Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05-22, #287

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05-22, #287. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05-22, #287. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 41, 12 Bêsar Taun Alip 1859, 22 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [629] ---

Ăngka 41, 12 Bêsar Taun Alip 1859, 22 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kawah Sibanthèng

[Grafik]

Ing rêdi Dièng wontên kawah ingkang nama Sibanthèng, kawah wau kêgolong agêng piyambak, swaranipun tansah gumrêngsêng, kathah walirangipun. Ing ngriku kêrêp dipun dhatêngi tiyang kathah.

--- 630 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts. ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.

Kintên-kintên kaping 8 a 10 sliringan lajêng dipun lêbêtakên ing toya angêt, awit bayi dèrèng kulina asrêp. Manawi sampun ambêgan kêmpin-kêmpis[1] nanging dèrèng nyêkapi, lajêng ilatipun bayi dipun cêpêng pucukipun mawi kain gas utawi kacu ingkang rêsik, dipun tarik ngantos mêdal saking cangkêm, dipun wangsulakên malih, dipun tarik malih rambah-rambah (methode Laborde).

Manawi sênthong (kamar) kirang jêmbar, miturut methode Schultze bayi kenging dipun sèlèhakên ing meja mawi kasuran. Ingkang badhe nulungi ngadêg cêlak sirahipun bayi, lêngênipun bayi kalih-kalihipun dipun tarik manginggil tumèmpèl kuping bayi (nyêrot hawa malêbêt) lajêng lêngên wau dipun pangandhapakên tumèmpèl dhadha lan sisih dhadha dipun nêtakên (ngêdalakên hawa), miturut metodhe Sijlvester manawi bayi botên gadhah lêngên cêkap dipun glundhang-glundhungakên, hawa sagêd malêbêt mêdal.

Jabang bayi ingkang lair wontên ing sêlaning pupunipun biyung enggal kalumahakên, kaangkaha tangsul usus ingkang anggandhèng pusêr lan ari-ari supados kêndho, lajêng usus pusêr watawis ± 5 cm lêtipun saking pusêr dipun tangsuli pati pita pêthak ingkang alit (ciyut) rambah kaping kalih, watawis ± 4 cm lêtipun saking tangsulan wau inggih kêdah dipun tangsuli malih kados ing ngajêng. Sasampunipun makatên usus pusêr ing antawisipun tangsul kalih wau lajêng kakêthok mawi gunting ingkang landhêp sarta rêsik, prayoginipun gunting lan pita wau kêdah kagodhog sadèrèngipun kaangge.

[Grafik]

Patrapipun angguyang lare alit.

Paedahipun tangsul ingkang kapisan, anulak wêdaling êrah saking pusêr (bayi) dene ingkang tangsul kaping kalih, anulak wêdaling êrah saking ari-ari.

Sasampunipun usus pusêr kakêthok lajêng mêndhêt pêrban gas (sampun cumawis) 10 a 12 cm pasagi mawi dipun bolongi têngahipun, usus pusêr wau kalêbêtakên bolongan gas, dipun wur-wuri dhèrmatol, pusêr kalihan bungkusipun gas karêbahakên [karêbahakê...]

--- 631 ---

[...n] ngiwa lajêng katutupana kapas, lan sinjang salajêngipun kabêbêt ing oto utawi gurita alit. Enjing sontên dipun santuni bungkus ingkang enggal ngantos puput.

Cara dhukun, pangêthokipun usus pusêr punika ngêntosi manawi ari-ari sampun mêdal, saking pamanggihipun nguwatosi. Tumrap ingkang gadhah anak (biyung) punika sampun botên dados punapa, amargi bayi lair sampun ambêgan, botên prêlu tampi têtêdhan malih saking ari-ari.

Limrahipun dhukun punika ngêthokipun usus pusêr ngangge wêlat, punika sagêd ambêbayani, awit wêlat punika pikantukipun saking panggenan ingkang botên têmtu rêsikipun, lajêng sagêd anuwuhakên sêsakit ing pusêr.

Manawi manut pikajêngipun dhukun utawi tiyang Jawi ingkang dèrèng mangrêtos, usus pusêr kakêthok sadèrèngipun ari-ari mêdal punika sagêd ambêbayani, awik[2] kakintên êrah pêthak lajêng minggah ing wêtêng utawi ing sirah ingkang andadosakên pêjahing biyung. Pikajêngan ingkang botên lêrês makatên punika sêmunipun sampun manjing ing balung sungsumipun tiyang Jawi, ngantos dumugi ing jaman sapunika. Saking sangêting ajrih, sadèrèngipun ari-ari mêdal, ing măngka usus pusêr sampun pêdhot piyambak, pucukipun pusêr lajêng katangsulan kaangsalakên samukawis ingkang awrat kados ta: sela, tugêlan tosan utawi sanès-sanèsipun.

Manawi pamanggih makatên wau pancèn sampun lêrês, punapaa têtiyang Eropah ingkang usus pusêripun jabang bayi dipun kêthok rumiyin sadèrèngipun ari-ari mêdal têka botên wontên ingkang pêjah.

Wontênipun biyung pêjah sasampunipun anglairakên jabang bayi, punika sababipun botên saking makatên, lan malih sanajan jabang bayi sawêg lair, usus pusêr ingkang sumambung ing ari-ari ingkang dèrèng mêdal wau lajêng dipun kêthok, punika babar pisan botên ambêbayani.

Dhukun bayi utawi tiyang sanèsipun langkung prêlu nyumêrêpana tăndha ingkang dados jalaraning bêbaya, lan pados sarana ingkang kangge nulak bêbaya wau.

Tăndha-tăndha ingkang makatên punika sarta patrap-patrap anggènipun nulungi kados ingkang badhe kula aturakên ing ngandhap punika.

Sasampunipun rampung anggènipun rêrêsik, utawi manganggèni bayi, lajêng biyungipun dipun priksa punapa ari-ari sampun mêdal, adat salêbêtipun 10 mênit utawi 1/4 jam sampun mêdal piyambak, manawi dèrèng, wadhah bayi ing prênahipun cakêt pusêr kêdah dipun uyêg kalihan èpèk-èpèk sawatawis dangu, adat ingkang limrah lajêng ari-ari mêdal, wadhah bayi dipun grayang katawis mrongkol atos.

Dane[3] yèn ari-ari salêbêtipun 1 a 2 jam botên sagêd mêdal prêlu nyuwun pitulungan dhoktêr utawi vroedvrouw. (Badhe kasambêtan)

--- 632 ---

Kawruh Sawatawis

Pasanggrahan

Tumrap pasisiran Jawi wetan kathah tiyang ingkang dèrèng mangrêtos punapa têgêsipun têmbung pasanggrahan, lan punapa gunanipun. Mila kados botên wontên awonipun saupami katêrangakên ing ngriki sawatawis.

[Grafik]

Pasanggrahan ing Cirêbon

Têmbung pasanggrahan, lingganipun saking: sanggra,[4] têgêsipun: pondhok, dados: pasanggrahan = pondhokan (pamondhokan). Ing Sêrat Kawi-Javaansch-Woordenboek ing têmbung: sumanggraha = manggèn, sanggrah atêgês: susuh, pikat, sanggraha = mêngku, pasanggrahan, somah, paring, angge, ênggèn, pasanggraha = pêparing.

Dados yèn makatên sampun cêtha têmbung: griya pasanggrahan = griya pêparingan, pramila têmbung pasanggrahan punika dados namanipun satunggiling papan pamondhokan utawi pakèndêlan tumrap ing sawatawis măngsa. Saha sampun kêlimrah wontênipun ing nagari pundi-pundi. Dene ingkang kathah mawi dipun dèkèki griya dalah pirantos sapêpakipun.

Manawi mirid saking cacriyosan kina, minggahipun dumugi ing jamaning purwa pisan, pasanggrahan punika ugi sampun wontên, nanging ingkang angwontênakên wau namung băngsa luhur, kados ta: ratu, saha malih ingkang sok masanggrahan mriku kajawi namung bangsaning luhur, inggih sintêna kemawon ingkang pantês, utawi ingkang dados utusaning narendra. Dados cêtha bilih pasanggrahan punika wontênipun atas saking karsaning nata, utawi tiyang ingkang panguwaosipun prasasat ratu, kados ta: tiyang sugih tuwin sapanunggilanipun. Griya wau minăngka sadhiyan papan pakèndêlaning para tamu saking măncapraja, ingkang kathah dumunung ing sajawining kitha.

Dene tumrap ing jaman sapunika, sanajan sanès băngsa luhur utawi trahing ngaluhur, waton tiyang kacêkapan, ugi kathah ingkang sagêd angawontênakên pasanggrahan ing pundi-pundi panggenan ingkang dipun sênêngi, sawênèh dipun wastani griya patirahan. Wontên malih ingkang sairib kalihan punika, kados ta griya lusmèn. Pabrik-pabrik gadhahanipun H. v. A. ingkang sampun kula sumêrêpi ugi sok wontên pasanggrahanipun.

--- 633 ---

Pasanggrahan-pasanggrahan wau limrahipun kaprênahakên ing padunungan ingkang hawanipun sakeca tur asri, kados ta ing parêdèn, ing kitha-kitha, pasisir tuwin sanèsipun, prêlunipun kangge têtirah utawi ngenggar-enggar manah tumrap ing sawatawis măngsa.

Dumugining samangke, ing parêdèn punapadene ing pasisiran ugi taksih kathah griya pasanggrahan, inggih punika kagunganipun kangjêng gupêrmèn, prêlu kangge papan pakèndêlanipun para priyantun nagari ingkang pinuju nindakakên kuwajibanipun, kados ta: amriksa wana-wana, rêdi-rêdi, kawah, sagantên tuwin sapanunggilanipun. Sanadyan sanès punggawa nagari ugi kenging sipêng wontên pasanggrahan gupêrmèn anggêr nêtêpi kuwajibanipun ingkang sampun kapacak ing tarip. Saha malih sintêna kemawon ingkang badhe masanggrahan ing salah satunggiling pasanggrahan, kêdah suka uninga dhatêng priyantun ingkang gadhah wêwêngkon rumiyin.

Dene limrahipun pasanggrahan gupêrmèn wau mawi kadekekan tiyang ingkang kaparingan balănja mêsthi, prêlu anjagi bab tatananing bale griya tuwin angladosi saprêlunipun tumrap para tamu ingkang kêparêng masanggrahan ing ngriku, kawastanan mandhor pasanggrahan.

Manawi tiyang badhe masanggrahan ing pasanggrahan gupêrmèn, ingkang dunungipun ing tanah parêdèn (ingkang sampun kula sumêrêpi inggih punika pasanggrahan: Argapura, ing èrèng-èrènging sukunipun rêdi Sêmèru sisih kilèn, inggilipun: 2835 kaki saking lumahing sagantên) limrahipun kêdah sêsangu têtêdhan tuwin pangunjukan piyambak, awit ing ngriku pancèn botên sadhiya têtêdhan sapanunggilanipun, kajawi namung pirantosing ngrêratêngi, pirantos dhahar, ngunjuk, papan pasiraman, papan sare sapêpakipun, papan ngaso, kados ta kursi meja, dilah tuwin sanès-sanêsipun, punapadene sêrat-sêrat waosan sawatawis. Dene yèn têtêdhan ingkang kabêkta taksih mêntahan, kenging amiji tiyang ingkang jagi ngriku wau supados angladosana saprêlunipun, tuwin kaparingan pituwas samurwatipun.

Amangsuli cacriyosan kina, pasanggrahan punika sawênèhipun wontên ingkang botên ngêmungakên nyêdhiyani para tamu ingkang sêdyanipun sae, nanging malah wontên ugi ingkang kangge jujuganipun mêngsah, nanging kaangkah saya langkung kiwa dunungipun saking kitha. Prêlunipun saupami wontên mêngsah dhatêng samăngsa-măngsa, supados botên adamêl kasusahaning kawula alit, ingkang jalaran kêndhih padununganipun, dados botên adamêl kisruh, punapadene kitha ngriku supados botên gampil kangge ajanging mêngsah ngrêrisak.

Nirrasa, Tumpang Malang.

--- 634 ---

Darmawisata

Kaliurang

Kaliurang punika namaning dhusun ing sacêlakipun rêdi Mêrapi, bawah gupêrmèn Ngayogyakarta, dene prênahipun kalihan rêdi Mêrapi wontên ing sisih kidul kilènipun. Ing dhusun ngriku hawanipun asrêp sarta angrêsêpakên ing paningal, saya manawi nuju padhang rêmbulan, wit-witan utawi lêgok-lêgoking parêdèn ingkang kenging soroting rêmbulan, kêtingal anêngsêmakên manah.

Sampun rambah-rambah ing dhusun ngriku kangge lurugan tiyang ingkang sami sakit bêntèr, tèrêng, sêniwên, lan sanès-sanèsipun. Ingkang sampun-sampun manawi tiyang tirah (nêntrêmakên) wontên ing ngriku kathah jodhonipun, kajawi tiyang ingkang kenging sêsakit watuk tuwin napas.

[Grafik]

Ing salêbêtipun dhusun ngriku kathah toyanipun ingkang sami kawêdalakên sarana pancuran alit-alit. Ugi wontên balumbangan ingkang sampun dipun tata sae, punapadene adining toya grojogan ingkang dipun wastani têlaga muncar, gumrojoging toya wau wiwit wêdaling toya dumugi ngandhap, inggilipun kintên-kintên wontên 25 mètêr, wujudipun kadosdene gambar punika. Sarèhning inggil sangêt, dados wiwit wêdaling toya botên sagêd kêtingal wontên ing gambar, toyanipun sakalangkung asrêp, nanging ugi wontên ingkang sami siram wontên ing grojogan ngriku.

Kajawi punika, ing sarèhning dhusun Kaliurang punika pancèn papan ingkang ngrêsêpakên, mila kathah pasanggrahan yasan dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkubumi, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja, utawi Radèn Tumênggung Mangunjaya, kala taksih jumênêng bupati ing Sleman. Sarta kathah para tuwan-tuwan ingkang sami manggèn ing ngriku. Para Tuwan-tuwan wau wontên ingkang yasa pasiraman, manawi malêbêt ing pasiraman sarana prabeya. Wontên ingkang yasa papan kangge balbalan (tennisbaan) bal tampèl. Wontên ingkang

--- 635 ---

pasang radhio, makatên ugi sampun wontên dilah èlêktris, yasanipun Tuwan E. Lahmeijer. Hotèl, losmèn, punapadene pondhokan kangge pasipêngan ugi dipun wontêni, malah kangge wulanan utawi dintênan.

Kalêrês sakidul wetanipun têlaga muncar wontên tukipun ingkang kawastanan umbul Têmantèn. Tuk wau sampun dipun mulyakakên dening nagari, toyanipun kailèkakên dhatêng kitha Ngayogyakarta mawi lèdhêng, sarta tuk wau dipun jagi dening pèl pulisi, dene pamanggènipun pèl pulisi ugi sampun kadamêlakên griya wontên ing papan ngriku. Ingkang sami manggèn ing kitha Ngayogyakarta, mèh sadaya sami ngangge toya lèdhêng wau.

Mênggah têbihipun dhusun Kaliurang saking kitha Ngayogyakarta watawis wontên 17 pal.

[Grafik]

Têbaning sawangan ing Kaliurang.

Ing kitha dipun sadhiyani motor bis ingkang mligi kangge tindak dhatêng Kaliurang, dene prabeyanipun, tiyang satunggal mlampah mantuk kalih rupiyah.

Md. Tamjiz. Lêngganan No. 2524.

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

XII. Pangeran Warsa anglurug mênyang Tanjunggunung

[Durma]

gênti crita nagara ing Kamurahan | saya lawas kêtitik | bangêt gone rêja | lakuning among dagang | ketoke saya andadi | wis ora beda | karo ing ngêndi-êndi ||

lan pangeran ketok yèn diraja-raja | lan bangêt diwêdèni | awit wis kanyatan | Pangeran sing kuwasa | lan kabèh tindake adil | sapa sing salah | wêruh ukume mêsthi ||

yèn sing bênêr ya têtêp nuli kêtrima | lan manèh tindak titi | sabarang prakara | yèn pancèn durung cêtha | durung karsa angarani [angara...]

--- 636 ---

[...ni] | bêcik lan ala, mêsthi dipriksa tliti ||

awit saka kêncênge kangjêng pangeran | wong-uwong padha giris | lumuh nglakonana | nyang tindak kaluputan | awit upama nglakoni | măngsa wurunga | tămpa ukuman adil ||

dhèk samana jêng pangeran tansah duka | dening muntap ing galih | awit tansah priksa | ananing têlik têka | tanpa kêndhat ngangin-angin | nungsung pawarta | anane kono kuwi ||

nuli dhawuh nyang uwong sing dipitaya | kadhawuhan naliti | yèn nganti kêcandhak | supaya diladèkna | arêp dipariksa titi | apa ya nyata | apa mung kabar angin ||

pitayane jêng pangeran nuli budhal | nyatakke ngêndi-êndi | mênyang pasar-pasar | lan mênyang ing padesan | kampung-kampung dilêboni | manawa ana | bakal dicêkêl wani ||

ambênêri lakune ing dhèk samana | têkan panggonan sêpi | ana ing pêtêngan | wong mau krungu swara | wong gunêman angrasani | nyang sang pangeran | tumuli dicêdhaki ||

wong sing siji rasanane rak wis cêtha | kangjêng pangeran kuwi | arêp ambalela | lali ing kaluputan | wong sing têka andalidir | mung arêp padha | biyantu adol wani ||

wong sijine mangsuli mung sajak ngina | ayah apa ta kuwi | apa ya têmênan | pangeran wani nglawan | apa ta ora ngèlingi | ya ta kon nyoba | yèn ora dadi cindhil ||

yèn sing nyata wis kêna digo plapuran | karêpe wis kêtitik | kocap wong utusan | pitayane pangeran | barêng krungu nyapa wani | hus drohun sapa | mandhêga hèh panyakit ||

uwong loro ora wêdi malah mara | karo ngêthungi bithi | wangsulane santak | eling uwong nagara | êlo sapa kowe gênjik | aja sêmbrana | kene lho iki bithi ||

satêmêne tekade mau katara | wong rada kaduk wani | akurang dêduga | dupèh dadi utusan | nanging ora pisan ngrêti | yèn Kamurahan | panggonane wong wani ||

barêng ngono utusane sang pangeran | parêmpêng ngêsuk wani | karo muni tatag | ayo gêlis tibakna | bok uwis kene plêg nuli | thik kaya bocah | nganggo diwêwêdèni ||

uwong têlik prêmpêng anibani tangan | ning ditangkis mak kriwil | barêng nolèh kêplag | ing raine kampiran | pèk-èpèk rada anggoci | galebag tiba | sing siji ngêsuk wani ||

durung cêdhak mak plêg raine kêdugang | rada marêbês mili | ngucêg-ucêg mata | gênti diangsêg cêdhak | durung mêlèk ditêmpiling | kêtanting grobyag | kuping karasa nging-nging ||

malah banjur ditubruk tangan dicandhak | utusan karo muni | ya coba bănggaa | putung tanganmu tênan | le muni karo nênani | têlik nyuwara | atho-atho èh iki ||

wong utusan muni êlo kathik sambat | mêngko sisan tak gêjil | uwis ta nuruta | ayo kuwi renea | padha mlakua tak irid | aja sêmbrana | aku dudu wong jirih ||

uwong loro tumuli diirid sowan | kangjêng pangeran pati | kono kabênêran | pangeran isih lênggah | nuli dhawuh sapa kuwi | lho kowe Kêrta | sapa ta sing ko irit ||

Kêrta matur tiyang kêkalih punika | sami têtiyang têlik | nuli jumênêng nyat | pangeran mara nyêdhak | taliti ngiling-ilingi | sawise cêtha | nuli ngandika lirih ||

--- 637 ---

ing mêsthine kowe ya wis padha cêtha | nyang kaananku iki | awit kowe padha | jênêng uwis wong tuwa | sauwise kowe nêlik | lan arêp apa | rak ya mung arêp bali ||

wis balia mêngko dhisik êntènana | e bocah sapa kuwi | iki sangonana | bèn aja kêkurangan | ing mêsthine butuh dhuwit | sawise tămpa | wong loro mundur wêdi ||

liya dina nuli dhawuh tata-tata | pangeran niyat wani | awit wis rumasa | kuwat anglurugana | nyang Tanjunggunung saiki | wong ora kurang | tur padha sugih-sugih ||

lan kêncênging galihe kangjêng pangeran | ora niyat darêngki | mung lugu prasaja | ngrêbut kratoning rama | ora niyat angêbroki | darbèking liyan | mula mung têtêg wani ||

wise pêpak tumuli ambabar layar | pangeran manggêdhèni | praune nèng têngah | ketok gêdhe anganggrang | layare malêndhung putih | lakune rikat | digrubyug prau cilik ||

yèn disawang kaya garudha anglayang | wujude mêmêdèni | ing sadalan-dalan | yèn pangeran kapisah | banjur ambyuk angêbyuki | asurak-surak | bisa nênangi ati ||

ora kêndhat pangeran tansah mêmulang | lakuning bênêr bêcik | ing sadalan-dalan | salamêt tanpa ngaral | dilalah angine bêcik | kaya nyêngkakna | lakune dadi gêlis ||

barêng uwis ana sawatara dina | dharatane kêtitik | isih kêthap-kêthap | pangeran angandika | kae Tanjunggunung mêsthi | uwis ta kănca | aja nolih ing buri ||

[Grafik]

Ing nginggil punika sawangan sacêlakipun Cikotok, Bantên Kidul, ing ngriku wontên pêlikanipun êmas. Mirid cariyos jaman Indhu, ing tanah ngriku punika panggenaning donya brana.

--- 638 ---

Kawontênaning Băngsa Indhonesia ingkang Kakêmpalakên Wontên ing Pacific Congres ing Batawi

Kala ing dintên Slasa tanggal kaping 14 wulan punika kalêmpakaning băngsa Indhonesia ingkang wontên ing Pacific Congres sami dipun arak ing gêdhong museum. Ing dintên wau Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral amriksani wontên ing ngajêngan. Ingkang sami rak-arakan wau sami mangangge pangangge kabangsan asli.

[Grafik]

Pratelaning gambar, nginggil piyambak sisih kiwa, băngsa Minangkabo. Têngên, băngsa Acih. Têngah sisih kiwa: prawan-prawan ing Lampung. Têngên băngsa Palembang. Ngandhap piyambak sisih kiwa: băngsa Dhayak, têngên băngsa Sumba.

--- 639 ---

[Grafik]

Băngsa Nias. Mênggah Nias punika satunggiling pulo sakilèn tanah Sumatra. Têtiyangipun misuwur sami sagêd main catur.

[Grafik]

Băngsa Batak. Punika têtiyang asli saking nagari ingkang misuwur kapalipun.

[Grafik]

Băngsa Sundha, mindhakakên bupati ing jaman kina. Cara-caranipun sairib ing Jawi Têngah.

[Grafik]

Băngsa Jawi, sami mangangge padintênan cara priyantun, utawi manggangge cara badhe jagong.

[Grafik]

Băngsa Papuah, sami mangangge jangkêp mirantos dalah têtabuhanipun utawi dêdamêl.

--- 640 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Têtingalan ing Pacific Congres

Garèng : Ora, Truk, aku kok gumun ngrasakake kowe kuwi, Batawi kirak nêgara tèji bangêt, kowe nang kono kok kalêbu ngêbuk, kok diuwongake. Kuwi kêpriye.

Petruk : Yah, le ngarani kok tèji, tèji kuwi rak tumraping jaran, nèk nagara rak gêdhe. Kowe aja kaliru tămpa, Rèng, anggonku mrana-mrene diulêmi kuwi, ora kok mêrga aku wong apangkat utawa wong kang gêdhe pêngaruhe, nanging sanadyan mung cêpetha-cêpethe mangkene aku kiyi sathithi-sathithik jênêng jurnalis, malah dina Saptu kang kapungkur kiyi aku iya diulêmi makan bêsar dening pabrik oto Jendral Motor ing Tanjungpriuk, bêbarêngan karo jurnalis-jurnalis sawarnaning băngsa, wah, hla kuwi, wis, wis, gandêm têmênan.

Garèng : Wathathithah, hla kok kampi têmênan, ing măngka jarene Jendral Motor kuwi duwèke wong sa-Amerikah, dadi omongane mêsthine iya basa Inggris. Mara, Truk, caritakna sing talêsih, aja ana sing kliwatan, patrapmu anggone cohosu ana ing Jendral Motor kuwi.

[Grafik]

Petruk : Yah, Rèng, nèk ora bisa basa Tionghwa bok aja sok ngêtokake têmbung Tionghwa, mundhak kaliru, Cohosu kuwi têgêse rak pista ênggon manton, wis, wis, rungokna, tak caritani saka wiwitan pisan, cikbèn cêtha. Tanggal 14 sasi kiyi aku ditimbali dening panggêdheku, sarta banjur dipangandikani mangkene: He, Petruk, andadèkna kawruhanamu, iki ana ulêm-ulêman saka Jendral Motor, yèn arêp nganakake pesta gêdhèn ing dina Saptu ngarêp kiyi, kowe mangkata minăngka dadi sêsulihe kantor Bale Pustaka. Nămpa prentah mangkono mau, sanalika kono sindapku banjur rumap, lan atiku mèh bae pêrlop bètên bêswar pan dhê landhê. Ewasamono iya tak saguhi bae. Sanalika kono aku enggal-enggal banjur tilpun marang sobatku kêras Si Culik, redhaktur layang kabar Keng Po ing Batawi. Halo, Culik - yès hiyê, mistêr Culik (Yes, here mr. Tjoelik) - yas, yès mèngklèkmu kuwi, aja cara Inggris, aku Petruk, [Petru...]

--- 641 ---

[...k,] bapak bokku, êmbah, êmbah buyut, canggah warèng, udhêg-udhêg gantung siwurku Jawa, dadi aku iya Jawa, omongku iya cara Jawa- o Mistêr Petruk, ho dhu yu dhu, mai dhiyê phrin, èn wot dhu yu won (Oh, Mr. Petroek. How do you do my dear friend and what do you want) = o, Tuwan Petruk, apa padha slamêt mitraku, lan apa kang dadi karêpmu - we, hla, disambêr gêlap kaping pitu likur dhur-dhuran têmênan, ana kok banjur têrus ngomong Inggris bae - bèg padhênsê, ai dhun ndhêrstêtèn yu (Beg pardon, sir, I don't understand you) = nyuwun ngapura tuwan, aku ora ngrêti omongmu - sabar- sabar Culik, aku arêp rêmbugan karo kowe bab ulêm-ulêmane si Jendral Motor ing Tanjungpriuk, - O yès ai no yu ainphaitit bi jenêral motor èt priyuk, a not yu (Oh, yes, I know you are invited by General Motors at Priok, are not you?) = O, iya, aku ngrêti yèn kowe diulêmi dening Jendral Motor ing Tanjungpriuk, iya apa ora, we, hla, cilaka mêncit têmênan, sajake Culik kiyi saiki lagi mabuk cara Inggris, nèk mabuka cara Lănda kuwi iya wis pantêse, nèk-nèke banjur bisa olèh drajat utawa olèh bintang prunggu, balik mabuk cara Inggris rak ora ana gawene. Tujune adoh, upama cêdhaka mono tak kêmpit ing kèlèk sida gêmbrèt-gêmbrèt têmênan, - hah, hah, hah, hla, kuwi nèk Petruk, ming mêngkono bae wis duka, anggone aku têrus omong Inggris, kuwi kanggo ngulinakake, supaya ana ing kana omongku aja nganti kêclithat-kêclithut, sabab aku uga diulêmi dening Jendral Motor. Sauwise, Rèng, aku rêmbugan karo Si Culik nêdya arêp bêbarêngan lakune, lan sadurunge dina Saptu aku karo Culik arêp nyinau wawan gunêman cara Inggris.

Garèng : Wadhuh, ya rada gawat kiyi, lho, anggonmu ngulinakake basa Inggris karo Culik kêpriye, Truk.

Petruk : Lho, kuwi mangkene: aku têka nyang omahe Culik, Culik banjur kondhang nyang aku: Truk, Truk, mara saiki kowe tak coba, kêpriye wangsulanamu, yèn ana wong Inggris calathu nyang kowe mêngkene: me ai introdhyus mai sèlêp tu yu, Ai èm...(May I introduce myself to you, I am...) - sanalika kono banjur tak wangsuli mangkene: tèng kyu, sê, ai dhun laik wêdhus (I don't like wedoes) - sanalika kono Culik banjur angguyu kêpingkêl-pingkêl, jarene aku salah wèsêl babar pisan. Kandhane Culik mêngkene: pitakonku mau têgêse: aku arêp nêpungake karo kowe, aku kiyi...intrêdhyus kuwi têgêse: têtêpungan, dumèhane ana têmbunge: dhyus banjur diarani wêdhus, dene têgêse I don't like kuwi: aku ora doyan, mara ana wong diajak têtêpungan wangsulane kok aku ora doyan wêdhus, apa mèmpêr kuwi. - Aku banjur omong karo Culik: Iya wis aku trima kalah, saiki pitakonku wangsulana, nyata kowe ngrêti basa

--- 642 ---

Inggris têmênan: Ti sondhêr go, èn le, plangsane. Wis kurang ajar, ditakoni mêngkono kuwi, Culik ora mangsuli, kok mung mèsêm bae.

Garèng : Yah, ora susah Culak-Culik, nèk cara Inggris kaya mêngkono, aku bae bisa mangsuli, pitakonmu: Ti sondhêr go, èn le plangsane, kuwi têgêse: roti sondhêr mêrtega lan sêle cêmplang rasane. Wis, wis, ana jarene omong Inggris, kok banjur ngêtokake bêdhekan.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Sanadyan kawontênanipun griya gêmintê ing Sêmarang kangge tiyang ingkang kirang kêcapan kathah, inggih punika ing Sêmarang wetan, sampun kathah, nanging sami rumaos kawratan, jalaran kêtêbihên. Ing sapunika gêmintê wiwit damêl griya malih wontên ing kampung enggal, Mlathèn, saha sampun kathah tiyang ingkang gadhah panyuwun.

Ing Salatiga sampun wiwit tata-tata badhe mahargya rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, anggènipun badhe konprènsi kalihan para bupati.

Mêntas wontên kuli kontrak cacah 500, bidhal saking Sêmarang dhatêng Nieuwe Caledonie, saha badhe ambidhalakên dhatêng Suriname 300

Katêtêpakên dados warga propènsi Yalêrat ing Jawi Kilèn Tuwan Atik Suwardi, pangarsa Kwiksêkulbon.

Sampun sawatawis dintên punika, wontên lare-lare băngsa Tionghwa sawatawis umur 10 dumugi 11 taun, sami numpak pit saking Grêsik dhatêng bênawi sacêlakipun dhusun Sêmbayat, lare-lare wau lajêng sami baitan, sarêng lampahing baita dumugi sungapan cêlak sagantên, baita dipun gonjang-ganjingakên lajêng kalêbêtakên toya ngantos kêbak, wusana baita kèrêm, lare-lare ingkang kathah sagêd ngêlangi, ingkang 3 dipun gèrèt minggir saha sami botên èngêt.

Lulus Iksamên H.B.S. wêkasan ing Bandhung, Sudibya, Nonah Sumadipraja.

Tumrap ing Bandhung wontên wara-wara saking ingkang wajib, angawisi talèdhèk utawi bangsanipun kados makatên mitongtonakên wontên ing panggenan umum. Dipun têtêpakên dados warga propinsi Yalê rad Jawi Wetan, Mas Suwana.

Mêsin mabur Dornier saking nagari Walandi, ing dintên punika badhe dumugi ing Tanjungpriuk. Samăngsa mêsin-mêsin mabur wau malêbêt ing kalangan mabur, ngengingakên tiyang sawatawis ningali malêbêt, malêbêtipun mawi karcis.

Ing Bawi[5] mêntas wontên bikakan griya sakit kewan, nalika pambikakipun kathah tamu ingkang sami anjênêngi. Ing griya sakit wau dipun sadhiyani panggenan kangge ngrimat kapal, sagawon, kucing tuwin kewan sanès-sanèsipun, ingkang sakit saha manggèn ing ngriku. Makatên ugi ing ngriku dipun sadhiyani panggenan kangge andèkèk kewan ingkang katitipakên, upaminipun ingkang gadhah pinuju kesahan. Para tamu sasampuning mariksa mubêng, lajêng lênggahan sawatawis, wusana bibaran.

Lulus iksamên wêkasan ing K.W.S. ing Batawi. Ing bab Burgelijke Bouwkunde Ambyuh. Kagunan warni-warni: Jaka Sutirta. Water-en Spoorwegbouwkunde: Ong Tek Siang, Mas Sukamta. Werktuigkunde Abdulkadir, Mas Sukani, Sie Tjoan Tok, Th. W. Tangkau, O.M. Kajadoe, R.R. Lamping, Tan Boen Kwie. Extraneus; Lim Ban Djin. Electrotechniek: Liem Biau Laij, Radèn Suleman.

Wontên pawartos, Rêgèntên bon Sêdyamulya badhe kêmpalan wontên ing Wèltêprèdhên, nanging dèrèng katêtêpakên dintên utawi pamanggènipun, badhe ngrêmbag ing bab kuwajibaning bêstir. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam badhe anjênêngi. Ingkang Sinuhun ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta badhe utusan wêwakil.

Wontên murid-murid Osvia ing Madiun, kalih klas sami dhatêng Sarangan, dipun iring ing guru Jawi. Murid-murid wau lajêng sami adus wontên ing balumbang, wontên satunggiling murid nama Sriwanda asli saking Surakarta kalêlêb wontên ing toya botên sagêd ngêlangi, wusana andadosakên ing tiwasipun.

--- 643 ---

Studieclub ing Surabaya mêntas ngawontênakên parêpatan dipun dhatêngi tamu 500. Parêpatan angêdêgakên ingkang dipun namakakên: Rad sinoman kampung, kadosdene gêmintê rad tiyang siti, ingkang dipun pilih dados pangarsa Tuwan Sunjata kanthi sèkrêtaris angsal balănja. Punggawaning rad wau wontên 17, kapêndhêtakên têtiyang kampung ingkang sampun sêpuh, dipun biyantu satunggaling rad juru panimbang dening Ir. Anwari, ing bab kagunan Mr. Muhamad Yusup, ing bab pangadilan, tuwin DR. Sutama ing bab kasarasan.

Kawartosakên, bilih pangupajiwa ing Dhigul katingal saya majêng, sapunika sampun kathah toko-tokonipun, tiyang dagang partikêlir saking Ambon. Punapa malih ing bab prêluning gêsang ugi nyêkapi, kados ta: pênatu, kêmasan, tuwin tukang warni-warni.

Ir. Radèn Mas Panji Surahman Cakraadisurya, kaangkat dados Nèpêrid konsulèn.

Naamlooze Vennootschap Bank-Nasional Indonesia ing Surabaya, sêtatêtunipun sampun dipun absahi ing parentah.

Rêgining karcis sawarnining klas saking Wèltêprèdhên dhatêng Bandhung mêdal Purwakarta utawi Bogor suda 20%.

Ministêr pan koloniên andhawuhakên dhatêng N.V. Hagefilmfabrieken van Willy Mullers ing nagari Walandi, supados andamêlakên pilêm Indhonesiah. Pilêm wau panjangipun 15.000 m, prêlu badhe kangge pangajaran ing pamulangan-pamulangan Indhonesiah.

Tuwan Muhamad Rais, ing Cigugur, Cirêbon, tiyang ingkang misuwur paguronipun, para muridipun nyêbut Kangjêng Gusti Pangeran Muhamad Rais. Sampun dados padatanipun sabên tanggal sapisan Sura amistakakên muridipun ewon. Benjing tanggal sapisan wulan Sura ngajêng punika badhe pista agêng-agêngan, kintên-kintên badhe nêlasakên waragad f 20.000.-

Băngsa Mênadho nama K. Daniel nunggil griya kalihan bangsanipun nontên ing Tanah Tinggi, Wèltêprèdhên, dipun cêpêng ing Pulisi, awit kadakwa badhe damêl sêsorah abrit, tiyang wau sampun nate dhatêng Moskou tuwin nagari pintên-pintên ing Eropah. Kintên-kintên badhe dipun purugakên dhatêng ing Dhigul.

Idham-idhamaning para komite kêbênan ing Tumpang sagêd kasêmbadan pikantuk bathi saking sarana angawontênakên karamean ringgit tiyang, angsal-angsalaning bêbathèn wau kadarmakakên dhatêng têtiyang ingkang kasusahan jalaran bêna ing bawah Kabupatèn Pasuruan (N.).

Kawartosakên Mr. Radèn Mas Sartana badhe nunggil damêl kalihan Mr. Dr. Oeij Tjiang Sin tuwin Mr. Ko Tjaij Sing wontên ing Batawi, saha badhe pindhah papan tunggil sapanggenan.

Kawartosakên para Walandi Indho ing Surabaya sami kêkirangan griya sewan, lajêng sami ajak-ajak gadhah pamrayogi dhatêng gêmintê supados ngêdêgakên griya sewan wontên ing kampung Kêmayoran, ingkang sewanipun antawising f 30.-, dumugi f 50.- rêmbag wau dipun condhongi ing Walandi 250.

Wontên pawartos, Paduka Tuwan Talma tilas dhirèktur pinansiên seda wontên ing Brussel.

Ing salêbêtipun wulan punika, ing Pathi badhe wontên pêkên darma, angsal-angsalanipun badhe kangge Ziekenfonds Mardi Oesada, ingkang dipun êdêgakên dening ingkang bupati ing Pathi. Pakêmpalan wanita Puspa Rinonce badhe bikak pajajanan, ingkang angsal-angsalanipun ugi badhe kangge darma dhatêng Ziekenfonds wau.

Pawartos saking Administrasi

Agen nomêr 2240 ing Gêdhangan. Kula aturi nglêbêtakên lêngganan satunggil êngkas, minăngka lintunipun ingkang pindhah dhatêng Têmanggung. Manawi botên makatên panjênêngan botên sagêd gratis.

Agen nomêr 3730 ing Pêterongan. Buku ingkang ngangge gambar ringgit rêgi f 4.- manawi panyênêngan[6] kêrsa kula aturi kintun artra f 4 - f 1.50 = f 2.50 sêringgit.

Tuwan Kartasiswaya king Jêthaksari. Pos wisêl f 1.50 sampun tampi, Kajawèn sampun kakintun. Mundhut dados agèn almênak botên sagêd nglaksanani, sampun dados panggalih.

Pawartos Wigatos

Kirang kalih wêdalan malih waosan Pêpisahan 27 Taun sampun tamat. Satamating cariyos wau badhe kasantunan waosan sêrat: Bayan Budiman. Waosan ingkang badhe kawêdalakên punika isi cariyos warni-warni ingkang nêngsêmakên, mawi sinawung ing sêkar. Kajawi cariyosipun sae ugi isi wulang cêkak aos. Murih botên damêl cuwaning panggalih, sintên ingkang dèrèng lêngganan, kaparênga tumuntên mundhut lêngganan, awit waosan ingkang jugag punika adamêl cuwa.

Red.

--- 644 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

31.

Dak srapat-srapat, praupan, kêkulitan lan dêdêg pangadêge wong mau plêg kaya praupan, kêkulitan lan dêdêg pangadêgmu, nanging wong mau nyata wong tuwamu utawa dudu, aku ora wani mêsthèkake. Saupama wong mau bisa crita yèn ilanging anakke marga kèli ana kali Sirayu,[7] mêsthi wong tuwamu. Cêkake, Di, prakara iki isih samar, bisane cêtha yèn larane wis mari, saka pandugaku băngsa têlu utawa patang sasi manèh, sêdhêng kowe wis tamat saka sinau.

Samêngko kapriye kang dadi karêpmu, saupama wong mau kalakon mari sadurunge kowe bali, bêcik ditahan dhisik apa ora, aku ngarêp-arêp wangsulan.

Saka aku trêsna: F. Heldering

Sarampungipun maos sêrat wau dhoktêr Atmadi linggih ing kursi, badanipun ngraos lêmês gumêtêr, rainipun dados pucêt, luhipun daleweran. Kala samantên ingkang èstri dhatêng, atakèn, têmbungipun: tămpa layang saka ngêndi, mas.

Dhoktêr Atmadi mangsuli kalihan ngusapi luh: Saka tanah Jawa.

Saka bapak manèh.

Ora. Saka Prang.

Ana kabar apa.

Ênya wacanên dhewe. Sêrat kaulungakên. Sasampunipun nampèni sêrat wau ingkang èstri lajêng mapan maos, nanging namung kabatos kemawon, sasampunipun rampung, wicantên, têmbungipun: Kira-kira bapak apa dudu mas, wong iku.

Êmbuh, iya.

Bêgja bangêt, mas, yèn wong kuwi bapak. Layang iki pancèn rada ambungahake, kêna apa kamas têka banjur katon susah.

Ora luput calathumu, bênêr layang iki ora cêtha, nanging kaya-kaya wis kêna kapasthèkake yèn wong kuwi bapak, mula tumrap aku dhewe uga rada bungah, ewasamono sajroning bungah mau aku uga ngrasakake susah, saupama têmên wong kuwi bapak, hêm... mêsakake têmên, dene samono gêdhening kasusahan lan sangsara kang dilakoni amarga anggolèki aku. Sangsara: dene tansah kluyuran mênyang ngêndi-êndi, yèn panas kapanasan, yèn udan kodanan, turune mêsthine iya saênggon-ênggon, bisa uga ana ing dalan sok digêguyu wong utawa dimunasika.

Hla, saiki kapriye bêcike.

Bêcike kapriye.

Sarèhning Prang anjaluk wangsulan, diwangsuli apa ora. Mêsthi.

Unining layang: pitakon wonge ditahan apa ora samasa kalakon mari ing sadurunge kamas kondur.

Iya. Mungguh kowe kapriye, mrayogakake mangkono apa ora.

Iya, bêcik mangkono bae.

Dhoktêr Atmadi enggal dhatêng meja panyêratan, damêl sêrat. Sasampunipun rampung kaulungakên dhatêng ingkang èstri, wicantênipun: jajal wacanên, cukup mangkono bae apa durung.

Ingkang èstri nampèni sarta lajêng maos, sasampunipun rampung, wicantên têmbungipun: Iya wis prayoga, arêp diposake kapan.

Sesuk.

Bêgja bangêt, mas, yèn wong kuwi bapak têmênan.

Tumrape aku pancèn bêgja, nanging...

Nanging... kapriye.

Nanging... tumrape kowe apa ora bakal isin duwe maratuwa kaya ngono.

Isin, isin kapriye.

Ingatase kowe putra wadana têka duwe maratuwa wong asor, tur...

Ora, mas, ora, aja nguwatosake prakara sing mangkono.

Têmênan.

Apa kamas mundhut supaya aku supata.

Ora. Sukur yèn mangkono.

Kadosdene wontên ingkang akèn wêkdal samantên ingkang èstri ningali jam, wasana kêtingal ragi gugup lumêbêt ing griya atata têdha. Sasampunipun rampung mêdal malih manggihi ingkang jalêr, wicantênipun: Dhahar, mas.

Dhoktêr Atmadi pitakèn: Jam pira ta, saiki. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


kêmpis-kêmpis. (kembali)
awit. (kembali)
Dene. (kembali)
§ Lêrêsipun saking lingga sanggraha. Red. (kembali)
Batawi. (kembali)
panjênêngan. (kembali)
Sêrayu. (kembali)