriya: Rama ||

kang panênggak Sang Dèwi Kekayi | apêputra priya sinung aran: | Barata bagus warnane | garwa katiganipun | nênggih Dèwi Sumitra mangkin | pêputra kalih priya | sinungan jêjuluk | Laksmana miwah Satrugna | kaparênging nata ing mangkya ngluwari | raos sukaning driya ||

datan pae janma sanagari | samya sayuk bela suka-suka | dene nata kaparênge | mangun bojana nutug | paring têdha wong sanagari | aywa kongsi kliwatan | dimèn samya nutug | myang paring băndha barana | mring sanggyaning para brahmana myang rêsi | mrih rêna pujabrata ||

tumindaking kang pangupakarti | maring putra satriya sakawan | pinardika langkung sae | sri nata nulya dhawuh | maring putra puruhita mring | pra dwija kang kaloka | mrih suka mêmuruk | winulang sarasèng Wedha | myang sanggyaning kawruh amêngku nagari | ing têmbe ywa kuciwa ||

lawan malih sri narendra miji | punggawa kang ulah kaprawiran | myang kaprajuritan mangke | amrih mêmulang muruk | aywa kongsi anguciwani | têmbe diwasanira | bangkita pinunjul | dadya prajurit utama | kang kawasa mangrurah mring ripu sakti | kawasa mêngku praja ||

putra nata kang sêpuh pribadi | kang pêparab sri satriya Rama | katitika kalangkungane | mênggahing kadang catur | mung Sri Rama ingkang nyêpuhi | para kadang kang tiga | samya bêkti nurut | tan pae kadi ambapa | ing satêmah rukuning pra kadang sami | mawèh sukaning nata ||

dening mulat putra pêkik-pêkik | sarwa rukun tan nate sulaya | tulus trêsna salamine | ingkang kaprênah sêpuh | dahat dènnya ngêmong mring ari | dene para kang mudha | mung ambangun turut | marma kalamun sinawang | luhurirèng praja Ayodya ngluwihi | darbe satriya tama ||

nanging nadyan kadang catur sami | tan prabeda ing katrêsnanira | nanging pinangguh titike | lamun sajatinipun | Sang Laksmana dahat dènnya sih | marang satriya Rama | ing salami amung | tansah dènnya rêruntungan | ing bêbasan tan nate pisah sanyari | risang kêkalihira ||

datan pae kadang kang kêkalih | Sang Barata lawan Sang Satrugna | gandhengan dadya kanthine | nanging sajatinipun | warataning sihira sami | datan kêni bineda | myang ingundha-usuk | nadyan mring garwa narendra | tiga pisan pra putra anganggêp tunggil | datan pisan bineda ||

tiganira lir ibu sawiji | binêktenan ing salaminira | myang Sri Supadni tan pae | têtêp pamêngkunipun | mung arasa trêsna myang asih | kaanan kang mangkana | ing sajatinipun | umantuk dadya ganjaran | kamulyaning Sri Nata Ayodya nagri | tuhu sinihan dewa ||

sri narendra tan pêgat anggalih | mrih sambada kotamaning putra | amrih widada ing têmbe | ingayoman dewa gung | myang sinêmbah isining bumi | marma dupi diwasa | tan pêgat sang prabu | anggung anggusthi pikrama | kang minăngka garwaning Sri Rama mangkin | lawan para pandhita ||

pinrih rêmbag kang yogya mêthuki | kathah para ingkang ahlul puja | tan pêgat atur rêmbage | nanging anggung pinadu | mung mêmurih antuk kayaktin | jatining nyatanira | kang tinêmu jumbuh | kacarita duk samana | pan kasaru sowaning pandhita luwih | mêngku gatining karya ||

sowanira risang maha rêsi | sêmunira dahat nawung gita | riwusing marêk ngarsane | sri nata asma[9] gugup | nrapkên krama maring kang prapti | nuli mêdhar pambagya | tinampèn anuhun | ing sawusira satata | sang awiku andhêku winor sêsanti | wusana atur jarwa ||

dhuh sinuhun narendraning bumi | sowan amba ing ngarsa paduka | tarlèn ngrêrubêdi mangke | nuwun awiyosipun | mugi-mugi kaparêng gusti | dhêdhawuh mring Sang Rama | anyirnakna diyu | ingkang ngrêrisak pratapan | kongsi mawèh gingsiring rèh pudyastuti | kang katur maring dewa ||

sri narendra kagyat duk miyarsi | rangu-rangu ing batos anggagas | kadi paran wêkasane | ananging nuli tuwuh | kumandêl mring dewa linuwih | awit sajatinira | sabarang pakewuh | janma tan pisan wênanga | angudhari kanthi samaring pamikir | gampang antuk pituna ||

sri narendra nuli anglilani | maringakên sang satriya Rama | Laksmana măngka kanthine | umiring sang awiku | nulya budhal anuwun pamit | sri nata datan pêgat | mudya gumarumung | amêmayu marang putra | mrih yuwana dènnya sinarayèng jurit | munah ripu kawasa ||

praptanira ing pratapan nuli | risang Rama umangsah mangrurah | maring ditya sadayane | nalikanira nêmpuh | lawan ditya kalangkung sakti | yèku biyanging ditya | kang têguh atimbul | miwah wus misuwur galak | datan wontên janma kang wani tumandhing | prandene têmah sirna || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

 


panganggêp. (kembali)
ambalithukakên. (kembali)
nyarupiyah. (kembali)
balănja. (kembali)
Kawartosakên. (kembali)
rêrigên. (kembali)
pakunjaran. (kembali)
Kawontênanipun. (kembali)
asmu. (kembali)