Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09-06, #560

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09-06, #560. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09-06, #560. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 72, 11 Rabingulakir, Taun Jimawal 1861, 6 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Wawasan kawontênanipun karamean ing Batawi laminipun 16 dintên

Wêdaling Kajawèn ing dintên punika ngêmungakên ngêwrat kawontênanipun karamean Pasar Gambir ing Batawi, ananging ing sarèhning wontênipun Pasar [Gambir nyarêngi] pahargyan sanès-sanèsipun, kados ing ngriki [prêlu badhe] ngobrol adamêl wawasan mênggah wontênipun karamean-karamean wau.

Pasar Gambir sapisan punika, pancèn kadamêl agêng-agêngan sayêktos, jalaran anyarêngi tigang prakawis, ingkang pantês dipun pèngêti, inggih punika: 1e. yuswa dalêm Sri Nata Dèwi jangkêp 50 taun, 2e. wontênipun Pasar Gambir kalêrês 10 taun lan 3e. panjênênganipun Tuwan Mr. Meyroos anggènipun ngasta bêrgêmistêr ing Batawi ugi sampun jangkêp 10 taun. Amila wontênipun pahargyan inggih tansah têrus-têrusan kemawon. Kajawi punika, dilalah ing Batawi kala punika katamuan prayagung saking môncanagari, inggih punika Paduka Tuwan Sir Cecil Clementi, gupêrnur ing Singgapura. Amila wontênipun pahargyan lajêng dipun lanjari malih.

Mênggah wontênipun Pasar Gambir sapisan punika, kajawi papanipun pahargyan langkung dipun agêngi katimbang ingkang sampun-sampun, wiwitipun ugi langkung dipun gasikakên. Ingkang limrahipun sawêg dipun wiwiti ing tanggal 28 Agustus, sapisan punika Pasar Gambir dipun wiwiti ing tanggal 23 Agustus, dados anggènipun anggasikakên wau wontên 5 dintên, wontênipun Pasar Gambir dipun gasikakên wau, tumraping tiyang ingkang jêmbar budinipun, tuwin sagêd angampah hawa napsunipun, pancèn inggih sae, awit tiyang ingkang makatên punika, manawi taksih sêpên ing arta, sabab dèrèng blanjan, inggih dipun pilalah thênguk-thênguk wontên ing griya katimbang ambucal arta sarana tharethekan. Dene manawi sampun nampi blônja, inggih botên manawi lajêng angayang anggènipun sênêng-sênêng minôngka nututi karugianipun anggèning tansah thênguk-thênguk wontên ing griya wau. Nanging emanipun wontên ing donya punika, dene sakathah-kathahipun têtiyang ingkang samantên bêbudènipun, têka taksih langkung kathah têtiyang ingkang rêmên nguja hawa nêpsunipun, ingkang botên pisan-pisan ngèngêti dintên pawingkingipun, têmbungipun ngêmungakên: asal saiki sênêng, dene pêmburine kuwi: pêrkara blakang.

Mênggah wiwitipun Pasar Gambir dipun ajêngakên wontên ing tanggal 23 Agustus, punika bokmanawi pangrèhing Pasar Gambir inggih botên gadhah sêdya ngakali dhatêng artanipun têtiyang siti, tôndha yêktinipun: 1e. bayaran lumêbêtipun dhatêng papan karamean, tumrapipun tiyang siti kadamêl andhap sangêt, 2e. makatên ugi sadaya tontonan, tiyang siti namung katarik bayaran sakêdhik sangêt, lan 3e. kajawi: ringgit tiyang, kêthoprak, tuwin dhogèr, prasasat botên wontên têtingalaning tiyang siti, sadaya kenging dipun wastani têtingalan Eropah. Ewasamantên tumraping sawênèhing têtiyang siti, Pasar Gambir wau mêksa anjalari tuwuhing sêkar Dhandhanggula, ing-

--- 1148 ---

Tamu Agung saking Singgapura

[Grafik]

Ing nginggil, gambar nalika Ingkang Wicaksana Sir Cecil Clementi gupêrnur Singgapura rawuh ing Batawi, kalihan gupêrnur jendral ing ngriki, mriksani baris kaurmatan. Gambar ing têngah, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kalihan para agung badhe mapag tamu. Ngandhap sisih kiwa, kareta pêthukan tamu. Ngandhap sisih têngên, pêpanggihaning gupêrnur jendral ngriki tuwin tamu.

--- 1149 ---

kang makatên ungêlipun:

lara-lara larane kang ati / nora kaya wong tininggal arta / kang wus têlas piandêle / lipure yèn wus turu / lamun nglilir ya angot malih / samubarang katingal / têka dadi mungsuh / tan kêna wong sarwa pêthak /[1] pan kinira Cina prapta arsa nagih / atine tarataban //

bokmanawi jalaranipun kajawi kathah-kathahing tiyang siti punika pancèn rêmên dhatêng ambucal arta ingkang tanpa dugi-dugi, ugi jalaran saking pamilihipun dintên wiwitanipun. Awit têtiyang siti ingkang dêdunung wontên ing kitha agêng punika, sanadyan wontên ugi ingkang gêsangipun sarana dagang, nanging ingkang kathah-kathah sami kalêbêt bôngsa bêrahan. Lan limrahipun bayaraning bêrahanipun wau botên ngêmungakên cumpèn kemawon, nanging ingkang kathah-kathah malah kirang. Dados manawi sampun dhawah tanggal 23 punika, limrahipun kanthong inggih sampun kothong. Yak, kok tanggal 23, kados-kados inggih kathah kemawon, ingkang sadèrèngipun tanggal 10 blanjanipun sampun lidhis, malah sok wontên ingkang blanjanipun namung langkung kemawon.

Cêkakipun mênggahing tiyang siti, manawi sampun tanggal 20 mrika punika, ingkang kathah-kathah dhumpètipun inggih sampun kêmpès thik mawi sangêt. Nanging bawanipun tiyang rêmên nguja hawanipun, saking daya-dayanipun kêpengin ningali bikakipun Pasar Gambir, sanadyan botên gadhah arta babarpisan, inggih mêksa dipun lampahi pados-pados, wontên ingkang anggantosakên barangipun ingkang ragi pangaos, nanging ugi wontên ingkang nekad nyambut-nyambut, sanadyan anggènipun mangsulakên kanthi anakan awrat, ewasamantên inggih mêksa dipun tarajang kemawon, pambêkanipun: besuk nèk wis balanjan, toh tak bayar sah. Wontên ing Pasar Gambir, lajêng main tuwan bêsar, têgêsipun: sadaya tongtonan dipun dalajahi, lan sadaya rèsturan inggih dipun lêbêti. Manawi wontên ing griya narimah nêdha sêkul gudhêg upaminipun, nanging jajanipun wontên ing rèsturan, inggih: kênthang bêstik, sladhah lan sapanunggilanipun. Dene panontonipun wau botên narimah sadalu kemawon, sadangunipun arta sambutan wau dèrèng têlas, inggih tansah badhe nonton kemawon. Sagêdipun jênjêm wontên ing griya malih, manawi artanipun sampun mamprung sadaya. Dene manawi sampun balanjan, punapa malih mangsulakên artanipun sambutan wau, botêna supe, dalasan wulan Sèptèmbêr wontên tigang dasa dintên kemawon, inggih mêksa sampun supe, tandhanipun: arta blanjan wau inggih lajêng dipun labasakên, ing wusana blônja têlas, sambutan mindhak.

Mênggah sêdyanipun tiyang dhatêng Pasar Gambir punika, satunggal lan satunggalipun têmtu beda-beda. 1e. wontên ingkang kesahipun wau, namung badhe nonton thok kemawon. Golonganing têtiyang ingkang makatên punika, ingkang limrah panontonipun waradin, botên wontên ingkang kalangkungan, nanging caranipun ningali wau kados tiyang ngimpi kemawon, dados manawi sampun wontên ing jawi malih, inggih sampun botên kèngêtan punapa ingkang mêntas dipun tingali. 2e. Wontên ingkang kesah dhatêng Pasar Gambir, botên ngêmungakên badhe nonton kemawon, nanging ugi badhe migatosakên punapa ingkang pancèn prêlu dipun wigatosakên. Tumraping golongan tiyang punika, wontênipun Pasar Gambir kenging dipun wastani agêng sangêt gunanipun. Awit sanyatanipun, punapa ingkang dipun pitongtonakên wontên ing Pasar Gambir punika, manawi panontonipun kanthi dipun wigatosakên sayêktos, pancèn inggih kathah ingkang murakabi tumrap gêsanging tiyang, kados ta: ing bab kasarasan, pangajaran, kawêkêlan, pambranahan ulam, lan sasaminipun. Ing ngriki bab-bab wau botên prêlu katêrangakên, awit ingkang sanès-sanèsipun, badhe kacariyosakên ingkang kanthi gamblang. Samangke golonganing têtiyang 3e. inggih punika: têtiyang ingkang sami dhatêng ing Pasar Gambir, prêlu badhe nglêmêsakên lidhah. Tiyang ingkang makatên punika, ingkang dipun purugi inggih ngêmungakên rèsturan kemawon, pundi rèsturan ingkang eca olah-olahanipun, inggih ingkang dados langgananipun. Limrahipun tiyang ingkang rêmên mrada ... wingkingipun punika, bangsaning tiyang jalêr. Mênggah ucap-ucapanipun tiyang ingkang rêmên mêmoyok utawi nyênthula, wontênipun tiyang jalêr gadhah pakarêman ingkang makatên punika, ingkang kalêpatakên jêbul ... tiyang èstri. Sabab tiyang èstri botên sagêd olah-olah, milanipun ingkang jalêr lajêng rêmên jajan. Caranipun tiyang ingkang rêmên mêmoyok wau, botên namung samantên kemawon pandakwanipun, malah mawi dipun saranani tuladan warni-warni, kados ta: dipun cariyosakên, yèn panêdhanipun ingkang jalêr mèh ajêgan kalintunipun, upaminipun: tiyang jalêr nêdha bêstik, dipun olahakên sêmur, nêdha hêtsêpot (hutspot) dipun damêlakên ongklok kênthang, dalasan kêpengin sladhah kemawon, têka lajêng dipun masakakên trancam (gudhangan mêntah). Lo, samantên pandakwanipun tiyang ingkang sêngit, ingkang pancèn rêmên mêmoyok, kanthi botên ngèngêti, yèn botên kirang kemawon, tiyang jalêr, ingkang wontên ing griya sagêd kêturutan punapa ingkang dipun sêdyakakên, ewadene wontên ing margi, sanalika lajêng ngilêr kemawon, manawi sumêrêp ... rujak crobo. Dene ing 4e. golonganing tiyang ingkang sami mrêlokakên dhatêng Pasar Gambir, namung prêlu badhe nonton: ... tiyang nonton. Wontênipun golonganing tiyang, ingkang makatên punika, kados botên prêlu kula cariyosakên kanthi panjang, awit kintên kula antawisipun para maos inggih wontên ingkang sampun sami ... nglampahi piyambak.

Salêbêtipun ing Batawi wontên Pasar Gambir punika, dilalah kala tanggal 27 ingkang kapêngkêr, karawuhan prayagung Inggris, paduka Tuwan Sir Cecil Clementi ingkang rawuhipun sarana nitih mêsin mabur. Sampun têmtu lajêng dipun wontênakên èksêtra karamean minôngka angurmati rawuhipun tamu agung wau. Mênggah cara-caranipun pakurmatan wau, kados botên prêlu kacariyosakên ing ngriki, cêkap amriksanana gambar ingkang kacêtha ing sisih punika.

Amangsuli wontênipun Pasar Gambir, kala wiwitan inggih punika tanggal 23 dumuginipun tanggal 29 Agustus, papan karamean ka-

--- 1150 ---

[Grafik]

Ing nginggil sawangan ing Pasar Gambir ing wanci siyang, ing ngandhap ing wanci dalu.

--- 1151 ---

tingal mamring, jalaran saking kiranging tiyang nonton. Ingkang makatên wau anjalari tuwuhing gagasan kula makatên: we, hla, têka kadingarèn têmên, sing nonton mung sathithik, iki apa jalaran saka dayane jaman malèsèd, apa jalaran saka bangsaku saikine wis padha ngrêti nyang ajining dhuwit. Nèk kaanane Pasar Gambir tansah mangkene bae, sida bisa kalakon, Pasar Gambir anggulung klasa têmênan. Ewasamantên sanadyan sakêdhika kados punapa têtiyang ingkang sami nonton, ing sadalu-dalunipun Pasar Gambir inggih mêksa sagêd narik arta botên kirang saking tigang èwu rupiyah. Nanging sarêng tanggal 30 malêm 31, kalêrês malêm Minggu, kathik ingkang kathah kanthongipun sampun sami awrat, kathahipun tiyang nonton prasasat dipun sokakên. Ingkang makatên punika botên kenging dipun paibên, awit, kajawi kathah tiyang ingkang sampun kadangon anggèning tirakat tansah wontên ing griya kemawon, ing dalu punika ing Pasar Gambir badhe dipun wontênakên sèrênadhe (serenade) bokmanawi kemawon punika têgêsipun: panêmbrama cara Walandi ing wanci dalu, minôngka atur sugêng dhatêng Sri Nata Dèwi ing Nèdêrlan anggènipun sampun jangkêp yuswa 50 taun. Malah wontên pawartos, bilih Sang Nata Dèwi badhe amêdhar sabda minôngka wangsulan dalêm dhatêng para ingkang sami atur sugêng wau. Kala punika ing papan Pasar Gambir ing pundi-pundi sampun dipun pasangi pirantos kangge nyorakakên suwara, inggih punika ingkang dipun wastani: loudspeaker. Ing trubinê katingal pintên-pintên pangagêng, ingkang badhe mirêngakên panêmbrama tuwin wangsulan dalêm Sang Nata Dèwi. Kintên-kintên jam 8 panêmbrama dipun wiwiti. Sasampunipun rampung, andadak kamirêngan suwaraning putri, inggih punika pangandika dalêm Sang Nata Dèwi, ingkang anêrangakên suka pirênaning panggalih dalêm mênggah wontênipun panêmbrama punika, ingkang mirid pangandika dalêm, saklangkung cêtha kamirêngan saking nagari Walandi, salajêngipun Sang Nata Dèwi kagungan pangajêng-ajêng, mugi-mugi tanah Indhia ngriki lêstantuna gêmah ripah loh jinawi, lan sawarnining golongan sagêda tansah nyambut damêl sêsarêngan, murih indhaking karaharjanipun nagari tuwin têtiyangipun.

Sawêg kemawon rampung pangandika dalêm wau, lajêng: brês jawah agêng, ngantos mèh sadalu muput. Bokmanawi punika gara-gara dalêm Sang Nata Dèwi dhêdhawuh pangandika dhatêng para kawula dalêm ingkang sawêg sami dêdunung wontên ing tanah Indhia ngriki. Jalaran saking punika lajêng kathah para nonton ingkang sami klincir utawi jrindhil kados calurut kêcêmplung wangan, ingkang wusananipun lajêng sami anggêndring mantuk.

Dintênipun Sênèn tanggal 1 Sèptèmbêr dipun wontênakên paradhê. Mênggah paradhê punika tumraping militèr, kenging kasamèkakên kalihan tayuban tumraping para priyantun. Wontên ing tayuban, priyantun ingkang bêsus têmtu sami angêtog raga, solah tingkahipun mêsthi kadamêl èksêtrah. Makatên ugi wontên ing paradhê, punapa malih manawi kathah para nyonya ingkang sami mriksani, para opsir ingkang sami bêsus-bêsus, lampahipun têmtu sami langkung dipun pranata murih saya katingal kabrêgasan tuwin pandhèthènging tindakipun, ngantos suwaraning anggènipun tumindak kamirêngan: trèthèk, trèthèk.

Dene ingkang sami tumut paradhê ing kala punika, mèh sakathahing prajurit ing Batawi tuwin Mistêr Kornèlis. Inggih punika para prajurit dharatan, prajurit mriyêman, kapalan, prajurit mawi mobil, tuwin prajurit anggêgana, sadaya wau sami dipun komêndhani dening Jendral Bodde. Jam 6.30 para prajurit sampun rampung panatanipun. Jam 6.45 kamirêngan suwaraning slomprèt ingkang suka têngara, bilih pangagênging wadyabala dharatan tuwin pangagênging wadyabala lautan sami rawuh. Dene jam 7 thèng kamirêngan suwaraning slomprèt malih, ingkang suka wangsit, bilih Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral rawuh. Rawuh dalêm wau nitih rata sêsarêngan kalihan paduka tuwan gupêrnur ing Singgapura. Sanalika punika lajêng kamirêngan ungêling musik lagu: Wilhèlmês. Salêbêtipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana tuwin tuwan gupêrnur ing Singgapura aniti pariksa ing pabarisan agêng mriku, ingkang kinurmatan ungêling musik ingkang tanpa wontên kèndêlipun, palwa udara ingkang anggêgana tansah akêkalangan kadosdene anongsongi prayagung kêkalih ingkang sawêg sami niti pariksa ing pabarisan wau. Kapanjangên saupami kula cariyosna lampah-lampahipun sadaya, namung kula cêkak, wontênipun barisan agêng wau, ing wanci jam 7.50 sampun bibar.

Dene sontênipun, dipun wiwiti jam 4.30 lajêng dipun wontêni arak-arakan, inggih agêng-agêngan.

Wontênipun arak-arakan punika pancèn inggih sae sayêktos, tur panatanipun mila kenging dipun wastani: jêmpol. Mênggah urut-urutanipun arak-arakan makatên:

Ingkang wontên ing ngajêng piyambak: golonganing pulisi, lajêng prajurit kapalan, wingkingipun malih musik, cêkakipun kêkathahên sangêt manawi kasêrata sadaya. Amila ing ngriki namung badhe kula cariyosakên ingkang kula èngêti kemawon, inggih punika: golonganing pakêmpalanipun Walandi pranakan, musik suling, warni-warni pakêmpalan sepak raga S.V.B.B. tuwin murid-murid èstri saking H.B.S. ingkang sami mangangge sarwa abrit, pêthak sarta biru. Kareta ingkang dipun titihi pêthaning lêluhur dalêm Sang Nata Dèwi, inggih punika swargi sang minulya Willem de Zwijger. Cakalele, sabagian wontên ingkang kapalan, ondhèl-ondhèl tuwin angklung, pangantèn Jawi ing jaman kina, sakrompolan tiyang Dhayak, lan taksih kathah malih tunggilipun.

Kados sampun cêkap anggèn kula adamêl wawasan mênggah wontênipun karamean ing Batawi laminipun 16 dintên punika, ing ngriki kados botên prêlu kacariyosakên malih, bilih sabên dalu têtingalan ing Pasar Gambir tansah botên wontên towongipun. Benjing sontên pungkasanipun karamean. Ewasamantên sabibaripun karamean punika, kula sagêd nêmtokakên, yèn ing kitha Batawi botên lajêng dados sêpên, nanging kintên kula malah saya rame, punapa malih ing ... pagantosan.

Pênthul.

--- 1152 ---

Pasar Gambir

Pasar Gambir punika satunggiling papan karamean ing Batawi, ingkang kawontênakên ing sabên taun, dhawah wontên ing wulan Agustus tanggal sêpuh, wosipun migatosakên dhawahing tanggal 31 Agustus, atêgês mahargya dintên wiyosan Dalêm Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri. Dene wontênipun nama Pasar Gambir, mêndhêt saking papaning karamean punika manggèn ing ara-ara ingkang dipun wastani Gambir.

[Grafik]

Gapura Pasar Gambir.

Ing rumiyinipun, Pasar Gambir punika namung awujud papan karamean, namung bangsaning têtingalan, padhasaran tuwin pajajanan. Nanging dangu-dangu saya dados agêng, malah dumugining taun 1921 nama dipun adani sayêktos dening gêmintê, salajêngipun saya majêng-majêng, saha sipating papan alit ingkang namung dados dununging kabingahan, lajêng santun awujud papan padununganing para among dagang amitongtonakên padaganganipun, nanging ugi botên tilar dados papaning kabingahan.

Sampun tamtu kemawon kawontênanipun Pasar Gambir wau saya dangu, wartosipun saya sumêbar dumugi pundi-pundi, awit ing sabên taun, ing sadèrèngipun Pasar Gambir dipun wiwiti, taksih kirang pintên-pintên wulan, sampun anyêbar pawartos sarana gambar-gambar ingkang katèmplèkakên ing kantor-kantor, sêtatsiun-sêtatsiun tuwin papan sanès-sanèsipun, ingkang adhakan kasumêrêpan ing tiyang kathah.

Tumrapipun ing tanah Jawi karamean ing[2] sairib kados makatên punika wontên tigang panggenan, 1. Pasar Gambir ing Batawi, 2. Jaarbeurs ing Bandhung tuwin 3. Pasar malêm ing Surabaya. Karamean tigang panggenan wau kenging dipun wastani sami agêngipun, sami ancasipun, lan ugi sami wiyar têbaning wara-waranipun.

Sarèhning kawontênanipun Pasar Gambir punika wiyar têbaning wartosipun, mila wêdaling Kajawèn ing dintên punika maligi namung ngêwrat ing bab kawontênanipun Pasar Gambir, mawi rinêngga-rêngga ing gambar, dipun namakakên nomêr Pasar Gambir, prêlunipun supados sagêd dipun uningani ing para maos ingkang

--- 1153 ---

botên nguningani kawontênanipun Pasar Gambir. Mênggah andharanipun kados ing ngandhap punika:

Kawontênanipun Pasar Gambir.

Kawontênanipun Pasar Gambir punika kenging kagêrba, isi papan panggenan mitongtonakên ing bab, nênanêm, kawêkêlan, kagunan, among dagang, kasarasan, pangajaran, pajajanan, panggenan among sênêng tuwin sanès-sanèsipun.

Ing ngriki prêlu nyariyosakên bab pandamêling Pasar Gambir rumiyin. Mirid têbaning Pasar Gambir tuwin mirid kawontênaning griya-griya, sintên ingkang nguningani tamtu lajêng sagêd ngintên, bilih yêyasan wau botên cêkap kagarap namung sawatawis dintên kemawon, saya malih manawi nitik dhatêng kawontênaning wêwangunan, awit ing sabên taunipun tamtu santun gagrag. Ingkang katingal cêtha ing wêwangunan ngriku, inggih punika gapura tuwin griya ingkang agêng-agêng. Kajawi punika tumrap bango-bangoning para dagang ingkang anggiyarakên padaganganipun, ugi damêl gagrag piyambak-piyambak. Mila salêbêtipun wiwit yasa wau, tumrapipun ing Batawi, nama nuju wancining kathah padamêlan, tiyang ingkang nyambut damêl ing ngriku botên trimah atusan, ngantos ewon. Lan malih tumraping padagangan dêling tuwin wêlit, ing kalamôngsa ngatên punika majêng sangêt, mèh sadaya dêling tuwin wêlit, byukipun dhatêng Pasar Gambir sadaya. Manawi nuju môngsa makatên punika, rêrêgèning samukawis sami nyêngkrèk sadaya.

[Grafik]

Gupêrnur Sir Cecil Clementi tuwin Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, mriksani Pasar Gambir.

Tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos, tamtu katuwuhan manah eman dhatêng kawontênaning yêyasan ingkang kados makatên punika têka kanggenipun namung sakêdhap, botên urup kalihan anggènipun rêkaos. Malah sawênèh wontên ingkang gadhah pamanggih, saupami papan wau dipun yasani griya, ingkang lajêng kangge ing salaminipun, tamtu langkung prayogi, malah têtuladanipun sampun wontên, inggih punika Jaarbeurs ing Bandhung tuwin pasar malêm ing Surabaya, kalih pisan wau papanipun sampun ajêg, dados sanadyan waragadipun kathah, nanging lajêng botên yasa sabên taun. Pamanggih makatên wau inggih wontên lêrêsipun, nanging manawi dipun manah panjang, tumrap caraning ngudi kamajêngan utawi tumraping tiyang pados têdha nama botên mikantuki. Upaminipun ing bab yêyasan, wontênipun sabên taun santun gagrag, pikantukipun sagêd nênarik dhatêng sawangan, lan ugi sagêd andamêl têtuladan mênggah gagraging griya-griyanipun. Dados manawi dipun manah panjang mênggah pikantukipun, ugi sambêt kalihan kajênging para ingkang sami anggêlar sêsadean wontên salêbêting pêkên, majênging Pasar Gambir ugi atêgês majênging among dagang.

--- 1154 ---

Kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, sarêng wiwit ing taun 1921 dipun adani sayêktos, inggih wiwit ing taun wau kawontênaning Pasar Gambir lajêng adhapur dados papaning para among dagang amitongtonakên padaganganipun.

Tumrap Pasar Gambir ing taun punika, ugi mujudakên gambar-gambaring Pasar Gambir ingkang kapêngkêr wiwit taun 1921. Ing papan ngriku mujudakên gambaring blakipun Pasar Gambir dalah gapuranipun, tuwin sanès-sanèsipun ingkang gêgayutan kalihan Pasar Gambir. Sintên ingkang sampun nyipati kawontênanipun Pasar Gambir ingkang sampun-sampun, samôngsa nyumêrêpi dhatêng gambar wau tamtu lajêng kèngêtan. Lan malih têtiyang ugi lajêng sagêd nyipati dhatêng beda-bedaning wêwangunan ing sabên taun, ingkang atêgês satunggiling kamajêngan.

[Grafik]

Patamanan Pasar Gambir ing wanci dalu.

Ing bab cangkoronganing Pasar Gambir kados cêkap samantên kemawon. Sapunika gêntos anyariyosakên kawontênanipun ing nglêbêt.

Bab tanêman.

Ingkang kapitongtonakên wontên ing Pasar Gambir ngriku, tumraping têtanêman namung bangsaning sêsêkaran, pêthetan, sayuran tuwin wowohan, mênggahing sêsêkaran, kados para maos sampun botên kêkilapan, awit tumrapipun ing jaman sapunika, sêsêkaran punika kêlimrah sangêt, sabên nagari agêng tamtu wontên ingkang ngadani dagang sêkar, inggih punika bangsaning sêkar, ingkang asli wiji saking Eropah, mênggah warni-warnining sêkar botên kapratelakakên ing ngriki. Dene sêkar ingkang dipun pitongtonakên ing ngriku wau, ugi kenging katumbas, nanging pamêndhêtipun katamtokakên sasampunipun jam pitu sontên. Mênggah asrining sawangan ing ngriku, tumrap tiyang ingkang rêmên dhatêng sêsêkaran, tamtu sênêng ing manah, awit kajawi ningali dhatêng saening wujud, ugi katarik dening panatanipun sarwa prênah, pating prêlok adamêl sêngsêming pandulu. Wah malih ing papan ngriku dipun sadhiyani toya balumbangan, tuwin pipa saking lèdhêng, ingkang [ing...]

--- 1155 ---

[...kang] tanpa kêndhat tansah kangge angasrêpi sêkar, mila tansah katingal sêgêr ajêgan. Namung emanipun sakêdhik, dene padagangan makatên wau, tumrapipun ing jaman sapunika kados taksih kabaku dados padaganganipun bôngsa Eropah.

Mênggahing pêthetan, bangsaning palêm, cêmara, siplir, tuwin sanès-sanèsipun. Sadaya wau sami kanthi pangupakara sae, utawi pêpilihan, mila katingalipun inggih adamêl sêngsêm, sintên ingkang mêntas kasayahan dening ningali sawangan warni-warni, samôngsa dumugi ing ngriku lajêng manggih sawangan ingkang adamêl asrêping pandulu.

Tumrapipun sayuran, ing pundi-pundi sampun kalimrah tuwin sabên tiyang mangrêtos, bilih pananêming sayuran punika ingkang sae wontên ing parêdèn, dados sanadyan wontêna sayuran ingkang katanêm wontên ing pasitèn andhap, inggih mêksa kawon kalihan ingkang wêdalan saking pasitèn inggil. Nanging tumraping tiyang siti bab caraning nanêm sayuran, sampun kathah ingkang sagêd nindakakên saha dados panggaotanipun.

Bab rajakaya sapanunggilanipun.

Ing Pasar Gambir ugi mitongtonakên rajakaya, tuwin sanès-sanèsipun, lêmbu bênggala, menda, pêksi warni-warni. Kewan-kewan ingkang dipun pitongtonakên ing ngriku punika sami sae-sae, tuwin kapilih ingkang migunani yêktos tumrap tiyang ingkang ambêtahakên. Dados saupami tiyang ingkang ambêtahakên bab punapa kemawon, ingatasing ingah-ingahan, sagêd pados katrangan ing ngriku, awit sadaya punika saking ada-adanipun dhepartêmèn têtanèn, prêlu kangge nênuntun dhatêng tiyang kathah. Sanadyan tumrap pambranahan punapa kemawon, ing ngriku dipun wujudakên gambar-gambar tuwin cathêtan tumindaking pambranahan, kados ta nagari papaning pambranahan, kewanipun ingkang dipun branahakên.

Bab kajêng.

Tumrap bôngsa Jawi, mênggahing sêsêrêpanipun bab kajêng, ingkang dipun wastani sae piyambak punika kajêng jati, nanging sayêktosipun taksih kathah sangêt kajêng-kajêng sanèsipun ingkang ugi kenging kangge dandosan, ing padhasaran ngriku dipun wujudakên balabag kajêng warni-warni, malah wontên ingkang sampun dados dandosan. Bab punika tumraping para undhagi prêlu nyumêrêpi.

Bab ulam loh toya tawa.

Sintên ingkang dhatêng ing Pasar Gambir, tamtu karênan mriksani kawontênaning pakaryan ing bab ulam loh punika. Ing ngriku dipun wujudakên satunggal-satunggaling ulam sabôngsa-sabôngsa ingkang dipun wadhahi kaca isi toya, kados ta ulam badhèr, gramèh, lele tuwin sanèsipun, kirang langkung wontên sèkêt warni. Ulam wau kapetang ulam ingkang sampun kapilih kenging kaingah kangge panggaotan. Ing ngriku ugi mujudakên warni-warnining wisaya.

Ingkang kapratelakakên ing nginggil punika sadaya, kapetang golongan pakaryan dhepartêmèn têtanèn.

--- 1156 ---

Bab kasarasan.

Ing sabên Pasar Gambir, pakaryan kasarasan tamtu ngawontênakên papan ingkang maligi mujudakên pêpêthan utawi sabab-sababipun sêsakit, ing taun punika mujudakên ing bab bêbaya ingkang tumular saking lalêr.

[Grafik]

Pakaryan kasarasan.

Ing papan ngriku kawujudakên pêpêthan lalêr ingkang atêgês pangawak sêsakit warni-warni, inggih punika sêsakit ingkang badhe dipun tularakên.

Wontên malih pêpêthan tiyang warni-warni, kados ta: wontên tiyang sade ès, ing padhasaranipun ngriku dipun rubung ing lalêr byung-byungan, sandhingipun malih wontên tiyang sade rujak ulêg, inggih dipun rubung ing lalêr, mencok ing saênggèn-ênggèn. Pêpêthan ingkang kados makatên wau tumrap tiyang ingkang dèrèng mangrêtos, tamtu dèrèng plong mênggahing kajêngipun. Ngrêtos-ngrêtos mangke manawi sampun ningali pêpêthan tiyang ingkang kaping tiganipun, ing ngriku wontên tiyang linggih, sukunipun kowak, inggih dipun rubung ing lalêr. Ing ngriku tiyang ingkang ningali lajêng mangrêtos kemawon dhatêng kajênging pêpêthan tiyang wau, awit cêtha bilih lalêr ingkang ngrubung kowak wau inggih wontên ingkang jajan rujak ulêg utawi ngêlak tumut ngombe ès. Tiyang ingkang mangrêtos dhatêng kajêngipun wau, botên mawi dipun êkèn, inggih lajêng kirig-kirig piyambak, ing salajêngipun mujudakên pêpêthan tiyang olah-olah ugi dipun rubung ing lalêr, jalaran ing sacêlakipun ngriku wontên rêrêgêd, kajawi punika ugi wontên têtêdhan sanès-sanèsipun malih ingkang awoh lalêr.

Mirid katrangan ing nginggil, lalêr punika namung damêl ênêk, awit pasabanipun tanpa pilih prênah, mêntas saking pakowakan lajêng ngêthingkring sanginggiling brêgêdèl. Mêntas saking nomêr 100 ingkang tanpa kamar, lajêng kipu wontên ing ulam têrik. Môngka mênggahing lalêr, punika satunggiling ibêr-ibêran ingkang takat sangêt, sawarnining baksil ingkang mandi-mandi, kados ta: kolerah tipês, dhesêntri tuwin sanès-sanèsipun, namung dipun anggêp mitra kemawon, saupami para baksil wau amor ing sêsukêr, pun lalêr malah ambiyantu ingkang nularakên mrika-mriki. Mila tiyang wajib sumêrêp dhatêng kawontênaning lalêr ingkang kados makatên punika, pancèn ambêbayani yêktos.

Ing papan ngriku ugi dipun pasangi gambaranipun para

--- 1157 ---

murid sêkolahan ing pundi-pundi, ingkang anggambarakên bab bêbayaning lalêr.

[Grafik]

Pêpêthan tiyang sade ès ing pakaryan kasarasan.

Tumrap tiyang ingkang nêdya nyulayani, tamtu lajêng nyababakên: la, tiyang sêsadean kadospundi. Bab makatên punika prayogi kagalih piyambak kanthi adhêdhasar ngèngêti bêbayanipun. Lan malih sawarnining sêsadean punika inggih kenging dipun tutupi, inggih punika tutup ingkang sarana mawi kawat ngangrangan. Ing pitongtonan ngriku wontên polanipun.

Kagunan tuwin pamulangan ingkang dipun wontênakên dening dhepartêmèn pangajaran.

Ing Pasar Gambir wontên papan wiyar, ingkang maligi namung isi bab ingkang gêgayutan kalihan pangajaran.

Sintêna kemawon ingkang nyumêrêpi kawontênanipun ing ngriku, tamtu agêng ing manah, dene nyumêrêpi wohing kagunanipun para murid sêkolahan warni-warni, wiwit saking sêkolahan ôngka kalih dumugi sêkolahan patukangan. Satunggal-satunggaling kagunanipun lare kajawi sami sae-sae, kados ta bab anggambar, anam-anam, tuwin kriya sanès-sanèsipun, ugi katingal raosing kagunanipun kabangsan piyambak-piyambak, kados ta anam-anam pinanggih ing tanah Priyangan, bathik pinanggih ing Jawi Têngah, lan sanès-sanèsipun malih. Dêdamêlanipun para murid patukangan, pantês ingalêmbana, saya tumrap murid patukangan ing Kêbumèn, sintên tiyangipun ingkang sumêrêp tamtu anjêgrêg, dening kawontênanipun sampun botên beda kalihan dêdamêlanipun mèbêl pabrik bôngsa Tionghwa. Makatên ugi ing bab pamulangan kriya bab tosan, punika ugi ngagêngakên manah, dening ingkang sami nyambut damêl ing ngriku taksih sami lare-lare têka sampun sagêd nindakakên padamêlan tosan sarwa lampah mêsin. Babaraning barang dêdamêlanipun sampun botên nguciwani.

[Grafik]

Patrapipun adamêl babut.

Ing papan ngriku ugi mujudakên petanganing buku tuwin [tu...]

--- 1158 ---

[...win] prabot panyêratan ingkang dipun angge wontên ing pamulangan. Lan malih mujudakên papan palinggihaning lare sêkolah ingkang namung ngangge palinggihan satunggal sabên lare satunggal.

Saking agênging papan ing ngriku punika, ngantos dipun wontêni papan pangason.

Bab waosan Bale Pustaka.

[Grafik]

Padhasaran Bale Pustaka tuwin Volkstelling.

Para maos tamtunipun sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênaning buku-buku wêdalan Bale Pustaka dalah kalawartinipun. Awit mênggahing Bale Pustaka, sumêbaring bukunipun kenging dipun wastani maradini ing pundi-pundi, sapisan, ing pundi pamulangan ôngka kalih dipun wontênakên taman pustaka, nyadhiyani kangge waosaning rakyat, sintên ingkang nêdya maos buku-buku ing taman pustaka wau, tiyang lajêng sagêd pinanggih kalihan pangagênging pamulangan lan sagêd nêmbung kanthi gampil. Kaping kalih, Bale Pustaka ngawontênakên agèn sade buku, mèh ing sabên nagari wontên, sintên kemawon sagêd tumbas ing ngriku kanthi rêgi têtêp. Kaping tiga, ing pundi wontên karamean, Bale Pustaka tamtu ngawontênakên papan padhasaran, nyadhiyani buku sarwa mêpêki, kados ta manawi nuju wontên pasar malêm tuwin sanès-sanèsipun, saya tumraping papan karamean agêng ingkang kados Pasar Gambir punika. Bale Pustaka abikak padhasaran wontên ing papan ingkang adhakan, botên wontên tiyang ingkang dhatêng Pasar Gambir botên langkung ing ngriku. Dene ingkang wigatos sangêt mênggahing Pasar Gambir, ingkang gêgayutan kalihan Bale Pustaka, bab:

VOLKSALMANAK 1931.

Jawi - Malayu - tuwin Sundha. Rêgi f 0.64.

Mila dipun wastani wigatos, awit kathahipun priyantun ingkang sami mundhut, kenging dipun upamèkakên kados sulung ngrubung pêpadhang. Nguwatosakên manawi botên nguman-umani dhatêng ingkang dèrèng mundhut.

--- 1159 ---

Makatên ugi mênggahing kalawarti, warni-warnining golongan sampun sagêd amastani piyambak-piyambak, manawi bôngsa Malayu pitakèn Pandji Poestaka. Manawi Jawi, pitakèn: Kajawèn. Sundha pitakèn Parahiangan. Dalah priyantun Madura, ingkang pancènipun lôngka wontênipun ing Batawi, ugi wontên ingkang pitakèn sêrat waosan basa Madura, tamtunipun Bale Pustaka botên mangsulakên, malah kalêrêsan wontên buku babaran enggal, nama sêrat: Rato Bathara Rama, jilid I, II, III. namung rêgi ngênêm kêthip, jilid IV namung f 0.50. Cêkakipun sadaya sampun sami sumadhiya.

Kajawi punika, kaping sakawanipun Bale Pustaka nglampahakên oto panyadean buku anjajah tanah Jawi tuwin Sumatrah. Saênggèn-ênggèn dipun rubung ing tiyang kathah, sami tumbas buku. Ing wêkdal punika oto ingkang wontên Sumatrah lampahipun dumugi Tanjungkarang, ingkang wontên tanah Jawi kêkalih, satunggal wontên Jombang, satunggalipun wontên Purwadadi (Grobogan), dados wontên ing Jawi Wetan kalihan Jawi Têngah. Sadaya wau kenging kangge tôndha yêkti dhatêng ajênging waosan.

Panacah jiwa (Volkstelling) 1930.

Kawontênanipun Pasar Gambir ing wêkdal punika, tumraping Volkstelling amanggih kalamôngsa ingkang prayogi sangêt, amargi sagêd ngawontênakên papan ingkang sagêd kasumêrêpan ing ngakathah bab tumindaking Volkstelling. Wontênipun ing Pasar Gambir ngriku, pakaryan Volkstelling mitongtonakên caraning ngetang mawi pirantos mêsin. Bab punika têtiyang lajêng mangrêtos, bilih Volkstelling punika satunggiling pakaryan yêktos, lan tiyang ugi sagêd angintên bilih wigatos, awit wujudipun kemawon sampun katingal, sanès padamêlan baèn-baèn.

Kamajêngan gêmintê Batawi.

Sintên tiyangipun ingkang dêdunung ing Batawi, saha ingkang sampun dangu, tamtu nyumêrêpi indhaking kitha Batawi. Ing bab indhak kamajênganing gêmintê ing Batawi wau ugi kapitongtonakên wontên ing Pasar Gambir, sarana mawi ngawontênakên pêpêthan, gambar-gambar punapadene cathêtan ing bab kamajênganipun. Kados ta pakampungan ingkang rumiyinipun jêmbêg, dados kandhanging malariah, ing sapunika sami katingal dhahas-dhahas, margi-margi ingkang rumiyin pêtêng asingup, sapunika padhang. Makatên ugi bab griya-griya, ingkang rumiyin katingal ekroh, botên pantês manggèn sapinggiring margi, sapunika santun dados sawangan ingkang nêngsêmakên.

Gêmintê punika pancèn satunggiling awak-awakaning parentah, mila pangudinipun bab punapa kemawon, wosipun adamêl prayogining rakyat ing wêwêngkonipun. Kados ta tiyang damêl griya kêdah manut tatanan prayogi, botên kenging sakajêng-kajêngipun, sumur lan kakus kêdah miturut pratikêling pakaryan kasarasan, kêdah rêsikan, botên kenging uwuh kumliwêr, kêdah dipun bucal manggèn, ingkang sampun dipun sadhiyani dening gêmintê. Tindak sadaya wau nalika dèrèng mapan, tiyang inggih tansah pating krengkok, pating garunêng, [garu...]

--- 1160 ---

[...nêng,] sami amastani kêkathahên pranatan, nanging sarêng sampun nindakakên saha sampun manggèn, têtiyang lajêng ngraosakên sakecanipun.

Kados ta ing bab toya lèdhêng, punika ing sakawit tiyang namung aras-arasên ngangge, awit ngrumaosi, toya kemawon têka mawi tumbas, môngka manawi ngangge toya sumur namung kantun nimba kemawon. Nanging dangu-dangu sarêng sampun manggèn, sadaya sami ngraosakên eca tuwin saening toya saking lèdhêng. Makatên sapanunggilanipun.

Botên ngêmungakên bab kasarasan, dalah kawilujêngan tuwin kamajêngan, inggih cêkakipun punapa kemawon, gêmintê ugi ngawontênakên, kados ta bab pamulangan sapanunggilanipun.

Cêkakipun mênggah kawontênan ingkang dipun pitongtonakên ing Pasar Gambir ingkang gêgayutan kalihan gêmintê, pantês sangêt pinuji. Ewadene tumrapipun têtiyang pakampungan taksih kêwêdal garunêngipun linut ing sêsambat, dene marginipun ing pakampungan taksih ambaladhêr, makatên punika sampun limrah, tiyang namung nêdha dipun pituruti kabêtahanipun, dados saupami sampun kalêgan, inggih sampun botên ngawontênakên sêsambat.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pasar Gambir

Garèng: Lo, Truk, kaya-kaya ulihmu saka Sala kuwi rak iya wis suwe, ta, têka ora nyungul-nyungul niliki kakangamu kiyi, apa kowe kuwatir yèn aku bakal anjaluk olèh-olèhmu. Nèk kanggone aku ora, sèh, kajaba ta, yèn olèh-olèhe pantês lan mèmpêr, hla kuwi: lain prakarah.

Petruk: Aku pancèn iya rumasa salah bangêt, ora ngêmungake nyang kowe thok, nanging uga mênyang priyayi sing mêntas tak rusuhi kalane aku lêlungan durung suwe kiyi. Salahku nyang kowe, dene ulihku wis ana rong minggu luwih, têka durung tak tilik-tiliki. Salahku nyang para sing tak rusuhi mau, ingatase kalane aku ana ing dalême diopèni sing sasayahe kae, barêng wis têkan ngomah têka ora ngaturi layang sapêthil-pêthila. Mulane ing batin, iya nyang kowe, iya nyang priyayi-priyayi sing mêntas tak rusuhi mau, aku tansah nênuwun, supaya padha krêsaa paring gunging pangaksama mungguhing kaluputanaku mau, iya pikirên bae Kang Garèng, awit Pasar Gambir diwiwiti kiyi, aku babarpisan ora ana nganggure. Wiwit jam 7 wis wiwit galidhig nganti têkan jam 2, têkane ngomah kira-kira jam 2.30, sauwise rampung mangan barang, banjur turu nganti têkan jam 5. Saking kuranging wêktune, nganti tanpa raup barang dhisik, tumuli banjur têrus wedangan. [wedang...]

--- 1161 ---

[...an.] Lêbar wedangan, banjur adus dandan, kanthi nyangking Makne Kamprèt banjur têrus mênyang Pasar Gambir nganti gasik-gasike jam 12, sauwise ...

[Grafik]

Garèng: Wis, wis, aja kok banjur-banjurake omongmu kiyi, mêngko mundhak diguyu ing bocah bae. Awit sanyatane anggonmu ora ngatur-aturi layang marang para priyayi sing padha ambêciki nyang kowe mau, ora jalaran saka kuranging wêktumu, nanging saka dhêmênmu plêsir, nganti banjur ora kemutan marang kuwajibanmu sing prêlu-prêlu. Kang iku yèn kowe gêlêm anggugu kandhaku: marènana, aja kok banjur-banjurake, awit sanadyan anggonmu pitêpungan utawa sêsobatan thing bangêt, nanging yèn rumakête kurang, suwe-suwe iya bakal bisa anjalari dadi pêthale. Sabab lumrahe wong kuwi sing akèh mung padha ngênggoni kanyataan lair, ing môngka sabênêre lair iku sok cocog karo kabatinane. Mula bangêt-bangêt piwêlingku, caramu sing kaya ngono kuwi buwangên, salinana tindak sing kaprah, murih aja gawe sêling-surupe sing padha rumasa kataman. Wis, wis, tinimbang aku tansah ngêcuprus kaya dhukun kêkurangan sajèn, luwih bêcik kowe saiki caritaa anggonmu sênêng-sênêng ana ing Pasar Gambir.

Petruk: Wah, Kang Garèng, nèk aku dikon nyaritakake kabèh, sabênêre aku ora apal, mulane sing arêp tak dongèngake nyang kowe, mung rong prakara: 1e. kang tansah agawe mangkêling atiku, lan 2e. kang gawe sênênging atiku. Dene sing tansah agawe mangkêle atiku kuwi, iya ora ana liya, kajaba mung adhimu: Makne Si Kamprèt.

Garèng: Lo, kiyi aku ora ngrêti babarpisan, têka Makne Kamprèt sing kok anggêp tansah agawe mangkêling atimu. Apa Makne Kamprèt ngalang-alangi yèn kowe arêp nonton, nèk mungguhing panêmuku iya bênêr bangêt, nandhakake yèn bojomu kuwi sawijining wong wadon kang ngrêti marang omah-omah, kudu gêmi, sêtiti ngati-ati.

Petruk: Dudu bab kuwi, Kang Garèng, sing agawe mangkêling atiku. Kowe wêruh dhewe, yèn aku lan adhimu kuwi kêna diarani: tumbu olèh tutup, têgêse: apa-apane mêsthi cocog, kaya ta: Makne Kamprèt dhêmên nyang nênonton, aku iya mêngkono, Makne Kamprèt sênêng pêpanganan sing enak-enak, aku ya mêngkono uga, dalasan Makne Kamprèt dhêmên andêlêngake wong wadon sing ayu-ayu, gumunku aku kok ya ngono. Mung saêbab sing aku ora cocog babarpisan, yaiku yèn wis dipêsthèkake arêp mangkat nyang Pasar Gambir jam 7

--- 1162 ---

upamane, sanadyan anggone wiwit dandan jam 4, jam 7.30 mêksa durung rampung, kadhang-kadhang klambiku sêtrikan kêras sok wis malih dadi lêmês, sarta mambu têngik, jalaran saka akèhe wêtuning kringêt, anggonku nahan panjêlat-panjêluting rêmpêluku.

Garèng: Lo, carane dandan bae kêpriye, têka 3½ jam durung bisa rampung.

Petruk: Kuwi mangkene, Kang Garèng, ing sakawit milih tapih sing arêp diênggo, pamilihe mau nganggo angon môngsa. Upamane bae anggone anjajal tapih jam 4 sore, kuwi sing dipilihi ya tapih bathik ukêl, gringsing utawa garut. Sauwise rampung anggone tapihan, klambi salêmari banjur diwêtokake kabèh, lan bature têlu dikon nunggoni kanthi dikon nyêkêli pêngilon gêdhe kabèh. Klambine banjur dijajali saka siji, golèk sing mathuk karo tapihe mau. Dene anggone ngilo iya saka ngarêp, ngiringan, buri, kurang-kurange aku malah sok mèlu dikon nyêkêli pangilon manèh, wusanane yèn wis olèh klambi sing mathuk karo tapihe, sabab saka suwene anggone anjajal-anjèjèl mau, iya wis banjur kêburu pêtêng. Jarene nèk wis pêtêng, tapih ukêl gringsing utawa garut, iya wis ora mathuk. Mathuke iya kudu nganggo tapih kawung, parangrusak, utawa parangcuriga, dadi nèk kêsorotan lampu èlèktris kandhane bisa katon mêncorong. Anggone anjajali klambi iya banjur diwiwiti saka ngarêp manèh. Mara, apa kiyi ora mêgêlake usus.

Garèng: Wiyah, aku kok rada ora pati prêcaya nyang omongmu kiyi, padune kowe mung arêp maoni wong wadon kang suwe anggone dandan. Saiki apa sing kok sênêngi ana ing Pasar Gambir kuwi.

Petruk: Mungguh sing tak sênêngi dhewe ana ing Pasar Gambir kuwi: anjajan ana ing rèsturan. Mulane anggêr aku gêblus lumêbu ing Pasar Gambir, sing tak jujug dhisik dhewe iya rèsturan. Ing Pasar Gambir sapisan kiyi, rèsturan sing dadi langgananku: rèsturan Sapa Nyana.

Garèng: Lo, Truk, ingatase pirang-pirang rèsturan, sing kok pilih têka: Sapa Nyana, kuwi apa sabab saka enake olah-olahanae, apa kêpriye.

Petruk: Ora ngêmungake enaking olah-olahane bae, nanging ing Sapa Nyana mau, para tukang sing lêladèn wis padha ngrêti, yèn ajining dhuwit kuwi padha bae, sanadyan asale saka bangsaning êncik, abang-abang, mas bèi, utawa bangsaning kangjêng tuwan pisan. Seje karo rèsturan-rèsturaning bangsaku liyane, sanadyan lagi têka bae, anggêre kathokan, kulite anjambu dêrsana, irunge amanuk êngkuk, tur mripate mripat kucing, iya banjur bisa diladèni sanalika kono. Sanadyan anggone ngêntèni wis sajam pisan, nanging yèn kulite irêng kluwus, irunge sêtrikan, tur nganggo kêthu utawa mondholan, iya ... bolih tunggu. Wis, Kang Garèng, sarèhning wis kurang panggonane, rêmbugane Pasar Gambir kiyi padha dipunggêl samene bae.

--- [1163] ---

Catatan kaki:

1. pêdhak. (kembali)
2. ingkang. (kembali)