Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09-13, #562

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09-13, #562. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09-13, #562. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 74, 18 Rabingulakir, Taun Jimawal 1861, 13 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Kawontênan ingkang botên kinintên-kintên

Ing dintên punika badhe kula obrolakên wontên ing udyana Kajawèn ngriki, ing bab rèmèh sangêt, sanès kawruh ingkang muluk, sanès ngèlmu ingkang dakik-dakik, lan ugi sanès pakabaran ingkang wigatos, ngêmungna kula badhe anglairakên gumuning manah kula, dene ing jaman samangke punika kathah lêlampahan-lêlampahan ingkang dumadosipun tanpa kenging kinintên-kintên, wontên ingkang anggumunakên, wontên ingkang angagètakên, wontên ingkang adamêl ajrih, nanging ugi wontên ingkang adamêl kapingkêl-pingkêlipun tiyang kathah. Cêkakipun ingkang badhe kula dongèngakên punika, lêlampahan-lêlampahan ingkang kala alit kula botên wontên tiyang ingkang badhe nyana utawi ngimpi, manawi saèstu badhe sagêd kadadosan, dados ingkang jan nama ngobrol saèstu, aliyas omong kosong. Amila panuwun kula dhatêng para maos, mugi-mugi obrolan kula punika panjênêngan langkungana kemawon, sampun ngantos dipun waos, eman-eman manawi wêkdal panjênêngan ingkang kathah pangaosipun, namung dipun bucal kangge maos barang ingkang tanpa guna punika. Ewadene manawi panjênêngan botên krêsa angagêm atur kula punika, nanging mêksa maos pangobrolan kula, sampun lajêng kêduwung ing pawingkingipun, jêr kula sampun ngaturi èngêt langkung rumiyin.

Ing ngajêng sampun kula aturakên, bilih ing jaman samangke punika kathah lêlampahan-lêlampahan, ingkang tuwuhipun sakawit adamêl: gumun, kagèt, ajrih utawi kapingkêl-pingkêling tiyang kathah. Cobi kula aturakên ing ngriki mênggah sabab-sababipun, dene kula anggadhahi paturan kados ing ngajêng punika:

Ingkang kalêbêt golongan ingkang kapisan, inggih punika wontêning lêlampahan, ingkang anjalari gumuning tiyang kathah. Kados ta miturut dêdongenganipun, satriya Jawi punika ing kala rumiyin, nêbihakên dhatêng dhahar utawi nendra, tansah angagêngakên tapabrata, nanging saking dayaning pangajaran modhèrên punika, satriya ing jaman samangke, manawi sakenjing botên kalêbêtan sêkul gudhêg, inggih masuk angin sayêktos, punapa malih manawi kasupèn kopinipun tubruk, mumêtipun inggih sadintên muput. Ewahing wêwatakanipun satriya ing jaman rumiyin [...] punapa botên adamêl gumuning tiyang kathah. [...] ing kawontênan-kawontênan enggal ingkang gêgayutan [...] ing bab tèhnik (techniek) saya langkung-langkung anggumunakên. Kados ta: wontênipun têtumpakan motor, sêpur, baita, punapadene masin mabur, saya dangu anggènipun saya sakeca, sarta saya suda anggènipun ambêbayani. Langkung malih tumraping masin mabur, lampahipun saya dangu saya rikat lan saya inggil, ngantos pintên-pintên èwu mètêr inggilipun saking dunya. Saking lêpas sarta inggiling lampahipun masin mabur wau, sintên sumêrêp, yèn anaking putu kula ing têmbe, manawi badhe pêpanggihan kalihan kancanipun [kancanipu...]

--- 1180 ---

[...n] sêkolah ingkang sarana sidhêman, botên prêlu pêpanggihan wontên ing gambar idhup malih, nanging lajêng têrusan kemawon numpak masin mabur dhatêng ... rêmbulan.

Samangke ingkang kagolong ingkang kaping kalih, inggih punika wontêning lêlampahan ingkang sakawit adamêl kagètipun tiyang kathah, punika upaminipun ingkang nyêbal kalihan adat tatacara kina. Mênggah tuladha-tuladhanipun ingkang makatên punika, kathah sangêt. Para ingkang badhe ngêkahi dhatêng adat kina tuwin botên purun ngèngêti dhatêng lampahing jaman, mêsthi kagèt, gidro-gidro, lan botên rila sangêt, manawi tatacaraning lêluhuripun ingkang sampun turun maturun, badhe dipun ewahi. Nanging bawanipun ewahing jaman punika, sanadyan dipun alang-alangana kados punapa têmtu inggih lajêng kemawon, ingkang suwaunipun dipun anggêp awon, danguning dangu mêsthi lajêng dipun wastani sae. Kados ta upaminipun ing jaman rumiyin, lare èstri ingkang rêmên malajêng-malajêng, rêmên gumujêng, punapa malih rêmên: trig-trigan, inggih lajêng kemawon dipun wastani: mènthèl. Nanging ing samangke lare ingkang makatên punika malah dipun anggêp cikat, tandang, andêmênakake, kathik sêportip (sportief) têgêsipun lare ingkang ngudi dhatêng sêporêt, têtela manawi badanipun saras. Nanging wontênipun panacad lajêng dados pangalêmbana wau, inggih mawi dipun lêti: pintên-pintên pangerang-erang, pangawon-awon, utawi panyaruwe, mênggah tumraping wanita ingkang sampun semah, punika ing ka[...] lajêng sok kêrêp nilar griya upaminipun, inggih lajêng wontên kemawon ingkang ngerang-erang ingkang botên-botên kados ta dipun wastani: wong wadon dhêmên nôngga, wong wadon doyan plêsir, lan sasaminipun. Nanging ing samangke, botên kirang kemawon para wanita ingkang griyanipun kados dipun anggêp pasanggrahan kemawon, jalaran saking awisipun wontên ing griya, kadhangkala malah kesah têbih ngantos pintên-pintên dintên, jalaran badhe nênggani bêrgadêring, damêl sêsorah tuwin sasaminipun. Samangke tiyang èstri ingkang makatên punika, malah dipun wastani: jêmpol, awit dipun anggêp satunggiling wanita, ingkang ngudi dhatêng kamajênganing bangsanipun. Nanging sapintên para wanita anggènipun kêdah nandhang susah, nandhang kalingsêman, lan sapiturutipun, sagêdipun angsal sêsêbutan jêmpolan wau. Jalaranipun botên sanès, inggih sabab saking kadakwa badhe ngrisak tatacaraning para lêluhuripun ingkang sampun turun-maturun wau.

Wontên malih lêlampahan ingkang adamêl gumuning tiyang kathah, jalaran salaminipun dèrèng nate wontên lêlampahan ingkang makatên, inggih punika nalika wontên pasar Gambir ing Batawi ingkang kapêngkêr punika, kathah para Walandi sami lapur dhatêng kapulisèn, anggènipun sami dipun bekot dening ... sopir-sopir taksi. Miturut palapuranipun wau, kala punika manawi wontên Walandi badhe numpak motor taksi, sopir taksi mèh ajêg nolakipun, sarana pawicantênan, bilih motoripun risak utawi sampun wontên ingkang nyewakakên sasaminipun. Nanging manawi bôngsa Tionghwa utawi têtiyang siti ingkang badhe numpak, inggih lajêng mak slênthêr dipun tarik kemawon. Môngga, punapa punika botên anggumunakên, ingatasipun golongan kaum kuwasa têka dipun bekot. Ingkang makatên punika rak dèrèng nate kalampahan. Ewasamantên para sopir inggih botên kenging dipun paibên, awit bôngsa Walandi punika botên kirang kemawon ingkang anggadhahi watak kados: Ditya Sundhanggrawah, dhatêng sintên kemawon badhe anyênggara macan, murih dipun ajrihi ing tiyang. Makatên ugi tumrap dhatêng sopir, tondak-tandukipun kasar, manawi sampun numpak, pambêkanipun ingkang gadhah motor, lan pun sopir kêthiplakipun ingkang awon. Dene manawi dhawah wancinipun kêdah bayar, anggènipun ambayar wau: tlêthik, botên ambêjaji. Sanadyan kosok-wangsulipun ugi kathah kemawon Walandi ingkang alus tandangipun lan anggadhahi manah koma-koma, mêksa inggih lajêng dipun pukul gambang sama rata kalihan Walandi ingkang kasar-kasar wau.

Samangke ingkang kagolong kaping tiganipun, inggih punika kawontênan ingkang adamêl ajrihipun tiyang kathah, punika botên ngêmungakên wontênipun dêdamêl-dêdamêl modhèl enggal, kados ta: sanjata rêpêtir, mariyêm 42 cm utawi sanjata gas sarta sanjata mêsin, ingkang manawi sampun dipun tamakakên: rêkiyês, rêkiyês, adamêl tiwasing pintên-pintên tiyang, nanging ugi gèsèhing piwulang ingkang pinanggih wontên ing gêsang sêsrawungan punika, kados ta: kala alit dening guru kula Walandi asring dipun wulang, sampun ngantos supe dhatêng piwulang Walandi ingkang ungêlipun: Eerlijkheid duurt het langst, manawi Kajawèkakên, têgêsipun kintên-kintên: ati suci kuwi kang slamêt dhewe. Mênggah pikajênganipun: tiyang gêsang punika murih wilujêngipun, kêdah ingkang têmên, sampun rêmên goroh, salingkuh lan sasaminipun. Piwulang ingkang makatên punika pancèn inggih lêrês sangêt, nanging pangêcakipun ugi kêdah dhatêng tiyang ingkang suci manahipun. Cilakanipun dene ing donya punika kathah tiyang ingkang botên makatên watakipun, ingkang anjalari kula sok lajêng sinau goroh utawi salingkuh, upaminipun: kêrêp kemawon kula dipun ajak rêrêmbagan kalihan pangagêng kula, sanadyan ing batos kula botên cocog babarpisan dhatêng pamanggihipun pangagêng kula wau, ing lair kula kapêksa umatur: inggih kasinggihan dhawuh dalêm kangjêng.

Dene ingkang kagolong ingkang kaping sakawan, inggih punika lêlampahan ingkang adamêl kapingkêl-pingkêlipun tiyang kathah, punika tuladanipun kathah sangêt, nanging ing ngriki kula namung badhe mêndhêt conto satunggal. Miturut wawasanipun tiyang Jawi, wanita ingkang dipun wastani endah ing warni punika, wanita ingkang rikmanipun cêmêng, panjang angandhan-andhan, nanging jalaran saking dayaning jaman kamajêngan punika, têka lajêng wontên wanita Jawi ingkang potong rikma, ngantos awujud pêksi drêbombok, anjalari icaling kasipatanipun wanita.

Sampun, sampun, kados sampun cêkap obrolan kula ing dintên punika. Minôngka mungkasi kula angakêni, bilih ing jaman samangke punika kathah kawontênan-kawontênan ingkang saèstu adamêl cingaking tiyang kathah. Sanadyan nama kawontênan anèh, ewasamantên sanès kuwajibanipun Kajawèn, tumut angrêmbag katêtêpanipun bupati Kristên ing Prabalingga. Anèhing kawontênan-kawontênan ing donya, sintên sumêrêp, bilih ing têmbe lajêng wontên sêmbahyangan ing greja ingkang dipun imami dening pêngulu, utawi kêndhuri dipun dongani dening ... guru Injil.

Pênthul.

--- 1181 ---

Pasamuwan Wiyosan Dalêm Nata, ing Surakarta

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun gupêrnur ing Surabaya, Paduka Tuwan HARDEMAN, (nginggil piyambak ingkang têngah), tuwin para agêng sanès-sanèsipun, ing Surabaya, ingkang sami mahargya wiyosan dalèm.

--- 1182 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts. Ing Kudus.

Pamriksaning daging.

1. Punapa paedahipun ulam daging maesa lêmbu utawi sanèsipun kapriksa dening Keurmeester utawi Dokter kewan.

Ing bab nêdha utawi têtêdhan saha ing rêrêgêding têtêdhan sampun katrangakên. Samôngsa tiyang kêtuwukên nêdha punika sagêd nukulakên sêsakit, manawi kirang nêdha badan kirang kiyat, manawi botên nêdha dangu-dangu badan ringkih, wêkasan pêjah.

Kajawi punika têtêdhan ingkang dipun têdha ing tiyang wau, sagêd katutan rêrêgêd utawi ambêkta wisa utawi baksil (bacterie), kalêbêt ing badan sagêd nukulakên sêsakit warni-warni.

Ôngka satunggal daging ingkang limrahipun katêdha dening tiyang punika asring wontên amanipun cacing utawi sanèsipun kados ta cacing pita (lintworm) punika gêsangipun wontên ing usus tiyang,[1] tiganipun katut ing sêsukêripun tiyang ingkang gadhah sêsakit cacing pita wau, mêdal dhawah ing siti. Tigan wontên ing siti sagêd nêtês dados cacing lêmbat-lêmbat, upami wontên ing toya, cacing alit-alit wau sagêd gêsang nglangi ing pundi-pundi, wêkasan sagêd gêsang kèndêl wontên ing panggenan ingkang jêmbêg-jêmbêg utawi panggenan ingkang wontên toyanipun mambêt. Sasampunipun cacing alit-alit ragi agêng sagêd sami anggamblok utawi tumèmplèk ing gêgodhongan utawi rêrumputan utawi ing barang sanès. Samôngsa toya kaombe utawi rumput ingkang wontên cacingipun alit-alit katêdha dening lêmbu maesa utawi kewan sanès, cacing lêmbat-lêmbat wau sagêd kalêbêt ing wadhuk, tutawi[2] ing usus kewan-kewan punika. Ing wadhuk utawi ing usus cacing-cacing sagêd ambutul daging kêndhangan wadhuk utawi usus lumêbêt ing êrah lajêng sagêd anjog ing daging (spier), ing ngriku cacing alit-alit sagêd dados agêng, sakawit kadosdene plênthing alit-alit, pêthak wontên ing lêbêt daging. Plênthing-plênthing wau agêngipun sami kacang ijêm utawi kacang Arab, ing nglêbêt plênthing isi toya ingkang wontên wiji badhe êndhas cacing pita wau.[3]

Cacing pita ingkang dados amanipun tiyang wontên ing usus punika, thukulipun wontên ing daging lêmbu maesa menda lan andhapan utawi ulam loh.

Manawi tiyang saras nêdha daging ingkang wontên wijinipun cacing wau ingkang botên matêng saèstu anggènipun anggodhog utawi anggorèng, tiyang sagêd katularan kalêbêtan cacing punika.[4] Katawisipun daging ingkang wontên wijinipun cacing wau katingal plênthing-plênthing pêthak, sêmu jêne, agêngipun sami kacang ijêm (sampun kapratelakakên ing ngajêng) trêkadhang langkung agêng. [agêng...]

--- 1183 ---

[....]

Daging andhapan ingkang wontên wijinipun cacing trichine punika manawi katêdha dening tiyang sagêd ugi langkung ambêbayani. Cacing trichine wontên ing daging sawarni cacing ingkang lêmbat sangêt, mlungkêr kadosdene pir èrloji, kabuntêl ing bungkus ingkang wulêd saha ingkang andadosakên kiyat botên gampil sagêd risak utawi sirna dening bêntèring toyau gorengan. Samôngsa daging ingkang ngandhut cacing trichine wau katêdha, bungkusanipun cacing sagêd ambyur lajêng wijining cacing kalêbêt wontên ing wadhuk usus, tangkar-tumangkar dados cacing lêmbat-lêmbat, ing ngriku sagêd anjog ing êrah kabêkta ing badan sakojur manggèn ing urat-urat, daging ingkang kangge ambêkta tiyang sami mlêngkêr, ing ngriku ingkang lajêng sagêd nukulakên sêsakit bêntèr sangêt, ambêkan cêkak, wêkasan ingkang kataman tiwas.

Sarèhning trichine wau sangêt lêmbatipun, sagêdipun katingal, daging kêdah kapriksa mawi microscoop (trichinoscoop) dening para ahli.

Lêmbu ingkang sakit t.b.c. manawi sêsakitipun sampun nimbal dhatêng kêbuk utawi sanèsipun, puhanipun sagêd katularan utawi ngandhut baksil t.b.c., puhan makatên punika dipun ombe ing tiyang utawi lare sagêd anulari t.b.c. wau.

Langkung ambêbayani malih manawi têtêdhan utawi daging ingkang sampun wontên wisanipun sêsakit utawi sampun bosok, katêdha dening tiyang, punika lajêng sagêd andadak nukulakên sêsakit ingkang aniwasi.

Ingkang kathah lan limrah ulam daging ingkang wontên wisanipun asli saking kewan ingkang sampun sakit kapêksa dipun pragat, rumaosipun ingkang gadhah kewan (lêmbu maesa menda utawi sanèsipun) ingkang sampun sakit eman manawi lajêng pêjah, andadosakên kapitunan, amila enggal kabujêng dipun pragat, dagingipun sagêd kasade, botên dipun manah manawi daging wau katêdha tiyang sagêd ambêbayani, makatên ugi daging ing blèg (conserven) manawi sampun risak jalaran saking lami, blèg sampun naiyèng, wontên bolongan sakêdhik kemawon sagêd adamêl risak utawi bosoking daging.

Wisa sêsakit utawi bacterie ingkang wontên ing daging ingkang kathah lan limrah kiyat sangêt. Mila daging ingkang makatên wau, manawi panggodhogipun utawi panggorèngipun kirang matêng katêdha tiyang, taksih sagêd anjalari thukulipun sêsakit punika.

Adat tiyang ingkang nêdha ulam daging ingkang wontên sêsakitipun, salêbêtipun sawatawis jam sampun kraos, wêtêng ênêg, mulês, nuntak-nuntak, murus trêkadhang mawi bêntèr, adat ingkang sakit botên antawis dangu sagêd saras, trêkadhang saya sangêt lan sagêd tiwas.

Sêsakit ingkang nama Botulismus punika thukulipun jalaran tiyang nêdha têtêdhan ingkang ngandhut baksil Botulismus, punika gêsangipun wontên ing usus kewan, manawi kewan ingkang ngandhut baksil badhe pêjah, baksilipun lajêng sami pindhah manggèn ing urat daging, ing ngriku tangkar-tumangkar ngêdalakên wisa (taxine) ingkang kiyat sangêt botên gampil sirna dening bêntèring toya umob utawi gorengan. (Badhe kasambêtan)

--- 1184 ---

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan

IX.

14. Para ratu dhatêng pramèswarinipun: bok ratu, utawi: yayi dèwi - wangsulanipun: kaka prabu, utawi kangjêng dewaji.

15. Para Kurawa dhatêng Pandhawa inggih miturut paprênahanipun (Kurawa ngoko, Pandhawa krama, namung yèn pinuju pasulayan lajêng sami ngokonipun).

16. Wêrkudara dhatêng Prabu Darmakusuma: aji kakangku, utawi: pambarêp kakangku. Yèn dhatêng Bathara Krêsna: jalithêng kakangku. Dhatêng Prabu Baladewa: Baladewa kakangku. Dhatêng Bagawan Abiyasa: Abiyasa kakèkku. Dhatêng para ratu sanèsipun namung anjangkar kemawon. Dhatêng Bathara Guru: Guru kakèkku. Dhatêng Prabu Suyudana: Jakapitana kakangku, utawi: Suyudana kakangku.

17. Prabu Krêsna dhatêng Arjuna: yayi kaipe, utawi: kaipe. Dhatêng Wrêkudara: adhi Wrêkudara. Dhatêng Nakula, Sang dewa, yayi.

18. Para dewa lan widadari dhatêng para ratu: kaki prabu. Dhatêng trah Pandhawa: yoga kêkasih.

19. Arjuna dhatêng garwanipun, namung nyêbut namanipun kemawon. Sawangsulipun para garwanipun dhatêng Arjuna: kangjêng pangeran (kangjêng paran)

20. Ratu dhatêng putranipun: kulup. Upaminipun Bathara Krêsna dhatêng Sômba, kulup Sômba. Trêkadhang inggih namung namanipun kemawon.

Mênggah katêrangan ing nginggil punika namung kapêndhêt ingkang prêlu-prêlu kemawon, minôngka ancêr-ancêr. Murih sampun ngantos kalinta-kalintu anggènipun ambasakakên satunggal-satunggaling ringgit, prayogi amriksani asal-usuling ringgit, (sarasilah). Bab punika yèn botên kalintu kawrat ing Sêrat Pustakaraja, utawi Purwacarita.

Têtêmbungan sawatawis ingkang kangge pocapaning ringgit.

Basa jawata:

1. Ulun - kula.
2. Kita - sampeyan.
3. Ênggèh - inggih.
4. Boya - botên.
5. Pênapi - punapa
6. Hong - adhuh.

Tuladha pocapan.

Bathara Guru: Kakang Kanekaputra.

Bathara Narada: Pênapi adhi guru.

--- 1185 ---

Kita ulun utus nimbali yoga kêkasih Si Arjuna.

Ênggèh, adhi guru, pênapi boya mawi kanthi adhi guru.

Boya kakang.

Sabdaning dewa (sêbuting dewa): hong buwana langgêng.

Basa kratonan.

1. Ingsun - aku.
2. Para - mu (sampeyan).
3. Manira - aku (kula).
4. Pakênira - kowe (andika)
5. Boya - ora (botên).
6. Wèntên - wontên.
7. Pênapi - napa (punapa).
8. Sira - kowe.

Tumrap ratu dhatêng wadya, nadyan kangge saliranipun piyambak inggih mawi krama inggil.

Tuladha pocapan.

Bagea satêkanira ana ing ngarsaningsun.

Boya dadi runtaging atinira, sira sun timbali, ana ngarsaningsun.

Prabu Suyudana: Paman ing Palasajênar.

Patih Sangkuni: Kula nuwun anak prabu.

Êmpun dados runtaging ati pêkênira paman, manira timbali wèntên ngajêng manira.

Kula nuwun anak prabu. Wontên ing jawi, guguping manahipun pun bapa, kados tinubruk ing sima lêpat, sinambêr ing gêlap tuna. Lir upami kambêngan salômba pinanjêr ing madyaning alun-alun, kasiliring maruta, sakalangkung kumêjot kumitir acaruk maras. Sarêng wontên ing ngarsanipun anak prabu botên anggadhahi manah ingkang kumarasan.

Pênapi mulane paman, pêkênira wontên jawi bangêt kuwatire ati pêkênira, barêng wèntên ngajêng mênira, têka boya darbe ati kuwatir.

Kawula nuwun anak prabu: kawula upamèkakên kawula alit sadaya: mênawi dosa sakit, sayogi anak prabu ingkang nyakitana. Mênawi dosa pêjah, sayogi anak prabu ingkang mêjahana. Sasanadyan[5] pun bapa, ing siyang pantara dalu sampun cumaos, atadhah wadana kumurêb ing ngabyantara paduka anak prabu.

Bage-binage tumraping ratu sami ratu.

Ingkang prênah nèm dhatêng ingkang prênah sêpuh: Katuran panakrama kaka prabu rawuh ing praja ...

Wangsulanipun: Katêdha kalinggamurda, yayi prabu asung prêmbage dhumatêng raka para. Tumanêming prênaja, dadosa rah kayuwanan. Badhe kasambêtan.

S. Purwawiyata.

Wêlèri, K. 3018.

--- 1186 ---

Jagading Wanita

Kasêtyaning Wanita

Kasêbut ing cariyos utawi dêdongengan, kasêtyaning wanita ingkang nama yêktos punika, pinanggih wontên ing wanita ingkang bela ing guru laki nalika dumugi ing janji. Manawi ingkang kasêbut cêcariyosan ing jaman purwa, wanita ingkang sêtya ing kakung punika Dèwi Satyawati, pramèswari nata ing Mandraka, Prabu Salya.

Kacariyos Dèwi Satyawati nalika mirêng, bilih raka nata seda ing paprangan, ing wanci dalu sang dèwi lajêng amadosi kunarpaning kakung, tindakipun sang putri nuju wanci pêtêng andhêdhêt, samargi-margi tansah anyandhung wangke ingkang gumlethak saênggèn-ênggèn, awit ing kala punika nuju pêrang agêng, inggih punika pêrang bratayuda. Tratabing galihipun sang putri ing kalanipun anyandhung wangke, botên jalaran saking ajrih, nanging saking tumratab ngintên bokmanawi wangke wau kunarpanipun sang prabu, mila sakêdhap-sakêdhap tansah ngiling-ilingi.

Pêpêtênging dalu sinarêngan sabawaning angin gumrubug, kados nyirêp sawarnining suwara, wêkasan namung araos nyênyêt, têtêp nama papaning pêpêjah. Kasamaraning panggalihipun sang putri tansah ngranuhi, dening pêtêngipun andhêdhêt, namung gêbyaring kilat kala-kala, amitulungi damêl pêpadhang, nanging malah saya damêl kasamaran, awit gêbyaring pêpadhang malah saya adamêl bawuring paningal, kados amokalakên sagêdipun sang putri amanggihakên kakung, awit ing saênggèn-ênggèn pinanggih wangke asungsun timbun, ingkang angèl dipun titik.

Nanging wantunipun sang putri sêtya, wusana inggih lajêng pinanggih, saha sang putri lajêng ambelani kakung, seda asuduk jiwa rumungkêp ing raka nata.

Kasêtyan ingkang samantên wau, tumraping cêcariyosan Jawi, winastan utami sangêt. Lan malih manawi dipun manah panjang, belanipun sang putri wau ugi sampun kanthi tindak titi, têgêsipun sampun nyatakakên piyambak.

Sayêktosipun têtuladan kados makatên wau, botên anjaman tumrap wontên ing jaman sapunika, lan nama botên kacara. Nanging mênggahing sêtya, tumraping wanita nilar kakung punika inggih botên kirang, lan botên namung tumut pêjah kemawon ingkang nama sae, sanadyan kantuna gêsang pisan, inggih utami, malah utaminipun pisan, manawi ngajaling kakungipun anilari têtanggêlan, wajib angudi murih widadaning têtanggêlanipun wau, dados malah nyambêti kêdah gadhah pamanahan santosa.

Sajatosipun kasêtyan ingkang kados makatên punika cêtha manawi kasêtyaning jêjodhoan, dene tumraping pêpacangan punapa botên wontên kasêtyanipun, bab makatên punika botên prêlu dados pitakenan, tamtu wontênipun, lan nama limrah, sêtyaning pêpacangan punika nama rampung sasampunipun kasêmbadan sagêd pinanggih.

Mênggahing bôngsa Jawi, kasêtyaning wanita kalihan [kali...]

--- 1187 ---

[...han] kakung tumraping pêpacangan, pancèn botên kenging kangge pêpindhan, awit sadaya namung pinanggih wontên ing batos sami batos, jalaran kabêkta saking kasusilan, tuwin tuwuhing kasêtyan, limrahipun taksih mawi lantaran, inggih punika tiyang sêpuhipun, ingkang pikantukipun saya ngalusakên kasusilan. Dados sadaya namung kandhêg wontên ing batos. sadaya wau namung mirid saking ngadat tatacara kina.

Dangu-dangu lampahing kasêtyan tumraping pêpacangan, saya ngegla, têgêsipun sampun botên mawi lantaran, jalaran kabêkta saking lampahing jaman kêdah kados makatên, mila kêncênging kasêtyan sagêd sumingsêt kados têtali. Tumrap ingkang anglampahi lêncênging kasêtyanipun tanpa enggok, nanging wantuning pandamêl, inggih taksih asring wontên oncatipun.

Puguting kasêtyan punika tamtu kemawon mawi jalaran, nanging saupami kasêtyanipun wau pugutipun saking sabab tiwas salah satunggal, punapa inggih taksih anilar tabêting kasêtyan, punika angèl sangêt gagap-gagapanipun. Namung ing pangintên, tamtu wontên sêtyaning pêpacangan, sanadyan botên widada jalaran tiwas salah satunggal, nanging taksih anglêstantunakên kasêtyanipun ngantos dumugining kawêkasan.

Tumraping tanah Eropah, puguting kasêtyan ingkang kados makatên wau kathah ingkang dipun lêstantunakên, inggih punika anglajêngakên sêtya lajêng botên nêdya rabi utawi laki, lajêng alambaran ngambah margi kasucian, malah ugi wontên tumraping èstri lajêng tumindak kados Dèwi Satyawati.

Manawi dipun manah panjang, tindaking kasêtyan ingkang makatên wau inggih wontên lêrêsipun, inggih wontên lêpatipun. Lêrêsipun, dening utamining batos nama dipun antêpi yêktos, tiyang sanès namung sagêd ngawontênakên pangalêmbana. Dene awonipun, tumrap ingkang nyêtyawati, kêgolong kêrupakên pamanggih, nama angantêpi ingkang dèrèng kanthi tôndha yêkti. Awonipun kaping kalih tumrap ingkang nyucèkakên sarira, manawi ngantos wigar, punika lajêng pinanggih angosok-wangsul ucap.

Dene utamining utami, kados botên wontên ingkang ngungkuli ngêtut tumindaking budi sabar, awit sawarnining piduwung, punika pinanggihipun tuwuh saking koncatan sabar, kosok-wangsulipun sabar, manawi dipun êtut, sagêd nuntuni dhatêng sae.

Karangan punika namung salugu anggambarakên lêlampahan nyata, kasumanggakakên ingkang kaparêng anggalih.

Jugul.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral saha tamu agung Kangjêng Tuwan Gupêrnur ing Singgapura, lan para pangagêng militèr lan sanès-sanèsipun nalika mriksani paradhê agêng ing alun-alun Singa, Wèltêprèdhên.

--- 1188 ---

Bab Tanêman

Pare Wêlut

Bêbasan: bêtahipun tiyang èstri wontên ing pawon punika bôngsa rèmèh-rèmèh, nanging sajatosipun prêlu-prêlu, tandhanipun tiyang jalêr nêdha kanthi tolah-tolèh, amargi ing wêkdal punika kapinujon kaêpotan pakarêmanipun, upami janganan, sambêl, lalaban tuwin sapanunggilanipun, langkung-langkung tumrap tiyang sêpuh, manawi nêdha tanpa duduh-duduhan punika adhakan ngandika: ah sêgane diêlêg-êlêg mung tansah mandhêg ana ing gurung ... botên sanès amargi tanpa duduh.

Bokmanawi botên kula piyambak, kintên kula dalasan para juru lados sadaya (para putri) dhakan sakala trênyuh ing batosipun manawi mirêngakên pangandikaning priyantun sêpuh ingkang kados makatên wau. Ananging gèk kadospundi malih, jêr sakenjing ngupados jêjanganan botên manggih. Pramila supados botên ngantos kadadosan makatên, yèn nuju wontên sêlaning padamêlan, dhasar wontên papanipun, prayogi glotha-glathe nênanêm, wontên ing pakêbonan wingking griya utawi kiwa têngênipun, upami lombok, terong, pare, bayêm sêkul, waluh siyêm utawi sanès-sanèsipun, ngiras kangge pêthetan, dados samôngsa sampun awoh, môngka kapinujon awis jêjanganan kados yèn môngsa têrangan, têtanêmanipun wau kenging kangge tambêl bêtah, lowung. Tur nêbihakên raos têntrêming manah saupami mrêgoki kados ingkang kula aturakên ing nginggil wau.

Sapunika bab rekanipun nanêm pare wêlut ingkang badhe kula aturakên. Wiji pare wêlut sagêd mundhut dhatêng pêkên utawi wêwêling punapa ngupados dhatêng padhusunan, pananêmipun kagêjig, tanpa kaipuk, nuntên kasiram, yèn tuwuhipun sampun sakaki inggilipun nuntên kalanjarana, nginggil kadamêlna anjang-anjang, dados wohipun sagêd gumantung. Wiwit pêntil, pucukipun kabandhulana sela nyakêpêl, paedahipun sagêda lêncêng panjang. Dados botên pating prongkol utawi namung ngalêkêr. Janji pikantuk pasitèn ingkang loh pare wau gêsangipun sagêd subur, langkung-langkung manawi dipun lêmèni, yèn botên wontên jawah enjing sontên kasiramana. Yèn sitinipun katawis padhêt, enggal kadhangira, cêkap mawi cuthik kemawon, rumput-rumput ingkang sami ngrubung kasirnakna, insaallah, wohipun sagêd angrêmênakên, malah yèn kalêrêsan sagêd salêngên agêngipun, panjang satêngah dhêpa, warninipun ijêm, ing jawi mawi sêmburat pêthak kados wêdhak. Yèn pare wau agêng, wontêna 3 lonjor makatên kemawon sampun dados sakêlanan. Punapa malih manawi ragi kathah pananêmipun, sagêd ugi ngundhuh lumintu. Wontênipun ing pêkên, pare wêlut saêlêr trêkadhang botên pikantuk saêsèn ... cobi punapa botên nama lumayan [lu...]

--- 1189 ---

[...mayan] manawi nuju sêla ing damêl aglotha-glathe nênanêm makatên. Saking pamanggih kula piyambak kenging kawastanan nyumbang bêtah sawatawis, mila atur pamrayogi kula wau sukur-sukur wontên ingkang kaparêng nindakakên.

Mila kawastanan pare wêlut, awit wujuding wohipun andalondèng panjang kados wêlut. Mênggahing pangolah sakêparêngipun, dipun sêmur, punapadene kare, punika tansah mathuk kemawon, sanèsipun pare wêlut wontên panunggilanipun malih, inggih punika pare ayam, nanging raosipun pait, kirang munpangati mênggahing kêkêlanan.

Juru Dang (K. 1815).

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Sumbangan

Garèng: Ayo, Truk, katimbang thênguk-thênguk ngêntèni: nèk-nèke ana rôndha ayu tur sugih têka ngunggah-unggahi, rak luwih bêcik padha omong-omongan ing bab sing prêlu-prêlu lan sing migunani tumrape wong akèh. Mungguh sing arêp tak rêmbug sapisan kiyi ing bab sumbangan.

Petruk: Mungguh anane sumbangan, Kang Garèng, sanyatane jaman saiki karo biyèn kuwi kêna diarani beda bangêt. Nanging tumraping aku, anggêr jênêng sumbangan, caraa biyèn iya ora sênêng, cara saiki iya ora cocog.

Garèng: Wiyah, kowe mono pancèn iya wong angèl. Apa-apa karêpmu arêp kok cacad, arêp kok wada. Ewasamono aku mêksa kêpengin sumurup mungguh sabab-sababe, kang agawe ora sênênging atimu anane sumbangan cara jaman biyèn kuwi.

Petruk: Lo, kuwi mangkene. Anane sumbangan kuwi sabênêre ngono sok bisa agawe kapitunane loro-lorone, yaiku: sing duwe gawe, lan ya sing padha diulêmi. Jajal saiki tak gambare dhisik mungguhe wong sing duwe gawe. Tumrape wong sing arêp duwe gawe, ing sarèhning anjagakake sumbangan, sanadyan ora dêduwèn, iya banjur dilakoni nganak-anakake, apa iya utang, anggadhèkake barang darbèke lan sapêpadhane, bab kiyi ora prêlu tak caritakake dawa-dawa, sabên wong têmtune wis padha ngrêti laku-lakune. Cêkake ngudi bisane olèh waragad sing bisa kanggo gawe nganakake pista gêdhen-gêdhenan. Lo, sing mangkono kuwi apa ora jênêng kaliru. Iya nèk bisa olèh sumbangan sing nyukupi, nèk ora, rak iya bisa kalakon: rê ... muk têmên.

Garèng: Hla, kuwi nèk panêmune wong nom saiki, sing watake wis kacepretan karo bôngsa-bôngsa sing padha amangeran marang gusti phulus, mêsthi iya ora ngrêti anggone wong-wong Jawa ing jaman [ja...]

--- 1190 ---

[...man] biyèn yèn duwe gawe dilakoni nganak-anakake, diarani sabab anjagakake sumbangan. O, kaliru, mas, kaliru, wong Jawa jaman biyèn kuwi watake beda yèn karo watakmu sak sing blônja kowe pisan. Wong Jawa jaman biyèn kuwi kadunungan watak prawirasônta, ucap-ucapane: aluwung mati katimbang wirang. Mulane yèn duwe gawe iya disantosani têmênan, nganti dilakoni nganak-anakake, prêlune aja nganti ngisin-isini, awit yèn nganti cinacad, hla, kuwi wirange iya sak sêgara kidul ditambahi kali Sêrayu têmênan. Mulane ing jaman biyèn, ora ana wong bungah utawa gêdhe atine, kaya nèk dialêm anggone duwe gawe. Kaya ta upamane ana wong ngandhakake mêngkene: botên kaya sêg Dara Panji Krama Walmuka kagungan damêl ngramakake putrane putri Dara Ajêng Painêm nika, wèh, ramene êmpun-êmpun, nganti saniki kula botên tau mênangi malih. Lo, kuwi aja manèh sing duwe gawe dhewe oraa bungah, sanadyan mung akrabe bae mongkoge mêksa ya sakwali têmênan.

[Grafik]

Petruk: Lo, Kang Garèng, aku ora arêp maido kaanane jaman biyèn. Bisa uga yèn ing jaman biyèn kuwi, ambuwang dhuwit, ngobrol-obrol dhuwit, cêkake royal-royalan, nganti duwe bojo pating tlècècèk pisan, dianggêp: gagah, brêgas, pêng-pêngan, jêmpol, lan sapiturute, nanging rak kudu ngèlingi, yèn jaman biyèn kuwi beda bangêt karo jaman saiki. Jaman biyèn kuwi ing tanah Jawa: murah pangan, murah sandhang, murah sakabèhe, tur wonge iya isih sathithik, mulane wonge ya isih bisa sakrêsa-krêsanya. Seje karo saiki, wonge ing tanah Jawa kuwi wis kêbak, tur bandhane tanah Jawa wis: têrbang kêmanah-manah, dadi wong-wonge, nèk anggone uripe ora diati-ati, nanging dicara kaya jaman biyèn bae, mêsthi bisa kalakon dadi abdining kere têmênan. Wis, saiki tak banjurne sabab-sabab kang agawe kapitunane wong duwe gawe kuwi. Lumrahe wong kang lagi duwe gawe kuwi, sok ora ngèlingi marang kêbutuhane liyan. Saupama ana salah sawijining mitrane sing wis kênthêl, ora bisa têka jalaran sabab anggone ora bisa nyumbang, dianggêp wis ora sondèl wêwanuhan karo awake, atine banjur sêrik, wusanane anggone mêmitran kênthêl mau banjur dadi crah.

Garèng: Hêm, omongmu kiyi sajake kok mung ditêpakake nyang awake dhewe bae, dianggêp yèn sabên wong mêsthi cupêt budine kaya

--- 1191 ---

awake, tandhane lagi madhayoh nyang gonku kabarêngan priyayi pirang-pirang kae, rumasaku wong ya sadulur, dadi ya tak anggêp kayadene nyang omahe dhewe bae, mulane barêng mêtu suguhanaku wedang lan nyamikane, sing tak: môngga, môngga, ya mung tamu liya-liyane bae, Ki Petruk sanalika ya banjur mutung, moh ngombe wedange, lan moh mangan panganane.

Petruk: Para tamu sing pancèn wêruh yèn aku lan kowe sêdulur, ya ora duwe gagasan apa-apa, nanging sing ora wêruh, jalaran aku kok nêngake bae, ora kok aruh-aruhi babarpisan, têmtune rak padha andakwa, yèn aku kiyi tamu sing burine sok dipyur-pyuri nganggo uyah kae, cikbèn enggal lunga. Padhane rak kaya: bocah lanang lan wadon sing padha mlaku bêbarêngan kanthi gêgonjakan, sing padha ngrêti yèn kuwi kakang adhi, iya ora duwe gagasan apa-apa, nanging sing ora ngrêti têmtune rak ana bae sing anggagas: hla kae, nèk bocah nonoman jaman saiki, wong yah mene kok lagi ... pring padha pring.

Garèng: Wayah, kok ana-ana bae sing kok omongake. Wis, apa bae manèh, sing bisa agawe kapitunane wong duwe gawe ing jaman kuna.

Petruk: Wong duwe gawe sing disumbang kuwi rumasa kayadene wong utang, awit samôngsa-môngsa sing nyumbang gênti duwe gawe dhewe, saolèh-olèh iya kudu nyumbang sasumbange dhèk biyèn.

Garèng: Iki ora prêlu tak wangsuli, awit nèk panêmuku pancèn iya wis adil bangêt. Saiki caritakna dhisik, kang agawe kapitunane wong-wong sing nyumbang.

Petruk: Wah, iki akèh bangêt, nanging liya dina bae tak caritani sing nganti dawa, saiki padha dilèrèni samene dhisik.

[Grafik]

Gambar nginggil punika kandhang oto ingkang agêng piyambak ing kitha Den Haag, nagari Walandi. Kandhang wau ingkang kadamêl bêton, saha sagêd dipun êmoti oto 400 iji.

--- 1192 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Sêmbrana ing wajib

Pangadilan ing Tanjungpasir, Sumatra, mêntas andhawahakên paukuman kunjara dhatêng sawênèhing juru sêrat ing kabudidayan Aek Paminke, laminipun kawan wulan, kalêpatan ambage jampi strychnine dhatêng kuli-kuli ingkang sami sakit, kakintên aspirin. Jalaran saking lêpating tindak wau, adamêl tiwasing tiyang pitu. Upas kantor ingkang kapurih ambage ugi sampun sumêrêp, bilih ing gêbyas wadhah jampi wau wontên gambaripun cumplung tiyang, nanging kakintên gambaripun tiyang ingkang damêl jampi.

Bab punika dadosa pêpèngêt, bilih jampi ingkang wadhahipun mawi ciri gambar cumplung tiyang, ambêbayani tumrap dipun ombe utawi dipun têdha.

Bupati Pasuruan kèndêl.

Kawartosakên, ingkang bupati ing Pasuruan, Radèn Mas Panji Partasugônda, bupati Pasuruan, kakèndêlakên kanthi urmat, jalaran gêrah.

Adamêl tiwas.

Ing griya sakit, Pamatangsiantar wontên tiyang sakit ewah dipun rimat, kadèkèk ing kamar, wusana kasupèn botên dipun tuwèni, sarêng kasumêrêpan tiyang wau sampun pêjah saha sampun sètên. Ingkang wajib lajêng nindakakên papriksan.

Tuwan Dhatuk Putih sampun wangsul.

Rumiyin sampun nate kawartosakên, bilih Tuwan Dhatuk Putih ingkang nuju wontên ing Mêkah dipun tahan ing Raja Hedzjas, saha kawangsulakên, botên kenging malêbêt ing jajahan Mêkah. Ing sapunika sampun wangsul dhatêng Indhonesiah.

Para warga rad kawula darmawisata.

Kala dintên Sabtu tanggal 6 wulan punika, pangarsa kawula kanthi warga 17, bidhal saking Batawi dhatêng Surabaya nitih sêpur kilat. Enjingipun bidhal saking Surabaya dhatêng Bulèlèng, nitih kapal Valentijn. Dumugining Bali dipun papag tuwan residhèn tuwin para amtênar. Nagari ingkang dipun jujug, Dhènpasar, Karangasêm, Gianyar tuwin Kintamani. Ing dintên Rêbo wangsul dhatêng Surabaya nitih kapal Barentsz. Tindakipun para warga wau amêngku lampah wigatos, ing bab kawontênan ing Bali.

Konggrès Indonesia Moeda.

Wontên pawartos, konggrès Indonesia-Moeda ing taun punika badhe kawontênakên ing Surakarta, wiwit tanggal 28 Dhesèmbêr dumugi tanggal 2 Januari 1931.

Bang kopêrasi.

Saking ada-adanipun Tuwan S. Ramuwisit, tuwin golongan dagang sanèsipun ing Batawi, badhe ngêdêgakên Cooperatieve Handelscredietbank Indonesia. Ing sapunika sawêg nindakakên rancanganipun.

Kêkirangan Panggenan

Jalaran wontênipun murid ing Volksavondcursus ing Mèstêr Kornèlis saya kathah, ing sapunika sampun wontên 70, lajêng badhe pados papan ingkang nyêkapi, sapunika taksih manggèn wontên ing sêkolahan Muhamadiyah.

Têtiyang ukuman 135 luwar.

Nglêrêsi dhawahing dintên wiyosan dalêm Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri, tanggal 31 Agustus 1930, amaringi pangapuntên têtiyang ukuman ing pakunjaran Cipinang ingkang dèrèng pundhat paukumanipun, cacah 135 sadaya sami dipun luwari.

Wandenipun kopi para sêtudhèn.

Gêmintê ing Batawi sampun asuka palilah dhatêng Bataviasche Studenten-corps abikak panggenan ingkang dipun wastani Studenten-Koffiehuis, manggèn wontên ing Kramat 49.

Parêpatan propagandhah B.O.

Kawartosakên ing Rêmbang badhe wontên parêpatan propagandhah, prêlu badhe ngêdêgakên pang B.O. Ingkang nindakakên Tuwan Slamêt saking B.O. Sêmarang. Parêpatan wau badhe kadamêl umum. Tanggalipun dèrèng katêtêpakên.

Pangirit.

Miturut pawartos S.S. sawêg animbang ing bab suwakding[6] papan panggenan lokomotip ing Panaraga, badhe kadadosakên satunggal kalihan Madiun. Bab makatên punika atêgês tindak pangiritan.

Kabêsmèn agêng.

Kawartosakên, ing tanggal 10 wulan punika ing pêkên Ponteanak wontên kabêsmèn agêng, cacah têlas 300 wuwung, kapitunan[...][7] yah. Tumrap toko-toko wontên ingkang katanggêlakên asuransi.

Kolonisasi ing Nieuw-Guinea.

Kala parêpatan Vereeniging Kolonitatie Nieuw-Guinea ing Sêmarang, ingkang dipun pangarsani Tuwan D. Wevers, mratelakakên, prêlu sangêt kawontênakên tanêman ingkang maligi namung saking [sa...]

--- 1193 ---

[...king] pambudidayanipun bôngsa Walandi thok, sampun ngantos kawoworan tiyang siti utawi bôngsa sanès. Manawi sagêd kalampahan makatên badhe sagêd nyingkirakên jor-joran, saha lajêng ngipuk mratelakakên nyambut damêl sêsarêngan kalihan tiyang siti punika botên gêmi.

Arta ing Bali.

Ing bab tumindaking damêl nyirnakakên arta gobog ing tanah Bali, katindakakên kêncêng. Ing wulan kapêngkêr sampun sagêd ngangkatakên dhatêng Surabaya 120.000 kilogram.

Asiah.

Pêpêrangan ing Naning.

Hongkong 8 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Kawartosakên, ing sapunika kitha ingkang dipun dunungi têtiyang ambalela golongan Kwangsi ing Naning dipun kêpang, wontên tiyang 200 sirna jalaran dipun dhawahi bom saking mêsin mabur Kanton. Wontênipun makatên, amargi golongan Kwangsi botên purun têluk, taksih kêncêng ngêkahi kitha, lumuh manawi anggêlênga kalihan wadya Punan tuwin Kuwantung. Jalaran saking ing kitha kêkirangan têdha, pangagêng ingkang dados têtindhih angêkahi kitha, akèn dhatêng têtiyang mardika, sasêlaning pêrang supados sami ngili, saha kalampahan sampun wontên ingkang mêdal saking kitha cacah tiyang 40.000. bôngsa ngamônca ugi sami sumingkir.

Kaluwaran amargi kirang saras.

Allahabad 8 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Pandit Moti Lal Nehru kaluwaran saking pakunjaran, amargi kirang kasarasanipun.

Amerikah

Lesus.

Havana 4 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wontên pawartos saking Cuba, wontên lesus ingkang rikating lampahipun ing dalêm saêjam 160 mil, adamêl karisakanipun kitha Santo Domingo.

Prahara anggêgirisi.

Washington 6 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Pakaryan kasarasan bôngsa Amerikah anglapurakên, kangsaran [...] jalaran lindhu Santo Domingo tiyang ingkang tiwas wontên 2500, têtiyang ingkang sami botên gadhah panggenan 29.000. griya-griya ingkang sirna mèh 5000.

New York 5 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wontên pawartos saking San Yuan, bilih gupêrnur ing Portorico, ingkang anggêgana wontên sanginggiling papan kasangsaran, mratelakakên, tiyang ingkang tiwas 800. Sanèsipun dèrèng kasumêrêpan malih.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3929 ing Tabanan, f 4.50 sampun katampi. Sadhèrèk: Hasan, kalêbêt lêngganan P.P. No. 3567.

Mru. Kartasêntana ing Purwarêja. Kajawèn nomêr 60, 61, sampun sami têlas.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan H.M. Suyuti, ing Surakarta. Buku ingkang panjênêngan dangokakên, ing Bale Pustaka botên wontên, dene bab katêrangan pêpetanganing pal-palan tumrap oto, punika sampun gampil sumêrêpipun, sapisan sagêd ningali saking papan ing margi-margi, kaping kalih sagêd angsal saking panyadean bènsin Shel samôngsa nuju ngêdalakên, kaping tiganipun pakêmpalan J.M.C. ugi ngêdalakên, nanging namung kakintunakên dhatêng para warganipun.

Tuwan S ing Wlingi. Bab pandamêling sabun, kados panjênêngan cêkap mundhut buku wêdalan Bale Pustaka. Serie No. 204 Serba djenis peroesahaan di Europa, rêgi f 0.40. dene bab kopêrasi mariksanana rêmbagipun Petruk kalihan Garèng, ing Kajawèn nomêr 46/47 ngantos satamatipun.

Lêngganan nomêr 3527 ing Kriyan, bab gambar-gambar inggih kêrêp ngêwrat. Bab Sêrat Ramayana, punika namung nêdahakên luguning cariyos ing Indhu ingkang dipun cathêt ing bôngsa Inggris, tumraping ahli sêrat-sêrat, sagêd ngraosakên dhatêng kajêngipun. Dene tumrap karangan ingkang botên panjênêngan mathuki, punika prêlu kangge nyadhiyani para maos ingkang ambêtahakên, awit ingkang lêngganan Kajawèn punika kathah, pamanggihipun warni-warni. Mugi kauningana.

Badhe wêdaling waosan lare ing Kajawèn, tamtu adamêl bingahing lare.

Mila murih botên kacuwan:

Sintên ingkang dèrèng lêngganan Kajawèn kaparênga lêngganan.

Dene ingkang sampun lêngganan: kaparênga ambayar rêgining Kajawèn kuwartal ingkang kaping 4.

Ambêbingah lare, ugi nama wajibing tiyang sêpuh tur namung f 1.50 rampung.

--- 1194 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

13.

[Dhandhanggula]

Sang Laksmana kang anggung anjagi / mring sang ayu tan kêndhat amulat / tumuli têtulung age / têmah sêdyaning diyu / tan sambada malah kajodhi / nulya risang Laksmana / tumindak apurun / ngatrapkên kang pamisesa / kang rasêksi pinêrung karnanya kalih / lan pinagas kang grana //

mung mangkana dènira matrapi / datan nêdya ditya sinirnakna / têmah yaksi oncat age / dene sajatinipun / kang rasêksi kadang narpati / narendra agung Langka / Rawana jêjuluk / wantuning kadang narendra / kang rasêksi dahat dènnya merang galih / dènira winisesa //

krodhanira dahat angajrihi / lir kèbêkan swara jroning wana / dene ing mangkya sêdyane / karsa tindak ngêngirup / awit nyata mênggah sang dèwi / darbe kadang raksasa / kang samya dêdunung / madyaning wana Dhandhaka / mangkya arsa pinèt sraya mrih malêsi / kang darbe tindak siya //

pra raksasa dupi dèn waduli / samya krodha labêt amurina / dene cinamah kadange / nulya bidhal gumrudug / arsa nêmpuh mring sang winani / sarwi nyuwara sora / nyabawa gumludhug / mawèh was-wasing kang myarsa / tan antara lampahira pan wus prapti / doning satriya Rama //

sanalika samya yitnèng wèsthi / risang Rama ngrasuk kang busana / asangkêp sagêgamane / cahyanira sumunu / datan pae raras prajurit / nulya umagut ing prang / ngêmbuli kang mungsuh / satêmah kang mungsuh sirna / tanpa tabêt prawiraning ditya sami / tan dadya sabanyonan //

sasirêping rêrêtu ing mangkin / risang Rama pasang kaprayitnan / Sang Sita dèn singkirake / mrih dinohan rêridhu / anèng guwa dahat awêrit / Laksmana kang pinatah / rumêksa sang ayu / Laksmana dènira ngrêksa / datan têbih anggung prayitna ing mangkin / mrih dinohan bêbaya //

kang rasêksi cinarita mangkin / dahat krodha ngayuh jumantara / wangsul marang ing prajane / sowan marang sang prabu / nata yaksa ing Langka puri / lampahira agita / riwusira tundhuk / kang yaksi matur ring raka / saliring rèh kang wus tinêmah ing mangkin / sarwi lara karuna //

mangkya matur mring sri narapati / kaparênga amalêskên wirang / kang dahat wèh sangsayane / miwah umatur linut / ing pangarah murih nênangi / galihira Rawana / akobara murub / tanapi linut wêwarah / mrih nênangi marang sêngsêming panggalih / kelut ing aturira //

dhuh pukulun amba atur warti / Rama yêkti kêkasihing dewa / tan wontên nyami bobote / datan kêni ing lampus / lan paduka kalamun wani / andhustha garwa Rama / yêkti sirna luluh / awit tan wontên kang madha / ing prawira kalamun paduka tandhing / Rama datan kasoran //

nanging lamun paduka ngèngêti / suwarnaning garwanira Rama / Dèwi Sita pêparabe / pantês lamun tinêmpuh / awit tuhu punjul ing bumi / widadari suwarga / kasoran ing wujud / warnanira Dèwi Sita / kang sarira lurus warata aramping / tindak mucang kanginan //

kang pamulu ngancana sinangling / netranira ambalut katara / tajêm tan mawi ginawe / rikma cêmêng angalun / candranira sarwa mêpêki / tan kêni winancenan / sadaya mung punjul / rasêksi kaduk ing kôndha / tanpa wangwang mung angalêmbana bêcik / mring garwanya Sang Rama //

ing satêmah kang daya ngênani / mring sri nata sakala karasa / wêkasan adrêng karsane / tanpa amawang kewuh / lir kataman ing guna dhêsthi / aturing ari nata / kang mawèh panuju / tumuli arsa budhalan / tumêmpuh mring Dhandhaka andhustha putri / lan nyirnakkên Sang Rama //

Sang Rawana lan ari tumuli / nitih rata angambah gêgana / kumilat lêpas lampahe / narajang mêndhung-mêndhung / têmah piyak jaladha nisih / dupi wusing antara / ing lampah tumurun / anjog samadyaning wana / anjujug ing dhangkanira wil piniji / wismèng wana Dhandhaka //

dene yaksa kang arsa piniji / mèngêt lamun anèng bawah Langka / mila duk nata praptane / dahat amarikêlu / awit uning kang rawuh gusti / mênggahing nyatanira / yaksa kang winuwus / wus nate atandhing yuda / lan Sang Rama nanging kasoran ing jurit / datan pisan tumimbang //

marma mangkya dahat dènnya ajrih / miwah dupi wruh gatining nata / sakalangkung pamambênge / ywa pisan kamipurun / lumawan mring Rama sinakti / singa arsa lumawan / tan sande mung nungkul / têmah mung ambarang wirang / tan pakolih wêkasan ngasorkên gusti / ingkang binatharèng rat //

angandika nata sêmu runtik / ingsun datan arsa mangun yuda / mung arsa andhustha mangke / marang garwane iku / mangkya ditya sira sun piji / nglabuhi lakuningwang / andhustha sang ayu / dupi raksasa miyarsa / datan pisan anduwa parênging gusti / amung matur sandika //

mung ing cipta tan pisan nêrusi / anggung krasa kasamaraning tyas / lawan kajibah ing mangke / dening piniji ratu / atanapi uning ing gati / yèku dununging rama / kang sinamar samun / ing mangkya nulya budhalan / wusing cakêt nata nulya andhawuhi / mring ditya kang ingagnya //

mêmindhaa manjangan mas adi / kang acêplok sakala sumêla / ngidêrana sakubênge / wismane rama ibu / mring Sang Sita ing mangkya uning / yaksa tumandang sigra / nulya malih wujud / kadi sajatining sangsam / angujwala yayah kancana katliring / sunaring diwangkara //

kacarita sangsam kang ngidêri / ing sakala koningan Sang Sita / dahat karênan galihe / tanpa kêdhèp andulu / punang sangsam saya katitik / kaduk cumbu katara / lir kêni dèn lus-lus / nanging mênggah jatinira / kêsitira tan pae kêclaping thathit / tan kêni pinêrakan // (Badhe kasambêtan)

Catatan kaki:

1. § Sagawon utawi kucing. (kembali)
2. utawi. (kembali)
3. § Warninipun kados wiji dlima, nanging bundêr. (kembali)
4. § Wontên ing padharan, ingkang pating plênthing wau lajêng pêcah, dumugi ing usus lajêng santun wujud kadosdene pita, mawi ros-rosan, ngantos panjang sangêt, môngka sabên ros sagêd nigan piyambak ngantos pintên-pintên atus. Red. (kembali)
5. Sanadyan. (kembali)
6. suwaking. (kembali)
7. Naskah rusak. (kembali)