Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12-20, #573

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12-20, #573. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12-20, #573. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 102, 28 Rêjêb Taun Jimawal 1861, 20 Dhesèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1627] ---

Ăngka 102, 28 Rêjêb Taun Jimawal 1861, 20 Dhesèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Tuwuhing Kagunan Enggal

Kala malêm Minggu ingkang kapêngkêr, pakêmpalanipun para mudha: Pamudha Indhonesiah ing Batawi, ngawontênakên têtingalan tonil, mêndhêt saking babad tanah Jawi kina (sadèrèngipun Majapait) inggih punika lêlampahanipun Dèwi Tara, (garwanipun Prabu Sriwijaya nata ing Palembang) ingkang dipun candhi wontên ing candhi Kalasan.

Ing ngriki botên badhe ngandharakên kawontênanipun cariyos wau, ingkang ngantos talêsih, ngêmungakên badhe anggambar utawi adamêl wawasan sawatawis mênggahing pamanggihipun sawênèhing tiyang, ingkang sami mrêlokakên mriksani tonil wau. Amrih têrangipun, ing ngriki kados prêlu nyariyosakên sakêdhik mênggahing tatacaranipun tonil wau, inggih punika kados ing ngandhap:

1. Panganggenipun. Mênggah anggèn-anggènanipun punika wontên ingkang nyara Minangkabo, wontên ingkang nyara Plembang, malah wontên ingkang ethok-ethokipun ngemba-emba panganggenipun băngsa Jawi ing jaman kina, sanadyan wujudipun wau ngantos kados reyog botên dipun tanggap. Dene panganggenipun para putri, sajakipun miturut dêdongengan saking: Sèwu Satunggal Dalu.

2. Lampah-lampahing tonil, punika satêngah sêtambul, satêngah ringgit tiyang, satêngah ... botên mangrêtos. Awit lampahipun sadaya wau sami dipun saranani găngsa, kados ta: saupami yèn pinuju siniwaka, miyosipun sang nata mawi ngungêlakên gêndhing Srikaton, manawi mêdal putri, gêndhingipun inggih: Gonjang-ganjing, makatên sapiturutipun. Malah rekanipun, yèn nuju wêlasan mawi pathêt tlutur punapa kosok-wangsulipun manawi kalêrês sêrêng inggih mawi ada-ada, kajawi punika cara Jawinipun jêkèk, inggih punika anggènipun mawi lampah dhodhok sarta sêmbahan, inggih botên kasupèn. Jalaran saking punika amila kula mastani, bilih caranipun satêngah ringgit tiyang.

3. Pawicantênanipun mawi basa Mlayu. Nanging ing sarèhning nilar mênyanyian, kroncong, sêtambul tiga, lan sasaminipun, amila lajêng namung kula wastani: ragi wontên cara sêtambulipun.

4. Dene ingkang sami tumut main tonil wau, ingkang kathah para sêtudhèn băngsa Mlayu. Para maos kados sampun sami anguningani, bilih lampah dhodhok tuwin nyêmbah punika, botên kenging dipun sinau ing salêbêtipun kalih utawi tigang dintên kemawon. Lo, mênggahing nyêmbah inggih sagêdipun sinau sasontên kemawon, nanging sêmbahipun wau inggih lajêng sausap kemawon kalihan: sojah kuwi. Makatên ugi lampah dhodhok, inggih kenging dipun sinau sadintên, nanging inggih kêdah narimah caranipun lampah dhodhok badhe nubrug gangsir.

Sayêktosipun pakêmpalaning para mudha damêl ada-ada ngawontênakên tonil ingkang makatên punika, sêdyanipun pancèn inggih luhur sangêt, inggih punika: nyampurakên kawontênanipun sadaya

--- 1628 ---

kagunan ing saindênging tanah Indhonesiah punika, kadadosakên satunggal. Sêdya ingkang makatên wau pancèn inggih cocog kalihan idham-idhamanipun para panuntuning rakyat ing jaman samangke, supados sakathahing băngsa ing tanah Indhonesiah punika sagêda dados băngsa satunggal. Dados botên ngêmungakên basanipun kemawon, ingkang namung satunggal, makatên ugi sasagêd-sagêd inggih kabudayan tuwin kagunanipun.

Mênggahing pamanggih kula, ingatasipun têtingalan wau sawêg wiwitan, dados taksih nama coban-coban, têmtunipun inggih dèrèng sagêd dipun wastani manawi sampurna, ewasamantên inggih sampun nama lumayan, punapa malih manawi ngèngêti, bilih ingkang nganggit têtingalan wau para mudha ingkang taksih sami sêkolah, dados dede para ahli ing bab kagunan. Nanging kula pitados, bilih ing têmbe, manawi raos kaindhonesiah-an sampun waradin rumasuk wontên ing balung sungsumipun para kawula ngriki sadaya, sêdyanipun para mudha ingkang mulya wau, inggih punika anggèning badhe nyatunggalakên ing saanteronipun băngsa Indhonesiah ngriki, inggih ing bab basa punapadene kagunan tuwin kabudayanipun, têmtu badhe kalêksanan.

Tumrapipun ing jaman samangke, ing sarèhning miturut pamanggihipun sawênèhing jurnalis, têtiyangipun taksih sami anggolong-golong dhatêng pakêmpalan-pakêmpalan ingkang tindak-tandukipun mropinsèni, andhusuni, lan saminipun, amila raosing têtiyangipun inggih taksih mropinsèni, andhusuni lan sapiturutipun. Jalaran saking punika amila inggih botên kenging dipun paibên, bilih pamanggihipun tiyang dhatêng kawontênanipun tonil wau, lajêng warni-warni. Kangge anjangkêpi obrolan kula ing dintên punika, kados wontên gunanipun ngêwrat pamanggihing sawênèhipun tiyang dhatêng kawontênanipun kagunan enggal wau.

Wontên ingkang mastani, bilih kawontênanipun tonil wau, kados tiyang clanan ingkang tumut nayuban. Saening tiyang nayuban punika sajatosipun inggih kêdah bêbêdan, dhasar anjalirit, manawi kalêrês badhe dhawah gong, wironipun kasampar mangajêng, sukunipun têngên kadhawahakên, lajêng pacak gulu, wèh, hla punika pancèn inggih mat-matan sayêktos. Sarêng clanan kantun-kantun kok anggambirsawit upaminipun, sanadyan pambêksanipun sagêda kados punapa, nanging wujuding adêgipun suku rak inggih mêksa lajêng nyêpèprèk kados angkrèk. Dados grêngsênging nayuban wau lajêng ical babarpisan.

Wontên malih ingkang damêl pêpandhingan makatên: tonil sing dipitongtonake dhèk malêm Minggu kae, upama dhêdhaharan mono, rak iya bakmi, sing diadoni ora nganggo kecap, nanging nganggo sêtrup.

Malah wontên ingkang pamanggihipun ragi kêladuk, inggih punika makatên: tonil cara modhèl enggal punika kenging dipun samèkakên kalihan tiyang anjogèd mawi dipun gamêli: jèsbèn, utawi tiyang dhangsah poksêtrot upaminipun, nanging miturut ungêling ... gêndhing blenderan.

Cêkakipun pangudaraosing tiyang ingkang sami mriksani mênggahing tonil wau, pancèn inggih warni-warni sangêt, badhe kirang papanipun upami ing ngriki kacariyosna sadaya. wontên pangajêng-ajênging salah satunggalipun para mriksani ingkang kadadosanipun gèsèh sangêt, ingkang anjalari tiyang wau gumujêng kapingkêl-pingkêl, inggih punika nalikanipun sang nata ing Palembang badhe miyos, punika gamêlan lajêng kaungêlakên. Pangajêng-ajêngipun tiyang nonton kasbut nginggil: Wah, sing arêp mêtu kiyi pantês-pantêse iya bakal anjogèd: bambangan, ombak banyu utawa ulap-ulap. Sapintên gêlanipun tiyang wau sarêng ingkang mêdal lampahipun jêbul barès kemawon, tiyang abrêngos, ajenggot, kawêwahan wujuding panganggenipun ragi nganèh-anèhi, ngantos warninipun wau mèh sausap kalihan ... Sinyo Kolas.

Minăngka panutuping obrolan kula punika, ing ngriki kula kapêksa angaturi pêpèngêt sakêdhik. Sayêktosipun pancèn inggih gawat sangêt, ancas badhe nyatunggalakên băngsa-băngsa ing saindênging tanah Indhonesiah punika, inggih ing bab basa, langkung malih ing bab kagunan tuwin kabudayanipun, dening kêdah salaras utawi runtut ing sawangan. Murih sagêdipun tumindak ingkang makatên wau, para panuntunipun inggih kêdah matêngakên rêmbag tuwin panindaking samudayanipun, prêlunipun supados karampunganipun sagêd dipun ajêngi dening kula sadaya golongan warni-warni. Upaminipun kemawon badhe nyatunggalakên jogèd Jawi kalihan jogèd Sundha, punika inggih kêdah sampuna amiji dhatêng satunggiling ahli ing bab jogèd wau: băngsa Jawi kalihan băngsa Sundha, prêlu anuntun sarta angrêmbag bab punika, ngantos kadadosanipun saèstu sagêd dipun sênêngi dhatêng bongsa kalih-kalihipun wau. makatên ugi manawi badhe nyatunggalakên kagunanipun bongsa saindhonesiah punika, inggih kêdah miji tiyang sawarnining băngsa wau, ingkang pancèn ahli dhatêng kagunanipun piyambak-piyambak, hla, punika mangke ingkang dipun wajibakên nênuntun tuwin angrêmbag tuwuhing kagunan enggal ingkang sagêd dipun sênêngi dening têtiyang ing saindênging tanah Indhonesiah punika.

Botên namung saking pamuji kula, mugi-mugi têtingalanipun para mudha wau salajêngipun dadosa têtingalan ingkang nyênêngakên tumrap ing ngakathah saha andayanana dhatêng lampahing kamajênganipun nagari lan têtiyangipun. Amin.

Pênthul.

--- [1629] ---

Pahargyan Satusan Taun

[Grafik]

Ing kaca punika ngêwrat gambaring gagraging pangangge militèr ing salêbêtipun satus taun, ingkang nêmbe dipun wontênakên ing Magêlang, minăngka pahargyan mèngêti wontêning bataliyun inpantri ingkang madêg kala tanggal 4 Dhesèmbêr 1830, dumugi sapunika sampun 100 taun. Gambar ing nginggil, gambaring militèr kala ing taun 1830–1850. Ing têngah kala ing taun 1850–1875. Ing ngandhap kala taun 1875–1890. Dene tumrap pangangge militèr ing jaman sapunika, kados para maos sampun botên kêkilapan.

Sanadyan pahargyan punika nama agêng-agêngan, nanging para maos kados sampun marêm amriksani gambar punika, saha sagêd amêtha dhatêng jêmbaring kajêngipun.

--- 1630 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Maagzweer.

Sêsakit korèng ing wadhuk (maag)

Sêsakit punika ingkang limrah namung satunggaling korèng wontên ing wadhuk ing sisih kiwa nginggil, pojok, warninipun bundêr panjang, trêkadhang korèngipun langkung saking kalih katingal wontên ing wadhuk wau.

Korèng-korèng wau sagêd saras lajêng tilasipun dados bêlang mêngkêrêt, ingkang sagêd ngalang-alangi utawi ambuntêti bolongan êlêt-êlêt, utawi bolongan ingkang gandhèng kalihan usus-usus. Korèng-korèng wau ugi sagêd ngurêng lêbêt, wadhuk sagêd butul, têtêdhan ing wadhuk lajêng sagêd mêdal anjog ing nglêbêt wêtêng. Samăngsa wadhuk butul, têtêdhan kalêbêt ing wêtêng punika lajêng sagêd nukulakên sêsakit ing daging kêndhangan wêtêng (buikvliesontsteking) ingkang adat sagêd aniwasi.

Sadèrèngipun wadhuk badhe butul, titikipun katawis ngêdalakên êrah, jalaran korèng nrajang urat-urat êrahing wadhuk wau, ingkang sakit nuntak êrah lan kraos sakit ing panggenan korèng ing wadhuk wau.

Sakawit ingkang sakit kraos anjarêm mêtêg utawi kadosdene dipun iris-iris ing pulung manah, kêncêngipun dumunung panggenan wadhuk, sasampunipun nênêdha saya kraos sakit sangêt. Langkung-langkung manawi sabukan utawi kêndhitan kêncêng. Sawatawis dintên ingkang sakit kraos saèstu ing panggenan ancêr-ancêripun ingkang wontên korèngipun, kraos sakit dumugi gêgêr, ingkang sakitipun sampun sangêt, wêtêng kagêpok utawi katindhihan kêmul, utawi sinjang sakêdhik kemawon sampun sambat sakit.

Manawi korèngipun manggèn cakêt ing bolongan êlêt-êlêt ingkang anjog ing wadhuk punika, samăngsa têtêdhan kalêbêt ing wadhuk, kraos sakit, awit têtêdhanipun anggêpok utawi nyrèmpèt korèng wau. Manawi korèng manggèn cakêt ing bolongan wadhuk, ingkang anjog ing usus alus, kraosipun sakit kirang langkung 2 jam sabibaripun nêdha.

Limrahipun ingkang sakit, sabibaripun nêdha lajêng nuntak, ingkang kraos sakit lajêng sagêd ènthèng, manawi botên nuntak kraos sakit kalajêng-lajêng ngantos jam-jaman.

Tandhanipun manawi wontên korèng ing wadhuk, ingkang sakit asring nuntak êrah, saperangan êrah cuwèr, saperangan êrah matêng awor kalihan têtêdhan lan botên wontên unthukipun, mêdal ing cangkêm lan irung. Êrah ingkang taksih kantun ing wadhuk botên mêdal katut nuntak, anjog ing usus awor sêsukêr warni êrah cêmêng kadosdene tir.

Ingkang kataman sêsakit punika botên mêsthi badanipun kêra pucêt, ilat rêgêt utawi pêthak pucêt, namung katingal rêsik lan abrit.

Samăngsa korèng-korèng wau ngurêng, ambutulakên [ambutula...]

--- 1631 ---

[...kên] wadhuk, lajêng nuwuhakên sakit cêkot-cêkot ing ancêr-ancêripun panggenan wadhuk, sakawit, wêtêng ambalabag atos, ambêgan tamban-tamban botên lêbêt, dhadha ebah nanging wêtêng kèndêl, cêgukên, kêtêg ugêl-ugêlan botên ajêg, badan ragi bêntèr sawatawis, ingkang sakit tilêman kèndêl botên purun ebah-ebah, awit samăngsa kangge ebah lajêng saya kraos sakit.

Kangge nêtêpakên sêsakit wau, punapa lêrês korèng ing wadhuk utawi botên, wêtêngipun ingkang sakit ancêr-ancêr panggenan wadhuk, kapriksa mawi sorot (Rontgenstralen) ugi sagêd kapriksa maagsap (dat-dat ingkang dipun wêdalakên dening wadhuk) inggih punika zoutzuur wêdalipun langkung kathah, utawi sêsukêripun ingkang sakit kapriksa mawi Miscroscoop wontênipun êrah. Sadèrèngipun ingkang sakit badhe kapriksa, wêtêng kêdah kothong, botên kenging nênêdha salêbêtipun sadintên sadalu, namung kenging ngombe susu utawi wedang tèh.

Sêsakit korèng ing wadhuk punika manawi enggal konangan, têgêsipun kasumêrêpan dening dhoktêr, dados sêsakitipun sawêg wiwit, punika asring sagêd saras kajampenan mawi jampi lêbêt, kanthi ingkang sakit kêdah kèndêl tilêman, lan têtêdhan ingkang kenging katêdha; sop balungan ingkang wontên sungsumipun, tigan, susu, mêrtega. Ingkang dipun awisi: pêpêdhês utawi mrica sapanunggilanipun, têtêdhan ingkang lêgi, wowohan, daging utawi sanèsipun ingkang atos. Kêdah dipun awasakên, punapa ngombe susu wau wadhukipun kiyat utawi sagêd nampi, samantên ugi têtêdhan-têtêdhan wau punapa sagêd kalêbêt wadhuk, kiyat nampi utawi ngêjur. Samăngsa sabibaripun ngombe susu utawi nênêdha wadhuk kraos sakit sangêt, utawi nuntak-nuntak, anggènipun nênêdha kêdah dipun cêgah, lajêng têtêdhan dipun lêbêtakên saking ngandhap ing dubur sarana lavement. Trêkadhang ingkang sakit kêdah dipun operatie supados korèngipun ing wadhuk sagêd saras.

Manawi korèngipun ambutulakên wadhuk, kasumêrêpan dening dhoktêr kêdah enggal dipun operatie dening dhoktêr ingkang ahli, awit manawi kasèp aniwasi.

Kawruh Sawatawis

Bab Panulaking Wisa Sawêr

Ing tanah Jawi ngriki kapetang taksih ragi kathah parêdèn ingkang rungkud-rungkud, dados pandhêlikanipun para sawêr. Sawêr punika agêng alit, mèh sadaya gadhah wisa. Dene sawêr ingkang kagolong mandi (ambêbayani), inggih punika sawêr: wêling, wêlang, bandhotan, sawêr tanah, lan sapanunggilanipun. Sawêr tanah wau ing tanah Jawi Têngah utawi Wetan kalêbêt awis, ingkang kathah ing tanah Bantên, sawêr tanah punika, galak sarta mandining wisa kenging kawastanan anglangkungi sawanining[1] sawêr, tiyang [ti...]

--- 1632 ---

[...yang] kenging kacakot ing sawêr tanah manawi botên enggal katulungan, umuripun kantun ngetang jam-jaman, tiyang ing padhusunan ngriku ugi kathah ingkang sagêd nulak bab punika nanging kasagêdan wau ingkang kathah kangge makarya, liripun botên badhe kabrèbèl ing tiyang sanès. Ing sapunikanipun manawi wontên tiyang kacakot ing sawêr mandi wau, măngka kalêrês tiyang tukang anjampèni botên wontên, lan têbih dhatêng dhoktêr, lajêng kadospundi ...

[Grafik]

Sawêr ingkang botên wontên wisanipun.

Ing ngriki kula badhe ngaturakên panulaking wisa wau namung ing sasagêd kula ingkang sampun kula lampahi. Manawi wontên tiyang kacakot ing sawêr, dipun enggal sanginggiling tatu katangsulana kacu utawi gombalan ingkang kêncêng, lajêng tiyang wau kaombènana toya pêrêsan sata eca sawatawis, supados wisa wau katulak sampun ngantos rumambat anurut urat utawi otot, manawi sampun lêrêm sawatawis kaombènana malih toya kaworana wênyêtan tinggi (kewan ing sangandhaping galar ambèn) sukur manawi wontên kaombènana pêrêsan bonggoling pisang kêle (pisang wana). Ngadat ingkang sampun, insya Allah tiyang wau sagêd wilujêng.

Botên langkung atur kula manawi wontên awon tuwin saruning têtêmbungan kula, para maos mugi anglubèrna pangaksamanipun dhatêng kula, saha mênggah wontên ingkang gadhah kupiya sanès, mugi lajêng karsa ambèbèr wontên ing udyana Kajawèn ngriki.

Wanara ing Rancah Sumur.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar sêsawanganipun palabuhan ing Rotêrdham, nagari Walandi.

--- 1633 ---

Kawruh Jawi

Bab Ringgit

Urun rêmbag sakêdhik bab ringgit ingkang dèrèng nate kasrambah cariyos wontên ing Kajawèn ngriki, ing mangke kula botên badhe nyariyosakên asal-usuling ringgit punapadene aluraning lêlampahan sapiturutipun, ananging mligi namung nyariyosakên kawontênan tuwin sêsipatanipun ringgit cucal ingkang kalimrah kangge sadhengah panggenan, namung kalihan cêkak kados ing ngandhap punika.

Mênggah ringgit-ringgit ingkang kalampahakên dening kiyai dhalang wontên ing papan kêlir, punika sagêdipun ngawontênakên sêmu sarta raos kados wujud gêsang, bakunipun namung saêbab manggèn wontên ing perangan tanganipun ringgit thok, inggih punika tanganan ringgit ingkang mawi cêmpurit. Satunggal-satunggaling ringgit warni-warni patrap pratingkahipun, kados ta: nuju imbal wacana, manêmbah, ngaraspada, păncakara sapiturutipun, botên liya namung tanganan ingkang sagêd ambedakakên sontan-santuning sêmu, mila ringgit ingkang tangananipun pêjahan botên mawi cêmpurit, inggih botên sagêd gadhah raos kados wujud gêsang kados satataning manusa, ananging namung kadosdene gambar utawi wanda gupala kemawon. Wondene ringgit ingkang nama tangan pêjahan wau, limrahipun ringgit Bathara Guru, setanan, bayèn, parampogan lan sapanunggilanipun.

Kathah têtiyang sami ngudaraos utawi takèn-tinakenan: punapa baya ingkang dados wadosipun, dene sami-sami gambaran tiyang, ringgit punika tanganipun têka kadamêl langkung panjang. Peranganing dariji ngantos mèh dumugi watês dalamakan suku, măngka ingkang kathah-kathah limrahipun (sanèsipun ringgit) ukuraning tangan punika têmtu namung wêtês wêntis sanginggiling jêngku. Kawuningana, ringgit punika sanadyan sêsipatanipun inggih gambar tiyang, nanging grênging sêsipatanipun pancèn beda kalihan gambaran tiyang ingkang sanès ringgit, dene wontênipun sagêd mastani utawi milah-milahakên awon sae, inggih namung saking raos grênging sêsipatanipun ngriku. Sapunika ing bab panjanging tangan, amargi inggih kados ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, sagêdipun mahanani raos kados wujud gêsang, namung manggèn wontên ing perangan tangan, mila kêdah kadamêl panjang, supados gampil sagêdipun adamêl patrap pratingkah warni-warni, upami tanganipun namung watês wêntis kadosdene gambar tiyang ingkang sanès ringgit, badhe botên sagêd ambedakakên patrap pratingkah utawi mahanani raos kados wujud gêsang. Makatên malih: malah lajêng ical sêsipatanipun.

Kawit[2] saking punika, mila gêrbanipun: sadhengah dhalang bilih dèrèng tarampil anggènipun nyolahakên tanganing ringgit, adamêl pratingkah warni-warni, kenging ugi winastan taksih kirang nyêkapi. Wasana lêrês lêpatipun pamanggih kula punika, namung kula sumanggakakên ingkang kaparêng ngudhoni pamanggih.

P.K. 585.

--- 1634 ---

Bab Rajakaya

Pangrêksaning Kewan ingkang Kangge Nyambut damêl

Kewan ingahan ingkang kapilala damêlipun limrahipun maesa, lêmbu tuwin kapal. Dene têtiga wau ingkang agêng piyambak gunanipun tumrap kangge nyambut damêl inggih punika kapal, nomêr kalihipun lêmbu, maesa namung kalamăngsa, awit kirang tahan dhatêng bêntèr. Sarèhning kapal ingkang prêlu kapêndhêt damêlipun, dados samăngsa badanipun sampun anyêkapi enggal kaajarana tuwin kakulinakakên padamêlanipun ing benjang. Ing wêkdal punika prêlu kajagi têdhanipun, sampun ngantos kantu, nanging ugi sampun ngantos andadosakên lêma sangêt, awit manawi kêlêman ugi kirang prayogi.

[Grafik]

Kapal balapan ing tanah Batak.

Kapal punika botên ngêmungakên dipun momoti utawi narik tarikan ingkang awrat sarana lampah alon, nanging ugi kangge tumpakan sarana lampah rikat utawi katarikakên dhokar utawi bèndi ingkang ènthèng sarana mlajêng, dados kajawi kakiyatanipun ugi kasuprih rikatipun. Pamurih kalih-kalih wau botên prayogi yèn [yè...]

--- 1635 ---

[...n] kasarêngakên, awit enggal katêlasan tênaga ingkang wusananipun kêdah nyarantosakên dangu kangge ngasokakên.

Sabên tiyang mêsthi gadhah panêdha supados kapalipun sêmpulur dangu kangge pirantosing nyambut damêl. Botên enggal karisakan badan, upaminipun suku ambadhegol, badan ajêg saras. Ingkang makatên wau kêdah kajagia panganggenipun. Ing nginggil sampun kacariyosakên, samăngsa badanipun sampun anyêkapi, enggal kawiwitana dipun kulinakakên dhatêng badhe padamêlanipun, nanging kêdah ajêg, mindhak saking sakêdhik, botên kenging langkung saking mêsthi. Ingkang badhe kangge kêkesahan têbih kêdah kakulinakakên santuning têdha, upaminipun ing adat sabên sukêt ijêm, kacobi mawi sukêt aking, ambokmanawi ing purug botên pikantuk sukêt ingkang dipun kulinani. Utawi botên prayogi yèn mêntas kèndêl dangu lajêng kangge kêkesahan têbih ngantos sadintên muput.

Kapal ingkang padintênanipun kangge tarikan grobag sarana lampah-lampah, botên prayogi yèn lajêng kangge kêkesahan katarikakên dhokar sarana kaplajêngakên. Kapal tumpakan ingkang padintênanipun namung kangge mriksa-mriksa dhatêng kêbon-kêbon, utawi dhusun-dhusun ing parêdèn, botên prayogi yèn lajêng dadakan kangge têgar utawi kangge ambêbêdhag.

Kapal ingkang padamêlanipun sarana ngêdalakên kêkiyatan, pamulasaranipun kêdah beda kalihan ingkang kangge nyambut damêl alon-alonan. Pramila manawi sawêg bidhal saking griya plajêngipun kêdah alon-alon, punapa malih manawi mêntas nêdha utawi ngombe, anggènipun ngrikatakên sarana saking sakêdhik. Kapal ingkang plajêngipun sasêkecanipun sagêd kiyat dangu, manawi rikat prêlu asring kaasokakên utawi karindhikakên, jalaran prêlu anyumêrêpi punapa badhe nlethong utawi nguyuh, awit kalih-kalih punika manawi botên kawêdalakên sok andadosakên sakit.

Manawi wanci bêntèr prêlu asring kaasokakên, jalaran kenging bêntèr wau kakiyatan enggal têlas, kangge mangsulakên kakiyatanipun kêdah dipun asrêp-asrêpi, dipun ombèkakên, utawi kasiram toya, nanging sadèrèngipun kalampahakên malih kêdah sampun asat. Dene manawi hawanipun asrêp botên prêlu dipun siram. Samantên ugi anggènipun ngombèni ugi kêdah ngatos-atos, ngêntosi yèn ambêganipun sampun mantun ngrongsong utawi badanipun ragi asrêp. Têtêdhan ingkang kangge nalikanipun wontên ing margi kêdah ingkang gampil kaêjur tuwin ingkang maedahi ing badan, upaminipun dhêdhak lan sapanunggilanipun. Badhe kasambêtan.

Suryadi. Keurmeester, Panaraga.

--- 1636 ---

Kaprigêlan Lados

Tumrap băngsa kilenan, pêpêthinganing juru lados, manawi sagêd cikat trampil, sagêd anglêgakakên ingkang dipun ladosi, tuwin sanès-sanèsipun malih, ingkang wosipun botên tilar kajêng kados makatên.

Lan malih mênggahing băngsa kilenan, punapa kemawon sami dipun adani nêdya pados punjul, prêlunipun pados sêbutan sawung, kados ta: sawung abên karosan, sawung bal-balan, sawung bagus-bagusan, ayu-ayunan, dalah nêdha kemawon inggih wontên ingkang ngudi murih angsal sêsêbutan sawung, tamtunipun sawunging tiyang nêdha punika ingkang sagêd nêdha kathah.

Makatên ugi mênggahing juru lados, ugi pados sêsêbutan sawung. Ing Paris mêntas wontên pakêmpalaning para juru lados, badhe pados sêsêbutan sawung, sarana rikat-rikatan lumampah kanthi ambêkta baki isi gêlas kalihan gêndul, pundi ingkang rikat piyambak tanpa manggih sabab, lajêng angsal sêsêbutan sawung. Wujudipun kados ing gambar.

[Grafik]

Sayêktosipun tumrapipun băngsa Jawi inggih sampun wontên cara ingkang kados makatên punika, nanging botên sarana dipun bên, namung kantun angyêktosi, pundi ingkang linangkung, lajêng dados têtuladan utawi dipun guroni, kados ta: panêgar, nabuh, anjogèd tuwin sanès-sanèsipun. Dalah tiyang nêdha ugi wontên sawungipun, nanging sarèhning botên dipun bên, dados inggih botên angsal sêbutan sawung, namung dipun sêbut tiyang drêmba sangêt kemawon. Mênggahing drêmbanipun băngsa Jawi, manawi sampun nama pêng-pêngan, inggih ngantos ngedap-edapakên, upaminipun nêdha mi têlas majaji gangsal rupiyah, anggadho ingkung sawung kêbiri têlas kalih, malah wontên tiyang anggadho balur gorengan têlas satenong. Sintên ingkang mirêng rêmbag drêmba ingkang kados makatên punika tamtu maibên, awit sawêg nalaripun kemawon sampun botên mèmpêr. Nanging nalar wau ugi badhe sagêd mantuk manawi dipun cocogakên kalihan têtiyangipun. Mênggahing kalimrahan, tiyang drêmba punika tamtunipun inggih kêtitipan wêtêng agêng, mèmpêr manawi cêkap kangge ngingsêr isining tenong.

Sayêktosipun, sanadyan punapa kemawon, manawi nama langkung saking limrah, inggih sagêd nama pinunjul. Tuwin mênggah kajênging tiyang punika pancèn namung nêdya pados punjul.

--- 1637 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Tatacaranipun Pangantèn Sundha

I.

Petruk: Kang Garèng, rêmbugane bab maca padha dilèrèni dhisik, saiki aku arêp crita sing tak tonton lagi dina minggu kang kapungkur kiyi, yaiku tatacara dhauping pangantèn Sundha.

[Grafik]

Garèng: Wah, Truk, hla kiyi omong-omongan sing pancèn migunani bangêt, kajaba banjur sumurup tatacarane băngsa Sundha anggone dadi pangantèn, sapa wêruh, Truk, yèn êmbèn-êmbèn kono aku kalakon bisa ngalap wong Bandhung.

Petruk: Hara, kok banjur mikir awake dhewe bae, bok iya elinga, tumrape awakmu wêktune mikir nyang sing ora-ora mêngkono, rak wis kapungkur, sêtun-sêtun nèk-nèke ing besuk bisa duwe mantu wong Bandhung. Hla, kiyi rada mèmpêr. Wis, wis, Kang Garèng, saiki tak wiwitane caritaku apa sing tak wêruhi ana ing pasamuwan kono. Bab panampaning dhayoh lan sapêpadhane, ora prêlu tak dongèngake nyang kowe, sabab iki bedane ora pati akèh karo carane dhewe. Kira-kira jam sawêlas, kyai pêngulu sapunggawane marani pangantèn lanang prêlu nakoni kaya kalumrahane yaiku kaya ta: apa pangantèn lanang pancèn gêlêm ngêpèk bocah wadon mau, lan sapanunggalane, kajaba iku si pangantèn lanang iya dikon maca sahadat barang. Sauwise kyai pêngulu banjur nakoni pangantèn wadon, sapa wis dhêmên, lan apa gêlêm dipèk bocah lanang kuwi, mêngkono uga dikon maca sahadat sapiturute.

Garèng: Mêngko, sik Truk, aku tak nyêlani pitakon. Mungguhing aku bocah lanang ditakoni rupa-rupa sing kaya ngono kuwi, aku ya prêcaya, yèn bisa mangsuli kanthi tatag, sanadyan le nakoni mau ana ing sangarêpe wong akèh, balik cah wadon, thik prawan, apa iya ora klêngêr. Wong aku kèlingan nalikane bakyumu makne Poniyêm ditari arêp diolèhake aku, tur sing narima mau bapakne dhewe, thik dhewekan. Kajaba kuwi aku iya wis yakin têmênan, yèn dhèwèkne tak pèk mêsthi ya sêmranthal bangêt, ewadene barêng bapak maratuwa mau nari mêngkene: êndhuk, dhuk, kowe kuwi saikine[3] [sa...]

--- 6138 ---

[...ikine] wis wanci, saupama tak olèhake Mas Bèi Nala - lo, kowe rak iya wis wêruh, ta, karo Mas Bèi Nala, priyayine sing cilik, prêkis andhandhing kae - kowe rak iya gêlêm, ta. Mara, Truk, ditakoni mêngkono kuwi, bakyumu ora kok mangsuli, jêbul malah mingsêg-mingsêg, sênggruk-sênggruk, asêntuk-sêntuk.

Petruk: Rak iya anèh, Kang Garèng, bakyu kok kopadhakake karo bocah wadon jaman saiki. Bakyu kuwi rak wêton kuna, wêwatêkane wis mêsthi bedane karo bocah wadon jaman saiki. Bocah wadon jaman kuna kuwi isinane rada mêmêt têmênan, nganti kêna diarani clingus. Apa manèh ditari laki, oraa alot, lagi dikon mangan bae nèk ana ing padhayohan, sanadyan nang ngomahe dhewe kulina sagrokan bisa nglabasake têlung piring, jarene iya: sawêg prêlu. Seje karo cah wadon jaman saiki, wêwatêkane sing akèh ora clingus nanging glogok sok blaka suta. Nèk mangan, nang ngomah lan nang dhayohan, iya padha bae, wêwatone: sapa isin, iya bakal ora isi. Malah ana bae prawan sing nèk mangan nyang dhayohan, malah ngantêm krama, awit jarene: sabab ganti lawuhan. Apa manèh mungguhing lakirabi, prakara sing wigati bangêt tumrap ing uripe, sing akèh-akeh iya masa gêlêma nurat-nurut wong tuwa bae, mêsthi nganggo milih barang, cara Walandane kudu anduwèni liefde (katrêsnan sing ambangêti) marang sing bakal ngêpèk mau.

Garèng: Wayah, katrêsnan kuwi rak têka dhewe. Tandhane bakyumu kuwi bae, sadurunge olèh aku rak durung wêruh mungguh luwês lan gandêsku, awit salawase mung dipingit bae. Ya bênêr wiwitane tungkul arêp elik jalaran saka durung têpunge, nanging barêng wis têpung, we, aku ora kêna mingsêr sathithik, bakyumu mêsthi banjur ringik-ringik, hêk-hêk, mas, aku bok aja ditinggal.

Petruk: Aku ora arêp maido, Kang Garèng, yèn jamane prawan pingitan, bocah wadon anggêre wis laki, trêsnane nyang lakine ngungkul-ungkuli. Nanging kang mangkono kuwi rak ana sabab-sababe, mara, pikirên bae, bocah wadon sing dipingit kuwi, sabên dinane wong lanang sing disumurupi kuwi rak ora ana manèh kajaba mung bapakne dhewe. Nèk bapakne wis tuwa, dadi wong lanang sing didêlêng sabên dina mau ya wong lanang sing wis tuwa, ala dhasar kêmpong perot. Ing wusanane nèk banjur ditêmokake karo wong lanang sing isih nom, dhasar bagus, têmtune rumasane sigite iya ulêng-ulêngan têmênan. Nèk sabanjure trêsnane kapati-pati, rak iya ora kêna dipaido, ta. Wis, wis saiki aku tak ambanjurake critaku ing ngarêp. Sanyatane mono iya kêna bae, upama kyai pêngulu ora sêmang nganggo nakoni barang nyang pangantène wadon, sêmono kuwi yèn pangantène wadon mau isih prawan, kadar anggone nakoni mau ora diwajibake, nanging mung jênêng bae, têgêse: nèk ora dilakoni ora dadi ngapa, nèk dilakoni: olèh ganjaran.

Garèng: Iya wis, saiki banjurna bae

--- 1639 ---

dongenganamu.

Petruk: Sauwise rampung pangijabe, pangantèn lanang wadon banjur padha ujung marang para sêpuh sing anjênêngi ijabing pangantèn mau. Hla, nèk kiyi wis rampung, banjur miwiti sawèr.

Garèng: Wèyèh, ana têmbung kok: sawèr, hla nèk: ngèwèr, kuwi aku ya ngrêti, yaiku: kae lo, nèk makne Kamprèt elik bali nyang wong tuwane, jalaran kok golèkake sadulur wadon, nanging nèk durung kok pêgat. Utawa: ngangsu sing banyune kocar-kacir turut dalan.

Petruk: Kang Garèng, aja kliru tămpa kowe, sawèr kuwi têmbung Sundha, karêpe wêwêling marang pangantèn lanang wadon, saranane bêras kuning dicampuri dhuwit, kang disawur-sawurake, kanthi nganggo ditêmbangi dhandhanggula lan kinanthi, upamane bae mangkene: Pangapuntên kanu sami linggih | mugi aya paidhin sakêdhap | badhe nyêlang êla nyawèr | tumut adhat karuhun | muri-muri tali paranti | luwang lumrah baêla | mugi para sêpuh | para wargi sadhayana | para mitra juragan pamêgêt istri | aya ibar bêrkahna ||

Garèng: Wadhuh, hla kok pating klênyit mêngkono, iya: êntê nyahok (ora ngrêti) aku nèk ngono kuwi.

Petruk: Lo, aku mung arêp awèh conto bae, liya dina tak têrangne mungguh karêpe têmbang dhandhanggula mau, saiki padha dilèrèni samene bae dhisik.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar wanita băngsa Walandi nama Nonah Versluys ingkang sinau lampah anggêgana ing pamulangan anggêgana ing Amsêtêrdham. Kados para wanita Indhonesiah panggagasipun dèrèng dumugi samantên.

--- 1640 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Pakêmpalan Sêdya Santosa ing Kudus.

Saking ada-adanipun para priyantun juru sêrat B.B. ing Kudus, ing sapunika ngêdêgakên pakêmpalan, dipun namakakên Sêdya Santosa, warganipun sampun wontên 44. Ancasing pakêmpalan nindakakên karukunan, tulung-tinulung, ngudi kamajêngan, nyèlèngi arta tuwin sanès-sanèsipun. Pinuji pakêmpalan wau sagêda widada. (S. Pr.)

Pakaryan O.R.

Opisil kawartosakên, wiwit tanggal 4 Pèbruari 1931 kawisudha dados up insêpèktur, pangagênging pakaryan Opiumregie, Tuwan Mr. C.Ph. C.E. Steinmetz, samangke insêpèktur ondêr up pakaryan wau.

Wiwit titimăngsa wau kawisudha dados insêpèktur ondêr up Tuwan Mr. Loze, samangke insêpèktur.

H.B.S. ing Bogor.

Kawartosakên, ing Bogor wiwit benjing tanggal 1 Juli 1931 badhe dipun wontênakên H.B.S. netral partikêlir.

Taman Adi ing Dhepok.

Pangrèhing Taman Adi ing Ngayogya martosakên bilih ing ondêr dhistrik Dhepok (Sêmarang) badhe dipun adêgakên pamulangan pang Taman Adi, kados ingkang sampun dipun êdêgakên ing panggenan sanèsipun.

Pitulungan kasangsaran modhèrên.

Dèrèng dangu pakaryan kasarasan ing Surabaya tampi wartos bilih ing Sampang, Madura, wontên tiyang pribumi nandhang tatu sangêt jalaran kenging repolpêr ingkang dipun angge dolanan. Pakaryan kasarasan wau enggal suka sumêrêp dhatêng papan anggêgana ing Marakrêmbangan. Botên watawis dangu saking ngriku dipun kitunakên mêsin mabur, dipun kêmudhèni dening satunggiling opsir juru mudhi saha ambêkta juru pamulasara tiyang sakit satunggal, anuju dhatêng Sampang. Watawis lêt kalih têngah jam mêsin mabur sampun wangsul ambêkta tiyang ingkang nandhang tatu wau. Ing papan anggêgana sampun dipun sadhiyani oto. Tiyang wau lajêng têrus kabêkta dhatêng C.B.Z. Bilih botên tumuntên kapitulungan, tiyang wau sagêd ugi nêmahi tiwas.

Pamulangan luhur kadhoktêran.

Kangge sawatawis măngsa kawisudha dados guru agêng babagan ngèlmi pamisah ing pamulangan luhur kadhoktêran ing Bêtawi, Tuwan Dr. W.F. Donath pangagênging laboratoriêm analisê dhepartêmèn têtanèn, kagunan saha padagangan apdhèling kagunan.

Tuwan Mr. E. Pino.

Opisil kawartosakên, wiwit tanggal 2 Mèi 1931, Tuwan Mr. E. Pino, pisê presidhèn Hooggerechtshof, kaparêngakên pêrlop wolung wulan dhatêng Eropah.

Kècu ing Torogong.

Saking Garut A.I.D. mirêng kabar bilih kala malêm Sênèn ingkang kapêngkêr griyanipun tiyang tani Namad Rais, ing kadhistrikan Torogong, dipun lêbêti kècu, cacah tiyang nêm, sami asikêp golok. Ingkang gadhah griya wau dipun pisakit. Kècu wau kalampahan sagêd anggondhol sênjata kalih, kopêr kalih isi sandhang pangangge, saha arta sadasa rupiyah.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Loc. Mirêng pawartos bilih benjing pungkasanipun wulan punika utawi awalipun wulan ngajêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta kaparêng badhe têdhak dhatêng Purwarêja, saha badhe nyare ing hotèl Van Laar.

Kawêdalakên saking tanah Indhonesiah.

Miturut Bat. Nwsbl. Tuwan Yap Tse Teck pangagênging salah satunggilipun pamulangan Tionghwa ing Batawi, jalaran nêrak awisan, inggih punika sêsorah prakawis pulitik ing ngajêngipun tiyang kathah, kajabêl srat palilahipun kangge manggèn ing tanah Indhonesiah saha lajêng tumuntên badhe dipun wêdalakên saking tanah ngriki.

Dr. J.J. van Lonkhuyzen dhatêng Singgapur.

Opisil kawartosakên: pangagênging pakaryan karasan[4] Tuwan Dr. J.J. van Lonkhuyzen sampun tampi dhawuh supados gêgayutan kalihan badhe wontênipun konggrèsing Far Eastern Association of Tropical Medecine (konggrèsipun para dhoktêr ing tanah wetanan) ing Bangkok, pangkat dhatêng Singgapura amakili parentah Indhia ing parêpatanipun Advisory Council van het Singapore-Bureau van den Volkendbond.

Rêdi Mêrapi.

Miturut Loc. gêgayutan kalihan kawontênanipun rêdi Mêrapi, têtiyang ingkang sami manggèn ing èrèng-èrènging rêdi wau sami tampi dhawuh supados bilih tăndha kênthongan sami ngilia dhatêng panggenan ingkang botên mutawatosi. Ingkang dipun kuwatosakên inggih punika, lahar ingkang anjog ing jurang sagêd ugi lajêng ngundhug-undhug anambak ilining lèpèn alit-alit saha sagêd nuwuhakên bêna ingkang badhe adamêl karisakan ing dhusun-dhusun ing uruting jurang wau.

--- 1641 ---

Măngsa malèsèt.

Saking Bandhung Aneta martosakên: A.I.D. martosakên bilih dhirèksining kabudidayan Bunisari ing Garut sisih kidul wiwit tanggal 1 Januari 1931 angêdalakên punggawanipun cacah tiyang pitu.

Odhiènsi.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral benjing dintên Rêbo tanggal 7 Januari wanci jam 9 enjing kaparêng badhe lênggah odhiènsi wontên ing pura Koningsplein, Wèltêprèdhên. Sintên ingkang badhe gadhah unjuk, sadèrèngipun tanggal 2 Januari kêdah sampun ngaturi uninga sarana sêrat dhatêng ajudan dalêm kanthi katrangan nama tuwin salajêngipun saha wigatosing bab ingkang badhe kaunjukakên.

Dhirèkturing K.L.M.

Java-Bode martosakên, Tuwan A. Plesman dhirèkturing K.L.M. saha K.N.I.L.M. benjing awalipun taun ngajêng punika badhe dhatêng Indhonesiah, numpak mêsin mabur.

Kalawarti enggal.

Pangrèhing Partij Rakjat Indonesia (parte kabangsan enggal ingkang adhêdhasar kopêrasi saha dipun pandhegani dening Tuwan Tabrani), sampun ngêdalakên organipun ingkang kawitan, kanamakakên Rakjat mêdal sawulan kaping kalih.

Pamulangan lare budhêg saha bisu ing Bandhung.

Kawartosakên, dipun ajêngakên dados dhirèkturing pamulangan lare budhêg saha bisu ing Bandhung, Tuwan W. Bluemink guru ăngka satunggal ing pamulangan lare budhêg saha bisu ing Groningên (nagari Walandi).

Bang apdhèling.

Dèrèng dangu para wakiling pangrèh bang apdhèling, para adminisêtratêring bang apdhèling, para insêpèkturing polêk krèdhit wèsên saking Malang, Bangil, saha Pasuruan tuwin wêwakiling lanboporlihtêng dhinês wêwêngkon Malang sami ngawontênakên pêpanggihan tutupan ing gêdhonging bang apdhèling ing Malang. Pêpanggihan wau dipun pangarsani dening lanbokonsulèn ing Malang, Tuwan van der Harst saha dipun jênêngi dening residhèn Malang saha Pasuruan tuwin Tuwan Mr. Fruin dhirèkturing sentralê kas.

Ingkang dados wosing rêmbag inggih punika bab tumindakipun nyambutakên arta dening bang apdhèling. Salajêngipun gêgayutan malèsèting kawontênan-kawontênan punapa prêlu pranatanipun nyambutakên arta dipun ewahi. Kajawi punika pêpanggihan wau ugi angrêmbag bab kawontênaning apdhèling bang wèsên. Tuwan Mr. Fruin suka katrangan saprêlunipun ing bab wara-wara ingkang dipun wêdalakên dening sentralê kas. Pêpanggihan wau kawiwitan jam 9 enjing, katutup watawis jam satêngah kalih wêlas siyang.

Asiah.

Utusan dagang saking Tiongkok.

Saking Medhan Aneta martosakên, Tiongkok sampun ngintunakên utusan dagang dhatêng Sumatra pasisir wetan saha tanah Jawi, nglangkungi Bangkok, Malakah saha Penang, wosipun kangge ngajêngakên padaganganipun tanah ngriki kalihan Tiongkok. Utusan wau sampun dumugi Singgapur.

Kawontênan-kawontênan ing Tiongkok.

Pêking 13 Dhesèmbêr (Aneta-Reuter). Kawartosakên sèndhêling băngsa Inggris saha Amerikah cacah tiyang 36 ing Owaho ing pulo Hainan sami wontên salêbêting bêbaya, jalaran ing ngrika tuwuh kraman kuminis. Konsul Inggris saha Amerikah ing Kanton sampun nêdha bêbantu dhatêng marinê militèr.

Hongkong 14 Dhesèmbêr (Aneta-Reuter). Prajurit nêm atus sampun dhatêng ing Owaho saking Kanton. Pangramanipun kaum abrit lajêng kèndêl.

Kajawi punika prajurit Kanton cacah tiyang sèwu sampun pangkat dhatêng Hainan, ing pangangkah sagêd enggal nyirnakakên kaum abrit wau.

Kawontênanipun para sèndhêling Howaho saha Kinso botên nguwatosi. Sadaya sami manggih wilujêng.

Waragading militèr saha pangasilan Tiongkok.

Syanghai, 16 Dhesèmbêr (Keng-Po). Ministêr pêrang, Poyingcin, wontên ing Nanking sampun anêrangakên bilih parentah samangke anggadhahi wadyabala 66 dhipisi, waragadipun wontên 33 yuta yèn, dene pangasilanipun nagari miturut tapsiran namung wontên 50 yuta yèn.

Eropah.

Kraman ing Sêpanyol.

Ing tangsi ing Yakah (Sêpanyol sisih lèr) kala tanggal 13 Dhesèmbêr ingkang kapêngkêr tuwuh kraman dipun pandhegani dening Mayor Franco. Wasana kraman wau sagêd kasirêp dening wadyabala parentah, para panuntunipun sami kacêpêng saha kapatrapan paukuman kisas utawi paukuman kunjara salaminipun gêsang. Mayor Franco sagêd oncat dhatêng Portêgal numpak mêsin mabur.

Padaganganipun Jêrman.

Bêrlin 15 Dhesèmbêr (Nauen-Radio). Mirid têtimbangan padaganganipun Jêrman, têtela salêbêtipun wulan Nopèmbêr ingkang kapêngkêr barang ingkang malêbêt wontên pangaos 734 yuta marêk (1 marêk = ± 60 sèn) katimbang kalihan ing wulan Oktobêr suda 99 yuta marêk.

Barang ingkang dipun wêdalakên wontên pangaos 870 yuta marêk, katimbang kalihan ing wulan Oktobêr suda 141 yuta marêk.

--- 1642 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

12.

[Mêgatruh]

kang ambêkta kongsi dhawah gumalundhung | dene sinatriya alit | kang nèng wêwadhah duk wau | nuju sare tanpa mosik | mangkya pasthi têmah layon ||

nanging lamun lêlakon pinasthi lulus | lakune tan pilih margi | sakala elok kalangkung | dadakan katêkan yaksi | kêkalih sarêngan anjog ||

lan sakala malih dadya bruwang agung | kadi anglêlèdhèk sami | pra pangeran sanga wau | duk uning kagèt kapati | têmah samya dhêlog-dhêlog ||

ing tyas gumyur ciptanira nulya santun | datan pisan angèngêti | mring kranjang ingkang rinêbut | mung barungwang kang pinikir | arsa sêsarêngan ngroyok ||

dyan umagut punang baruwang binuru | kongsi kapalayu têbih | baruwang saya sumêbut | ingkang mangkana sayêkti | satriya lit karahayon ||

dyan umèngêt èstri kang dinuta wau | anyandhak kang kranjang malih | nulya anglajêngkên laku | lampah kur-ungkuran margi | lan pangeran kang kacriyos ||

kang tinuju ing don padununganipun | pangèn kadi kang wêwêling | wusing prapta pasrah sampun | tinămpa dahat agati | kanthi suka trus ing batos ||

duk samana apan juru pangon nuju | rabinira darbe siwi | lagya nêmbe mêdal jalu | nulya dèn morakên nunggil | kanthi rinêksa agatos ||

myang mèt laku mrih tan kawistarèng sêmu | nulya wêwarta tumuli | maring tăngga karuh dhusun | lamun kang èstri sêsiwi | kêmbar jalu bagus kaot ||

kathah janma samya prapta gumarudug | têtinjo umiyat bayi | sanyata elok kalangkung | kang bêbayi sigit-sigit | dahat bagya kang mangkono ||

têmah lulus lare kalih dumalundung | tanpa sambekala wuri | datan pisan katara wus | kinira suta pribadi | lan nyata kêmbar sajodho ||

wusing rampung kênya kang piniji laku | tumuli pamitan nuli | wangsul maring desanipun | ambêkta sagung branadi | kongsi katon ambêntoyong ||

kanthi kukuh tan pisan kongsi kawêtu | dènnya angênêp wêwadi | marma ing salajêng lulus | tan wontên ucap kawijil | ing bab sinatriya anom ||

VII. Lêlampahanipun Pangeran Pandhu Abaya

[Sinom]

cinarita duk samana | sang anom yuswa sawarsi | yèku Sang Pandhu Abaya | putranira Citradèwi | apan ta anyarêngi | Sang Sri Wasudewa surut | dènnya jumênêng nata | wus antuk tri dasa warsi | apuyêngan sapraja bela karuna ||

sêmuning praja katara | surêm kadi kataman tis | ing marga-marga kawuryan | tandhaning bela prihatin | dening koncatan gusti | kang mêngkoni praja dangu | myang adil paramarta | mung ngayêmi ing salami | marma mangkya tuwuh gênging panalăngsa ||

nanging tan dangu binerat | awit tan antara lami | Pangran Dipati Abaya | ingangkat jumênêng aji | sumilih rama swargi | datan kongsi suwung dangu | ananing purantara | wus pulih lir wingi uni | têmah ayêm numusi janma sapraja ||

nata enggal ambêgira | salami anggung ngayomi | maring ari Dèwi Citra | marma wusing madêg aji | ciptanira sang putri | ingayoman karahayun | satêmah sukur suka | tan kêndhat anggung mêmuji | mrih lulusa dènnya madêg raka nata ||

ananging sajatinira | mênggah Sri Abaya Aji | dènira madêg narendra | tan pisan mirib ramaji | panggraita tan lantip | kêndho samubarang laku | ananging katitipan | ambêg trêsna ing sasami | antukira sinuyudan pra kawula ||

para kawula sapraja | bêktinira maring gusti | linambaran asih trêsna | dhasar wus kulina lami | wiwit duk pangran pati | ambêgira têtêp lulus | kongsi jumênêng nata | tan wontên katon katitik | ing salami anggung martani sasama ||

lawan malih sri narendra | tandukira mring kang rayi | yèku maring Dèwi Citra | kawuryan dahat dènnya sih | lamun sri nata uning | para kadang liyanipun | darbe tindak tan rêna | maring rayi Citra Dèwi | sri narendra katon dènira murina ||

dene pra pangeran sanga | jatinira darbe osik | ing batos datan pitaya | kalamun putra sang dèwi | ingkang umiyos putri | inganggêp putra satuhu | marma anggung tan kêndhat | apasang upaya sandi | angênginte kongsi tan kêni kinira ||

dènira ngira mangkana | awit pra pangeran uning | kalamun warnaning putra | datan pisan angiribi | lan suwarnèng sang dèwi | tan katon titiking punjul | nadyan sulistyèng warna | nanging kêkuwunge sêpi | adinira dening rinêngga busana ||

yèn mirid sing pakulitan | titikira saya têbih | datan pisan umiriba | kadi trahing narapati | lawan malih katitik | saking srapataning sêmu | cidranya Dèwi Citra | pra pangeran wus nyipati | mirid saking tumindaking pakulinan ||

kadi ta ing kalanira | Dèwi Citra mulat siwi | yèku putri putranira | ing netra anggung katitik | kumêmbêng sêmu tangis | nanging sang putri kadulu | lamun anuju mulat | mring lare jalu kang mirib | babagira lan putra katingal suka ||

mangkya pra pangeran sanga | kêncêng dènnya nyujanani | nulya niti tan katara | amatah mring juru sandi | mrih tumindak aniti | sinêbar ing dhusun-dhusun | ngupaya lare priya | kang kinira angèmpêri | têdhak nata myang atmaja Dèwi Citra ||

sumêbaring pra kawula | kang pinatah laku sandi | maratani desa-desa | gêmêt dènira nêniti | pan samana winarni | wadya kang anuju laku | mring Dwaramăndhalaka | midhangêt warta kasilir | yèn ing ngriku wontên pangèn rajakaya || (Badhe kasambêtan)

--- 45 ---

Nomêr 12 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu

Mêmitran Bêcik sing Rukun

Mungguhing bocah cilik, mêsthine durung ngrêti sing diarani mêmitran, mungguh gampangane ya diarani kêkancan bae. Kêkancan kuwi mungguhing bocah, adhakan bangêt anggone kêrêp pasulayan, lagi rukun sadhela bae, mêngko sadhela êngkas iya wis sulaya, trêkadhangan ana sing pancèn ora mathuk babarpisan. Lêlakon kaya mangkono mau ana dêdongengan sato kewan mangkene:

[Grafik]

Ana asu, jarene jênênge asu dhok, yèn wong Jawa jare ngarani asu cêpuk, awit raine kaya cêpukan. Asu mau salawase ora tau rukun karo kucing, ya ngêndi bae ana asu bisa rukun karo kucing. Dilalah, asu mau anggone diingu wong amor karo kucing. Wa, si asu tansah anyêl, mênyang kucing kudu ngêrêg bae. Nanging wêwatêkan sing kaya ngono mau banjur bisa ilang, amarga bêndarane tansah mrêdi supaya rukun, suwe-suwe iya dadi rukun têmênan, yèn mangan sasat nunggal saajang.

Satêmêne kucing atine tansah minggrang-minggring bae, saka wis kabacut wêdi mênyang asu. Lan sabên kucing nuju ora kêbênêran sathithik bae, banjur digêrêngi si asu.

Sawijing dina, asu gunêman karo kucing, calathune asu: Cing, kowe kuwi ketok bangêt anggonmu ngiyip mênyang panganan, sajakmu cimat-cimit, nanging yèn mangan iwak ngêntèk-êntèkake, tur gawemu mung ngêthêkêr turu.

Kucing ngrumasani yèn dirèmèhake, banjur mangsuli: Wis ta, mangan, ya padha mangan, kabèh-kabèh rak kagunganing bêndara. Mungguh prakara pagawean, arêpa aku mung turu, yèn bandara wis marêngake, kowe praduli apa.

--- 46 ---

Asu krungu wangsulan ngono mau bangêt nêpsune, banjur mangsuli karo mringis: Aku ya ora arêp mraduli anggonmu dadi tukang tunggu kasur, nanging bok ya rada ngetokake gawe sathithik, polane aku, yèn bêngi tansah mêlèk, anjugugi wong sing arêp nyolong barange bandara, ya aku iki sing jênêng rumêksa mênyang katêntrêmaning bandara.

Kucing: La witikna aku, sing tak rêksa kaslamêtane bandara, coba ta rasakna sing têmênan, barêng aku ana kene, tikuse padha lunga. Coba yèn ing kene akèh tikus, lan ana pinjal pès sing nyakot bandara, kowe lan aku apa padha ora kapiran. Dadi kabèh kuwi padha-padha: asu, mêsthi ana gawene.

Asu saya nêpsu bangêt, kucing arêp dikêrah banjur mlayu, asu ngoyak, rumasa yèn diwêdèni. Nanging kucing barêng kêpèpèt, banjur ngêndhêgi, asu ditapuk, kêlengkengan. Asu banjur wiwit minggring-minggring, wanine mung jugug bae.

Lurahe barêng wêruh banjur mara ngrukunake, iya banjur rukun manèh.

Dêdongengan mau dadi gêgambaraning atèn-atène bocah, yèn kumpulan adhakane kaya mangkono, sulaya rêmbug sathithik bae dadi grêjêg. Bêcik sing rukun ta.

Sapa sing Ora Anggugu Pitutur, Mêsthi Bakal Kojur

Sambungane Kajawèn nomêr 100.

Mungguh kaanan-kaananmu saiki, yèn dipandhing karo biyèn rak uwis jênêng rahmat gêdhe. Biyèn kowe mangan ora ajêg, awakmu katon kuru. Saiki kowe wis ginuk-ginuk, mangan ora tau lowong. Dene kowe kapengin mangan sing enak-enak, kuwi satêmêne gumantung ana ing wêtêngmu. Yèn wêtêngmu krasa ngêlih, sanajan mung mangan sêga blênyik, iya uwis karasa nikmat. Nanging yèn wêtêngmu uwis minthi-minthi, bok iya kowe mangan panganan sing ènêk bangêt, kiraku iya padha bae karo ora mangan. Kajaba iku, kucing-kucing jêro kraton kang dicadhong iwak-iwakan sing enak, kuwi rak mung kucing sing dadi kêkasihe sang ratu. Dene kucing liya-liyane, pangane iya mung lumrah kaya sing kok pangan sabên dinane kuwi. Dadi bisane mangan sing enak, sarana laku ora apik, iya kuwi nyolong. Măngka wong nyolong kuwi yèn nganti konangan, bisa uga dipatèni, apêse bae dithuthuki. Mula candhêtên kêkarêpanamu sing kaya mangkono iku.

Barêng krungu pituture nini-nini kang kaya mangkono mau, sajake Si Waris iya anggugu, nanging ing batin isih kapengin bangêt mênyang kraton.

--- 47 ---

Mula karêpe: yèn nini-nini pinuju katungkul nyambutgawe, awake arêp nglimpe lunga mênyang kraton, ora arêp pamitan barang.

Tênan, sawijining dina Si Waris nilapake nini-nini têrus anggênjrit mênyang kraton. Barêng têkan ing jêron kraton, wah kaya apa bungahe Si Waris, wêruh kaanane omah sarwa pèni-pèni. Kêkêmbangan ambune wangi tur wujude andêmênakake, wowohan ambiyêt matêng-matêng. Kalèn-kalènè pating sarèwèh, banyune bêning-bêning. Barêng wis rada sawatara suwe anggone mubêng-mubêng ana ing plataraning kraton, banjur têrus mênyang buri. Saka kadohan Si Waris wêruh pêga kumêluk, sarta wong pirang-pirang padha bikut tumandang. Barêng ditamatake tênan jêbul pawon. Mula banjur nginthak[5] diparani. Saya cêdhak irunge Si Waris pijêr mêgar mingkup, sabab mambu gandaning olah-olahan sing gandêm-gandêm. Satêkane ing jêron pawon, nyata bangêt kojahe kucing lêmu kae, iwak-iwakan sarta panganan sing enak-enak ora mêkakat akèhe. Saka ora kuwate atine nginthak, banjur ora sarănta nubruk iwak êmpal kang lagi bae diêntas saka panggorengan, arêp digondhol lumayu. Barêng abdi kang nunggu wêruh ana kucing anggondhol iwak, nuli enggal-enggal ditututi sarta dipanah. Mak cêprit. Panah mau kêna wêtênge Si Waris. Mula banjur niba: brêk, karo mêgap-mêgap arêp mati. Sambate: O kaya mangkene kadadeane wong kang ora manut pituturing guru utawa wong tuwa. Dadi uwis têtela bangêt, sapa kang ora manut pitutur, mêsthi bakal kojur. Ora antara suwe Waris banjur mati. Cuthêl.

Kula pun Basuki.

Jogedan

Dhèk anu kae Mursid mêntas cangkriman, sauwise cangkriman, Mursid tansah anggagas pitakone Si Wasis, nganti wêngi ora bisa turu, golèk reka supaya bisa malês pitakon mênyang Si Wasis. Bêtèke Si Mursid bocah ngrêtèn, sadhela bae wis bisa nêmu têmbung kang kanggo pitakon, Mursid banjur turu.

Esuke Si Mursid pinuju ana ing pamulangan katêmu karo Si Bandhol lan Si Lumuh, calathune:

Mursid: Dhol, Dhol, karo kowe, Muh.

Bandhol: Apa Sid.

Mursid: Anu, Dhol. Yèn aku kèlingan gunême Wasis dhèk mau bêngi kae, kudu angguyu bae, la wong wewe kok ditakokake, mati-matia wewe tênan. Tibake diilangi talingane, nganti wêngi ora turu-turu, aku.

--- 48 ---

Bandhol: Ah, jênênge bêthekan. La piye, kowe apa ya wis ngulir budi.

Mursid: Bokmanawa, la kowe piye Dhol.

Bandhol: Aku mono gampang, la Si Lumuh piye.

Lumuh: Aku, aras-arasên mikir.

Mursid: Kowe, Dhol, sing kok pikir kêrêngan bae, mula, yèn ana nalar ora enggal bisa. Apa manèh Si Lumuh, wong sajak wêgahan ngono. Ayo, mêngko sore nêmoni Wasis manèh, ngiras kanggo nuntun kowe, bocah loro.

Sorene bocah têlu Mursid, Bandhol lan Lumuh padha mênyang omahe Si Wasis.

Wasis: Lo, kowe bocah têlu, saka ngêndi.

Bocah têlu: Saka ngomah bae, prêlu arêp katêmu kowe manèh, nuhoni janji.

Wasis: La, iya prayoga.

Mursid: Nganti wêngi Sis, gonku anggagas pitakonmu, tibake akèh têmbung sing kêna dianggo srekalan.

Wasis: Pancèn akèh Sid, anggêr gêlêm mikir bae, mêsthi bisa, mula aku kăndha, ngiras kanggo ngulir pikiran. Panjalukku mitra-mitraku ayo padha gawe cangkriman utawa liyane kang migunani, aja mung playon lan gojegan bae, mara, coba tokna, Sid. Cikbèn dipikir Bandhol lan Lumuh.

Mursid: Ngene, Sis, pitakonku, apa kowe wis tau mangan kucing.

Wasis: Iya, Sid, kêna. Ayo Dhol, utawa Lumuh, pikirên.

Bandhol: Ana manèh, kucing kok dipangan, apa lumrah.

Lumuh: Mêsthine, kuwi ya kaya Wasis mau bêngi kae, ana sing dikurangi, nanging aku durung nyandhak.

Wasis: Mula, ayo katogna budimu.

Si Bandhol lan Si Lumuh nganti suwe anggone mikir, mêksa ora bisa ambêthèk, calathune.

Bandhol: Aku dang kaum (ngundang kaum) ora bisa.

Mursid: Anjaluka katrangan Wasis.

Wasis: Ah, ora, Sid, têrangna, wong kowe sing duwe bêthekan.

Mursid: Ya, rungokna, Dhol, bênêr kucing dipangan iku ora lumrah, nanging rèhning bêthekan, ya diakal murih bisane kalakon dipangan, kucinge kudu disiksa dhisik, sikile ditugêl, sawise tugêl, banjur dikêrok wulune.

Bandhol: Lo, piye, nanging rak iya ijih wujud kucing.

Mursid: O, cah, bonto, kucing, dikêthok sikile, iku, ku: diilangi sukune, kari ka lêgêna, jut cinge diilangi wulungne, kari cang, dadine kacang, kowe wis tau mangan kacang apa durung.

Mursid: Wis, ayo padha mulih, iki wis bêngi.

Tani.

--- [0] ---

[Iklan]

 


sawarnining. (kembali)
Awit. (kembali)
hal. 1638. (kembali)
kasarasan. (kembali)
nginthik (dan di tempat lain). (kembali)