Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-20, #556

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-20, #556. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-20, #556. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 67, 24 Mulud Taun Jimawal 1861, 20 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1063] ---

Ăngka 67, 24 Mulud Taun Jimawal 1861, 20 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ing Kurinci

[Grafik]

Gambar nginggil punika karêtêg kajêng ingkang panjangipun 100 mètêr, ingkang anglangkungi talaga Sarangan Agung, Sumatrah.

--- 1064 ---

Bab Ukuran, Takêran, lan Timbangan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Mila inggih tindak ingkang kados makatên wau ingkang prêlu dipun awat-awati dening parentah. Sampun ngantos bakul kêkilakan mêndhêt kauntungan pêtêng, upaminipun, ukuranipun dipun panjangi, takêranipun dipun agêngi, timbanganipun dipun bêbaluhi, dene yèn nyade kadhawahakên kosokwangsulipun.

Amila ing sapunika, murih sirnaning lampah salinthutan warni-warni wau, parentah lajêng angawontênakên pakaryan babagan ngêcap, inggih Ykwezen wau, punika wosipun botên liya kajawi namung amrihatosakên dhatêng rakyatipun.

Ing kantor Ykwezen ngriku wontên punggawa-punggawa sawatawis kathahipun, inggih Walandi inggih Jawi, pakaryanipun ingkang prêlu sangêt inggih punika nitipriksa sakathahing ukuran, takêran lan timbangan warni-warni, prêlu dipun Yk (dipun cap), têgêsipun pundi ingkang sae saha kenging kaangge, inggih punika lajêng dipun têngêri cap [Y].

Sawarnining ukuran, takêran lan timbangan ingkang sampun dipun tandhani cap makatên wau tăndha manawi goedgekeurd (têgêsipun sae), dene yèn wontên têtêngêr cap ? inggih punika kosok wangsulipun afgekeurd (botên sae) lan botên wajib kaangge ngêngukur, nênakêr tuwin nênimbang. Mila inggih botên wontên capipun [Y].

Dumugi ing titimăngsa punika pakaryan Ykwezen wau taksih kenging dipun wastani sawêg tumindak kanthi alon-alonan, tandhanipun papan ingkang dipun wontêni kantor-kantoripun sawêg ing kitha ingkang agêng kemawon, sarta kathah tiyang dagang, ing salêbêting kitha dhistrik ugi sampun wontên barang tigang golongan wau ingkang dipun cap Yk sawatawis, kados ta ing salêbêting kithanipun dhistrik Tumpang, nalika tanggal 14 Nopèmbêr 1929 kapêngkêr sampun katindakakên, samantên ugi dhistrik-dhistrik sanèsipun ing wêwêngkon paresidhenan Malang. Sagêd ugi ing sanès panggenan ingkang dèrèng nate wontên kadadosan makatên, tamtu ing wingking badhe kadhatêngan, mila sampun ngantos kagèt.

Punapa wigatosipun dene pakaryan ngêcap wau mawi tumindak alon-alonan. Punika wosipun angeman dhatêng tiyang siti golongan dagang alit-alitan, langkung-langkung ing padhusunan, limrahipun kathah tiyang ingkang mlarat. Saupami pakaryan ngêcap lajêng grusa-grusu sabên wontên ukuran, takêran utawi timbangan ingkang dèrèng nate dipun titipriksa, lajêng pinêksa kapurih mriksakakên, lajêng dipun êcap tuwin kakengingakên prabeya ngêcap, ingkang awon, risak, tuwin botên cocog dipun: afgekeurd sampun tamtu kathah tiyang kagèt, kabêkta saking pakaryan wau taksih katêmbèn sangêt wontênipun. Kajawi punika tamtunipun ing padhusunan kathah timbangan saha sanèsipun wau ingkang botên cocog (afgekeurd), măngka yèn sampun angsal nama afgekeurd saking pakaryan Ykwezen, punika nandhakakên yèn barang

--- 1065 ---

wau botên kenging kaangge malih, dados tiyang prêlu kêdah tumbas barang enggal. Lah inggih ngawontênakên barang enggal wau ingkang adhakan andadosakên kawratanipun tiyang dagang alit, awit rêrêgèning timbangan tuwin sanèsipun wau kenging winastan botên sakêdhik, mila tumindaking pakaryan ngêcap ing wêkdal punika taksih kangge alon-alonan kemawon.

Tindak ingkang makatên wau pancènipun adhakan sangêt nuwuhakên pamurinaning manahipun kaum dagang agêng, lan ingkang sami manggèn ing kitha-kitha, malah bokmanawi inggih sawênèh kawêdal pitakenanipun makatên: punapa sababipun ing dhusun ngadhusun botên wontên băngsa timbangan ingkang dipun êcap, măngka ing ngriku inggih botên kirang barang-barang wau, lah yèn makatên harak nama … O, sampun kalèntu tampi, mila murih dados pamarêming panggalih panjênêngan amriksanana katrangan ing nginggil, inggih punika yèn saking pamanggih kula: nagari sampun langkung ngadil, mila tindakipun lon-lonan, ing pangangkah sampun adamêl susah, tumrap among dagang alit-alit ing padhusunan. Nanging inggih kenging dipun yêktosi, ing wingking tamtu botên wande inggih makatên, sarta dumadosipun wau sadaya, panjênêngan lajêng botên sagêd maibên malih.

Kajawi saking punika mugi sampun ngantos kagungan panggalih mamang tuwin sêmang-sêmang, dinalih yèn ingkang dados: ijker (tukang nitipriksa sarta ngêcap timbangan-timbangan sapanunggilanipun) wau kirang lêrês papriksanipun, têgêsipun: ingkang sae kakintên awon, lajêng dipun parabi: botên kenging kaangge malih (afgekeurd), dados tumindak sakêparêngipun piyambak kemawon…. o, punika botên pisan-pisan makatên, awit kauningana, para amtênar èkêr (ijker) punika sampun sami pikantuk wulangan ingkang inggil. Botên nguciwani malih ingatasipun bab punika, dados sampun kenging pinitados bilih papriksanipun wau lêrês.

Sapunika sampun ragi gambêlang, bilih adêgipun pakaryan ngêcap wau ingkang langkung prêlu piyambak inggih punika gêgayutanipun kalihan among dagang. Mila tansah tinaliti sampun ngantos wontên tindak ingkang culika tuwin samar. Kosokwangsulipun: rèhne kula punika sadaya, sanadyan sanès tiyang dagang pisan, nanging sadintên-dintên prasasat inggih tansah sêsrawungan kalihan tiyang dagang, kados ta: tumbas gêndhis sakatos inggih dhatêng toko, punapa-punapa bêtah dhatêng toko, măngka barang-barang wau kathah ingkang katimbang, katakêr utawi kaukur, pramila kula sadaya ugi prêlu kêdah kasrambahan kawruh bab wau, botêna kaangge dêdagangan inggih mêksa taksih prêlu nyumêrêpi, pamrihipun supados manawi têtumbas punapa kemawon sampun ngantos kapusan, ingkang timbanganipun salêrêsipun kêdah angsal tăndha ?, măngka taksih dipun angge kemawon. Dados cêkakanipun, sintêna kemawon prêlu nyumêrêpi wêwadosing timbangan sabangsanipun ingkang mawi tăndha ? tuwin [Y] wau. Supados botên ngantos kenging balithuk.

--- 1066 ---

Samantên ugi tumrap tiyang dagang ingkang manggèn ing salêbêting wêwêngkon Kring pakaryan ngêcap, sasagêd-sagêd sampun ngantos katalompèn amriksakakên gadhahanipun timbangan tuwin sanèsipun wau, supados pikantuk tăndha sae utawi botên, dados tumrap para têtumbas, botên mawi mamang. Awit sadaya tiyang tamtu rêmên têtumbas dhatêng para bakul ingkang ngangge timbangan, takêran lan ukuran cocog, lêrês. Utawi malih, sagêd ugi ing wingking manawi pakaryan ngêcap punika sampun tumindak kêncêng, tamtunipun botên gumampil tiyang anggadhahi timbangan sabangsanipun wau kangge dêdagangan.

Wondene mênggahing wosipun andharan punika namung kula pêndhêti ingkang prêlu-prêlu kemawon, sarta ingkang adhakan dados pitakenaning ngakathah, amargi saking punika murih saya pêncar sarta sagêd kauningan ing ngakathah, kêpêksa kasalundhingakên ing ngriki, sanadyan karangan ing bab punika kenging ugi winastan kirang sampurna, nanging sampun nama lowung.

Nirrasa, Kêpanjèn - Malang.

Têtingalan Indonesia Moeda

Nalika dintên Sabtu malêm Ngahad tanggal kaping 9/10 Agustus ingkang kapêngkêr punika, pakêmpalan Indonesia Moeda sêsarêngan Kinder Vacantie Kolonie sami angadani têtingalan, manggèn wontên ing griya Schouwburg ing Wèltêprèdhên. Ingkang sami ningali kathah sangêt, karcis ngantos têlas, mratandhani yèn pakêmpalan wau dipun ajêngi ing ngakathah.

Mênggah ingkang dipun pitontonakên: 1. bêksan Srimpi Saptarini, 2. main selat yuyutsu, 3. wirèng Arjuna Gardapati, 4. sandiwara, mêndhêt lampahan Kèn Arok.

Srimpinipun katingal rampak sae, cacahipun pitu, jogèdipun modhèl enggal, mêndhêt pakêm srimpi Surakarta, sêkaran golèk Ngayogyakarta, legong Bali lan sanès-sanèsipun. Sanajan taksih sawatawis kuciwa, nanging sampun lowung, kenging dipun pamèrakên, manawi ragi tumêmên pamêsunipun sawatawis êngkas mêsthi badhe sagêd sae, badhe sagêd ngrêtos wirama, saya luwês solahipun badan.

Selatipun yuyutsu pantês ingalêmbana.

Wirèngipun Arjuna Lardapati[1] makatên ugi. Ingkang sami mirsani kêpranan, katawis kêplok mawurahan.

Sandiwaranipun modhèl enggal, prasasat dèrèng nate kapitontonakên. Sandhanganipun mêndhêt cara prajurit. Uparêngganing gapura sarta bangsal kancana, saya malih rêgênging pasewakan binarung ing găngsa, katingal asri. Pocapanipun têmbung Malayu, dados ing sêmu pancèn nuhoni pikajênganing pakêmpalan, luluhing sadaya kagunan warni-warni, ngalêmpak dados satunggal.

Mênggah rêrênggan ing nginggil punika botên wontên [wontê...]

--- 1067 ---

[...n] pakèwêdipun, saya malih anggènipun lêlangên asmara, Anusapati kalihan Căndrakirana amêwahi sêngsêm.

Sarèhning basa Mlayunipun sadhèrèk Yamin punika sae sangêt, mila pancèn prayogi manawi sandiwara wau dipun dadosakên buku cap-capan, minăngka buku waosan.

[Grafik]

Pasewakan ing Tumapêl.

Têtingalan ing dalu wau kenging winastanan sae sadaya, tumrapipun ingkang sami mirsani kathah paedahipun, botên namung bab kridhaning kagunan kemawon, nanging ugi kathah piwulang tumraping gêsang, inggih punika pangandikanipun Sang Brahmana Êmpu Baradhah sarta Êmpun Lohgawe. Bibaripun têtingalan wau ngantos sawatawis dalu, wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Kados ingkang sampun kasêbut ing sêrat ibêran, angsal-angsalanipun rêsik dipun darmakakên dhatêng: 1. banjir lahar ing Likasan, Salatiga, 2. kobongan ing Mèstêr Kornèlis, 3. kindhêrpakansi koloni, 4. kas pakêmpalan.

Lampahan Kèn Arok punika pêndhêtan saking babad tanah Jawi, kados ingkang sampun kawrat ing sêrat kina: Pararaton, inggih punika ingkang ngêwrat babadipun para narendra jaman Majapait sarta sadèrèngipun utawi sasampunipun Mahaprabu Brawijaya. Mênggah raosing lêlampahanipun Prabu Rajasa (inggih punika jêjulukipun Kèn Arok dupi sampun jumênêng narendra binathara mangrèh tanah Jawi), sarêng dipun êtrapakên ing sandiwara ragi wontên bedanipun sawatawis kalihan luguning babad. Wontên ing sêrat Pararaton ngêwrat lêlampahanipun Kèn Arok nalika taksih timuripun mursal murang tata, nanging labêting kinacèk sasamining tumitah, kinudhungan wahyu widayat, têmah sagêd jumênêng narpati. Ewasamantên surutipun ugi nama cikalaning pakaryanipun nalika taksih mudha, inggih punika nêmahi sotipun Êmpu Gandring, tiwas dening dhuwung run-tumurun pitung turunan, sedanipun Prabu Rajasa mirid ing Sêrat Pararaton, kaprajaya dening putra kuwalon Apanji [A...]

--- 1068 ---

[...panji] Anêngah Anusapati, ingkang malês ukum sedanipun rama piyambak: Tunggul Amêtung, akuwu ing Tumêpal.

Wasana sarêng katrapakên ing sandiwara, katingal cêtha, bilih Kèn Arok punika trahing ngabathara, titising Wisnu, putranipun Bathara Brama, ingkang prasasat angejawantah wontên ing ngarcapada, namung badhe ngêmpalakên kathahipun kraton ing tanah Jawi, mahambêg palamarta, bèrbudi bawa lêksana, anêtêpi pangandika ingkang sampun kawêdhar. Kalihan lêga raosing panggalih nêtêpakên ingkang putra kuwalon, Apanji Anusapati jumênêng gumantos narendra, wasana wantala nubruk dhuwung Gandring ingkang dipun ampil dening Pangalasan Batil.

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Ingkang taklim.

Wiyose, Kang Garèng, lagi anu aku wis nyaritakake kaananku ing dina kang kapisanan ana ing Surakarta. dene ing dina kang kapindhone, yaiku dina Slasa tanggal kaping 6 Agustus kiyi, kanthi disilihi motore pamanku, aku plêsir mubêng-mubêng andêlêng kutha. Sing tak jujug dhisik dhewe ing pasar anyar. Wah, Kang Garèng, cêkake yèn kowe besuk bisa kalakon wêruh pasar sing anyar ing Surakarta, kiraku kowe bisa kalakon sêmaput têmênan. Sing anjalari sêmaputmu kiyi ora ngêmungake jalaran saka akèhe para bakul wedang sing padha mêntèrèng-mêntèrèng lan sing suwênge pating pêncorot pating pêncèrèt kaya kêmbang api, nanging uga jalaran saka bêciking panggarape pasar mau. Saking bêciking wujude lan pranatane ing kono, nganti aku ora bisa anggambarake sing nganti têrang mungguh kaanane pasar mau. Nanging wis jamak lumrah ana ing ngalam donya kiyi, ora ana barang sing sampurna, apa bae sing bêcik, kuwi mêsthi ana pangalêmbanane, nanging iya ana panacade. Dalasan tumraping wanita bae, sanadyan diunèkna endah kadya widadari tumurun ing ngarcapada, ewadene saka akèhing uwong iya mêksa ana sing banjur nacad, upamane bae mangkene: yak, êntute iya mambu.

Mangkono uga kaanane pasar anyar ing Surakarta, nèk mungguh panêmuku iya pancèn wis andhandhing têmênan. Apa manèh anggone mranata papane dêdagangan, iya wis kampi. Mara ta pikirên, Kang Garèng, kajaba pasar mau mubêng wis tembok kabèh, panggonane dêdodolan susun loro, ing ngisor lan ing dhuwur. Dene sing didhasarake ana ing papan ngisor, kuwi kabèh dêdagangan kang gampang pangumbahe, kaya ta balapêcah, wowohan, sayuran lan sapêpadhane. Mungguh saka panêmuku, pranatan iki pancèn iya wis mathuk bangêt. Awit pasar kuwi lumrahe papan kalumpuke wong saka ing ngêndi-êndi, sing têkane mrono ora mêsthi yèn padha dharat kabèh, mêsthine iya ana sing padha nunggang motor,

--- 1069 ---

kreta, dhilman, andhong, nèk-nèke iya ana sing têka nunggang grobag. Têkane kabèh mau mêsthine iya apdha mawa balêdug. Dene anjoging balêdug têmtune iya ora nèk banjur mumbul nganti dhuwure 8 mètêr utawa luwih, mêsthine anjoge iya ana ing papan sing ngisor, mulane nèk panêmuku iya wis cocog bangêt, yèn papan-papan sing ngisor kuwi dipigunakake kanggo dhasar barang-barang sing kêna dikumbah, kaya ta: sayuran. Kayadene adhimu Makne Kamprèt, têmtune nèk arêp anjangan bobor bayêm upamane, mêstine rak iya ora, ta, nèk bayême banjur: plang-plung, dicêmplung-cêmplungake ana ing kwali bae, têmtune rak iya nganggo dikumbah barang dhisik. Mêngkono uga panganggone balapêcah, têmtune iya nganggo dikumbah barang dhisik.

Dene kang didhasarake ana ing papan sing dhuwur, dadi ing papan sing ora pati nadhah blêdug, kuwi kaya ta, dhêdhaharan. Sing diarani dhêdhaharan kuwi, upamane: sêga salawuhane; jangan, gudhêg, sambêl gorèng, êndhog pindhang, cêplok lan sapanunggalane. Ombèn-ombèn sing sarwa angêt, lo, iki dudu arak obat, jênèwêr utawa wiski kêring, nanging kabèh ombèn-ombèn sing matênge sarana dipanasi, yaiku: wedang kopi, wedang rondhe, sêkotêng lan sapanunggalane. Mêngkono uga dhêdhaharan sing kanggo pacitan medang, kaya ta: wajik, kêtan, krasikan, ondhe-ondhe, cucur, srabi inggris, lan sapêpadhane. Hla, kiyi kabèh kanggone rak ora sêmang dikumbah dhisik, ta. Têmtune nèk pancèn wong rêsikan bangêt, arêp mangan: jadah, wajik, krasikan, kudu dikumbah sabun dhisik, hla, kuwi aku ora ngrêti. Nèk wong sing lumrah têmtune nèk arêp mangan pêpanganan, iya ora nganggo dikumbah-dikumbah. Mulane papan padhasarane iya dipilihake ing papan sing adoh nyang blêdug. Mêngkono uga daging, kuwi utamane iya kudu dipapanake sing ora gampang kalêbon balêdug. Iki gêgayutane karo ing bab kawarasan.

Hara, Kang Garèng, apa kiyi ora jênêng brêgas têmênan. Nanging kaya uniku ing ngarêp, wis lumrah, anggêr ana pangalêmbana, iya banjur ana panacad. Dene panacad sing tak rungu ana ing Surakarta, ya kuwi mangkene:

Wah, nèk wujude pasar niku pancèn ênggih botên kêna dipaido têmênan, le rêsik le gêmrining, le anjêgarang. Pranatane ênggih pancèn apik, sing kêna dikumbah kudu didhasarake têng ngisor, sing botên kêna kambon balêdug kudu têng dhuwur, nanging saka akèhe aturan niku banjur dadi rèwèl. Kudu ngotên, kudu ngètên, bakul cilik-cilikan kudu bayar sêmèntên, saplongan kudu dibayar sêmèntên. Wèh, cêkakane, êmpun-êmpun, ênggih rèwil bangêt. Ning bakule ênggih botên bodho, sarèhning ditariki bayaran akèh, dodolane rêgine ênggih sami diundhakake. Hla, rêrêganing napa-napa banjur dadi mundhak larang.

Lo, mangkono anane panacad mau, Kang Garèng, [Ga...]

--- 1070 ---

[...rèng,] lan wong-wong mau ora pisan-pisan ngèlingi, yèn barang kuwi saya bêcik, pamulasarane iya mêsthi saya angèl lan saya larang. Tandhane kowe kae nalikane ngalap Dèn Ngantèn Paiyah, wong iya priyayi kathik ayu rupane, têmtune anggone mragadi iya luwih akèh, kajaba kudu nukokake suwêng blong, pêniti rèntèng, jungkat ngawe-awe, têmtune sabên dina iya kudu nyadhiyani pupure bae iya De Coty lênga wangine apês balêbês Brillantine, seje karo bakyu sing dhisik, disadhiyani pupur Crêbon iya wis mantêp, dalasan kanggo kabêsusan, wis rumasa gêdhe atine, yèn dicrut-cruti ... lênga putih. Mêngkono uga anane pasar anyar, ing sarèhning diapik-apik, dirêsik-rêsik, murih bêcike tumrap kawarasaning kabèh kang padha migunakake pasar mau, rak iya wis mêsthine, ta, yèn wong-wonge padha mèlu urun waragad kanggo ngupakara pasar mau.

Wis, Kang Garèng, kaya-kaya wis cukup anggonku nyaritakake mungguh kaanane pasar anyar ing Surakarta. Saiki tak banjurne anggonku carita lêlakonku ing dina Slasa mau. Saka pasar aku banjur mubêng-mubêng nyang panggonan liya-liyane. Sing agawe lêga lan gêdhening atiku, dene motor-motor sing padha glindhang-glindhing kuwi sing akèh têka duwèke wong Jawa. Barêng aku nêrangake nyang wong-wong akèh, aku olèh katêrangan, yèn ing Surakarta kuwi pancèn akèh wong-wong Jawa sing padha sugih-sugih. Barêng aku ngrungu sing kaya mêngkono kuwi, rasaning atiku ora mung gêdhe sagunung anakan bae, nanging malah saêmbahning gunung Sêmèru. Kala samono gagasanaku banjur angêlangut. Upama para sugih mau banjur padha krêsa guyub rukun, angêdêgake bangsaning maskape sing gêdhe têmênan, kang anganani warna-warna kabudidayan, kiraku kiyi bisa ngundhakake karaharjaning praja, apadene nyuda kamlarataning para kawula ing Surakarta. awit miturut apa sing tak rungu, iya bênêr yèn ing Surakarta mula akèh wong sing sugih-sugih, nanging kosok baline sing mlarad bangêt iya pirang-pirang.

Kira-kira jam 12 aku mulih nyang pondhokanaku. Bêngine aku lunga nyang sêkatèn manèh. Dene sing tak prêlokake dak tonton; wayang wong Saritama saka Surabaya, kang jênênge wis kasuwur ing saindênging tanah Jawa kene. Kalane aku nonton, kabênêran lakone: Prêgiwa Prêgiwati. Kang Garèng, mungguh anane wayang wong Saritama mau, iya pancèn jêmpol, apa manèh sandhangane, wadhuh, pating glêbyar, pating krêlip, kiraku iya payu gadhèn-gadhènane. Nanging mungguh pamaine, kaya-kaya kok iya ora sêpiraa, mung lumrah bae. Ewadene anggonku nonton mêksa nganti têkan bubare. Kira-kira jam 1.30 aku mulih nyang pondhokan, kanthi pikiranaku kêbak angrasakake sing dadi Prêgiwati. Wis, wis, Kang Garèng, layangku tak punggêle samene bae dhisik, liya dina tak layangi manèh.

Sala 10 Agustus 1930.

Rayi, Petruk.

--- 1071 ---

Jagading Sato Kewan

Maesa ing Sumba

Pulo Sumba inggih Sandelhout punika agêngipun cêkapan. Ing pulo ngriku punika prayogi sangêt kangge pambranahan rajakaya punapadene kapal, dene ingkang sampun misuwur rumiyin mila pamêdalipun kapal, limrahipun dipun wastani kapal sandêl. Mila sanadyan ing pulo wau tumrap pamêdaling siti botên sapintêna, awit botên ngantos sumêbar dhatêng sanès nagari, nanging kapalipun ngantos sumêbar dumugi pundi-pundi lan misuwur mênggahing saenipun. Dados panggaotanipun têtiyang ing ngriku punika ingkang agêng kenging dipun wastani saking anggènipun dagang kapal. Dangu-dangu lajêng wêwah panggaotan ingkang gêgayutan kalihan parentah, inggih punika ambranahakên lêmbu bênggala, kados ingkang sampun kasêbut ing Kajawèn nomêr 65. Mila tumraping têtiyang ing ngriku, saking kulinanipun dhatêng rajakaya tuwin kapal, ngantos kenging dipun wastani dados tiyang ahli, saya malih bab lampahing sade tinumbas, ugi sampun botên kêkirangan ingar-ingêripun.

[Grafik]

Para raja-raja ing Sumba.

Sanadyan pulo Sumba punika alit, nanging kathah rajanipun, ing salêbêtipun pulo ngriku wontên rajanipun langkung sadasa. Dene para raja wau ugi sami nindakakên pambranahan kapal utawi rajakaya, wontênipun nindakakên makatên, kajawi sampun nama kacara, ugi nama dados bakuning pangupajiwa. Kajawi tindak makatên wau, tumrap satunggal-satunggaling raja inggih gadhah asil sanès, inggih punika mêndhêt beya saking rajakaya utawi kapal ingkang kabêkta mêdal saking bawahipun, sabên kewan satunggal f 5.-

Ingkang sampun kasêbut ing nginggil, pamêdalipun pulo ing ngriku kapal tuwin lêmbu, kajawi punika inggih taksih wontên malih, inggih punika maesa. Mênggah maesa wêdalan ing ngriku punika langkung agêng tuwin langkung kiyat tinimbang maesa ing tanah Jawi.

Sarèhning ing bab lêmbu tuwin kapal sampun kêrêp kapratelakakên wontên ing Kajawèn, utawi sanès-sanèsipun, [sa...]

--- 1072 ---

[...nès-sanèsipun,] ing ngriki badhe nyariyosakên bab maesa.

Mênggahing pangingah sanadyan wontên bedanipun, nanging inggih botên sapintêna, mila botên prêlu kaandharakên.

Kados para maos botên kêkilapan, maesa punika sanadyan kewan agêng, nanging bêbudènipun kêndho, dipun punapak-punapakakên dening manungsa namung sarwa miturut, botên wontên titikipun gadhah watak galak, jalaran saking kawontênaning kewan kados makatên punika, tumraping durjana kewan, gampil sangêt anindakakên kadurjananipun.

Kacariyos ing sadèrèngipun taun 1928 kawontênanipun kadurjanan kewan ing Sumba kathah sangêt, tindakipun kadosdene nekad, botên mawi èrèp dhatêng ingkang gadhah, ujug-ujug inggih lajêng dhatêng anggiring kemawon. Tindak ingkang kados makatên wau ngantos adamêl girisipun tiyang ingkang sami gadhah, măngka kala samantên, para raja ing ngriku botên rukun. Upami wontên kadurjanan rajakaya ingkang tuwuh ing wêwêngkonipun satunggaling raja, lajêng malêbêt dhatêng wêwêngkoning raja sanès, inggih lajêng ical larinipun, tiyang ingkang kecalan botên sagêd ngudi katrangan utawi milênggahakên prakawis. Nanging sarèhning tuwuhing kadurjanan ingkang kados makatên wau botên pilih panggenan, dados satunggal-satunggaling raja wau inggih angraosakên susah, awit sami ngraosakên manggih kapitunan. Lan ugi lajêng mangrêtos, bilih ubaling kadurjanan ingkang kados makatên punika botên sanès namung jalaran saking botên rukuning para raja, awit manawi wontên prakawis makatên wau lajêng botên amraduli. Badhe kasambêtan.

[Grafik]

Para wanita ing Surabaya ingkang anjênêngi pambikakipun pamondhokan wanita: Perlindoengan Peladjar Pemoeda Istri ing Irisstraat 5 Surabaya. Nyonyah Sudirman (ciri X) masrahakên pakaryan dhatêng Nyonyah Gunawan Mangunkusuma (ingkang rasukan cêmêng.

--- 1073 ---

Rêmbagipun Garèng lan Sêmar

Bab Imigrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 65)

Garèng: Ambanjurake aturku ing ngarêp ing bab kasusahane wong-wong Jawa sing padha pindhahan nyang tanah sabrang. Kajaba sing wis tak aturake ing ngarêp, isih ana manèh, ma. Kaya ta: wong Jawa kuwi umume agamane Islam, anak-anake iya kudu ditêtaki. Sanadyan nêtaki kiyi jênêng sunat, nanging nèk tumrape băngsa Jawa pancèn diprêlokake bangêt. Apa imigrasi kiyi anggalih anane dhukun supit aliyas bong. Lumrahe ora, sing digalih mung waras lan kuwate wong-wonge sing padha pindhahan, prêlune nèk waras lan kuwat mau, panyambutgawene dadi bisa pêthêl sarta pêng-pêngan, dadi sing digalih kang nomêr siji: bisane awèh kauntungan sing sasayahe.

[Grafik]

Sêmar: Aku iya ngakoni, yèn anane imigrasi kuwi têmtune iya ana panjăngka golèk kauntungan, nanging kang dadi kabutuhane wong-wong sing padha pindhahan, mêsthine iya dipanggalih. Wis mêsthi ta barang anyar kuwi ora tumuli bisa sampurna kaya sing wis lawas, nanging kiraku ingkang wajib iya ora lèrèn-lèrèn anggone tansah budidaya bisane nyukupi apa kang dadi kêkurangane mau. Kaya ta: dhukun supit, kuwi lawas-lawas iya mêsthi dianani.

Garèng: Iya, lawas-lawas, diêntèni nganti bocah-bocahe padha brêngosên lan jenggotên. Mêngkono uga ing papan pindhahan kuwi, apa ya diprêlokake dianani mêsjid utawa langgar. Iya bênêr, yèn umume wong Jawa kuwi ora pati mrêlokake bangêt mênyang agamane, nanging antarane wong samono kuwi rak iya akèh bae sing padha nglakoni sêmbahyang limang wêktu, dadi sing pancèn padha ambutuhake nyang mêsjid utawa langgar mau, apa iya mung arêp diêjorake cikbèn wong-wonge padha nyêmbah brahala.

Sêmar: Sajake Garèng kiyi mung arêp nacadi bae. Mêngkono uga ing bab iki, Nala Garèng, iya lagi dadi panggalihane ingkang wajib.

Garèng: Ana manèh, ma, sing uga ora ngapenakake, lan pantês bangêt yèn tumuli enggal-enggal [engga...]

--- 1074 ---

[...l-enggal] diowahi. Yaiku mangkene: aku krungu kabar, yèn ing panggonan-panggonan pindhahane wong-wong Jawa ing tanah sabrang kuwi wis padha dikèki sêkolahan, iki mula iya andadèkake lêga lan bungahing atiku, awit kang mangkono mau, ambuktèkake, yèn ingkang wajib amanggalih têmênan marang ajuning wong-wonge. Nanging ... lo, kok iya mêksa ana nanginge ... . ing sêkolahan-sêkolahan mau, sanadyan murid-muride mèh kabèh băngsa Jawa, ing kono ora diwulangake basa Jawa. Hara, apa kiyi dudu pranatan sing dhoglog bangêt. Êmbuh yèn ing kono pancèn ana pangajab, supaya ing têmbe lalia marang asline. Nèk mêngkono jênêngane bae pisan dilihi, upamane dikèki: dhatuk apa sutan, ora-orane iya: ênèng utawa acêk ...

Sêmar: Wiyah, sing loro pungkasan kuwi rak sêsêbutane wong wadon băngsa Sundha. Mungguh anane ing sêkolahan-sêkolahan mau ora diwulang basa Jawa, kiraku mung amrih kapenake bae. Awit, kowe dhewe rak iya wêruh, ta, yèn wong-wong sing padha pindhahan nyang tanah sabrang kuwi ora mêsthi mung băngsa Jawa thok bae, nanging iya ana wonge Sundha, Madura, lan liya-liyane manèh. Nèk ing sêkolahan kono diwulangake basa Jawa, têmtune băngsa liya-liyane iya banjur anjaluk diwulang basane dhewe-dhewe, mêngko rak iya banjur repot aliyas kocar-kacir têmênan. Mulane ing sakawit iya ora diwulang basa Jawa dhisik. Nanging pracayaa nyang aku, suwe-suwene ing kono, yèn pancèn dianggêp prêlu, utawa manèh wong-wonge têtela padha ambutuhake, basa Jawa iya mêsthi diwulangake.

Garèng: Wèyèh, rama kiyi kok mêsthi ana bae sing dadi wangsulane. Saiki ana manèh sing andadèkake rugine tanah Jawa, jalaran saka anane imigrasi kuwi, yaiku: sudane cacahe wong lanang lan wong wadon sing padha kuwat nyambut gawe. Wis lumrah ta, rama, yèn wong-wong sing dipindhahake nyang tanah sabrang kuwi mêsthine iya sing kuwat-kuwat, sing waras-waras. Nèk sing wis jompo-jompo, utawa sing awake wis karêpyêk-karêpyêk, têmtune imigrasi iya ora bakal gêlêm nganggokake. Wusanane, yèn anane imigrasi kuwi banjur digêdhèkake têmênan, rak bisa kalakon ta, tanah Jawa kuwi isine mung wong-wong sing wis kèri ngumbah bae, aliyas isi uwong-uwong sing umur-umurane wis ... jam papat jlang-jlangan. Hara, iki apa ora bakal andayani dadi sudaning karaharjaning tanah Jawa umume, lan nyuda pamêtuning têtanèn.

Sêmar: E, omonganamu sing mangkono kuwi, mungguhing aku kok ora mèmpêr. Sanadyan imigrasi digêdhèni dikaya ngapa, kiraku iya ora bisa, nèk nganti kaya unimu mau. Nèk miturut panêmuku, anane imigrasi kuwi ora andayani apa-apa marang kaarjaning nagara lan pamêtuning têtanèn. Awit kaanane têtanèn ing tanah Jawa kuwi, pancène wis dikatogake têmênan, didandani manèh kiraku wis ora bisa. Dadi sanadyan sing anggarap sawah diêlongana utawa diwuwuhana: kiraku pamêtuning têtanèn, [têta...]

--- 1075 ---

[...nèn,] iya ora bisa suda utawa mundhak. Katêranganaku sing mangkene kiyi anocogi karo katêrangane dhepartêmèn lanbao, anggone anyêtitèkake ing panggonan 29 iji, ing bab gêgayutane wong anggarap sawah karo panenan lan olah-olahaning têtanèn, dene karampungane panitipriksa mau, wis têtela, yèn gêdhening panenan kuwi ora gumantung marang sing padha anggarap sawah, nanging gumantung nyang kaananing irigasi, utawa kaananing măngsa udan. Tuwan Dr. F.v.d. ELST ing taun 1926 wis tau nglêbokake karangan ing Koloniale studien, agawe pêpandhingan pamêtuning lêmah rata-ratane ing sajêroning sataun-taune, yaiku saka taun 1879 tumêkane taun 1887, dipandhingake karo saka taun 1914 tumêkane taun 1923, kuwi sudane saka 27 nganti têkan 24,4 pikul. Iki padhane suda 2,7 pikul, utawa 10% ing dalêm sabau-baune. Lo, sudan kang mangkene kiyi mung tumrape paresidhenan kang biyène diarani paresidhenan: Kêdhu. Dene tumrape tanah Jawa umume, sudane mau saka 25,1 nganti têkan 23,6 pikul, dadi ing dalêm sabau-baune ana sudan 1,5 pikul utawa 6%.

Garèng: Wadhuh, rama, le apil kathik kaya apale karo jênêng-jênênge; dèngkèk, kucing, tambur, plênthi, kasut ... .

Sêmar: Lo, kok banjur nyandhak jimate para sêpuh. Wis, wis, tak banjurne katêranganaku. Pamêtu kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp mau, nèk dipandhingake karo pamêtu ing taun-taun kang pungkasan kiyi, têtela bangêt, yèn pamêtune sajêrone taun 1920 tumêkane taun 1928 sajake iya arêp suda manèh.

Garèng: Nèk tak gagas-gagas, ma, kabèh sing wis kok dhawuhake nyang putramu kiyi, mungguh rugi lan kauntungane imigrasi, tumrape wong-wong Jawa sing padha pindhah nyang tanah sabrang, apadene tumrape tanah Jawa umume, kok iya akèh bathine katimbang rugine. Nanging kanggone dina kiyi, kaya-kaya rêmbugane wis cukup samene, liya dina bae padha dibanjurake manèh.

Sumbêr Toya Bêntèr

Ing nginggil punika gambar sumbêr toya bêntèr ing Kêrinci Hulu, Sumatrah. Sumbêr wau tanpa kêndhat tansah kumukus, tuwin ambêlêkuthuk umob. Saking bêntèring toya, tiyang ngantos sagêd anggêgodhog, kados ta: tigan, jagung, tuwin sanès-sanèsipun sami sagêd matêng, botên beda kados dipun godhog ing toya ingkang dipun latoni.

--- 1076 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Warga rad Indhia enggal.

[Grafik]

Paduka Tuwan L.H.W. van Sandick gupêrnur ing Sumatra Wetan, ingkang kawisudha jumênêng warga rad Indhia.

Griya panggulawênthah nagari.

Kawartosakên, bilih griya panggulawênthah nagari, ing Bandhung, ingkang cêkap dipun ênggèni tiyang 250 tumrap lare jalêr. Ing salêbêtipun 14 dintên malih badhe wiwit nampèni lare-lare, ingkang dipun wastani larening parentah.

Kawartosakên malih, bilih ing taun 1931 ugi badhe wontên griya kados makatên partikêlir kalih panggenan, saking ada-adanipun golongan Katolik, kintên-kintên badhe manggèn ing Prabalingga tuwin Sukabumi. Bab punika tumrap rêmbag parentah ing polêksêrad, badhe ambiyantu sacêkapipun.

Sumbêr lisah mawa racun.

Wontên pawartos saking Bojanagara N.K.P.M. sampun tigang taun punika ngêbur siti ing dhusun Ngrunut, Kunduran, ing sakawit ngêdalakên latung. Sampun sawatawis dintên ing wanci dalu ngêdalakên angin tuwin toya asin, mawi nyêmprot, inggilipun antos[2] 30 mètêr, mawa swara gumuruh. Sarêng toya wau mili anjog ing lèpèn, wontên maesa kêkalih ngombe toyanipun, sami pêjah. Sarêng kapriksa, têtela toya wau mawa racun. Ingkang wajib lajêng andhawuhakên, ngawisi ngombèkakên rajakaya ing lèpèn, saha sumuripun lajêng dipun tutupi.

Pirantos nyorakakên swara.

Masjid ing Surakarta mêntas nyobi pirantos nyorakakên swara (luid sprekers) 9 iji, 6 manggèn ing golongan jalêr, 3 ing golongan èstri. Pinanggihipun migunani sangêt.

Sawung Muhamadiyah ing polêksêrad.

Pang Muhamadiyah ing Batawi gadhah sêdya ngawontênakên wakil ing polêksêrad, ing taun 1931. Ing sapunika apdhèling bêstir ing Batawi sêrat-sinêratan kalihan apdhèling bêstir ing Ngayogya, ing pangintên bab wau badhe dipun condhongi. Nanging bab pratelan ingkang dipun sawungakên dèrèng kawartosakên.

Propesor Dr. C.A. Verrijn Stuart.

Kala Minggu kapêngkêr Prof. C.A. Verrijn Stuart guru pamulangan luhur ing Utrecht, ingkang badhe dados wêwakil nagari Walandi ing konggrès bab ekonomi ing Jêpan, ing sapunika nuju anjajah saindênging tanah Jawi laminipun tigang minggu, lajêng badhe bidhal dhatêng Jêpan, anjênêngi konggrès.

Opsêr tiyang siti.

Kawrat ing bêslit tanggal 3 Agustus, kawisudha dados litnan pangkat kalih ing Indhia, Tuwan Suwardi, Muhamad Sudibya tuwin Sutapa.

Sêrat kabar Pandhawa dèrèng sagêd mêdal sabên dintên.

Kados ingkang sampun kawartosakên, kalawarti Pandhawa ing Bandhung badhe kapindhah dhatêng Batawi, saha badhe kadadosakên sêrat kabar padintênan, nanging jalaran wontên pambêngan, namung badhe kawêdalakên kaping tiga ing dalêm saminggu. Nanging miturut pawartos sanèsipun, ugi dèrèng sagêd namtokakên, amargi dèrèng angsal kantor pangêcapan ingkang sagah ngêcap.

Nanggulangi bêbaya candu.

Sampun sawatawis dintên, ing ngriki kadhatêngan Tuwan Chauvin pangagênging pabean ing Cochin-China tuwin Tuwan Bruchaut insinyur ngèlmi pamisah, prêlu sami badhe ngrêmbag bab wigatos. Miturut pawartos, badhe nyinau tumindaking tatanan tuwin caking damêl [damê...]

--- 1077 ---

[...l] pakaryan candu ing ngriki, salajêngipun badhe wawan rêmbag kalihan para pangagêng ing ngriki murih sagêd lêlintonan katrangan ing bab padagangan candu tuwin sabangsanipun.

Pamulangan sontên tumrap rakyat ing Mèstêr Kornèlês.

Pamulangan Muhamadiyah ing Mistêr Kornèlês mêntas kangge parêpatan ambikak pamulangan sontên, kathah ingkang sami mêdhar sabda mêmuji lulusing adêgipun pamulangan, tuwin sêsorah ingkang migunani tumraping para murid. Ing sapunika sampun wontên murid 52. Ingkang kawulangakên ing ngriku basa Walandi, bukodhêng, kursus A.B.C. tuwin basa Inggris. Arta bayaran tumrap K.E. bukodhêng tuwin basa Inggris f 2.50, tumrap basa Walandi f 1.50, kursus A.B.C. f 0.50 ing dalêm sawulanipun. Ing dalêm saminggu sinaunipun kaping 3, Salasa, Kêmis tuwin Jumuwah, wiwit jam 8 dumugi jam 1/2 10 dalu.

Para murid Bestuursschool ambiyantu padamêlan cacah jiwa.

Wontên pawartos, bilih parentah amarêngakên dhatêng para murid Bestuursschool ambiyantu padamêlan cacah jiwa tumrap Batawi.

Pindhahan komunis.

Pakunjaran ing Pamêkasan punika kapetang têlênging panggenanipun tiyang golongan komunis, ingkang sami tumut damêl ura-uru kala ing taun 1926. Nanging sarèhning pakunjaran wau sapunika badhe karembak, têtiyangipun sami dipun pindhah dhatêng Bahrawa, yasan enggal. Ing sapunika sampun ngangkatakên tiyang 50, kanthi bêbêktan mêsin dondoman 260 tuwin pirantos nênun.

Kursus musik.

Saking rekadayanipun Tuwan Supratman, jurnalis ing Batawi, sapunika ngadani ngêdêgakên kursus musik, manggèn ing Gang Têngah, caraning nyinau ngangge gagrag enggal, sapunika sampun wontên tiyang 11.

Têtêp yuswa 50 taun.

Ing wêkdal punika ing pundi-pundi sawêg upyêk nindakakên tatanan pahargyan yuswa dalêm Sri Bagendha Kangjêng Sri Maharaja Putri têtêp 50 taun, ing tanggal 31 wulan punika. Mirid wontêning pawartos, pahargyan punika langkung agêng tinimbang wiyosan padatan.

Mulo partikêlir.

Kawartosakên, ing sapunika ing Surabaya sampun wontên Mulo partikêlir tigang panggenan, saking ada-adanipun tiyang siti piyambak, inggih punika Mulo Taman Siswa, ing Kranggan Mulo Siswa Utama ing Jagalan tuwin Mulo-Islam-Onderwijs-Instituut ing van Deventerlaan sadaya sami majêng.

Asiah.

Ura-uru bab sade sarêm.

Ahmedabad 12 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên tiyang 74 sami dipun cêpêngi jalaran sami sade sarêm ingkang dados awisan. Tuwuhing pasulayan pinanggih kala para prajurit mardika nalika sawêg sami baris kalihan sade sarêm ingkang dipun surung ing grobag surungan, grobag wau lajêng dipun rubung ing tiyang kathah, wusana lajêng nuwuhakên pasulayan, kathah prajurit mardika nandhang tatu. Pulisi sanadyan migunakakên dêdamêl, nanging kuwalahên ngundurakên têtiyang ingkang sami ngalêmpak wontên sangajênging panggenan pulisi.

Pêpêrangan ing Santung.

Syanghai 13 Agustus (K.P.). panêmpuhipun mêngsah ing Lunghairilwe anggêgirisi, Sang Kai Sèk andhawuhakên dhatêng Liyu Sèk ambidhalakên wadya kangge ambiyantu wadya nagari ing paprangan, nêmpuh wadyanipun Sungcè Yuwan tuwin Suntin Ying.

Campuh ingkang anggêgirisi pinanggih ing sakubênging Kwètèh tuwin Poko.

Golongan Jêpan martosakên, wadya Sansi sagêd ngrêbat Taiyan malih. Dene Pucoyi andhawuhakên dhatêng wadyanipun, supados ngrêbat watês-watês malih salêbêtipun tigang dintên. Nanging Ciyang Kwangna tuwin Saiting Kai sagêd ngêpang wadya Sansi kalih golongan ingkang wontên ing Tayan. Panêmpuhipun wadya nagari sisih kiwa tumrap Kaiso kalajêngakên. Syang Kai Sèk nêtêpakên, Sènsèng dados litêndhih wadya nagari sisih têngên tumrap Cinpurilwe, nêmpuh Tinping San.

Pêpanggihaning panuntun.

Bombay 13 Agustus (Aneta-Nipa-Radio). Sang Gandi kalihan Nehru-Vallabha Patel tuwin Naidu juru ngrumpaka wanita, sampun sami sagêd rêrêmbagan ngantos gangsal jam, wontên ing pakunjaran Poona, nanging rêmbagipun punapa dèrèng kasumêrêpan.

Eropah.

Napels 14 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên lesus nêmpuh kitha ngantos ngaburakên wuwunging griya-griya, lajêng andhawahi têtiyang lumampah ing margi. Wontênipun kasangsaran ingkang pinanggih, tiyang pêjah 4 tatu 70. Ingkang katênggêl karisakan ing pêkên ingkang rame.

Pangeran Takamatsu.

Den Haag 13 Agustus (Aneta-Nipa). Pangeran Takamatsu bidhal dhatêng Bremen, dipun dhèrèkakên dening Tuwan Beelaerts van Blokland.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 105 ing Surakarta. 1 Dulkangidah Wawu 1825 dhawah dintên Salasa Kliwon, tanggal kaping 14 April 1896.

Lêngganan nomêr 3204 ing Madiun, V.A. taun 1919 sampun botên wontên.

Lêngganan nomêr 1300 ing Pugêr. Bale Pustaka kasade Wetboek, rêgi f 2.50 V.A. kêdah bayar rumiyin f 12.-

--- 1078 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

8.

[Maskumambang]

lan anămpa kanthi sukur ing dewadi | dene pinaringan | kang suka tanapi sêdhih | kang cinadhang ing manusa ||

marma janma tan wajib lamun anggusthi | tibaning lêlakyan | awit lamun dèn taliti | tan pisan bangkit wêruha ||

tiwas-tiwas nuwuhkên samaring ati | ing bêbasan ngrusak | têtêping punang pangèsthi | têmah wigar wèh pituna ||

undurira Sang Rama sowan sumiwi | mring Dèwi Kosalya | ingkang wus dangu anganti | sinewa para parêkan ||

dupi uning praptaning putra sang dèwi | angawe kang asta | Sang Rama nulya ngabêkti | trênyuh tumanêm mring driya ||

sang adèwi nulya ngrangkul putra ririh | ing galih karasa | anon ring netyasmu kingkin | wêkasan têtanya warta ||

kaya paran mungguh wartanira kaki | gyanta tinimbalan | arsa jinênêngkên aji | apa uwus paripurna ||

alon matur Sang Rama aswara ririh | kaparênging dewa | mangkya dèrèng nêmbadani | amaringkên kanugrahan ||

miwah ulun jatinira tan pinasthi | wênang jumênênga | dados nata wontên ngriki | kang winênangkên Barata ||

malah ulun ing mangkya pinrih sumingkir | kesah saking praja | winalêran datan kêni | ngambah praja ing Ayodya ||

dhinawuhan têtêp manggèn ing wanadri | araras têtapa | kongsi kawan wêlas warsi | pinrih bidhal sanalika ||

dhuh-dhuh ibu ulun kaparênga nuli | tadhe[3] tilar praja | ywa pisan karasèng galih | kantuna rumênggèng pura ||

ing sakala Dèwi Kosalya tan mosik | ing tyas wus karasa | yêkti datan wontên malih | sing tuwuh ing paracidra ||

mung sang dèwi tan pisan-pisan katitik | rênguning wardaya | malah angêngimur nuli | rinaras amulang putra ||

dhuh-dhuh kulup sira aywa pisan sêrik | awit jatinira | nata iku aran wajib | wênang niksa myang mranata ||

lawan manèh sri nata ramanta yêkti | wajib sira nuta | apa dhawuhe tumuli | luput yèn sira lumuha ||

yogyanira sira tumindaka nuli | ingsun mung mêmudya | muga winongwong dewadi | mêmayu rahayunira ||

risang Rama nulya mundur nyuwun pamit | laju lampahira | maring padalêman nuli | wêwarta mring Dèwi Sita ||

kacarita sang dèwi wus dangu nganti | praptanirèng raka | dènnya jumênêng narpati | ambawani ing Ayodya ||

mung sang dèwi tansah karaos ing galih | raos tan sakeca | amêngku samar kapati | sang dyah panglocitanira ||

paran baya rasaning tyas ingsun iki | anggung mêlang-mêlang | nyamarkên mring gurulaki | ingsun kongsi tan anduga ||

tan antara Sang Rama prapta tumuli | tidhêm tan nyabawa | surêming netya katawis | kadi kandhuhan duhkita ||

sang dyah mulat linut sarasèng tyas tistis | dene ingkang raka | tan pisan katon katitik | ngadi busanèng narendra ||

sang sudèwi nulya atêtanya aris | paran sinatriya | dene ing sêmu katawis | katawêngan ing sungkawa ||

kaparênga lajêng awêwarta gusti | mring pawonganira | punapa kang anjalari | jarwaa ingkang sanyata ||

punapa ta gusti amangguh pawarti | kang tan wèh pirêna | dene ing sêmu nêrusi | surêm kucêm kawistara ||

duk miyarsa Sang Rama alon mangsuli | dhuh pêpujan ingwang | wruhanira ingsun yayi | kadadak antuk dêduka ||

kang arasa abot tanpa pindhan yayi | lara sèwu lara | angalumpuk dadi siji | ingsun kadi tan kuwawa ||

dhuh-dhuh yayi baya parênging dewadi | ingsun pan pinêksa | pisah lan sira sakiki | kongsi kawan wêlas warsa ||

tuwuhing kang lêlakon mangkene iki | saking karsanira | jêng ibu Dèwi Kekèyi | kang wus pinarêngkên nata ||

kang pangangkah amrih Barata gumanti | sumilih jêng rama | awit sri nata wus janji | nêtêpi sêtyèng ubaya ||

Dèwi Sita duk myarsa warahing laki | sang satriya Rama | ing sêmu kadi tan gati | nanging katon analăngsa ||

nulya nguncupakên astanira kalih | lir traping mêmuja | pêlênging netra nêrusi | tumuju marang Sang Rama ||

linut atur araras pangarih-arih | dhuh gusti kawula | mênggah wajibirèng èstri | kêdah sêtya maring priya ||

datan kêni pisah ing salami-lami | nadyan tumimbala | kang kakung tumitis malih | tan pisan nêdya pisaha ||

dene ulun kalawan paduka gusti | tan wontên kawasa | janma kang misahkên yêkti | ing salami nêdya nunggal ||

sanadyan ta paduka pinêksa anis | lêlana ing wana | kawula nêdya tut wuri | andhèrèk saparan-paran ||

datan pisan ulun darbe cipta ajrih | ngambah wanawasa | yèn anut paduka gusti | datan darbe kasamaran ||

risang Rama datan kêndhat ngarih-arih | marang Dèwi Sita | mrih kantuna anèng puri | aywa mijil saking praja ||

[Mijil]

sinatriya Rama ngandika ris | linut ing pasêmon | sarwi ririh sumèh ngandikane | sira yayi ywa anut ing laki | kang nandhang kaswasih | sangsara nèng purug ||

wruhanira bêbayèng wanadri | samar sagon-ênggon | sato galak anggung wèh samare | sarpa-sarpa samya wiswa mandi | kang pasitèn curi | mung sarwa pakewuh ||

sang yuputri[4] datan pisan kongkih | malah adrêng kasok | nêdya anut raka saparane | aturira sarwi linut tangis | kadiparan gusti | yèn dasihe kantun ||

kasangsayan sajroning wanadri | ulun sampun ngrêtos | nanging yèn ta paduka ing têmbe | anêmahi papa nèng wanadri | sintên ta kang uning | tanapi kang labuh ||

yèn ta ulun karia nèng puri | luhung nêmah layon | dene apês têmên kawulane | tan umèngêt sangsaraning gusti | marma ulun naming | adrêng atut pungkur || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1079] ---

 


Gardapati. (kembali)
ngantos. (kembali)
badhe. (kembali)
suputri. (kembali)