Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-08-25, #27

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-08-25, #27. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-08-25, #27. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
Image

Ôngka 34, 26 Sapar Taun Jimakir 1858, 25 Agustus 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [581] ---

Ôngka 34, 26 Sapar Taun Jimakir 1858, 25 Agustus 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasar Gambir.

[Grafik]

Sabên tiyang tamtu sampun sumêrêp ingkang dipun wastani pasar Gambir. Pasar Gambir ing taun punika, kawiwitan wontên ing tanggal 26 Agustus dumugi 6 Sèptèmbêr. Wêwangunaning griya kados gambar ing nginggil punika. Kawontênanipun badhe langkung sae tuwin rame tinimbang ingkang sampun. Pajagèn dipun santosani, dilah-dilahipun dipun wêwahi, dilah sorot (zoeklicht) dipun indhaki sorotipun, sagêd dumugi ing têbih. Ing ngriku tiyang badhe sagêd nyumêrêpi kawontênaning donya dagang, kagunan lan kawêkêlan, punapa malih papan kasênêngan tuwin têtingalan.

--- 582 ---

Wawasan Tumrap Sêrat-sêrat Anggitan Dalêm Swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.

Minôngka Pêpèngêt. (Miturut Karanganipun Dr. Th. Pigeaud).

Candhakipun Kajawèn ôngka 33.

Raos dhatêng lêbêting têgêsipun têmbung-têmbung punika sampun mêsthi kemawon tuwuhipun pancèn kêtarik utawi gêgayutan kalihan dhêdhasaring basa, awit têmbung Jawi punika sami rimbagan saking têmbung wod, ingkang gampil sangêt panitikipun sarta ugi kathah ingkang taksih kangge têmbung aran.

Kawontênaning basa ingkang makatên wau, kathah ing têmbung ingkang kenging kangge purwakanthi utawi sami mirib têgêsipun, para juru ngarang wiwit kina mila sampun sami migunakakên dayanipun kangge ngwontênakên raos ingkang kinajêngakên. Mênggah rekanipun kados ta: sarana guritan lan purwakanthi warni-warni ing wiwitan, têngah sarta wêkasaning têmbung, tarkadhang asring ngantos pintên-pintên larik têrusan, ananging mawi dipun saranani wangsalan adèn-adèn. Wangsalan punika kadosdene cangkriman, pambatangipun sarana madosi têmbung, ingkang swaranipun mirib kalihan têmbung-têmbung ing dalêm cangkriman punika. Wontênipun wangsalan punika bokmanawi kemawon gêgayutan kalihan wontênipun basa sirikan sarta basa winados, ingkang taksih dados sawênèhing caranipun golonganing têtiyang bodho, jalaran taksih ajrih nêrak. Ananging wangsalan wau wontên ing sêrat-sêrat Jawi mawi sêkar sampun dados busananing basa ingkang wilêt pangrakitipun awêwaton swara. Tumraping para pujôngga linangkung sagêd dados sarana nandukakên raos dhatêng ingkang mirêng, murih sagêd kraos gêgayutanipun jagading manungsa ing jawi sarta ing lêbêt.

Katêrangan sawatawis ing nginggil punika kalêbêt wawasan bab sêkar tumrap anggitan umum. Ing sapunika badhe ngrêmbag bab sêkar ingkang maligi anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV.

Anggitan dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara IV punika kenging kaperang-perang makatên: pangrêngga kawontênaning purug, pitutur, sêrat kintunan sarta pangrêngga minôngka busananing basa.

Karangan dalêm ingkang ngrêngga kawontênaning purug wau sadaya sami sinawung ing sêkar, nyariyosakên anggènipun tindakan piyambak utawi sawênèhing putranipun, ingkang kathah namung têdhakan nitih kreta utawi kapal dhatêng salah satunggiling pasanggrahan bawah Mangkunagaran ugi. Sadaya kawontênaning lampah kacariyosakên, wiwit bidhal saking Sala ngantos dumuginipun ing satunggil-tunggiling pakèndêlan tuwin dhatêngipun ing pasanggrahan, wusana lajêng ngrêngga kawontênaning pasanggrahan ngriku tuwin anggènipun sami among suka.

Pangrêngga kawontênaning tiyang lêlampah sarta panggèn-panggenan ingkang dipun langkungi punapadene dipun [dipu...]

--- 583 ---

[...n] kèndêli kados makatên wau, ing sêrat-sêrat Jawi kina sarta enggal kalêbêt limrah, kados ta: Sêrat Cênthini, punika kêbak rêrênggan makatên wau. Tindakipun Prabu Hayam Wuruk saking Majapait dhatêng bangwetan ugi rinumpaka ing Sêrat Nagarakêrtagama. Ananging rêrumpakaning lampah wau wontên ing sêrat-sêrat kina namung dados sêlingan, botên dados baku utawi jêjêring karangan. Beda kalihan karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV, punika pancèn namung maligi ngrumpaka kawontênaning lampah sarta purug thok. Rêrumpakaning lampah punika wontên ing sêrat Jawi sami ngantos ngalantur, ngrêngga kawontênaning sêsawangan ngantos ngalantrah, ingkang ngarang sagêd ngabarakên kawêgiganipun dhatêng bab busananing basa sakatogipun, têtiyang ingkang pancèn dados jêjêring lêlampahan, lajêng kêsilêp babar pisan, mila botên kenging kaanggêp cariyosipun sawênèhing lêlampahan utawi sawênèhing tiyang.

Rumpakanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang makatên wau kenging kangge titikan jêmbaring sêsêrêpanipun dhatêng basa Jawi, punapa malih nitik rumpakanipun ingkang nyariyosakên kodrating alam, lajêng têtela manawi gonahgênah. sangêt dhatêng nama-namanipun isèn-isèning alam ingkang asipat gêsang utawi botên. Kados sampun kenging katamtokakên, bilih pêpaking sêsêrêpan punika jalaran saking dangunipun wontên ing padhusunan nalika dados prajurit. Anggitan wau têtêmbunganipun kathah sangêt ingkang mawi gêguritan sarta purwakanthi, ananging tanpa wangsalan.

Panganggitipun rêrumpakaning lampah wau namung manawi kêlêrêsan kalamangsanipun, sarta sadaya kemawon sami dipun titimangsani. Ingkang makatên punika kalêbêt ada enggal, botênipun saking Kangjêng Gusti Mangkunagara IV piyambak inggih sawêg dados caranipun jaman samantên. Wontênipun rêrumpakan wau kenging kaanggêp dados uparêngganipun lêlampahaning trah luhur ing Sala salêbêtipun akiring abad ingkang kêpêngkêr. Ing sapunika kawontênan wau sampun ewah. Cariyosing kawontênan mawi rumpakan kadosdene karanganipun swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau bokmanawi kemawon ing têmbe badhe wontên ajinipun tumrap ing babad, samantên ugi katêrangan-katêranganing panggenan ingkang kawrat ing karangan ngriku.

Sadangunipun Kangjêng Gusti kaping IV karsa nganggit-anggit, kathah kemawon anggitanipun rêrumpakaning lampah, ananging pangarangipun botên tunggil môngsa. Ingkang sagolongan panganggitipun kala kangjêng gusti sawêg wiwit karsa ngarang-ngarang, kirang langkung ing saantawisipun taun Jawi 1770 kalihan '85 utawi antawisipun taun Walandi 1842 kalihan 1856, anggitanipun rêrumpakan wontên tiga panjang-panjang. Ananging anggit-anggitan ingkang kathah-kathah sarta ingkang langkung panjang malih kaanggit ing saantawisipun taun Jawi 1800 kalihan 1810, utawi ing saantawisipun taun Walandi 1871 kalihan 1881.

Ing môngsa antawisipun taun Jawi 1785 kalihan 1800 utawi antawisipun taun Walandi 1856 kalihan 1871 anggitan-anggitanipun swargi kangjêng gusti ingkang kathah awarni pitutur sinawung ing sêkar. (Badhe kasambêtan)

--- 584 ---

Anjangkêpi Katrangan Sawatawis ingkang Kalêbêt Prêlu.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar pangantèn kakung putri (bôngsa luhur) ing Ngayogyakarta.

Ing Kalawarti Kajawèn 7 Sura Wawu 1857 utawi 7 Juli 1927 taun II ôngka 27 karangan bab pangantèn Surakarta, sarèhning taksih wontên kêkiranganipun sawatawis ingkang kula manah prêlu dipun sumêrêpi ing ngakathah, pramila kula kêpêksa amêwahi murih jangkêpipun sagaduging sêsêrêpan kula, kados ta:

Ing kaca 445 kolom I larikan 17 saking ngandhap ingkang mungêl:… pangantèn jalêr èstri panggih, sami mangangge dipun wastani dodotan, caraning pangangge jalêr èstri kados pangagêmanipun para luhur, malah limrahipun dipun wastani ngemba pangagêmaning ratu. Punika lêrêsipun: caraning pangangge jalêr ngrasuk kapraboning ratu, inggih punika kampuhan wangun grêbong andhêm, makutha biru gundha tanpa nyamat.

Inggih jalaran katarik saking dayanipun pangantèn dipun wênangakên angrasuk kapraboning nata punika, anggènipun tansah dipun suhun-suhun, dipun kurmati utawi dipun luhurakên piyambak ing wêkdal punika, dalah pakurmataning têtabuhanipun mawi lagu [la...]

--- 585 ---

[...gu] Kodhokngorèk, awit lagu Kodhokngorèk punika pakurmatan dalêm nata.§ kodhok ngorèk punika lêrêsipun dhapukaning gôngsa, saminipun: Carabalèn. Nanging sarèhning lagunipun prasaja sangêt, dados tumrapipun ing Jawi gampil sangêt niru mawi gôngsa limrah.

Kinanipun manawi wontên pangantèn kêlêrês dipun arak, môngka lampahipun kêpêthuk panjênêngan nata ingkang sawêg pinuju amêng-amêng, arak-arakan wau winênangakên botên mandhêg, sarta pangantènipun kalilan botên mandhap saking tumpakanipun, kenging têrus asêsimpangan kemawon. Nanging saupami sang nata pinuju ngagêm kaprabon dalêm, arak-arakan dalah sapangantènipun kêdah urmat kados sacaranipun kawula dalêm ngurmati panjênêngan nata.

Wontênipun pangantèn dipun wênangakên ngangge kapraboning nata, punika gotèkipun tiyang sêpuh, jalaran kaanggêp kadosdene anglampahi ayahaning Allah, anggèning badhe akawasa nurunakên wiji dumadosing manusa.

Ing kolom I larikan 5 saking ngandhap ingkang mungêl: ngangge buntal kumlawèr ing wingking. Punika lêrêsipun: ngangge buntal gumradhe ing wingking dhawah ing sisih kiwa têngên, mawi ukup renda.

Ing kolom I larikan 2 saking ngandhap ingkang mungêl: ngangge calana cindhe. Lêrêsipun: ngangge calana cindhe sêkar abrit.

Ing kolom I larikan 1 saking ngandhap, ingkang mungêl: ngangge timang. Lêrêsipun: ngangge cathokan (cathokan punika beda kalihan salepe, kajawi cathokan punika panganggèn èstri, wangunipun bundêr utawi lonjong. Cathokan wangunipun pasagi).

Mênggah ingkang dipun wênangakên ngangge cathokan makatên punika, kajawi panjênêngan ratu, para putra dalêm, pangeran santana, wayah saha mantu dalêm, bupati ingkang sêsêbutan arya§ Ingkang angsal sêsêbutan Arya, punika sadaya wayah dalêm sarta buyut ingkang pancêr kakung, sanès-sanèsipun: tumênggung. Ingkang darah: mawi atêr-atêr radèn mas, ingkang sanès darah namung atêr-atêr: radèn, amargi kêpyakipun sampun mawi ungêl-ungêlan: jinunjung saking ngandhap sinêngkakake ing ngaluhur. Namung ing Mangkunagaran, wiwit taun 1923 ngawontênakên sêsêbutan mas tumênggung, kados nalika jaman Surakarta awal. tuwin para prajurit. Dene tumrap sanèsipun kêdah ngangge timang.

Ing kolom II larikan 16 saking ngandhap ingkang mungêl: limrahipun pangantèn punika kêrik alis. Kawêwahan: sisig, manawi gadhah brengos dipun kêtêpi.

Ing kolom II larikan 15-14 saking ngandhap ingkang mungêl: rambutipun dipun ore plintiran. Punika kawêwahan: sarta sanginggiling pokipun plintiran wau dipun cundhuki sêrat intên wangun jêram saajar lan ngangge sêsupe sakawan (kalih sisih).

Ing kolom II larikan 11 saking ngandhap ingkang mungêl: tumrap pangantèn èstri, tapih cindhe. Dipun wêwahi: sêkar abrit (tumrap pangantèn èstri, tapih cindhe sêkar abrit, seredan) kados nyampinganipun pramèswari dalêm sarta putri-putri dalêm manawi pinuju garêbêg.

Ing kolom II larikan 9 saking ngandhap ingkang mungêl: dados inggih kados ngumbar kunca. Punika lêrêsipun: pancèn ngumbar kunca, awit dodotan èstri ingkang botên kasembongakên punika, dipun wastani ngumbar kunca.

--- 586 ---

Ing kolom II larikan 9-8 saking ngandhap ingkang mungêl: udhêt gêndhala giri ngalawèr. Lêrêsipun: udhêt cindhe sêkar abrit, lan sêngkangipun bapang, inggih punika sêngkang tronyok, brumbunganipun sawatawis panjang tinimbang brumbunganing sêngkang limrah. (Sêngkang bapang punika pancèn maligi namung dados anggèn-anggèning pangantèn èstri).

Wondene panganggenipun pangantèn nikahan, punika kampuh bango nguthak,uthak. ngumbar kunca, ukup renda utawi moga pêthak, calana mori tinêpi ing renda pêthak, kuluk mathak pêthak, ngore rambut kapuntir, botên kenging mangangge mas intên, dhuwungipun kandêlan suwasa sarta dèrèng kenging akêkêrik. Sapêkênipun, manawi cara kadhaton, pangagêmanipun sami kalihan nalikaning panggih, namung kampuhipun ingkang santun gadhung malathi, inggih punika ijêm alas-alasan têngah pêthak. Gotèkipun liyangtiyang. sêpuh: pasêmon ayêm têntrêming manah anggèning pangantèn sampun sagêd dhaup. Alusipun: carêming Wisnu tuwin Sri. (Badhe kasambêtan)

Babadipun Tiyang Tani Pribumi.

Candhakipun Kajawèn ôngka 33.

[Grafik]

Ing sisih kiwa griyanipun Tuwan Arjadipura kala rumiyin, ing sisih têngên griya ing sapunika.

Saya dangu padamêlanipun Tuwan Arjadipura saya wêwah kathah. Ananging sarèhning lampahipun nyambut damêl wau kanthi angatos-atos, amila inggih lajêng sagêd anyaèkakên pirantos-pirèntosipunpirantos-pirantosipun. têtiyang nyambut damêl. Dangu-dangu pambudidayan ing Awu-awu wau sagêd dados ondêrnèmêng alit-alitan. Amung kemawon ing ngriku prasasat botên wontên bedanipun antawisipun juragan lan kaum buruhipun. Ing ngriku ingkang dipun sêdyakakên sagêda nyambut damêl sêsarêngan. Tandhanipun: rumiyin kala dham irigasi risak jalaran kabanjiran, ngantos têtiyang tani ing Awu-awu, inggih para punggawanipun Tuwan Arjadipura botên sagêd angsal toya, semahipun sami sêsarêngan dhatêng ing griyanipun Tuwan Arjadipura, supados kaihtiyarna

--- 587 ---

toya, ingkang kangge ngoncori sabinipun ingkang sawêg dipun garap. Jalaran saking punika Tuwan Arjadipura lajêng miwiti yasa dham piyambak. Sadaya têtiyang èstri ing ngriku sami ngrencangi, dene lakinipun sami anglajêngakên anggène sami anggarap sabinipun, amila sarêng dhawuhan wau rampung lajêng dipun wastani: dhawuhan wanita jati. Sasampunipun dhawuhan rampung, têtiyang èstri ingkang sami tumut nyambut damêl wau badhe sami dipun opahi, ananging sami botên purun, panêdhanipun supados dipun wontênana wilujêngan kemawon kanthi mawi têtabuhan. Ciptanipun: Padamêlan yasa dhawuhan punika rak kangge kapêrluan kula sadaya, kadospundi dene kula sadaya sami badhe dipun olèhi. Kala punika Tuwan Arjadipura inggih sande anggènipun badhe ngepahi, ananging sarêng kalêrês dintên riyadi, sadaya tiyang wau lajêng sami dipun sukani sinjang sarasukanipun, inggih punika minôngka epahanipun anggèning nyambut damêl yasa dhawuhan wau.

[Grafik]

Para punggawa kabudidayan Ngawu-awu, nalika pabrik mèh rampung panggarapipun.

Wiwit punika ondêrnèmêng Awu-awu kenging dipun pamèrakên. Têtiyang ingkang nyambut damêl botên pêrlu ngupados malih, ananging sami dhatêng piyambak, ingkang kala rumiyin sami miruda, sami wangsul malih. Wontên ing ondêrnèmêng ngriku ngabotohan dipun awisi, lan Tuwan Arjadipura tansah ambudidaya supados para punggawanipun sagêd angatos-atos lan gêmi. Ingkang kathah têtiyang wau sampun sami gadhah sabin sarajakayanipun. Ing ngriku awis sangêt dipun wontênakên karamean, kajawi namung sataun sapisan, inggih punika ingkang dipun wastani: karamean taunan. Ngawontênakên wilujêngan salaminipun sawêg sapisan, inggih punika kala Tuwan Arjadipura pamitan kalihan para punggawanipun tuwin têtiyang dhusun ingkang sami manggèn ing têpis wiringipun Awu-awu.

Kajawi ingkang sampun kasbut ing nginggil, ing ondêrnèmêng ngriku sampun dipun êdêgi pamulangan satunggal, [satungga...]

--- 588 ---

[...l,] makatên malih toko kopêrasi ing ngriku ugi sampun wontên. Sanadyan namung kangge sênêng-sênênging para punggawanipun, ondêrnèmêng inggih mêrlokakên ngawontênakên, kados ta pirantosing ringgit tiyang inggih wontên kathik pêpak, dene ingkang sami dados inggih para punggawa-punggawanipun piyambak, makatên ugi ringgit wacucal inggih wontên. Ingkang kapiji dados dhalangipun salah satunggiling tiyang tani ing ondêrnèmêng ngriku ugi dipun udi. Sawênèhing tiyang ngriku malah wontên ingkang sami aginau babagan musik.

Tumrap têtiyang ingkang anindakakên kuwajibanipun dados tiyang Islam, wontên ngriku ugi botên badhe kapintên, jalaran masjid inggih wontên. (Badhe kasambêtan)

Ratu Adil.

III

Pralambang Jayabaya

(Candhakipun Kajawèn ôngka 33)

Mênggah kawontênan badhe wontênipun Ratu Adil tumrap ing Sêrat Jayabaya, punika sêmu-sêmunipun kapitadosan Jawi dipun campur kalihan kapitadosan Islam, amargi ing ngriku ugi nyêbutakên nama: Imam Mahdi. Ananging sanadyan rumasukipun agami Islam dhatêng têtiyang Jawi sampun lêbêt, ngantos Hèrucakra punika dipun anggêp asal saking Ngarab, ewadene Ratu Adilipun tiyang Jawi punika, miturut kapitadosanipun piyambak dede Imam Mahdi ing Ngarab. Punapa malih kapitadosanipun tiyang Jawi saha bôngsa Islam tumrap wontênipun Ratu Adil wau, campuripun dados satunggal dèrèng wontên katêranganipun.

Kasbut ing Sêrat Babad Tanah Jawi, Kangjêng Pangeran Dipanagara, ingkang kacariyos dados kraman agêng punika, ngagêm sêsêbutan nama Hèrucakra. Ananging miturut ing buku karanganipun Tuwan Brandes nyariyosakên bilih ing sêrat babad ing sadèrèngipun kraman Dipanagaran, punika sampun wontên ingkang ngakên nama Hèrucakra, inggih punika Radèn Mas Sungkawa, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Pugêr, ingkang lajêng jumênêng nata ajêjuluk Susuhunan Pakubuwana I (1704-1719) saha sarêng diwasa Radèn Mas Sungkawa wau lajêng nama Radèn Mas Dipataruna, wusana sarêng ingkang rama sampun jumênêng nata, dipun paringi asma Pangeran Dipanagara. Sarta ugi lajêng ngraman ajêjuluk Hèrucakra saha lajêng kakendhangakên dhatêng tanah Kap ing Aprikah.

Kajawi punika, Tuwan Brandes ugi amanggih lontar gadhahanipun Bat. Genootschap ingkang isi cariyos warni-warni. Ing ngriku ugi wontên ingkang nyêbutakên badhe wontênipun Hèrucakra. Dene lontar wau titimangsanipun botên patosa têrang, miturut etanganipun Tuwan

--- 589 ---

Brandes kintên-kintên wontên ing antawisipun taun 1640, amargi ing ngriku dipun cariyosakên kala Sultan Agung jumênêng nata saha sasampunipun. Dene cacriyosanipun lontar bab Ratu Adil punika inggih angèmpêri kalihan Sêrat Jayabaya, namung bab nama-nama botên kasêbutakên, saha titimangsaning taunipun langkung sêpuh tinimbang titimangsanipun badhe wontênipun Ratu Adil ingkang kaping kalih wau.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih titimôngsa pandamêlipun sêrat pralambang punika kintên-kintên sasampunipun Sultan Agung seda. Kawuningana, sasedanipun Sultan Agung wau, ing tanah Jawi kenging dipun wastani jaman risak, jalaran saking kathahing dahuru. Sampun dados adatipun bôngsa Jawi, sabên wontên kasusahan agêng utawi dahuruning jaman ingkang damêl karisakaning ngakathah, punika murih botên adamêl mirising manahipun tiyang sadaya, têmtu lajêng wontên salah satunggaling sarjana ingkang sumêdya amêmulih dhatêng manahing akathah, mawi dipun saranani anganggit sêrat ingkang isi cariyos kadosdene pralambang ing nginggil wau, awit cacriyosan makatên punika, gampil sangêt lumêbêtipun dhatêng sanubarining bôngsa Jawi. Makatên ugi tumrapipun jaman Hindhu, ing kina-kina ugi sampun anggadhahi piandêl, bilih mêntas ura-uru punika lajêng badhe wontên ingkang jumênêng Ratu Adil.

Mênggah pralambang ingkang kasbut ing lontar wau, nyariyosakên makatên:

Ingkang badhe jumênêng Ratu Adil, punika jêjulukipun inggih Sang Hèrucakra, angêdhaton wontên ing Kêtôngga, inggih punika ing Madiun, sasampunipun lajêng pindhah dhatêng ing Lêmbahmanah, inggih punika ing Nirbaya, sawetanipun Rêdi Prau, sakidulipun Rêdi Sumèru, sakilènipun Sampurna. Lan panjênênganipun angratoni jagad sakawan, inggih punika: tanah Jawi, Madura, Patani tuwin Palembang. Kratonipun saklangkung mulya ngantos dumugi ing taun 1640, saha sang nata wau taksih mudha sarta bagus. Kathah têtiyang ingkang sami suyud dening solahbawa tuwin bêbudèning narendra saha kadibyanipun. Ananging ingkang makatên wau, dumugining titimôngsa, sang nata dalah karaton tuwin para nayakanipun sadaya lajêng sami musna tanpa lari. Samusnanipun Prabu Hèrucakra, para bupati bawahipun lajêng sami mandhiri piyambak-piyambak. Sampun tamtu kemawon lajêng anuwuhakên kathahing rêrêsah ngantos dumugi ing taun 1800. Botên dangu lajêng wontên malih ingkang jumênêng nata, turunipun waliyullah, karatonipun kalih, satunggal wontên ing Kêdhiri, satunggalipun malih wontên ing Erawan. Sang nata wau ajêjuluk Prabu Asmaraningkingking,Asmarakingking. taksih nèm lan bagus warninipun. Anggèning jumênêng nata ngantos 100 taun laminipun. Sapêngkêripun Prabu Asmarakingking lajêng ngancik jaman ingkang dipun wastani Tretayuga.

Dumugi samantên cariyosipun Ratu Adil, ing wingking Kajawèn badhe ngêmot katranganipun punapa ingkang dipun wastani jaman Tretayuga wau.

--- 590 ---

Bab Dhuwung

(Sambêtipun Kajawèn ôngka 33)

Pamor

Limrahipun dhuwung punika mawi pamor, ugi wontên ingkang tanpa pamor, nanging awis-awis. Dene pamor punika wujudipun warni-warni, mila ugi gadhah daya warni-warni, kados ta:

1. Pamor Subkanalah, ingkang ngangge dados sakti digdaya. 2. Sanubari, nêbihakên kacilakan. 3. Ôndha Agung, gadhah prabawa ngêkêsakên mêngsah. 4. Kutha Adi, andhatêngakên kasusahan, mila ingkang gadhah kêdah suci. 5. Dhandhang Lak, damêl sangsara ing paprangan. 6. Pandhita Bala Pandhita, botên kenging binandhang ing mêngsah. 7. Guntur Gunung, dados tulaking sêsakit. 8. Manggada, ambrêkahi wilujêng. 9. Tamsur, ampuh sangêt. 10. Nagagini, sagêd nulak latu. 11. Lampung, sagêd ngêdalakên latu. 12. Suryalaga, kinasihan bandara. 13. Putri Kinurung, ngrêjêkèni. 14. Batulapak, sagêd ngical. 15. Sumur Bandhung, yèn among dagang bathi kathah. 16. Rajah Pitutur, dipun trêsnani ing akathah.

Wusana kawruh bab dhuwung punika, mênggah nyata lan botênipun kasumanggakakên ing para maos, ing ngriki namung salugu nglairakên ing bab kawontênanipun kawruh Jawi.

Sal.

Paribasan Jawi.

Kala kula taksih alit, sampun nate mirêng têmbung ingkang sok dipun angge sêkaring pawicantênanipun para sêpuh, makatên:

Ora karuan: tambang parantiane lan

E, lha, mêngko rak: suduk gunting tatu loro.

Sarèhning ngantos samangke kula nama sampun diwasa, mêksa taksih sok mrangguli têmbung wau, môngka têgêsing têmbung lan panganggening paribasan punika kula dèrèng mangrêtos, dening botên angsal pitakenan ingkang maton, pramila badhe sapintên gênging bingahipun manah kula, saupami wontên sih kadarmanipun salah satunggiling sarjana, ingkang kaparêng paring sêsuluh dhatêng pun cobolo, anêrangakên têgêsing paribasan wau saha traping panganggenipun. Botên langkung sadèrèng sasampunipun kula matur sèwu ing panuwun. Pun: Wa.

--- 591 ---

Pambikakipun Pamulangan Dhoktêr Luhur.

Ing Kajawèn ôngka 33, ing golongan kronik sampun kacariyosakên, bilih kala tanggal 16 Agustus ingkang kapêngkêr punika pamulangan dhoktêr luhur ing Batawi sampun kabikak, ing ngandhap punika ngandharakên sawatawis mênggah kawontênanipun pambikan wau.

[Grafik]

Pamulangan dhoktêr luhur (Geneeskundige Hoogeschool) ing Wèltêprèdhên, ingkang kabikak kala 16 Agustus 1927.

Kintên-kintên jam 9.30 enjing, ing papan parêpatan pamulangan dhoktêr luhur, sampun katingal sêsak dening para ingkang badhe anjênêngi pambikakipun pamulangan luhur wau, ngantos kathah ingkang lajêng kapêksa sami jumênêng wontên ing sajawinipun kori. Dene para luhur ingkang sami anjênêngi, inggih punika: para lid Raad van Indie, pangarsa tuwin para warganipun polêksrad, para dhirèktur sawarnining dhepartêmèn, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara miwah garwa dalêm Gusti Kangjêng Ratu Timur. Kajawi punika, para pangagênging nagari, militèr, gêmintê, tuwin pangrèhing pamulangan luhur tumrap insinyur saha para gurunipun luhur pisan. Makatên ugi kathah para dhoktêr, konsuling nagari mônca, para sêtudhèn lan para redhakturing sêrat kabar ingkang sami anjênêngi. Kintên-kintên jam 10 sasampunipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral rawuh, pambikaking pamulangan luhur dipun wiwiti dening paduka tuwan dhirèktur ondêrwis, sêsorahipun kintên-kintên kados ing ngandhap punika :

--- 592 ---

[Grafik]

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana rawuh ing pamulangan, dipun tampi ing paduka tuwan pisipursitêr Raad van Indie.

[Grafik]

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana mariksani gêdhong-gêdhong.

Ing sakawit paduka tuwan dhirèktur ondêrwis angaturi wilujêng dhatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, sasampunipun lajêng angandharakên kanthi cêkakan babadipun sêkolahan inggil ing India, saha lajêng ngaturakên gunging panuwunipun dhatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana, dene kaparêng anjênêngi bikakipun sêkolahan dhoktêr inggil ingkang saklangkung migunani tumrap ing tanah India punika.

Makatên ugi paduka tuwan dhirèktur ondêrwis ngaturi wilujêng dhatêng para nyonyah tuwin tuwan-tuwan ingkang sami rawuh, saha lajêng amèngêti kawontênanipun pamulangan S.t.o.v.i.a. ingkang namanipun sampun kawêntar ing saindênging bawana, tuwin mêmuji dhatêng para tuwan-tuwan ingkang sami ngudi ngantos pamulang Stovia wau dados pamulangan luhur, ingkang punika ing India samangke lajêng wontên pamulangan luhur têtiga.

Sasampunipun paduka tuwan dhirèktur ondêrwis rampung anggèning adamêl sêsorah, lajêng kagêntosan dening paduka Tuwan Prof. Dr. Boeke, inggih punika kapalaning para guru-guru ing pamulangan dhoktêr luhur, ingkang mêntas kaêdêgakên enggal punika, ing sarèhning sêsorahipun paduka tuwan propesor punika sae saha migunani sangêt, amila badhe kapacak ing Kajawèn ingkang badhe mêdal ngajêng punika.

[Grafik]

Para propesor sami mangangge agêng.

(Badhe kasambêtan)

--- 593 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng.

Bab Ngingah Gramèh.

Petruk : Rèng, Rèng, wong ki nèk wis jangji, bok aja sok blenjani, tujune sadulur, ajaa rak iya kalakon tak talak têlu têmênan. Mara jajal, apa kowe ya wani blenjani karo Si Poniyêm, rak sida dikrocok nganti blindhis kucirmu tênan.

Garèng : E, lha, ditêkani uwong ora kok nyuguh panganan sing anjlêgabit-anjlêgabit, kathik malah banjur bêgita-bêgitu kaya bombai mêndêm kimpul. Lho, salahku kiyi apa, he, nèk jarene jangji, aku anjangji kowe apa, kathik banjur ngundhat-undhat barang sing iya-iya.

Petruk : Lha, dhèk anu kae kowe rak jangji arêp rêmbugan bab panginguning iwak loh, jêbul-jêbul banjur ora mêncungul-mêncungul, apa kuwi ora kêna diarani blenjani ing jangji.

Garèng : Kowe sing ora ngrasakake, ya maido wae, wong rong minggu kiyi dhayohku bal-balan, nganti kêndhile padha kocar-kacir jarene. Lha, saiki aku wis banyak tempo, yèn arêp takon apa-apa bae iya tak ladèni, mung bae sajène aja nganti kalalèn.

Petruk : Bab sajèn ora susah kuwatir, panganan apa bae ana kabèh, nanging ing warung kulon kana kae. Sing arêp dak takokake nyang kowe kiyi, kapriye mungguh pangingune iwak gramèh.

[Grafik]

Garèng : Sajake Si Petruk kiyi arêp dadi sudagar gramèh, mula ya utama bangêt. Mung bae anggêre bibiting gramèh têmênan dicêmplungake nyang blumbangane, ora banjur dikon saba nang wêtênge.

Petruk : Lha kuwi, nèk Garèng, anggone sawiyah-sawiyah nyang uwong tansah ora mari-mari. Dumèh aku doyan mêmangan bae banjur diala-ala sakarsanèki.

Garèng : Wis, wis, ora susah brigah-brigih kaya wong mêntas nguyup jangan sayub. Ananging sadurunge aku ngandharake bab pangingune gramèh, aku arêp takon dhisik nyang kowe. Mungguh karêpmu ngingu gramèh kuwi apa kanggo biyang, têgêse kanggo bibit bêbranahan bae, apa bakal diêdol.

Petruk : Yah, pitakonmu kuwi sajake ora gênah ngono, wis mêsthi ya kanggo karone pisan, malah tak imbuhi kanggo tak pangan dhewe barang. Apa ana bedane ta ngingu iwak kanggo biyang, lan ngingu iwak kanggo sadhiyan diêdol.

--- 594 ---

Garèng : Mulane tak takokake, iya mêsthi anane. Mungguh bedane mangkene: blumbang iwak sing diingoni gramèh kanggo biyang kuwi, banyune kudu bêning, dene sing kanggo ngingu gramèh dol-dolan kuwi banyune ora tau bêning.

Petruk : Kapriye saiki carane wong ngingu gramèh, kang karêpe sing ngingu mau, arêp ngêdoli bibite.

Garèng : Lha kuwi mangkene: ing blumbang culana gramèh lanang wadon sing gêdhe-gêdhe.

Petruk : Pakanane apa, pakanane apa, o, e, ung…

Garèng : Sikak, wong pitakon kathik dilagokake plèk-plèk kêtêpu, nèk pitakonmu edan-edanan mangkono manèh aku banjur srithit lunga bae, lho.

Petruk : Wiyah, bok aja banjur mutung bae, cangkêmku kiyi nèk ora têmbangan limang mênit sok blangkêmên.

Garèng : Mulane sêkali ini saja, nèk nganti dipindhoni sida rê…muk, mungguh pakane gramèh mau sing bêcik dhewe yakuwi godhong kimpul utawa kêkotoranmu dhewe.

Petruk : Wadhuh, wêtêngku banjur krasa nêg sanalika. Tak arani sing sêmbuhan kuwi jarit bae, jêbul-jêbul lêlawuhan kuwi ya ana sing sêmbuhan.

Garèng : Wis, wis, kok banjur dawa-dawa. Gramèh ingon-ingon mau ngêndhoge kudu digawèkake susuh dhewe. Mungguh patrape anggawe susuh mau mangkene: ing blumbangan kono dèlèhana kêthokan pring loro dohe antarane samètêr, banjur wènèhana palang-palang kayu, ing palang-palang mau gantungana susuh, kang digawe saka ijuk. Warnaning susuh mau kudu bundêr kêplêng, ing sisihe kudu ana bolongane, yaiku papan pangêndhoging iwak. Gramèh tuwa sing arêp ngêndhog sabên-sabên têka ing susuh kono. Sarèhning pandèkèking susuh-susuh mau dicungulake saka banyu, dadi sing ngingu iwak sabên-sabên ya bisa mêruhi.

Petruk : Lha saiki kapriye bisane wêruh yèn iwake wis ngêndhog.

Garèng : Lha kuwi kêtarane, sadhuwure susuh bênêr kuwi banyune sajak nglênga.

Petruk : Yèn têtela iwake wus ngêndhog, banjur kapriye.

Garèng : Susuh-susuhe banjur diêntasana, lan dèkèkna kanthi alon-alonan ana ing tahang (tong kayu) isi banyu kang rêsik, sabanjure tahang mau oyog-oyogên supaya êndhoge bisa ucul saka susuh. Êndhog sing nyilêm kuwi buwangên bae, amarga ora bakal dadi iwak, êndhog sing apik kuwi padha ngambang. Sabên dina banyu nang tahang mau kudu disalini banyu rêsik. Mungguh carane nyalini banyu mau kudu nganggo cidhuk kang digawe nam-namaning pring kang rapêt bangêt, supaya iwake aja bisa mlêbu, cidhuk mau dicêmplungake ana ing banyu, nganti cidhuke kêbak, sauwise, banyu kang rêgêd nuli buwangana. Êlêt saminggu, sawise tahang mau dihoyag-hoyag, iwake wis padha nêtês sarta wis kêna diêdol.

--- 595 ---

Jagading Wanita.

Kasêtyanipun Wanita Jêpang dhatêng Lakinipun.

Tumraping bôngsa Jêpang, wiwitanipun môngsa bêntèr ing taun 1895, punika dipun anggêp kadosdene satunggiling pasêmon mêgaring kaluhuran, amargi ing wêkdal punika dintên tumapakipun praja Jêpang ngancik jaman enggal, inggih punika wiwit ungguling jayanipun nalika mêmêngsahan kalihan nagari Cina. Kala punika sabên kitha saha padhusunan ing saindênging tanah Jêpang sami rame-rame angurmati dhatêngipun para prajurit ingkang mêntas saking paprangan, suwaraning tiyang gumuruh ngantos ngêbaki praja.

Kacariyos, wontên satunggiling nyonyah nama Sadhako Nakayimah, angrumaosi bilih dados satunggiling wanita ingkang bêgja piyambak ing sapraja Jêpang, inggih punika nalika mêthuk lakinipun nama Kamênoyo Nakayimah, dhoktêr barisan ing nagari Sandhe ingkang kesahipun kirang langkung sampun sataun laminipun saha wangsul saking paprangan kanthi wilujêng.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun nyonyah Jêpang andolani anakipun.

Kala nyonyah wau mirêng dêdongenganipun ingkang jalêr wontên ing paprangan saha mirêngakên kêkêndêlanipun, rumaos bilih prihatosipun sampun angsal lêlintu ganjaran ingkang nyêkapi. Wicantênipun ingkang jalêr: Anggonku kêpêksa ninggal kowe nganti lawas kiyi, amarga saka nindakake wajib kaprêluwaning nagara, ananging wiwit saiki ora ana samubarang kang bakal angrêridhu kasênênganku lan kowe ana ing ngomah. Nyonyah Sadhako, ingkang kala punika sawêg umur 20 taun, amangsuli: Lan manèh iya ora ana samubarang kang bisa misahake kowe lan aku. Ananging kala punika tiyang kêkalih wau botên anggadhahi panyana utawi botên ngimpi, bilih gêsangipun ingkang kanthi sênêng namung sawatasis dintên laminipun.

Anuju satunggiling dintên, sarêng wangsulipun ingkang jalêr wontên ing nagari Sandhe, kintên-kintên saminggu, ujug-ujug lajêng sinêrang ing sêsakit boyok. Sanadyan sêtiyaripun tanpa kêndhat saha dipun usadani [u...]

--- 596 ---

[...sadani] dening para dhoktêr ingkang sagêd-sagêd, ewadene sakitipun wau mêksa botên sagêd mantun, malah lajêng dados tiyang jompo, wusananipun lajêng dipun pènsiun. Sapènsiunipun dhoktêr wau adamêl sangsaraning batihipun sadaya.

Ingkang èstri ingkang taksih nèm wau, wiwit alit mila gêsangipun botên kulina kangelan, samangke kêpêksa angopèni batih kathahipun 6, inggih punika ingkang jalêr, marasêpuhipun èstri, êmbah marasêpuh, kapenakanipun ingkang jalêr tuwin anakipun èstri ingkang sawêg umur 13 taun. Ing môngka sapunika botên anggadhahi pamêdal sanès-sanèsipun kajawi pènsiunipun ingkang jalêr saha ingkang namung sakêdhik wau. Kangge têdhaning batihipun kemawon sampun botên anyêkapi. Ewadene tiyang èstri ingkang sêtya ing laki punika kêncêng sêdyanipun badhe ambudidaya supados ingkang jalêr sagêda saras malih kados suwaunipun. Kalihan ambêkta pènsiunipun ingkang jalêr, Nyonya Sadhako sabatihipun nuntên bidhal dhatêng nagari Tokiyo. Wontên ing ngrika lajêng nyewa griya alit sacêlakipun pamulangan dhoktêr luhur ing Tokiyo. Lan sabên dintênipun ngantos kalih taun laminipun, Nyonyah Sadhako anggendhong ingkang jalêr kabêkta dhatêng griya sakit. Patrapipun tiyang èstri anggendhong tiyang jalêr urut margi punika tamtu lajêng dados tontonanipun têtiyang ingkang sami langkung ngriku. Sawênèh wontên ingkang kamiwêlasên dhatêng tiyang èstri nèm saha ingkang sakit wau. Nanging ingkang kathah anggènipun ningali kanthi anyêngès, punapa malih lare-lare, punika sami ngece-ece dhatêng tiyang kêkalih wau, wicantênipun: Wah, lucu bangêt, wong lanang samono gêdhene kathik digendhong wong wadon. (Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Ing sisih punika gambar dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan, akalihan paduka tuwan residhèn, nalika tindak mubêng-mubêng amriksani têntunsêtèlêng yarmarêk ingkang kapisan ing Ngayogyakarta.

--- 597 ---

KRONIEK

Kabar Warni-warni.

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Miturut pawartos sêrat kabar S.T.sêmunipun karamean Sêkatèn Surakarta ing wulan Mulud ngajêng punika, badhe agêng-agêngan, tèntunsêtèlêngipun dipun pêpaki, wiwiting karamean tanggal 5 dumugi 12 Mulud. Wara-waranipun sampun sumêbar katèmplèkakên ing pundi-pundi panggenan, mawi gambar pasêmon tiyang macul.

Kala dintên Kêmis ngajêng punika, paduka Tuwan van der Jaght residhèn ing Surakarta, martamu dhatêng Pakualaman, kairit paduka tuwan residhèn ing Ngayogyakarta.

Wontên pawartos: ing Ngayogyakarta mêntas wontên tamu agêng saking Indhu, inggih punika sultan ing Drenganau bawah tanah India Inggris. Rawuhipun kanthi kadhèrèkakên tiyang 9, nyarenipun wontên ing Grèn Hotèl.

Samangke sampun wontên, ordhonansi ingkang andhawuhakên suwakipun pranatan-pranatan prakawis wontênipun komisi, ingkang kajibah nitipriksa kawontênanipun sewan griya.

Sêrat kabar S.T. martosakên, bilih ngarsa dalêm ingkang sinuhun ing Ngayogyakarta sampun ambiyantoni pamanggihipun bêstiring bang kasultanan, supados para darah dalêm, utawi para abdi dalêm sagêd angsal pitulungan saking bang Kasultanan wau.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên, bilih pamêdalipun tanêman kêtela tuwin kêdhêle ing bawah Ngayogya ingkang sisih kidul, saklangkung sae, ingkang punika rêrêgèning palawija kalih wau lajêng suda sangêt, kathah para sudagar saking kitha, ingkang amêrlokakên kesah mriku, sumêdya anumbasi palawija kalih warni wau.

Sêrat kabar S.T. martosakên, bilih Kyai Pênthèt ing Kalasan, salajêngipun botên badhe suka pitulungan lan anjampèni tiyang sakit malih. Anggènipun botên badhe suka pitulungan malih wau, botên jalaran saking dipun awisi ing nagari, ananging kintên-kintên amargi saking kalingsêman, awit salêbêtipun katahan wontên ing kawêdanan, wontên tiyang 40 ingkang nêdha tulung supados dipun jampèni sakitipun, ananging ingkang mantun namung satunggal kalih kemawon.

Kabaripun pakêmpalan Walfajri benjing dintên Minggu tanggal kaping 28 wulan punika badhe ngawontênakên konggrès wontên ing Karangkajèn. Salêbêtipun konggrès wau badhe dipun wontênakên têtingalan warni-warni dening para murid, kwiksêkul, kados ta: tonil, gimnastik, lan sasaminipun. Dene ingkang badhe dipun rêmbag wontên ing konggrès ngriku, inggih punika: panggulawênthahing lare saha piwulang agami, makatên ugi padpindêr gêgayutan kalihan panggulawênthah.

Miturut pawartosipun sêrat kabar Bêndhera Islam, konggrès pakêmpalan P.S.I. badhe kawontênakên wontên ing Pakalongan benjing tanggal 28 Sèptèmbêr ngajêng punika.

Kala dintên Jumuwah ingkang kapêngkêr punika, Tuwan Suryapranata. Bidhal dhatêng Malang, pêrlu anuntun konggrès ingkang dipun wontênakên dening pakêmpalaning para amtênar pribumi golongan boswèsên. Kajawi punika wontên ing Bululawang badhe ngêdêgakên pamulangan miturut cara-caranipun pakêmpalan Adidarma.

Dèrèng dangu punika kongsul Jêpang sowan dhatêng Karaton ing Surakarta, kanthi kairit dening paduka tuwan asistèn residhèn, tuwan sèkrêtaris tuwin juru basa. Ing sarèhning kala punika sampeyan dalêm ingkang sinuhun lalêrês sawêg cangkrama wontên ing Paras, amila ingkang lajêng kajibah nampi para tamu, inggih para putra-putra dalêm, inggih punika: Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda saha Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma. Tamu Jêpang wau sumêdya caos pisungsung dhatêng saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun awarni pêthèn êmas tuwin salaka alit-alit.

Wontên pawartos, bilih pangarsa Radyapustaka ing Surakarta, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, badhe sèlèh anggènipun dados pangarsa.

Dèrèng watawis dangu punika, ingkang wadana ing Salam (Tèmpèl) nampi rêpotipun asistèn wadana ing Srumbung, bilih ing ondêr dhistrik ngriku sampun kaping kalih kadhatêngan ing sima, malah ingkang pungkasan punika, wontên menda satunggal ingkang dipun gondhol ing sima wau. Sawênèhing tiyang gadhah pangintên, bilih punika ingkang kala rumiyin adamêl mirising têtiyang ing Mêdari.

Miturut sêrat kêkancingan gupêrmèn, wontên tiyang komunis 18 malih, sadaya asli saking Bêngkulu, ingkang badhe kasingkirakên dhatêng Dhigul.

--- 598 ---

Kabaripun ing Surakarta, mêntas dipun êdêgakên Naamlooze Vennootschap ingkang sêdyanipun badhe ngawontênakên toya plêmpêng (waterleiding) ing kitha wau. Mênggah pawitanipun f 500,000. Arta samantên kathahipun wau, ingkang 30,000.- badhe dipun sadhiyani dening gupêrmèn, sampeyan dalêm ingkang sinuhun ing Surakarta saha Kangjêng Gusti Pangeran Adipadi Arya Mangkunagara sami aparing sadhiyan arta nyadasa èwu rupiyah. Kajawi punika N.V. kasbut nginggil, badhe nyambut arta minôngka pawitanipun f 1.700.000, anggènipun amangsulakên arta babon saha anakaknipun badhe katanggêl dening gupêrmèn. Jalaran kathahing sêsakit ing Surakarta, wontênipun watêrlèdhêng wau mila inggih pêrlu sangêt.

Aneta martosakên saking Serang, bilih ingkang Bupati ing Pandheglang ingkang enggal, benjing tanggal 29 Agustus ngajêng punika, badhe dipun kêpyakakên.

Benjing wiwit tanggal 2 Sèptèmbêr ngajêng punika, ing Bojanagara badhe dipun wontênakên pasar malêm dangunipun 10 dintên. Ing pasar malêm wau ugi badhe dipun wontêni tèntunsêtèlêng warni-warni barang kagunan Jawi, dene ingkang badhe mandhegani Tuwan Pujawasita. Ing sarèhning salaminipun ing Bojanagara dèrèng nate wontên tèntunsêtèlêng ingkang makatên wau, amila tansah dados kêmbang lambening têtiyang ngriku kemawon.

Saking Bandhung kawartosakên, bilih dèrèng dangu punika tuwan Dr Ciptamangunkusuma, dipun priksa dening opsir yustisi, jalaran miturut katranganipun pintên-pintên militèr, têtiyang militèr wau sampun nate dhatêng ing griyanipun sDr. Cipta, prêlu arêrêmbagan saha sami dipun sukani arta. Panitipriksanipun samangke taksih kalajêngakên.

Dèrèng dangu punika pangadilan landrad ing Sawahlunta, andhawahakên ukuman kunjara laminipun 10 taun dhatêng ponto, tilas kumêndhan pèl pulisi, lan 6 taun dhatêng Jela-Jela, Tipuwa, Kêmbo, Isau saha Ripo, gangsal-gangsalipun tilas agèn pèl pulisi. Têtiyang sadaya wau kadakwa campur kalihan pakêmpalan komunis. Kacêpêngipun tiyang 6 wau, kala tanggal 16 Nopèmbêr ingkang kapêngkêr punika.

[Grafik]

Para militèr India ingkang wontên ing nagari Walandi, nalika badhe wangsul dhatêng India. Sadaya rumaos sami agêng ing manah, dene antukipun mawi angsal-angsal gambar dalêm Prinsès Yulianah.

--- 599 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde.

15

Prabu Tristan wau kenging kawastanan dora utawi botên. Sayaktosipun sanès pandamêling tiyang ingkang anêtêpakên awon saening lêlampahanipun tiyang, nanging pangadilanipun ingkang kawasa. Têtiyang sadaya namung ningali pandamêling tiyang ingkang badhe katêtêpakên awon saening lêlampahanipun wau. Nanging Gusti Allah sagêd nguningani manahipun tiyang wau sarta namung Gusti Allah ingkang sagêd andhawahakên pangadilan tanpa pilih kasih, ingkang jêjêg, pramila kawontênakên pangaturan, sadhengah tiyang ingkang kadakwa awon sagêd anyirnakakên pandakwa awon wau sarana aprang tandhing. Margi Gusti Allah namung badhe aparing unggul dhatêng tiyang ingkang lêrês lêlampahanipun. Anêtêpi dhatêng pangaturan wau Prabu Tristan kagungan panuwun dhatêng ingkang Rama Prabu Marc supados kaabên prang tandhing, botên nyana pisan-pisan bilih sariranipun badhe kapatrapan paukuman, saupami uningaa, para baron ingkang sami awon manahipun wau saèstu badhe dipun pêjahi.

8

Prabu Tristan Lumumpat saking Jandhelaning Gareja.

Kacariyos, ing dalu punika ugi têtiyang ing salêbêting kitha Cornwallis sampun sami mirêng wartos bilih Prabu Tristan saha sang pramèswari dipun tukup, sarta badhe kapatrapan paukuman pêjah. Sadaya tiyang ing salêbêting kitha, jalêr èstri, sêpuh anèm, sugih miskin, sami nangis, wêlas dhatêng para luhur kêkalih ingkang badhe kapatrapan ukuman pêjah margi saking pitênahing têtiyang ingkang awon manahipun wau. Sêsambatipun, dhuh, Tristan, baron ingkang bèr ing kawanèn, punapa paduka kêdah nêmahi tiwas margi pandamêling têtiyang ingkang awon manahipun. Makatên ugi paduka sang pramèswari. Ing pundi wontên nata kagungan putri ingkang endah warninipun kados paduka. Sadaya wau jalaran saking pitênahipun tiyang bucu ingkang awon manahipun punika. Ingkang makatên wau mugi-mugi pun bucu manggih bêbêndoning Kang Maha Kawasa.

Dhuh, Tristan, mitra ingkang pinunjul ing warni, kala Morhout dhatêng ing ngriki badhe amboyongi anak kula sadaya jalêr èstri, botên wontên baron satunggil-tunggila ingkang wani nandhingi pêrangipun, malah botên wontên ingkang wani amangsuli panantangipun. Namung paduka Tristan ingkang purun ambelani dhatêng kula sadaya saha sagêd amêjahi Morhout wau. Nanging paduka nandhang tatu ngantos badhe nêmahi tiwas jalaran dêdamêlipun Morhout ingkang mawa wisa wau. Punapa kula sadaya ingkang sampun nampèni kasaenan paduka samantên agêngipun punika kêdah namung narimah sarta kèndêl kemawon, sumêrêp paduka badhe kapatrapan paukuman pêjah. Sadaya tiyang salêbêting kitha sami botên narimah dhatêng karsanipun Prabu Marc ingkang makatên wau, saha sami sowan dhatêng karaton. Nanging ing sarèhning sang nata dukanipun sangêt, dados botên wontên tiyang satunggil-tunggila ingkang wani matur punapa-punapa dhatêng sang prabu, makatên ugi para baron inggih botên wontên salah satunggal ingkang wani nglêrêpakên dukanipun sang nata.

Ing wanci enjing sadèrèngipun surya malêthèk, sang nata sampun têdhak dhatêng papan panggenan amutus prakawis saha amatrapi paukuman dhatêng têtiyang ingkang gadhah kalêpatan. Ing ngriku sang nata nuntên dhawuh damêl jugangan wiyar sarta lêbêt. Sarêng sampun dados lajêng kadhawuhan angisèni kêkajêngan sarta têtuwuhan ingkang mawa êri, kaisèkakên kalihan oyod sarta pang-pangipun. Sarêng sampun jam nêm enjing, sang prabu paring dhawuh supados kaundhangakên bilih para punggawa sadaya sami katimbalan sowan dhatêng ing papan panggenan amatrapi paukuman wau. Botên antawis dangu sadaya têtiyang ing salêbêting nagari Cornwallis sami dhatêng saha sami nangis, kajawi tiyang bucu wau. Pangandikanipun sang prabu: Hèh, para satriya, sarta sakabèhing wong ing Cornwallis, ingsun dhawuh gawe papan pangobongan iki kanggo angobong Tristan lan sang pramèswari, minôngka ukuman anggone wis padha anglakoni ala.

Para satriya lajêng sami matur: Dhuh, sang prabu, mugi têtiyang ingkang dinakwa anglampahi awon wau kalilana unjuk piatur, kangge animbang lêrês-lêpatipun pandakwa wau. Sayêktosipun nistha sangêt sarta kalêpatan, amatrapi ukuman pêjah dhatêng tiyang ingkang dèrèng kapariksa prakawisipun. Pramila panyuwun kawula sadaya mugi paduka karsa aparing antawis, sampun enggal-enggal andhawahakên ukuman, kajawi punika mugi karsa aparing pangapuntên dhatêng sakalih-kalihipun.

Mirêng aturipun para baron ingkang makatên wau sang nata malah sangsaya duka sangêt, pangandikanipun: Ingsun ora bakal paring antara lan angapura, sarta ora bakal mariksa bênêr lupute pandakwa mau. Sing sapa wani matur mangkono manèh bakal ingsun dhawuhake [dhawuha...]

--- 600 ---

[...ke] supaya diobong dhisik. Sang nata nuntên dhawuh anyulêd pangobongan wau sarta amêndhêt Tristan saking ing karaton. Kala samantên latu sampun murub mulad-mulad agêng sangêt, sadaya tiyang sami kèndêl kemawon margi ajrih dhatêng sang prabu. Makatên ugi sang nata inggih kèndêl kemawon, angêntosi dhatênging utusan ingkang kadhawahan ngirid Prabu Tristan.

Kacariyos sadumuginipun ing karaton, abdi-abdi ingkang kautus amêndhêt Prabu Tristan wau, anjujug ing kamar panggenanipun Prabu Tristan saha Sang Putri Isolde ingkang sami binêsta sarta kajagi ing prajurit. Astanipun Prabu Tristan lajêng kacêpêng, dipun glandhang mêdal lajêng kabêkta lumampah dhatêng papan pangobongan. Saking lingsêmipun anandhang kanisthan samantên agêngipun punika, Prabu Tristan samargi-margi tansah muwun, nanging ingkang makatên wau botên migunani. Sarêng sang putri mariksani kawontênanipun Prabu Tristan nuntên anjêrit sarwi sêsambat: Dhuh, mitra kula, sayaktosipun bêgja sangêt dipun pêjahi kangge mitulungi sarira sampeyan.

Kacariyos, lampahipun abdi-abdi saha Prabu Tristan sampun dumugi ing sajawining kitha, nuntên angênêr dhatêng panggenan pangobongan. Botên antawis dangu wontên satriya dhatêng anyandêrakên kapal tumpakanipun, satriya wau Baron Dinas ing Lidan, mitranipun Prabu Tristan. Sarêng Baron Dinas nampi dhawuh timbalanipun sang prabu, enggal anilar karatonipun, sowan ing sang nata. Wicantênipun: Anak kula Tristan, kula enggal wangsul sowan sang prabu malih, bokmanawi sang nata ingkang badhe amutus prakawis punika andhahar atur kula karsa paring pangapuntên dhatêng sampeyan sarta dhatêng sang putri. Kala wau kula sampun gadhah panuwun sakêdhik ingkang mitulungi sawatawis dhatêng sarira sampeyan, sarta kaparingan idin, inggih punika supados sampeyan kairid ing ngarsanipun sang prabu botên mawi dipun bênta.bêsta. Baron Dinas nuntên wicantên dhatêng abdi-abdi wau: Hèh, kônca, kula botên mupakat sangêt, Tristan dipun bônda, sampeyan sadaya rak sami ambêkta pêdhang, kangge anjagi manawi Tristan sumêdya lumajêng. Baron Dinas nuntên anguculi bêbandanipun Prabu Tristan saha angambung lathinipun, sasampunipun nuntên numpak kapal malih.

Ing ngandhap punika para maos badhe nyumêrêpi utawi mirêngakên kamirahaning Pangeran dhatêng tiyang ingkang nandhang papa. Pangeran botên angidini Prabu Tristan dipun pêjahi kados pêjahipun têtiyang awon ingkang nandhang dosa. Pangeran ngabulakên panuwunipun têtiyang ing nagari Cornwallis ingkang sêsambat sarta amêmuji supados para luhur kêkalih ingkang sih-sinihan punika sampun ngantos anêmahi pêjah kados makatên. Botên têbih saking margi ingkang dipun langkungi Prabu Tristan wau wontên satunggiling gareja, dumunung sapinggiring sagantên ingkang pasisiripun anjulêg sangêt. Temboking gareja punika ingkang sasisih angajêngakên pasisir saha wontên jandhelanipun alit. Ing ngriku Prabu Tristan ngandika dhatêng abdi-abdi ingkang angirid panjênêngapun:panjênênganipun. Dhuh, kônca, botên antawis dangu malih kula badhe anêmahi pêjah, pramila mugi kaidinan kula lumêbêt ing gareja punika sakêdhap pêrlu sêmbahyang, anênuwun dhatêng Ingkang Maha Kawasa supados dipun apuntên dosa kula. Sampeyan sadaya inggih sami sumêrêp bilih margi dhatêng gareja punika namung satunggal, sasampuning sêmbahyang kula inggih badhe masrahakên badan kula malih dhatêng sampeyan. Abdi-abdi wau nuntên wontên ingkang wicantên makatên dhatêng kônca-kancanipun: Kônydha,Kônca. sumôngga sami dipun pituruti panêdhanipun Prabu Tristan. Saha nuntên kapurih lumêbêt ing gareja. Sadumuginipun ing salêbêting gareja, Prabu Tristan lajêng ambikak jandhela, malumpat dhatêng ing pasisir, margi anggalih langkung sae pêjah dhawah dhatêng ing sela ingkang agêng-agêng punika tinimbang pêjah dipun obong tinonton dening para baron tuwin sanès-sanèsipun. Kawuningana para maos, saking kaparêngipun Pangeran, kala samantên wontên angin agêng. Panganggenipun Prabu Tristan kanginan, malêndhung kados balon, pramila dhawahipun Prabu Tristan inggih ragi alon. Sanajan dhawah ing sela agêng nanging botên andadosakên tiwasipun. Prabu Tristan sagêd lumajêng anyingkiri bêbaya. Saking katêbihan amriksani latuning pangobongan ingkang mulad-mulad urubipun inggil sangêt. Abdi-abdi wau tansah ngêntosi wontên ing kori sangajênging gareja. Ngantos dumugi samangke têtiyang ing Cornwallis amastani sela agêng wau: sela Tristan anjlog. Sarêng Sang Gorneval mirêng bilih bêndaranipun sagêd anyingkiri bêbaya, enggal numpak kapal sêsandêran mêdal dhatêng sajawining kitha sarwi anganggar pêdhang. Wontên ing ara-ara sagêd nututi lampahipun Prabu Tristan, pangandikanipun Tristan: O, guru, Gusti Allah aparing kawêlasan dhatêng kula, nanging punapa paedahipun gêsang kula punika, manawi botên sêsarêngan kalihan Isolde, Tanpa IseldeIsolde. gêsang kula punika saèstu tanpa guna. Punapaa dene badan kula botên ajur nalika dhawah kala wau. Dhuh, Isolde kula sagêd angoncati bêbaya, nanging sampeyan badhe dipun pêjahi. Jalaran kalêpatan kula, sampeyan badhe dipun obong, nanging kula inggih purun pêjah ambelani sampeyan.

Gorneval lajêng wicantên, satriya, ngajêng punika wontên garumbul, kinubêng ing kalèn ingkang asat toyanipun, sumôngga sami sêsingidan ing ngriku. Kathah têtiyang ingkang langkung ing margi sacêlaking grumbul punika. Têtiyang wau badhe sagêd cariyos punapa ingkang kadadosan wontên ing pangobongan, manawi Putri Isolde saèstu dipun obong kula sumpah botên badhe tilêm-tilêm wontên ing salêbêting griya manawi dèrèng amalês ukum dhatêng têtiyang ingkang sami angobong Putri Isolde wau.

Pangandikanipun Prabu Tristan: Dhuh, guru, kula botên gadhah pêdhang.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]