Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-06, #549

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-06, #549. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-06, #549. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 63, 10 Mulud, Taun Jimawal 1861, 6 Agustus 1930 Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Palabuhan ing Kotabaru

[Grafik]

Gambar nginggil punika kawontênanipun palabuhan ing Kotabaru, Sumatrah. Tiningalan ing wanci sontên.

--- 1000 ---

Raos Jawi

Wahyuning Ratu Punika Botên Kenging Ginayuh

Mirid suraosing wêwarah ing nginggil punika, kados para maos sampun botên kêkilapan dhatêng kajêngipun. Dene kajêngipun botên kenging ginayuh, botên kok lajêng tiyang botên kenging anggayuh, inggih kenging kemawon, nanging dumugi lan botênipun, walahu alam.

Jalaran saking wontênipun têtêmbungan ing nginggil punika, mênggahing kawontênanipun nata, ing jagad pundi kemawon, asring wontên lêlampahanipun ingkang elok-elok. Manawi tumrap lêlampahan ingkang katingal adhakan lajêng dados cêcariyosan, inggih babad, dene ingkang botên katingal, inggih namung dados cariyos pagêdhongan kemawon. Têgêsipun cariyos pagêdhongan, punika cariyos ingkang botên kawêdhar wontên ing jawi. Nanging mênggahing pangintên, satunggal-satunggaling nata punika tamtu wontên cêcariyosanipun, ingkang gêgayutan lêlampahan wigatos.

Tumrapipun lêlampahan ingkang cêtha, pinanggihing cêcariyosan tamtu adamêl ebahing pangraos. Murih têrangipun, ing ngriki damêl andharan sawatawis mênggah lêlampahaning para nata ingkang dados cêcariyosan.

1. Rêbatan wahyu karaton, tumrap cêcariyosan Jawi.

Para maos mugi botên cuwa ing panggalih, ing ngriki badhe nyariyosakên cariyos Damarwulan, ingkang salugunipun sampun kêlimrah sangêt, nanging ugi mawi dipun wêwahi wawasan sakêdhik namung mêndhêt saking pangintên-intên.

Mirid ing cariyos, Radèn Damarwulan punika sangêt anggènipun kasakit-sakit, ingatasing putra patih ngantos mèh ical talêring putra patih, kalampahan ngabdi dhatêng kapatihan kemawon inggih dipun sapèlèkakên sangêt, ngantos namung dados pangarit. Tur ingkang dipun suwitani, Kyai Patih Logêndèr punika inggih pamanipun piyambak, ewadene botên pisan-pisan mitulungi, malah ambalêsêkakên pisan, supados Radèn Damarwulan sampun ngantos katingal. Dene wontênipun purun nampèni, bokmanawi namung jalaran saking gêgayutan kapenakan, sampuna gêgayutan tamtu botên purun kanggenan.

Nanging mênggahing Radèn Damarwulan, sanadyan sampun ngrumaosi ing apêsipun, ing pangintên pancèn sampun kadhêdhêran wiji gadhah panjôngka, nanging panjangkanipun dipun saranani wêrit sangêt, mila sanadyan manggiha lêlampahan kados punapa, inggih dipun tampèni kanthi panarimah têrus lair batos. wontênipun Radèn Damarwulan kenging dipun gagapi gadhah cipta kados makatên, tamtunipun sampun mangrêtos dhatêng sulak-sulaking jaman, inggih punika kawontênaning praja, ingkang rumaos kaconggah anggayuh ngarah kanugrahan. Lan malih botên mokal saupami Radèn Damarwulan inggih sampun angsal [ang...]

--- 1001 ---

[...sal] wisiking para linangkung, caranipun sawung wontên ingkang ambotohi, wah mênggahing tatanipun Jawi, Radèn Damarwulan anggènipun nyaranani kanthi kasutapaning sinatriya. Dados mênggahing wahyu, sanadyan taksih geyong-geyong dèrèng kantênan dhawahipun, nanging Radèn Damarwulan sampun kanggenan sarana ingkang mikantuki.

[Grafik]

Radèn Layang Kumitir.

[Grafik]

Radèn Layang Seta.

Gêntos Kyai Patih Logêndèr, wantuning patih, tamtunipun mênggahing nalaripun inggih matêng, wah mawi kasampiran panguwaos, tamtu botên kewran nindakakên rekadaya ingkang badhe mikantuki. Dene sêdyanipun botên sanès badhe mikantukakên putranipun kêkalih ingkang nama Radèn Layang Seta lan Layang Kumitir. Manawi kapiridakên saking kamelikan punika, têrang bilih anggènipun kyai patih maeka dhatêng Radèn Damarwulan punika, prêlu badhe mikantukakên putranipun piyambak, mila dipun angkah nyingkirakên ingkang kinintên badhe makèwêdi. Nanging tindakipun kiyai patih ingkang makatên wau, tumrap raos Jawi, lajêng katingal pangambahipun dhatêng lêpat. Dados mênggah sarananing ngarah wahyu, pun wahyu saksat dipun singkirakên têbih.

Dene ingkang dados lesaning pangarah, inggih punika Ratu Ayu, nata kênya ing Majapait. Mila sang nata kaupamèkakên lesan, awit sintên ingkang mêngku panjênênganipun, kajawi nama sampun manggih kabêgjan agêng, wontên kamelikanipun ingkang amêngkoni, sagêd ugi angêmbani ratu utawi jumênêng ratu. Mila sintên ingkang botên nêdya melikakên manawi pancèn kaconggah. Nanging

--- 1002 ---

para maos sampun kasupèn, bab punika lajêng nama gêgayutan wahyuning karaton.

Mênggahing nalar, mokal sangêt saupami Radèn Damarwulan sagêda gadhah pamênang ingatasing panjôngka, gèk ingkang kangge mênang kemawon punapanipun. Dilalah, Radèn Damarwulan malah anêrak kalêpatan, wanuh kalihan putrinipun kyai patih nama Dèwi Anjasmara. Sarêng kadênangan lajêng dipun kunjara pisan. Tumrap ingkang botên rêmên dhatêng Radèn Damarwulan tamtu mungêl: Sukur.

Kados punapa kasangsaranipun Radèn Damarwulan, anggènipun ngawula sampun botên angsal manah, lajêng dipun kunjara saking manggih kalêpatan, wah malih ingkang ngunjara mêngsahipun, tamtu lajêng sêg kemawon.

Nanging sayêktosipun kaelokan ingkang dèrèng lair, punika angèl dipun gagapi ing tiyang limrah, sagêdipun namung mastani awon dhatêng Radèn Damarwulan, punapaa sampun anglampahi masuh sarira kados makatên, têka mawi salah damêl barang, inggih kajêngipun dipun raosakên. Mila kalanipun punika Radèn Damarwulan inggih namung nyêkêkrêk wontên ing patikusan.

Mênggah sajatosipun sadaya wau, sarêng sampun sèlèh cariyosipun, sawarnining lêlampahan ingkang pinanggih ing Radèn Damarwulan, têtêp namung dados paraboting andumugèkakên panggayuh.

Urutipun makatên, inggih sampun dilalah punika, nagari Majapait dipun têmpuh ing mêngsah sêkti, Prabu Urubisma, ingkang ugi melikakên narendra putri. Sanadyan lêlampahan punika sayêktosipun sakawit botên gathuk kalihan lêlampahanipun Radèn Damarwulan, nanging ugi dados gathuk. Dene gathukipun wau, sang prabu kênya angsal wangsiting dewa, bilih ingkang sagêd nyirnakakên mêngsah wau tiyang nama Damarwulan, saha sang prabu lajêng dhawuh dhatêng Patih Logêndèr, ngupadosi tiyang wau, mênggah cêthaa, dhawuhipun sang prabu kêncêng sangêt, mawi pangandika: Poma, poma.

Wantunipun tiyang dhêdhasar lêpat, sarêng kyai patih mirêng dhawuh makatên wau malah lajêng matur manawi Damarwulan sampun wontên kapatihan. Sasampunipun matur makatên wau, kaduwungipun kyai patih kados punapa, sampuna nama saru, lambenipun kados dipun wênyêt-wênyêta piyambak, dene têka mungêl kados makatên. Nanging lajêng kadospundi, saupami bubur sampun botên kenging dipun liwêt malih. Cêkakipun kalampahan, Radèn Damarwulan dipun sowanakên sang prabu, saha lajêng kautus ambêdhah Balambangan, nagarinipun Sang Urubisma, kanthi dhawuh mundhut sirahipun Sang Urubisma wau. Lajêng bidhal.

Sapunika pun manah jail muthakil, inggih punika kyai patih, wiwit nindakakên kamuthakilanipun. Putra kêkalih Seta lan Kumitir kadhawuhan nyêgat lampahipun Radèn Damarwulan. Kalampahan radèn kêkalih sagêd ambegal Radèn Damarwulan ingkang wangsul saking Balambangan sampun angsal damêl, ambêkta sirah, Radèn Damarwulan dipun pêjahi. Tamtu kemawon, tiyang satunggal têka dipun kalihi, mêsthi tiwas. Cêkakipun sirah kaaturakên sang prabu, ngakên anggènipun nigas piyambak.

Nanging, wusananipun jêdhul, Radèn Damarwulan jêbul gêsang malih, caranipun jaman kadhoktêran, bokmanawi [bokma...]

--- 1003 ---

[...nawi] Radèn Damarwulan namung schijndood. Cêkakipun ing ngriku lajêng dados gègèr. Dene wêkasanipun sawarnining para cidra kêwêlèh sadaya, malah Dèwi Anjasmara tumut dados prabot ngêlèh-êlèhakên. Dene wêkasanipun, Radèn Damarwulan anggarwa prabu kênya, tur jumênêng nata.

Kados makatên mênggah gawating wahyu karaton, sanadyan dipun araha kanthi rekadaya kados punapa kemawon, manawi botên titis, inggih malèsèd.

Kados makatên ingkang pinanggih ing cêcariyosan Jawi.

Kawruh Padhalangan

I.

Nyambêti andharan bab kawruh padhalangan ing Kajawèn, ôngka 53. Pancènipun ing batos kula ragi rikuh dhatêng para sarjana, dene cumanthaka kula damêl jerengan bab kawruh punika wontên ing udyana ngriki. Botên langkung mugi para nupiksa karsaa paring palimarma, yèn wontên kalintuning andharan kula punika, lan ing panuwun kula mugi lajêng karsa anglêrêsakên saha mêwahi kêkiranganipun. Jêr tuwuhing sêdya kula punika botên pisan-pisan mêdal saking manah dêksura, nanging namung margi saking trêsna, tuwin badhe ngluhurakên warisaning lêluhur Jawi. mila saklangkung panuwun kula dhumatêng panjênênganipun rama rêdhaktur, dene sampun amarêngakên, paring papan ing Kajawèn ngriki.

Mênggah ingkang sampun kawulangakên wontên ing pamulangan Abirandha ing nagari Mataram, tiyang andhalang ringgit wacucal punika sasagêd-sagêd kêdah amumpuni 12 prakawis.

1. Tutuk, sadaya cariyos kêdah ingkang gathuk (sambêt) ngajêng wingkingipun sampun ngantos salisir.

2. Lagu, kêdah sagêd suluk dhatêng punapa mêsthinipun tiyang andhalang.

3. Sabêt, yèn anglampahakên wayang kêdah ingkang trampil.

4. Gêndhing, kêdah ngrêtos dhatêng sadaya gêndhing ingkang kangge jêjêran wayang.

5. Crita, kêdah sagêd cariyos ingkang têrang manut asal-usuling ringgit, tuwin lampahaning ringgit.

6. Tanduk, kêdah sagêd ambedakakên dhatêng suwaraning wayang satunggal-satunggalipun, miturut wandanipun.

7. Cucut, ingkang sagêd anggujêngakên. Nanging lêlucon sampun ngantos anggêpok wangkong, saha ingkang botên anggigoni.

8. Cancut, sampun ngantos kèthèr, samukawis sagêda cekat-cèkêt.

9. Laras, ngênging suwara sagêda rujuk lan ngênging gôngsa.

10. Lathut, ingkang sagêd nyantuni raosing para ningali. Raos bingah tuwin susah. Cêkakipun [Cêkaki...]

--- 1004 ---

[...pun] ingkang sagêd amranani.

11. Sabda, sagêd damêl têtêmbungan ingkang sae, cêkak aos, tuwin mangrêtos dhatêng têmbung Kawi.

12. Saguh, ingkang tumêmên sampun andaleya, utawi sêmbrana. Anggènipun nyolahakên wayang ingkang cocog kalihan wangunipun.

Kajawi 12 bab punika, rèhning kawruh padhalangan punika adhêdhasar kawruh kabatosan, dhalang ugi kêdah sampun lêbda dhatêng bab ngèlmu raos, supados gothak-gathukipun botên tuna-dungkap. Yèn mênggah mulabukanipun, pancèn dhalang punika satunggaling guru, utawi tukang sêsorah, ingkang badhe mêncarakên kawruh, rekanipun warni-warni, murih sagêd anggèndèng dhatêng manahing tiyang kathah.

Rêrangkènipun ringgit (wayang)

Rêrangkènipun ringgit wacucal inggih punika:

1. Kêlir.
2. Gadêbog.
3. Balencong.
4. Gôngsa.

Nadyan prabot-prabot punika sadaya ugi nawung pasêmon kawontênaning gêsang. Mila winastan wayang, sajatosipun wêwayanganing gêsang.

1. Wayang, punika gambaripun pôncadriya.
2. Kêlir - angên-angên.
3. Gadêbog - raga.
4. Balencong - pramana (pandulu).
5. Dhalang - karsa.
6. Ingkang ananggap - Sang Hyang Karsa, inggih gêsang sajati.

Bab punika yèn prêlu ing wingking kemawon kalajêngakên.

Pakêm padhalangan.

Pathokaning andhalang, nglampahakên wayang (ringgit wacucal) punika ingkang dipun angge waton, nglampahakên ringgit sadalu, watawis sadasa jam. Kintên-kintên wiwit jam 8 sontên dumugi jam 6 enjing.

Têtêping andhalang kêdah nandukakên patrap tigang prakawis:

1. Nglampahakên ringgit. Inggih punika wêwatoning ringgitan sadalu, kêdah anindakakên lampah gangsal warni:

Ha. Jêjêran.
Na. Sampakan.
Ca. Gara-gara.
Ra. Tayungan.
Ka. Tutup kayon.

2. Carita. Anjalèntrèhakên asal-usuling ringgit. Nyariyosakên lampahan ingkang urut, saha patitis.

3. ôntawacana. Inggih punika mocapakên ringgit, mawi dipun rangkèni suluk. Kados ta: lagon, kawin, ada-ada, sapanunggilanipun.

Badhe kasambêtan.

S. Purwawiyata, Wêlèri. K. 3018.

--- 1005 ---

Wawasan tumrap Volkstelling

Ambiyantu Volkstelling punika atêgês anrêsnani siti wutah rahipun.

Sèwu sukur sangêt, dene ing sapunika dayaning sêsorah warni-warni ingkang sumêbar saindênging tanah Indhia, dangu-dangu saya adamêl pangrêtosaning tiyang, ingatasing pakaryan cacah jiwa inggih Volkstelling. Bab ingkang kados makatên punika pancèn sampun lêrêsipun, awit, sanadyan prakawis kabêtahan ingkang rèmèh pisan, kados ta: balegriya, wande, kêbonan, patukangan tuwin sanès-sanèsipun, tiyang inggih kêdah nindakakên petangan, prêlu kangge ngintên awon saening pikantukipun, tumrap ingkang sampun kalampahan utawi dèrèng.

Punapa malih tumrapipun Volkstelling, nama prêlu umum, ingkang gêgayutan kalihan kawontênan bingah susahing rakyat sadaya. Tumrapipun tiyang ingkang mangrêtos, tamtu botên badhe nyapèlèkakên.

Saya malih saupami rakyat mangrêtos, bilih namung tindaking Volkstelling kanthi satiti, ingkang sagêd ngajêngakên nagari wutah rahipun, murih sagêd angêmori kalihan golongan nagari kamajêngan, ingkang dipun wastani gadhah kasusilan.

Ingkang makatên punika, tumraping rakyat ingkang tumêmên angudi kawilujênganing Indhia ngriki, tamtu dhangan mitulungi tumindaking damêl para punggawa Volkstelling, suka sawarnining katrangan ingkang dipun kajêngakên kanthi cêtha awijang, ingkang badhe kalêbêtakên ing cathêtan.

Jalaran saking agênging waragad tuwin pakèwêding padamêlan Volkstelling wau, mila tumraping nagari sanès, ingkang kathah namung katindakakên ing dalêm sadasa taun sapisan. Makatên ugi tumrap ing ngriki. Mila inggih badhe kapanggih nyatanipun, bilih pambiyantu ingkang kapratelakakên ing nginggil, tumrapipun Volkstelling, agêng sangêt pikantukipun.

Têtiyang botên prêlu kuwatos suka katrangan satunggal-satunggaling bab ingkang dipun pitakèkakên, awit sadaya wau botên badhe kalimrahakên. Wontênipun ing kantor agêng Volkstelling ing Wèltêprèdhên, sawarnining katrangan alit-alit, sagolong-golonganipun kakalêmpakakên ngantos dados gunggungan agêng. Inggih gunggungan agêng wau ingkang badhe dipun limrahakên. Panggunggungipun wiwit saking pêpetangan satunggal-satunggaling dhistrik, ngantos dumugi gunggungan sa-Indhia.

Dados namaning tiyang tuwin pakaryanipun, botên kapratelakakên ing ngriku. Dene ingkang dipun sumêrêpi namung gunggunganipun kemawon, upami bas tukang batu wontên samantên, sudagar wontên samantên tuwin sanès-sanèsipun. Sasampunipun pinanggih gunggunganipun wau, cathêtan tuwin pratelan-pratelan sadaya kenging kabucal utawi karimat têtêp, babarpisan botên kenging kalimrahakên.

Sawarnining katrangan ingkang dipun kajêngakên dening Volkstelling punika ugi atêgês sêsuluh tumrap parentah [pa...]

--- 1006 ---

[...rentah] lan dados sarana kangge ngajêngakên rakyat dhatêng kamajêngan tuwin kawilujêngan. Dados manawi katrangan wau botên sampurna, parentah tamtu botên sagêd nindakakên wajib salêrêsipun, ingkang pinanggihipun andadosakên kapitunan tuwin kamunduraning rakyat. Amila rakyat ing Indhia kêdah sayuk nyambut damêl sêsarêngan, sampun ngantos manggih kapitunan.

Sagêd ugi wontên tiyang ingkang gadhah pangintên, bilih anggèning punggawa Volkstelling nakèni umur-umuran, namung kaanggêp sêmbranan. Pangintên makatên wau lêpat sangêt, awit pitakenan wau agêng sangêt pigunanipun, inggih punika kangge nyumêrêpi gunggunging tiyang ênèm, lare-lare, ingkang badhe dipun galih ing parentah, upaminipun ing bab padunungan tuwin sêkolahanipun. Prêlunipun murih gêsangipun ing têmbe wilujêng, sampun ngantos kuciwa wontênipun ing pasrawungan umum.

Lan malih pitakenan ing bab pakaryan, ugi agêng pigunanipun, awit parentah sagêd nguningani saking katrangan wau: ing bab wontêning sawarninipun padamêlan ingkang majêng tuwin botên, ingkang pantês dipun tuntun utawi dipun cêgah. Tuwin sanès-sanèsipun. Wosipun sadaya wau mêngku piguna agêng.

Jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên punika, samôngsa-môngsa Volkstelling katindakakên, môngka wontên tiyang ingkang anjarag suka katrangan botên lêrês, utawi botên purun suka katrangan dhatêng punggawa panacah jiwa wau babarpisan, jalaran saking samar utawi ajrih. Tiyang ingkang kados makatên wau kenging dipun wastani rupak budinipun utawi dosa dhatêng nagari wutah rahipun, botên beda kados pêpindhanipun tiyang sakit, ingkang anyiksa badanipun piyambak, jalaran ngumpêtakên sakitipun, botên katêdahakên ing dhoktêr, môngka dhoktêr wau ingkang badhe anjampèni.

Lan murih budi rupak tuwin kalêpatan wau botên katindakakên, parentah lajêng ngawontênakên pangancam, sintên tiyangipun ingkang gadhah tindak kados makatên ingkang gêgayutan kalihan Volkstelling, dipun gantungi ukuman kunjara dangu-dangunipun kawan wêlas dintên, utawi kadhêndha kathah-kathahipun tigang atus rupiyah.

Minôngka wawasanipun para maos, kauningana: Volkstelling punika tumrap ing nagari-nagari ingkang inggil kasusilanipun, kaanggêp dados kabêtahan ingkang wigatos sangêt, ing ngandhap punika wontên turunan dhawuh saking parentah Egypte (Mêsir), katitimasan kaping 10 Pèbruari 1917, inggih punika nalika parentah nindakakên etangan cacah jiwa ingkang kaping wolunipun, tumindak ing wulan Marêt taun wau, Jawinipun makatên:

Tumindaking pangetung cacah jiwa ing tanah Mêsir kang bakal tumindak ing malêming tanggal 6/7 Marêt, bisa tinêmu bêcik, manawa saperangan gêdhe tuwuh saka kêkarêpan kang suci lan pambiyantuning rakyat kabèh kanthi eklas.

Ing bab nacahake jiwa iku pancèn sawijining papriksan kang waragade akèh bangêt, lan gêdhe bangêt pigunane tumrap Statistiek, kang katindakake dening parentah, lan kang dadi kabutuhan gêdhe tumraping rakyat. Kang iku tumrap sakabèhing

--- 1007 ---

rakyat wis bênêre yèn bab mau dadi kuwajiban lan kabutuhane ingatase pitulungan kang bisa katindakake.

Saupami têtêmbungan: tanah Mêsir tuwin malêming tanggal 6/7 Marêt, ingkang kasêbut ing dhawuh wau dipun santuni: tanah Indhia tuwin tanggal 22 Sèptèmbêr dumugi 7 Oktobêr 1930, dhawuh wau tamtu kenging kapindhakakên kados dhawuhing parentah ing Indhia ngriki.

Jagading Wanita

Rêmis

Mênggahing pandugi botên sok tiyanga sumêrêp punapa ingkang dipun wastani rêmis, awit sasumêrêp kula piyambak sanajan ing pundi-pundi panggenan botên mêsthi wontênipun, kilap punapa pancèn taksih dèrèng sumêrêp utawi mangrêtos bilih rêmis wau kenging katêdha, kilap manawi pancèn botên doyan, mila awis sangêt ingkang purun amilala. Ingkang punika kêpêksa bab wau kula udhokakên ing Kajawèn ngriki, bokmanawi wontên paedahipun.

Rêmis punika kêgolong bêbujêngan toya, awit pamanggènipun ing dhasaring lèpèn, amor kalihan wêdhi, bangsanipun kijing, kêrang, kupang, sapanunggilanipun. Mênggah wujudipun ingkang ngêplêki namung kupang, nanging kaotipun kupang alit-alit (lêmbat) dene rêmis ragi groboh, ingkang agêng nyakêmiri, warnining cangkangipun yèn taksih ênèm jêne, saya agêng saya sêmburat abrit, bilih sampun sêpuh saèstu anggadhahi warni abrit cêmêng. Agêng alit cangkang wau anggadhahi cahya gilap sumorot, wangunipun ambalêndhuk.

Yèn kapandhing kalihan kijing, rêmis kawon agêng, kawon wiyar, dene bab têtangkêbaning cangkang kapetang sami, botên beda kalihan kêrang. Dados gênahipun rêmis punika wungkul, lan kenging ugi kasêbut kêrang kali.

Sasumêrêp kula piyambak ingkang wontên rêmisipun punika namung ing saurutipun lèpèn Brantas, bawah Malang, ingkang limrah kathah wontên tiyang ngalap rêmis, inggih punika salêbêtipun wêwêngkon dhistrik Kêpanjèn. Dene kupang wontên ing bawah Sidaarja. Kalih-kalihipun wau sami kenging kangge panggaotan alit-alitan, utawi namung sambèn kemawon, awit kasade inggih pajêng, sabab yèn kaolah raosipun eca, kangge lawuh nêdha.

Ing nginggil sampun kula aturakên bilih pamanggènipun rêmis punika wontên ing wêdhi, mila sanajan toyaning lèpèn wau agêng, têtiyang taksih sagêd mêndhêti sarana gogo, ngangge pirantos irig, wêdhi-wêdhi ingkang sami kèndêl wontên ing papan lindhuk, punika dipun soroki, lajêng dipun kosèk ngênggèn, dados pun wêdhi sami marojol rêntah ing toya, kantun rêmisipun dipun pêndhêti, makatên awongsal-wangsul ngantos angsal rêmis kathah. Makatên ugi rekanipun tiyang ngupados [ngu...]

--- 1008 ---

[...pados] kupang. Wondene manawi toyaning lèpèn wau surud, ing ngriku asring wontên pasir ngundhuk-undhuk kados gumuk, tarkadhang wontên ing gêgisik, prêlu kanyatakakên dening têtiyang ingkang sami ngupados rêmis utawi kupang, titikanipun gampil sangêt, inggih punika yèn pasitèn pasir wau katingal pating carumplêng mawa bolongan alit-alit, punika nandhakakên yèn wontên rêmis utawi kupangipun, ing ngriku dipun kêruki kawadhahan ing irig lajêng kagembang (kakosèk) kados ing ngajêng, utawi namung dipun sirati mawi toya kemawon, wasana katingal rêmisipun pating pandhikil dipun pêndhêti. Sasampuning angsal kathah nuntên kasade utawi namung prêlu kaolah piyambak.

Mênggah pangolahipun makatên: rêmis wau winadhahan ing pangaron, kasukanan toya (dipun êkum) watawis tigang jam, pamrihipun supados sami mutahakên rêrêgêdipun ingkang wontên ing nglêbêt cangkang, langkung dangu inggih langkung rêsik, mila toyanipun prêlu dipun sontan-santuni, botên beda kados ngrimati kêrang badhe kaolah. Yèn rêmis wau sampun kakumbah rêsik lajêng dipun godhog samatêngipun, cangkang-cangkangipun tamtu lajêng sami mangap, dagingipun kathah ingkang uwal piyambak saking cangkang, warninipun pêthak mêmplak. Dene yèn daging wau taksih kathah ingkang kêlèt dhatêng cangkang, panggodhogipun kêdah katêrusakên ngantos molak-malik, kaudhêg utawi kakêbur inggih kenging, dados enggal coplokipun. Sasampunipun makatên kaêntas, toya kailing, cangkang lan daging kapilah-pilahakên. Yèn wontên satunggal kalih ingkang taksih kêlèt, kêdah dipun cupliki, cangkang kabucal.

Sapunika sampun dados dagingan rêmis ingkang rêsik, lajêng dipun bumboni sakêparêngipun, punapa badhe kabothok, kapelas, kagorèng mawi lisah kalêntik, inggih tansah mathuk kemawon. Namung manawi badhe kagorèng prêlu dipun uyah asêmi langkung rumiyin mawi kunir, lajêng kaêpe supados ragi kêsat, dados botên patos nêdha lisah.

Sawênèh wontên ingkang mungêl bilih ulam rêmis punika gandanipun amis, makatên punika gampil sangêt pambiratipun, inggih punika ing sadèrènging kabumbonan kêdah kakukus rumiyin, pratikêlipun rêmis wau winadhahan ing kobokan panci (êsèng), kadekekan kêthokan kunir, brambang bawang, lajêng katumpangna ing papan pangukusan (kaêdang). Langkung utami malih yèn sadèrèngipun wau kakumbah mawi toya cokak Walandi rumiyin.

Mênggah ulam rêmis punika raosipun kêsêt, botên beda kalihan kijing, kêrang sapanunggilanipun, lowung kangge cagak bêtahing lêlawuhan nêdha. Bab ecaning raos botên prêlu kula aturakên, jêr bakunipun namung dumunung wontên ing bumbu, mila namung gumantung para putri anggènipun ngabên-abêni. Mila lugunipun sok dados idham-idhaman.

Nirrasa. Kêpanjèn - Malang.

--- 1009 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Imigrasi

Piridan saking sêsorahipun Radèn Adipati Arya Tirtakusuma, bupati Karanganyar, tuwin saking sanès-sanèsipun.

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 62)

Sêmar: I, i, i, anakku Si Nala Garèng, utawa manèh Si Petruk kiyi têka wis lawas têmên ora ngadhêp-ngadhêp nyang ramane awake si aku iki. Nèk tak aranana: saka akèhe pagaweane nganti ora ana wêktune kanggo sanjan-sinanjan, kaya-kaya kok iya ora mèmpêr, awit kabare, yèn boskupe ganti gambar, Garèng lan Petruk sanyaine pisan, têmtu padha anjêngil nonton. Pancèn iya wis ngono watake wong nom kuwi, nèk lagi mukti lan sênêng, ora eling yèn isih anduwèni wong tuwa, nanging yèn lagi susah sathithik bae, sing diringik-ringiki iya: wong tuwane. Malah jarene wis tau kalakon, wong tuwa ditilgram anake, jarene anake mati, wusanane barêng bapakne enggal-enggal niliki, sing mati kuwi jêbul ... krêtune. Hara, apa kiyi ora mainan jênêngane. Mulane aku kiyi yèn ngrasakake anakku Si Nala Garèng, atiku wis samar bae, sabab lumrahe, wong sing wujude: cilik, mêthikil, kaya ... lo ... Wisanggêni ... kuwi kok Si Nala Garèng. Mrenea anakku bocah bagus.

[Grafik]

Garèng: Ora, Ma, anggonmu ngandikakakên Wisanggêni mau, sajake kok rada gugup, aku krungu anggone rama ngandika: cilik..mêthikil ... kaya ..., barêng priksa aku, kok nuli dibanjurake ngandika: Wisanggêni. Aku iya ngrumasani, yèn sabênêre rama kuwi rak arêp nacad alaning wujudku. Upama nyataa, sanyatane sarambut pinara pitu, aku masa bakal sêrika, awit rak ana unèn-unène: anak wajib ngilo nyang bapa, kosokbaline iya mêngkono, dadi kaya-kaya iya sêtali tiga uang karo paribasan: kacang masa ninggala lanjaran, têgêse: yèn bapakne santri, anake umume iya dadi santri, nèk bapakne bèrbudi, anake iya mêngkono, dadi kosokbaline, nèk anake awujud munyuk upamane, bapakne iya awujud ... bangkokan.

--- 1010 ---

Sêmar: Lo, lo, têka-têka ora kok banjur angabêkti mênyang ramane, nanging kok malah ngala-ala wong tuwa mêngkono. I, iya pancèn wis salahku dhewe, dhèk biyèn aku ora gêlêm anggugu piwulange para sêpuh, supaya nome anggêdhèkake tapabrata amrih bisa anduwèni anak kang utama, nanging aku malah amburu mênyang kasênêngan lan suka-suka. Rak iya wis mêsthi bae ta yèn wusanane sing dilairake dening nyaiku kuwi dudu anakku, nanging anake kasênênganaku mau. Wis, wis, ing sarèhning sêga wis dadi bubur, ora prêlu diangluhake manèh. Ora, Rèng, kadingarèn têmên kowe têka mrene, mungguh sing dadi karêpmu apa.

Garèng: Anggonku sowan ana ing ngrêsamu kuwi, Ma, sabênêre aku arêp nyuwun rêmbuk karo panjênêngane rama ing bab pênting bangêt, sing wis tak takokake nyang putramu Si Petruk, nanging durung nganti tutug, kêburu Petruk banjur kiyah-kiyah nyang Surakarta.

Sêmar: Sajake kok prakara gawat bangêt. Mara, aja wêdi kangelan, tumuli lairna prakara sing arêp kok takokake kuwi. Yèn aku bisa awèh jawaban bae, ora-orane aku bakal narik rèkêning.

Garèng: Wèyèh, apa prasasat bêndara pokrul pêtung, mung ditakoni sathithik bae, wis banjur arêp narik bayaran, mungguh sing arêp tak rêmbug karo panjênêngane rama kuwi, sabênêre ing bab imigrasi. Jalaran saka andharane putramu Si Petruk, aku saiki iya rujuk bangêt, yèn ing tanah Jawa kene kudu dianakake imigrasi, mung sabab sing tansah isih dadi unêg-unêging rêmpêlaku, yaiku: pindhahane wong-wong tanah Jawa nyang sabrang, kuwi apa andadèkake kauntungan apa andadèkake kapitunan tumrap: a. Wong-wong sing tanahe bakal digroki. b. Wong-wong tanah Jawa umume.

Sêmar: Wèh, nganti ngêdhêg-êdhêgi ati, dak arani arêp nakokake ing bab ngèlmu kasampurnan. Nèk mung takon ing bab-bab kang gêgandhengan karo imigrasi bae, aku ora bakal wêgah, awit anggonku sêkolah têlung taun lawase, saka pandongamu iya wis olèh dhêklomah: klakuan bêcik.

Garèng: We, hla, wong tuwa ora urus têmênan, ambok ya ngandika bae yèn wis jumênêng dadi kuli kontrak lawase têlung taun, lan sajêroning têlung taun mau klakuane bêcik, ana anggêpe kathik olèh: dhêklomah barang. Wis, Ma, tumuli wangsulana bae pitakonku mau.

Sêmar: Iya, jajal tak wangsulane pitakonmu mau. Mungguh tumrape wong-wong ing tanah sabrang, dadi wong-wong sing nagarane bakal digroki mau, anane wong-wong Jawa padha pindhah mrono kuwi iya ana rugine, nanging bathine iya akèh bangêt. Dene têrange mangkene: Kang kapisan, jalaran saka akèhe kaum buruh sing padha nêba mrono, wis mêsthi ta yèn dhuwit buruhan banjur suda, kaya ta: upama maune wong buruh kuwi sadinane dibayar f 0.75, nanging jalaran saka akèhe wong sing padha golèk buruhan, banjur mung dibayar f 0.50, lo, kang mêngkono kuwi rak agawe rugining wong-wong asêli.

--- 1011 ---

Garèng: Nèk kaya ngono kuwi rak wis lumrah, Ma, dhèk biyèn kuwi bocah wêton H.I.S. yèn nyambut gawe nyang guprêmèn, blanjane iya banjur mak klêthêk f 60.- bae. Nanging ing jaman saiki bocah wêton Mulo kêrêp bangêt diênyang f 25.- utawa f 30.- iki sababe ora liya, iya jalaran saka akèhe bocah-bocah sing padha butuh nyang pagawean mau, dadi bab unduring bayaran, kuwi sabênêre aku ora gumun. Sing tak gumuni ing jaman saiki kiyi, ingatase drajat têka sok bisa mudhun, kaya ta: drajat sing biyèn kudu disêbut: tuwan, utawa: mênir, bakale jare narima arêp disêbut: mas bèi bae, yaiku drajat: klèrêk lan komis. Apa iki sabab saikine akèh: dèn bèi dèn bèine.

Sêmar: Lo, lo, lo, kok banjur seje sing dirêmbug mêngkono. Karo manèh ing bab bakal owahe pangkat, klèrêk lan komis, kuwi rak lagi ana ing rancangan bae, dadi durung ana kamêsthiane, mulane kene ora prêlu kok banjur mèlu cawe-cawe mêngkono. Luwih bêcik padha ambanjurake kang andadèkake rugine wong-wong asêli dhisik. Ing ngarêp wis tak andharake yèn wong-wonge asêli padha olèh karugian, jalaran saka sudaning dhuwit buruhan mau. Kang mangkono mau pancèn iya wis kanyatan têmênan, yaiku ana ing koloni coban-coban ing Lampung, ing kono ana mangsane wong-wong kontrakan kêna nyambut gawe kayadene kuli preman ana ing kabudidayan-kabudidayan sacêdhake kono. Jalaran saka akèhe sing padha butuh nyang pagawean, anjalari dhuwit buruhan ing kabudidayan-kabudidayan mau, suda bangêt. Dadi wong-wong konone iya padha karugian bangêt. Nanging kosokbaline, wong-wonge asêli iya bisa olèh kauntungan gêdhe. Bab kiyi liya dina bae tak caritani.

Sêlèbês

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika sêsawangan ing sacêlakipun rêdi Toraja, Sêlèbês Kidul.

--- 1012 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Museum ing Malang.

Règênsêkapsê rad ing Malang anyondhongi usulipun College van Gecommiteerden, supados ing kitha Malang dipun êdêgi museum barang-barang Indhu tuwin kawêkêlan ing jaman kina. Manawi kalampahan ngadêg, pigunanipun badhe nyêgah wêdaling barang-barang kina ingkang mêngku kawruh linangkung, ingkang tumindakipun kanthi lampah kados colongan, tur namung dipun sapèlèkakên kemawon.

Sakawit badhe nglêmpakakên barang-barang kina ingkang sumêbar dhatêng pundi-pundi, ingkang migunani agêng ingatasing kawruh tuwin kasusilan, lajêng badhe dipun rimat wontên ing panggenan ingkang santosa. Ing bab punika ing pangintên badhe angsal pambiyantu nyêkapi saking Oudheidkundige dienst ing Wèltêprèdhên. Tuwin sampun wontên priyantun partikêlir sawatawis badhe masrahakên barang-barangipun kina.

Têtiyang ingkang sami wangsul minggah kaji.

Kawontênanipun tiyang ingkang minggah kaji dhatêng Mêkah saking Indhia ing taun punika wontên 29.000, samantên wau ingkang sampun wangsul 26.900. dados taksih kirang 2100, pêpetangan ingkang dèrèng wangsul wau wontên sawatawis ingkang taksih naun wontên Mêkah, sanèsipun sami ngajal. Wontênipun tiyang ingkang tiwas wau, tinimbang taun ingkang sampun, kapetang suda, sudanipun wau jalaran saking rêrigênipun nata ing Mêkah, Raja Ibnu Saod, nyadhiyani toya ngombe langkung sae.

Warga rad Indhia enggal.

Paduka Tuwan L.H.W. van Sandiek, gupêrnur Sumatra Wetan, ingkang sapunika pêrlop dhatêng nagari Walandi, kawisudha jumênêng warga rad Indhia. Ing wulan punika badhe wangsul saking nagari Walandi.

Para panuntun P.N.I.

Kala tanggal 26 wulan Juli, aktê ing bab anggèning badhe ngajêngakên panuntun P.N.I. sakawan dhatêng pangadilan sampun kasumêrêpakên dhatêng para dakwa, ingkang taksih wontên salêbêtipun tahanan. Dintên pamariksanipun ing ngarsa pangadilan landrad ing Bandhung dèrèng katêtêpakên, nanging kintên-kintên botên badhe katindakakên ing sadèrèngipun tanggal 18 wulan punika. Para panuntun P.N.I. Ir. Sukarna, Tuwan Gathot Mangkupraja, Maskun, tuwin Supriyadinata, sami kadakwa: 1. ing têngahaning taun 1929 wontên ing Bandhung tuwin sanès panggenan ing Priyangan têngah, Jawi Têngah, nuntun tuwin sêsorah wontên ing parêpatan, ing kursus-kursus tutupan, tuwin ing parêpatan propagandhah, ugi jalaran nindakakên caraning nênuntun tuwin ngajêngakên tindak ingatasing P.N.I. ingkang sanadyan kawontênanipun beda sakêdhik, nanging ugi gadhah kajêng damêl orêg-orêgan kanthi sêsidhêman kados P.K.I. kados ingkang pinanggih ing wêkasaning taun 1926 tuwin wiwitaning taun 1927.

Culik.

Pasar Rêbo, Batawi, wontên pèl pulisi lumampah ing wanci dalu kêpêthukan tiyang sêpuh budhêg tuwin wuta, tiyang wau anggènipun lumampah kapurih minggir, nanging kèndêl kemawon, jalaran saking botên mirêng, lajêng dipun gêblèg ing pêdhang dening pulisi, ngantos nandhang tatu. Tiyang ingkang dipun gêbag lajêng alok-alok culik. Têtiyang pakampungan ingkang mirêng lajêng sami mêdal ambêkta gêgaman, ngintên manawi pulisi wau culikipun. Rahayu sadaya sami kandhêg dening nyumêrêpi panganggening pulisi. Punika kenging kangge pêpèngêt, bilih gugoning tiyang sok adamêl bêbaya, sampun sêmbrana, nêrusi kados andharan ing Kajawèn nomêr 62.

Panggêsanganipun tiyang ing pulo Sêribu.

Para têtiyang ing pulo Sêribu sanadyan panggêsanganipun dèrèng nama nyêkapi, nanging gadhah pangupajiwa baku, inggih punika sarana anggènipun misaya ulam. Nanging sapunika sarêng wontên panggaotan misaya ulam bôngsa Jêpan, pangupajiwanipun têtiyang ing ngriku mèh tanpa damêl, amargi tindaking bôngsa Jêpan anggèning masang jaring wontên sacêlaking karang, ingkang padatanipun dipun wisaya têtiyang ing ngriku, lan malih andadosakên kêsiting ulam sanès-sanèsipun.

Bab priyantun ingkang sinau dhatêng Bestuursschool.

Dhirèktur pangrèh praja ngintunakên sêrat-sêrat dhatêng para pangagêng pangrèh praja, mratelakakên para priyantun pribumi ingkang kakintunakên dhatêng Batawi badhe sinau ing Bestuursschool, supados sami ngêsahi sambutanipun rumiyin ing panggenanipun lami. Sampun ngantos salêbêtipun sinau wontên ing Batawi tansah manah dhatêng sambutanipun. Lan malih priyantun ingkang badhe sinau dhatêng Batawi wau ing sadèrèngipun sampun tampi êmpingan balônja saking nagari, ingkang kenging kangge ngêsahi sambutanipun. Lan ugi botên prêlu ambêkta oto utawi pit montor nagari, awit salaminipun sinau botên angsal waragad saking nagari, tuwin wontênipun ing Batawi tumpakan motor punika paosipun langkung awrat.

Pamulangan pangadilan luhur.

Lulus kandhidhat dhoktoral iksamên bagean kapisan, Radèn Sudarsana, Sudarna tuwin Radèn Sulistya.

--- 1013 ---

Ambêsmi mayit.

Ing dhusun Têgal Cangkring, bawah Jêmbrana, Bali, badhe kawontênakên pambêsmèn mayit darahing luhur têtiga.

Papan parimatan gambaring para gupêrnur jendral.

Kawartosakên bilih Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral amarêngakên dhatêng sawarnining tiyang malêbêt dhatêng papan parimatan gambaripun para gupêrnur jendral ing Rijswijk 16. Kengingipun malêbêt ing ngriku sasampunipun nyuwun palilah dhatêng opsihtêr pura namung lêlahanan, ing sabên dintên Rêbo wiwitan tuwin kaping tiga ing sabên wulan, wiwit jam sanga dumugi jam kalih wêlas siyang.

Asiah.

Bêbaya bêna.

Karasi 28 Juli (Aneta-Nipa-Radio). Bêbaya bêna ing sanginggilipun Sindh saya agêng, anguwatosakên Shikarpoor. Wontên tiyang 15.000 botên gadhah griya, saha sampun dipun bêktani mawi sêpur mirunggan dhatêng Sukkoor tuwin Karachi.

Bêna ingkang adamêl kasusahan agêng.

Karasi 30 Juli (Aneta-Nipa). Jalaran saking wontêning bêna, wontên tiyang 30.000 ngili dhatêng Sukkur, dhusun ingkang kêlêban langkung 100. Dhatênging toya ing Sikarpur saking sisih lèr tuwin saking kilèn, narajang 150 mil pasagi, têtanêman sami risak, rajakaya sami ical. Wontên golongan tiyang awon 300 ngoyok griya-griya ing Kanpur, ngantos têlas-têlasan.

Wangsulan saking golongan Gandi.

Bombai 29 Juli (Aneta-Nipa-Radio). Minôngka wangsulaning pawartos-pawartos ingkang tumular dhatêng pundi-pundi, ing bab bibar tuwin munduring ebah-ebahan kabangsan, konggrès kabangsan mratelakakên malah ngajêngakên ambekot barang-barang damêlan Inggris.

Komunis ing Sangsa.

Pèiping 30 Juni (Aneta-Nipa). Wontên pawartos, bilih sawarnining kantor parentah tuwin bandhanipun têtiyang ngamônca ing kitha wau sami dipun bêsmi tuwin dipun risak, kajawi kantor pos tuwin griya sakit yale. Têtiyang golongan abrit nyabrang dhatêng pulo panggenaning kongsul ngamônca, badhe ambêsmi griyanipun, nanging botên wontên pawartosipun malih. Kitha wau pinanggih kathah kêbêsmèn tuwin koyok, toko-toko dipun bêsmi. Kakintên kathah tiyang tiwas, sadhèrèkipun gupêrnur tuwin pangagêng sanès-sanèsipun kakêthok gulunipun. Golongan komunis ngoyak kêkantunaning wadya parentah ingkang mundur mangilèn. Têtiyang ing Sangsa cacah 10.000 nyingkir saking kitha wau.

Tindakipun golongan komunis ing Sangsa têgêl sangêt.

Syanghai 30 Juli (Aneta-Reuter). Bôndha ingkang dipun risak dening golongan komunis wontên rêrêgèn 5 yuta ponsêtèrling, lan ugi taksih ngrisak gêdhong pamulangan luhur, kantor-kantor tuwin sanès-sanèsipun.

Wontên golongan komunis wolung èwu, ngoyok barangipun bôngsa ngamônca tuwin parentah Tiongkok, kathah anggènipun mêmêjahi tiyang sugih-sugih, lan ugi kathah anggènipun nyêpêngi tiyang-tiyang prêlu pados têbusan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1745 ing Adikarsa. Ing wulan Mèi saha Juni, panjênêngan botên kapetang dados lêngganan, jalaran nunggak bayaran. Samangke tuwan sêkul upsinêr sampun ngintunakên bayaran, mila panjênêngan lajêng kalêbêtakên dados lêngganan malih kapetang wiwit 1 Juli. Nanging Kajawèn nomêr 54 sampun têlas.

Lêngganan nomêr 840 ing Medhan. Punapaa dene namung maringi f 1.- lêrêsipun f 1.50, Kajawèn ngajêng-ajêng jangkêpipun.

Lêngganan nomêr 2946 ing Susukan (Klampok), pos wisêl f 1.50 sampun kula tampi. Apsèndêr kasêbut: R. Radjab, nanging ngalamat ingkang sampun: R. Wirjadibrata, punapa kêdah kaewahan.

Lêngganan nomêr 763 ing Sala. Mila inggih makatên sayoginipun. Dados botên adamêl ruwêding administrasi. Kenging, kenging.

Lêngganan nomêr 3540 ing Banaran. Kajawèn tansah ajêg kakintun. Nomêr pintên ingkang dèrèng katampi.

Lêngganan nomêr 3373 ing Trate. Nomêr pintên ingkang botên katampi.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 3204 ing Madiun. Bab sajarah para nata Jawi, panjênêngan sagêd mundhut buku Arjuna Sasrabahu Serie No. 889 wêdalan Bale Pustaka, rêgi f 40.-, nanging sajarah nata wau namung dumugi Sinuhun Pakubuwana VIII.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun tampi buku Etang Theorie saking Boekhandel S.M. Diwarna ing Kuthagêdhe, satunggal iji, karanganipun Radèn Dijasupraba, buku wau prêlu kangge iksamên pungkasan ing pamulangan normal.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 1014 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

4.

[Sinom]

duk samana sri narendra / dupi cêtha nguningani / tandange satriya Rama / miwah dupi amiyarsi / gêrot anggêgirisi / sakala kongsi tan emut / nglênggêr nèng palênggahan / dangu sri nata tan mosik / saking kasok uning maring kaelokan //

dupi èngêt anjênggirat / nyawang maring sang linuwih / tumuli jumênêng nyêlak / kang asta kumlawe ririh / lan dèn tumpangkên nuli / pamidhangannya sang bagus / sarwi alon ngandika / dhuh putraningsun wong sigit / sira iku tuhu kêkasihing dewa //

ingsun dahat anarima / baya sira wus pinasthi / kang kawawa ngêmongana / putraning ibu pratiwi / mangkya tampanên nuli / sira aywa ewah-ewuh / lan ingsun tan akêndhat / mring sira paring pamuji / lêstaria lulus dèn ta ngraras driya //

III. Dhaupipun putra nata sakawan.

[Mijil]

mangkya gantya carita mangsuli / Dhasarata Katong / dahat suka duk mirêng wartane / putra nata Sang Rama ing mangkin / unggul dènnya jurit / munah ripu langkung //

miwah mangkya wus ngêntasi kardi / sayêmbarèng katong / Sri Janaka dènira adarbe / kang pusaka gandhewa linuwih / wus pinênthang dening / risang Rama rampung //

têmah antuk gêganjaran aji / Sang Rama ing mêngko / wus pinacang lan putri wartane / yèku putra Sri Mitila Aji / sang nata duk myarsi / suka sakalangkung //

sri narendra kaparêng ing galih / nuli arsa rawoh / mring Mitila mênggah kaparênge / arsa paring pangèstu putra ji / Risang Rama tuwin / Sang Laksmana luhung //

nulya budhal kanthi putra kalih / miwah wadya katong / tan kawarna nèng marga tindake / pan wus prapta ing Mitila nênggih / praptanirèng aji / dahat mawèh gugup //

sri narendra Mitila duk uning / enggal-enggal miyos / umapag mring tamunira age / nulya tundhuk samya atrap taklim / ing wusana kerid / umanjing kadhatun //

sêmunira sri narendra kalih / samya rênèng batos / wus katitik nèng sulak netyane / wusing lênggah Sri Ayodya nuli / angandika ririh / lan linut ing guyu //

kula dahat nuwun yayi aji / dene kapanujon / yèn pun Rama kaparêngkên mangke / manakawan wontên ngarsa aji / kula mung mêmuji / ing lêstantunipun //

Sri Janaka andhingkluk ngèsêmi / dyan ngandika alon / kang makatên baya wus pasthine / atas saking parênging dewadi / kula mung sadrêmi / tan kawasa tuhu //

lawan malih kula anggung mikir / mring sanggyèng lêlakon / janma yêkti tan bangkit agawe / lawan malih kula angèngêti / dènira dahat sih / Rama lan rinipun //

ing sasolah mung tansah katitik / rukuning karongron / datan nate pisah salamine / ing saparan mung tansah kêkinthil / tan pisan ngèngêti / kasangsayanipun //

kang mangkana kasêtyaning ari / dahat mawèh gawok / mila lamun nata marêngake / Sang Laksmana pantês pun paringi / gêganjaran ugi / putri ing kadhatun //

Sri Ayodya dupi amiyarsi / dahat ing rumojong / awit nata tan samar galihe / kumandêling tyas dahat nêrusi / mring Mitila aji / lir kadang satuhu //

dene putri nata kang pinilih / antuk lan sang anom / nênggih Dèwi Ormilah wastane / tuhu putri pinunjul ing warni / wus pantês nisihi / satriya binagus //

dene putra Ayodya kêkalih / kang umiring katong / ugi nulya ginusthi jodhone / Sri Narendra Mitila nginggihi / tan antara dadi / nênggih rêmbagipun //

putra nata kêkalih kang kari / kaparênging katong / wus agolong arsa dèn dhaupke / lawan putri kapenakan aji / datan pae ugi / kalihira punjul //

pan cinêkak caritane nuli / wus dhaup kalakon / putra catur sinarêngkên bae / kasoking kang suka-suka ngênting / warata mradini / kawula sadarum //

traping tata dhaupira nguni / nênggih cinariyos / sinatriya catur sadayane / dèn apit ing pra wadya sinêlir / busana sarwadi / katon mubyar murub //

sang pangantyan samya nitih èsthi / ginarubyug amor / pra pandhèrèk myang liya-liyane / datan kari kang badhaya srimpi / myang juru kêkawin / sarêng gumarudug //

wus pinerang sabên siji-siji / arêmpêg sagolong / singêr samya sinongsongan jêne / gumarudug lir ombaking sari / gumulung sarwa sri / linut swara umyung //

dahat asri lir ngrêngga nagari / sêngsêm sagon-ênggon / kaanan kang mangkana jatine / rarasira dahat angênani / anêrusi ati / sêngsêming asêpuh //

kocap para kang pangantèn putri / kang anèng kadhaton / sarwa adi dènira mangangge / kang sarira rinêngga sotyadi / sêmunira sami / nêngsêmkên pandulu //

wus adangu dènnya samya nganti / mring priya kang rawoh / datan kêndhat pasang padupane / ingobaran sarwa wangi-wangi / anggônda mratani / sajroning kadhatun //

sapraptaning pangantèn tumuli / sêsarêngan anjog / anjujug ing padupan nulya ge / gantya-gantya samya angubêngi / binarung swara tri / kang surak gumuruh //

têtabuhan umyung anyarêngi / swaranira amor / lan suraking janma kang arame / yayah sundhul ing tawang nêrusi / para dewa sami / ngudankên rum-arum //

sumawuring kusuma mratani / tiba sagon-ênggon / araras lir pambagyèng dewane / dènnya anggung amêdhar sêsanti / mring pangantèn sami / amrih tulus lulus // (Badhe kasambêtan)

--- [1015] ---