Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10-25, #568

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10-25, #568. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10-25, #568. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 86, 1 Jumadilakir Taun Jimawal 1861, 25 Oktobêr 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1371] ---

Ôngka 86, 1 Jumadilakir Taun Jimawal 1861. 25 Oktobêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Time is money

Irah-irahan ing nginggil punika, kenging kula wastani satunggiling piwulang basa Inggris, ingkang samangke sampun mratah ing saindênging tanah Eropah tuwin Amerikah, malah bôngsa kula piyambak kados-kados inggih sampun kathah ingkang sami kêcèprètan. Mênggah têgêsipun wèntèh: wêktu iku dhuwit. Tumraping bôngsa Eropah tuwin Amerikah, wiwit rumiyin mila, arta punika pancèn dipun têngênakên sangêt. Ingkang makatên wau, botên kenging dipun paibên, jalaran, bôngsa-bôngsa wau sampun sami yakin, bilih arta punika agêng sangêt dayanipun mênggahing gêsang sêsrawungan. Awit arta punika sagêd anjunjung drajat, sagêd nuwuhakên kamulyan, punapadene panguwasa agêng, amila ing tanah-tanah Eropah tuwin Amerikah, among dagang punika inggih dipun ajêngakên sangêt. Manawi ningali kawontênanipun praja-praja ingkang sami kiyat-kiyat, sarta agêng panguwasanipun, kados ta praja-praja: Inggris, Amerikah, Jêpang, Prangkrik, lan sasaminipun, punika jalaranipun inggih saking agênging among dagangipun. Dados inggih jalaran saking sugihipun arta.

Dene manawi nitik babadipun praja-praja ing tanah Eropah, ingkang samangke sami agêng-agêng jajahanipun, punika ing sakawit ingkang dipun udi inggih namung arta, sêdya badhe ngêlar jajahan, punika pancènipun inggih botên gadhah. Sarta anggènipun ngupados arta wau, inggih dipun lampahi toh pêjah saèstu, asring-asring kanthi botên ngrêgèni kapitunan tuwin nyawaning sanès. Murih para maos kagungan wawasan sakêdhik, ing ngriki kados prêlu nyariyosakên babad sawatawis.

Ing wiwitanipun abad ingkang kaping 17, praja ing tanah Eropah ingkang kasuwur bôndha-bandhu sarta agêng panguwasanipun, punika nagari Sêpanyul, ngantos kathah nagari-nagari sanès ingkang sami nungkul. Kala samantên bôngsa Eropah, ingkang asring dhatêng ing tanah Indhonesiah, prêlu kilak mrica, pala tuwin cêngkèh, punika ngêmungakên bôngsa Portêgis piyambak, panyadenipun barang-barang wau wontên ing Lisabon, kitha karajan Portêgal. Dene para among dagang bôngsa Walandi sami ngilak mrica, pala tuwin cêngkèh wau wontên ing Lisabon, prêlu kasade malih wontên ing praja-praja sanèsipun ing tanah Eropah ingkang sisih lèr. Jalaran saking punika, kauntunganipun para among dagang bôngsa Walandi inggih sathekruk saèstu. Dilalah kala samantên tuwuh pêrang antawisipun praja Sêpanyul kalihan praja Walandi. Ing sarèhning praja Portêgal lajêng katêlukakên dening Sêpanyul, ingkang punika para among dagang bôngsa Walandi lajêng dipun awisi kanthi sangêt lumêbêt ing palabuhan kitha Lisabon. Ing môngka tumrap para kaum dagang Walandi, nyade mrica, pala tuwin cêngkèh wau, bathinipun sasayahipun yêktos, têka papan pakilakanipun lajêng dipun tutup. Ingkang punika amila lajêng kêncêng sêdyanipun sumêdya kesah piyambak dhatêng tanah asalipun barang-barang wau,

--- 1372 ---

inggih punika ing tanah Indhonesiah. Ngantos kaping tiga bôngsa Walandi ngintunakên baita-baita, ngupados marginipun dhatêng tanah Indhonesiah, lampahipun nuju mangalèr ngetan, nanging tiga-tiganipun sami wangsul kanthi tanpa damêl. Sapintên agênging kapitunanipun bôngsa Walandi ing kala punika, para maos têmtunipun sagêd ngintên-intên piyambak. Sanadyan makatêna, bôngsa Walandi inggih mêksa botên kandhêg samantên kemawon, nanging malah saya anggrêgut pangudinipun sagêda lajêng anyumêrêpi margi-marginipun ingkang anjog dhatêng Indhonesiah. Sanadyan bôngsa Walandi kaancam badhe dipun pêjahi, manawi wanuh wani lumêbêt dhatêng kitha Lisabon, ewasamantên mêksa wontên salah satunggiling Walandi ingkang anêmpuh byat, mendha-mendha tiyang Portêgis lumêbêt dhatêng Lisabon wau, prêlu sagêda angsal gambar-gambaripun margi ingkang dhatêng Indhonesiah, ingkang sampun wontên ing tanganipun tiyang Portêgal. Kalampahan ngantos sagêd angsal. Wusananipun bôngsa Walandi lajêng sagêd dhatêng Indhonesiah kalihan mêdal margi angubêngi tanah Aprikah. Ing samangke sarèhning sampun sagêd dhatêng Indhonesiah piyambak, sarta sagêd kêkilakan barang-barang Indhonesiah piyambak, sampun têmtu kauntunganipun inggih lajêng mili kemawon, anjalari praja Nèdêrlan dados karajan ingkang abôndha-bandhu.

Ing kala punika ing sarèhning bôngsa Inggris ugi kalêbêt bôngsa among dagang, dados bôngsa ingkang ugi ngudi sangêt dhatêng arta, sumêrêp kawontênanipun bôngsa Walandi sagêd manggihakên budi daya ingkang andhatêngakên arta kathah wau, satêmah lajêng tuwuh bêntèring manah, thukul kamelikanipun, sarta cancut abudidaya sagêdipun angrisak utawi gêntos andarbènana kauntungan arta kathah. Mila lajêng tansah ngalang-alangi tindakipun para among dagang bôngsa Walandi wau, ngantos sagêd kasêmbadan sêdyanipun, bôngsa Inggris kalampahan anguwasani padagangan, ingkang andhatêngakên kauntungan arta kathah.

Kados cêkap samantên kemawon. Ing ngriku têtela, bilih wiwit rumiyin mila, bôngsa Eropah punika sampun anêngênakên sangêt dhatêng arta. Ing sarèhning jaman samangke punika sampun sanès jaman, cara-caranipun rêbatan arta inggih lajêng ragi - ragi kemawon, lo - sanès. Samangke ingkang dipun rêbat: wêkdal sampun ngantos wontên wêkdal ingkang muspra, nanging sagêda katanjakakên murih sagêd angsal arta kathah.

Beda kalihan bôngsa Jawi, wiwit kina makina botên patos sangêt-sangêt anênêngakên dhatêng babagan arta, dalasan para nata kemawon, idham-idhamanipun anggèning ngantos kalampahan pêrang, botên kok saking anggènipun kêpengin sugih dhuwit, nanging namung pados kaluhuran, inggih punika: nêlukake praja, amboyong putri.

Dene piwulang Jawi ingkang ragi wontên èmpêripun kalihan piwulang Inggris wau, ngêmungakên makatên: sapa sing bêtah mêlèk, bakal sugih rêjêki, tur dawa umure. Mênggah pikajêngipun: punika cocogipun kalihan kawontênan Jawi, cêkakipun bôngsa Jawi punika kêdah ngagêngakên lampah (tapabrata), jalaran dayaning lampah makatên wau, sagêd ambêningakên pikiran. Tiyang ingkang bêning pikiripun, gampil anggayuh sadhengah pakaryan ing samurwatipun. Dene panjang umuripun, punika pasêmon sênêng gêsangipun.

Mênggah tumrap pamanggih kula piyambak (pun Pênthul) piwulang kados ing nginggil punika, mila cocog lan mathuk sangêt, jalaran kula punika anak turunipun santri, dados sampun asring anitèni sangêt dhatêng lêlampahan ingkang magêpokan kalihan piwulang wau. Dene tôndha sêksinipun ingkang nyata, bilih tiyang bêtah mêlèk, upami ngantos jam 12 dalu, nyêngka jam 1, dèrèng tilêm, sugih rêjêki, punika saupami bapak pinuju kêndurèn utawi dipun undang tiyang kapurih ngajèkakên, mantukipun tamtu ambêkta brêkat, manawi kula taksih mêlèk, rak inggih lajêng tumut angsal bageanipun brêkat wau, dados kula sagêd manggih rêjêki. Kosokwangsulipun, bilih wiwit sontên kula sampun tilêm, sarta kula lajêng botên dipun gugah dening bapak, têmtunipun kula rak lajêng botên angsal bagean brêkat, namung sumêrêp enjingipun, kantun godhong mumbruk, sagêd kula inggih lajêng namung kêdumêlan kemawon, padharan lêstantun pating kalukuk. Punika tôndha saksi ingkang adhakan, lo.

Dene bêtah mêlèk, dipun cariyosakên: dawa umure, punika kok inggih kapara nyata. Tandhanipun, saupami kula tilêm jam 8 dalu, punika sampun botên sagêd nyumêrêpi jam 9 ngantos dumugi jam 1 upaminipun, nanging yèn kula mêlèk ngantos jam 1 dalu, lo, punika gêsang kula rak panjang, ta, nyatanipun ngantos mênangi jam 1 wau. Makatên kangge upami ingkang gampilan kemawon.

Minôngka kangge mungkasi obrolan kula ing dintên punika, kula kapêksa anjawil dhatêng larasipun jaman ingkang sampun kaprah dados lageanipun para sadhèrèk, inggih punika ingkang tansah dados sêsêkaring lathi kangge pêpaèsing wangsulan, upaminipun dipun ampirakên, dipun purih dhatêng, dipun takèni sanès-sanèsipun, lajêng dipun wangsuli: dèrèng - utawi botên gadhah wanci. Kados ta: kula kapêksa botên sagêd mampir, jalaran sampun botên gadhah wanci, makatên sasaminipun.

Tumrap kula sadaya tiyang limrah, sampun tamtu kemawon botên gadhah wanci, bilih botên dipun wontênakên. Tandhanipun wangsulan makatên punika kathah ingkang botên cocog kalihan nyatanipun. Sabên dipun takèni utawi dipun taros punapa-punapa, wangsulanipun botên sagêd jalaran botên wontên wancinipun, nanging sabên sontên têka têmtu sagêd, mlampah-mlampah, nonton gambar idhup, utawi ningali tontonan sanès-sanèsipun. Sampun, sampun, samantên kemawon, sanès dintên ngobrol malih.

Pênthul.

--- 1373 ---

Raos Jawi

Tatacara saha Raosing Manahipun Tiyang Mantu

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85.

Mênggahing raosipun tiyang gadhah damêl mantu, tumrapipun bôngsa Jawi, gadhah panganggêp bilih tindak wau sampun nama angambah nindakakên kalimrahanipun tiyang gêsang wontên ing donya. Bab makatên wau kados inggih wontên lêrêsipun, awit tiyang ingkang sampun nate nglampahi mantu, punika sampun nama dados tiyang sêpuh, sampun ragi anjajah saha sumêrêp raos pait gêtir.

Ing ngriki amangsuli rêmbag ing bab cara-caraning pangantèn ing kalanipun wiwit panggih salajêngipun, ingkang nama taksih salêbêtipun dipun wiwaha. Punika kathah ingkang dhapur pasêmon, kados ta pangantèn sabibar panggih, lajêng dipun pangku ing marasêpuh jalêr, marasêpuh èstri mitakèni: kadospundi mênggahing wawrating anakipun kêkalih wau, awrat ingkang pundi. Ingkang jalêr mangsuli: sami kemawon. Mênggah kajênging wawrat wau botên kok wawrating badanipun, nanging wawrating sih trêsnaning tiyang sêpuh kalihan anak, punika ingatasing anak piyambak kalihan mantu sami kemawon, dados kajêngipun anak sadaya.

Kawontênan kados makatên wau tumrapipun bôngsa Jawi ing jaman kina, tumindakipun katingal sangêt, tuwin inggih nyata botên wontên ing ucap kemawon, dene pinanggihipun, kala jaman samantên, tiyang jêjodhoan punika ingkang kathah nama taksih badhe, pangantènipun jalêr dèrèng cêpêng damêl, yèn anak priyantun, inggih taksih magang, yèn anak sudagar, sawêg sinau tumut nyambut damêl tiyang sêpuhipun, tiyang tani inggih sawêg tumut têtanèn, dèrèng nama baku piyambak.

Jalaran kawontênanipun taksih sarwa kados makatên, limrahipun tiyang ingkang nêmbe salakirabi punika lajêng dipun kukub ing tiyang sêpuhipun piyambak utawi marasêpuh, sawarnining kabêtahanipun dipun sanggi ing tiyang sêpuh. Mênggahing limrahipun, mantu punika dipun eman-eman ing marasêpuh.

Manawi anakipun ing têmbe sagêd gêsang piyambak, jalaran sampun cêpêng damêl utawi sampun sagêd pados siti payah, lajêng kapurih gêgriya piyambak, malah trêkadhang tumrap ingkang dèrèng gadhah pamêdal, ugi kapurih gêgriya piyambak, sarana dipun pawiti ing tiyang sêpuh, dipun tumbasakên griya, ing ngriku sawêg têtêp nama tiyang mêngku bale griya. Dene prakawis bêktan, punika ugi sampun nama kacara. Wosipun sadaya wau namung anggambarakên ing bab raosing katrêsnanipun tiyang sêpuh dhatêng anak.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên wau, ngêtingalakên dhatêng luguning raos Jawi ing bab wêwatêkanipun tiyang sêpuh kala ing jaman samantên, niyatipun anak putu punika namung nêdya dipun kêmuli, sadaya-sadaya dipun lampahi kanthi kadugi, mila botên mawi amraduli dhatêng anggèning jêjodhoan anakipun taksih lare, dèrèng gadhah têdha, sadaya namung dipun lampahi kanthi sênêng. Nanging manawi dipun [di...]

--- 1374 ---

[...pun] manah panjang wosipun kala ing jaman samantên, caranipun tiyang pados têdha taksih sarwa gampil, kathah tiyang ingkang kacêkapan.

Makatên ugi ing kalanipun pangantèn panggih ugi tansah nindakakên pasêmon, kados ta kacar-kucur, inggih punika pangantèn jalêr ngêsokakên arta wontên sangajênging pangantèn èstri, atêgês tiyang jalêr punika ngayani tiyang èstri. Ing sanalika ngriku kabarung dipun lokakên dening para tamu èstri, pinuji sagêda kasêmbadan kados makatên. Lan malih mênggahing pangantèn èstri ing kala wontên sangajênging patanèn lajêng kapurih ngabêkti talapakaning pangantèn jalêr, ing ngriku ngatingalakên wajibing èstri kêdah bêkti dhatêng tiyang jalêr. Bab punika tumrapipun wontên ing jaman sapunika, bokmanawi inggih wontên wanita ingkang gadhah panganggêp, bilih patrap ingkang kados makatên punika dados gambaraning asoripun tiyang èstri. Nanging manawi mirid kajênging tiyang sêpuh botên ambedakakên anak tuwin mantu, kados ugi botên nama ngasorakên, lan malih sadaya wau nama namung gambaran, kajêngipun wiyar sangêt, awit mênggahing pinanggihipun, botên kirang tiyang èstri ingkang purun dhatêng kakungipun, lan ugi botên kirang tiyang èstri ingkang bêktinipun dhatêng gurulaki ngungkuli raos angambung dalamakan. Wosipun sadaya wau namung amujudakên anggèning tiyang sêpuh ambadhèni dhatêng anak.

[Grafik]

Wontên malih patrap nalika nuju dhahar kêmbul, pangantèn jalêr mawi ngêpêlakên sêkul, dipun sukakakên pangantèn èstri, kapurih nêdha. Punika ugi dados pasêmon, bilih tiyang èstri dipun sukani têdha ing tiyang jalêr. Wosipun namung ngatingalakên: tiyang jalêr ngingoni tiyang èstri, botên anggènipun angêpêlakên sêkul wau atêgês angladosi tiyang èstri.

Tumraping nagari Walandi tanah Pristan, wontên tatacaraning pangantèn, sabibaring dhaup, pangantèn èstri lajêng andulang ingkang jalêr, kados ing gambar, punika bokmanawi inggih namung atêgês dados pasêmon, tiyang èstri punika wajib angladosi tiyang jalêr.

Dados mênggahing tatacara tuwin tumindakipun salakirabi, punika wiwit gathuk sampun isi pasêmon, ingkang atêgês sae, dene pinanggihing nyatanipun ing wingking namung pinuji kasêmbadanipun.

Jugul.

--- 1375 ---

Jagading Wanita

Olah-olah

Cabuk.

Cabuk punika ampas wijèn, bumbunipun: sarêm, bawang, lombok, gêndhis, jêram purut, parudan kalapa, dipun lintingi lajêng kagarang.

Wuku

Wuku punika isining kapas kacêplok, bumbunipun: sarêm, bawang, lombok, salam, dipun lintingi lajêng kagodhog.

Bongko.

Woh gudhe dipun dhêplok, bumbunipun: sarêm, brambang, kêncur, salam, dipun wungkusi lajêng kagodhog.

Pelas.

Kadhêle dipun kum sarta dipun kalècèpi, bumbunipun: sarêm, bawang, salam, laos, lêmpuyang, parudan kalapa ênèm, dipun wungkusi lajêng kagodhog.

Sambêl gorèng.

Namaning sambêl gorèng punika manut ampasipun, kados ta: sambêl gorèng pête, sambêl gorèng èbi, sambêl gorèng utak, tuwin sanès-sanèsipun. Bumbunipun: sarêm, traos, brambang, bawang, salam, laos, gêndhis, lombok agêng karajang, lajêng kagodhog kalihan santên, cuweran utawi garingan.

Sambêl gorèng pêtis.

Pêtis punika kênthêlaning duduh ulam, bumbunipun sami ing nginggil, namung kaot mawi kunci jêram purut tuwin kêncur.

Sambêlan punika inggih warni-warni.

Sambêl wantah, punika lombok kaulêg kalihan sarêm traos.

Sambêl bawang, lombok kaulêg kalihan sarêm bawang.

Sambêl kukus, lombok dipun kukus, kaulêg kalihan sarêm traos, brambang, tempe bosok.

Sambêl santên, lombok kaulêg kalihan sarêm traos, kêncur, bawang, dipun toyani santên kanil.

Sambêl kuwik, lombok kagorèng, kaulêg kalihan sarêm traos, brambang.

Sambêl brambang, lombok kaulêg kalihan sarêm traos, brambang.

Sambêl kêmiri, lombok kaulêg kalihan sarêm traos, kêmiri.

Sambêl krangean, lombok kaulêg kalihan sarêm traos, krangean.

Sambêl kaluwak, lombok kaulêg kalihan sarêm traos, kêncur, bawang tuwin kaluwak.

Sambêl gêpèng, lombok kaulêg kalihan sarêm traos, bawang tuwin kêncur.

--- 1376 ---

Sambêl laos, laos kaparud, lajêng kaulêg kalihan sarêm traos, bawang, tanpa lombok.

Sambêl kacang, kacang cina kagorèng, lajêng kabubuk kalihan sarêm traos, bawang tuwin lombok satunggal, warninipun mawur.

Sambêl wijèn, sambêl kadhêle. Sami kalihan sambêl kacang.

Jagading Sato Kewan

Panulaking Ama Kêthèk

Sanadyan botên kula têrangakên panjang wontên ing ngriki, kados para maos tamtu botên badhe kêkilapan mênggah ingkang dipun wastani kêthèk. Kêthèk punika wulunipun ingkang kathah jragêm, wontên ugi ingkang wulunipun pêthak, ananging awis-awis. Ingkang kêlimrah pasabanipun wontên ing ara-ara, têgal-têgal, pakarangan-pakarangan ingkang têbih kalihan tiyang, pamanggènipun wontên ing rêdi ingkang lindhuk.

Ing padunungan kula inggih punika ing dhukuh Bulu, Ragabêlah, tuwin Pêdhut, kaprênah èrèng-èrènging rêdi Mêrapi ingkang sisih lèr wetan, kêthèkipun ingkang saba ing tigang padhukuhan wau cacahipun botên trimah atusan kemawon, ananging ngantos ewon. Kenging kaparibasakakên bilih kêthèk ingkang sami manggèn ing ngriku sampun sami rêraton, amargi piyambakipun sami botên purun nilar kesah saking padunungan ngriku.

Mangsuli rêmbag bab kawontênanipun kêthèk, kêthèk makatên ingkang dipun rêmêni saha ingkang dados bakuning têdhanipun wowohan warni-warni kados ta: jagung, pohung, pisang saha sanès-sanèsipun, ananging manawi kapèpèt botên wontên wowohan punapa malih nuju môngsa têrangan, bonggoling wit pisang utawi tiganing kobis inggih anglêlês katêdha kemawon, mila kêthèk punika lajêng kagolong ama, amargi adamêl risaking tanêman.

Ing pundi-pundi panggenan ingkang ing ngriku kathah têtanêmanipun jagung ingkang mangsanipun awoh, môngka pinanggih kêthèkipun kathah, bilih tanêman wau botên kajagi rintên dalu wontên ing satêngahing tanêman, sampun têmtu tanêman jagung wau kantun têbon (wit) kemawon, jalaran sami katêba dening juru pangrisak pun kêthèk kasêbut ing nginggil, pintên mênggah agênging kapitunanipun tiyang ingkang nênanêm wau. Malah sanadyan kajagia pisan upami ingkang anjagi wau taksih lare alit têmtu dipun êngkos kemawon, lare wau saupami purun anggusah agêngipun ngantos anggodha sampun tamtu lajêng dipun kêrah. Dipun pasangi wisaya inggih punika grogol, kala, sasaminipun, nanging botên nate tumama, kabêkta saking mangrêtos saha juligipun, dipun prêcaya kados ta: dipun tumbak punapa dipun sanjata, mêksa botên sagêt kenging, awit sakêlangkung kêsit saha pancèn wasis angendhani, [ange...]

--- 1377 ---

[...ndhani,] bilih salah satunggal wontên ingkang nandhang tatu kenging kaprêjaya dening tiyang, trangginas sanalika kemawon lajêng kabopong dening kancanipun sami kêthèk têrus kabêkta lumajêng kadhêlikakên dhatêng jurang-jurang utawi grumbul ingkang awis kaambah ing tiyang, botên dangu lajêng gumrudug dhatêng malih prêlu angrisak tanêman wau. Cêkakipun panulaking ama kêthèk punika ngantos mêgah-mêgahakên sangêt, bêbasan ngantos nêlasakên akal saha gêlar, jalaran kêthèk punika pangrêtos saha kajuliganipun sampun plêg kados tiyang.

[Grafik]

Kêthèk ingah-ingahan.

Awit saking punika, nitik andharan kasbut nginggil, têtela anyêgah ama kêthèk pancèn rêkaos sangêt.

Ing ngriki kula badhe nêrangakên rekadaya anulak ama kêthèk, sanadyan rekadaya wau dèrèng kêlimrah, ananging sampun wontên ingkang anyobi, gampil-gampilan saha mayar kemawon kados ing ngandhap punika.

Angupadosa dhèdhès, lajêng kapasangna wontên ing pajagungan, kaangkaha manawi wontên kêthèk dhatêng mriku, sagêda angambus utawi andêmèk, rekadaya makatên punika sanadyan amung sapele, nanging agêng sangêt paedahipun, awit sabên wontên kêthèk dhatêng mriku badhe nêdha jagung, dèrèng ngantos kalampahan nêdha, bilih sagêd nanggori pasangan wau têmtu cêngkelak wangsul kanthi cungir-cungir irungipun, jalaran mambêt gandaning dhèdhès punika, upami lajêng pinanggih kônca-kancanipun tangan ingkang mêntas kangge andêmèk dhèdhès wau têmtu kapurih ngambêt, bibar ngambêt kêthèk satunggalipun ugi lajêng nyungir kalayan kirig-kirig, makatên salajêngipun gontas-gantos dhatêng kancanipun malih, wêkasan kêthèk-kêthèk punika sami pating jrunthul lumajêng dhatêng têngahing wana, kapok sampun botên purun wangsul dhatêng mriku malih, têmahan jagung wau botên wontên ingkang cicir katêdha ing kêthèk saha damêl lêganing manahipun ingkang gadhah tanêman.

Amung punika sêsêrêpan kula bab panulaking ama kêthèk, bokmanawi para maos wontên ingkang kagungan sêsêrêpan, mugi kaparênga lajêng ambèbèr wontên ing udyana Kajawèn ngriki, supados kasumêrêpan ing ngakathah, saha kula matur nuwun.

Sastramartaya.

Sêla - K. 2293.

--- 1378 ---

Bab Ringgit

Dèwi Sri

ngkang nama Sri punika garwanipun Bathara Wisnu, ing sabên manjanma Wisnu tamtu gêgandhengan kalihan Sri. Nanging limrahipun ing akathah, tumrapipun bôngsa Jawi, Sri ingkang dados cêcariyosan tuwin dipun mêmule, punika Dèwi Sri putranipun Prabu Sri Maha Punggung, nata ing Purwacarita. Saya malih tumrapipun golongan tani, bab Dèwi Sri punika botên kêndhat tansah dados ucap utawi dipun aji-aji, mênggahing raos, dipun pindhakakên kados dèwining rijêki. Mênggah cêcariyosanipun kapratelakakên ing ngriki sawatawis.

Kacariyos Prabu Sri Maha Punggung ing Purwacarita, kagungan putra miyos dhampit, ingkang sêpuh èstri, kaparingan nama Dèwi Sri, ingkang anèm jalêr, kaparingan nama Radèn Sadana. Radèn Sadana sarêng sampun diwasa kataros krama botên karsa, amargi ajrih nglangkahi kang bok ayu, lajêng kesah saking praja. Dèwi Sri sarêng uninga ingkang rayi kesah saking praja, ing wanci dalu lajêng nututi lolos.

[Grafik]

Dèwi Sri

Tindakipun Dèwi Sri katula-tula, kajawi rêkaos ing lampah, Dèwi Sri sapurug-purug dipun tut ing danawa Kalandaru, utusanipun ditya Rajapulaswa ing Mêdhangkumuwung. Wontênipun ditya Kalandaru madosi, amargi kautus ratunipun anglamar Dèwi Sri dhatêng Purwacarita, nanging Dèwi Sri sampun oncat saking praja, mila lajêng dipun padosi, môngka ditya ingkang madosi gadhah aji panggandan, sagêd ngêtut ing sapurugipun Dèwi Sri.

Sarêng tindakipun Dèwi Sri dumugi padhusunan tulyan, anjujug pawonipun buyut Soma, anglêrêsi semahipun buyut Soma nama Kèn Sumi sawêg ngrêsiki pawon. Sang putri lajêng sajarwa, bilih putra nata Purwacarita, Dèwi Sri badhe dipun sugata botên karsa, namung mundhut gantèn ayu lan sêkar borèh, kaca tuwin dupa, prêlu badhe kagêm sarananing mêmuja. Punika katêlah dumugi sapunika kangge sajèn, nalika Dèwi Sri sawêg muja samadi, kagèt, dening semahipun buyut Soma ngêtabakên wadhah, sang putri lajêng miyos saking pamujan saha lajêng andhawuhakên wêwulang warni-warni, kados ta sampun angêtabakên wêwadhah, tabêria rêrêsik griya, manawi tangi tilêm ingkang enjing, sampun karumiyinan ayam tuwin sanèsipun. Sadaya wau pikantukipun adamêl kasarasan tuwin linulutan ing rijêki. Wêwulang punika dumugi sapunika [sapu...]

--- 1379 ---

[...nika] taksih dipun èstokakên ing para tiyang tani. Wusana ing wanci dalu Dèwi Sri lolos.

Dumugining dhusun Mêdhangwangi, sang dèwi lêrêm wontên ing griyanipun buyut Bawadha, dhawuh dhatêng semahipun nama Kèn Patani, sang putri badhe sare kadhawuhan natakakên pasarean wontên ing pêpajangan, kadhawuhan natani kasur guling, bantal ingkang makêndhung-kêndhung, kadèkèkana dilah, lantingan isi toya, gantèn ayu, sêkar borèh, salêbêting pajangan kadhawuhan andupani. Sadaya wau dados sadhiyanipun Dèwi Sri, ugi katêlah dumugi sapunika. Dene pangandikanipun Dèwi Sri, sêsaji kados makatên wau kalêstantuna, sanadyan ing benjing sang putri sampun abadan alus, ugi badhe anêdhaki. Wusana dhusun ing ngriku dipun dhatêngi danawa ingkang madosi Dèwi Sri, dipun lawan buyut Bawadha, buyut Bawadha tiwas, Dèwi Sri oncat kalihan Kèn Patani, saha dhawuh anyarati ambucali gêcok mêntah, wontên padoning dhusun, sarêng kalampahan dipun bucali, para danawa sami bingung pating bilulung.

Sarêng tindakipun dumugi dhusun Karanglêngki, kapanggih kalihan biyang Samba, sang putri lênggah ing salu mamêt gandaning wos wangèn, lajêng karaos luwe, saha dhawuh dhatêng biyang Samba kadhawuhan ngolahakên sêkul golong, pêcêl ayam, jangan mênir. Sarêng kaladosakên, sang putri dhahar namung kagêm sarat. Sêkul golong saabênipun wau ugi kêtêlah kangge wilujêngan ngantos sapriki.

Sarêng tindakipun sang dèwi dumugining dhusun Mêndhangwantu, panggenanipun buyut Wangkêng, sang putri mirêng tiyang kothekan, sakalangkung rêna ing galih, lajêng dhawuh: manawi tiyang rampung nutu dipun wêkasana kothekan. Dèwi Sri dipun sêgah warni-warni botên karsa dhahar, namung kaparêng ngunjuk toya dêgan. Mila dêgan punika mênggahing tiyang tani ugi kalêbêt dados sajèn.

Pawartos Wigatos

Kawontênan-kawontênan ing Pakaryan Bathik

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85.

Ing ngajêng sampun kaandharakên sawatawis kadospundi mênggah kawontênanipun para pêngobèng ingkang sami manggèn ing pambathikan-pambathikanipun bôngsa Tionghwa ing Lasêm. Kawontênan kados makatên wau botên namung ing Lasêm kemawon, nanging pinanggih ugi ing panggenan sanèsipun ing Jawi Têngah.

Para pêngobèng botên kenging lêpat sakêdhik kemawon. Sampun nate kalampahan, salah satunggiling ayamipun nyonyah pêjah kêcêmplung ing sumur. Pêngobèng-pêngobèngipun sami kadhêndha nyatangsul. Mênggah klêmpaking arta dhêndhan wau samênggaha katumbasakên ayam, sagêd angsal sakawan. Pêngobèng ingkang anggêmpilakên temboking papan pambathikan, pêngobèng ingkang bathikanipun kaplêtikan latu, dening pun taokèh dipun patrapi dhêndhan, dalah mêndhêti malam ingkang têmèmplèk [têmèmplè...]

--- 1380 ---

[...k] ing memean kemawon inggih dipun dhêndha, kaungêlakên nyolong. Sawênèhing taokèh dipun dhêndha ing pulisi, jalaran pakawisanipun rêgêd saha botên sadhiya kranjang uwuh. Pun taokèh lajêng nêdha lêlintu dhatêng pêngobèng-pêngobèngipun. Yèn ing pambathikan wontên sinjang ingkang ical, inggih pêngobèng-pêngobèng ing ngriku ingkang kajibah nglintoni. Sampun nate kalampahan, jalaran kecalan sinjang pangaos 7 rupiyah, pun taokèh andhêndha pêngobèngipun angsal 20 rupiya.[1]

Mênggah dhêndhan wau awonipun, dene botên dipun cêngklongakên saking arta bêrahan, nanging kawêwahakên ing sambutanipun. Ingkang makatên punika pun pêngobèng sambutanipun saya lami saya kathah, salaminipun gêsang botên badhe sagêd uwal saking pun taokèh. Pêngolèng[2] wau, samênggaha lajêng minggat dhatêng taokèh sanès, sampun têmtu botên badhe dipun tampi, inggih awit saking kathahing sambutanipun wau.

[Grafik]

Têtiyang èstri sawêg sami ambathik.

Kêrêp kemawon ing pambathikan wontên lêlampahan ingkang botên pantês. Sawênèhing pêngobèng dipun dhawuhi dening nyonyahipun kapurih madosakên tigan ing dhusunipun, pangaos 80 sèn. Sarêng sampun angsal, pun nyonyah botên purun tampi tigan wau, jalaran kamanah kalitên. Pêngobèng wau dipun dhêndha 80 sèn, nanging tiganipun botên dipun wangsulakên.

Sawênèhing pêngobèng ingkang nyambut damêlipun namung ing wancang[3] siyang kemawon dipun dhawuhi nyonyahipun kapurih nêsêpi anakipun. Tiyang wau kasukanan arta êmpingan 100 rupiyah kanthi prajanjian, [praja...]

--- 1381 ---

[...njian,] salêbêtipun sataun kêdah dados inyaning anakipun. Sarêng sampun angsal 8 wulan tiyang wau ngandhêg, sampun têmtu lajêng botên sagêd nêsêpi malih. Arta 100 rupiyah wau dening pun nyonyah lajêng kalêbêtakên ing buku dados arta sambutan, sarta tiyang wau lajêng botên angsal mantuk dhatêng griyanipun. Wasana tiyang wau ugi lajêng dipun pêgat ing semahipun, jalaran sampun botên sagêd kêmpal malih.

Kawontênan kados ingkang kagambarakên ing nginggil punika taksih kathah panunggilanipun. Têtela pun taokèh asring kirang adil ing tindakipun, dupèh pêngobèng-pêngobèngipun wau tiyang dhusun ingkang taksih yutun. Ing pambathikan-pambathikan ing Jawi Têngah botên kirang pêngobèng ingkang pinisakit, dipun thuthuk mawi sapu, mawi dhingklik, dipun grujug toya, dipun èrèd-èrèd ing siti tuwin sapanunggilanipun.

Ing Jawi Kilèn taokèh ingkang tindak sawênang-wênang makatên wau sampun têmtu dipun kroyok ing bêbaunipun. (Badhe kasambêtan).

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Ing Bab Sami Wawênangipun, Sami Kuwajibanipun

III.

Petruk: Ambalèni rêmbuge lagi anu, nèk ngono, Kang Garèng, nak-sanak lan misanane dhewe, sing padha jênêngan Lônda kuwi iya kêpenak bangêt. Ora, Kang Garèng, aku kok banjur tansah gumun bae, dhing, nèk ngrasakake kaanan biyèn-biyèn, kaya sing wis dak kandhakake ing dina Sabtu kang kapungkur, yaiku: kapenake wong dadi priyayi kaladuk samana. Wawênange têka nyamlêng bangêt. Wis balanjane sabên sasi bisa lumintir, kathik ora diwajibake bayar pajêg. Apa manèh priyayi Jawa sing apangkat Walônda, saya kêpenuk manèh, awit balanjane kaya Lônda, dadi iya sathekruk, lan uga ora dikênakake pajêg. Nèk pranatan sing kaya ngene kiyi dilêstarèkake, rak iya jênêng ora adil bangêt. Apa manèh yèn sing pangkat Walônda mau banjur nyuwun marang nagara, supaya wawênange uga dipadhakake karo Walônda, hla, kuwi kêna diarani wong murka têmênan, ngungkul-ungkuli Prabu Dasamuka, bokmanawa malah ngungkul-ungkuli Raja Perngon. Mulane ya tak arani adil bangêt, dene ing wusana para priyayi mau banjur padha dikênakake pajêg kabèh, dadi ora kêbanjur-banjur anggone ngrumaosi putrane Malaekat Jabarail. Nanging saikine para nak-sanak lan misanane dhewe sing padha clanan sarta ngênggoni jênêng: Jakob, Wèlêm, utawa Rinê, lo, kiyi kasênêngane ana ing donya kene rak iya wis nyamlêng bangêt, ta, têgêse nèk kapêksa, iya bisa [bi...]

--- 1382 ---

[...sa] mangan sêga kambi gudhêg, nanging wawênange kabèh isih ajêg kaya Walônda grès. Saikine, Kang Garèng, upama wong-wong kiyi banjur ambudidaya murih diwênangake anduwèni lêmah kayadene wong bumi kene, lo, kuwi mungguh panêmumu kapriye. Aku ngono ora arêp ngarani: murka, utawa: srakah, mung arêp ngêntèni kapriye kang dadi panêmumu.

[Grafik]

Garèng: Nèk nitik omongmu kiyi, sajake kowe têka banjur arêp nyêbal mênyang piwulange para sêpuh, yaiku: supaya sing dhêmên karo sanak sadulure. Mulane pangajab-ajabe para sêpuh ing jaman biyèn, murih anake ing têmbe bisaa dadi luhur, kuwi prêlune rak bisa angayomi lan mitulungi sanak sadulure. Kayadene bôngsa Walônda sing kok kandhakake ing ngarêp, kuwi êmbah-êmbahe rak ana sing isih sadulure dhewe, dadi wis bênêre upama banjur diunèkna nak-sanak utawa misanane dhewe, cêkake karo kene dadi isih mambu-mambu. Apa manèh laire, gêdhene, sêkolahe barang iya ana ing kene, lan sing akèh-akèh, iya bênêr wis padha wêruh nagara Walônda, nanging rak mung ana ing ... gambar idhup. Nèk nitik kabèh mau rak wis wajibe tumrap bôngsa kiyi, aku kowe paribasane kudu: sanadyan tega larane, nanging iya ora kêna tega patine. Mulane yèn banjur padha ambudidaya arêp nêmpil wawênange wong bumi kene, yaiku supaya anduwèni wênang mèlu duwe lêmah, kuwi nèk aku pancèn kok iya wis mêsthine.

Petruk: Kliru Kang Garèng, yèn aku kok dakwa ora miturut marang piwulange para sêpuh, banjur ora dhêmên karo sanak sadulurku. Pancène mono nèk aku sênêng bangêt upama banjur disadulurake karo bôngsa Walônda-Walônda mau, kang wusanane aku banjur bisa nyêbut: kangmas, utawa Dhimas Wèlêm, utawa bok ayu utawa Dhiajêng Kori. Mung bae anggêre kanane kuwe anggone sêduluran gêlêm mantêp têmênan. Aja kok nèk lagi kabênêr kumpul karo Walônda upamane, banjur muni: ik bèn Eropean, nuntên nèk lagi kumpul karo bôngsa inyong, jarene: lo, aku kiyi rak ora beda karo kowe, iya wong Jawa uga. Hara, nèk kaya ngono kuwi apa banjur ora kêna diarani: nganggo ngèlmu bunglon.

Garèng: Lo, kiyi aja kok arani ngèlmu bunglon mêngkono. Nèk mungguhing aku kok wis mêsthine kudu padha anduwèni tindak mêngkono kuwi, prêlune supaya diguyupi mrana-mrene.

Petruk: Hêm, bokmanawa bae iya

--- 1383 ---

bênêr omongmu kuwi, mung bae sing wis tak alami kok rada gèsèh. Aku dhewe wong duwe kônca bôngsa ngono kuwi, sing wis kênthêl bangêt kambi aku. Nèk lagi kumpul karo aku ngakune iya wong Jawa têmênan kae, nanging sawijining dina barêng kabênêran kumpulan karo Walônda liya-liyane, aku liwat thik banjur mlengos, ning ya êmbuh, dhing, nèk kala samono kuwi aku dipadhakake hawa bae, dadi ora katon. Ewadene bab kiyi padha dilèrèni bae, aku tak ambalèni rêmbuge anggone nak-sanak lan misanane dhewe mau padha ambudidaya bisane olèh wênang anduwèni lêmah. Nèk aku dhewe mono pancène iya wis mupakat, mung bae kanane anggone ngaku sadulur nyang aku kabèh iya kudu sing têmênan kae, dadi aja mung kaya nak-sanak utawa misanan bae, nanging kudu kaya sadulur tunggal bapa biyung kae.

Garèng: Rak iya mêngkono, jênênge apa-apa dadi ora arêp dikakahi dhewe bae. Nanging saiki aku ora ngrêti, dene kowe anduwèni panjaluk supaya kana anggone ngaku sadulur karo kene, kudu kaya sing tunggal bapa biyung. Kuwi karêpmu kêpriye.

Petruk: Karêpku, supaya kana aja nganti ambedak-bedakake marang kabèh kaanan, upamane: uripe wong bumi sing padha manggon ana ing desa, kuwi padha dikênakake pagawean desa: rundha thèthèk, jaga ana ing kalurahan uduran (sambatan) brêsih, ngusungi krakal, lan sapêpadhane. Ing sarèhning wis dadi sadulur tunggal bapa biyung, manawa kabênêr manggon ana ing desa, iya kudu mèlu nglakoni pagawean kabèh mau. Aja kok kaya sing tumindak ing jaman saiki kiyi, kaya ta upamane: lanange kana kêna sakrêsa-krêsanya anjupuk wong-wong wadon bangsane wong bumi, tanpa nganggo carane wong salakirabi babarpisan. Mung nyara kêbo-kêboan bae. Nanging yèn lanange sing wong kenene, sanadyan kalêbu golongane bôngsa jêmpol pisan, tur carane wong bumi iya absah, ewadene mêksa isih andadak nganggo rame barang. Hara, apa iya ora lucu jênêngane.

Garèng: Wiyah, wiyah, têka banjur ngundhat-undhat sing ora-ora mêngkono.

Petruk: Iya ora ngundhat-undhat, sanyatane wong bumi kuwi wêwatêkane rak gampang tur lumeran, tandhane: saprana-saprene dikapak-kapakake rak mung nurut bae, nanging sing ngapak-apakake mau bok iya sing duwe koma-koma sathithik. Sanyatane jimate wong Jawa kuwi rak mèh êntèk kabèh. Tujune nagara kok isih krêsa amanggalih marang kamlaratane wong bumi, sarana nganakake pranatan, bôngsa mônca ora kêna diwênangake tuku utawa anduwèni lêmah ing kene, upama pranatan mau ora ana, ing sarèhning wong Jawa kuwi mlarat, kiraku saikine wong Jawa wis padha dadi kere kabèh. Mara ta, pusakane wong Jawa, apa sing isih, primbon-primbon, jimat-jimat, gêgaman kang bêcik, kabèh wis êntèk padha plêsir, dalasan waranggana-waranggana, sing padha misuwur-misuwur suwarane, kayadene: Mas Ajêng Manggis, mas [ma...]

--- 1384 ---

[...s] Ajêng Sêmi, Mas Ajêng Mèdèl, lan sapêpadhane, kabare êmbèn-êmbèn kono malah arêp digawa nang Paris.

Garèng: Wiyah, nyang Paris rak mung arêp kanggo pameran bae, nèk wis rampung rak iya bali manèh. Wis, wis, padha dilèrèni samene bae, rêmbuge kok banjur ngayawara mêngkono.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Calon bupati ing Brêbês.

Miturut pawartos Loc ingkang kathah pangajêng-ajêngipun jumênêng bupati ing Brêbês anggêntosi suwargi Radèn Tumênggung Sajirun inggih punika Radèn Susmaya, wadana ingkang samangke sinau ing pamulangan bêstir ing Wèltêprèdhên. Panjênênganipun wau putranipun Radèn Mas Arya Cakranagara, bupati ing Kudus ingkang sampun suwargi.

Pang Mohamadiyah ing Pasuruan.

Miturut Nera, pang Mohamadiyah ing Pasuruan wiwit tanggal 15 Oktobêr ingkang kapêngkêr sampun ngawontênakên kursus-kursus kados ing ngandhap punika:

Ha. Nyêrat saha maos aksara Latin, bayaran f 0.25.

Na. Nyêrat saha maos aksara Arab, bayaran f 1.-

Ca. Basa Inggris bayaran f 1.-

Kursus-kursus wau dipun wontênakên ing wanci sontên jam 7 dumugi jam 9, manggèn ing H.I.S. Mohamadiyah ing kampung Padhang Nganti.

Kandhidhat-kandhidhat kangge rad kawula.

Warga rad kabupatèn bôngsa pribumi ing Pasuruan sampun angajêngakên kandhidhat-kandhidhatipun kangge rad kawula kados ing ngandhap punika: 1. R.A.A. Suyana, bupati Pasuruan, 2. R.P. Surasa, pangarsa pangrèh agêng V.I.P. B.O.W. Majakêrta, 3. R.A.A. Kusumautaya, tilas bupati Jêpara, 4. R.M. Dwijasewaya, tilas guru ing Ngayogya, 5. Ciknang, upsêkul opsinêr ing Bêtawi, 6. R. Sukarja, rechtskundige ing Malang, 7. R. Ir. Surengat Kartanagara, insinyur klas II, Bali Lombok, 8. M. Karsana, ajung lanbo konsulèn pamulangan nurmal ing Surakarta.

Mêsin mabur pos saking Nèdêrlan ingkang kaping kalih.

Tanggal 19 Oktobêr ingkang kapêngkêr mêsin mabur pos saking Nèdêrlan ingkang kaping kalih sampun dumugi ing Cililitan (Bêtawi) kanthi wilujêng. Mêsin mabur wau dipun kêmudhi dening Tuwan Hondong.

Stovia

Kaangkat dados Indisch Arts Tuwan-tuwan: Sayidiman Puspawijaya (Sêmarang) saha Gusti Hasan (Balikpapan).

Tuwan Èrphan Ahmad Dhahlan dhatêng Siyêm.

Saking Purwakêrta kawartosakên: kala tanggal 15 Oktobêr ingkang kapêngkêr Tuwan Èrphan Ahmad Dhahlan salah satunggiling putranipun suwargi Kyai Haji Ahmad Dhahlan, pambangun ebah-ebahan Mohamadiyah ing Indhonesiah ngriki, sampun pangkat saking Ngayogya badhe tindak dhatêng Siyêm. Tanggal 18 Oktobêr panjênênganipun wau pangkat saking Tanjung priuk. Tuwan Èrphan wau satunggiling mubalig Islam ebah-ebahan ahmadiyah ing Lahor, wontên ing Siyêm badhe mêncarakên kaislaman saha pasadherekan intêrnasional. Panjênênganipun sampun tamat pasinaonipun ing pamulangan Ishaat Islam College ing Lahor, inggih punika salah satunggiling pamulangan ahmadiyah ing ngrika kanthi pangajaran agami (Islam, Kristên, Indhu, Buda). Wontên ing Indhonesiah ngriku Tuwan Èrphan wau sampun 6 wulan prêlu kapanggih kalihan sanak sadhèrèkipun.

Pamulangan luhur kadhoktêran.

Lulus pandadaranipun kandhidhat perangan ingkang sapisan Tuwan Abdul Murad (Sibolga).

Kredhit kopêrasi enggal ing Pasuruan.

Nera martosakên, dèrèng dangu ing pamulangan sêkakêl partikêlir ing Pasuruan dipun wontênakên parêpatan anuju dhatêng adêging krèdhit kopêrasi. Warganipun samangke sampun wontên 40.

Ki Ajar Dewantara.

Miturut Nera Ki Ajar Dewantara sampun nindakakên panitipriksa ing pamulangan-pamulangan Taman Siswa ing Sumpyah Cilacap, Cirêbon saha Magêlang. Pamulangan Taman Siswa ing panggenan sanèsipun ugi lajêng badhe dipun rawuhi.

Ingkang bupati i[4] Bandhung.

Miturut A.I.A. ingkang bupati ing Bandhung, R.A.A. Wiranata Kusuma, gêgayutan kalihan kasarasanipun, kaparingan pêrlop kalih wulan.

--- 1385 ---

Pos sêparbang.

Salêbêtipun wulan Agustus ingkang kapêngkêr up kantor pos sêpar bang ing Wèltêprèdhên gunggung sampun ngêdalakên buku celengan enggal 3280, 770 dhatêng bôngsa Eropah, 2123 dhatêng bôngsa pribumi, 387 dhatêng bôngsa mônca wetanan, arta ingkang kalêbêtkakên[5] gunggung wontên f 1.379.553.73, inggih punika saking bôngsa Eropah f 821.855.12, saking bôngsa pribumi f 443.058.09, saha saking bôngsa mônca wetanan f 114.640.52, dene arta celengan ingkang katêdha wangsul gunggung wontên f 1.293.706.75.

Pang Pasundhan enggal ing Sumêdhang.

Ing Sumêdhang mêntas dipun adêgakên pang paguyuban Pasundhan, dene samangke warganipun sampun wontên 35.

Pambêsmèn mayit ing Bali.

Benjing tanggal 2 Nopèmbêr ngajêng punika wanci siyang ing Dènpasar badhe wontên pambêsmèn mayit agêng-agêngan. Gunggung wontên mayit 18 ingkang badhe kabêsmi.

Rêsèpsi Prof. Dr. B.J.O. Schrieke.

Dèrèng dangu paduka Tuwan Prof. Dr. B.J.O. Schrieke sampun katêtêpakên jumênêng dhirèkturing dhepartêmèn pangajaran. Gêgayutan kalihan bab punika kala tanggal 21 Oktobêr ingkang kapêngkêr panjênênganipun wau sampun ngawontênakên rêsèpsi ing Hotel des Indes, Bêtawi. Kathah priyagung ingkang sami rawuh kados ta pisê presidhèn saha warga-warganing rad Indhia, presidhèn saha dhirèktur-dhirèkturing Javasche Bank, dhirèkturing dhepartêmèn-dhepartêmèn tuwin sanès-sanèsipun.

Tuwan Mr. Dr. Supama kapindhah dhatêng Bêtawi.

Kêkancingan saking Bogor, Tuwan Mr. Dr. Supama, wd. tijd. pangarsa landrad ing Ngayogya, kapindhah dhatêng Bêtawi, tinanggênah nindakakên panitipriksa ing bab privaatrecht tumrap tiyang siti.

Asiah.

Kawontênan-kawontênan ing Indhia Inggris.

Londhon 20 Oktobêr (Spec. B.N.). Parentah Indhia Inggris ing palapuranipun anêrangakên bilih kajawi ing Bombai, kawontênaning Indhia Inggris sampun sawatawis têntrêm.

Bombai 21 Oktobêr (Nauen-Radio). Sanadyan dipun awisi, dintên Sêlasa ingkang kapêngkêr konggrès mêksa ngawontênakên arak-arakan. Wasana lajêng têmpuk kalihan pulisi.

Awit dening sami dipun bandhêmi mawi sela, pulisi lajêng kapêksa ngêdrèl. Ingkang nandhang tatu wontên tiyang kalih dasa.

Bombai 21 Oktobêr (Nauen-Radio). Margi sêpur ing Punjab dipun arah ing tiyang badhe dipun êbom, tujunipun lajêng kadêngangan.

Bombai 21 Oktobêr (Nauen-Radio). Ing Kanpur sacêlakipun Dhakah pulisi sampun ngonangi simpênan sanjata tuwin obat, ingkang kathah bom. Gêgayutan kalihan bab punika wontên tiyang tiga kacêpêng.

Tiongkok.

Syanghai 21 Oktobêr (Aneta-Reuter). Mignani, satunggiling biskop Katolik bôngsa Italiah, miwah pandhita 6 saha sustêr 10 wontên ing Kiyan, propinsi Kiyangsi, dipun tawan dening kaum kuminis. Pandhita ingkang kalih sampun dipun prêjaya. Dene biskop wau saha pandhita satunggal dipun uculakên supados sagêda anêbas sanès-sanèsipun ingkang taksih katawan.

Eropah.

Cacahipun tiyang nganggur ing Inggris.

Miturut pratelan minggon, ing Inggris cacahipun tiyang ingkang nganggur wêwah 12000, dados gunggung sadaya wontên tiyang 2.188.000 ingkang botên anggadhahi padamêlan.

Graaf van Limburg Stirum.

's Gravenhage, 21 Oktobêr (Aneta). Paduka Tuwan Graaf van Limburg Stirum, tilas gupêrnur jendral, dening parentah Nèdêrlan kakrêsakakên jumênêng warga kumisi pirukunan antawisipun Nèdêrlan kalihan Pêrancis.

Wangsulan saking Redhaksi

Ki P.M. ing Mantingan. Pitakenan panjênêngan kalih bab 1. Sarèhning pitakenan panjênêngan kathah, sawêg sagêd ngaturi katrangan: dintên Ngahad Wage Muharam, taun Be 1832, dhawah tanggal 4, wuku Kuningan, Mawulu, môngsa sadasa tumindak 19 dintên. 2. Pitakenan panjênêngan panjang, ingkang pigunanipun dèrèng tamtu, botên sagêd ngaturi katrangan, prayogi pados katrangan dhatêng ingkang gêgayutan bab punika, utawi manawi panjênêngan ambêtahakên yêktos, tamtu botên kewran.

Lêngganan nomêr 2356 ing Surakarta. Slasa Lêgi kaping 5 Bêsar Je 1822 dhawah tanggal 20 Juni 1893.

Lêngganan nomêr 772 ing Gubug. Dintên Kêmis Wage 1901 kala jawah awu, dhawah tanggal 4 Sapar Dal 1831 utawi kaping 23 Mèi.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 5083 ing Pêcangakan. Kalih nomêr punika kangge prêsèn kemawon.

Lêngganan nomêr 3018 ing Wêlèri. Rèhning tumrap kuwartal punika administrasi sampun nyowok saking hanênarium panjênêngan, amila wisêl f 1.50 kalêbêt bayaran kuwartal 1 taun ngajêng.

Lêngganan nomêr 4453 ing Kêrtasana. Ingkang f 1.50 tumrap taun 1931.

Lêngganan nomêr 962 ing Talun. Lêrês langkung f 0.50, tumrap taun ngajêng.

Lêngganan nomêr 407 ing Ngayogya. R.A. Adiputra, K. no. 5188.

--- 1386 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

25.

[Dhandhanggula]

langkung rame dènira ajurit / kongsi dangu tan ana kasoran / ananging kawêkasane / putra Langka sor pupuh / praptèng tiwas madyaning jurit / wadya ing Langka piyak / lir bêndungan larut / dening rumasa kelangan / lêlajêring Langka ingkang mikuwati / ngrasa tan darbe daya //

Sri Rawana dupi amiyarsi / lamun putra seda ing payudan / sakalangkung ing dukane / dahat liwung ing kalbu / têmah mangkya paraning runtik / dhumawuh[6] maring Sita / wêkasan sang prabu / enggal-enggal mring Asoka / Dèwi Sita mangkya arsa pinrih pati / mrih tan katon ing tingal //

yèn kalakon Sang Sita ngêmasi / nulya arsa tandhing lan Sang Rama / samana wus prapta age / unggyan Sita jinujug / nanging kandhêg pinambêng nuli / dening patih wisesa / sarwi alon matur / kalamun kalampahana / Sita tiwas yêkti datan sae gusti / kucêm asma narendra //

awit pintên dayaning pawèstri / yèn ingarah amrih tiwasira / sayêkti nama sapele / sakala nata emut / nulya wangsul angênyapuri / sapraptanira pura / sang prabu angrungu / tangising para wanodya / asêsambat dènira tinilar lalis / laki myang sanak kadang //

warna-warna sambating rasêksi / ingkang dahat mawèh trênyuhing tyas / têmah krodha jêng pamase / arsa agahan nêmpuh / mrih tumuli sirêp kang jurit / rampunga ing sakala / mêngsah sirna lêbur / sang prabu nulya wahana / manjing rata sakala umêsat nuli / anjujug ing paprangan //

nulya têmpuh pamaguting jurit / Sri Rawana kadi tan kèngêtan / campuh sakalangkung rame / kala ing campuhipun / Sri Rawana lan Rama yêkti / datan pae pinindha / kadi yudanipun / pêpêtêng lawan pêpadhang / gantya unggul tan ana kasoran jurit / tuhu tanpa kuciwa //

purwanira Rawana ajurit / lan Laksmana yayah singa rodra / waringutên panêmpuhe / Laksmana anggung kêsuk / winasesa dening yaksa ji / têmahira kasoran / Laksmana lena wus / nanging tan dangu waluya / ingusadan punang lata maosadi / Anuman kang ngupaya //

Sang Rawana anggung mrayitnani / mulat maring satriya Laksmana / kang katon wus lena mangke / lan anglêpasakên hru / maring Rama nanging tumuli / Laksmana paripurna / mangkya waluya wus / Sang Rama nulya umêrak / mring Rawana ambobot wawrating jurit / tumuli acampuh prang //

tanpa pindha ramening prang tandhing / Sang Rawana lan satriya Rama / samya ngêtog kadibyane / wadya sadayanipun / samya giris têmah ngèndêli / dènira amangun prang / mung nganti kang pupuh / paran ing wasananira / sang prawira kêkalih dènira tandhing / nèng madyaning ranangga //

sêmunira kang apêrang tandhing / lir dewaning pêtêng lan pêpadhang / samya ngadêg nèng ratane / culing jêmparingipun / cumalorot angilat thathit / nèng akasa liwêran / anggung gantya purug / datan ana kang kuciwa / tuhu samya prajurit luwih sang kalih / angêtog kaprawiran //

kacarita dènira prang tandhing / kongsi pitung ratri pitung dina / maksih ajêg pêrang rame / tan katon kasor unggul / nanging nuli Rawana Aji / kasêsêr sawatara / kawuryan umundur / tan lyan sing giris lumawan / nanging datan antara wangsul tumuli / umangsah ngadilaga //

risang Rama tumanduk ngastuti / mawa linut rarasing kidungan / mêmuji dewèng srêngenge / Hyang Surya kang linuhur / mrih sambada mayu ngayomi / samana Sri Rawana / nglêpaskên hru sampun / wusing lêpas sanalika / kang jêmparing warna sarpa galak mandi / naut marang Sang Rama //

Rama gita malês anglêpasi / kang jêmparing têmah sanalika / dadya pêksi grudha gêdhe / mara nulya anaut / punang sarpa sirna binukti / nulya gantya lumêpas / jêmparing kang langkung / nanging mung tansah kasoran / ing sasolah Rawana anggung katitih / nanging lumuh kasora //

kang minôngka tindak amungkasi / tan darana sang satriya Rama / nglêpasakên jêmparinge / yèku pusakanipun / pêparinge Hyang Brama nguni / ing nalika pinênthang / ngarab-arab murub / ing sawusira lumêpas / angênani jangganira yaksa aji / kapisanan palastra //

kang mastaka gumlundhung ing siti / ing sakala rêp tanpa sabawa / paprangan sinuwak age / rasa pêpindhanipun / kang pêpadhang unggul ing jurit / sanggyaning para wadya / larut samya mundur / tataning papan paprangan / sarwa sarèh raras ambelani tangis / mring nata kang palastra //

nulya katon ari yaksa aji / Wibisana umarêk anêmbah / angrungkêpi kunarpane / mawèh karasèng kalbu / sedanira sri nata mangkin / nulya Sang Wibisana / mring Rama umatur / nyuwun kunarpaning nata / awit mangkya arsa dèn upakartèni / kadi tatèng narendra //

risang Rama datan nyulayani / pinaringkên maring Wibisana / kunarpa binasmi age / kadi caraning ratu / mawa laku agung ngluwihi / ing praja kaèbêkan / pakurmatan agung / sawusira paripurna / sêmuning nang[7] praja lir winangun malih / kawuryan rarasira //

datan dangu Wibisana nuli / jinênêngkên nata anèng Langka / mêngkoni sadayane /[8] tatèng praja winangun / dahat bangkit Wibisana ji / kocap satriya Rama / tata-tata sampun / arsa pinangguh lan Sita / kang wus dangu pinisahkên ing dewadi / arsa kinanthi mangkya // (Badhe kasambêtan)

--- 13 ---

Nomêr 4 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu

Ingkang Pangabêkti

Nuwun awiyosipun, Om Sêbul, e, Pakcilik dhing, sajake kok kumlônda-lônda. Anggèn kula matur tumrap pêprênahan kadospundi, punapa Pakcilik, punapa paman arya, wah kaya ngandikane Prabu Suyudana marang kyana patih. Luwêsipun nyêbut Lik mawon inggih, Om, hara ta kono. Om manèh. Nas, bali kasut, Lik.

Kula sampun tampi dhawuhipun Lik lumantar ing: pitêpungan, suraos sampun mangrêtos sadaya. Kula botên badhe ajrih, manawi gadhah pitakenan, ingkang murakabi dhatêng para adhi-adhi sadaya. Sabab kula mangrêtos manawi Lik, sanadyan kagungan gumbala crapang sasêga sakêpêl sisih. Amit, Lik, botên usah mawi sêga, kula botên ajrih, dening Lik botên nate mêdèni. Aluwung Lik ngandikaa dhatêng Tantah punapa bok Cilik, manawi dipun suwuni sêsêrêpan, utawi manawi karsa mulang, asring mêmêdèni, adhi, ana Lônda mêndêm, adhi, ana wewe gombèl, lo, manawi ibu-ibu, asring ngandika makatên, ing têmbe adhi-adhi kula têmtu anggadhahi watak jirihan. Dumugi agêng pisan, sanajan adhi kula sampun diwasa, doyan ngombe jênèwêr, ngantos mêndêm, nanging manawi kapanggih Lônda mêndêm, inggih ajros, awit katlêtuh kala taksih alit.

Sasaminipun, para ibu asring nandukakên têtêmbungan ingkang lèrègipun dhatêng gugon tuhon, nêgêsi ngothak-athik basa sanadyan inggih bênêr, nanging sok kablingêr. Upaminipun, sawêg nêmbe kemawon, lêlampahan ingkang kalintu. Nanging inggih wontên lêrêsipun, punika ragi lucu.

Kala etangan cacah jiwa, damêl orên-gipun[9] lare-lare, sami ajrih, larapipun dhatêng gugon tuhon, punika botên sanès saking lêpatipun para ibu, bok Cilik, êmban, babu. Mongsok, nalika lare-lare kapurih mêdal saking griya, badhe kaetang dening juru pangetang, botên purun. Nangis sênggruk-sênggruk: aku wêdi cacah jiwa. Lo, rak balandhos. Cariyosipun têgês: jiwa dicacah-cacah.

Sarêng adhi kula ingkang rumaja putri. Tobat, mbok rumaja bawuk bae, sing wis rada ngrêti. Sawêg pinuju nyêrat (ambathik) sinjang lung-lungan godhong nôngka, kula purih nyêling cacah gori. Wusana [Wu...]

--- 14 ---

[...sana] adhi kula mak kalepat, lampahipun sêblak-sêblak nyrikandhi, dhatêng pawon prêlu nyacah gori, nyarêngi badhe olah gudhêg. Lo, kula rak lajêng gumujêng kapingkêl-pingkêl tur anyêl. Anyêl dene botên miturut dhawuh, ambathik sêkaran cacah gori. Gumujêng dene lajêng ngrencangi êmbok anggènipun olah-olah nglêmêr. Bumbu santên sampun rampung, nanging gori dèrèng dipun cacahi.

Sampun Lik, samantên rumiyin, anggèn kula nanggapi dhapuhipun,[10] Lik. Sanadyan atur kula punika dhapur usul tumrap bok Cilik. Sbab sampun wontên dhawuhipun Lik. Dados botên badhe kalintu, utawi sampun andadosakên panggalihanipun Lik. Lugu nêtêpi dhawuhing para sêpuh, ngiras gêgujêngan. (kadhingkala si wak anak padha guyon).

Cah Jaka Pambarêp.

Dolanan

Êmbèk-êmbekan

Wis lumrah, bocah dolanan kuwi sok dadi grêjêgan, kaya Si Bêja karo Si Jirih dhèk Sêtu kae arêp grêjêgan, nanging durung ana karampungane. Bêja karo Jirih barêng têkan ngarêpane bocah akèh banjur digunêm. Panêmune cah akèh, bocah loro mau kon rukun bae, Bêja kon ngakoni kaluputane. Nanging Bêja ngrèngkèl, diarani luput ora gêlêm, wangsulane: Apa aku kon kalah karo Si Jirih. Cêkakane Bêja mung ngetokake anggone mênang karo Jirih.

Saeran nyêlani: Wis ta, ngene bae. Kowe bocah loro apa wani didu êmbèk-êmbekan.

Bêja mangsuli kêsusu: Wani bangêt. Nanging aku janji, Jirih yèn kalah aja nangis, wong dhèwèke kuwi gêmbèng.

Jirih mangsuli karo andharêdhêg: Durung karuan aku gêmbèng. Aku ya wnai êmbèk-êmbekan, nanging carane kapriye.

[Grafik]

Saeran: O, ngene Rih. Êmbèk-êmbekan [Êmbèk-êmbe...]

--- 15 ---

[...kan] kuwi bantingan, êndi sing tiba ana ngisor, yèn ora bisa ambalik, jênêng sing kalah, kudu banjur muni: êmbèk.

Bocah loro wis padha saguh, banjur wiwit rangkul-rangkulan, rêbutan arêp ambanting dhisik. Sarèhne Bêja kuwi prigêl, saka kêrêpe êmbèk-êmbekan, Jirih banjur kêna dibanting, tiba ana ngisor, ungkag-ungkêg ditindhihi Bêja bae. Bêja nindhihi karo calathu: Bok wis, Rih, muni êmbèk.

Jirih kuwi satêmêne bocah rosa, barêng wis rada mapan, gênti ambalik, Bêja tiba ngisor, ditindhihi ora bisa obah. Sabên ungkêg-ungkêg arêp ambalik, ora kuwat. Nganti suwe bangêt Bêja ana ngisor bae. Barêng wis ketok sayah, kônca-kancane kôndha: Wis, Ja, munia êmbèk.

Bêja dikon muni êmbèk ora gêlêm, rumasa isin, suwe-suwe malah disuraki. Barêng wis gênah Bêja ora bisa ambalik, banjur dibrengkal karo kônca-kancane, Bêja ditêtêpake kalah. Bêja banjur lunga karo nangis lan muni: Apa, wong bèk-êmbekan kok disuraki. Kowe padha wani: karo bapak.

Wiwit mau Bêja banjur mari anggone duwe watêk rumasa mênangan.

Dongèng

II.

Kuthuk dadi jago pêng-pêngan

Kocapa, wolung sing nyambêr kuthuk, nalikane nyambêr atine wis duwe samar, mula panyangkêrême kuthuk ora pati kêncêng. Banjur mrucut. Nanging jalaran saka rikate, sadhela bae tibane wis adoh.

[Grafik]

Kuthuk tiba ana ing desa liya, isih urip, nanging awake lara kabèh, kulite padha tatu pating trêncêm, balunge padha kêsliyo, tibane sêmangsang ana papringan. Kêbênêran dhèk samana ana wong lagi ambabadi barongan, barêng wêruh ana kuthuk sêmangsang, dijupuk karo muni dhewekan: Anèh, ana kuthuk kathik plêsir nyang barongan. O, jawane mêntas digondhol wolung. Êh, tak gawane mulih, bèn diopèni Si Gombak. Kuthuk banjur digawa mulih, diulungake anake jênêng Gombak, calathune bapakne: Bak, gilo kuthuk, ingunên.

Gombak diwènèhi kuthuk bungah bangêt, banjur dikurungi, dipakani bêras. Barêng wis sawatara dina awake kuthuk wis ketok waras. Kuthuk banjur dijênêngke Urip.

Urip dieman-eman bangêt karo lurahe, sabên ora ketok sadhela bae digolèki. Suwe-suwe mêtu wulune, ing buntut mêtu ngacir. Ana wong ngêlokake: We, kuthuk lanang. Besuk mêsthi pêng-pêngan, wong ya wis tau digondhol wolung. Wahna titike wis ketok.

Urip krungu têmbung mangkono mau, gêdhe atine, sanadyan isih kuthuk wis gumaib, yèn malaku digawe-gawe. Barêng wis gêdhe sathithik êngkas [êngka...]

--- 16 ---

[...s] wis ajar kluruk, suwarane: cikirikik.

Gombak wêruh Si Urip wis bisa kluruk, bungah bangêt, banjur dicêthèti, Urip mara kaya arêp nothol, ditampani ana èpèk-èpèk, sarta banjur dicêkêl, diêlus-êlus.

Upama uwonga, Gombak karo Urip wis kaya sadulur. Sabên tangi turu, Gombak banjur anggolèki Urip, samono uga Urip, ing sabên esuk, sadurunge saba, wis adhang-adhang Gombak ana ing lawang.

Sawatara sasi manèh, Urip wis dadi jagoan, ulêse abang, cènggère wilah, jalune ketok calon jalu pônja. Rupane Si Urip wiwit ketok bagus, yèn kêluruk agalur. Sabên wayah esuk, sadurunge ana wong tangi, Urip wis kêluruk, kaya anggugahi wong sing isih turu.

Lêlucon

Anuju sawijining dina ana wong lanang wadon lêlungan nunggang sêpur ngajak anake lanang wis umur 3½ taun, aran: Tyasa. Mungguh bocah umur 3½ taun iku sabênêre yèn nunggang sêpur wis kudu nganggo karcis, rêgane sêparone karcis kang kanggo wong tuwa. Nanging Tyasa dening wong tuwane ora ditukokake karcis, prêlune ngirit wragad, dene manawa kondhèktur sêpur takon umure Tyasa arêp diawatake kurang saka têlung taun, sarta Tyasa dikandhani dening bapak lan êmbokne mêngko yèn wis ana ing gêrbong sêpur, môngka kondhèktur sing mriksa karcis têka, supaya mênênga bae. Tyasa uga saguh, nanging satêmêne Tyasa durung têrang êndi wong sing disêbut kondhèktur dening bapakne iku. Mulane barêng wis ana sajroning grêbong Tyasa tansah mênêng bae kambi andêlêng-dêlêng. Sarta amêmikir êndi wong sing aran kondhèktur iku. Ora antara suwe sêpur mlaku, lawange gêrbong sing ditunggangi Tyasa sawong-tuwane mênga, kondhèktur mlêbu sarta nywara sêru: karcis, karcis. Tyasa bangêt kagèt, marga anggone lungguh cêdhak lawang, amandêng marang kondhèktur namatake pênganggone. Rèhning pamikire Tyasa pênganggone seje karo sing akèh-akèh, ngira yèn iku kondhèkture, banjur calathu sêru marang wong tuwane, karo nudingi kondhèktur: Iki pak, kondhèketur, yèn iya aku arêp mênêng wae. Kondhèktur sêpur gumuyu sarta mangsuli: Iya-iya aku kondhèktur, umurmu pirang taun, nang, kok wis pintêr gunêman. Tyasa banjur mênêng cêp, mung ngacungake drijine têngên 3 sarta drijine panuduh kiwa ditêkuk. Kondhèktur saya gumuyu kêkêl, calathune: E, dadi 3½ taun, Tyasa manthuk. Kondhèktur banjur anggunting karcise wong tuwane Tyasa sarta calathu: Ingkang putra punika umur pintên taun. Bapakne Tyasa gugup wangsulane: tiga satêngah taun. Kondhèktur: Yèn makatên sampeyan kêdah ambayar rêgining karcis lare, wêwah dhêndhanipun.

Bapakne Tyasa kêpêksa amayari,[11] dadi maune arêp ngirit wragad, nanging wusanane malah ngorot-orot.

Sêpon.

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. rupiyah. (kembali)
2. Pêngobèng. (kembali)
3. wanci. (kembali)
4. ing. (kembali)
5. kalêbêtakên. (kembali)
6. dhumawah. (kembali)
7. kang. (kembali)
8. Kurang satu suku kata: amêngkoni sadayane. (kembali)
9. orêgipun. (kembali)
10. dhawuhipun. (kembali)
11. ambayari. (kembali)