Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-23, #557

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-23, #557. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08-23, #557. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 26-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 68, 27 Mulud Taun Jimawal 1861, 23 Agustus 1930 Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Lèpèn Tambêsi, Aprikah Kidul

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun garojogan [...][1]

--- 1080 ---

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan

V. Kawontênaning Ringgit.

(Warnining golongan)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Salya, Basudewa, Sêtyajit, golongan kadhêlèn tanggêl (Katongan) suwaranipun kasrapatakên laras jăngga, kêdalipun antêp, dhawahipun sêrêng.

Baladewa, golongan kadhêlèn. Suwaranipun: ladak, sêrêng sêmu soso.

Dursasana, golongan plêlêngan (gusèn) suwaranipun: sora braok, ragi agêng, kêdalipun lêga, bandhol, gadhah gujêng, sajak sêngguh tuwin grêgêt.

Burisrawa, sami lan Dursasana, mindhak bandhol, botên grêgêt.

Sêtyaki, golongan kadhêlèn. Suwaranipun: sêrêng antêp.

Udawa, golongan kadhêlèn. Suwaranipun: sasêtyaki, nanging kadamêl kêmba.

Krêsna, golongan liyêp, lanyapan. Suwaranipun: alit lan landhung, ambranyak kêdalipun micara, sumèh sêmu sêmbrana, kêrêp gumujêng. (Yèn pinuju jêjêr sapisan, suwara ragi luruh).

Karna, golongan liyêp, lanyapan. Suwaranipun: alit cêkak, ambranyak, kêdalipun sêrêng, kaladuk lêngus.

Sămba, golongan liyêp, lanyapan, suwaranipun: langkung alit, cêkak, ambranyak, kêdalipun sêmbrana, sumèh, kêrêp gumujêng.

Suwănda, (sabrangan alus) liyêp kagok luruh. Suwaranipun ragi agêng, kêdalipun mèmpêr Karna (Krêna),[2] mindhak grêgêt sêrêng.

Rukmarata, Trusthajumêna, branyakan putra, liyêpan. Suwaranipun: alit, sami kalihan Sămba, landhung, kêdalipun bodho.

Nakula, branyakan putra, liyêpan. Suwaranipun: ragi kêndho, kêdalipun sarèh, ragi bodho.

Sadewa, branyakan putra, liyêpan. Suwaranipun: kêncêng, kêdalipun micara, gadhah gujêng, sêmu sumèh.

Wisagêni, branyakan putra, liyêpan. Suwaranipun: alit piyambak, ladak sêmbrana, sumèh, kêrêp gumujêng.

--- 1081 ---

Arya Prabu, branyakan kagok luruh, liyêpan. Suwaranipun: Sami kalihan Suwănda, kêdalipun sêrêng.

Pandhita Durna, kincêran, gusèn. Suwaranipun: alit kados branyakan, kêdalipun trampil radi soso, sêmu pelo, mawi ngêlik. Dhawahipun antêp, kêrêp anjêngèk.

Aswatama, kadhêlèk.[3] Suwaranipun: sa-Udawa, namung ragi ganas.

Jayajatra, plêlêngan. Suwaranipun: sa-Bomantara, namung radi ganas.

Patih sabrang, plêlêngan, gusèn. Suwaranipun: sa-Jayajatra namung mindhak sêrêng.

Danawa ratu, plêlêngan. Suwaranipun: agêng, kêdalipun sarèh, sêmu ngêdên, sêrêng, sèlèhipun anjêngèk.

Danawa patih, suwaranipun mindhak agêng, kêdalipun mêndhak sarèh, lagunipun sami lan ratu.

Danawa pandhita, sami lan patih, kêdalipun mêndhak lan sarèh, lagunipun sami.

Danawa rucah, suwara alit, kêdalipun ragi soso, ugi ngêdên, sèlèhipun anjêngèk.

Danawa èstri, suwara alit, kêdalipun trampil. Mawi sajak sèlèhipun sêrêng, grêgêt.

Danawa nyarèng (cakil), suwara alit (sapêrèng, ndhita[4] Durna), mawi sajak dhawahipun antêp, sêmu sêngguh, botên pelo.

Danawa bindhêng, suwara gumrênggêng (ngirung) kêdalipun sarèh pêgat-pêgat (tlêdhuk-tlêdhuk) sèlèhipun ampang, majêg.

Danawa kucir, suwara alit, kêdalipun alot, ngêdên, elo, sèlèhipun anjêngèk.

Brêkasakan, suwaranipun warni-warni (mawi wujudipun) wontên ingkang pantês agêng, alot. Wontên ingkang alit kêmricik.

Ringgit èstri.

Banowati, lanyapan. Suwara: gandhang, kuntap, gandês.

Erawati, lanyapan.[5] Suwara: gandhang ragi jêtmika.

Surtikanthi, lanyapan kagon[6] luruh. Suwara: ragi luruh, jêtmika.

Jêmbawati, lanyapan.[7] Suwara: gandhang, jêtmika.

Rukmini, lanyapan kagok luruh. Suwara: gandhang kagok luruh.

Sêtyaboma, luruh. Suwara: luruh.

Wara Sêmbadra, luruh. Suwara: luruh ragi antêng.

Wara Srikandhi, lanyapan. Suwara: gandhang, kuntap, gadhah ladak. Badhe kasambêtan.

S. Purwawiyata. Wêlèri, K. 3018.

--- 1082 ---

Bab Tanêman

Bêndha

Para maos kados ugi botên kêkilapan, bêndha punika namanipun têtuwuhan wana, botên limrah tinanêm dening tiyang, kêgolong băngsa kajêng taun, wujuding wit, godhong, sêkar dalah wohipun saèmpêr kluwih, witipun sagêd agêng sangêt, kenging kadamêl balungan griya, baita, dandosan tuwin pirantos sanès-sanèsipun.

Miturut kapitadosanipun têtiyang dhusun, kathah ingkang sami sirik migunakakên kajêng bêndha kangge bêthak, kacariyos murugakên sok kadhatêngan sawêr, makatên punika lêrês lêpatipun nyumanggakakên. Kajawi saking punika manawi ngambah ing wana, godhong bêndha punika sangêt dipun eringi dening têtiyang ingkang sami gadhah piandêl, inggih punika botên kenging kangge kêkudhung, upaminipun kêjawahan utawi kabênteran, sasagêd-sagêd sampun ngantos migunakakên godhong bêndha, ngupadosa gêgodhongan sanèsipun, awit kacariyos murugakên asring kaprêgok sima. Malah wontên ingkang kojah, manawi sima badhe mamăngsa tiyang, punika ngilo godhong bêndha rumiyin. Yèn tiyang wau katingalipun wontên ing salêbêting wêwayangan awarni sato, lah punika ngalamat badhe dados mêmangsanipun. Makatên tuwin sapanunggilanipun, ewadene mênggah cêcriyosan ingkang kados makatên wau sadaya, saking pamanggih kula piyambak kêgolong nama gugon tuhon. Mila kula sêrati ing ngriki, bokbilih wontên prêlunipun kangge cocogan.

Sasampuning nyariyosakên bab ingkang gêgayutan kalihan gugon tuhon, sapunika nyariyosakên paedahipun woh bêndha. Woh bêndha punika yèn taksih nèm (pêntil) warninipun ijêm, yèn ragi sêpuh jêne, yèn sampun matêng jêne sêpuh (sulak abrit), gêpokanipun êmpuk, ing nglêbêt kathah klamudanipun, raosipun lêgi, asring dados têdhanipun sato kewan, kados ta: kêthèk, budhêng, luwak, garangan, bajing, landhak lan sapanunggilanipun. Samantên ugi para lare angèn kathah ingkang sami pados uwoh bêndha dhatêng wana utawi rêrungkudan ingkang wontên witipun bêndha.

Isi-isi wau sasampuning ical kalamudanipun, kaklêmpakakên, kaêpe sawatawis, lajêng kagorèng ing sangan, raosipun gurih, kathah tiyang ingkang doyan, malah kêrêp kemawon kasade kadosdene nyade kacang gorèng.

Tiyang ingkang padamêlanipun mikat pêksi prêkutut utawi sanèsipun, adhakan ambêtahakên sulut bêndha, pamêndhêtipun makatên: wit bêndha ingkang katingal subur, punika dipun cècèki mubêng, trêkadhang ngantos mènèk ing êpang, makatên ugi ing oyod-oyodipun, kakèndêlakên sadalu, enjing dipun endhangi, cecekan wau katingal sampun sami mêdal talutuhipun kênthêl pating parênthêl, [parênthê...]

--- 1083 ---

[...l,] punika dipun pêndhêti mawi cuthik, kalêbêtakên ing wadhah mawi toya tawa. Yèn sampun angsal kathah, talutuh wau lajêng kaulêt mawi talutuhipun oyod ragèn ngantos matêng, prêlunipun samăngsa pulut bêndha wau dipun pigunakakên kangge mikat, sanajan kabênteran sadintên muput botên badhe sagêd andalèdèk. Kosokwangsulipun, manawi tanpa kaulêt ing oyod kajêng ragèn, pulut bêndha gampil dados cuwèr amargi kabênteran. Dene sadèrèng lan sasampuning kangge, pulut bêndha sagêd kasimpên ngantos dangu wontên ing wadhah ingkang mawi toya.

Namung samantên kawruh bab bêndha, bokbilih kenging kangge wêwahing sêsêrêpan.

Nirrasa. Kêpanjèn - Malang.

Jagading Sato Kewan

Maesa ing Sumba

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67.

Dangu-dangu para raja wau lajêng katuwuhan osik, prêlu sangêt kêdah sêsarêngan gadhah tindak rukun, awit inggih namung karukunan punika ingkang badhe sagêd nyirêp kadurjanan. Kalampahan, sarêng ing taun 1928 para raja sami parêpatan, angrêmbag ing bab wontênipun kadurjanan kewan. Kênthêling rêmbag, para raja wau prajanji, ing pundi wêwêngkoning raja măngka wontên tiyangipun ingkang nglampahi kadurjanan, utawi kalêbêtan durjana ingkang nêdya pados pangungsèn, raja ingkang kanggenan wau kêdah nyêpêng durjananipun, lan kêdah masrahakên dhatêng raja ingkang kêblabagan kadurjanan, wusana sami anyanggêmi, badhe sami nêtêpi janji wau.

Minăngka têtêping janji, ing sabên taun para raja wau gêgêntosan kêdah mragad maesa, mawi dipun dhatêngi ing raja sanès-sanèsipun. Tindak kados makatên wau dipun anggêp kadosdene sumpahipun, saha lajêng kalampahan sagêd tumindak kados ingkang sampun katêtêpakên ing janji, wasana kadurjanan lajêng sirêp.

Mênggah pamragating maesa mawi cara piyambak, nanging botên tilar tataning Islam, awit para raja wau sami agami Islam. Patrapipun makatên: ing sakawit maesa wau dipun kêlohi, ing kêlohan dipun lêbêti dhadhung panjang. Dhadhung wau ing kiwa têngên dipun gocèki ing tiyang kathah kadosdene mênthèng, saha ing sacêlaking maesa dipun sanggi ing tiyang, andadosakên pandhangaking maesa.

Ing sadèrèngipun maesa kapragat, mawi dipun jênêngi para raja tuwin tiyang sanès-sanèsipun. Ing ngriku kaum sampun sadhiya nyêpêng lading panjang amingis-mingis, sasampunipun mirantos, kaum lajêng angayati anggorok guluning maesa, sapisan kemawon tatas angrampungi.

Tindak makatên wau sanadyan kajêngipun ingkang nindakakên sampun absah, nanging mênggahing raos,

--- 1084 ---

ugi taksih kalêbêt tindak panyiksa.

Sapunika amangsuli rêmbag ing bab pigunanipun maesa wontên ing tanah Sumba, punika inggih botên beda kados ing tanah Jawi, kangge ulah têtanèn, prêlu mêndhêt kiyating rajakaya. Nanging mênggahing tatacaranipun beda sangêt, maesa wau botên kangge anggaru mluku, têrangipun makatên:

Para among tani manawi wiwit anggarap sabin, sitinipun dipun êlêbi rumiyin, toyanipun ngantos mêncêp-mêncêp. Manawi sakintên sitinipun sampun êmpuk, sabin wau lajêng dipun lêbêti maesa, kapurih ngicak-icak ngantos waradin, lan sitinipun ngantos dados leleran. Sasampunipun makatên, siti wau lajêng dipun tanêmi.

[Grafik]

Tatacaraning pamragadipun maesa.

Mirid tindaking têtanèn kados makatên punika, mênggah caraning pangulah siti tamtu kawon sae kalihan ingkang dipun tindakakên anggaru tuwin maluku, awit tabêting waluku lêbêt, lampahing garu sagêd maradinakên siti, tur inggih dipun tindakakên ing maesa, ingkang pancèn kawical kewan kiyat. Nanging sarèhning sampun kacara, tindak kados makatên wau inggih sampun sae.

Kados makatên mênggah kawontênanipun maesa ing Sumba.

Nyambêti cêcariyosan sanès. Ing bab tatacara ingkang kados makatên punika, tumrap sanès nagari ugi wontên ingkang nindakakên, kados têtiyang ing Palu, Sèlèbês têngah, punika patraping anggarap sabin inggih namung angicak-icakakên maesa kathah wontên ing sabin ingkang sampun dipun êlêbi, ngantos sitinipun dados lumêr.

Tumrap tiyang ingkang dèrèng mangrêtos dhatêng tatacaraning anggarap sabin ingkang kados makatên punika, saha ingkang sampun anindakakên cara anggaru mluku, tamtu botên mathuk. Sayêktosipun tindak anggarap sabin kados makatên wau ugi sampun nate dipun cobi santun gagrag sarana dipun luku, nanging ugi botên sagêd kadadosan, amargi maesa ingkang dipun trapakên ing damêl tansah ambêrot. Dene mênggahing pangintên, sagêdipun tumindak sarana anggaru maluku, inggih kêdah anggêgulang maesa ingkang dèrèng nate kangge ngêcakakên damêl kados ingkang dèrèng dipun kulinani.

Kajawi bab kangge ulah siti, maesa punika mèh limrah kacara kangge têtumbal, kados ta kangge anumbali ngêdêgakên griya agêng, sarana amêndhêm [amê...]

--- 1085 ---

[...ndhêm] sirahing maesa, kangge têtumbal kawilujêngan, tuwin sanès-sanèsipun. Malah tumraping karaton Jawi, ugi wontên wilujêngan praja ingkang sarana mawi mragad maesa, ingkang wilujênganipun nama Maesa Lawung, inggih punika mragad maesa ingkang sampun dipun wanakakên, nanging patrapipun inggih namung dipun pragad limrah kemawon, dados bedanipun kalihan ing Sumba, ing Sumba kangge tandhaning kasêtyan, manawi ing karajan Jawi kangge wilujêngan.

Malah manawi miturut cêcariyosan Jawi, sanadyan ing kina pisan, têtumbal ingkang sarana maesa punika inggih sampun wontên, inggih punika caraning têtumbal katur dhatêng Bathari Durga, ing wana Setragăndamayit. Ing pangintên, kacaranipun ngantos dumugi jaman karaton Surakarta ing sapunika.

Tumraping patrap panyiksa kewan, kados ing Sumba, punika taksih kawon kalihan caranipun băngsa Palu manawi damêl têtumbal ambukak siti, mênggah patrapipun makatên:

Ing sakawit, têtiyang sadhusun sami urunan tumbas maesa, maesa wau lajêng dipun dhadhung gulunipun, namung logro kemawon, lajêng dipun cancang ing pathok, prêlunipun supados maesa wau sagêd polah, papan pamanggènipun wontên satêngahing latar. Sasampunipun makatên, têtiyang jalêr sadaya sami nyêpêng dêdamêl awarni klewang, sampun dipun asah mingis-mingis. Sarêng sampun dipun tangarani sarana têtabuhan, tiyang ingkang kaprênah sêpuh lajêng andhawahi dêdamêl rumiyin, dipun angkah ngèngingi badanipun maesa, lèwêg, maesa lajêng budi, wusana dipun êtut ing têtiyang sanès-sanèsipun, sami andhawahi dêdamêl, maesa ngantos tatu rojah-rajèh, malah jêroanipun sami mêdal, dene wêkasanipun inggih dipun pragad, dagingipun kabage waradin, kangge nêdha eca.

Makatên mênggah babading tatacara ing Sumba ing bab maesa, tuwin tatacara ing nagari sanèsipun ingkang gêgayutan maesa.

Tanah Priyangan

[Grafik]

Ing tanah Priyangan punika misuwur saening sawangan ingkang pinanggih saking margi sêpur. Para maos sagêd nguningani kados wujuding gambar ingkang sumandhing punika. Gambar wau mujudakên sêsawangan ing sêtatsiun Cikajang.

--- 1086 ---

Sampun ambabar Volksalmanak 1931 Jawi - Malayu - Sundha. Satunggal buku namung rêgi f 0.64 mawi almênak templekan.

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Ingkang taklim.

Wiyose Kang Garèng, yèn kowe nămpa layangku kiyi, aku lagi ana ing dalême mitraku kênthêl bangêt, kang dadi wêdana ana ing Ongaran. Kêpriye kaananku ana ing Ongaran kene, liya dina bae tak caritani. Saikine aku tak ambanjurake caritaku kalane aku ana ing Sala dhisik.

Ing dina Rêbo tanggal 6 wulan kiyi, tumrape aku sawijining dina kang sowe bangêt, awit ing dina iku rasane awakku ora kêpenak babarpisan, sirahku plêng-plêngan kaya diambah slèndêr, wêtêngku pating plilit kaya lagi kêrawuhan dèn mas kolerah, dalasan sikilku bae têka pating krêjot kaya diithik-ithik dening ratuning para bubul. Tujune pondhokanaku kiyi kok nyang dalême paman lan ibuku bibi dhewe, dadi kopèn, ajaa rak bisa uga kalakon didhawuhi andhèrèkake eyang ... Yamadipati têmênan. Kang mangkono mau andadèkake prihatine sing kagungan dalêm, mulane banjur enggal-enggal utusan nimbali dhukun tukang pijêt. Wah, Kang Garèng, barêng dhukune têka, mèh bae aku klêngêr ênom aliyas sêmaput. Iya sapa wonge bae sing ora kagèt, gagasane sabên wong, dhukun pijêt kuwi, iya lananga iya wadona, sing akèh mêsthi wong kang prasaja bangêt, panganggone, sanadyan ora têmtu gombale, iya barès, jarite iya wis lungsêt, klambine sanadyan êncita, iya sing murah-murahan. Nanging ora mêngkono mungguh dhukun pijêt sing têka ing pondhokanaku mau, panganggone ngêgèt-êgèti wong tuwa têmênan. Klambine biru laut maya-maya, thik sêtêngah sutra, tapihe, êmbuh bangsaning kawung, êmbuh parangteja, aku ora pati namatake, ning isih katon anyar, kathik nganggo cênela, srêg, srêg. Kang Garèng, kowe aja ngira, yèn isih nom tur rupane mêling-mêling kaya gêlas, utawa kincling-kincling kaya gêndul. Lo, ora, mêngko kowe banjur anggagas sing ora-ora. Nèk wong-wongane, upama wêktua mono, iya wis wanci jam papat kae, nanging panganggone isih katara andhandhing, sawijing tăndha yêkti, yèn dudu wong sabaene bae. Satêkane ing ngarêpku, banjur anêpungake karo aku. Mungguh têtêmbungane mangkene: sami nêpunga kemawon, ênggih.

Ing batin aku anggagas: Gandrik, putune Kyagêng Sela, kathik kaya dara dèn ayu mênggung lagi nêpungake karo garwaning priyayi bawahe.

--- 1087 ---

Saka caritane dhewe, sanadyana dhukun pijêt, dudu dhukun pijêt sêmbarangan, nanging isih darah, isih dara dèn ayu: grès. Kala samono, upama aku ginanjar duwe buntut mono, kiraku banju kipit-kipit ngawêt bae, tur ilatku iya nganggo tak mèlèt-mèlètake barang kae. Apa manèh barêng aku krungu, yèn bayarane sapijêtan sathithik-sathithike kudu 5 rupiyah, saya anggone buyutên awakku sakojur. Mulane aku banjur gêdhêpês umatur: dara dèn ayu, sampun pisan andadosakên rêngu nampeyan, dene kula tronyok-tronyok kumawani ngaturi nampeyan, punika saking kalintuning abdi kula. Sintên kula, dene wani dipun asta ing nampeyan, mendah sapintên agênging bêbêndu ingkang badhe dhawah ing badan kula. Wadhuh, Kang Garèng, barêng tak kandhani mangkono mau, kathik mèsêm-mèsêm sarta banjur muni mangkene: botên dadi napa, idhêp-idhêp kula olèh têpungan anyar, êmpun ênggih, rèhning têng ngomah kula sêk ontên dhayoh, kula tak tumuli mulih. Sauwise banjur: srêg, srêg, lunga saka kono.

Hêm, nèk dipikir-pikir, Kang Garèng, kaanane ing donya kuwi têka warna-warna têmên. Mungguhing aku, sanadyan anaka jendral pisan, pancène iya kudu ngèlingi buruhan sing lagi dilakoni. Upamane lagi buruh dadi tukang banyu, kok isih ngêdir-êdirake anggone isih darah luhur, isih duwe sêsêbutan: radèn mas, karêpe supaya isih diaji-aji, lan didènmas dènmas, muring-muring yèn disêbut kakang, mêcucu yèn ora dibasani, lo, yèn mangkono tindake, mêngko rak kalakon kapiran têmênan, awit têmtune rak banjur ora ana wong sing wani amburuhake nyang awake. Mulane wong dadi darah luhur kuwi abot sanggane, awit kudune ora kêna mongkog yèn lagi nêmu kamulyan, lan ora kêna nalăngsa yèn lagi ginanjar sangsara.

Wis, wis, Kang Garèng, aku tak ambanjurake caritaku. Ing sarèhning ing dina iku aku lagi karasa ora kapenak awakku, aku iya banjur mung tansah angumbakarna bae, ewadene nèk dhong masane mangan, aku iya ora lali anggonku ngantêm wèlêm olah-olahane ibuku bibi, sêga liwêt lawuhe: sambêl gorèng èbi, jangan mênir, pêcêl pitik, kathik diwuwuhi: sapujagad. Dene sorene, ing sarèhning aku wis jangji luwih dhisik, aku kapêksa kudu pisitê nyang dalême Nyonyah Van den Berg, yaiku panggêdhening pamulangan normal tumrap guru wanita ing Surakarta, ing kono aku ditămpa kanthi rênaning panggalih, sarta banjur dituduh-tuduhake mungguh kaanane pamulangan mau. Liya dina yèn Kajawèn wis bisa nămpa potrèt-potrète, kiraku banjur bisa ngêmot karangan ing bab kaanane sêkolahan mau sing kanthi jalèntrèh. [jalè...]

--- 1088 ---

[...ntrèh.] Saiki cukup, tak caritani, yèn anane ing kono kabèh katon: risik, nècis, rajin, sarta ambalindrik kaya leyo.

Ulihku saka pisitê mau, kurang luwih jam 9. Wah, Kang Garèng, kala samono atiku rada bingung, arêp têrus mulih nyang pondhokan, kuwatir yèn wis kêpancal cêthing, mulane lakuku banjur anjujug mênyang sêkatenan, prêlu arêp ngisèni têlèhku. Sajêrone aku lungguh ana ing resturan angadhêpake sêga rawon, mata sapi, ombèn-ombène banyu ès, tansah ngawasake ombyake wong nonton. Wah, Kang Garèng, upama kowe bisa nêksèni dhewe, kiraku bisa kalakon banjur dhêlêg-dhêlêg kaya wong sing mêntas digondhol wewe kae. Wadhuh, hla wong pacakan têka warna-warna têmên. Ana sing klambi bayak potongan Bandhung, ana sing gêlung kondhe, suwênge panunggule mung siji, barès kurès nanging ngayang batin. Ana manèh sing gêlung gondhèl mèntèng-mèntèng, suwênge blong, klambine nganggo kuthubaru, lakune sêbrak, sêbrak, ambalarak sêmpal. Tobat, tobat, nang mripat le pyur-pyuran. Apa manèh barêng Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun têdhak ing sêkatenan, gêdhening atiku prasasat sagunung Tidhar têmênan. Jajal ing kene tak gambare mungguh têdhak dalêm mau.

Laku-lakune têdhak dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana mariksani sakatèn mau: ing ngarêp dhewe abdi dalêm urdênas manganggo klambi atelah putih jaranan, padha ngampil upacara sawatara, banjur Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, nitih oto, kasambungan para putri dalêm, banjur otobis ditunggangi para kalangênan dalêm badhaya srimpi, manggung katanggung sarta abdi dalêm kênya, pungkasane abdi dalêm urdênas jaranan manèh.

Mungguh wiyos dalêm mau, manawi dicăndra iya ngurang-ngurangi papan têmênan, kêna kacêkak, wiyos dalêm mau kaya pêpindhaning cahya rêraton ambyuk ana ing sakatenan, satêmah agawe surêming papan karamean, dening kasoran prabawaning nata kang umiyos. Lo, Kang Garèng, kang kapindhakake mangkono kuwi, jênêng ora umuk-umukan, awit saupama anjukuk saka kasulistyan, sapa kang bakal ngasorake, yèn ta saka mubyar murubing sêsotya, sapa sing bakal ngungkuli, wadhuh, sasat ngasorake lintang kang abyor ing langit.

Wis, wis, Kang Garèng, layangku tak punggêle samene bae, liya dina tak layangi manèh. Kanthi lêganing ati, kira-kira jam 10 aku mulih nyang pondhokan.

Ongaran 12 Agustus 1930.

Rayinta Petruk.

--- 1089 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Imigrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 67)

Garèng: Saiki kanggone aku wis gamblang têmênan, ma, yèn anane imigrasi kuwi tumrap tanah Jawa pancèn prêlu bangêt, apa manèh yèn ngèlingi cacah jiwane tanah Jawa kiyi tungkul mundhak-mundhak bae. Nanging aku isih durung bisa anocogi, yèn carane mindhah wong-wonge mau isih ditindakake kaya sing uwis-uwis. Ya kuwi kaya sing ditindakake dening wèrêk Dhèli umume. Hla apa mèmpêr, ingatase aku kiyi rak iya wis gêdhe tuwa, hla kok iya mèh kenyut mèlu kontrak nyang Dhèli, jalarane ora liwat iya saka manising wicarane. Mara jajal tak caritakne nyang rama kiyi, cikbèn rama sagêd manggalih mungguh patrape wèrêk Dhèli golèk wong kuwi.

Kala samono putramu kiyi lagi ginanjar dadi panji klanthung, têgêse lagi kêlanthungan ora duwe gawean. Sêtiyar pagawean nyang ngêndi-êndi, tansah tiba jêblok bae. Dhisike golèk pagawean juru tulis, nyang ngêndi-êndi tulisanaku diunèkake kêroyalên tur diwuwuhi: rada ora pati muni. Sauwise banjur sêtiyar golèk pagawean: mandhor têbu, iya ditulak, jarene kêbangêtên anggonku anjanakani, dalasan rèkês kanggo ... priyayi pènsiunan bae, kok ya mêksa ora olèh.

[Grafik]

Sêmar: E, wong sêmbrana, ana rèkês têka anjaluk dadi: priyayi pènsiunan, têgêse: bisa anganggur bae, nanging olèh blănja. Wêruha, Garèng, priyayi bisane dipènsiun kuwi, rak sauwise nyambut gawe lawase 30 taun kanthi slamêt, karêpe anggone nyambut gawe samono lawase kuwi kanthi tumêmên tur ora tau kaluputan apa-apa. Hla, minăngka gêdhening tarima kasihe nagara marang lêlabuhane, priyayi mau banjur dikon nganggur bae nganti tumêkan ajale, sarana diparingi blănja sapira mêsthine, ya iki sing diarani: dipènsiun. Wis, wis, saiki banjurna dhisik anggonmu arêp nyaritakake carane wèrêk Dhèli golèk uwong.

Garèng: Iya bêcik, ma, nanging tak pindhoni aturku ing ngarêp. Sing arêp tak aturake nyang

--- 1090 ---

rama kiyi, carane wèrêk anggone ambujuki aku kiyi. Lo, kuwi mangkene:

Rama têmtune iya ora kêkilapan mugguh rasane wong kang nganggur pirang-pirang sasi, kathik sabên dina tansah ditangisi anak bojo. Mulane iya ora kêna dipaido, yèn kala samono saka bingunging atiku, aku mèh bae ngêndhat sarana nyêmplung sumur. Tujune aku awèh wêruh dhisik, dadi banjur akèh sing padha ngalang-alangi, ajaa, rama rak wis ora kagungan putra kaya aku manèh. Dilalah, ma, sajêrone aku lagi susah mangkono mau, ana wong marani aku kăndha mangkene: lo, kok Mas Bèi Nala, punapa sami sugêng. Ngrungu omonge wong kiyi, aku rada kagèt lan iya rada bungah. Kagète sabab aku rumasa durung têpung, têka wong kiyi wis apal têmên karo jênêngku, kawuwuhan anggone ngaruh-aruhi aku gêmrapyak bangêt. Bungahe dene aku isih katon uwong, tandhane wong kiyi isih ngajèni nyang aku, isih gêlêm ngundang mas bèi barang. Sauwise nakokake kaslamêtanaku sabatihku pisan, banjur padha rêmbugan omong kosong, suwe-suwe banjur nyandhak omong-omongan ing bab angèle golèk pagawean ing jaman saiki. Pungkasane dhèwèke ngomong mangkene:

Mas bèi, kula niki salêrêse diutus daoke kula, didhawuhi madosake juru tulis. Botên prêlu pintêr-pintêr, anggêre sagêd nyêrat lan etang sampun cêkap. Wiwit namung dipun balănja f 25.- nanging pangajêng-ajênge sae sangêt, nèk pancèn têmên-têmên anggone nyambut damêl, dangu-dangu têmtu sagêd dados: komis. Eman sangêt, dene kula wontên ing ngriki botên gadhah têpangan, ingkang kenging dipun pitados kajawi Mas Nala. Mila kula nyuwun tulung dhatêng Mas Bèi Nala, manawi-manawi kagungan sadhèrèk utawi pitêpangan ingkang purun anglampahi dados juru tulis.

Wah, ma, rasaning atiku kala samono mak sênit têmênan. Iya ora susah sêdulur-sêdulur, aku dhewe iya gêlêm bangêt, mulane aku sanalika kono iya banjur gè ... ncêng canthèl rêmbug karo wong mau, yèn aku dhewe sing arêp anglakoni. Sajake wong mau katon sênêng bangêt. Calathune: inggih sukur ta sukur, yèn Mas Bèi Nala piyambak ingkang krêsa badhe anglampahi, awit kula sampun sumêrêp atèn-atèn sampeyan. Manawi makatên, mas bèi, kula aturi enggal-enggal tata-tata, supados tumuntên sagêd pangkat, jalaran daoke kula punika sêlak bêtah sangêt dhatêng juru tulis. Măngga, lo, punika pursêkot saking balănja sawulan, manawi kangge kaprêluanipun Mas Nala.

Sanalika kono iya banjur: tlètèk, ngêwèhi dhuwit aku f 25. Hara, ma, sapa wonge sing ora kelut marang têmbunge wong kiyi. Ingatase lagi thak-thakan golèk gawean nyang ngêndi-êndi tansah mulih nglanthung bae, jêbul banjur ana sing nawani pagawean sing blanjane kêna dirasakake mêngkono, wis mêsthi ta yèn aku banjur sêmranthal mèlu karo wong mau. wêruh-wêruhe yèn aku kiyi sabênêre kêna ing pèlète băngsa wèrêk, barêng wis mèh kasèp. Nalika

--- 1091 ---

aku sumurup, yèn aku kapusan, sanalika kono aku banjur nyuwun diulihake nyang desaku. Panuwunanku mau ora kok diidini, malah aku banjur diprêsèni: kuwih bogêm nganti pirang-pirang losin. Tujune kapriksan dening bêndara kontrolir Arbeids-inspectie, oraa rak iya caklat têmênan awakku.

Sêmar: Iya pancèn bênêr omongmu kiyi. Carane wèrêk anggone golèk kuli kuwi pancèn iya kêrêp siya bangêt. Tujune saiki dening pakumpulane para ondêrnèmêng-ondêrnèmêng kuwi wis dianani imigrasi manasuka (vrije imigratie) têgêse: anggone golèk wong mau supaya gêlêm nyambut gawe nyang tanah sabrang, ora sarana dipêksa utawa dibujuk alus, nanging sing ditari mung sing gêlêm bae. Ewasamono wohe imigrasi manasuka kiyi iya durung pati agawe lêga. Awit tumêkane saiki isih tansah kêjoran dening imigrasi kaya sing wis kok têrangake ing ngarêp mau. Iya bênêr, yèn namaning wèrêk mau, ing ngêndi-êndi wis kasuwur alane, nanging jalaran saka alusing pambujuke para wèrêke, iya mêksa isih akèh bae wong-wong kang kêna kêblithuk, mulane pamujiku, muga-muga tumindake vrije immigratie mau bisaa tumuli kêturutan kayadene kang sinêjakake.

Garèng: Amin. Mêngkono uga aku, ma, iya tansah mèlu andongakake, supaya vrije immigratie kiyi tumuli bisa tumindak kanthi bêcik. Awit nèk kiraku, tumindake têmtune iya ora pati siya kayadene cara-carane wèrêk kae.

Sêmar: Lo, lo, omongmu kiyi mau têka nganggo kok èmbèl-èmbèli: têmtune iya ora pati siya. Nèk mangkono kowe isih pracaya, yèn sathithik-sathithik iya isih ana tindake sing rada siya. Wêruha, Nala Garèng, yèn saiki nagara wis nganakake pakaryan anyar, yaiku kang kok arani ing ngarêp arbeids-inspectie, kang pagaweane ngêmungake nitipriksa mungguh kaanane kaum buruh, aja nganti dikaniaya utawa disiya-siya dening sing awèh pagawean. Mêngkono uga dipasrahi anitipriksa, apa wong-wong sing padha arêp pindhah nyang sabrang kuwi saka karêpe dhewe, apa jalaran saka dayaning bujuk alus. Yèn têtela pindhahe nyang sabrang mau jalaran saka dibujuk, sanalika kono iya banjur diulihake nyang desane.

Garèng: Wadhuh, ma, pancèn iya bênêr pangandikamu kuwi, nanging ana ing krêtase, apa nyatane bisa tumindak kanthi sampurna, hla, kuwi isih dadi pitakonan. Padhane rak pangkat wadana kae. Kuwajibane wadana kuwi kudu nata tata têntrême kadhistrikan, kang dadi kukubane, têgêse kudu nyêgah anane rêrusuh, maling, durjana lan sapanunggalane, cêkake: ing sajêroning dhistrik kono kudu tansah tata têntrêm. Nèk sing dadi wadana mau pancèn priyayi pêng-pêngan, iya bisa kalakon têntrêm têmênan. Nanging aku kêrêp bae mênangi wadana, aja manèh gawe tata têntrêm dhistrik bisaa, lagi gawe tata têntrême sajêroning dalême bae ora bisa. Tandhane [Ta...]

--- 1092 ---

[...ndhane] yèn dara wadana rada kêsuwèn anggone nayuban, dèn ayune banjur gawe rusuh, ambantingi piring, cangkir lan sapanunggalane, dara wadana iya ora bisa nyêgah.

Sêmar: Lo, lo, kok banjur mrono playune. Wis, wis, dilèrèni samene bae, omongane têka banjur ngayawara mangkono.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Bab Culik.

Sumêbaring pawartos ing bab culik, saya waradin dumugi pundi-pundi, măngka têrang bilih pawartos punika namung ngayawara kemawon. Bab punika mêntas wontên lêlampahan ingkang nelakakên gorohipun pawartos wau. Wontên tiyang ing kampung Capaka Putih martosakên bilih ing kampung Gunungsari, Batawi, tiyang wau nyipati piyambak sumêrêp mayit ingkang mripatipun kalih pisan dipun cuplik ing culik. Bab wau kamirêngan pulisi, lajêng kapurih nêdahakên, wusana botên wontên nyatanipun babarpisan, tiyang wau lajêng kasêrêg ing prakawis, nêrak ing bab 171 anggêr ukum.

Bab makatên punika pantês dipun mangrêtosi ing ngakathah, bilih damêl pawartos lalawara punika mawi ginantungan paukuman, kakunjara dangu-dangunipun sataun, utawi dhêndha kathah-kathahipun f 300.-

C.B.Z. enggal ing Surabaya.

Sampun dangu dados rêmbag, bilih C.B.Z. ing Simpang, Surabaya, kawontênanipun sampun sarwa nguciwani, saha lajêng dados rêmbagipun parentah. Ing sapunika sampun wontên karampunganing rêmbag, badhe yasa C.B.Z. enggal manggèn ing Karang Mênjangan. Waragadipun katapsir 5 yuta rupiyah. Waragad wau badhe kalêbêtakên rantaman taun 1932.

Krakatao.

Wontên pawartos saking pulo Panjang, kawontênanipun pulo enggal, kubênging kawahipun kintên-kintên wontên 600 mètêr, panjanging pulo 1150 mètêr, wiyaripun 250 mètêr.

Kalawarti wulanan enggal.

Kawartosakên, wiwit tanggal 15 wulan punika, pakêmpalan golongan wanita ing Bandhung nama Istri-Sedar, ngêdalakên kalawarti wulanan nama Sedar, kalawarti wau adhêdhasar kabangsan, prêlu andandosi darajating wanita. Redhakturipun katindakakên dening bêstiring pakêmpalan.

Wanita ing Pamêkasan.

Ing Pamêkasan wontên pakêmpalan wanita nama Dames Club, ing sabên wulan ngawontênakên pêpanggihan kaping kalih, ngawontênakên sêsorah, dhebat tuwin sanès-sanèsipun, ingkang gêgayutan bab wanita, ugi ngawontênakên pangajaran maos.

Ukum pêjah.

Pangadilan militèr mêntas andhawahakên ukum pêjah dhatêng sawênèhing saradhadhu băngsa Ambon nama J. Saya, kalêpatan prakawis nalika nuju jagi, nilar pajagèn, anyanjata Sêrsan Suratman kalanipun nuju tilêm, saha badhe mêjahi malih sêrsan Walandi. Dene winihing prakawis ing bab èstri.

Mr. Abdul Sukur.

Kawartosakên, Mr. Abdul Sukur tilas pangarsa pakêmpalan Indhonesiah ing nagari Walandi, kèndêl anggènipun tumindak ing bab prakawis pêrgêrakan utawi pulitik, lajêng badhe manggèn ing Bandhung.

Iksamên calon punggawa pagantosan.

Ing Gombong mêntas dipun wontênakên iksamên tumrap calon punggawa pagantosan. Ingkang nglêbêti wontên tiyang 1600, têtiyangipun èstri wontên pintên-pintên dasa. Tiyang samantên wau ingkang katampèn anglêbêti namung 800.

Panti widya.

Ing Bandhung wontên pakêmpalan nama panti widya. Pakêmpalan wau ancasipun badhe ngêdalakên buku-buku basa Sundha, Malayu tuwin Jawi, lan ugi ngêdalakên buku sanèsipun, upaminipun basa Walandi. Karangan-karangan ingkang saking jawi, samăngsa kawêdalakên dening panti widya, mawi angsal pituwas, adêging pakêmpalan mawi ngawontênakên andhil sèri A.1000 iji, rêgi f 5.- saandhil. Sèri B. 500 iji, rêgi f 10.- saandhil. Kenging kacicil sabên wulan f 1.- utawi f 2.50. Bêbathènipun ingkang 20% kadarmakakên dhatêng Studiefonds, griya sakit tuwin sanès-sanèsipun. [sanès-sa...]

--- 1093 ---

[...nèsipun.] Bêstiring pakêmpalan wau, dhirèktur Tuwan A.H. Wignyadisastra. Rumiyin up redhaktur klas satunggal ing Bale Pustaka. Komisaris, Tuwan M. Abungkasbulah, dhirèktur pirmah Sêtyapamili. Tuwin sanès-sanèsipun. Adpisur D.K. Adiwinata, guru basa Malayu Osvia ing Bandhung tuwin Tuwan Darnakusuma, wèt odhêrgêmintê ing Bandhung.

H.I.S. tuwin Schakelschool ing Mungkid.

Kawartosakên, wiwit benjing tanggal 1 Sèptèmbêr ing Mungkid, Magêlang badhe ngawontênakên H.I.S. tuwin Schakelschool Taman Siswa. (S).

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana rawuh ing kantor Volkstelling.

Ing tanggal 20 wulan punika, wanci jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral rawuh ing kantor Volkstelling, dipun tampi dening Tuwan Prof. J. van Gelderen tuwin Dr. W. Brokx. Rawuh dalêm ing ngriku katingal rêna. Ingkang sakalangkung andadosakên karênan, ing bab tumindaking mêsin pangetang, ingkang sagêd misah-misahakên pêpetanganing dalancang, ing dalêm saêjam sagêd metang 23.000 lêmbar.

Papriksan Ir. Sukarna.

Pangadilan landrad ing Bandhung saèstu sampun nindakakên papriksan prakawisipun Ir. Sukarna, wontên ing dintên Sênèn tanggal 18 wulan punika, dipun pangarsani dening Mr. Siegenbeek van Heukelom. Sarèhning papanipun rupak, têtiyang ingkang ningali kathah ingkang wangsul. Cacahing dakwa 4, inggih punika Ir. Sukarna, Tuwan Gathot Mangkupraja, Maskun tuwin Supriyadinata. Ir. Sukarna, kapriksa, kadakwa prakawis damêl paguyuban wados badhe ngrêbahakên parentah Indhia. Wangsulaning dakwa lêrês dados awak-awakaning pakêmpalan, nanging botên gadhah sêdya kados pandakwaning parentah. Pamriksanipun sakalangkung panjang. Dumugi dintên Salasa dèrèng rampung.

Sinau dhatêng Siyêm tuwin Birmah.

Pakaryan wana matah dhatêng Tuwan W.J. Warta, amtênar ing bab padagangan kajêng, benjing tanggal 17 Dhesèmbêr dhatêng Siyêm tuwin Birmah, prêlu nyumêrêpi caranipun tiyang ing ngrika, ing bab tumindaking damêl bab kajêng jati agêng utawi cuwil-cuwilan grajèn, punapadene ing bab asil ingkang gêgayutan bab wau.

Asiah

Tiyang awon ing Lusingpang.

Pèiping 17 Agustus (Aneta-Nipa). Pangagêng Inggris botên sagêd nyatakakên benjing punapa anggènipun mardikakakên Nettelson tuwin Harrison. Kongsul Martin ing Yènping pangkat dhatêng Kini, prêlu ngrêmbag badhe mitulungi tiyang kêkalih wau, nanging Lusiyang nyarêngi ngintuni wadya kangge nyirnakakên têtiyang awon, dados lajêng ura-uru. Pangagêng Inggris lajêng pakèwêd anggènipun nindakakên.

Kantor kongsul Inggris katutup.

Syanghai 18 Agustus (Aneta-Nipa). Kawartosakên, parentah Inggris andhawuhakên dhatêng kongsul Inggris ing Sangsa, supados nutup kantoripun, makatên ugi kongsi lisah Socony ugi pindhah. Sadaya wau gêgayutan ing bab botên têntrêming nagari.

Kuli mogok.

Singgapura 19 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên kuli băngsa Indhu cacah 2000 ingkang sami nyambut damêl ing babagan, sami sèlèh pirantosipun nyambut damêl. Dene ingkang andadosakên jalaran, têtiyang wau sami mirêng bilih badhe dipun suda balanjanipun. Sarêng katindakakên rêmbag mupakatan kalihan pangagêng, kuli-kuli sami botên nyondhongi dhatêng tatananing balănja enggal. Saha purunipun nyambut damêl namung badhe dumugi tanggal 15 Oktobêr. Wusana sami kapurih ngêntosi karampungan saking pangagênging Kuala Lumpur.

Eropah.

Bab lindhu ing Itali.

Rome 18 Agustus (Aneta-Nipa). Pawartos ingkang opisil mratelakakên, bilih têtiyang ingkang sami ngili jalaran lindhu, ing sapunika sampun sami wangsul, gunggungipun têtiyang tiwas ingkang rumiyin kapetang namung kintên-kintên têrangipun namung 1475. Bab punika lajêng kawartosakên waradin dening parentah Itali.

Wêkasaning ura-uru.

Lissabon 17 Agustus (Aneta-Nipa). Tumindaking băngsa Portêgis anggènipun damêl ura-uru, lajêng kenging kasirêp kalayan gampil dening parentah, kanthi angèndêli pangagêng pangkat inggil 20 tuwin ambucal tiyang 9 dhatêng Azores, punapadene andhêndha awrat dhatêng tiyang sanès-sanèsipun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4415 ing Sênori. Kajawèn badhe kakintun sabên dintên Sêtu. Nomêr 59 + 60 sampun têlas.

Lêngganan nomêr 3806 ing Cilacap. Nomêr 58 t/m 62 sampun têlas, botên sagêd ngaturi.

Lêngganan nomêr 928 ing Lipatkajang. Pos wisêl f 3.- sampun kula tampi. Rèhning pambayaran taun punika sampun lunas, lajêng f 3.- wau kangge punapa.

--- 1094 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

9.

[Naskah rusak]

--- [1095] ---

 


Naskah rusak. (kembali)
Krêsna. (kembali)
kadhêlèn. (kembali)
Pandhita. (kembali)
§ Mirid wandaning ringgit ing Surakarta, kalih pisan botên kados makatên. Red. (kembali)
kagok. (kembali)
§ Mirid wandaning ringgit ing Surakarta, kalih pisan botên kados makatên. Red. (kembali)