Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-13, #551

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-13, #551. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-13, #551. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 26-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 65, 17 Mulud Taun Jimawal 1861, 13 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Margi ing Genjeran, Surabaya

[Grafik]

Gambar nginggil punika kawontênanipun margi ing salah satunggiling padunungan ingkang sêpi ing Surabaya tiningalan ing wanci enjing.

--- 1032 ---

Kawruh Sawatawis

Pratikêlipun Malitur Gandhèngipun Kalihan Pangirit.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

Mênggah panggarapipun ingkang saèstu, pangumbahipun dandosan ingkang badhe kaplitur wau kêdah ngangge sodhah, punika rêrêgêdipun dados mêdhok wasana gampil larutipun ngantos kajêngipun katingal cêtha kados sadèrèngipun dipun pulas. Êtrapipun sodhah wau kaosèr-osèrakên mawi sêpêt supados botên dados sănggarunggi dhatêng ingkang anggarap. Êmpanipun toya sodhah dhatêng tangan lidhas, lêrês botên punapa-punapa, nanging botên sakeca raosipun. Sasampunipun wradin nuntên ginrujug ing toya, pisan damêl ginosok ing sêpêt sanèsipun, sakêdhap kemawon sampun luntur katăndha kajêng sampun katingal cêtha, sodhah wau mèh sabên toko wontên, rêginipun mirah f 0.50 sampun angsal sagêndul bir. Adatipun kanggenipun kêdah dipun jogi toya sagêndul êngkas supados botên kêkêrasên. Petanganipun botên ngantos wontên 1 sèn ing dalêm kursi satunggal (upami kursi dhudhuk). Sasampunipun garing, sanadyan kajêng wau kêtingalipun sampun alus, nanging êmèk-êmèkanipun taksih kasab, pramila prêlu dipun gosok mawi amril supados alus. Sampun mawi ingkang kasar, awit punika dede garapan têrusan, mindhaka pintên dados pating blarèt. Sapunika sampun wiwit kenging namakakên plitur mawi ingkang kênthêl rumiyin, garingipun têmtu enggal sangêt. Salajêngipun kêdah ginosok malih mawi kêrtas, amril ingkang sampun kangge, botên kenging mêtêk-mêtêk, anggang-anggang sampun cêkap. Yèn kaêmèk sampun alus lajêng dipun dhawahi malih, taksih plitur kênthêl, lan sagaringipun kêdah ginosok amril malih, salajêngipun. Dados bibar numpangi kêdah anggosok. Sapunika sampun kenging numpangi mawi plitur cuwèr, kaping kalih sampun cêkap, usar-usaripun kuwas, lan kaping tiganipun santun gosokan mawi rosokan kaos. Kaos wau dipun kuwêl-kuwêl agênging kuwêlan kadugi-dugi piyambak murih sakecanipun cinêpêngan. Kacêlupakên ing plitur lajêng kagosokakên ingkang wradin, sapunika sampun nama rampung. Barang wau sampun katingal mancèrèt kados ingkang nêmbe mêdal saking tukang mèbêl. Tumrap ingkang têrasan, dados garapan enggal, pulasipun kênthêl kaping 4, pulasipun cuwèr ugi kaping 4, pungkasanipun pulasan ingkang ngangge rosokan kaos, têmtu sampun cêkap. Garapan wau ingkang pêcak sapisan wontên kêkiranganipun, nanging dangu-dangu saking pakulinan têmtu manggih wadosipun mêdal saking angên-angênipun piyambak, pramila sampun bosên.

Kados kacriyos lampahipun ngirit-irit mêdal ing margi utami, sampun kula petang yèn ambêrahakên mirah-mirahipun tumrap kursi satunggal nyarupiyah, yèn kêrsa riyalat lan ngêcakakên piyambak wragadipun [wra...]

--- 1033 ---

[...gadipun] botên ngantos f 0.20. Yèn dipun manah bab wêdaling arta dhawahipun sami-sami, tumap ingkang nylirani bathinipun kasagêdan, punika ingkang sanyata kautamènipun.

Wasana andharan kula namung dumugi samantên, kirang langkungipun nyuwun pangapuntên, têlênging rêmbag babagan makatên punika kasumanggakakên.

Sumadi. Pangarasan.

Jagading Sato Kewan

Lêmbu Bênggala

Ing jaman salangkung taunan sapriki, lampahing among dagang ing tanah Jawi, kenging dipun wastani majêng, sanadyan dèrèng kenging dipun wastani kados jaman sapunika, nanging ugi sampun nama majêng. Mênggahing ajênging among dagang sagêd nitik saking wontêning asil siti ingkang dipun bêkta lêlintonan dhatêng sanès nagari, saya katingalipun malih manawi dipun titik saking kawontênanipun asil siti ingkang kabêkta dhatêng tanah sabrang.

Tamtu kemawon lampahing padagangan ingkang kados makatên wau, sanadyan tiyang ingkang botên anggadhahi, ugi botên kirang ingkang kacipratan barkahipun, sarana anggènipun bêbêrah. Dene lampahing bêbêrah wau warni-warni, wontên ingkang sarana angkat junjung, wontên ingkang sarana momot ambêktakan[1] bêbêktan dhatêng sanès panggenan.

Bêbêktan ingkang dipun bêkta têbih, limrahipun dipun wastani momotan, dene ingkang kangge ngêmot wau grobag, panarikipun lêmbu.

Saking kêlimrahipun kala jaman samantên, bab lêmbu punika dipun wigatosakên sangêt dhatêng tiyang kathah, lan katingal sangêt anggènipun dipun prêtèni, mila ing bab wontênipun pêkên rajakaya kala rumiyin inggih kalangkung agêng. Ingkang dipun wastani agênging pêkên rajakaya wau, botên kok agênging pêkên kewan pragatan, nanging pêkêning kewan ingkang badhe kangge tarikan, awit têtiyang sami ambêtahakên lêmbu ingkang nama sae, mila manawi nuju kalanipun pêkênan, kathah tiyang sami dhatêng pêkên, prêlu badhe tumbas lêmbu utawi nglintokakên lêmbunipun, pados ingkang langkung kiyat tuwin anèm.

Kala ing jaman samantên punika, sabên margi agêng katingal wontên garobagipun lêmbu lampah pating gêrot urut-urutan, saya tumrap ing margi-magi ing kabudidayan agêng, limrahipun kabudidayan gêndhis, grobag lêmbu wau kathah sangêt. Nanging lêmbu wau limrahipun dipun wastani lêmbu Jawi, têgêsipun lêmbu wêdalan ing tanah Jawi, wujudipun alit-alit. Tamtu kemawon kawontênaning lêmbu kados makatên punika, tumrapipun kangge tarikan inggih nguciwani, têgêsipun botên sapintêna kiyatipun, tuwin manawi ingkang ngêtrapi

--- 1034 ---

momotan botên mawi dugi-dugi, inggih lajêng enggal bobrok. Dangu-dangu tiyang Jawi sagêd angsal tarikan lêmbu bênggala, ing ngriku lajêng sagêd ngraosakên mênggah bedaning cakipun ing damêl, awit langkung kiyat tinimbang lêmbu Jawi, dados pikantukipun langkung agêng, awit sagêd ambêkta momotan ingkang langkung saking padatan, mila dangu-dangu têtiyang Jawi saya nêngênakên dhatêng lêmbu bênggala.

[Grafik]

Lêmbu-lêmbu bênggala ing Sumba ingkang kagiring badhe kakintunakên dhatêng tanah Jawi.

Ing bab makatên punika lajêng dipun uningani dhatêng parentah, têrang bilih têtiyang Jawi rêmên dhatêng lêmbu ingkang kados makatên punika. Ing ngriku parentah lajêng ambudidaya andhatêngakên lêmbu bênggala tulèn, asli saking nagarinipun, prêlu dipun angge pamacêk. Mênggah karsanipun nagari, supados lêmbu wau anuruni, dados lêmbu kajodhokakên kalihan lêmbu Jawi.

Ingkang kangge cobèn-cobèn, parentah milah panggenan ing dhusun Mirit, Kêbumèn, ing ngriku dipun wontênakên pabranahan lêmbu mêndhêt saking bapa lêmbu bênggala, biyung Jawi, kalampahan sagêd tumindak sae, turuning lêmbu wau agêng-agêng, kathah sangêt kaotipun manawi dipun timbang kalihan lêmbu Jawi dêlês. Mila parentah tanpa kêndhat tansah andhatêngakên pamacêk saking sabrang, amargi kathah tiyang ingkang badhe nindakakên.

Nanging dangu-dangu parentah anggalih, bilih tindak makatên wau wontên botên prayoginipun, nguwatosakên manawi tindak wau kandhêg, awit ugi wontên kalamăngsa awisan botên kenging ngêdalakên lêmbu saking satunggiling nagari, upaminipun manawi nuju măngsa pêrang, usum sêsakit rajakaya utawi sanès-sanèsipun.

Parentah lajêng manggalih, kados prayogi ambranahakên lêmbu bênggala tulèn, tinimbang ambalastêrakên tados[2] cara ingkang sampun tumindak. Dados botên gumantung ing tanah Indhu kemawon. Nanging mênggah caraning ambranahakên lêmbu ngamănca, inggih lêmbu bênggala wau, kêdah sagêd angsal papan ingkang: hawa, têdha tuwin sanès-sanèsipun sami, kados ing Indhu.

Kalampahan parentah sagêd amanggihakên papan ingkang nocogi, inggih punika ing Sumba utawi ing Sandhêlhut. Pasitènipun ing ngriku punika kakintên anocogi kangge pambranahan, têbanipun wiyar sangêt, têdha botên kirang, toya [to...]

--- 1035 ---

[...ya] kathah, ingkang kawontênanipun sairib kados papaning lêmbu bênggala asli wau.

Sasampuning maton, kala ing taun 1913 parentah andhatêngakên lêmbu saking Indhu 300, lêmbu samantên wau ingkang èstri 250, jalêripun 50. Dene caranipun ambranahakên makatên:

Lêmbu wau lajêng kagadhuhakên ing tiyang, sabên tiyang satunggal dipun gadhuhi lêmbu jalêr 1, èstrinipun 12 dumugi 20. Dene salêbêtipun anggadhuh wau, ing sabên taun nganaki dhatêng parentah awarni lêmbu jalêr 1, ngantos dumugi mangsulakên kados cacahipun sakawit, lan lamining anggènipun mangsulakên babon wau botên dipun watêsi.

Tumrap tiyang ingkang anggadhuh, pangupakaranipun gampil sangêt, awit lêmbu wau lajêng dipun wanakakên kemawon, namung kadhangkala dipun etang utawi dipun kandhangakên, prêlunipun supados lêmbunipun sampun dados galak.

Mênggahing pêpetangan, tiyang ingkang anggadhuh wau sakeca sangêt, sakawit anampèni lêmbu saking parentah, lêmbu wau sawêg umur 2 taun, limrahipun umur 3 taun sampun laki, dados manawi anggènipun anggadhuh sampun 3 taun, limrahipun sampun manak kaping kalih. Dene limrahipun lêmbu ingkang dipun ingah kados makatên punika manakipun palihan, sapalih jalêr sapalih èstri. (Badhe kasambêtan)

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan

III. Wanci lan urutipun lampah.

Supados botên tuna dungkap, ing ngriki badhe kula urutakên lampahipun saha gandhèngipun kalihan wanci.

Wiwitipun angringgit, inggih punika jêjêr sapisan, wontên antawisipun jam 8 sontên.

Rampung jêjêr kondur ngadhaton. Sabibaripun punika lajêng pasowanan jawi, tumuntên lurugan. Bidhaling prajurit warni parampogan (rêmpak) wontên ugi ingkang botên mawi lurugan. Dumugi punika taksih kalêbêt jêjêr sapisan.

Kondur ngadhaton, pasowanan jawi, tuwin lurugan punika wontên ingkang mawi gêndhing, wontên ingkang botên.

Bibar punika lajêng sampakan, dipun wastani: prang ampyak, utawi prang rêmpak, nanging punika botên kapetang sampakan, sabab punika dèrèng tamtu mawi.

Jêjêr ingkang kaping kalih, antawisipun jam 10. Sabidhalipun jêjêran lajêng sampakan ingkang sapisan, inggih punika: prang alit, utawi: prang simpangan. Dumugi punika antawisipun jam satêngah sawêlas.

Sarampungipun jêjêran ingkang kaping tiga, lajêng sampakan [sa...]

--- 1036 ---

[...mpakan] ingkang kaping kalih, inggih punika: prang sêkar, utawi: prang gagal. Dumugi punika antawisipun jam satêngah kalih wêlas.

Gara-gara, antawisipun jam 12 wêdalipun prêpat Pandhawa. Sami bêbanyolan, sêndhon, gêndhingan.

Sabibaripun prêpat sami bêbanyolan lajêng jêjêr ingkang kaping 4, bibar jêjêr lajêng sampakan ingkang kaping tiga, inggih punika prang begal. Dumugi punika antawisipun jam satêngah tiga.

Jêjêr ingkang kaping gangsal, lajêng sampakan ingkang kaping sakawan (prang tanggung, upawi prang sanga). Dumugi punika antawisipun jam satêngah sakawan.

Jêjêr ingkang kaping nênêm. Bibar jêjêran lajêng prang tanggung ingkang kaping kalih utawi prang manyura sapisan. Namung punika botên kapetang sampakan, awit botên têmtu mawi. Dumugi punika antawisipun jam satêngah gangsal, utawi langkung.

Jêjêr ingkang kaping pitu, lajêng sampakan ingkang kaping gangsal, dipun wastani: prang agêng utawi: prang manyura, dumugi galong (amuk-amukan). Inggih punika prang pungkasan, dumugi antawisipun jam satêngah nênêm (banjun enjing).

Têlas-têlasaning prang galong lajêng tayungan. Bibar punika lajêng kalêmpakaning para nata lan para satriya, tuwin para wadya. Lajêng katutup ing rêdèn (kayon) binarung ing pradăngga. Inggih punika ingkang dipun wastani: tutup kayon, antawisipun jam 6 enjing, byar raina.

Găngsa tuwin pathêt.

Ringgitan purwa punika prabotipun găngsa salendro. Wêwatoning panabuhipun găngsa punika din[3] wastani pathêt. Dene pathêt wontên warni tiga: pathêt 6, pathêt 9, pathêt manyura.

1. Pathêt nêm, inggih punika kangge wiwit jêjêr sapisan, wanci jam 8 sontên, dumugi jêjêran ingkang kaping tiga, utawi ngajêngakên gara-gara, kintên-kintên jam 11 kapara langkung.

Salêbêtipun wanci kasêbut nginggil, panabuhipun găngsa kêdah ajêg ngangge pathêt 6. Punapadene lagon, ada-ada, tuwin suluk sasaminipun inggih kêdah ingkang pathêt 6.

Pathêt 9. Punika dipun angge wiwit jam 11 dumugi jam 3. Wêdalipun ringgit wiwit prang sêkar (ngajêngakên gara-gara), dumugi jêjêr ingkang kaping gangsal.

Pathêt manyura (manywara), punika dipun angge wiwit jam 3 dumugi jam 6 enjing. Wêdalipun ringgit wiwit jêjêr ingkang kaping 6 dumugi tutup kayon. Salêbêtipun gara-gara, inggih punika wêdalipun prêpat, ngangge pathêt manyura. Sabibaring gara-gara wangsul malih dados pathêt 9.

Dados panganggening pathêt punika katumbukakên kalihan wanci tuwin wêdaling ringgit, lan sadaya kawêngku dening pathêt. Kados ta yèn pinuju kăndha salêbêting pathêt 6, kêdah ingkang sarèh, swara agêng. Manawi sampun pathêt 9 radi cancut, swara mindhak alit. Lan yèn sampun pathêt manyura, kêdah cancut, swara saya alit. Mila wanguning ringgit sasagêd-sagêd inggih kêdah salaras kalihan nuju wêdalipun. Upaminipun: wontên Krêsna ingkang kangge wontên pathêt 6, wontên ingkang kangge pathêt 9, lan wontên ingkang kangge ing salêbêtipun pathêt manyura. Swaranipun [Swarani...]

--- 1037 ---

[...pun] Krêsna ugi kêdah tigang warni, miturut pathêt, kados ingkang kasêbut ing nginggil. Trêkadhang Krêsna ingkang kangge jêjêran, wangunipun beda kalihan Krêsna ingkang pinuju mabur.

Kajawi punika kyai dhalang anggènipun nêdhani gêndhing kangge jêjêran ugi kêdah ngèngêti dhatêng pathêt, jalaran satunggal-satunggaling gêndhing gadhah pathêt piyambak-piyambak, tuwin watakipun ugi beda-beda. Badhe kasambêtan.

S. Purwawiyata. Wêlèri, K. 3018.

Bab Ukuran, Takêran lan Timbangan

Sampun watawis wulan laminipun anggèn kula amêmanah kalihan mitra kula ingkang pakaryanipun magêpokan kalihan bab ingkang badhe kula andharakên punika. wigatosipun ngrêmbag ing bab kasêbut nginggil, awit mênggahing pamanggih kados ugi prêlu yèn ta bab wau dipun sumêrêpana ing ngakathah, jêr sadaya tiyang tamtu kêsrambah.

Botên ngêmungakên tumrap kaum dagang kemawon prêlu migunakakên ukuran, takêran punapadene timbangan, inggih punika kangge ngêngukur, nênakêr tuwin nênimbang samubarang dêdaganganipun ingkang mêdal sarta mlêbêt. Ananging sanadyan tumraping tiyang gêgriya, nênukang, dados priyantun utawi ngulia pisan, tuwin sanès-sanèsipun, ugi sok migunakakên barang tigang golongan wau, kados ta: kêpengin lan prêlu nyumêrêpi sapintên panjang, wiyar, inggil, agêng, jêmbar tuwin bobotipun barang, punapadene tumrap nindakakên wajib, saha sanès-sanèsipun, amargi saking punika tiyang prêlu ugi nyumêrêpi lan mangrêtos dhatêng bab wau sadaya, pundi ingkang winastan lêrês lan prayogi, dados bilih wontên ewah-ewahan enggal, inggih prêlu kêdah sumêrêp lan mangrêtos pikajêngipun.

Tumrap ing tanah Jawi kala ing jaman kina, sadèrèngipun wontên ukuran ingkang nama: elo, mètêr, jar, sapiturutipun, tiyang Jawi ugi sampun gadhah ukuran piyambak, inggih punika ingkang kawastanan: pêcakan, kakèn, êron, dhêpan, cêngkangan, nyarèn, kilan, tumbakan, dêdêgan tuwin sanès-sanèsipun. Samantên ugi bab takêran, sadèrèngipun wontên nama litêran sapiturutipun, ugi sampun gadhah tatanan piyambak, kados ta gantangan, bêrukan, raupan, cêkothokan, gêgêman, jumputan, kranjangan, bojogan, cênthakan lan sanès-sanèsipun. Tuwin malih ing bab timbangan, sadèrènging wontên katèn lan gram-graman, pun lan onês, tiyang Jawi ngangge timbangan ingkang kawastanan: sagan, rêmbatan, tênggulukan (panggulan) gendhongan tuwin sapanunggilanipun.

Sadaya tiyang manawi prêlu ngêngukur, nênakêr tuwin nimbangi samubarang, inggih ngangge gadhahanipun piyambak wau, malah dumugi sapriki ingkang makatên punika [pu...]

--- 1038 ---

[...nika] limrah taksih sok kangge, langkung-langkung caraning padhusunan.

Sarêng tanah Jawi kaasta guprêmèn, lajêng wontên pranatan enggal, ing bab ukuran, takêran lan timbangan santun gagrag dados: mètêran, litêran, tuwin gram-graman sapanunggilanipun wau.

[Grafik]

Timbangan ingkang katêtêpakên dening parentah.

Wusana nyarêngi tumapakipun taun 1928 punika nagari angwontênakên pranatan langkung enggal malih, kados ingkang kapacak ing Staatsblad 1 Januari 1928 No. 255. Lajêng angwontênakên pakayan[4] enggal ingkang ngêmungakên anitipriksa sarta anjagi ing bab sae, lêrês lan prayoginipun bab ukuran, takêran lan timbangan wau gêgayutanipun kalihan among dagang, kantoripun ingadêgakên ing pundi-pundi panggenan ingkang winical kathah băngsa among dagang, kantor wau kawastanan: Ykwezenkantoor.

Saking pamirêng kula piyambak, kitha-kitha ingkang sampun wontên kantoripun Ykwezen inggih punika ing Batawi, Sêmarang, Surabaya, Bandhung, Cirêbon, Ngayogyakarta, Malang, Medhan, Makasar, Banjarmasin, Palembang tuwin sanès-sanèsipun, têmtunipun saya dangu inggih saya dipun jêmbarakên malih.

Sarêng wontên adêgipun pakaryan Ykwezen wau, ing pundi-pundi panggenan kathah tiyang pitakèn: punapa ta prêlunipun kantor Èikwèsên punika, lan ing ngriku panggenanipun punapa.

Pitakenan ing nginggil punika nelakakên bilih dèrèng jothok dhatêng karsanipun nagari angwontênakên pakaryan wau, tuwin punapa pigunanipun. Mila mugi kauningana bilih salami-laminipun, guprêmèn punika tansah mrihatosakên dhatêng para kawulanipun sadaya, murih tata lan têntrêm saha wilujêng, sampun ngantos wontên tindak ingkang botên apsah, upaminipun mêjahi (nyuda utawi amêwahi mripating timbangan, takêran sarta ukuran wau, awit makatên punika kalêbêt ngapusi. Nanging wontên ugi anggènipun gadhah tindak botên lêrês wau amargi saking gèsèhing ukuran, boroting takêran, utawi risaking timbangan ingkang dipun angge. Dados niyatipun botên badhe atindak botên lêrês, ewadene inggih mêksa dhawah botên cocog, nyêbal saking waton utawi anggèsèhi pêpathokan. Badhe kasambêtan.

Nirrasa. Kêpanjèn - Malang.

--- 1039 ---

Wawasan Nagari Mănca

Wahyu Karaton ingkang Lulut

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

Ing Kajawèn nomêr 63 tuwin 64 sampun ngandharakên ing bab wahyu karaton piridan saking Jawi tuwin Turki, ing sapunika gêntos nyariyosakên lêlampahaning nata Rumêni ingkang jumênêng sapunika, ing ngriki mawi kadekekan wêwarah:

Katrêsnaning biyung, antêping jêjodhoan, tuwin sêtyaning kawula.

Têtêmbungan katrêsnaning biyung, sintêna kemawon tamtu mangrêtos dhatêng lèrèging kajêngipun, tuwin sabên tiyang inggih ngrumaosi, lan sanadyan botên langgêng, nanging sampun nate ngraosakên dipun trêsnani ing biyung, awit saupami botên makatên, mokal saupami tiyang agêngipun botên lantaran dipun trêsnani ing biyung.

Ingkang dipun wastani katrêsnaning biyung ingkang langgêng, punika kajêngipun langgêng anggèning nênggani anak. Dados tanpa manggih sabab, dene mênggah langgênging katrêsnanipun punika tansah pinanggih nyatanipun. Wontên ugi biyung ingkang botên trêsna dhatêng anak, nanging sanadyan wontêna, inggih kalêbêt lăngka.

Katrêsnaning biyung dhatêng anak wau, manawi dipun patèni, wiwit ingkang nama tiyang alit, dumuginipun ratu pisan, raosipun inggih sami kemawon. Nanging mênggahing anak, asring ngosok-wangsul botên animbangi dhatêng katrêsnaning biyung.

Tumrap ing cêcariyosan kina, botên kirang biyung ingkang labuh ing anak, ingkang wosipun supados anakipun sagêd manggih kamulyan. Mênggah agêng aliting lêlampahan tumraping para agêng kalihan tiyang alit inggih sami kemawon, nanging tumraping para agêng, punapa malih ratu, punika lajêng dados cariyos.

Sêsorah ing nginggil punika kenging kangge ambukani cariyos ingkang badhe kapratelakakên ing ngandhap punika, inggih punika lêlampahanipun narendra ing Rumêni sapunika.

Nata Rumêni ingkang jumênêng sapunika, asmanipun Carol II. Sang nata wau anggèning jumênêng nata sanadyan sampun wajib tuwin lêrêsipun, nanging ugi mêngku cêcariyosan muyêk, malah tumraping nagari Rumêni, kintên-kintên dipun cathêt dados babading praja.

Ing sapunika sang nata wau yuswa tigang dasa pitu taun. Kacariyos nalika taksih jumênêng pangeran adipati anom, krama kalihan wanita sanès darahing luhur nama Cecilia Lambrino. Krama ingkang kados makatên wau, ingatasing praja nama botên prayogi sangêt, awit mênggahing calon pramèswari ingkang badhe dados sêkaring pura tuwin dados sêsêmbahanipun tiyang sanagari, botên pantês manawi saking asli alit. Ingkang kados makatên wau botên namung kandhêg ing ucap kemawon, malah ugi anêmahi botên damêl marêming manahipun para kawula, wusana sagêd nuwuhakên kawontênan ingkang botên prayogi.

--- 1040 ---

Lêlampahan ingkang andadosakên botên prayogi, inggih namung tansah damêl rubeda, ewadene tumrap ingkang nyarirani, dados sang pangeran piyambak, inggih sakeca kemawon. Nanging tumrap ingkang ibu, adhuh, risaking panggalihipun botên kadosa. Rintên dalu namung tansah mêmuji, mugi sang pangeran èngêta, awit mênggahing èngêtipun sang pangeran, atêgês rahayuning nagari. Samantên tuwuhipun katrêsnaning biyung.

Nanging mênggahing sang pangeran, malah ngandika: Satêmêne drajating kapangerananku, iya sanadyan dadia ratu pisan, mungguh marême mênyang ati, durung paja-paja ngiribi kaya anggonku anggarwa Cecilia. Bobote praja Rumêni isih anjomplang, yèn tak timbang karo bobote pêpujanku. Sasampunipun ngandika makatên, sang pangeran malah nyèlèhakên kasatriyanipun, tur sampun dipun galih lêrês, nanging tamtunipun inggih tumrap lêrêsipun sang pangeran piyambak, yèn ta kawêdala pangandikanipun: ura-uruning praja iku têtela aku kang anggawe, dadi sirêpe iya kudu saka aku, nanging saupama sirêpe mau kudu nganggo disaranani nguwalake intên jumêrutku, adhuh, iba rêkasane pikirku, harak luwung ambuwang kawibawan bae. Tur pakolèhe iya padha, wose kawula kene banjur têntrêm. Sasampunipun makatên, sang pangeran inggih lajêng sèlèh kapangerananipun sayêktos. Samantên anggènipun sang pangeran ngantêpi garwa. (Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Gambar nginggil punika kawontênanipun têtiyang èstri băngsa Pèrsi saha anak-anakipun ingkang sawêg sami kasuntik.

--- 1041 ---

Rêmbagipun Garèng lan Sêmar

Bab Imigrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 64).

Garèng: Wis, ma, mara tumuli ngandikakna mungguh rugi lan kauntungane wong-wong Jawa padha pindhah nyang sabrang kuwi. Nèk panêmuku, ma, wong Jawa pindhah nyang liya panggonan kuwi, kok malah akèh rugine katimbang kauntungane. Jajal saiki tak aranane saka siji karugiane mau. Kang kapisan: adat tatacarane sok banjur malih. Tandhane wong-wong Jawa sing nang Batawi bae, kuwi akèh sing tatacarane dhewe jarene wis lali, sabanjure nuli nganggo tatacarane wong Buda. Upamane bae mangkene: lumrahe wong Jawa kuwi, apa manèh yèn isih nom, liwat ing ngrêsane priyayi sêpuh, kuwi kajaba muni: kula nuwun, utawa yèn andhap asor bangêt, ya muni: ngapuntên dalêm sèwu, iya disaranani nganggo mundhuk-mundhuk, utawa laku dhodhok, nanging sarèhning wis kêsuwèn nyang paran, ora ngêmungake ora muni kula nuwun kula nuwun, utawa tanpa nganggo mêndhak-mêndhak, ning ungglang-ungglung ngadêg bae, nanging le mlaku-mlaku malah sinambi nganggo singsat-singsot.

[Grafik]

Sêmar: Wiyah, nèk kaya ngono omongmu rak kêladuk kuwi jênêngane. Yèn wong kêlawasên ana ing paran, banjur owah adat tatacarane, kuwi iya pancèn mèmpêr, nanging nèk banjur ilang babarpisan kayadene unimu mau, hla kuwi arane rak: têrlalu. Anggone tak unèkake mèmpêr, yèn adat tatacarane banjur owah, awit nang paran wis ora pati kulina migunakake tatacarane dhewe, jalaran saka kêkumpulane karo băngsa-băngsa sing ora ngênggoni adat tatacara sing mêngkono mau, wis mêsthi ta yèn wusanane, mênyang tatacarane dhewe banjur kaku. Nèk laku dhodhok, wis ora luwês, pêkungkungan kaya wong andingkik jangkrik, anggone nyêmbah, carane sausap karo: sojah kuwi, apa manèh yèn kudu lungguh sila, iya kalakon mêngkungkung kaya lumpang mêngkurêp têmênan. Lo, kuwi kabèh jalarane ora liya, iya sabab saka kurang kulinane, mulane kowe aja maido.

--- 1042 ---

Garèng: Iya wis aku nrima, saiki karugian kang ăngka loro. Wong Jawa sing wis rada suwe nang mănca, basane ora karu-karuwan, banjur campur adhuk kaya sênenjong. Arêp muni: ora wêruh bae, diêlih: êndhak wêruh. Arêp ambasakake: aku arêp manggon ana ing kene, jêbul: kula badhe tilar wontên ing ngriku, dumèh: manggon, cara Mlayune: tinggal, banjur dikramakake: tilar, mèh bae wong sing ngomong mêngkono mau, tak wêlingake: trêbêla lan mori saêmblog. Dalasan ambasakake petungan bae, ana sing kêladuk Malayu, kaya ta: sêlawe, dikramakake: kalih dasa gangsal.

Sêmar: bab kiyi iya ora kêna dipaido, awit ana ing tanah mănca prasasat wis ora tau migunakake basa Jawa, mulane basane Jawa iya banjur campur ora karuwan mêngkono. Wis lumrah ta, ing bab apa bae, yèn banjur ora dikulinakake manèh, suwe-suwene iya bisa kalakon lali têmênan, tandhane aku kiyi, jalaran saka anggonku ora ngulinakake manèh, yèn mangan, sanadyana wis kalêbon kênthang rong kati, yèn durung dilambari sêga rong piring, rasane wêtênge iya isih ampang bae.

Garèng: Wayah, rama kiyi biyèn apa pancèn kulina dhahar kênthang, kathik kaya sing dilairake ing Amsêtêrdham bae. Ora, ma, cêkakane rak iya bênêr, ta, kaya aturku ing ngarêp mau, ya kuwi: owah dat tatacarane lan owah basane.

Sêmar: Kuwi pancèn iya bênêr, yèn pindhahane mung wong saêlêr, utawa rong êlêr. Nanging sing dikarêpake ing kene kiyi, imigrasi gêdhèn-gêdhènan, dadi iya ora mung wong puluh-puluhan, nanging iya wong atusan, sokur bagi bisa nganti ewon, kayadene sing wis kalakon, ana ing Gêdhongtatakan ing tanah Lampung. Hla, kuwi yèn kowe ana ing kono, ora bakal nyana lan ngimpi, yèn ana ing tanah sabrang. Iya uwonge, adat tatacarane, panganggone, anggone omong-omongan, dalasan le mangkur utawa nyinom pisan, iya Jawa tus, Jawa tulèn, Jawa jêkèk, Jawa totok ...

Garèng: Nèk rumasaku, ma, sing diarani totok kuwi băngsa Walănda, dudu bangsane dhewe kiyi. Mungguh karêpe têmbung: totok, kuwi kiraku saka: thok thok. Têmbung kiyi mêsthine rama rak iya ngrêtos, padhane yèn rama mêntas kalah main, kuwi dukamu sok promosi, jalaran wis kalah, ngêlih, barêng arêp dhahar jêbul lawuhe lagi padha pêrlop kabèh, dadi anane mung sêga: thok, thok. Dadi têgêse sêga thok kuwi, maligi mung sêga bae, ora ana campurane: jangan bobor, utawa blêkothok lombok, lan liya-liyane. Mêngkono uga Walănda: thok-thok, sing kêlanture dadi: Lănda totok, kuwi karêpe iya Walănda sing ora kacampuran abang, irêng, kuning, nanging sing jan Walănda grès kae. Lo, kuwi mungguh panêmuku.

Sêmar: E, kok rada beda karo panêmuku.

--- 1043 ---

Totok, saka: thok thok, kuwi aku rujuk. Nanging panêmuku: thok thok, kuwi unining lakune wong nganggo sêpatu. Ing sarèhning băngsa Walănda kuwi nganggo sêpatu ...

Garèng: Dadi sarèhning rama kuwi ngagêm sêpatu, anggêpe iya Walănda. Sanadyana panjênêngane rama ngagêm sêpatu, tindake rak ora: thok, thok, nanging: kêthoplak, kêthoplak. Wis, wis, ma, saiki aku arêp nyuwun priksa manèh mênyang rama. Nèk mungguhe panêmuku, sanadyan imigrasi kuwi digêdhèkake pisan, têgêse: pindhahane wong-wong Jawa bisa mak byêng, atusan babarpisan, ewadene iya mêksa ana sing ora ngêpenakake, yaiku: bakal akèh wong sing royal-royal, lan bakale iya akèh bocah jadah.

Sêmar: Lo, lo, lo, kok banjur nyandhak sing ora gênah mêngkono, imigrasi ora niyat arêp ngêjokake karoyalan, têgêse: ora nêdya nglelangi wong wadon kang laku ala.

Garèng: Lo, ora mangkono mungguh karêpku, ma, anggonku matur ngundhakake wong-wong sing royal utawa bocah jadah, kuwi mangkene:

Lumrahe wong gêlêm pindhah sabrang kuwi rak wong lumrah-lumrah bae, arang ta yèn bangsaning: pêngulu, kêtib, modin, kaum, lan sapanunggalane, kon gêlêm mèlu pindhah nyang tanah sabrang. Hla, saiki sanadyana wong kontrakan pisan, rak iya ana kalamangsane kêpengin lakirabi. Ing sarèhning panggonane anyar mau, ora ana wong-wonge sing dipatah dikon ngijabake bakal pangantèn, apa wong-wonge mau, banjur salawas-lawase dikon dhudhuk pre bae, lan iki apa ora banjur ngakèh-akèhi bocah-bocah anak jadah.

Sêmar: Kandhamu kiyi pancèn iya bênêr bangêt, nanging pracayaa nyang aku, Garèng, yèn ingkang kuwasa mêsthi bakal nganakake kêkurangan sing kaya unimu mau. Mulane iya kudu sing sabar dhisik. Nanging rêmbugane saiki padha dilèrèni dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

[Grafik]

Gajah-gajah ingkang sami gambira ing manah, kalanipun mêdal saking kandhang, sami kapurih lêlumban ing toya.

--- 1044 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Tiyang minggah kaji kacêpêng.

Kawartosakên saking Mêkah, bilih Tuwan Dhatuk Putih, tilas kapala dhistrik ing Solok tuwin kulawarganipun, ingkang sami nuju wontên ing Mêkah, dipun cêpêng atas saking dhawuhipun Nata Ijas. Mênggah jalaranipun, Tuwan Dhatuk Putih wau dados warganing ebah-ebahan Amadiyah ing Sumatra Kilèn.

Ulam pindhang mawa racun.

Ing Bojonglowah Bandhung wontên tiyang sade ulam pindhang dipun sêrêg ing pulisi, jalaran sade ulam pindhang sampun awon, andadosakên kathah tiyang sakit ingkang dipun upakara ing griya sakit, tuwin mirid papriksaning dhoktêr inggih jalaran saking ulam wau.

Rêdi Krakatao.

Kawontênanipun rêdi Krakatao tansah mindhak-mindhak, sumêbaring awu ngantos adamêl ribêd. Jêblosan pinanggih kaping 551 ing dalêm sadalu. Ingkang kaping 44 inggilipun langkung 500 mètêr, ingkang inggil piyambak 750 mètêr. Puncratan latu rambah-rambah. Inggiling anakan pulo Krakatao sampun 50 mètêr.

Tèlêgram wontên ing sêpur.

Kawartosakên, wiwit benjing tanggal 1 Sèptèmbêr, sêpur nomêr 1.2.3. tuwin 4 ing tanah Jawi, ingkang sêtatsiunipun sakawit Wèltêprèdhên, Bandhung tuwin Surabaya, têtiyang ingkang sami numpak sagêd kintun tèlêgram partikêlir lumantar kantor pos, lajêng kapasrahakên dhatêng pangagêng rèsturan, watêsaning têtêmbungan 8 têmbung, waragadipun kapetang sami f 1.45. pangagênging rèsturan mangke ingkang badhe masrahakên dhatêng sêtatsiun ingkang badhe dipun kèndêli ngajêngipun.

Konggrès P.P.B.B.

Pakêmpalaning para priyantun pangrèh praja pribumi, mêntas damêl parêpatan wontên ing Surakarta, manggèn ing kapatihan Mangkunagaran, kathah ingkang sami angrawuhi, wêwakil gupêrnur Surakarta, Residhèn Letterie, Asistèn Residhèn Abbenhuis, Kangjêng Pangeran Arya Mataram, minăngka sêsulih dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta. Pangarsa, ingkang bupati ing Bandhung mêdhar sabda ing bab tumindak damêl sêsarêngan, ingatasing pakêmpalan wau, salajêngipun nyariyosakên ing bab tumindaking pakurmatan tuwin sanès-sanèsipun. Pakêmpalan wau ing sapunika gadhah warga 3800, cacah 53 apdhèling. Ing pangajêng-ajêng, benjing taun 1931 sagêda nyambut damêl sêsarêngan kalihan pakêmpalaning para bupati.

Malariah ing Cieyah.

Wontên pawartos bilih ing bawah Cieyah, sawetan Cianjur, kathah sangêt tiyang ingkang katrajang sêsakit malariah. Tumraping lare kathah ingkang tiwas.

Pasiraman jaman kina.

Ing taun kapêngkêr Oudheidkundige Dienst manggihakên tilas pasiraman ing jaman kina wontên sacêlakipun haltê Singasari, papan pasiraman wau lajêng karan nama: Watugêdhe. Nalika papan wau dipun dhudhuk cêtha awujud pasiraman, wontên balumbangipun, panjangipun 30 mètêr, wiyaripun 8 mètêr. Ing pasiraman wau kaperang kalih, lêbêt kalihan cèthèk. Ingkang ing perangan cèthèk mêdal tukipun santêr, lajêng dipun talang-talang lajêng wutah ingkang inggilipun 2½ mètêr. Toyanipun bêning sangêt. Patilasan wau kenging kangge ancêr-ancêr, bilih ing ngriku punika ing jamanipun kina wontên karatonipun. Ing sapunika pasiraman wau kangge padusanipun têtiyang kanan kering ngriku. Malah kawartosakên, bilih wontên usul dhatêng parentah, supados pasiraman wau dipun mulyakakên.

Iksamên ing nagari Walandi.

Kawartosakên, Kangjêng Pangeran Arya Adinagara, putra dalêm ingkang sinuhun ing Surakarta, lulus kandhidhat iksamên Bouwkundig ingenieur ing Delft nagari Walandi.

Pandamêlipun gêdhong kabangsan ing Surabaya.

Wiwit panggarapipun gêdhong kabangsan ing Butulan, Surabaya, katingal rame sangêt, saya manawi nuju dintên Minggu, têtiyang ingkang dhatêng ing ngriku punika sami dana bau. Sadaya padamêlan ing ngriku sami dipun tandangi kanthi lêganing manah. Dr. Sutama tuwin Ir. Anwari tansah katingal wontên ing papan ngriku. makatên ugi dhatênging têtêdhan anggili tanpa kêndhat, saking dananing tiyang kathah, prêlu kangge nyugata dhatêng têtiyang ingkang sami nyambut damêl.

Sanatorium Minahasah.

Wontên pawartos opisil, bilih pangagênging pakaryan kasarasan, kaparingan panguwaos tumbas siti kangge ngêdêgakên sanatorium tiyang ingkang katrajang sakit paru ing bawah Minahasah. Jêmbaring pasitèn wau 45.000 mètêr pasagi, wontên ing Langohan, rêgi f 5061.42. Bab punika dados têtanggêlanipun Minahasah komite ing nagari Walandi, ingkang nyadhiyani arta dhatêng parentah Indhonesiah kangge prêlu wau.

--- 1045 ---

Badhe papriksanipun Ir. Sukarna.

Bab prakawisipun Ir. Sukarna, Tuwan Gathot Mangkupraja, Maskun tuwin Supriyadinata, benjing tanggal 18 wulan punika badhe kapriksa ing pangadilan landrad ing Bandhung. Ingkang badhe ngêmbani prakawis Mr. Suyudi, saking Ngayogya, Mr. Sartana, saking Batawi Mr. Sastra Mulyana saking Têgal, tuwin Radèn Idhiprawiradiputra Rechtskundige ing Garut.

Wiwit tanggal 4 Agustus, para ingkang badhe ngêmbani kaparêngakên mariksa sêrat-sêrat praboting prakawis, laminipun 14 dintên, tuwin kaparêngakên sabên dintên mariksa para dakwa dhatêng pakunjaran. Saksi-saksi ingkang badhe kapriksa wontên 113, sagêd ugi badhe langkung samantên.

Asiah.

Kangge nyakecakakên tumindaking rêmbag.

Alahabad, 5 Agustus (Aneta-Nipa). Raja mudha andhawuhakên pindhahipun panuntun Indhia konggrès Pandit Moti Lal Nehru tuwin anakipun Jawahar Lal Nehru, ingkang dipun kunjara wontên ing Poona, panggenan panahanipun Sang Gandhi. Prêlunipun supados anggampilakên tumindaking padhamèn.

Ura-uru.

Bombai 5 Agustus (Aneta-Nipa-Radio). Salêbêtipun golongan konggrès damêl arak-arakan wontên ing Sholapur, wontên tiyang 5000 malêbêt ing toko-toko. Ingkang gadhah toko sami kapurih nutup tokonipun. Pulisi lajêng dhatêng anêngahi, wontên tiyang ingkang nandhang tatu 15, kathah ingkang dipun cêpêng.

Wadya parentah sagêd ngêbroki Sangsa malih.

Nanking 5 Agustus (Aneta-Nipa). Kawartosakên, bilih wadya parentah sampun sagêd malêbêt kitha Sangsa ing wanci enjing.

Tindaking kaum Komunis.

Pèiping 5 Agustus (Aneta-Nipa). Kawartosakên, Komunis golongan tiyang awon nawan Nonah Nettleton tuwin Harrison. Darijinipun Nonah Nettleton dipun kêthok saha kakintunakên dhatêng pangagêng nagari kanthi gadhah panêdha têbusan 50.000 dholar. Manawi sampun dipun têbus, nonah kêkalih wau badhe dipun luwari.

Tilas nata Afghanistan wangsul dhatêng Rome.

Sêtambul 7 Agustus (Aneta-Nipa). Tilas nata Amanoellah ingkang nuju langkung kalihan kulawarganipun wontên ing Villa Therapis, ing kalanipun măngsa bêntèr, dipun lilani lêrêm dening parentah Turki, nanging lajêng enggal-enggal wangsul dhatêng Rome. Anggènipun kasêsa wau kakintên jalaran saking wontênipun ebah-ebahan ing Afghanistan.

Eropah.

Angin agêng.

Genève 5 Agustus (Aneta-Nipa-Radio). Ing Genève wontên lesus anggêgirisi, kanthi mêndhung andhêdhêt, ngantos salêbêtipun jam, lajêng lumampah dhatêng tanah Prancis, ngantos adamêl kapitunan 2 yuta prang. Margi-margi sami kalêban toya, ngantos angandhêgakên lampah.

Nagari Walandi.

Cobèn-cobèn ngawontênakên jawah.

Scheveningen 7 Agustus (Aneta-Nipa). Ing bab anggènipun Tuwan Veraart nindakakên cobèn-cobèn ngawontênakên jawah, dipun jênêngi ing tiyang ewon. Tumindaking damêl sarana ngangge mêsin mabur 3 anggêgana, dipun awat-awati mêsin mabur sanèsipun kêkalih. Kathah mega-mega ingkang dipun sawati ès ngantos 3000 kilo. Têtiyang sami ngraosakên angin asrêp, nanging mega-meganipun têrus lumampah. Botên andhawah, kala-kala soroting srêngenge katingal. Miturut katranganipun Tuwan Veraart, dayaning ès sagêd ngambyarakên mêga, soroting srêngenge adamêl tètèsing toya, nanging têlas sadèrèngipun dumugi ing siti. Bab punika badhe dipun ambali malih ing wanci sontên, awit kakintên, bilih ing wanci dalu langkung prayogi kangge ngawontênakên jawah.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 3989 ing Kabangsan, rêgining prangko katanggêl dening Bale Pustaka. Dados panjênêngan kantun nampi ing dalêm.

Lêngganan nomêr 3627 ing Singaraja. Kajawèn ingkang dèrèng katampi dening ingkang putra (K. no. 3771) sampun kakintun.

Lêngganan nomêr 2936 ing Majênang. f 3.- sampun katampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 1627 ing Mênadhu. f 3.- sampun katampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 4820 ing Glènmore. f 3.- sampun katampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 2360 ing Purwakêrta. Saupami taksiha, tamtu kula caosi. Nanging sampun têlas.

Lêngganan nomêr 1663 ing Kuthaarja. Manawi wontên Kajawèn ingkang dèrèng katampi, kula aturi enggal paring papriksa nomêripun. Ngalamat samangke sampun kalêrêsakên. Arjuna Sasrabahu ingkang sampun mêdal sawêg jilid 1, rêgi f 0.40.

Lêngganan nomêr 4032 ing Kêbon Agung (Mlathi), wiwit nomêr 65 Kajawèn kula kintun ngangge kêndhit mrapat, manawi taksih dipun ganggu malih kula aturi paring papriksa. Nomêr pintên ingkang dèrèng katampi.

Lêngganan nomêr 2981 ing Têgalgănda. Sababipun botên sanès kajawi: binegal ing margi. Makatên ugi lampahing Kajawèn ingkang tumrap sadhèrèk ab. no. 4082 ing nginggil punika.

--- 1046 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana.

6.

[Kinanthi]

sanadyan ing praja umyung | atanapi jroning puri | janma samya suka-suka | ananging Dèwi Kekèyi | mung tansah arawat waspa | sêmu kalangkung prihatin ||

ing purwa mung mèt pamatut | anut iyêging sasami | ananging wêkasanira | ing tyas saya katêtangi | ketang saking tan narima | mring kaparênging narpati ||

tuwuhing tyas kang kumutug | tan pae raosing gêni | tan pisan kêni pinênggak | malah kawuryan andadi | ing sêmu kongsi katara | lamun kabaranang runtik ||

tan kêndhat antuk pangimur | dening pra parêkan cèthi | ananging tan pisan mêndha | malah wontên kang pêpeling | yèku pawongan kang sêtya | wêdharing wacana aris ||

dhuh gusti nataning wadu | ywa pisan kaduk ing tampi | awit wus salêrêsira | kaparêngirèng narpati | lan kados wus karsèng dewa | têtêp datan kenging gingsir ||

ing têmbe paduka tamtu | wus pinasthi badhe nyèthi | mring pramèswari Kosalya | garwa kang sêpuh pribadi | benjang-enjang kalampahan | dadya ibuning narpati ||

mung sang putri drênging kayun | datan pisan-pisan kêndhih | malah têtêp ing samangkya | kasantosanirèng galih | arsa adarbe paminta | maring sri nata tumuli ||

yèn samangkya putranipun | yèku Barata mrih bangkit | pinilih jumênêng nata | lan malih sang Rama mugi | dèn singkirna saking praja | ywa kongsi dadya kalilip ||

gêlarira sang dyah ayu | dènnya mèt upaya sandi | nulya minggah mring pamujan | anggung tawan-tawan tangis | sêsambat lir calapita | angadhuh sêsambat mati ||

busana sirna rinacut | binucal sumêbar siti | amarêngi duk samana | sri nata arsa pinanggih | mring sang dèwi awêwarta | adêging narendra siwi ||

dupi sri narendra ngrungu | sêsambatira sang dèwi | nulya rawuh ing pamujan | kanthi trênyuhing panggalih | tumuli alon anyapa | apa ta mulane iki ||

umindêla sira masku | sira aywa tawan tangis | paran ta darunanira | sira sajarwaa yêkti | yèn sira darbe paminta | yêkti ingsun pituruti ||

satuhuning ucap ingsun | măngka prasêtya sayêkti | ingsun mung sarwa kaduga | lamun bangkit nambadani | sira ywa karasa-rasa | yogya larutên tumuli ||

jatine sabda puniku | mung măngka ngarêm-arêmi | mrih sang putri ywa karuna | aran mung ngimur-imuri | nanging risang pramèswara | dahat dènnya anggêgêgi ||

pramèswari nulya matur | ing sêmu kaworan tangis | kawula nuwun sri nata | kawula amung ngèngêti | kados dhêdhawuh paduka | gêganjaran kalih warni ||

duk nata gêrah rumuhun | kawula rumêksèng gusti | ngantos dumugi waluya | paduka aparing janji | arsa aparing ganjaran | ing samangkya ulun mosik ||

punapa nata kalimput | arsa anyidrani janji | sampun kongsi mèh sawarsa | sapunika mugi-mugi | sri nata angèngêtana | nuntên dhawuha tumuli ||

sri nata karasèng kalbu | tumuli ngandika ririh | ingsun datan pisan cidra | lah mara matura yayi | ingsun yêkti nêkanana | sira ywa samar ing ati ||

sawusira antuk dhawuh | anênggih Dèwi Kekèyi | rumasa antuk jalaran | dènnya darbe tindak sisip | wêdharing kang pangandika | lir linuding guna dhêsthi ||

dene kang kawula suwun | kang kapisan mugi-mugi | sinuhun marêngna ngangkat | Barata jumênêng aji | mêngkoni praja Ayodya | sampun wontên kang nisihi ||

dene kaping kalihipun | mugi sri nata nglêgani | anyingkirakên pun Rama | kongsi kawan wêlas warsi | mêdala jawining praja | lir satataning têtaki ||

yèku tatèng gêsangipun | kadi caraning maharsi | lah inggih amung punika | kang dahat ulun èngêti | yèn ta kongsi tan kalêgan | ulun tamtu nêmah pati ||

riwusing matur sang ayu | nulya gumuling ing siti | dahat dènira karuna | lan sêsambat mêlasasih | sri narendra kongsi kewran | anggung ngêngimur sang putri ||

pangimurira sang prabu | mangarah murih sang putri | ywa kadaut darbe karsa | mangkana sabdaniraji | dhuh-dhuh yayi umèngêta | ywa darbe tindak tan yukti ||

jatine karsanirèku | tatanira nyulayani | nêrak pranataning praja | kang wus tumindak salami | yèn ta kongsi katêmahan | datan antuk ucap bêcik ||

ngèlingana pra lêluhur | kang samya jumênêng aji | tumêrah kongsi samangkya | putranira kang gumanti | sayêkti putra kang tuwa | wus kaprah ing ngêndi-êndi ||

yogya jabêlên aturmu | ywa kêncêng sira gondhèli | kalamun sira puguha | sira aran tan ngèlingi | iya marang jênêng ingwang | lan tan ngeman mring nagari ||

dupi midhangêt sang ayu | saya sru dènira nangis | lan ing galih puguh dahat | akukuh lir arga wêsi | tan obah tinêmpuh barat | têtêp mung kêncêng ing galih ||

sang prabu mêksa tan surut | anggung ngêngimur sang putri | kongsi saratri tan pêgat | sarèh dènnya ngandikani | ananging sang putri mêksa | puguhing galih tan kongkih ||

têmah sri nata mung minggu | dening kawêkèn ing galih | sadalu tan antuk karya | dènira angarih-arih | lupa raosing sarira | satêmah kataman kingkin ||

[Asmaradana]

duk ing gagat wanci enjing | swarèng dalu lir sinuwak | ginantyan ing pêksi rame | putêr munya sêsauran | ngumandhang nèng kadhatyan | kadya sasmita wèh wêruh | lamun wus cakêt raina ||

upyêk sajêroning puri | wartanira wus warata | kalamun Sang Rama mangke | arsa jumênêng narendra | sumilih rama nata | swaraning jago kaluruk | araras suka pambagya || (Badhe kasambêtan)

--- [1047] ---

 


ambêktakakên. (kembali)
kados. (kembali)
dipun. (kembali)
pakaryan. (kembali)