Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12-17, #572

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12-17, #572. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12-17, #572. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 101, 25 Rêjêb Taun Jimawal 1861, 17 Dhesèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1611] ---

Ôngka 101, 25 Rêjêb Taun Jimawal 1861, 17 Dhesèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50 bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sunglon Pêrmisan

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar sunglon pasisir Pêrmisan, ing Paresidhenan Bêsuki.

--- 1612 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Blaasteen (Sêsakit watunên ing puyuhan)

Sêsakit ing puyuhan (blaas) ingkang wontên selanipun, punika limrahipun ènthèng awrating sêsakit gumantung agêng alitipun saha kathah kêdhikipun sela, limrahipun sela wontên ing nglêbêt puyuhan gumlethak, manawi ingkang sakit ebah utawi alihan, sagêd anglindhing utawi pindhah panggenan. Sela ing nglêbêt puyuhan wau agêngipun wiwit sami las-lasan uwos, ngantos sagêd sami tigan banyak, utawi langkung agêng malih. Trêkadhang ing puyuhan namung wontên sela lêmbat-lêmbat kadosdene pasir.

Ingkang sakit kraos sakit ing panggenan puyuhan ngandhap pusêr nglêbêt dumugi planangan lan dubur, manawi kangge mlampah nênumpak tram utawi sanèsipun tumpakan, saya kraos sakit. Manawi kangge tilêm ing wanci dalu botên kraos sakit. Lare jalêr ingkang sakit makatên, asring ikut planangan dipun jiwit-jiwit, dipun odot-odot, ngantos planangan abuh lan sagêd dados panjang. Lare alit ingkang sakit watunên, asring duburipun mêdal, jalaran kangge ngêdên-ngêdên sangêt.

Ingkang sakit sakêdhap-sakêdhap badhe sêne utawi kêdah sêne, trêkadhang sagêd mancur lajêng kèndêl, jalaran sela nutupi bolongan uyuh. Manawi ingkang sakit ebah-ebah, nguyuhipun sagêd ngêdalakên êrah, manawi kangge kèndêl sagêd mampêt mêdalipun êrah.

Sagêdipun nêtêpakên manawi ing puyuhan wontên selanipun sayêktos, ingkang sakit kapriksa mawi Steensonde mawi Rontgenstralen utawi blaasspiegel.

Steensonde punika prabot gilig, nikêl, ing 1/3 perangan pucuk, bengkong ingkang dipun lêbêtakên ing planangan anjog ing puyuhan. Manawi ing puyuhan wontên sela, prabot anggêpok barang atos (sela) tanganipun ingkang nglêbêtakên prabot kraos.

Rèhning botên wontên jampi lêbêt ingkang sagêd ngêjur sela lêrês, mila sela kêdah kaêjur mawi prabot kadosdene japit mawi mêsin alit, manawi nglêbêtakên ing planangan, japit dipun ingkêmakên, sasampunipun ing lêbêt puyuhan, prabot sagêd mênga sarana sêntil mêsin wau, lajêng sagêd anjapit sela, kenging dipun jur, ananging botên mêsthi sela gampil dipun japit utawi gampil ajuripun. Mila ingkang sampurna wêtêng ing ngandhap pusêr utawi ing ngandhap planangan dipun bêlèk, lajêng sela sasampunipun katingal dipun japit kaêdalakên, ingkang damêl operatie kêdah dhoktêr ingkang ahli (operateur).

Sela ing puyuhan manawi botên kaêdalakên,

--- 1613 ---

ingkang sakit tansah susah sakitên saha sagêd ambêbayani, awit sela ing lêbêt puyuhan sagêd adamêl korèng-korèng, jalaran sela anggêpak-angpokanggêpak-anggêpok. daging kêndhangan ing nglêbêt puyuhan wau, korèng-korèng wau sagêd mrèmèn dadondados. wiyar, utawi bibit sêsakit bacil, sagêd lumêbêt ing korèng lajêng anjog ing êrah sagêd dados bloedvergiftiging sagêd aniwasi.

Raos Jawi

Kontul Diunèkake Dhandhang, Dhandhang Diunèkake Kontul

Têmbung saloka ing nginggil têmtunipun para maos ugi sampun botên kêkilapan dhatêng kajêngipun. Ewadene kados botên wontên awonipun saupami kangge sêsêlaning wêwaosan ing udyana Kajawèn ngriki, bokbilih sagêd manjing dados pêpèngêt sawatawis, tumrap manah ingkang nuju kêsupèn, dene katranganipun makatên:

Pêksi kontul punika ulêsipun pêthak, minôngka ngibarating tiyang suci, liripun tiyang ingkang anggadhahi watak tuwin kalakuan sae. Dene pêksi dhandhang cêmêng, ngibaratipun tiyang ingkang awon, inggih tumraping watak saha kalakuanipun. Dados kontul diunèkake dhandhang, punika atêgês tiyang sae dipun awadakên awon, dene dhandhang diunèkake kontul, atêtêsatêgês. kosok wangsulipun.

Dados têmbung saloka kalih warni ingkang akosokwangsul wau prêdikanipun sami mêngku kajêng awon. pramila saupami wontên salah satunggaling tiyang ingkang ngêcakakên tindak ngantos kenging kasalokakakên kados ing nginggil wau, nelakakên bilih tiyang wau awon kalakuanipun, kados ta: botên barès, rêmên awad-awad tuwin parawadulan, ingkang yêktosipun botên lêrês. Wontênipun makatên, ingkang adhakan sangêt inggih punika kabêkta saking melik, angkahipun mikangsalakên badanipun piyambak, utawi sanak batihipun ingkang dipun trêsnani. Lan malih tanpa ngèngêti bilih tindakipun wau badhe sagêd anjalari dados kasusahan lan kasangsaraning sanès. Inggih punika tiyang ingkang winadulakên.

Tumrapipun tiyang nyambut damêl nunggil golongan, manawi botên rukun, asring kemawon lajêng nuwuhakên tindak ingkang kados makatên wau, wah punika ambêbayani sangêt, awit tuwuhing tindak nistha wau, trêkadhang pinanggih wontên ing salah satunggaling tiyang ingkang kapengin kanggêp pangawulanipun, utawi tiyang sanès golongan ingkang pancèn ngêmungakên melik pokil.

Yèn patrap makatên wau thukul wontên ing salah-satunggaling tiyang ingkang nuju kinasih ing bandara, upaminipun, môngka pun bandara utawi lêlurahipun pancèn botên anggadhahi watak adil, sampun têmtu kemawon sagêd adamêl kasangsaran, tiyang ingkang dipun wadulakên, dening lajêng dipun gêthingi, [gêthing...]

--- 1614 ---

[...i,] dipun kèndêli utawi sanès-sanèsipun. Yèn tiyang ingkang dipun gêthingi utawi dipun kèndêli wau sayêktosipun rêsik, botên kalepetan ing lêpat sakêdhik-kêdhika, cobi punapa botên mêmêlas sangêt makatên punika ... o, sainya.saiba.

[Grafik]

Cidraning para Korawa.

Ewadene mirid saking cêcriyosan, tindak ingkang kados makatên wau wiwit kina mila asring pinanggih, lan botên ngêmungakên bôngsa Jawi kemawon, mila inggih botên anggumunakên, kados ta Sang Pandhita Durna, utawi Patih Sangkuni kalanipun wontên ing lampahan Partakrama, anggèning ambombong para Korawa supados sami ngrêbat sasrahan saking darah Pandhawa, ngantos dipun rencangi tindak kalêbêt ing saloka wau, dening sami kawon pêrangipun, inggih punika gadhah atur dhatêng Sri Krêsna bilih: kêbo bule pancal panggung 44 cacahipun sampun pikantuk nanging binegal dening Gathutkaca. Bale kancana suku dhomas ugi angsal nanging sapunika binegal dening pun Wrêkudara. Gamêlan Lokananta, widadari tuwin sanès-sanèsipun, rinêbat ing Prêmadi …, salajêngipun, tur sajatosipun barang-barang sasrahan wau lugunipun asli saking angsal-angsalanipun para Pandhawa piyambak, mila tindakipun Sang Sangkuni wau kenging sinalokakakên: kontul diunèkake dhandhang tuwin kosokwangsulipun. Ananging kadospundi kawusananipun, punapa Radèn Janaka sande dhaup kalihan Wara Bratajaya, botên. Mila sarêng sampun kêwiyak [kêwi...]

--- 1615 ---

[...yak] wêwadosipun, para darah Korawa lajêng sami kalingsêman.

Wontên malih ing Sêrat Kêmbangjaya, nimbok Sukmayana inggih garwa Wadana ing Majasêmi, kalanipun gandrung dhatêng Radèn Kêmbangjaya, nanging wantunipun tiyang kanggenan manah suci lan luhur budinipun, Radèn Kêmbangjaya botên pisan-pisan angrojongi dhatêng kêkajênganipun nimbok Wadana, satêmah adamêl runtiking panggalih, pungkasanipun kadugi ngêcakakên tindak ingkang botên lêrês, inggih punika matur dhatêng lakinipun kados suraosing salokan wau, kirang sakêdhik dados jalaraning tiwasipun Radèn Kêmbangjaya, tujunipun taksih pinayungan ing dewa, kadadosan wilujêng. Makatên tuwin sanès-sanèsipun malih.

Dados sapunika cêtha sangêt, wontênipun tiyang purun tumindak botên gênah wau, sabagean agêng kabêkta saking melik, mila lajêng wontên bêbasan: melik anggendhong lali. Ananging kadospundi kawusananipun tiyang ingkang atindak nistha ing budi wau, sampun têmtu badhe ngraosakên pidana agêng, saking ngadiling Pangeran. Kosokwangsulipun: sintên ingkang atindak sae, sanadyan dipun paeka ing sanès, sampun têmtu manggih wilujêng kemawon. Janji lair batosipun suci, ambêk rahayu, trêkadhang malah pikantuk kanugrahan agêng ing wingking, tôndha bilih ambêk rahayu wau tansah pinayungan ing Hyang Widhi. Makatên nitik saking kupiya ingkang sampun-sampun, jêr Gusti Allah punika botên kasamaran dhatêng ebah-osiking kawula.

Pramila rèhne ing donya sampun kathah têtuladan ingkang sae makatên, supados dadosa gêgaman tuwajuhing manah sisip punika, tiyang wajib kêdah angèngêti dhatêng ungêl-ungêlan makatên: apa kang sinêbar ing manungsa, iya iku kang bakal diênèni.

Dados mênggahing wosipun: awon saening kalakuan ingkang kaêcakakên dening manungsa punika, upaminipun kadosdene tiyang nyêbar wiji, samangsaning awoh sampun têmtu inggih lajêng dipun undhuhi piyambak-piyambak. Nyêbar jagung inggih awoh jagung, nyêbar sêmôngka inggih ngundhuh sêmôngka, makatên salajêngipun, awit botên limrah wontên tiyang nyêbar wiji sêmôngka lajêng awoh jagung, tuwin kosokwangsulipun.

Sampun, karangan punika cêkap katutup samantên kemawon, botên langkung tuna dungkaping atur kula mugi para maos angêgungna samodra pangaksama, lan wosipun sadaya wau namung nyumanggakakên ing panampi.

Nirrasa.

Kêpanjèn - Malang.

--- 1616 ---

Bab Ringgit

Prabu Basupati

Prabu Basupati punika putranipun Prabu Basurata, nata ing Wiratha, nalika taksih sinatriya, nama Radèn Bramaneka.

Radèn Bramaneka nalika sampun diwasa tinaros krama dening ingkang rama, nanging sang radèn lumuh, awit botên nêdya krama manawi botên angsal widadari. Ingkang rama sangêt duka, Radèn Bramaneka lajêng katundhung, kesah sapurug-purug.

Lampahipun Radèn Bramaneka kalunta-lunta wontên tengahing wana, ing ngriku kapêthukan wanita sakalangkung endah ing warni, dipun pitakèni ngakên nama Dèwi Endradi, sajatinipun widadari. Radèn Bramaneka rumaos pinuju ing panggalih, Dèwi Endradi kataros badhe kagarwa.sang dèwi inggih purun, nanging gadhah panuwun, supados sang radèn nyirnakna gajah ingkang tansah ngoyak-oyak, Dèwi Endradi lajêng nyariyosakên, ing sakawit sang dèwi kecalan pangagêmanipun, lajêng sayêmbara, sintên ingkang sagêd manggihakên, nêdya dipun ngèngèri, wusana wontên gajah pêthak katingal, sagah manggihakên, awit pancèn gajah punika ingkang mêndhêt. Radèn Bramaneka nyagahi lajêng mapagakên pêrang kalihan gajah, gajah kasoran badar dados manungsa, nama Radèn Oya. Dèwi Endradi kalampahan dipun garwa dening Radèn Bramaneka, saha lajêng wangsul kondur dhatêng Wiratha.

Sadumuginipun nagari Wiratha lajêng sowan ingkang rama, nanging Prabu Basurata ngintên manawi ingkang dipun garwa wau tiyang èstri sawiyah kemawon, Radèn Bramaneka matur manawi sayêktosipun widadari. Sang prabu lajêng mundhut tôndha saksi, andhatêngakên Rêtna Dumilah, awit manawi nyata widadari tamtu sagêd andhatêngakên, kalampahan Dèwi Endradi sagêd andhatêngakên Rêtna Dumilah. Sang prabu lêga ing galih, lajêng andhatêngakên suka.

Sarêng Prabu Basurata sampun diwasa lajêng mandhita, sèlèh kaprabon dhatêng Radèn Bramaneka jêjuluk Prabu Basupati. Dados Radèn Bramaneka kasêmbadan sagêd jumênêng nata, krama widadari. Prabu Basupati pêputra kakung miyos saking Dèwi Endradi, pinaringan nama Radèn Basumurti, nanging Dèwi Endradi lajêng muksa. Sasedaning garwa, sang prabu sakalangkung sungkawa ing galih.

Nagari Wiratha lajêng kadhatêngan pagêblug agêng, tiyang sakit enjing, sontên pêjah, sakit sontên enjing pêjah, andadosakên sungkawanipun sang prabu, lajêng rêmbagan kalihan kiyai patih, punapa mênggahing kang dados têtumbalipun. Kyai patih matur, botên wontên malih ingkang dados sarananipun, kajawi ingkang sinuhun kaparênga krama, awit nata ingkang tanpa sisihan punika bêntèr. Sang prabu mirêng atur makatên wau sakalangkung duka, kyai patih lajêng katundhung saking praja Wiratha saanak rabinipun.

Prabu Basupati saya sungkawa ing galih, ngantos botên dhahar botên sare, namung nênuwun ing dewa. [de...]

--- 1617 ---

[...wa.] Sang prabu angsal wangsiting dewa, ingkang dados sarana sirêping pagêblug, amêndhêta putra, putranipun Dèwi Bramaneki nama Radèn Kano, putra nata ing Gilingwêsi, dados putra penakan piyambak. Kalampahan Radèn Kano kapundhut putra, pagêblug sirêp. Radèn Kano dipun kanthèni pamong nama Dèwi Pakiswara, lajêng kagarwa Prabu Basupati. Dèwi Pakiswara pêputra Radèn Basukèsthi.

Praja Wiratha lajêng pêpêrangan kalihan praja Purwacarita, praja Purwacarita bêdhah. Sabêdhahing praja, Prabu Basupati karênan ing galih mariksani pasang rakitipun praja Purwacarita, lajêng kaparêng pindhah praja dhatêng Purwacarita. Jumênêng nata binathara, nanging lajêng pindhah praja malih sarana badhe praja enggal, awit ila-ilanipun praja ingkang sampun bêdhah punika botên prayogi kaagêm malih. Praja enggal wau nama praja Wiratha kaping kalih.

Sajumênêngipun nata Prabu Basupati, kathah ewah-ewahaning praja, anggalih dhatêng para santana, para putra sami pinrênahakên piyambak-piyambak, têtêp anggènipun jumênêng nata binathara.

Sarêng sampun dumugi ing titimôngsa, sang prabu dalah para garwa sami gêrah wêkasan seda, jalaran mêntas sami dhahar jamur, ingkang dipun wastani jamur wayurakana.

Propesor Rabindranat Tagore

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun Sang Minulya Propesor Rabindranat Tagore nalika gêrah wontên ing griya sakit ing Amerikah.

--- 1618 ---

Bab Tanêman

Jambêt Dêrsana

Têmbung jambêt, limrahing kathah dados kramanipun: jambu. Nanging tumrap ing Porstênlandhên (Surakarta, Ngayogyakarta) ing padhusunan têmbung jambêt kajawi atêgês jambu, ugi dados kramanipun: jala, jaro, jarak, jalu ayam. Dene têmbung dêrsana saking Kawi jarwa = wungu, latu, utusan, tuladan, lupiya. Dados jambêt dêrsana atêgês jambêt ingkang warninipun wungu.

[Grafik]

Jambêt dêrsana.

Para maos têmtu sampun kathah ingkang pirsa woh jambêt dêrsana, bilih taksih nèm dumugi wanci nyadham, warninipun pêthak, nanging bilih sampun sêpuh matêng ing uwit, lajêng santun awarni wungu sêpuh. Namung sami wowohan jinising jambêt, wit jambêt dêrsana punika awis sangêt wontênipun, botên sabên pakampungan tuwin padhusunan têmtu wontên witipun jambêt dêrsana, ingkang adhakan wontên amung pakarangan utawi cêpuri padalêmanipun bôngsa luhur tuwin padalêmanipun para priyantun agêng, makatên punika dening angèling pananêm, botên gampil sagêdipun gêsang kadosdene jambêt sanès-sanèsipun. Jambêt dêrsana punika sanadyan wohipun langkung pèni, raosipun lêgi, ewadene botên kêlimrah ing pêkên-pêkên umum wontên sêsadeanipun jambêt dêrsana, makatên malih, ugi botên kêlimrah kangge pasamuwan katata ing meja dhahar.

Gugon-tuhon tumrap bôngsa kita kaum kina, kathah ingkang nyariyosakên, têtiyang asli alit botên kenging nanêm wit jambêt dêrsana ing pakarangan utawi pasitènipun, kathah sangêt warilipun, kajawi têrahing bôngsa luhur punapadene para priyantun agêng ingkang pakarangan utawi padalêmanipun kuwawi katanêman wit jambêt dêrsana. Ananging gugon-tuhon makatên punika tumrapipun jaman samangke sampun botên dipun paèlu, langkung-langkung kaum mudha, saya sampun botên pitados babarpisan. Wontênipun wit jambêt dêrsana botên sagêd kathah cacahipun ing pundi-pundi wontên, punika amung saking jalaran angèling pananêm, cangkokan punapa dhêdhêran botên tamtu [ta...]

--- 1619 ---

[...mtu] yèn sagêd gêsang kalihan gampil kadosdene jambêt sanès-sanèsipun, awit pananêmipun jambêt dêrsana mila pancèn beda kalihan pananêmipun wit jambêt ingkang dede dêrsana. Ing ngandhap punika kawruh sawatawis.

Ingkang sampun kaêcakakên kalihan nyata, nanêm jambêt dêrsana punika kêdah sarana kadhêdhêr rumiyin ing siti ingkang mawa rabuk, manggèn siti tênggar murih sagêd kataman soroting srêngenge, sarta nangguh ing môngsa jawah. Sasampuning wiji wau thukul, antawis sawulan kalih wulan dangunipun, bilih nuju môngsa têrangan, sabên wanci sontên kêdah dipun sirami. Sasampuning thukul ngumur sataun kapara langkung sawatawis wulan, thukulan witipun wau lajêng kaputêr pindhah panggenan pundi ingkang badhe dipun tancêbi kangge salaminipun, nanging kêdah milih siti ingkang ayom utawi kayoman, makatên malih pamutêripun, kêdah katutan sitinipun kapara kandêl, saparatigan utawi sapara sakawan mètêr mubêng tumrap sauwit-sauwitipun. Sasampuning katanêm ing pasitèn ayom, bilih nuju môngsa têrangan sabên sontên ugi taksih kêdah dipun sirami toya, ngantos tuwuhing uwit sampun sawatawis kalih têngah mètêr inggilipun, sarta salêbêtipun wiwit thukul dumugi taksih dipun sirami manggèn siti enggal wau, kêdah kajagi sampun ngantos uwit tuwin godhongipun katêdha ing ama upas utawi ulêr, mila kêdah ajêg dipun rêsiki, awit godhonging jambêt dêrsana punika kapetang adhakan piyambak kataman upas utawi katêdha ulêr alit-alit, murugakên gogrog têmahan botên lêstantun gêsang. Inggih ajalaran kêkathahên rèbyèg pangopèn punapa malih pangrêksanipun makatên wau mila kaum among tanêm tuwuh lajêng kathah ingkang wêgah nindakakên, ingkang wêkasan wontênipun wit jambêt dêrsana dumugi jaman sapunika lêstantun taksih awis-awis, namung satunggal kalih panggenan. Ananging saupami botên wêgahan makatên, tamtu wontênipun wit jambêt dêrsana inggih ugi sagêd anggêbyah kathah botên beda kadosdene jambêt sanès-sanèsipun. Wasana nyumanggakakên dhatêng para maos ingkang kaparêng anggalih utawi anyobi nyatakakên. Nyuwun pangaksama.

P.K. 585.

Jagading Wanita

Angèling Ngupakara Lare Alit

Sintêna kemawon, tamtu pitados bilih ngupakara lare alit punika angèl, ing ngriki ingkang dipun kajêngakên ngupakara bayi. Wontênipun nama angèl, awit ngupakara bayi punika mênggah wikinipuncaranipun. botên beda kados ngupakara barang ingkang ringkih, manawi kirang lêrês sakêdhik kemawon, sagêd anjalari dados sabab, lan sabab wau manawi sampun kalajêng dhumawah, rêkaos ing pangupakara [pangu...]

--- 1620 ---

[...pakara] tumraping larenipun, ngungkuli nalika dèrèng manggih sabab, awit saupami barang, nama dados barang cacad.

[Grafik]

Bayi tilêm ingkang têntrêm.

Tumrapipun ing jaman sapunika, bab pangupakara lare punika gampil sangêt sagêdipun angsal pitulungan, awit mèh ing pundi-pundi wontên tiyang ahli ingkang sagêd mitulungi, nanging kêdah ngèngêti, bilih tindak ingkang mikantuki dhatêng lare, punika namung dumunung wontên ing biyung, wontênipun ngantos dumugi nêdha pitulungan dhatêng tiyang ahli, namung manawi kêpopog ing prêlu, inggih punika manawi larenipun nuju sukêr sakit. Wontênipun makatên, awit biyung ingkang nama gadhah têtanggêlan.

Ingkang punika pun biyung kêdah mangrêtos dhatêng prêlu-prêlu ingkang kêdah katindakakên, lêrês mênggahing biyung punika tamtu tumêmên yêktos pangupakaranipun dhatêng anak, nanging sayêktosipun bab makatên punika mêksa wontên bedanipun, tôndha yêktinipun botên kirang tiyang ingkang sarwa-sarwi, nyatanipun botên gumati dhatêng anak, kosokwangsulipun tiyang ingkang sarwa kêkirangan, botên kirang ingkang gumati dhatêng anakipun, gampilanipun kemawon, kalaning lare ngompol ing wanci dalu, wontên ingkang biyungipun botên mraduli, botên niyat tangi, malah namung ngeca-eca tilêntilêm. kemawon, nanging tumrapipun tiyang ingkang gumati, botên wontên caranipun aras-arasên, sanadyan sadalu anakipun ngêlilir kaping pitu, inggih dipun ladosi kanthi sênênging manah.

Tumraping tata kina, gampilaning ngupakara lare punika namung mêndhêt rêsiking badan tuwin saening sêsêpan. Mênggah wosing prêlu inggih pancèn namung punika, awit caraning bodhon, sagêd dipun tindakakên ing sabên tiyang.

Ingkang nama rêsikan, angguyang bayi ajêg wancinipun, enjing kalihan sontên, punika taksih mawang-mawang kawontênaning hawa, kados ta manawi nuju mêndhung, bayi inggih botên dipun guyang, malah tumrap ingkang sampun kulina, ugi mawi nitik dhatêng dêmèkaning badanipun lare, manawi larenipun sumêng, botên dipun guyang.

Limrahipun tiyang Jawi, sanadyan malarata pisan, bayi punika inggih dipun sadhiyani popok, mêndhêt sinjang ingkang sampun lami-lami dipun suwèk-suwèk. Sadaya wau nama patrap ngudi rêsiking lare.

Dados mênggahing bab ngupakara lare, sintêna kemawon pundi ingkang gadhah anak, tamtu nindakakên [nindakakê...]

--- 1621 ---

[...n] botên mawi pilih sugih utawi miskin.

Ing sapunika ngandharakên ing bab saening toya sêsêpan, punika sajatosipun angèl utawi gawat, awit toya sêsêpan punika tumônja dados têdhaning bayi, dados kêdah sae yêktos pangruktinipun, awit manawi pangruktinipun wau lêpat, adhakan sangêt anjalari dados kirang sae tumrap badaning lare.

Mênggahing bôngsa Jawi ingkang nama dèrèng magêpokan kalihan tiyang ahli, caraning nêsêpi lare punika, angèlipun pinanggih wontên kalanipun bayi wiwit lair ngantos dumugi salapan, awit mênggahing piandêlipun, salêbêtipun salapan dintên wau, manawi bayi botên sagêd angsal sêsêpan sae inggih kalajêng-lajêng botên sagêd gadhah badan sae. Wontênipun makatên, awit sêsêpan ing wêkdal punika nama ingkang andayani ngêdalakên badan sakawit, mila manawi ngantos lêpat, badaning lare inggih lajêng mênggrik-mênggrik.

Dene caraning pangupakara, lugunipun inggih pancèn rêkaos, kados ta: enjing adus wuwung ngantos satuwukipun, susu dipun kopyok toya ingkang dipun wadhahi ing bêruk. Uyup-uyup gêgodhongan, ugi sabên enjing, sabibaring adus. Nêdhanipun kêdah ajêg, sarapan, nêdha siyang tuwin sontên, panêdhanipun ing wanci sontên kêdah taksih padhang. Wontênipun kêdah nêdha taksih padhang, supados botên damêl ambêsêsêking lare, awit saupami nêdha kêdalon, sêkulipun dèrèng mapan. Patrap makatên punika lêrês lêpatipun kasumanggakakên. Sêkulipun ingkang angêt, lawuhanipun kêdah kikrik, manawi ulam namung dhèndhèng dipun bakar, lalaban brambang mêntah, sarêm. Ngombe wedang kêdah namung kangge sarat kemawon, botên kenging ngombe toya tawa babarpisan, botên kenging ngangge gêndhis, dene manawi badhe ngombe ingkang ngangge gêndhis, kêdah ngombe wedang têmulawak. Tilêmipun kêdah ajêg, ingkang katog, botên kenging karipan. Cêkakipun, ing salêbêtipun gadhah anak alit, badaning biyung kêdah têntrêm, sirik agêng sangêt manawi nêpsu, agêngipun ngantos susah ing manah, wajibipun kêdah namung sênêng.

Sabab-sabab sadaya wau, sanadyan punika kawruh kina, nanging tumônja dados sae, ngèngêtana bilih badaning biyung punika inggih atêgênatêgês. badaning lare, inggih kasarasanipun pisan, kados ta saupami biyung sakit, lare namung badhe katut kemawon. Malah saking cariyosipun tiyang sêpuh, tiyang nêsêpi rêmên nêpsu utawi kêrêp susah, punika lare ingkang dipun sêsêpi lajêng botên eca panêsêpipun, adhakan lare lajêng rèwèl. Punika mênggahing nalar, wêdaling toya susu lajêng botên sae, rêndhêt.

Para maos kados inggih lajêng sagêd anggalih piyambak dhatêng pigunaning têdha tuwin bab sanèsipun wau tumrapipun tiyang nêsêpi. Mila tumraping golongan kina, tiyang gadhah anak punika tamtu dipun tênggani ing tiyang sêpuh, prêlunipun sagêd mitulungi utawi nyêrêp-nyêrêpakên dhatêng ingkang sawêg karepotan.

Tumraping para sêpuh, manawi wontên lare sêsêpan sukêr sakit, adhakan nyababakên dhatêng biyungipun, dipun dakwa nêrak wêwalêr. Upami lare pilêg

--- 1622 ---

pun biyung lajêng dipun dakwa kêkathahên ngombe. Lare ising-isingên, dipun dakwa crêbak panêdhanipun, makatên sapanunggilanipun. Nanging sajatosipun pandakwa makatên wau kêrêp titis.

Adat ingkang sampun kalampahan, tindak cara kina kados makatên punika, adamêl suburing lare, lare sawêg umur salapan kemawon indhaking badanipun sampun ngêgèt. Kosokwangsulipun ingkang botên tumindak makatên, badaning lare lajêng botên sae.

Sêsêrêpan punika kawruh Jawi lugu.

Ha.

Kawruh Sawatawis

Pêksi Prêkutut

Ingkang rêmên dhatêng pêksi prêkutut botên ngêmungakên tiyang Jawi kemawon, têtiyang Madura ewonipun ugi rêmên, malah katingal dipun êmatakên, tandhanipun ing ngriku kathah kamrat pêksi (pakêmpalan pêksi) sampun têmtu ancasipun pakêmpalan wau namung ngrêmbag prakawis pêksi, inggih punika ungêlipun lan ingkang gêgayutan kalihan pêksi prêkutut, kados ta adamêl kamodhelan kawontênaning sêngkêran, krodhongipun lan sanès-sanèsipun. Ada-adanipun botên beda pakêmpalan sanèsipun, pramila inggih wontên ingkang dados sêsêpuh, punika pangayoman. Lajêng wontên tiyang 2 utawi 3 punika juru panimbang (jurry), kawajibanipun amratelakakên awon saening pêksi, pramila inggih kêdah tiyang blatèr lan ingkang baku mangrêtos dhatêng pêksi, inggih punika ungêlipun lan katurangganipun.

Nyêlani atur sakêdhik. Mênggah tancêbipun dhatêng manah prakawis karêmênan pêksi wau sami kalihan bôngsa kula Jawi, liripun kajawi kangge kasênêngan, pancèn ngugêmi dhawuhipun tiyang sêpuh kina, sabab wiraosanipun: ngingah prêkutut punika sae, jangkêp-jangkêpipun kaprajan, malah ingkang kêdah dipun udi sagêda gadhah kapal, dhuwung saha wanodya. Pramila wiraosanipun: pêksi, kuda, curiga,wanita. Prakawis punika sampun nate dipun wrêdèni, nanging kula kapêksa mangsuli, jalaran wontên bedanipun sakêdhik, nanging suraosipun sami, têgêsipun kados piwulang sae, pramila prêlu kula aturakên: anggènipun ngêtrapakên makatên: pêksi dhatêng ungêlipun, dados tiyang anggadhahana wicara arum, sampun broak-braok. Kuda dhatêng nurutanipun, dipun tumpaki purun, dipun tarikakên manut. Dados tiyang punika anggadhahana pawakan kapal, punika sagêd nakecani sêsami, sampun têmtu sadherekanipun kathah. Curiga punika mêndhêt dhatêng landhêpipun, dados tiyang ingkang landhêp panggraitanipun punika botên kawêkèn anggènipun tumindak, sampun têmtu botên gampil manggih sandhungan. Lajêng wanita kapêndhêt anggènipun kadunungan solah bawa ingkang sagêd mêmalat sih, dados tiyang ingkang [ing...]

--- 1623 ---

[...kang] gadhah watak kados pawèstri têmtu kathah ingkang trêsna, punika ugi agêng paedahipun tumrap ing sêsrawunganipun, makatên anggènipun nêgêsi, pramila namung kasumanggakakên.

Sapunika mangsuli rêmbag ing ngajêng. Anggènipun kêmpal limrahipun giliran, dados sanjan-sinanjan, nanging rèhning warganipun kathah dados ingkang badhe kadhokan umyêkipun kados tiyang gadhah damêl, rêrêsik griya, tata prabotan lan sanès-sanèsipun, nanging botên kursèn, mathukipun lênggah lesehan, pramila lèmèkipun babut, gêlaran awis-awis, têtiyang ngriku rêmênanipun babut, jalaran punika ugi kapetang kurmat, yèn namung mawi gêlaran rumaosipun kirang ngaosi. Ingkang badhe nampi tamu warga-warga katawis,, inggih punika ing sangajênging griya pandhapi wontên pamanggungan kathah, punika kangge cawisan pangèrèkipun pêksi-pêksi ingkang dipun êdalakên ing kalangan. Tapukipun wanci enjing udakawis jam 8, ing wêkdal punika sampun sami dhatêng, lajêng pêksi-pêksinipun dipun kèrèk, punika sakêdhap êngkas sampun sami manggung. Ing wêkdal punika lajêng botên kenging ginêman sora, yèn prêlu ngrêmbag namung bisik-bisik, anggènipun sami lênggah ing griya ngajêng utawi ing pandhapi jèjèr-jèjèr andhèr mangku bantal kalihan sidhêku, punika criyosipun nikmat, lajêng ngajêngipun cangkir tutup agêng tharik-tharik isi wedang kopi kênthêl, punika criyosipun pacitanipun tiyang mirêngakên pêksi. Êsês ingkang klêbêt ubarampe dede srutu ingkang awis-awis, nanging sês kalobot mêntah satanipun sata Bali. Punika mathuk malih. Watawis ngajêngakên bêdhug lajêng kèndêl, jalaran saking sampun bêntèr, pêksi-pêksi sampun botên purun mungêl, wasana lajêng kaandhapakên, kacanthèlakên wontên ing emper-emperan pandhapi mubêng ngantos rèntèp, amargi kathah sangêt, ing ngriku santun lampahan, sêgah dhahar kawêdalakên, namung dhaharipun inggih wontên ing jrambah kemawon, pramila lambaranipun mori utawi sanèsipun, bibar dhahar lajêng sami wangsul sowang-sowangan.

Pakêmpalan makatên punika wontênipun mangsan, inggih punika ing môngsa katiga, punika usumipun pêksi bocor (asring manggung), tur anggènipun sanjan-sinanjan botên kathah pakèwêdipun, awit saking dados karêmênaning tiyang, pêksi prêkutut punika kagolong ingkang awis piyambak rêginipun, nyandhak sèkêt, satus lan ingkang langkung samantên botên kirang, pramila karêmênan pêksi punika wragadipun kathah, jalaran saking punika inggih ewoning karoyalan, pramila tumrap tiyang ingkang kirang èngêt ugi asring dhawah ngrêkaos.

Andharan punika namung samantên, lugunipun kirang wigatos, nanging inggih lowung kangge waosan, malah kala-kala sok paedah tumrap badhe nyumêrêpi adat tatacara ing satunggil-tunggiling panggenan.

Sumadi (Pangarasan)

--- 1624 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Residhèn Bantên.

Wiwit tanggal 2 Marêt 1931, residhèn ing Bantên, Tuwan F.G. Putman Cramer, kaparêngakên pêrlop wolung wulan.

Hoogerechtshof.

Kawisudha dados adpokat saha prokuring ing Hooggerechtshof Tuwan Mr. A.P. Funke.

Tindak salingkuh ing pandadaran klèn amtênar.

Miturut A.I.D. kala tanggal 6 saha 8 Dhesèmbêr ing Bandhung dipun wontênakên pandadaran klèn amtênar perangan ingkang sêkriptêlêk, dening kumisi ingkang binêbahan nindakakên pandadaran wau kasumêrêpan bilih kandhidhatipun wontên sawatawis ingkang anggadhahi turunaning garapan pandadaran. Sarêng katitipriksa têtela turunanipun wau asli saking salah satunggiling juru ngêcap ing pangêcapan ingkang ngêcap garapan pandadaran wau. Bab wau konanganipun sadèrèngipun dipun wontênakên pandadaran mondhêling. Kanthi sarujukipun residhèn ing Priyangan katêmtokakên, sarampunging pandadaran mondhêling, sadaya kandhidhat badhe dipun dadar malih perangan ingkang sêkriptêlêk, dhawah ing tanggal 24 saha 27 Dhesèmbêr wanci jam 8 enjing. Sampun têmtu kemawon kandhidhat ingkang tindak salingkuh wau botên kaparêngakên anglajêngakên pandadaranipun.

Kursus têtanèn ing Salatiga.

Ing ondêr dhistrik Puruh, sakiduling Salatiga, dèrèng dangu sampun kaadêgakên kursus têtanèn tumrap guru-guru pamulangan dhusun dening ajung lanbo konsulèn Salatiga. Mênggah ancasipun kursus wau supados ing benjing guru-guru dhusun wau sagêd mradinakên kasagêdanipun babagan ngèlmi têtanèn dhatêng têtiyang tani.

Ilèn-ilèn toya saking jaman Indhu.

Ing dhusun Carikan, kabudidayan Candhi Sèwu, dèrèng dangu sampun pinanggih patilasan ilèn-ilèn toya saking jaman Indhu. Sawatawis dintên kapêngkêr patilasan wau pinanggih ugi ing satunggiling kampung watawis 2 km saking dhusun kasêbut nginggil, paduka tuwan gupêrnur ing Ngayogya sampun kaparêng tindak dhatêng panggenan patilasan wau.

Barang ingkang malêbêt tumrap tanah Jawi saha Madura.

Salêbêtipun wulan Nopèmbêr taun punika barang partikêlir ingkang malêbêt tumrap tanah Jawi saha Madura wontên 93.012 ton, pangaos 34.283.000 rupiyah. Salêbêtipun wulan Nopèmbêr taun ingkang kapêngkêr wontên 158.264 ton, pangaos 51.973.000 rupiyah. Têtela kathah sangêt munduripun.

Indhakan beya tumrap barang-barang ingkang malêbêt.

Aneta martosakên saking den Haag, rancangan anggêr ing bab indhakan beya tumrap barang-barang ingkang malêbêt ing tanah Indhonesiah kala tanggal 10 Dhesèmbêr sampun karêmbag ing twèdhêkamêr. Karampunganing rêmbag, rancangan wau katampi.

Osvia Madiun saha Magêlang.

Kawartosakên, dhepartêmèn pangajaran amanggalih Osvia ing Madiun saha Osvia ing Magêlang sumêdya kagamblokakên dados satunggal. Miturut Bat. Nwsbl. bab punika gêgayutan kalihan kawontênaning pamulangan wau, inggih punika dadosipun pamulangan têngahan saking pamulangan phak, dados botên mawi voorbereidende afdeeling malih. Wosipun inggih ngirit waragad.

Angsal-angsalanipun Madoera Stoomtram.

Salêbêtipun wulan Nopèmbêr taun punika angsal-angsalanipun Madoera Stoomtram wontên f 126.500.-, tumrap taun ingkang kapêngkêr salêbêtipun môngsa wau angsal-angsalanipun wontên f 136.200.-. gunggunging angsal-angsalanipun wiwit wulan Januari dumugi pungkasanipun wulan Nopèmbêr taun punika wontên f 1.326.000.-, tumrap taun ingkang kapêngkêr salêbêtipun môngsa wau gunggunging angsal-angsalanipun wontên f 1.480.600.-. Dados petangipun suda sawatawis.

Propinsi Sumatra.

Saking Medhan Aneta martosakên: B. en W. (Bêrgêrmèstêr tuwin Wèt-odhêr) sampun ngaturakên sêrat dhatêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, yèn Sumatra saèstu kadadosakên propinsi nyuwun supados Medhan kadadosna kithanipun.

Stovia.

Lulus pandadaranipun Indisch arts perangan ingkang kapisan, Tuwan J.F. Malaihollo (Ambon).

Pakêmpalan kawula Ngayogyakarta.

Pakêmpalan kawula Ngayogyakarta cacahing warganipun sampun mindhak dados 26.000. Yèn ngèngêti pakêmpalan wau umuripun sawêg 6 wulan, kenging kawastanan majêngipun rikat sangêt. Kawartosakên ajêngipun wau kabêkta saking inpormasi biro (biro kangge suka katrangan ing sawarnining prakawis) ingkang dipun wontênakên dening pakêmpalan kawula Ngayogyakarta.

--- 1625 ---

Pasar Gambir 1931.

Kados ingkang sampun kawartosakên, pakêmpalaning para inportir (ingkang andhatêngakên barang-barang dagangan saking mônca nagari) ing Batawi sampun ngaturakên panyuwun supados gêgayutan kalihan malèsèting kawontênan-kawontênan wêkdal samangke, taun ngajêng botên dipun wontênakên pasar Gambir. Bab punika sawatawis dintên kapêngkêr sampun karêmbag dening komite pasar Gambir, dipun pangarsani dening bêrgêrmèstêr Meyroos. Karampunganing rêmbag, jalaran pasar Gambir punika wosipun kangge ngajêngakên kagunan saha têtanèn pribumi, pasar Gambir ingkang kaping XI taun ngajêng botên badhe dipun sumênèkakên. Komite wau ugi sampun lêlayanan rêmbag kalihan pangrèh ing pêkên taunan ing tanah ngriki. Saking Bandhung sampun tampi pawartos bilih ing ngrika lêstantun badhe kawontênakên pêkên taunan kados ngadat. Saking Sêmarang saha Surabaya dèrèng wontên pawartosipun, nanging kadugi ugi sami botên rujuk yèn pêkên taunan taun ngajêng dipun sumênèkakên.

Komite konggrès Lahor.

Kawartosakên, up komite konggrès wanita Asiah ing Lahor sampun tampi arta darma 1700 rupiyah, ingkang 500 rupiyah saking bôndha kabangsan, kangge waragad ngintunakên utusan (satunggal utawi kalih) dhatêng konggrès wau prêlu wontên arta 4.500 rupiyah. Ingkang dipun kandhidhatakên dados utusan inggih punika: Nyonyah Santosa, Nyonyah Sudirman, Nonah Sunaryati saha Nonah Sundari.

Konpêrènsi Mohamadiyah.

Miturut rancangan ingkang dipun wara-warakakên, benjing tanggal 20 dumugi 22 Dhesèmbêr ngajêng punika, pakêmpalan Mohamadiyah pang Batawi badhe ngawontênakên konpêrènsi, manggèn ing gêdhong H.I.S. Mohamadiyah ing Kêmayoran.

Parêpatan umum Ngaisiyah badhe dipun wontênakên ing dintên Sênèn tanggal 22 Dhesèmbêr ing gêdhong kasêbut nginggil.

Lagu Indhonesiah Rayah.

Kawartosakên, lagu Indhonesiah Rayah, lagu kabangsan Indhonesiah anggitanipun Tuwan Supratman, samangke sampun dipun damêl plat gramapun dening toko Populair ing Pasarbaru, Wèltêprèdhên.

Asiah.

Kaum abrit ing Tiongkok.

Syanghai, 11 Dhesèmbêr (Aneta-Reuter). Kawartosakên, kaum abrit saking Kiyangsi, cacah tiyang 10.000, sampun sami anjog ing Kwangtung ingkang sisih lèr, lajêng sami anjêjarah rayah saha mêmêjahi. Kitha Namyang sampun dipun êjègi. Pangagênging kitha wau sami ngili.

Hangko, 11 Dhesèmbêr (Aneta-Reuter). Tiyang kuminis wolu, ingkang kadakwa sêkuthu badhe amrêjaya Presidhèn Syang Kai Sèk. - Ingkang badhe rawuh ing kitha Hangko - sami kaukum kisas.

Kawontênan ing Indhia Inggris.

Kalkutah, 12 Dhesèmbêr (Aneta-Reuter). Raja mudha ing Indhia Ingris botên saèstu anjênêngi pasamuwaning pakêmpalanipun greja-greja Sêkot ing Kalkutah, sarêng tampi sêrat saking dhirèkturing pakêmpalan wau, yèn pasamuwan wau badhe dipun rêsahi saking jawi.

Raja mudha wau ugi botên saèstu anjênêngi parêpatanipun pakêmpalan ing Serampor, tiga wêlas mil saking kitha Kalkutah.

Eropah.

Jhr. Mr. W.H. de Savornin Lohman.

's Gravenhage, 6 Dhesèmbêr (Aneta). Wiwit tanggal 1 Januari 1931, paduka Tuwan Jhr. Mr. W.H. de Savornin Lohman kaparêngakên lèrèh saking anggènipun jumênêng presidhèn, Hooger Raad praja Nèdêrlan. Panjênênganipun wau ugi tampi ganjaran bintang Grootkruis in de Orde van Oranje Nassau. Ingkang anggêntosi kalênggahanipun inggih punika Tuwan Mr. Fentener van Vlissingen, dene Tuwan Mr. Savelberg kawisudha jumênêng pisê presidhèn.

Kabinèt enggal ing Pêrancis.

Miturut pawartos saking Paris, Presidhèn Doumergue sampun andhawuhakên dhatêng Tuwan Steeg, tilas gupêrnur ing Algêriah, supados andhapuk kabinèt enggal.

Tanggal 12 Dhesèmbêr wanci jam 2.20 Tuwan Steeg sampun andhapuk kabinèt enggal. Mênggah dhêdhapukanipun kabinèt enggal wau inggih punika: Steeg, presidhèn ningrad ministêr saha jajahan Briand, prakawis sajawining praja, Painleve pakaryan anggêgana, Barthou pakaryan pêrang, Leygues prakawis salêbêting praja, saha Chautemps pangajaran umum.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 4191 ing Kroya. 30 Rêjêb 1835 dhangahdhawah. tanggal 19 Sèptèmbêr 1906. Nanging 9 Ruwah 1838 dhawah ganggaltanggal. 26 Agustus 1909. Arta rêgi buku kenging kasarêng kalihan rêgining Kajawèn, nanging kapratelakna ingkang cêtha.

Lêngganan nomêr 4927 ing Purwadadi. Dintên Salasa Pon tanggal 16 Mèi 1882, dhawah tanggal 27 Jumadilakir Alip 1811 wuku Manail, tungle, môngsa sadha tumindak nennêm. dintên. Sênèn Kaliwon 28 Nopèmbêr 1887 dhawah tanggal 12 Mulud Wawu 1817, wuku Kuningan, tungle, môngsa kanêm tumindak 20 dintên.

--- 1626 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

11.

[Dhandhanggula]

Sang pangeran ngandika nginggihi / mung katarik katêkan ing suka / kang dèn ajap salamine / kramantuk putri ayu / ingkang anggung kaciptèng galih / samana cinarita / pan linuwaran wus / sang putri sing pakunjaran / dhinaupkên lawan pangeran tumuli / agung bawahanira //

suka-suka janma sanagari / amêmuji karaharjanira / pangantyan sakalihane / katêmahan tinêmu / sang pangantyan dahat lulus sih / anggung runtung-runtungan / nèng jroning kadhatun / sri nata lan narèswara / dahat rêna dènnya mulat putra kalih / tan pêgat among suka //

VI. Nglintokakên bayi.

[Mêgatruh]

atut rukun tan wontên sangsayanipun / sang pangantyan kakung putri / têmah mawèh sukanipun / sri nata myang pramèswari / êsihira kongsi kasok //

tan adangu nênggih mangkya sang rêtna yu / pan wus katon anggarbini / kang mangkana yêktinipun / nuwuhkên rasa tan bêcik / caking tyas nawung prihatos //

awit mèngêt maring wêca duk ing dangu / yèn sang dèwi asêsiwi / ing môngka umiyos kakung / têmbe nêmahi tan yukti / andhandhang mring lampah awon //

kang mangkana sang putri dahat agiyuh / paran dènira nyingkiri / lamun kongsia tinêmu / pêputra kakung ing benjing / sayêkti nêmahi layon //

dangu-dangu sang suputri ing tyas tuwuh / arsa mèt upaya sandi / amrih sambada tinêmu / mung minôngka anjagèni / laku kang dèrèng kalakon //

nulya miji mring abdi kêkasihipun / yèku wanita kang nguni / rumêksa salaminipun / duk putri sinimpên rêmit / tumindak winadi yêktos //

karsanira kang abdi dinuta mêtu / dhinawuhan tindak wadi / ngupayaa kongsi antuk / wanita kang anggarbini / binêktaa mring kadhaton //

yèn wus antuk arsa sinimpên ngasamun / abdi kang dinuta nuli / tumindak anamar laku / tan pisan kongsi katitik / gatinira kang linakon //

sambada wus tindakira kang lumaku / antuk èstri anggarbini / nulya binêkta malêbu / sidhêm tan ana udani / têtêtêp manggon nèng kadhaton //Lebih satu suku kata: têtêp manggon nèng kadhaton.

tan winuwus wusing prapta mangsanipun / sang putri ambabar nuli / kang bêbayi miyos kakung / samana nuju nyarêngi / kang wanita manak wadon //

gita-gita sang putri kanthi agugup / nglintokakên kang bêbayi / kang èstri nulya pinundhut / kang kakung dèn srahkên nuli / kanthi dhêdhawuh winados //

wusing rampung sang putri tumuli lapur / maring rama nata nuli / myang raka tanapi ibu / yèn mangkya ambabar putri / samya ingaturan rawoh //

kusung-kusung sri narendra nulya rawuh / kanthi sukaning panggalih / dene ing mangkya tinêmu / wayah nata miyos putri / dinohan ing wêca awon //

dahat sukur kang wayah nulya jinunjung / tan pae jêng pramèswari / samya kasok sukanipun / tanapi pangeran pati / dahat sukur ing Hyang Manon //

jatinipun tindak kang mangkana iku / tumrap kangjêng pramèswari / wus uning sadayanipun / nanging malah nayogyani / labêt labuh mring sang sinom //

awit lamun kongsi kalakon tinêmu / wayah nata dèn sedani / ing sayêkti mawèh trênyuh / aran nindakkên pêpati / sayêkti kalangkung abot //

mangkya rampung tanpa sambekala lulus / têntrêm tan wèh sônggarunggi / ayêm sajroning kadhatun / tumrah janma sanagari / samya jurung karahayon //

gantya catur wanita kang antuk dhawuh / dahat dènnya nimpên wadi / mangkya wus kaparêng mêtu / kanthi patrap ngati-ati / kongsi tan kinawruhan wong //

miwah antuk ganjaran saking sang ayu / satus dinar lawan malih / busana sarwa bra murub / dahat mawèh sukèng ati / lampahira alon-alon //

dene putra kang sinamar pinrênah wus / nèng kranjakranjang. wêwadhah rêmit / kanthi winêling sang ayu / bêbayi dèn srahna nuli / maring abdi juru angon //

kang dêdunung Dwaramandhalaka dhusun / wus katitik sêtyèng gusti / dene putra timur wau / dening eyang Sri Supadni / sinungan pêparab kaot //

aran Pandhu Abaya môngka pêpemut / dene sanyata sang pêkik / wayahira Prabu Pandhu / myang pulunan pangran pati / yèku Abaya sang anom //

dadya amèt saking asmanya sang prabu / miwah pangran adipati / kocap wus lêpas ing laku / kang kaduta suka ing ati /Lebih satu suku kata: kang kaduta sukèng ati. amung ngèstokkên sapakon //

nulya nuju mring Daramandhalaka wus / duk sana anyarêngi /Kurang satu suku kata: duk samana anyarêngi. pra pangran kadang sang ayu / kang sasanga nuju sami / nèng wana bêbêdhag sato //

jatinira pangeran sasanga iku / anggung sujana ing galih / mring sanggyèng sabarang laku / labêt tansah angèngêti / mring wêca kang wus kawiyos //

duk samana lampahing kênya kêpêthuk / pangeran sanga nakêti / sarwi atêtanya sru /Kurang satu suku kata: sarwi atêtanya asru. hèh sira iku pawèstri / lakunira nyalawados //

dene sira tanpa kanthi nèng wana gung / nyangking apa sira kuwi / mangkya ingsun arsa wêruh / lah ta siraa aywa kumbi /Lebih satu suku kata: lah ta sira aywa kumbi. nuli wêtokna ing kono //

kang pawèstri sakala ing tyas kumêpyur / nanging nuli amangsuli / ingkang kula bêkta sêkul / badhe kangge angingoni / inggih anak kula wadon //

nanging datan pisan wèh marêming kalbu / pra pangeran paksa wani / arsa niti isinipun / kang kranjang rinêbat nuli / kanthi wasa-wasa ngêtog // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---