Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-16, #553

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-16, #553. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-16, #553. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 66, 20 Mulud Taun Jimawal 1861, 16 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Laladan Nagari Ès

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun nagari ès (Ysland) ingkang dipun wastani pul. Jalaran taksih awis-awis dipun ambah ing tiyang, bêbujênganipun ing ngriku sami tutut-tutut.

--- 1048 ---

Raos Jawi

Urun Udhu Bab Ringgit

[Sinom]

rarasing gita sri nata / dènirarsa angudhoni / jaman kuna crita wayang / yaiku wasita Jawi / supaya amikani / arsa gayuh kawruh luhur / tata traping susila / sadaya wus anèng ringgit / larasira gathuk kawruh kasunyatan //

mungguh kawruh karawitan / kang kanggo ing tanah Jawi / manawa ayun sampurna / mumpuni saliring ngilmi / prayoga ajar ringgit / dadi dhalang wastanipun / kono gon kawruh pêpak / sasat sèsining rat iki / wus kacêkêl kacakup dening ki dhalang //

ana ujaring bêbasan / tan kewran dhalang angringgit / arêp jaluk lakon apa / masthi bisa mituruti / ora amadal sumbi / wus putus sakèhing ngilmu / ing Srat Sastramiruda / wêwatone wong angringgit / kudu bisa ing gêndhing ingkang sampurna //

kudu bisa pramasastra / dasanama jarwa Kawi / pramabasa mardiguna / wruh asal usuling ringgit / kang yasa jaman nguni / sambegana têgêsipun / kudu sarwa elingan / awicarita puniki / dadi dhalang iya kudu sugih crita //

wasitaning pra bijaksa / iya kudu anyênyambi / amarsudi kabatinan / tan gampang ngaku ngêngkoki / rungsiting rasa ngilmi / manawa iku kaliru / kalantur bawa kuma / nampi sikuning Hyang Widhi / marmanira ingaran gawat kaliwat //

anggagapi pralampita / kayon kayuning ngaurip / pinêtha kadi gunungan / kang pinanjêr têngah kêlir / ginambar amêpêki / las-alasan warninipun / sato kewan wanarga / wisma kalawan sujanmi / isining rat wus kalêbu nèng gunungan //

kayone binêdhol dhalang / cinêkêl pucuking ardi / nulya dèn ubêngkên sigra / kinarya anyasmitani / sagunging pra mirsani / aywa darbe ambêg punjul / adiguna ngaguna / kawruhana kang satiti / isining rat wus kacakup anèng dhalang //

kayon iku ingkang yasa / duk nguni Jêng Sunan Kali / kajaba dadi sasmita / yèn dhalang iku linuwih / têgêse wus mumpuni / sampurna ing uripipun / iya môngka pèngêtan / rampunge iyasa ringgit / kang sangkala gêni dadi sucining rat = 1443 //

dêbog kêlir blencong uga / iyasan Jêng Sunan Kali / dêbog raga wadhagira / pôncamaya iku kêlir / dhalange muntabakin / wayang pôncadriyanipun / balencong darusalam / alip muntaklimun wakit / iya iku sajatinira sing nanggap //

dene yèn Sèh Siti Jênar / sing nanggap iku Hyang Widhi / kang dadi dhalang pangrasa / wayang ngên-angêning janmi / blencong jiwaning urip / kêlire si napas nupus / anpas lawan tanapas / dêbog pandulune sami / lan pangrungu pangambu lawan pangucap //

yèn Kangjêng Pangeran Arya / Kusumadilaga swargi / dêbog wardine bantala / dhalang pramananing budi / sari pangrasa jati / kêlire si awang-uwung / wayange daryamaya / balenconge ênêng êning / pramananing sing eling iku sing nanggap //

dene lêlakoning wayang / mung gêrban kanggo jarwani / wiwit jêjêr nganti bubar / tumrap kaanan ing lair / lir

--- 1049 ---

lakuning ngaurip / tangi turu paminipun / tansah anglaras driya / kang prayoga dilakoni / kang mangkono kongsi tutug arsa nendra //

mung tumraping kabatinan / kang gawat kaluwih-luwih / dhêdhasar kawruhe jêmbar / asatiti ngati-ati / metani siji-siji / diurut lêlakonipun / wit lêlakoning wayang / nora masthi ngampat gaib / ana uga pasêmon lakuning jaman //

ana baku lakon kuna / linuri têkan saiki / ana mung amburu suka / ramening prang dèn sênêngi / sawêngi nora sêpi / kongsi sêpên rasanipun / wit kèh-kèhing manungsa / masthi bisa nganggit-anggit / mung kawruhe beda-beda ora padha //

tancêp kayon wus bubaran / wayang kêlir dikukuti / tinata mlêbu ing kothak / dêboge dibuwang kali / blenconge isih urip / pangarêpe tyas rahayu / wèh dipaning kanang rat / tutug lakone sawêngi / wayang bubar dhalang pamitan sing nanggap //

wasana sumanggèng karsa / sagunging para nupèksi / sajatine kang mangripta / maksih katunan ing budi / wus ngaku angêngkoki / mudha punggung tur balilu / mung kèlu ardèng driya / nênulad para winasis / wong karasa pangèsthinirèng Suksmana = 1861 //

Pak Jaya.

Pajawaran - Banjarnagara.

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan

IV. Kawontênaning ringgit

(Warnining golongan)

Kados ingkang sampun kalêbêt ing pêpacak 12 bab ing ngajêng, dhalang kêdah sagêd ambedakakên suwaraning ringgit satunggal-satunggalipun. Dene pathokan pamêndhêting suwara punika kêdah ngèmpêr dhatêng wandaning ringgit, tuwin kêdah nyumêrêpi dhatêng wêwatêkanipun.

Ing ngriki nêrangakên rumiyin mênggah kawontênanipun ringgit salampahan, miturut wujud, kenging kaperang dados tigang golongan agêng, inggih punika:

1. Golongan wujud manungsa.
2. Golongan wujud kewan.
3. Golongan wujud barang (kalêbêt kayon).

Golongan ingkang wujud manungsa kaperang dados 5.

1. jawata
2. manungsa
3. wanara
4. dênawa
5. jim (brêkasakan sasaminipun)

Miturut wônda utawi wêwangunan, ringgit ingkang

--- 1050 ---

kalêbêt golongan wujud manungsa, kaperang malih dados 5.

Ha. Gagahan (upami Suyudana, Wrêkudara, Baladewa, wontên warni 4, 1. plêlêngan, 2. pêtèn, 3. kêdhêlèn, 4. kincêran.

Na. Katongan (upami Basudewa, Sêtyajit) wontên warni 4, 1. plêlêngan, 2. pêtèn, 3. kêdhêlèn, 4. kincêran.

Ca. Bambangan (upami: Ôngkawijaya, Wijanarka) wontên warni 2, 1. kêdhêlèn, 2. liyêpan.

Ra. Sêtrèn (èstrèn) wontên warni 5, 1. plêlêngan, 2. pêtèn, 3. kêdhêlèn, 4. kincêran, 5. liyêpan.

Ka. Bayèn wontên warni 5, 1. plêlêngan, 2. pêtèn, 3. kêdhêlèn, 4. kincêran, 5 liyêpan.

Suwaraning ringgit satunggal-satunggalipun (sawatawis wontên ingkang kasrapatakên dhatêng larasing gôngsa)

Suyudana, golongan plêlêngan. Suwara: kasrapatakên laras 6 agêng. Kêdaling suwara sarèh lan kêndho.

Sêngkuni, golongan pêtèn (gusèn) suwara: kasrapatakên laras jôngga. Kêdalipun sarèh, sèlèhipun pajêg.

Wrêkudara, golongan plêlêngan. Suwara kasrapatakên laras 6 agêng. Kêdalipun sêrêng lan antêp.

Gathutkaca, golongan plêlêngan. Suwara kasrapatakên laras barang. Kêdalipun sêrêng, dhawahipun antêp.

Janaka, liyêpan luruh. Suwara agêng luruh.

Puntadewa, liyêpan luruh. Suwara: luruh, botên patos agêng. Kêdalipun sarèh.

Ôntarêja, golongan plêlêngan. Suwaranipun kasrapatakên laras barang silir ragi alit, kêdalipun sêrêng, dhawahipun antêp.

Bomantaka, golongan plêlêngan. Suwaranipun kasrapatakên laras barang silir alit, kêdalipun ladak, dhawahipun pajêg. Badhe kasambêtan.

S. Purwawiyata. Wêlèri, K. 3018.

--- 1051 ---

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Rawuh ing Bale Pustaka

Kala ing dintên Jumuwah tanggal 8 Agustus wanci jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, kalihan putrinipun Freule de Graeff, paduka Tuwan Gerke, Algemeene Secretaris tuwin ajidan dalêm rawuh ing Bale Pustaka. Rawuh dalêm wau dipun tampèni dening paduka tuwan dhirèktur pangajaran Prof. Schrieke tuwin paduka tuwan up amtênar Bale Pustaka Dr. Drewes. Lajêng dipun dhèrèkakên ing Tuwan up amtênar mariksa golonganing padamêlan warni-warni, kados ta golongan redhaksi, administrasi, pasimpênan buku-buku, expeditie, pangêcapan tuwin sanès-sanèsipun. Rawuh dalêm wau dangunipun kintên-kintên 1 jam. Gambar punika, gambar dalêm nalika miyos saking kantor Bale Pustaka.

[Grafik]

Miturut pawartos, salêbêtipun wulan punika, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe rawuh ing kantor-kantor ingkang wontên ing Batawi, kados ta: tanggal 11 rawuh ing bèngkèl S.S. ing Manggarai, 14 dhatêng Landsarchief, 16 dhatêng pamulangan luhur pangadilan, 18 dhatêng kantor pangêcapan gupêrmèn, tuwin tanggal kaping 20 dhatêng kantor panacah jiwa. Rawuh dalêm wau sami katamtokakên jam 9 enjing.

--- 1052 ---

Wawasan Nagari Mônca

Wahyu karaton ingkang lulut

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Sintên tiyangipun ingkang botên gawok dhatêng tekadipun sang pangeran wau. Nanging sayêktosipun bab makatên punika inggih botên kenging dipun gumuni, awit tekading tiyang punika beda-beda, lan malih sadaya punika rak namung nyawang.

Kacariyos pramèswari Maria, inggih punika ingkang ibu sang pangeran, nguningani tekadipun sang pangeran ingkang makatên punika sakalangkung trênyuh ing galih. Nanging sang pramèswari punika satunggiling putri ingkang lêpas ing budi, pintêr, botên kawêkèn angêmori tindak ebah-ebahaning praja, mila botên namung lajêng ngênês jalaran saking anggagas murang saraking putra, malah lajêng pados rekadaya murih sang pangeran sagêd uwal kalihan garwanipun wau. Kalampahan sang pangeran sagêd uwal yêktos kalihan garwanipun kinasih, malah botên namung uwal kemawon, ugi lajêng kondur dhatêng praja, saha sang pramèswari sagêd anjumênêngakên pangeran adipati anom malih.

Sang pramèswari botên marêm samantên kemawon, sang pangeran lajêng kakramakakên putri darahing ngaluhur, nama putri Helena putrinipun nata Yunani, inggih punika kala ing taun 1921, saha sarêng ing taun 1927 kagungan putra satunggal miyos kakung, kaparingan nama Pangeran Michael.

Manawi mirid ing nalar, sang pangeran kados inggih sampun marêm ing galih, dening sampun krama angsal putraning nata, wah sampun pêputra, makatên malih sampun wangsul kaluhuranipun lami. Nanging ing paribasan wontên têtêmbungan: ciri wanci, inggih punika tumrap lêlampahanipun sang pangeran kala samantên, awit sang pangeran lajêng tuwuh panggalihanipun ingkang botên lêrês malih, lêga lila anilar kapangeran patènipun, prêlu ngantêpi anggènipun wanuh kalihan Nyonyah Lupescu. Lampahan punika anjalari pêpisahanipun sang pangeran kalihan garwa putra.

Kados saking sampun tuman, sang pangeran sabên kataman godha ingkang kados makatên punika pêpindhanipun kados kalêbêt ing pangalapan, supe ing purwa duksina, malah ing nalika punika lajêng sumingkir dhatêng Paris, nanging sumingkiripun wau mênggahing nalar botên kok jalaran saking lingsêm kalihan kawula ing Rumêni, nanging pancèn prêlu badhe pados kasênêngan, nguja mungkaring panggalih, nyatanipun dene sarêng wontên ing Paris lajêng botên ngêmungakên Nyonyah Lupescu kemawon, ugi lajêng wanuh kalihan wanita sanès. Môngka ing Paris punika sampun misuwur panggenan kasênêngan, sampun tamtu kemawon sang pangeran lajêng kalêbêt dhatêng jaman sasar.

Sapêngkêripun Pangeran Carol, putri Helena sakalangkung nalôngsa ing galih, tujunipun sang putri kagungan pamarêm nyandhing putra, ingkang warninipun sakalangkung andêmênakakên, lan kêpêksa manggèn wontên ing kadhaton Rumêni, kêbêkta saking putra wau kagungan pancêr karaton. Sanadyan sang putri [pu...]

--- 1053 ---

[...tri] ing batos sakalangkung risak saking angèngêti raka, nanging kêpêksa namung kakandhut kemawon.

Kacariyos Prabu Ferdinand, inggih punika ingkang rama Sang Pangeran Carol, tansah gêrahên kemawon, wusana seda. Ngantos sadumugining seda wau sampun botên wontên ucap ing bab Pangeran Carol, dene ingkang sumilih kaprabon, wayah nata Pangeran Michael, ingkang kala samantên taksih yuswa 6 taun, lan sarèhning dèrèng yuswa, ing bab tumindaking pangasta praja taksih dipun wakili, atas asmanipun sang prabu anèm.

Sayêktosipun mênggah lêlampahaning manungsa punika botên têtêp, cocog kados raosing pikiran, sakêdhap-sakêdhap santun, dados saupami supe, inggih wontên èngêtipun. Makatên ugi Pangeran Carol ingkang sawêg kalêlêp wontên ing pangalapan, dangu-dangu inggih èngêt badhe kondur amangsuli kaluhuranipun ingkang sampun katilar lami. Sêdyanipun kondur dhatêng praja badhe nitih mêsin mabur karajan Inggris, nanging lajêng dipun pambêngi, jalaran karajan Inggris sawêg gêgayutan rêmbag kalihan praja Rumêni. Sang pangeran nyandèkakên sêdyanipun, lajêng lêrêm wontên ing parêdèn ing tanah Bèlgi.

Pramèswari nata suwargi, botên kêndhat tansah ngudi murih konduring putra, nanging kadamêl rêmit sangêt.

Sayêktosipun kala rumiyin têtiyang Rumini mèh sadaya botên mathuk kalihan sang pangeran, jalaran saking awoning kalakuan. Nanging kala samantên ing praja Rumini wontên gêgolongan warni kalih, ingkang satunggal golongan kabangsan, punika nayogyani konduripun Pangeran Carol II dene satunggalipun golongan libêral, botên anyondhongi konduripun sang pangeran. Mênggahing sababipun golongan libêral botên anyondhongi konduripun sang pangeran, jalaran sang pangeran botên mathuk kalihan golongan wau, awit ancasing golongan wau namung badhe ngagêngakên golongan tiyang bôndha-bandhu.

Saking gêmpunging panggalihipun sang pramèswari Maria, ngantos anggolong kalihan golongan ingkang botên rêmên sang pangeran. Nanging inggih punika, mênggahing tiyang sêpuh dhatêng anak, bêbasanipun tegaa larane, ora tega patine. Mila sang pramèswari inggih kêpêksa manggihi putra, nanging tindakipun nyalamur, tuwin ngandikakakên, sang pramèswari inggih badhe nyondhongi dhatêng konduripun sang pangeran, samantên wau bilih sang pangeran kaparêng rukun kalihan putri Helena malih, awit putri Helena punika dipun trêsnani sangêt dening tiyang siti, dados sang pangeran manawi kapengin dipun suyudi ing kawula, inggih kêdah rukun kalihan putri Helena malih.

Anyarêngi kalamangsanipun badhe angsal pangapura, golongan ingkang nayogyani konduripun saya santosa saha lajêng sagêd gandhèng kalihan wadya praja, mila lajêng mênang daya.

Cêkakipun kalampahan sang pangeran sagêd kondur saha lajêng jumênêng nata, dene sang prabu timur kalorod dados pangeran adipati.

Kados makatên mênggah wujuding wahyu kraton ingkang taksih lulut, sanadyan kapalangana ing pakèwêd, inggih botên badhe oncat.

--- 1054 ---

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, nalika rawuh ing pamulanganipun têtiyang bisu ing Bandhung. Tuwan tuwin nyonyah ingkang wontên têngên dalêm punika, Tuwan Dr. Roelfsema tuwin nyonyahipun, pangagênging pamulangan wau. Gambar ing têngah alit, gambaripun paduka Sultan Trêngganu. Gambar ing kiwa têngên ngandhap, pasamuwan sèndhêng ing Dhepok.

--- 1055 ---

Jagading Sato Kewan

Lêmbu Bênggala

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Limrahipun tiyang ingkang anggadhuh, sanadyan sampun gadhah lêmbu ingkang kangge mangsulakên dhatêng parentah, nanging botên purun mangsulakên, namung narimah nganaki kemawon. Dene tirahanipun lêmbu jalêr kasade dhatêng parentah, saha parentah tamtu nampèni anggènipun nyade wau. Wontênipun gadhah tindak makatên, inggih jalaran angèngêti bilih anggèning anggadhuh wau tanpa watês laminipun.

Sarêng ing taun 1918 pambranahan lêmbu ing tanah Sumba sampun sagêd ngintunakên turunaning lêmbu bênggala wau dhatêng tanah Jawi, têgêsipun turunan ing ngriki, inggih lêmbu bênggala tulèn, namung kaot kabranahakên wontên ing tanah Sumba, lan bapa biyungipun botên ewah asipat lêmbu bênggala, mila turunipun inggih awujud lêmbu bênggala kemawon.

[Grafik]

Lêmbu kagiring minggah dhatêng baita.

Sarêng ing taun 1925 salajêngipun ngantos sapriki, sabên minggu sampun sagêd ngintunakên lêmbu bênggala 30 dumugi 60. Rêginipun lêmbu jalêr wontên ing Sumba f 55.- èstri f 45.- dados langkung mirah tinimbang lêmbu ing tanah Jawi. Nanging mênggahing waragadipun kathah, kados ta waragading kapal K.P.M. saking Sumba dumugi Têgal f 30.- nginggahakên dhatêng kapal ing Waingapu tuwin mandhapipun saking kapal wontên ing Têgal f 7.50, waragad wêdaling lêmbu saking papan panggenanipun f 5.-, sukêt kalihan ingkang jagi f 5.-, dados waragadipun kemawon sampun f 47.50. Mila manawi kangge lêmbu pragatan pêpetanganipun lajêng langkung awis, awit rêgining lêmbu pragatan limrahipun namung f 80.-

Mênggah cara-caraning ngangkatakên lêmbu wiwit saking Sumba ngantos dumugining Têgal makatên: sakawit lêmbu dipun giring ngantos rantap-rantap kathah, tiyang ingkang anggiring mawi numpak kapal, dados botên pakèwêd anggèning ngêtut rindhiking lampahipun lêmbu, beda sangêt kalihan tindakipun tiyang anggiring lêmbu ingkang namung dharat, limrahipun lampahing lêmbu rindhik sangêt

--- 1056 ---

kabêkta saking ngêtut lampahipun ingkang anggiring, awit saupami lampahing lêmbu rikat, tiyang ingkang ngêtut tamtu badhe rêkaos lampahipun. Môngka manawi tumrap ing Sumba, namung nyakajêng kemawon, malah kapara ngajak rikat. Tindaking tiyang anggiring rajakaya mawi numpak kapal wau, tumrapipun ing tanah Jawi dèrèng wontên, jalaran ing tanah Jawi botên wontên pambranahan ingkang kados makatên, lan malih mênggah têbaning pangumbaran inggih botên wontên ingkang kados ing tanah Sumba, mila ing tanah Sumba tiyang ingkang anggiring mawi kapal, punika tumrapipun manawi nuju wontên têbaning pangumbaran sagêd anyakajêng dhatêng sabaning lêmbu, sagêd ngoyak, sagêd ngalang-alangi, awit manawi botên makatên, badhe rêkaos sangêt tindakipun.

[Grafik]

Lêmbu ingkang kakèrèk saking baita, badhe kainggahakên dhatêng kapal api.

Lampahing lêmbu wau sadumugining pasisir lajêng dipun inggahakên ing baita, ingkang badhe kangge ambêkta dhatêng kapal agêng. Patrapipun anglêbêtakên dhatêng baita kadamêlakên uwot saking dharatan gathuk kalihan baita, uwot wau namung cêkap kangge langkung lêmbu satunggal, mawi aling-aling kiwa têngên, dados lêbêting lêmbu dhatêng baita gampil, lan botên mutawatosi. Salêbêtipun lêmbu kabêkta wontên ing kapal, limrah badanipun sok susut, amargi kabêkta saking salêbêtipun wontên ing kapal wau kirang kobèt papanipun.

Saking baita wau sadumugining kapal, inggahipun sarana dipun kèrèk, mangke andhapipun ugi makatên. Patrap pangèrèking kewan agêng kados makatên wau, tumrap tiyang ingkang dèrèng nate sumêrêp tamtu gumun, awit ingatasing kewan agêng makatên têka gampil kemawon, lajêng botên sagêd budi, inggih sanadyana budi inggih namung karoncalan sakêdhap, sasampunipun gumandhul lajêng botên sagêd punapa-punapa.

Amangsuli rêmbag ing bab waragading lampah sadaya wau, manawi dipun petang ingkang kathah piyambak waragading kapal, dados indhaking rêrêgèn lêmbu, ingkang kathah ingkang jalaran saking waragad wau.

Ingkang makatên punika tumraping K.P.M. kados pantês sangêt saupami purun ngandhapakên waragad wau, awit manawi têtêp kados makatên, tumraping lêmbu ingkang namung badhe kangge pragatan badhe

--- 1057 ---

botên sagêd tumindak wontên ing tanah Jawi, awit rêrêgènipun langkung awis tinimbang lêmbu pragatan sanèsipun. Limrahipun lêmbu pragatan rêginipun namung f 80.- môngka punika langkung saking f 100.-, dados tumraping jagal, badhe botên purun tumbas. Lan malih manawi ngèngêti agênging pigunanipun, saya malih manawi ngèngêti rekadayanipun nagari anggènipun ngawontênakên lêmbu wau, tindakipun namung pantês angsal pangalêmbana, ewadene tumraping sanès, ingkang pancènipun sagêd ambiyantu, ingkang tumônja dhatêng umum, upaminipun inggih K.P.M. wau, têka botên salaras kalihan tindakipun nagari, tandhanipun botên sagêd damêl kamayaraning waragad, ingkang pikantukipun badhe kadamêl sudaning rêrêgèn lêmbu. Ingkang punika kados sampun pantês sangêt manawi K.P.M. purun nyuda waragad wau, ngèngêtana bilih lêmbu wau dados kabêtahaning ngakathah.

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Wiyos, aja pisan andadèkake mangkêlanging rêmpêlumu, Kang Garèng, dene anggonku kirim layang iki rada kasèp. Sababe ora ngapa, mung jalaran salawase ana ing Sala, aku kapêksa ngowahi pakulinanku sabên dinane. Ing sarèhning aku kiyi sawijining wong kang ngudi bangêt marang tumindaking paribasan: rukun agawe santosa, mulane sajêroning aku ana ing Sala wêktu sêkatèn iki, aku tansah ambudidaya anglakoni kabèh samubarang gawe kang ditindakake wong Sala umume ing sajêroning sêkatèn. Ngêmungake saêbab sing tansah dak singkiri ora tau dak lakoni, awit niyatku nyang Sala kiyi arêp ngrasakake têmênan mungguh rasane wong mêrdika. Dene saêbab sing tak singkiri bangêt mau, yaiku: samubarang gawe sing sarwa kangelan. Wah, Kang Garèng, turne anggonku nglakoni tumêkane saiki lagi limang dina, nang awak rasane jêbul wis pating klênyit bangêt, dhing. Ing môngka sing tak lakoni kuwi mung lumrah bae, kaya ta: nèk bêngi ora tau saba ngomah, nèk awan mung ... klayaban. Nanging amrih têrange, jajal tak caritakne nyang kowe sing urut kae.

Anggonku mangkat saka Batawi sida ing tanggal 4 sasi Agustus kiyi. Ing sarèhning ing dina iku uga, aku kudu wis nyang Sala, lakuku iya banjur kapêksa nunggang sêpur kilat. Lan ing sarèhning lakuku kuwi ora partikêlir, nanging dhinês, dadi tindakku nyara priyayi jêklèk, mulane iya banjur kapêksa nunggang klas loro, tur anggonku manganggo iya tak kayang têmênan. Kala samono apa manèh kowe Kang Garèng oraa pangling nyang aku, bok iya sing momong kiraku iya pangling, wong aku dhewe bae ana ing sêpur, barêng lumêbu ing pakiwan, ana ing sangarêpe pangilon, ujug-ujug aku banjur andhêngkluk urmat, tak arani sing nang ngarêpku kuwi bêndara priyayi gêdhe têmênan, apês-apêse asor-asore [asor-asor...]

--- 1058 ---

[...e] iya priyayi patih, sanadyan namung Patih Sangkuni utawa Patih Logêndèr bae nanging rak iya jênêng patih, ta. E, jêbul-jêbul sing tak urmati mau mung ayang-ayanganaku dhewe. Ing sakawit nunggang sêpur ana ing klas loro kuwi aku ya rumasa garang, brêgas, mungguh lan jêmpol, nanging barêng sêpure mandhêg ana ing sêtatsiun Prupug, aku banjur muring-muring bangêt, awit ing kono aku wêruh: bakul sêga pêcêl lan bakul sate, kang anjalari gorokanaku tansah langsir bae. Apa manèh wêtêngku wis suwe anggone kalurak-kaluruk, jalaran durung kalêbon sêga wadhang. Arêp tuku: isin, awit kalasamono ngrumasani lagi dadi bêndara gêdhe bangêt. Mulane barêng sêpure mangkat manèh, sanalika kono aku banjur mêling nyang jongos sêpur anjaluk dhaharan cara Walônda. Iya jalaran saka brêgasing panganggoku mau, aku banjur ora sondèl mêling: sêga gorèng lan sapêpadhane, nanging sing tak wêlingake iya: kênthang bêstik saporsi. Nanging bawane wêtêng kulina kisenan sêga lawuhe jangan gori utawa gudhêg, sanadyan diisènana kênthang rong kati lan daging rong pun pisan, lêt sajam bae wêtêngku iya banjur kêmrampyang manèh.

Ora, Kang Garèng, kiraku bakal kêdawan layangku kiyi, yèn tak caritakna kabèh mungguh lêlakonku ana ing sêpur saka Bêtawi nyang Surakarta mau. Mulane arêp tak jujug bae nalika têkaku ana ing sêtatsiun Balapan. Sanadyan aku wis kêrêp lêlungan nyang Sala, ewadene barêng aku mêdhun saka sêpur, kalasamono pikiranaku iya rada bingung, awit salawase ana sêkatèn kiyi, niyatku ora arêp manggon nyang hotèl kayadene adate yèn aku kabênêr ana ing Sala, nanging niyatku arêp andhèrèk mondhok nyang dalême prênah paman kang jumênêng dadi sêkul opsinêr ana ing Surakarta kono. Dene prêlune, ing sarèhning paman mau wis rada lawas ana ing Sala, dadi têmtune bisa paring katêrangan warna-warna kang migunani tumraping awakku. Nanging bawane aku kiyi ngêplêki bae karo para propesor, dudu kapintêrane, nanging lalène, dilalah sing didalêmi paman mau, saka pangèstumu, sanadyan aku wis bola-bali mrono, iya lali. Mulane barêng aku lagi plompang-plompong ana ing sêtatsiun dipêthuk putrane kathik anggawa motor, gêdhening atiku prasasat sajagad bêngêp têmênan. Anggonku gêdhe atiku mau, 1e. jalaran anggonku bakal anjujug nyang dalême paman mau mêsthi ora kêsasare, 2e. anggonku ngrumasani dadi dara priyayi gêdhe, ora owah, nanging malah banjur promosi, yaiku malah banjur dadi: dara priyayi gêdhe tur sapupu têkuk. Luwih manèh barêng aku dingandikani dening pamanku mau, yèn sajêroning aku nyang Sala kiyi pinarêngake nunggang otone, wèh, rasaning atiku mak pêthunthung prasasat kaya ... walang wadung. Sauwise aku disugata saprêlune, aku banjur mubêng-mubêng - wis mêsthi ta yèn nitih motor - prêlu anêmoni para mitraku. Jam 8 thèng aku lumêbu ing papan sêkatenan. Mungguh kaanane ing kono ora beda karo pasar malêm lumrah, bedane mung sathithik, [sathi...]

--- 1059 ---

[...thik,] yaiku: anane warung dhaharan sarta resturan akèh bangêt, mêngkono uga anane toko-toko warna-warna lan sasayahe têmênan. Dene anane tontonan iya rada pêpak kaya ta: wayang wong, dhogèr saka Bandhung, Andhe-andhe Lumut, drimolên, yaiku: kae lo Rèng jaran-jaranan kretan, sarta têtunggangan liya-liyane manèh, sing tansah mubêng-mubêng kae. Kajaba iku iya ana mungsike lan jèsbène, cêkake tontonan kumpêlit, tur sing akèh tontonan Jawa kabèh. Mung tontonan siji, sing sajêkku aku ginanjar urip ana ing ngalam donya kene aku durung tau wêruh. Mulane sauwise aku mubêng-mubêng, banjur amrêlokake nonton kuwi dhisik.

Mungguh anane pranasmara kiyi kabare durung suwe. Dene sing andhawuhake yasa: Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda. Sing padha main kabèh wong wadon. Lakone sing kanggo pranasmara mau warna-warna, iya anjukuk lakon wayang purwa, dongèng panji, lan sapiturute. Mungguh kagunan Jawa sing dipitontonake ana ing kono kuwi aku wis ora bisa nacad. Jogède pêng-pênan, têmbangane: iya ambêlagit. Nalikane aku nonton, lakone: Sri Manuksma. Nèk tak caritakna kabèh anane lakon kiyi, kiraku malah marakake ngilêrmu bae. Kajaba iku panontonku ora tutug, kathik rada ora pati ngrêti, jalaran saka sayah anggonku mêntas nyêpur, cangkêmku tansah angop, lan mataku tansah mêlèk mêrêm bae. Mung nalikane mêtu Bancak lan Dhoyok, mataku mak pêndirang lan kupingku banjur mak jêpiping, sabab arêp tak cocogake karo sing wis dijukuki ana ing plat-plat gramopun. We, hla, thik jêbul srêg bangêt. Dilalah sing dadi Bancak kuwi, iya sing dijukuk nang plat kae, yaiku: Mas Ajêng Manggis. Wadhuh, nang ati, le mak cês kaya ngombe ès kopyor. Têtêmbangane Bancak Dhoyok sing nang plat-plat kae, iya mêtu kabèh, kaya ta: dhandhanggula turulare, pangkur gègèrsore, ima-ima, glathik incêng-incêng, lan isih akèh manèh tunggale, cêkake mèh kabèh andadèkake lêga lan sênênging atiku, mung saêbab sing agawe sêpêting mripatku, yaiku pêrange Bugis karo Radèn Pratinggi Sinom Pranawa, hla, apa mèmpêr, wong wadon têka main pêncak, iya kêthuwal-kêthuwêl kaya wong anggusah pitik, ambok iya sing dadi Bugis kuwi disalini ganti wong lanang bae, kiraku iya luwih cikat, lan luwih tandang. Nanging sapa wêruh, ya Kang Garèng, yèn ing kono ana sêdya arêp ambuktèkake, yèn wanita kuwi ing jaman saiki ing bab apa bae, ora prêlu kalah karo priya.

Kanthi mata andaluyub, kira-kira jam 12 aku bali nyang pondhokan. Wis, Kang Garèng, layangku tak punggêle samene dhisik, liya dina dak kirimi layang manèh.

Surakarta 9 Agustus 1930.

Rayinirèku Petruk.

--- 1060 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Imigrasi

Kala Minggu ingkang kapêngkêr kapal api Jêmbêr labuh ing Tanjungpriuk, ambêkta tiyang siti gangsal atus, ingkang kathah asli saking Jawi Têngah badhe nyambut damêl dhatêng Indhia Kilèn.

Dhêndhan agêng.

Pangadilan landrad ing Pangkalpinang andhawahakên ukuman dhatêng satunggaling sudagar bôngsa Tionghwa kathahipun f 38.000-, ing bab batu api pêtêng. Ing sadèrèngipun andhawuhakên karampungan, ambêskup barang-barang toko rumiyin, ing ngriku pinanggih wontên batu api 600 kilogram, dakwa kêdah ambayar beya f 180.000-

Pamulangan kaum ibu.

Kawartosakên, bilih saking pambudidayanipun Nonah Siti Rahayu, guru pawiyatan Rini ing Surabaya, sagêd ngêdêgakên pamulangan kaum ibu wontên ing kampung-kampung, kathah para wanita têtiyang siti ingkang sinau maos lan nyêrat. Ingkang sampun tumindak majêng ing kampung Gêntèng, Pacarkêling tuwin Wanakrama. Kajawi punika, pamulangan wau ugi sampun ngêdalakên tuntunan maos dipun namakakên: aku sinau maca. Sêrat tuntunan wau rêginipun namung 10 sèn salêmbar. Pikantukipun tuntunan wau ugi katingal.

Sêrat kabar Jênggala badhe dados kabar padintênan.

Bilih botên wontên pambêngan, sawatawis dintên malih kalawarti Jawi nama Jênggala ing Surabaya, badhe kadadosakên kabar padintênan. Ingkang mandhegani Tuwan Ayat tuwin Isbandi.

Palapuran Dhigul.

Miturut pawartos, parentah sampun nampèni palapuranipun paduka Tuwan W.P. Hillen ing bab pikantuking papriksan ing Dhigul. Parentah sampun lapur lumantar tilgram dhatêng ministêr pan koloniên ing nagari Walandi. Ing bab wontêning palapuran wau ing pangintên, anggènipun maradinakên tumrap nagari Walandi tuwin Indhia badhe kasarêngakên, inggih punika samôngsa ministêr pan koloniên angladosakên dhatêng wèdhêkamêr, tuwin tumrapipun Indhia dhatêng polêksêrad.

Pasamuwan Mulud.

Dhawahing dintên garêbêg Mulud, Mohamadiyah P.S.I. tuwin J.I.B. ing Batawi ngawontênakên arak-arakan. Malêming garêbêg arak-arakan wau ngalêmpak wontên ing masjid Cikini, ingkang sami dhatêng kathah sangêt. Lampahing arak-arakan saking cikini dhatêng gêdhong pêrmupakatan, anglangkungi kêbon binatang, Parapatan, Kwitang tuwin Kramat. Jalaran saking kathahipun ingkang sami tumut arak-arakan, ngantos wontên sanèsipun golongan ingkang dipun cêgah ing pulisi.

Têdhak Dipanagaran.

Awit saking panuwunipun Radèn Mas Dawud Dipanagara tuwin kulawarga sanès-sanèsipun, ingkang sami asli têdhak Dipanagaran, sapunika angsal dhawuh saking parentah, kaparêngakên kêkesahan dhatêng pundi kemawon.

Arta krêtas ingkang dipun risak.

Salêbêtipun wulan Juli kapêngkêr, Algemeene Rekenkamer nyirnakakên arta krêtas, damêlan nagari Walandi ingkang rêgi f 2.50 cacah 680.000 lêmbar, rêgi f 1.- cacah 1.680.000 lêmbar. Damêlan Amerikah ingkang rêgi f 2.50 cacah 60.000 lêmbar, tuwin rêgi f 1.- cacah 100.000 lêmbar.

K.N.I.L.M. salêbêtipun wulan Juli.

Ingkang sampun-sampun, ing sabên wulan cacahipun têtiyang ingkang numpak mêsin mabur K.N.I.L.M. langkung 1500. Ing wulan Juli kapêngkêr wontên 2024 kapetang lampah anggêgana sadaya. Dene wontênipun barang momotan, ing wulan Juli 12.488 kilo, tumrap sêrat pos saya mindhak, wontên 772 kilo, isi sêrat 54.000 langkung.

Taman Siswa ing Jêmbêr ngêdêgakên pamondhokan.

Pamulangan kabangsan taman siswa ing Jêmbêr kalampahan sampun sagêd ngêdêgakên griya pamondhokan. Ingkang dados sêsêpuh nyonyah S. Suryaputra, pangajêng guru ing pamulangan wau.

Komite panyêgahan dagang tiyang èstri.

Ing wêkdal punika ing Surakarta ugi wontên ingkang damêl ada-ada ngêdêgakên komite panyêgahan dagang tiyang èstri kados ing Ngayogya tuwin Batawi. Saha sampun kalampahan adamêl parêpatan sêsorah umum.

Taman pustaka gêmintê Sukabumi.

Taman pustaka gêmintê ing Sukabumi kapindhah dhatêng papilyun gêmintê sèkrêtari, ing ngriku wontên papan kangge maos kobèt, sabên tiyang kenging dhatêng ngriku maos sêrat-sêrat kabar, kalawarti lêlahanan. Bikakipun taman pustaka sabên wanci nyambut damêl. Buku-buku waosan ingkang kacathêt ing pratelan, tiyang ugi kenging ambêkta wangsul, mawi nyewa.

--- 1061 ---

Rêdi Krakatao.

Wiwit dintên Sêtu dumugi malêm Ngahad kapêngkêr, wontên balêdhosan kaping 1170, balêdhosan samantên wau ingkang 38 rambahan inggilipun langkung 1000 mètêr, tuwin 207 rambahan, inggilipun langkung 500 mètêr. Ingkang inggil piyambak wontên 1650 mètêr.

Ngahad dumugi Sênèn, wontên balêdhosan kaping 1129, ingkang 4 rambahan inggilipun langkung 1500 mètêr, 50 rambahan langkung 1000 mètêr, tuwin 225 rambahan langkung 500 mètêr, ingkang inggil piyambak 1600 mètêr.

Pulo anakan Krakatao sakawit ical, sapunika katingal malih. Têlênging balêdhosan wontên 4 panggenan.

Klinik Muhamadiyah ing Batawi katutup.

Kawartosakên, klinik Muhamadiyah ing Batawi sapunika katutup, jalaran saking kêkirangan waragad. Bab punika eman sangêt, pinuji mugi sagêda ngadêg malih.

Kiranging tiyang numpak sêpur ing Sukabumi.

Kawartosakên, sampun salêbêtipun kalih minggu, tiyang ingkang numpak sêpur sênèl sakawit ingkang bidhal saking Sukabumi dhatêng Bogor sakêdhik sangêt. Malah ing sawênèhipun dintên, tiyangipun ingkang numpak ing klas tiga namung tiga, ing klas kalih wontên kalih, ing klas satunggal kothong, lan wontênipun ing sêtatsiun-sêtatsiun ingkang dipun kèndêli, botên wontên tiyang numpak. Wontênipun ngantos suda kados makatên punika, jalaran saking otobis sami ngandhapakên waragad.

Kursus jurnalis.

Kursus jurnalis ingkang dipun adani dening Tuwan Tabrani ing Batawi, sampun dipun wiwiti, kathah ingkang migatosakên. Kawartosakên, ingkang malêbêt jalêr 68, èstri 10. Ingkang golongan jalêr kabage dados kalih golongan: 45 ngangge basa Malayu, sinaunipun saminggu kaping kalih, Sênèn kalihan Kêmis, wiwit jam 7 dumugi jam 8.30 sontên. Ingkang 23 ngangge basa Walandi, sinaunipun saminggu sapisan, sabên dintên Jumuwah, wiwit jam 7 dumugi jam 8.30 sontên. Tumrap golongan èstri gadhah panêdha supados pamulangipun kamaligèkakên, sawêg dipun timbang. Ing dalu ingkang kapisan wau, Tuwan Tabrani murwani angandharakên ing bab sêrat kabar padintênan umum.

Sêsorah bab komunis.

Kala minggu kapêngkêr ing Jawi Têngah wontên tiyang sakawan sami dipun cêpêng, têtiyang wau sami punggawa sêpur, amargi kadakwa sêsorah ingkang araos komunis.

Asiah.

Nata Siyêm badhe jêjampi dhatêng Amerikah.

Wontên pawartos saking Bangkok, benjing wulan Marêt 1931, sri nata ing Siyêm badhe dhatêng Amerikah, prêlu jêjampi anggènipun gêrah tingal.

Bab komunis.

Parijs 10 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên pawartos saking Hanoi, pangadilan ingkang maligi mariksa prakawisipun dakwan komunis ing Indo-China andhawahakên ukum kisas dhatêng dakwa 12, ingkang sami kadakwa adamêl rajapêjah tuwin nindakakên barontakan sarana adamêl tiwas. Wontên tiyang 114 ingkang kaukum bucal, 11 kaukum salaminipun gêsang tuwin 9 dipun ukum sanès malih.

Kawontênan ing Sangsa

Nanking 11 Agustus (Aneta-Nipa). Sêpêning pawartos radhio saking Sangsa, nuwuhakên pangintên ingkang kirang sakeca, punapa kitha wau dipun broki ing golongan komunis malih. Tèlêgram ingkang kakintunakên rambah-rambah tanpa angsal wangsulan. Wontênipun lêlampahan kados makatên, kakintên kala golongan komunis oncat saking ngriku, anilar golonganipun lajêng mangangge limrah, wusana sarêng wadya parentah ngoyak mêngsah, lajêng gêntos angêbroki.

Bêna ing Tinsin Tiyaoning.

Tinsin 11 Agustus (Aneta-Nipa). Bêna kingkangingkang. ngrisak jajahan Tinsin tuwin Tiyaoning kala minggu kapêngkêr adamêl kapitunan kathah, sagêd ugi ngantos atusan ewon dholar. Kawontênan sajawinipun Banlitiyang anggêgirisi, wontên dhusun pintên-pintên dasa sami kêlêban, tiyang ingkang kablabak atusan, tiyang ingkang ngili ewon, sami dhatêng kitha-kitha ing pasisir.

Eropah.

Cacahipun tiyang nganggur.

Berlijn 10 Agustus (Aneta-Nipa). Cacahipun tiyang nganggur ingkang botên angsal padamêlan ing Berlijn dumuginipun tanggal 31 Juli wontên 2.757.000. tinimbang taun ingkang kapêngkêr, mindhak sayuta.

Nagari Walandi.

Anggêgana dhatêng Indhonesiah.

Den Haag 9 Agustus (Aneta-Nipa). Pirantos ingkang kangge anggêgana dhatêng Indhonesiah benjing ing wulan Nopèmbêr ngajêng punika, badhe dipun dèkèki pirantos radhio, minôngka cobèn-cobèn.

Pawartos saking administrasi.

Lêngganan nomêr 4316 ing Nglaba. Sudan rêgi almênak kenging kacowok miturut tarip. Wragad ngintun katanggêl dening Bale Pustaka. Bab lotre prayogi mundhut papriksa piyambak dhatêng Escompto Weltevreden.

--- 1062 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

7.

[Asmaradana]

dene sanggyèng wadu aji / pan wus pêpak tata-tata / jangkêp sapalakartine / sacaraning jumênêngan / murwani kang pahargyan / swarèng têtabuhan ngungkung / lir wêwarta sanagara //

para janma kang miyarsi / rasaning tyas lir kadayan / kalaban ing suka gêdhe / satêmah samya gambira / mêmuji sukur ring Hyang / dene katurunan ratu / têrahing nata utama //

tan amung janma nagari / nadyan kawula ing desa / ciptanira datan pae / dupi samya myarsa warta / lamun satriya Rama / arsa sumilih kaprabun / dahat suka sukur ring Hyang //

samya mring praja anggili / kalayu arsa uninga / marang ing ratu gustine / tanapi para pandhita / dupi samya miyarsa / samya sarêngan tumurun / nawur puja maring praja //

marma dupi wanci enjing / upyêk sajêroning praja / sagon-gon kalangkung rame / nanging ing sajatinira / tumrap Sri Dasarata / kaananing praja sagung / mung mawèh duka sadaya //

sri nata kasok ing galih / kadi tan kawawa miyat / atanapi mirêngake / ing satêmah tanpa daya / lir tugu sinukarta / nglênggêr tanpa mosik sêgu / tan obah nèng palênggahan //

tan kêndhat ciptaning galih / èngêt mring putra Sang Rama / dene antuk sabab gêdhe / bêbasan datan angira / yèn kasandhung ing tawang / ing mangkya panggalih prabu / mung pêpês datanpa daya //

ing mangkya Dèwi Kekèyi / dupi uning sri narendra / amung nglênggêr ing samangke / malah sakalangkung suka / lir antuk kaladesa / dènira ngêtrapkên laku / sagêd dèn cakkên sakeca //

nulya dhawuh animbali / mring putra satriya Rama / mrih umarêk sri pamase / sang dèwi arsa dhêdhawah / jatining karsanira / Sang Rama tan pisan wêruh / mring karsaning pramèswara //

baya wus karsèng dewadi / Sang Rama datan kawasa / ngoncati marang cobane / gantya mangke cinarita / nênggih satriya Rama / wus dangu angantu-antu / dhawuh timbalaning nata //

ing sawusira miranti / Sang Rama nulya budhalan / Laksmana andhèrèkake / sakalihan awahana / tindak ngidêri kitha / sagon-gon pinajang luhung / tan kêndhat binarung puja //

para janma mung mêmuji / widadanira Sang Rama / lulusa ing salamine / riwusing midêr warata / Rama miwah Laksmana / nulya nuju mring kadhatun / umarêk ing rama nata //

piyak janma jroning puri / samya arampak manêmbah / dupi uninga gustine / mung Sang Rama sanalika / ing tyas dahat karasa / osikira sang binagus / tinampi kadi sasmita //

ingkang mangkana sayêkti / dupi praptèng ngarsa nata / Sang Rama kagèt galihe / dene sri nata tan ebah / nglênggêr nèng palênggahan / kadi nandhang gêrah dangu / sulaking netya katara //

namung Sang Dèwi Kekèyi / jumênêng cakêt ing nata / sumaringah guwayane / tan katon rasèng sungkawa / Sang Rama sanalika / ing tyas karasa kumêpyur / dene tan cundhuk ing kira //

kinintên kang anyakêti / kang ibu Dèwi Kosalya / nanging mênggah ing nyatane / Dèwi Kekèyi kang pêrak / marma satriya Rama / sakala ing cipta tuwuh / lamun mangguh sambekala //

sang nata amung mriksani / nalika Rama Laksmana / umarêk ngarsèng pamase / Dèwi Kekèyi sakala / nulya tanggap ngandika / hèh Rama wruhanirèku / sun paring warta mring sira //

sri narendra darbe janji / kasaguhan rong prakara / kang wus pinaringkên mangke / wus kinanthenan prasêtya / bab ingkang saprakara / kang têtêp jumênêng ratu / arinira Si Barata //

lan mungguh sira pinasthi / winêtokkên saking praja / patbêlas warsa lawase / sira wajib anarima / tumuli lakonana / Sang Rama amung andhêku / tan pisan kawawa ngucap //

sri nata têtêp tan mosik / saking dènira kataman / coba kang arasa gêdhe / saking gêngirèng sungkawa / sarira amarlupa / anglêgèyèh tanpa bayu / ing tyas mung karasa-rasa //

riwusing katog anganti / Sang Rama nuli manêmbah / lan andhingkluk alon-alon / traping bêkti datan owah / yèku môngka pratôndha / dènnya bêkti mring sang prabu / miwah maring pramèswara //

sang nata tan pêgat niti / marang solahirèng putra / araos ngrontog galihe / nanging mêksa tan ngandika / mung ing sêmu katara / netra kêmbêng-kêmbêng êluh / lan anyawang tanpa kêndhat //

Sang Rama umatur nuli / kalawan dahat nalôngsa / kawula tan pisan mopo / awit dhêdhawuhing nata / yêkti tan kêni ewah / ulun mung sandika anut / dosa kalamun lumuha //

Sang Rama riwusira ngling / nulya umundur lan nyêmbah / tanapi andhingkluk alon / undurira kawistara / dahat nahên sungkawa / ananging mêksa rinapu / kanthi rasèng kasantosan //

Ing sakala katon sêpi / tanpa swara kapiyarsa / angin lir kandhêg lampahe / ron ruru kang tibèng kisma / kongsi nyuwara cêtha / sawusing Sang Rama mundur / kumambang lir kentir toya //

[Maskumambang]

undurira Sang Rama mêmêlas asih / singa kang umulat / kumêmbêng abela tangis / ketang katêtangi ing tyas //

tinêmuning warta tan pisan nêrusi / umyungirèng praja / lir liniru rasa tangis / nrênyuhi janma sapraja //

sêmunira baskara kadi ngoncati / pindhanira merang / salulup nèng mega putih / tan tega mulat buwana //

datan pae ciptaning janma kang uning / mung kèbêkan wêlas / mring Sang Rama kang kaswasih / sande dènnya madêg nata //

malah mangkya antuk siksa anglangkungi / kinendhang sing praja / pinisahkên lawan janmi / nèng wana datanpa rowang //

jatinira Sang Rama tan pisan gingsir / dènira pinisah / malah rinaos nêrusi / môngka pamasuh sarira //

awit nyata kang suka tanapi sêdhih / tumraping kawula / tan pisan bangkit ngoncati / janma mung wajib narima // (Badhe kasambêtan)