Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12-06, #571

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12-06, #571. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12-06, #571. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 98, 14 Rêjêb Taun Jimawal 1861, 6 Dhesèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1563] ---

Ăngka 98, 14 Rêjêb Taun Jimawal 1861, 6 Dhesèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50 bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Samandi-mandining Racun Taksih Mandi Omonganing Tiyang

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika, manawi dipun raosakên kanthi yêktosan, têka inggih mathuk sangêt, kados ta: sawêr ingkang mandi sangêt, upaminipun kemawon sawêr wêlang, punika manawi purun ngêmpakakên racunipun dhatêng manusa, sanadyan sagêd andrawasi sayêktos, ewasamantên tatuning manusa ingkang dipun cokot ing sawêr wau, manawi botên kasèp kemawon, ingkang kathah-kathah mêksa taksih kenging dipun usadani. Nanging omonganing tiyang manawi botên kalêrêsan, botên ngêmungakên sagêd natoni tiyang satunggal kalih, tiyang sasêdhèrèk, malah sabăngsa babarpisan, nanging tatunipun wau kadhangkala ugi sok botên sagêd dipun jampèni. Kosokwangsulipun, omongan punika, manawi kalêrêsan, botên ngêmungakên sagêd ngrakêtakên sadherekan, nanging malah ingkang sampun pêpisahan, sok sagêd wangsulan malih. Buktinipun kados ing ngandhap punika:

Kula sampun nate mêningi tiyang jêjodhoan sampun watawis sadasa taunan. Dilalah ing satunggiling dintên, namung jalaran saking prakawis sapele, lajêng sami cakar-cakaran, ingkang anjalari ing wusananipun sami pêpisahan, kanthi kêncêng sêdyanipun botên badhe wangsulan malih. Ewadene pungkasanipun, mêksa sagêd guyub rukun kados ing sawau-wau. Jalaranipun botên sanès amung saking omonganing tiyang, kados ingkang badhe kacariyosakên ing ngandhap punika:

Tiyang kalih jalêr èstri wau gadhah pitêpangan ingkang sampun dipun rêngkuh kadosdene sadhèrèkipun piyambak, amrih gampilipun, tiyang punika kula namakakên: Suta. Pun Suta wau, sarêng mirêng pitêpanganipun sami crah saha sami pêpisahan, botên wontên kêndhatipun sabên dintên têmtu gêntos-gêntos amanggihi tiyang jalêr sarta tiyang èstri wau. Manawi pinanggih kalihan ingkang jalêr, pun Suta wau wicantên makatên: Wah, mas, bakyu nika anggêre kêpanggih kalih kula, mêsthi rasanan ngètên: dhi, dhi sampeyan napa sok nuwèni rakane. Ambakna rakane niku muring-muring têng kula, nanging kula kok tungkul wêlas mawon. Ênggih pripun ta, rakane niku nèk dhahar, nèk botên kula kiyambak jing ngolah-olahake, dhahare ênggih cimak-cimik mawon. Sajatosipun pawicantênan ingkang makatên punika namung damêl-damêlipun pun Suta piyambak, bakunipun tiyang èstri wau, manawi ngraosi ingkang jalêr, botên kok sae, nanging malah dipun bon kemawon anggènipun nosot-nosotakên. Dene manawi pun Suta pinanggih kalihan tiyang èstri ingkang sawêg pêpisahan wau, inggih wicantên damêl-damêl malih, upaminipun makatên: Wah, yu, kangmas nika kok mêmêlas têmên. Sabên dintêne prasasat botên nate dhahar, botên nate sare, ngêndikane mung kemutan têng bakyu mawon. Jalaran saking omonganipun pun Suta ingkang damêl-damêl wau - pancèn inggih lêrês, punika nama dora, nanging rak dora utami, ta - tiyang kalih wau lajêng sami wangsulan malih kanthi sae-sae.

--- 1564 ---

Lo, makatên dayanipun omongan ingkang kalêrêsan punika. Kosokwangsulipun, omongan punika manawi botên kalêrêsan, inggih sok sagêd nuwuhakên panganggêp ingkang botên sae-sae, kados ta: sêsêngitan, kamirisan, lan sasaminipun. Kados ta upaminipun makatên:

Tiyang dhusun plêsir-plêsir dhatêng kitha. Dilalah wontên ing ngriku sumêrêp băngsa Walandi sawatawis ingkang sawêg sami abuk-abukan. Bawanipun tiyang mabuk makatên, inggih sok lajêng wontên ingkang misuh-misuh, malah wontên ingkang sok lajêng naboki tiyang barang. Hla, sarêng dumugi ing dhusunipun malih, lajêng cariyos dhatêng kănca-kancanipun sadhusun makatên upaminipun: nalikane aku nang kutha, aku kêtêmu Walănda pirang-pirang bangêt. Wèh, băngsa Walănda kuwi pancèn iya mêdèni têmênan, gawene wong mung mêmisuh lan naboki uwong bae, nganti aku rumasa kamigilanên.

Hara, tiyang dhusun punika rak botên nate sêsrawungan kalihan băngsa Walandi, ujug-ujug dipun dongèngi ingkang makatên, têmtunipun rak inggih lajêng pitados kemawon. Ing wusana dhatêng Walandi inggih sami ajrih, sêngit, lan sasaminipun. Măngga, punapa wajib dipun paibên, bilih umumipun tiyang dhusun sami ajrih, sêngit dhatêng băngsa Walandi, manawi pamirêngipun ing bab Walandi, ingkang kadamêl ukuran namung Walandi tukang mabuk-mabuk kemawon.

Makatên ugi manawi wontên băngsa Walandi sampun watawis dangu wontên ing tanah Indonesiah, sawangsulipun dhatêng nagarinipun, lajêng cariyos makatên upaminipun:

Para mudha Indonesiah ingkang sami sinau wontên ing pamulangan têngahan ing pulo Jawi, punika sami ngêdalakên sêrat kalawarti, ingkang dipun pandhegani dening lare jalêr tuwin lare èstri, sarta ingkang dipun waos dening lare jalêr tuwin lare èstri atusan cacahipun. Mênggah isining kalawarti wau kadhangkala sok wontên ingkang lekoh sangêt, ngantos lare ingkang sampun diwasa pisan, wajib lingsêm maos cariyos-cariyos wau. Ewadene sampun lajêng kakintên, bilih tiyang sêpuhipun lare-lare wau, angawisi anak-anakipun maos cariyos-cariyos ingkang makatên punika, o, botên, jalaran ingkang kapisan, tiyang sêpuhipun piyambak botên mangrêtos, bilih maos cariyos ingkang lekoh punika awon sangêt, kaping kalihipun, tiyang sêpuh wau babarpisan botên sami gadhah daya punapa-punapa dhatêng anak-anakipun wau.

Măngga, tumrap băngsa Walandi ingkang pancèn bodho, utawi ingkang dèrèng nate ngambah ing tanah Indhonesiah, têmtunipun mirêng pawicantênan ingkang makatên punika rak lajêng sagêd pitados kemawon, kanthi botên dipun manah panjang malih. Dene manawi sampun pitados, bawanipun tiyang bodho, punapa malih manawi ragi kaworan manah awon, gagasanipun mênggah dhatêng tiyang Indhonesiah, inggih lajêng warni-warni, tur têmtunipun inggih ingkang botên kenging dipun kênyamakên punika. Kados ta lajêng mastani: we la, nek ngono wong Indhonesiah kuwi iya isih asor bangêt bêbudène, isih satêngah wong alasan, isih ... lan sapiturutipun. Inggih dhasaripun tiyang bodho, punapa malih manawi manahipun ragi pating clêkuthik, inggih botên sumêrêp utawi botên purun sumêrêp, yèn nagari tansah ngulat-ulatakên dhatêng kawontênanipun para murid anak-anakipun tiyang pribumi, buktinipun: nagari rak ngawontênakên amtênar, ingkang kajibah ngawat-awati kawontênanipun murid-murid pribumi wau. Jalaran saking punika, manawi wontên băngsa Walandi ngumbar suwara kados ing nginggil wau, pamanggih kula ngêmungakên makatên: 1e Walandi wau saking sêngitipun dhatêng băngsa kula, ngantos lajêng botên nolèh githokipun, têgêsipun: cacadipun băngsa kula, sanadyan namung samrutu, katingalipun inggih sagajah, nanging manawi saliranipun piyambak, têmtu ... tanpa cacad, sèh. 2e nyêpèlèkakên dhatêng padamêlanipun juru ngawat-awati murid pribumi, 3e nêdya pados pêndhok, murih dipun wastanana ahli prakawis kawontênanipun tanah Indhonesiah, lan sasaminipun.

Tujunipun ing nagari Walandi punika ugi kathah têtiyangipun, ingkang pancèn luhur bêbudènipun, jêmbar wawasanipun, ingkang botên lajêng pitados kemawon dhatêng omongan pangawon-awon kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil wau, nanging malah ngèngêti, bilih manusa punika, inggih băngsaa punapa kemawon, têmtu wontên ingkang awon, nanging ugi wontên ingkang sae kalakuanipun. Bilih ing tanah Indonesiah wontên murid ingkang sok rêmên maos cariyos-cariyos ingkang lekoh, punika inggih pantês dipun akêni, nanging ing nagari sanès-sanèsipun, dados inggih ing nagari Walandi, punapa babarpisan botên wontên, rak inggih mokal, ta, kadar wêwatêkanipun lare punika beda-beda, wontên ingkang kandhidhat pastur, nanging ugi wontên ingkang kandhidhat ... Janaka. Rak inggih nama: pukul gambang sama rata, manawi saupami nyumêrêpi: tiyang Jawi rêmên talèdhèk, lajêng kemawon mastani: wong Jawa kuwi watake royal wadon.

Mênggah anggènipun mastani bilih ing Indhonesiah punika, tiyang sêpuh sampun botên gadhah daya babarpisan dhatêng anak-anakipun, lo, punika nama kaladuk malih, inggih lêrês, mila wontên tiyang sêpuh ingkang namung migatosakên dhatêng wontênipun biji rêpot sêkolahan, dhatêng alusing bêbudènipun lare prasasat botên mrêduli babarpisan, nanging rak inggih botên sadaya. Mangke rak lajêng nama: pukul gambang sama rata malih. Măngga, dèrèng dangu punika kula maos wontên ing sêrat kabar: wontên sinyo nêmpiling papahipun, punapa kenging saupami kula lajêng mastani: wèh, Lănda kuwi pancên ora kurmat babarpisan karo wong tuwane.

Sampun, sampun, samantên kemawon obrolan kula, mangke kula mindhak dipun wastani: êntèk amèk kurang golèk.

Pênthul.

--- 1565 ---

Pawartos Sajawining Praja

Kasangsaran Kapal Mabur R 101

Sanadyan sampun dangu, para maos kados dèrèng kasupèn dhatêng kawontênaning pawartos kasangsaran kapal mabur R 101. Bab kasangsaran wau sapriki taksih dados rêmbag, dene tuwuhing rêmbag wau warni-warni, wontên ingkang namung ngraosi ing bab kawontênanipun têtiyang ingkang sami nêmahi sangsara, ing wosipun namung badhe nuwuhakên pangalêmbana, inggih punika ngalêmbana bab kawantêranipun. Tumraping para ahli yêyasan, tansah angudi punapa ingkang andadosakên jalaraning kasangsaran, awit saupami jalaran saking sabab-sababing pirantos, lajêng badhe dipun udi murih sampurnanipun, tuwin taksih warni-warni malih ingkang dados pamanahan.

Murih cêthanipun sawatawis, ing ngriki kacariyosakên: kapal mabur R 101 wau bidhal saking kitha Cardington Inggris, badhe dhatêng tanah Indhi. Ingkang sami numpak ing kapal ngriku wontên tiyang 54. Mirid saking cacahipun ingkang numpak samantên, tamtu anuwuhakên pitakenan sapintên mênggah agênging kapal mabur wau, tuwin kawontênanipun kados punapa. Mênggah kapal mabur wau agêngipun wontên 500.000 m³ panjangipun 770 m. Ing salêbêting kapal mabur wau kajawi isi mêsin sapirantosipun, ugi mawi kamar patilêman, kamar dhahar, dalah papan kangge kalanipun ngenggar-enggar manah inggih wontên, sadaya sami rinêngga-rêngga botên beda kados rêrênggan ing griya, cêkakipun sarwa botên nguciwani, sintên tiyang ingkang numpak, rumaos manawi botên beda kados wontên salêbêting griya.

Kala bidhalipun kapal mabur wau dipun jênêngi ing para agung, para ahli tuwin sanès-sanèsipun, ingkang prêlu sami nguntapakên saha angurmati para ingkang sami lêlampah ing gêgana, awit kajawi kathah para tiyang linangkung, ugi wontên para agung ingkang nitih, inggih punika: Sir Sefton Branekez Mayor Scot tuwin sanès-sanèsipun, prêlu badhe nyatakakên lampahing kapal mabur wau.

Nalika kapal mabur wiwit anggêgana, binarung ing surak mawurahan, kumalawening tangan asuka wilujêng dipun wangsuli saking gêgana ingkang saya dangu saya têbih, wusana lajêng bablas botên katingal.

Raosing manahipun ingkang kesah utawi ingkang katilar, ing sanalika ngriku sami bingah, bingahipun ingkang kesah, dening ngrumaosi badhe sami manggih kamisuwuraning nama, dene ingkang dipun tilar rumaos agêng ing manah, katarik dening badhe manggih kamisuwuraning băngsa. Nanging sadaya wau manawi badhe dados cariyos, inggih wontên kemawon ingkang dados jalaran.

Ing wanci jam 9 dalu lampahing kapal mabur ngambah sanginggiling kitha Londhon, inggih punika kala tanggal ... Oktobêr kapêngkêr, nanging saking ngandhap botên katingal, amargi kaling-kalingan ing pêdhut kandêl tuwin mêndhungipun andhap, dene ingkang katingal namung soroting dilah măncawarni ingkang dipun pasang wontên ing kêmudhi.

--- 1566 ---

Miturut pawartos, ing wanci jam 2 dalu lampahing kapal mabur dumugi salèring kitha Beauvais, kaprênah salèripun kitha Paris, lampahipun andhap sangêt, jalaran saking awoning hawa ing gêgana. Ing kala punika ingkang sami numpak sawêg sami tilêm, namung wontên tiyang 12 ingkang sami mêlèk, jagi damêl. Lampahing mêsin ajêg sae, namung hawanipun awon, jawah angin tanpa kêndhat, wusana katêmpuh ing angin agêng, kapal mabur wau ngantos kados kasawatakên mangandhap. Juru mudhi nêdya nindakakên rekadaya nginggahakên malih, nanging tanpa damêl, malah lajêng gumêbrug dhawah ing siti sêru sangêt, ngantos anjêblos tuwin andadosakên jalaraning kabêsmèn. Dhawahing kapal mabur wontên ing wana, kados gambar ingkang sampun nate kawrat ing Kajawèn.

[Grafik]

Sasampunipun kêbêsmèn, kathah tiyang padhusunan ingkang dhatêng tandang, nanging botên sagêd nyêlak, jalaran saking bêntèripun. Wusana lajêng kêtungka dhatêngipun pitulungan saking parentah Prancis. Tiyang ingkang kapitulungan gêsang namung 8, sanès-sanèsipun sami kabêsmi, para ingkang pangkat agêng-agêng sami tiwas.

Enjingipun pawartos wau sampun waradin dumugi pundi-pundi, para karajan sami bela sungkawa.

Ingkang nama katênggêl ing bab prakawis punika băngsa Inggris, mila sarêng wontên pawartos bab kasangsaran punika lajêng nindakakên prêlu warni-warni, wontên ingkang ngudi katrangan, punapa ingkang anjalari kasangsaran punika, salajêngipun dados rêmbag tuwin dipun udi dening para ahli linangkung. Kakajawi[1] punika ugi prêlu nindakakên têtulung mêndhêti mayit, kabêkta wangsul dhatêng nagarinipun.

Mayit ingkang kabêkta wangsul wontên 48 sami dipun kubur wontên ing Cardington, kajèjèr dados salarik. Ing gambar punika mujudakên pêthi mayit ingkang kalanipun dèrèng katanêm.

Ngantos sapriki bab kawontênan punika taksih tansah dados rêmbag.

Ing bab kasangsaran ingkang kados makatên punika saèstu [sa...]

--- 1567 ---

[...èstu] adamêl trênyuhing manah, saya tumraping kulawarganipun, tamtu tansah ngraosakên kasusahan ingkang angèl supenipun. Nanging mênggah para ngudi kawruh, kamajêngan tuwin sanès-sanèsipun, badhe botên namung kandhêg dening wontêning sabab ingkang kados makatên, malah botên namung sapisan punika, kados botên kêkirangan kasangsaran utawi bêbaya ingkang dhumawah ing para agêng tuwin para mandhegani, saha bab punika botên adamêl ajrihipun ingkang kantun, malah anênangi dados margining pangudi murih saya sampurna ing têmbenipun.

Bab Ringgit

Radèn Wandhu

Radèn Wandhu punika putranipun Prabu Sri Maha Punggung, kalêrês rayinipun Radèn Sadana, Radèn Sadana punika putra nata ingkang kacariyosakên kesah saking praja jalaran lumuh dipun kramakakên.

Sakesahing raka, Radèn Wandhu kantun wontên ing praja, lajêng dipun kramakakên angsal Dèwi Panitra, inggih punika putri ingkang kala rumiyin badhe dipun dhaupakên kalihan Radèn Sadana. Dèwi Panitra sawêg pêputra satunggal, miyos kakung, pinaringan nama Radèn Wandawa, lajêng seda.

Anyarêngi cariyosipun, Radèn Sadana ingkang nêmahi dados pêksi sriti wontên ing tanah sabrang babar dados satriya malih, lajêng kapêndhêt mantu dening Bagawan Brahmaka Rêsiti, kadhaupakên kalihan Dèwi Laksitawahni, sarêng pêputra satunggal, Radèn Sadana muksa.

Dèwi Laksitawahni lajêng dipun bêkta ingkang rama sang bagawan dhatêng Purwacarita, sowan Prabu Sri Maha Punggung, sang bagawan mratelakakên lêlampahanipun Radèn Sadana sadaya, saha ngaturakên Dèwi Laksitawahni tuwin putranipun. Wusana Dèwi Laksitawahni lajêng dipun dhaupakên kalihan Radèn Wandhu.

Samuksanipun Prabu Sri Maha Punggung pêrang kalihan Prabu Cingkaradewa, Radèn Wandhu kaplajêng saking praja, botên gadhah pangajêng-ajêng sagêd jumênêng nata anggêntosi kapraboning rama, saupami badhe lumawan, botên kuwawi, awit kajawi mêngsah ratu kinawasa, Prabu Cingkaradewa inggih sawêg winongwong ing dewa, pilih ingkang sagêd lumawan ing pêrang, malah para nata sanèsipun ingkang nama sami linangkung, ugi sami kasoran. Nanging Radèn Wandhu lajêng dipun pupu dening Prabu Basurata ing Wiratha, dipun ajak nungkul. Wêkasanipun Radèn Wandhu lajêng kajumênêngakên nata anggêntosi kapraboning rama wontên nagari Purwacarita, jêjuluk Prabu Sri Mahawan.

Samuksanipun Prabu Cingkaradewa, dening kasoran ulah rêmbag kalihan Rêsi Wisaka, lajêng dipun gêntosi ing Rêsi Wisaka, jêjuluk Sri Maharaja Wisaka. Ing ngriku Sri Mahawan minitra darma, Radèn Wandawa dipun puruitakakên. Jalaran saking kawaskithanipun Radèn Wandawa, diwasanipun dipun [dipu...]

--- 1568 ---

[...n] sèlèhi kaprabon dening Sri Maharaja Wisaka, jêjuluk Prabu Sriwahana.

Prabu Sri Mahawan kagungan putra nama Radèn Wahyana, kadhaupakên kalihan putrinipun nata ing Gilingwêsi nama Dèwi Srini.

Prabu Sri Mahawan tansah anggalih dhatêng kamajênganing praja tuwin kawulanipun, nate nindakakên panyobi dhatêng kawulanipun, namung prêlu badhe nguningani raosing kawula ingkang kalêgan utawi botên, katranganipun mênggahing kawula ingkang kacuwan punika inggih lajêng nêtah dhatêng ratunipun, anganggêp ratunipun botên adil. Sarêng sang prabu nguningani kawontênan ingkang kados makatên punika, lajêng mangrêtos bilih kabatosaning kawula punika ugi kadugi nênacad dhatêng ratu, namung ing lairipun kemawon sumungkêm dhatêng ratunipun.

Sang prabu sarêng sampun yuswa lajêng sèlèh kaprabon dhatêng putra, Radèn Wahyana, sinung jêjuluk Prabu Srikala, sang prabu lajêng magawan, nama Bagawan Kalacakra, tansah anglampahi maratapa. Sang bagawan lajêng yasa candhi kajêng ingkang sarwa arum, sarêng candhi sampun dados, sang bagawan lajêng muksa. Samuksanipun sang bagawan, sarêng Prabu Sriwahana ing Mêdhangkamulan mirêng sakalangkung sungkawa ing galih, wêkasan muksa.

Cêcariyosan ingkang kasêbut ing padhalangan, mila awis ingkang sumêrêp. Wontênipun kaêwrat wontên ing ngriki, namung prêlu mêndhêt gêgayutanipun kalihan ringgit ingkang kêlimrah kasumêrêpan ing akathah.

Para agêng ing Jêpan

[Grafik]

Gambar nginggil punika para agêng băngsa ing Jêpan ingkang sawêg sami sêsarêngan sêmbahyang ing candhi Budha ing nagari Jêpan.

--- 1569 ---

Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, Têdhak ing Sarangan

[Grafik]

Ingkang sumandhing punika gambar dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun ing Surakarta, nalika têdhak ing Sarangan, Madiun.

Têngên nginggil piyambak, hotèl ing Sarangan.

Kiwa têngah, Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana têdhak mubêng-mubêng ing wêwêngkon hotèl.

Gambar ingkang bundêr, Gusti Kangjêng Ratu Êmas têdhak mubêng-mubêng kalihan Nyonyah Van den Bosch.

Kiwa ngandhap piyambak, sampeyan dalêm ingkang wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, tuwin sanès-sanèsipun.

--- 1570 ---

Jagading Wanita

Tape Pohung

Têtêdhan punika tamtu sampun sami dipun uningani, awit ing pêkên-pêkên kathah ingkang sade, sasumêrêp kula botên nate kêndhat, awit pohung punika panènipun mèh botên mawi măngsa. Ingkang mrêlokakên nape punika sadhèrèk dhusun, pramila lugunipun pancèn jajanan dhusun, nanging sami-sami jajanan dhusun kagolong ingkang rêsik piyambak, botên patos kaêmak-êmèk kados salimrahipun ingkang dados kirang rahabing manah.

Atur kula punika salêrêsipun, awit ila-ilanipun tiyang nape punika kêdah suci, botên beda damêl apêm makatên. Kados para maos têmtu botên kêkilapan pikajêng kula punika. Măngka sadhèrèk dhusun punika limrahipun mituhu sangêt dhatêng wicantênipun tiyang sêpuh-sêpuh, ajrih sangêt dhatêng pêpacuhipun. Bab makatên wau para maos ugi priksa piyambak kayêktosanipun. Dene kayêktosanipun yèn pancèn rêsikan saèstu. Kula asring nyumêrêpi piyambak tiyang ngumbah pohung mêntah ingkang botên dipun ilês mawi suku punika têrang badhe dipun tape.

Mênggah anggènipun ngrêsiki wau saèmpêr mususi uwos, dados kaosèk-osèk mawi tangan. Sasampunipun rêsik lajêng kabêkta wangsul kaêdang, lan sasampunipun asrêp lajêng dipun pênaki kasukanan ragi, wusana kasungsun-sungsun, laminipun kalih dintên kalih dalu sampun dados. Ingkang nama kalêrêsan punika katingalipun pêthak mêmplak, kumocor toyanipun. Yèn dadosipun blêntèng-blêntèng abrit, punika tăndha kirang suci wau, nanging sayêktosipun jalaran kirang rêsik pangumbahipun utawi groboh anggènipun nandangi, inggih punika dèrèng asrêp sampun kasêsa dipun pênaki. Godhong buntêlipun botên milih, mênggah ingkang sae kêdah mawi godhong pisang kluthuk, ingkang cakêt wana mawi godhong plasa, punika sadaya sae. Botên kados sanèsipun, tumusipun buntêl dhatêng tapenipun araos pait.

Wontên malih ingkang nape sênikan, punika nyuprih botên rèbyèg panggarapipun, panatanipun sap-sapan, ngantos sakêbaking sênikipun. Nanging cariyosipun patrap makatên punika pancèn kirang sae, jalaran tape punika bilih dipun êmak-êmèk sagêd risak, dados kêcut, anjamur lan sasaminipun, pramila yèn botên nuntên têlas kasade sagêbragan asring dados tuna. Dados nyatanipun sae pênakan sagêd kiyat dangu.

Tape punika botên ngêmungakên tape pohung, kêtos ugi eca katape. Saya kêtos cêmêng, punika langkung eca. Jagung canthèl makatên ugi. Dening caraning pangolah sami kemawon. Duduhipun tape yèn dipun gêmèni taksih kenging kangge têtêdhan ingkang nama êbrêm. Lugunipun têtêdhan lare, jalaran lare punika rêmên lêgi-lêgi. Êbrêm punika lêginipun ngungkuli gêndhis, malah saking anglêkipun [anglê...]

--- 1571 ---

[...kipun] dhatêng untu karaos mak cês. Dipun simpên mawi lodhong sagêd kiyat dangu, pramila ugi paedah yèn kapinujon sêpên pacitan ngunjuk wedang, emanipun sampun botên patos dipun prêlokakên, awit warninipun kawon kalihan prêmèn, kagunanipun băngsa ngamănca, pramila nyatanipun sampun kêsilêp, tandhanipun sampun lăngka wontênipun.

Tape punika dipun dhahar lawaran inggih sampun eca, nanging têlasipun botên sapintêna, enggal tuwuk, jalaran saking lêginipun wau, ewadene dipun olah sanèsipun inggih kenging, upaminipun kadamêl tape kambang, punika malah karêmanipun tiyang sêpuh, sêgêr, gampil pandhaharipun. Dipun dhahar mawi ès inggih mathuk. Lajêng wontên malih ingkang dipun gorèng, inggih punika dipun kêpêli, punika naminipun anèh, inggih punika: răndharoyal. Angsalipun pangaran-aran makatên punika kula botên manggih kojahipun. Kajawi ingkang sampun kapratelakakên, kadamêl êprol ugi sagêd lan ugi eca. Rèhning êprol punika kagolong têtêdhan cara Walandi, dados kêdah dipun bandhani sakêdhik, nanging inggih botên sapintêna, namung prêlu ngawontênakên susu, prayogi mundhut susu cap nyonyah ingkang êblèg alit, punika cêkapan abên-abênanipun tape pohung rêrêgèn 5 sèn. Panggarapipun makatên: sontrot dipun bucali, lajêng kakublêk kalihan susu ingkang ngantos dangu. Sasampunipun dados jaladrèn ingkang mumpluk, kawadhahana ing pinggan (piring panjang) wasana kalêbêtna ing ngêpan, dados panyuprihipun latu ngandhap nginggil, punika mangke wujudipun kados tar utawi podhêng, raosipun inggih botên têbih saking tar wau, pramila ingkang dèrèng nate priksa kêparênga nyobi. Saya sae malih bilih dipun rangkèni sanèsipun, upaminipun kismis, kênari lan sasaminipun saya èdi, pramila nyatanipun lumayan tumrap priyantun ingkang kalêrês dêdunung ing dhusun, awit kenging kangge pangarêm-arêm. Dangu-dangu sadhèrèk dhusun lajêng katularan sagêd tiru-tiru.

Atur kula namung samantên, kirang langkungipun angêgungna pangaksama dhatêng pun,

Sumadi (Pangarasan)

Piwulang Sae

Lagu Witing Klapa

1. Witing klapa mas panungguling makutha | dèn gêgulang lan ngêmatna dhuh pra siswa | putra nata ing Ngamarta | ing kawruh pănca upaya ||

2. kadang mudha ngadili janma dursila | dhingin wruh ing kukum praja dhuh pra siswa | kêndhal nila pulas wrêksa | watêke doh tindak nistha ||

--- 1572 ---

3. măngsa pusa bea lêlabêting praja | karo limpat ujarira dhuh pra siswa | klabang alit mawa praba | mawèh rêna kang miyarsa ||

4. măngsa wedha idhêping basa susila | katêlune tatakrama dhuh pra siswa | sri putra rêsi Abyasa | ngêdohkên panyêndhu ewa ||

5. măngsa sitra sutanya Bathara Tăntra | kacatur putusing guna dhuh pra siswa | ditya andêling Ngalêngka | măngka srana ngupaboga ||

6. manggakala rama wre Prabu Sugriwa | kalima ambêg utama dhuh pra siswa | rêsi mudha Ngendrakila | mawèh yuning jiwaraga ||

7. kunir pita sumêngka ngangkah sampurna | mula dèn marsudi padha dhuh pra siswa | kuda mathinya sajuga | ing pangawruh kang sanyata ||

8. sondhèr wastra bramana ngatas maruta | kongsi purna aywa kêmba dhuh pra siswa | parabe Sang Dananjaya | dumadia janma tama ||

9. taliwara taru pangikiring wrêksa | dèn sumanggêm eklas rila dhuh pra siswa | Bambang Suwăndagni putra | tumindak mèstu: triagnya ||

10. bale kuda baligo godhonge ămba | dèn tatag budi santosa dhuh pra siswa | pagêr wayang êbut basa | yèn lirwa yêkti duraka ||

11. kimpul wana ya ta silêming Hyang Arka | ing jarwane sumurupa dhuh pra siswa | priya timbangane rena | kang juga: pakoning bapa ||

12. lading raya laguning sabda tan rêna | pindho pakoning sogata dhuh pra siswa | pêpatih ing Lokapala | katri pakoning narendra ||

13. sêpi wêka liman seta ing Mandura | jêr ananya wit sanyata dhuh pra siswa | sêsêbutan putra nata | dumadi lantaran bapa ||

14. măngsa sapta sutaning Ki Ăntagopa | witing guna sing sogata dhuh pra siswa | srahing krama kênya arga | barkah nata sandhang boga ||

15. ngrasa beda rajaputra ing Jênggala | lamun nora rumasaa dhuh pra siswa | lêmbu sobrah caca netra | dadi aran janma ina ||

16. Karnaputra karya têngêring sarira | dèn rêksaa jênêngira dhuh pra siswa | dinirgakna yuswanira | budi trêsna ngèsthi arja ||

Ki Kolot.

Lêngganan, ăngka 1663.

--- 1573 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Maos

V.

[Grafik]

Garèng: Ayo, Truk, tumuli caritakna mungguh panêmumu anane pamulangan blêstir, yaiku pamulangan calon priyayi pangrèh praja. Aku mula iya mupakat bangêt, yèn kabèh sêkolahan, iya sêkolahan calon opsihtêr, calon guru, apa manèh calon dhoktêr, kuwi kabèh ora ngêmungake padha diwulang kawruhe sing olahe[2] saka buku-buku thok bae, nanging uga diwulang nindakake cak-cakane. Kaya ta ing pamulangan calon opsihtêr, kaya sing wis tak kandhakake kala dina Rêbo kae. Mêngkono uga tumrap pamulangan guru, ing kono rak iya diarani lirsêkul, sing dianggo sinau cara-carane wong mulang bocah. Banjur ing pamulangan calon dhoktêr, kuwi sacêdhake kono rak mêsthi ana romah sakite, sing kanggo sinau para murid dhoktêr anggone arêp ngêcakake kawruhe ngèlmu kadhoktêran. Balik ing pamulangan plêdhing calon priyayi pangrèh praja, lo kuwi rak ora ana papane sing kanggo ngêcakake kawruhe kapangrèh-prajan sing diwulangake ana ing sêkolahan kono mau. Aku pancèn iya prêcaya bangêt, yèn wulangane ing kono pêpak, kang sing akèh-akèh pancèn gandhèng karo pagaweane ing besuk, kaya ta: kawruh pangadilan, gandhengane karo panindaking panitipriksa prakara-prakara kang wiwitan (voorloopig onderzoek). Ilmu ukur, gandhengane karo pagawean lanrèntê. Ilmu têtanèn, gandhengane carane bawahe anggone among tani, lan isih akèh manèh tunggale, sing pancèn sambung karo pagaweane ing besuk. Kajaba iku uga ana piwulang liya-liyane, sing mungguh rumasaku ora gandhèng babarpisan karo pagaweane kapangrèh-prajan, kaya ta: ilmu pamisah, lo, kiyi rak gandhengane karo pagaweane bangsaning tukang jamu mingki (ass. apotheker) kae. Bêgja-bêgjane sing pantês kudu ngrêti nyang ilmu pamisah kuwi rak ... sêkatêrpanhis, banjur kawruh ilmu bumi, hla, kiyi mathuke rak tumrap wong sing arêp dadi ... kondhèktur, apa manèh kondhèktur sêpur èmbrès.

--- 1574 ---

Dadi nèk ana wong pitakon: mas, ngajêng punika sêtatsiyun pundi, banjur bae bisa mangsuli: Prupuk, satenipun eca. Utawa: Kroyah, rêmpèyèkipun urang: gandêm. Banjur ilmu babad donya. Lo, priyayi pangrèh praja kudu ngrêti nyang babad, kuwi apa supaya bisa andongèng nyang wong-wong bawahe ing bab kaluhurane Raja Napoleon, kumalungkunge Raja Peron, kamurkane Prabu Dasamuka, kadrêngkènane Patih Lugêndèr, utawa kalimpatane Umarmaya. Saikine ilmu: algêbrah, kuwi karêpe apa priyayi kudu carita nyang wong cilik, yèn: (a+b)² = a²+b² ngono. Sêtun-sêtun, ilmu etung, hla, kiyi pancèn ana kanggone têmênan, yaiku: priyayi kuwi anggêre pintêr nyang ngèlmu etung, yèn balanjane mung f 50,- upamane, iya ora bakal bone nyang toko kok nganti f 75.-. Ora-orane iya ngèlmu anggarudha lan lampah sêkar, dadi yèn dadi wêdana ing Munthilan upamane, kok banjur diulêmi tayuban nang ngomahe Lurah Mukid, ing sarèhning wadana kuwi olèh sampur dhisik, nèk bisa ngèlmune mau, le nglètèr iya ora ngisin-isini.

Petruk: Wiyah, Kang Garèng kiyi, diênêng-ênêngake omongane têka banjur nglantur-nglantur mêngkono. Ana tayuban barang mèlu dicandhak. Dalasan arêp ngomongake babad donya bae, jêbul jênêng-jênêng sing kasbut ana ing babad, kitab, ing wayang purwa, wayang klithik, utawa wayang golèk, padha dicampur dadi siji ngono. Kajaba iku, kawruh nyang ngèlmu etung, kuwi rak ora kêna kanggo pathokan carane anggone arêp ngeguhake pamêtune. Hla nèk pancèn mangkono, rak ora ana priyayi sing sathekruk balanjane, sarta dhuwur kawruhe, sing kalalèn banjur katutan dhuwit sing dudu hake, kang wusanane jalaran ora bisa ambalèkake, banjur kapêksa kudu rêngêng-rêngêng ana ing hotèl prodheo. Dadi wong bisa ngeguhake pamêtune kuwi, ora jalaran saka pintêre ing bab kawruh etung, nanging jalaran saka pintêre anggone anggêmèni pamêtune mau. Mungguh omongmu, tumrap murid bêstir akèh wulangane sing ora sangkutan karo pagaweane ing besuk, kuwi pancèn iya ana nyatane. Nanging para murid padha diwulangi kawruh warna-warna kuwi, sanadyan katone akèh sing tanpa guna tumrap pagaweane dadi priyayi pangrèh praja, nanging sanyatane iya uga ana paedahe, yaiku: cikbèn padha jêmbar sêsurupane. Awit priyayi pangrèh praja kuwi rupa-rupa pasrawungane, nèk nganti kurang kawruhe, mêngko rak kalakon diguyu ing wong têmênan.

Garèng: Hla nèk ngono karêpe, aku iya: mupakat. Saiki aku tak ambalèni pitakonku ing dina Rêbo kang kapungkur, yaiku: wong dadi priyayi pangrèh praja kuwi rak kudu bisa ngêrèh wong. Nèk cara sêkolahan liya-liyane, rak kudu sinau nindakake cak-cakane, hla nèk ana ing sêkolahan plêdhing kuwi, aja manèh diwulang ngêrèh uwong, lagi ngêrèh tukang kêbon dikon nukokake tahu kupat sapiring bae, iya mêksa kangelan. Kosokbaline salawase [sa...]

--- 1575 ---

[...lawase] dadi murid, malah dirèh bênggala têmênan. Hara, apa iki bisa cocog karo unimu: ora ngêmungake nyinau kawruhe saka buku-buku bae, nanging uga nyinau anggone nindakake cak-cakane.

Petruk: Lo, Kang Garèng, kowe aja kliru tămpa, dene para murid ing pamulangan bêstir, kuwi sajêroning isih dadi murid, padha dirèh bangêt, mungguh prêlune, supaya wêruh têmênan marang pranatan sing kudu dilakoni. Sabab sanyatane, wong dadi priyayi pangrèh praja kuwi abot sanggane. Kaya ta upamane: 1e pagaweane abot lan rêkasa, mulane wiwit murid iya kudu dikulinakake ora kêna wêgah, diwènèhana pagawean sapira bae, bisane iya kudu mung: inggih sêndika. 2e wong dadi priyayi kuwi akèh sing mrentah, mulane awit murid kudu dikulinakake ambangun turut, saupama ana prentah sawanci-wanci saka panggêdhene, iya kang wajib ditindakake, lan sing pancène ora prêlu ditindakake, ora kêna ambangkang, nanging iya kudu dilakoni bae. 3e akèh sing ambutuhake, mulane awit murid kudu ngulinakake watêk ènthèngan. Hla nèk wong dadi priyayi pangrèh praja kok ora ènthèngan, mêngko ana titir muni têngara ana omah kobong, ora tumuli tandang, jêbul mrêlokake ngêntèni pêdhote krêtune kurang salabasan. Utawa dumèh bêngine mêntas mêlèk, banjur ngêthik upase: mêngko yèn ana wong takon nyang aku, iya sapa bae, kăndhaa yèn aku lagi turne. Lo, nèk mêngkono kuwi mêngko rak diarani: priyayi dhêmên malincur. Abote wong dadi priyayi pangrèh praja kuwi wong ora ana wêktune kanggo ngaso, sadina sawêngi wêktune nyambut gawe iya 24 jam. Têgêse: sawanci-wancine ana kaprêluan, iya kudu: nyat, tumuli tumandang bae, ora kêna yèn kok banjur sêmaya: mêngko sik, aku tak nutugake anggonku turu dhisik. Nanging bab kiyi dilèrèni samene bae. Rêmbugane rak wis nyalèwèng bangêt, aja dibanjur-banjurake. Liya dina padha dibalèni anggone rêmbugan ing bab maca.

Nagari Turki

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika sêsawanganipun tumpakan tram ingkang katarik sarana kapal, ing kitha Biskra.

--- 1576 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Kopêrasi Danaiswara

Miturut wara-wara saking pangrèh pakêmpalan kopêrasi Danaiswara ing Surakarta, pakêmpalan wau sampun ada-ada ngawontênakên Verbruiks-cooperatie, inggih punika ingkang karumiyinakên nindakakên pagêrjèn, toko-toko tuwin sapanunggilanipun, mawi andhil, saandhilipun rêgi f 2.50. Pambagenipun bêbathèn: 6% dhatêng băndha pawitaning pakêmpalan, dene kêkantunanipun 25% dhatêng pangrèh. 10% dhatêng punggawa, 5% kangge kabêtahan umum, 5% kangge kabêtahaning warga, 15% kangge andhungan, 5% kangge ngenggalakên prabot, 35% dhatêng andhil odhêr. Dhêdhapukaning pangrèh kawitan inggih punika: pangarsa M.Ng. Wigyamargana, panitra I. R.L. Purwakusuma, panitra II. M. Darsawiguna, artaka M.L. Marga Arjana, wasistha M.Ng. Wigyawiryana, R.L. Karnalaksita, M.L. Tatawardaya, M.L. Daryasayana tuwin M. Jayèngwarih. Juru pamrayogi: R.T. Mr. Wăngsanagara saha R.M.A. Bratadipura. Sintên ingkang kaparêng lumêbêt dados warga kenging lajêng mundhut andhil dhatêng panitra I. R.L. Purwakusuma ing kampung Jurutanèn (Badran) utawi dhatêng panitra II. M. Darsawiguna, ing kampung Kêmlayan.

Mr. Găndakusuma

Miturut A.I.D., gêgayutan kalihan pindhahipun Tuwan Mr. Dr. Supama dhatêng Bêtawi, Tuwan, Mr. Găndakusuma, pangarsa landrat ing Kraksaan, sampun ngaturakên panyuwun supados kapindhaha dhatêng Ngayogya. Tuwan, Mr. Gondakusuma wau putra mantunipun Kangjêng Pangeran Suryadiningrat.

Bêtawi - Ostraliah

Saking Londhon Aneta martosakên, dhirèksining K.N.I.L.M. sampun pirêmbagan kalihan Tuwan Scullin, mantrimuka ing Ostraliah bab sagêd utawi botênipun dipun wontênakên lampah pos anggêgana antawisipun Bêtawi kalihan Port Darwin (Ostraliah)

Ingkang bupati ing Serang

Miturut Banten Bode, ingkang bupati Serang R.A.A. Prawirakusuma, benjing wulan Januari taun ngajêng punika badhe tindak pêrlop, salajêngipun tanggal 5 April badhe lèrèh saking kalênggahanipun kanthi pènsiun.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana

Kala dintên Sêtu ingkang kapêngkêr wanci jam 5.40 Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral dalah sapèndhèrèk[3] sampun rawuh ing Tanjung Priuk, kinurmatan dening pangagêng sawatawis. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng têrus kondur dhatêng Bogor.

Tuwan J. Hardeman

Aneta martosakên saking Den Haag, Tuwan J. Hardeman tilas dhirèktur dhepartêmèn pangajaran, wiwit tanggal 1 Dhesèmbêr punika kawisudha dados pangagênging dhepartêmèn jajahan apdhèling ingkang kaping kalih, anggêntosi Tuwan van Brink.

Prakawisipun P.N.I.

Sasampunipun ngaso sawatawis dangu, wiwit tanggal 1 Dhesèmbêr ingkang kapêngkêr papriksan prakawisipun P.N.I. dipun lajêngakên dening landrad ing Bandhung, dipun pangarsani dening Tuwan Mr. Siegenbeek van Heukelom. Tuwan Ir. Sukarna saha Tuwan Supriyadinata sami mêdhar pledhoinipun, lajêng kasambêtan pledhoinipun tuwan-tuwan Mr. Sartana, Idhih saha Mr. Sastramulyana, wosipun anyuwunakên supados dakwa sakawan pisan, inggih punika tuwan-tuwan Ir. Sukarna, Gathot Mangkupraja, Maskun saha Supriyadinata sami kalêpatna saking sêrêgan. Kawartosakên, karampunganing prakawis punika badhe kadhawahakên benjing tanggal 22 Dhesèmbêr.

Ewah-ewahan pangrèh praja

Kados ingkang sampun kawartosakên, cacahing paresidhenan ing tanah Jawi badhe kaungkrêd. Miturut Soer. Hbl. tanah Jawi badhe kadhapuk enggal kados ing ngandhap punika:

Jawi Kilèn: 1. paresidhenan Bantên, 2. paresidhenan Bêtawi (apdhèling Bêtawi saha Krawang), 3. paresidhenan Bogor (apdhèling Bogor saha Priyangan kilèn), 4. paresidhenan Priyangan (apdhèling Priyangan têngah saha Priyangan wetan), 5. paresidhenan Cirêbon (apdhèling Indramayu saha Cirêbon).

Jawi Têngah: 1. Paresidhenan Pêkalongan (apdhèling Têgal saha Pêkalongan), 2 paresidhenan Banyumas (apdhèling Banyumas lèr saha Banyumas kidul, nanging kabupatèn Karanganyar botên katut), 3. paresidhenan Kêdhu (apdhèling Wanasaba saha Kêdhu), 4. paresidhenan Sêmarang (apdhèing Sêmarang saha kabupatèn Dêmak saha Grobogan), 5. paresidhenan Kudus (apdhèling Kudus, Rêmbang saha Blora).

Jawi Wetan: 1. paresidhenan Madiun (apdhèling Madiun saha Panaraga), 2. paresidhenan Kêdhiri (apdhèling Kêdhiri saha Blitar), 3. paresidhenan Bojanagara (apdhèling Bojanagara saha Grêsik), 4. paresidhenan Surabaya (apdhèling Surabaya saha Majakêrta), 5. paresidhenan Pasuruan (apdhèling Pasuruan [Pasuru...]

--- 1577 ---

[...an] saha Malang), 6. paresidhenan Prabalingga (apdhèling Prabalingga), 7. paresidhenan Bêsuki (apthèling[4] Băndawasa saha Jêmbêr), 8. paresidhenan Madura.

Wondene ingkang badhe nindakakên pangrèh praja inggih punika: gupêrnur 3, residhèn têrbêsêkiking 4, residhèn 19, asistèn residhèn ingkang kabantokakên residhèn 6, asistèn residhèn 77, kontrolir 32, kontrolir sèkrêtaris 19.

Pisê presidhèn Hooggerechtshof

Pisê presidhèn Hooggerechtshof, Tuwan Mr. E. Pino, wiwit tanggal 2 Mèi taun ngajêng badhe nyuwun lèrèh saking kalênggahanipun.

Bang enggal ing Surabaya

Dèrèng dangu awit saking ada-adanipun Tuwan Suparnadi, ing Surabaya sampun kaadêgakên bang enggal, kanamakakên Spaar-en Hulpbank Siswo Oetomo. Mênggah ingkang dados ancasipun bang wau inggih punika amarsudi murih para warganipun sami rêmêna nyèlèngi. Tuntutaning bang wau katindakakên dening Tuwan R. Mohamad Hasan.

Dhirèktur pinansiên

Tuwan van den Bussche, dhirèktur pinansiên ingkang dèrèng dangu punika tindak pêrlop dhatêng Syanghai, tanggal 5 Dhesèmbêr sampun rawuh ing Tanjung priuk.

Rad gêmintê Bêtawi

Kapilih dados warga rad gêmintê Bêtawi, Tuwan Haji Dhahlan Abdulah, minăngka gêgêntosipun Tuwan Dr. Syaaph ingkang pindhah dhatêng Surabaya. Tuwan Abdulah wau guru pamulangan Muhamadiyah ing Kêmayoran saha sampun nate dados guru basa Malayu ing pamulangan luhur ing Lèdhên (nagari Walandi).

Sultan ing Kute

Kala tanggal 13 Nopèmbêr ingkang kapêngkêr Paduka Sultan Mohamad Parikêsit, sultan ing ondêr apdhèling Kute wetan saha kilèn jangkêp 10 taun anggènipun ngasta paprentahan. Gêgayutan kalihan bab punika ing kraton dalêm ing Tênggarong dipun wontênakên rêsèpsi, dipun jênêngi dening Residhèn Borneo apdhèling kidul saha wetan tuwin sanès-sanèsipun.

Asiah

Pambekotan ing Indhia Inggris

Londhon 1 Dhesèmbêr (Spec. B.N.). Kenworthy warga Lagerhuis sampun nyuwun katrangan ing bab wontênipun pambekotan barang-barang Inggris ing Indhia Inggris. Katranganipun Ministêr Wedgwood Benn tumindaking pambekotan wau ing saindênging Indhia sampun mêndha, nanging ing Bombai taksih dipun lajêngakên, miturut statistik salêbêtipun kuwartal ingkang kaping tiga punika katimbang kalihan taun ingkang kapêngkêr wontênipun barang-barang ingkang kakintunan mêdal saking Inggris suda 43.6%.

Kaum abrit ing Tiongkok

Hangko, 2 Dhesèmbêr (Aneta-Reuter). Ing pungkasanipun Minggu ingkang kapêngkêr para kaum abrit ingkang sami ngalambrang ing propinsi Hunan, sasampunipun ngundurakên prajurit parentah saking Cangtèh, lajêng ngêbroki kitha wau. Têmpuking pêrang wontên 10 mil saking kitha Cangtèh. Para kaum kuminis wau lajêng sami lumêbêt ing kitha. Kadugi sadèrèngipun kitha wau dipun êbroki dening para kaum abrit, têtiyang Jêpan saha têtiyang mănca sampun sami ngili saking ngriku.

Rabindranat Tagor

Miturut K.P. sang minulya Rabindranat Tagor, ingkang samangke wontên ing Amerikah, wontên ing New York nandhang gêrah. Miturut papriksanipun dhoktêr panjênênganipun nandhang gêrah ing kêbuk. Sasampunipun saras, lajêng badhe kondur dhatêng Indhia.

Gupêrnur Selon enggal

Londhon, 1 Dhesèmbêr (Aneta-Reuter). Sir Graeme Thomsom, gupêrnur ing Nigeriah, kawisudha jumênêng gupêrnur ing Selon.

Eropah

Prakawis sakuthu ing Sêpanyol

Madrit, 1 Dhesèmbêr (Aneta-Reuter). Papriksan prakawisipun tiyang sawatawis ingkang kadakwa sakuthu mêngsah nata Sêpanyol saha suwargi Primo de Revera ing taun 1926, sampun rampung. 4 kadhawahan paukuman kunjara 8 taun, jalaran sampun anyobi badhe amrêjaya pangagênging parentah, 1 kaukum kunjara 1 wulan, sanèsipun kaluwaran.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 254 ing Pucakwangi. Panjênêngan lumêbêt dados lêngganan wiwit 1 Juni 1930. Dados f 1.50 ingkang kasêbut rêsi punika tumrap wulan: Sèptèmbêr dumugi Nopèmbêr. Dhesèmbêr, nunggak.

Lêngganan nomêr 1180 ing Kras. f 3 punika tumrap wulan: April dumugi Sèptèmbêr 1931.

Ing Kajawèn nomêr 97 ing irah-irahaning rêmbagipun Petruk lan Garèng, bab maos, punika sawêg mêdal kaping IV, dados nomêr VI ing irah-irahan wau lêpat, lêrêsipun IV.

--- 1578 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

8.

[Asmaradana]

Upami kalajêng yêkti | pun Citra nêmahi tiwas | badhe kaduwung ing têmbe | sintên kang mangguh pituna | yêkti amung paduka | kang mung jalaran mituhu | wêca kang dèrèng sanyata ||

sri nata dupi miyarsi | ing galih kanggêg sakala | malah nganggêp ing ature | Pangeran Abaya nyata | lêpas ing panggraita | amila dènira matur | dhinahar jêng sri narêndra ||

awit sang pangeran yêkti | putra nata kang pangarsa | wajib ginalih ature | lan malih pangran dipatya | kang wus darbe wasesa | datan pae kadi ratu | kang wus amêngkoni praja ||

mangkya kênthêling panggusthi | sang putri tan sinedanan | nanging linintu ing mangke | sang putri tan kenging mêdal | mrih tan winruhan liyan | măngka ngalangi pakewuh | nyingkirakên sambekala ||

kaparênging nata mangkin | sang putri arsa pinrênah | nèng gêdhong kang dahat gêdhe | mung mawa saka sajuga | tan tinrapan jandhela | marganing padhang dumunung | mung saking luhur kewala ||

wiwaranira sawiji | mung maligi ajogira | maring pasarean katong | miwah kangjêng pramèswara | sinungan juru jaga | pawèstri kang sampun sêpuh | anggung rumêksa wiwara ||

rarasing papan nyamèni | tan pae kadi kunjara | dahat nyênyêt ing jêrone | dene wêwêngkon ing jaba | anggung têtêp jinaga | ing para prajurit satus | tumêmên pangrêksanira ||

jalaran trêtip kapati | tangèh janma sumurupa | maring warnanya sang sinom | sanadyan mung sacleretan | lăngka ingkang uninga | marma satuhu sang ayu | piningit lir winisesa ||

sugêngira sang suputri | mung ijèn datanpa rowang | kang wênang kapangguh mangke | amung ibu miwah rama | tuwin Pangran Abaya | aliya tiga puniku | tan pisan kêni srawungan ||

kang kadi mangkana yêkti | sang putri dahat sangsaya | lir siniksa salamine | tan antuk rasèng sawangan | mung raras kinunjara | ing siyang pantara dalu | datan mangguh rowang ngucap ||

ing kala-kala sang putri | yèn kapêtêk onêngira | arsa uning jêng pamase | mung madêg anèng wiwara | rasa angarsa-arsa | nanging kongsi tumalawung | datan pasthi kasêmbadan ||

rujit rasaning panggalih | kala anggagas mangkana | mung èngêt rama ibune | nanging tan pisan kawasa | dening satêbanira | kang wis marapêt barukut | tan wontên padhang sumêla ||

dadya sang putri tan bangkit | mulat asrinirèng taman | kang dahat anêngsêmake | yèku taman kang rumêngga | angubêngi kadhatyan | sarwa titis adiluhung | kang raras kadi suwargan ||

mung kala-kala sang putri | mirêng janma rêrêmbagan | wadya jagi sajawine | angraosi mring sang rêtna | ing kasulistyanira | nulya sinambungan rêmbug | cêtha rinungu mangkana ||

bêgja têmbe kang mêngkoni | mring putri kang dahat endah | tan ilang dèn doli gawe | nanging sanggyanirèng wadya | samya datan uninga | maring wêca kang dhumawuh | kang dahat mawèh sangsaya ||

pangiraning pra wadyaji | denya sang putri rinêksa | kanthi kasantosan gêdhe | mung lugu saking anjaga | mring karahayonira | ywa pisan kongsi kadulu | ing priya ingkang kuciwa ||

sang putri miyarsa titi | tumuli angunandika | yèn ta kawiyos mangkene | paran ta darunanira | dene ingsun siniksa | kang dahat siya satuhu | ingsun kongsi tan anduga ||

sun tan pisan ngrumasani | darbe tindak kaluputan | pira bara luput gêdhe | kaya nora pisan-pisan | dene têka siniksa | lir dhêndhaning tindak luput | kang tan kêni ingapura ||

măngka awak ingsun iki | tan pae lan pra nonoman | arsa suka lir lumrahe | dhuh dhuh paran dosaningwang | dene amangguh siksa | kang dahat abot kalangkung | nandhang susah sabên dina ||

tan wêruh padhanging langit | lintang-lintang ing akasa | kang samya arêbut sorot | araras taman ing tawang | myang kukila kang saba | kang milangêni pandulu | mawèh suka sabên dina ||

pêpasthène awak mami | kudu anêmoni susah | pinisah lan sasamine | nèng gêdhong datanpa rowang | sêpi tanpa sawangan | wusing katog dènnya muwus | sang putri nulya udrasa ||

riwusing antara ari | sri nata lan pramèswara | paring dhawuh katrangane | marma sang putri pinrênah | nèng papan kang asonya | mung măngka sranèng rahayu | murih sang putri lulusa ||

sadaya mung mrih pamardi | supaya sang putri benjang | antuk kautaman gêdhe | dene kang măngka sarana | amung tindak mangkana | aywa pisan salang-surup | ngêngira kang datan nyata ||

sang putri wusing miyarsi | wêcaning ibu lan rama | ragi lêjar ing galihe | nulya tinămpa narima | tan darbe panalăngsa | sadaya mung sarwa nurut | mituhu sadhawuhira ||

sanadyan ing galih lilih | umèngêt putri utama | ananging ta sajatine | awratira datan kira | dènira kinunjara | tan sirna dening panglipur | mung andhandhang kasusahan ||

V. Dèwi Citra krama

[Dhandhanggula]

Wus pinasthi tan kêni winadi | sulistyaning warna Dèwi Citra | sanadyan dèn umpêtake | tan dèn ucap dèn wuwus | myang tan pisan winruhan janmi | anggung sidhêm pinrênah | mungging papan suwung | sanadyan janma ing pura | datan pisan wênang umulat sang putri | dening rêmpit kaliwat ||

parandene sumêbaring warti | tanpa pilih sagon-gon warata | janma samya ngucap rame | sulistyanya sang ayu | malah prapta măncanagari | anggung dadya pocapan | nanging jatinipun | tangèh kang mikir tumêka | awit nadyan priya putraning narpati | datan pasthi tinămpa || (Badhe kasambêtan)

--- 37 ---

Nomêr 10 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu

Bocah Ambêlêr

Ambêlêr kuwi pancène pitik, yèn bocah iya bocah cilik, sing durung ngrêti bênêr luput, nanging ambêlêre bocah sing wis rada gêdhe, sok dadi jalaran calon bocah climut.

Ana bocah ambêlêr, jênênge Si Bêlêr. Wah, mêgah-mêgahake. Dhêmêne nyolongi wowohaning uwong sing isih ana nguwit. Sawijining dina ajak-ajak karo kancane dolan jênêng Turut, Bêlêr kănda: Rut, ayo, padha nyolong rambutan nyang gone Pak Bithi.

Turut: Êmoh, ah, aku wêdi. Wong Pak Bithi kuwi kêrêng.

Bêlêr: Sing nyolong aku, kowe ngrewangana bae.

Turut: Iya ta, yèn mung ngrewangi bae.

[Grafik]

Bocah loro banjur padha mlêbu mênyang pomahane Pak Bithi. Lagi blêng bae, Bêlêr wis alok: adhuh, athik ana rambutan abange nganti ithêng, kiraku yèn dicêplus, duduhe sêgêr. Ana kae dhuwure kok mrêtanggung ngono: kapriye, Rut.

Turut: Disawati bae.

Bêlêr: Lo aja. Mêngko rak konangan. Wis ngene bae, kowe ambungkuka, aku tak ancik-ancik gêgêrmu, mêsthi wis geduk.

Turut banjur ambungkuk, Bêlêr munggah mênyang gêgêr karo muni: bisêmilah, lan barêng ngadêg, têmênan wis geduk rambutan, banjur mêthiki karo mangani, Turut calathu karo jondhal-jondhil: Wis ta, rikat, aja enak-enak nèk konangan. Dilalah, Pak Bithi têka têmênan, Turut wêruh, banjur malayu, Si Bêlêr diuwalake warasan, tujune cah prigêl, banjur anggênteyong, malah gumaiban, cangkême muni: tujune Radèn Anoman.

Bêlêr ora wêruh yèn Pak Bithi wis ana ngisore, sarta banjur ambithi bokonge Bêlêr karo muni: Ayo Anoman mudhuna, kapluk.

Bêlêr kêbacut-bacut anggone pinaringan lali, dikira sing ambithi mau Si Turut, malah muni: Papana pundhakmu, tak jlogi, kirik.

--- 38 ---

Pak Bithi nêpsu bangêt, sikile Bêlêr dicandhak, karo ambithi bokong manèh.

Bêlêr lagi krasa, gulune banjur ambèkêr nyawang mangisor karo isih gandhulan, wêruh Pak Bithi, cêp, ora bisa cumuwit manèh. Pak Bithi muni songol: Kowe pancèn calon wêri: ya, nyêpèlèkake mênyang wong tuwa. Mêdhun apa ora.

Bêlêr mangsuli ngarih-arih: O, bapak, kula nyuwun ngapuntên, nanging kula panjênêngan andhapakên, mangke kula nyêmbah, awit sapunika kula badhe nyêmbah dèrèng sagêd. Punika lo tangan kula kalih pisan taksih kula angge gandhulan.

Pak Bithi glêgês, angguyu, Bêlêr didhunake, sawise têkan ngisor, Bêlêr dibithi manèh bokonge, kêpluk, karo diabani: lunga.

Bêlêr ngrakake lara, banjur lunga karo pringisan, turut dalan grênêngan: Kapok aku saiki.

Gojegan

Bocah lanang kang aran Si Wasis, kalêbu bocah pintêr lan sugih rêmbug, sabên omong-omong karo kancane, kêrêp bangêt gawe pitakon kang ambingungake. Anuju sawiji dina, panuju padhang bulan, Si Wasis undang-undang kancane kang ditrêsnani, jênênge Si Mursid. Têmbunge: Sid Sid ayo padha dolanan.

Mursid: Dolanan apa, Sis, lagi ana dayoh.

Wasis: Rewangmu sapa ta.

Mursid: Rewangku, Si Lumuh lan Si Bandhol.

Wasis: Tiwas kêbênêran. Ayo ta, reneya, dadi patan. Bocah papat banjur padha ngumpul. Si Wasis miwiti gunêman.

Wasis: Rèhning siki wis padha sêkolah, ora dolanan bae, nanging lungguhan karo gunêman kang maedahi, ngiras kanggo sinau ngulir budi.

Mursid: Ya, nanging ya aja angèl-angèl.

Wasis: Aku duwe pitakon marang kowe, bocah têlu, pitakonku, apa kowe wus padha tau wêruh wewe.

Bandhol: Ah, Sis, pitakonmu kok anèh, wewe, kok ditakokake, wewe kuwi rak mêmêdi, mêsthine ora katon.

Lumuh: Moh, Sis, nèk gunêman bangsane mêmêdi, wong bêngi-bêngi ngene, aku dhak wêdi mulih.

Wasis: O, la wong ya kowe, Muh, jirih têmên, măngka aku wis kulina bangêt. Malah wis tau makani.

Lumuh: Ah, kuwi lăngka, wong wewe kuwi bangsane lêlêmbut. Kok mangan barang, mangana ya kutug.

Mursid: Aja kêsusu maido, bèn ditutugage gunêmme.

Wasisi: Ta, padha rungokna, wewe, kang dak pakani kuwi ora duwe kuping, bisa mènèk kaya kêthèk, malah luwih prigêl. Anggêr kowe nyang bonraja, ya wêruh.

--- 39 ---

Bandhol: Goroh, Sis. Kowe, ki, aku kêrêp bangêt nyang bonraja, gene ora tau wêruh.

Wasir:[5] We, la, piye ta nèh, kowe ki padha bodho-bodho têmên. Wewe tanpa kuping we kok ora wêruh. Hara tak takoni, kramane inggil kuping ki apa.

Mursid: Wis, kêcandhak. Talingan, ya apa ora.

Wasis: Bagus, Sid, la saiki kari gampang bae, wewe, tanpa talingan iku apa.

Mursid: O, iya, dadine, wawa, layak bisa mènèk.

Bandhol: Kuwi, srekalan, Sis.

Wasis: Mula, aku kăndha, kanggo sinau ngulir budi.

Bocah têlu padha surak-surak ngalêm marang kawasisane Si Wasis. Sarta rumasa, bathi kawruh.

Mursid, Bandhol lan Lumuh, sarèhning wis wêngi, banjur padha mulih. Nanging Si Mursid duwe panjaluk supaya têmon manèh.

Tani.

Ni Thowok

III

Ing kalane bocah-bocah nuju padha dolanan Ni Thowok, saya bêngi saya akèh bocah-bocah sing têka, ramene ora kira-kira. Barêng Ni Thowok wis têka sarta wis disindhèni, kang surasane kaya ambagèkake, Ni Thowoke iya sajak kaya dhayoh tênan. Barêng wis rada suwe banjur disindhèni ilir-ilir, le ngarani iya diilir-ilir, sindhènane mangkene:

Lir-ilir, tandure wong sumilir, tak ijo royo-royo, tak sêguh pangantèn anyar, cah angon cah angon pènèkên blimbing kuwe, lunyu-lunyu pènèkên, dinggo masuh dododira. Dododira, kumitir bêdhah pinggire, domana jlumantana, dinggo seba mêngko sore, mumpung gêdhe rêmbulane, mumpung jêmbar kalangane, suraka, surak iyo.

Sawise diilir-ilir mangkono mau, rumasane bocah-bocah sing dolanan, Ni Thowoke kaya nglilir. Banjur disambungi sindhènan mangkene:

Ilir-ilir gunanthi, sabuk cindhe lir gunanthi, gilang-gilang layone, layone bok lara ugung, alah ugung dening dewa, alah dewa dening sukma, widadari tumuruna, gumrubyuk barêng sêsanga, suraka, surak iyo.

Barêng wis disindhèni mangkono mau, pangrasane bocah-bocah sing padha dolanan, Ni Thowoke kaya urip. Malah ana sing banjur muni, Ni Thowoke kok ngilo, banjur didhingklukake ngarêpake pangilon. Tandhane yèn wis dadi, Ni Thowoke krasa antêp ana ing tangan, lan yèn dipoyoki jare arêp ngoyak sing moyoki. Lumrahe sing tukang moyoki mau bocah lanang.

--- 40 ---

Kocapa Bêja pancèn bocah andhugal, pijêr moyoki Ni Thowok bae, suwe-suwe malah moyoki bocah sing nyêkêl Ni Thowok, unine: Ni Thowoke ora ayu, èlèk, kaya sing padha anggocèki.

Bocah wedok sing anggocèki: Sariyêm karo Sariyah, barêng krungu dipoyoki ngono mau muring-muring, wahna wis ngrêti yèn sing mêdèni ana ing jaratan iya Si Bêja, mula banjur nyat ngadêg, Ni Thowoke digawa, bocah akèh alok: Ni Thowoke dadi, Ni Thowoke dadi. Bêja ora ngrêti yèn sing diparani dhèwèke, wêruh-wêruh raine wis dikabruki Ni Thowok, ikête Bêja mêncêlat, raine nganti barut-barut. Bêja jêlèh-jêlèh anjaluk tulung.

Êmbahne Sariyêm kăndha: La, wong kowe Ja, Ni Thowok lagi dadi, kopoyoki, mêsthi bae muring-muring, wahna Ni Thowoke lantap.

Bêja mangsuli karo mêgap-mêgap: Ora, Ni Thowoke ora dadi, pancèn Sariyèm arêp anglarina aku.

Êmbahne Sariyêm: Mongsok. Sariyêm rak mung sadrêma.

Bêja: Sadrêma apa, pancèn dijarag, tandhane nganggo anjiwiti barang.

Bocah-bocah sing padha krungu banjur angguyu: gêr, bêbarêngan.

Sariyêm rumasa kêwêlèh akale, banjur muni: Bêja pancèn bocah andhugal, dhèwèke mêntas mêdèni ana ing jaratan.

Bocah akèh banjur muni barêngan: Wis, Bêja ditaboki sisan bae.

Êmbahne Sariyêm banjur misah, bocah sing dolanan banjur bubar. Ragangane Ni Thowok dibuwang ana payon.

Esuke bocah-bocah wedok niliki ragangan Ni Thowok karo padha alok: mêsakake.

Wulang

He, bocah- bocah gilo padha nontona, ana kucing anèh.

Hara coba, apa kowe wis padha wêruh kucing sobatan karo tikus. Rak durung, ta.

Iki ana kucing wêton Taman Bocah, padha sanakan karo tikus. Malah tikuse padha ngêjak dolanan, kucinge mênêng bae.

Satêmêne iki mung dongèng, nanging ana pakolèhe. Karêpe dongèng, bocah-bocah aja padha jirihan, banjur clingus wêdi karo uwong. Awit durung mêsthi wong sing kowêdèni bakal gawe sangsaramu, trêkadhang malah gawe bêcik.

[Grafik]

Mangkono uga bocah wêdi srêngên, kuwi satêmêne mung saka rikuh mênyang lupute dhewe, awit tibaning srêngên, mung jalaran saka lupute dhewe.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Kajawi. (kembali)
olèhe. (kembali)
sapandhèrèk. (kembali)
apdhèling. (kembali)
Wasis:. (kembali)