Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-09-15, #34

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-09-15, #34. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-09-15, #34. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 37, 18 Mulud Taun Jimakir 1858, 15 Sèptèmbêr 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [641] ---

Ăngka 37, 18 Mulud Taun Jimakir 1858, 15 Sèptèmbêr 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 Wèltêprèdhên.

Kitha Yuyorêk, Amerikah.

[Grafik]

Satunggiling wawasan ing kitha Yuyorêk katingalan saking palabuhan.

--- 642 ---

Sang Minulya Prof. Dr. RABINDRANATH TAGORE.

Ing Kajawèn sampun kawartosakên, bilih pujăngga agêng Indhu, ingkang asmanipun kasêbut ing nginggil punika, rawuh ing Indhia ngriki.

Sang minulya wau misuwur sangêt mênggah ing ulah sêkaran ingkang suraosipun [...] lêbêt.

Nalika sang linangkung wau [...] ing Batawi, tanggal 21 Agustus 1927 adamêl sêkaran ing basa Inggris, ingkang suraosipun mindhakakên têpangipun tanah Indhu kalihan tanah Jawi. Mênggah jawinipun kintên-kintên kados ing ngandhap punika:

Tumuju dhatêng tanah Jawi, osikipun sang lêlana saking tanah Indhu.

1. Kinanthi

ing jaman kawarnèng dangu | kang mèh sirna tanpa kanthi | nglanguting tatèng carita | katonton tan anabêti | andika kalawan kula | wus nate samya pinanggih ||

myang wus kiwul liru têmbung | rukêt tanduke liron sih | miwah wahyaning kaanan | aran wus sajiwa nunggil | pindha pamoring ngatunggal | makatên purwaning nguni ||

maruta ris saking timur | lêpas nyabawa dumêling | raras panguwuh andika | mirakêt amikênani | nênarik sarasèng driya | lumêpas tumibèng têbih ||

kang tumimbal nuting [...] | sumamar datan kaèksi | mahawan anèng ngawiyat | sinrang sêsoroting rawi | anyunari tanah Jawa | turut têpining pasisir ||

rumêngga sru mawe[...]nyuh | atarap tuwuhing tiris | thêtharikan kang sa[...]stha | klawening asta kumitir | mikênani ing [...]tan | kang tan pêgat mulêt ati ||

asruning swarèng panguwuh | mawor kalasangkèng rêsi | kang tiniyup măngka tăndha | ing pêpundhèn candhi-candhi | mahargya ring para dewa | nèng têpining Gangga suci ||

sang Maha Bathara Wisnu | tanapi sang Uma Dèwi | kang sipat asta sadasa | sami dhêdhawuh mring kami | hèh hèh nuli rumantiya | tataning palwanirèki ||

nuli sabrangna dèn gupuh | sakèh tatèng pangastuti | kang maring jênêng manira | mangkana sang Gangga suci | kang mêngku singêring tirta | ambaludag angêlèbi ||

mahambêg srukrădhanipun | soroh santosaning dhiri | pindha umulunging asta | tumuju ring têba têbih | prapta samodra wetanan | lulus tulus lumastari ||

lan saking wiyat rinungu | kang sabawa kalih warni | araras mawa prabawa | kang tumanduk maring kami | wêdharing kang pangandika | sajuga anggung mêmuji ||

mring gênging sungkawanipun | narendra rama ing nguni | dene sabda kang sajuga | mangalêmbana sang luwih | ambêg kuwasaning asta | kaloking ngrat pandhusiwi ||

tanduking swara kang tuwuh | nuwuhkên adrênging ati | kudu-kudu tumindaka | nimbalakên kang wêwangsit | kang wilêt winor kidungan | mring nuswa wetanan nuli ||

nulya wontên swara tungtum | tuwuh sing têlênging nagri | bêbisik kanthi pangajap | mrih mangun gêdhong sukasih | anèng laladan atêbah | ingkang anggung mawèh kèpi ||

2. Dhangdhanggula

wimbaning kang surya wanci enjing | amrabani sèsining bawana | maratani mêmanise | punang palwa

--- 643 ---

[Grafik]

Sang Pujăngga Profesor Dhoktor Rabindranat Tagorê (Rabindranath Tagore) sapandhèrèk nalika martamu ing dalêmipun ingkang Sêtedhêodhêr ing Karangasêm.

--- 644 ---

kadulu | wus lumembak anuting warih | kang tirta kawistara | biru angêlangut | mawèh raras suka-suka | myang gênging tyas dening sumiliring angin | tumêmpuh layar seta ||

ing nalika palwa kula prapti | manguswa ring têpi nuswa Jawa | ing awiyat sasmitane | gêtêr patêr rinungu | myang rimonging kang widadari | kang ngrêksa wana pringga | katon mangun sêmu | kumitir asri sinawang | riyu-riyu ijêmira maratani | satêbaning sawangan ||

duk ing nguni gyan kula kapanggih | lan andika nyarêngi baskara | rêpêt-rêpêt wayah sore | pêpêtêng wus ngêndhanu | anglimputi lumahing bumi | apan nulya kawuryan | sêsorot sumunu | sunaring punang kartika | yèku lintang kawicaksananing budi | pêpitu sung prabawa ||

pan tumurun sumunar madhangi | ing têlênging pêpêtêng gumiwang | kang sêpi samun sênêne | nulya pêtênging dalu | pan sumisih sinranging wanci | sirating bang-bang wetan | sorote sumunu | pindha kancana binabar | amadhangi marga ingkang mikênani | dununging pêpanggihan ||

yèku marga kang ingambah sami | dening mitra kêkalih kang samya | sêtya sinêtyan sêdyane | sarêngan runtung-untung | kongsi tutug dènnya ngidaki | ing pintên-pintên jaman | mrih sidaning laku | kang ngrasa samarga-marga | anggung anon kaanan ngedap-edapi | miwah mawarna-warna ||

3. Asmaradana

dangu-dangu ngasmarani | pêtênging dalu kawuryan | naputi ing têtabête | nglimputi ing kalihira | satêmah pêpisahan | kula lan andika pugut | kapisah ing măngsa-kala ||

papan kang kula dunungi | duk ing dangu sêsarêngan | lan andika têmahane | kêtutup myang kêlimputan | lêbu mangampak-ampak | ingkang mawrêdhi umabul | dening rodhanirèng jaman ||

miwah robing jalanidhi | kang mêngkoni kasisipan | ambuncang kula wangsule | praptèng têpi praja kula | kang sêpi samun dahat | asta kothong tanpa antuk | lêsah kawisesèng sayah ||

pan ugi kang wau dadi | sangajênging wisma kula | kadi bisu upamine | tanpa ngucap pisan-pisan | tan arsa cêcarita | bab panggihan duk ing dangu | kang wus anèng kasamaran ||

pun Gangga kang rècèh uni | mêksa tan arsa sajarwa | maring kula kaanane | marga ingkang samar têbah | praptaning bumi mulya | padunungannya rumuhun | kang anèng liya panggonan ||

4. Pangkur

ri sampunira kawuntat | tanpa warta kongsi atusan warsi | swara andika kêprungu | dumêling wèh pawarta | nênangi tyas têmah prapta kusung-kusung | sêmbada sawang-sinawang | sêngsêm sapocapan malih ||

kalawan parêng kataman | ing cahyaning kang kaelokan luwih | ingkang sumorot umancur | nèng madya wana wasa | kadi nguni duk lagya nêmbe pinangguh | kula datan kasamaran | kalamun kang anêlahi ||

yêkti ujwala punika | sunaring kang sêrêng sukaning ati | kang kêdadak têmah tuwuh | saking pangarsa-arsa | kang satuhu mahanani sarwa ayu | kayuwanane ing wuntat | nêtêpi sarasèng ati ||

nguni kula lan andika | sami dene liru pratăndha yêkti | mawarni gêgêlang tangsul | kang abrit marakata | măngka [măng...]

--- 645 ---

[...ka] cihna ring supêkêting sadulur | nadyan mangkya tanpa warna | nanging maksih aningsêti ||

miwah ingkang marga-marga | ingkang kula ambah sarêngan nguni | maksih kathah tabêtipun | rarasing basa kula | têmah mawèh sêmbadèng mamrih tumutur | kongsi praptèng têlêngira | gêsang andika sayêkti ||

ing ngriku punang pawaka | kang ing nguni inguripakên sami | kalawan andika tuhu | duk nuju sirêp arka | anyarêngi kêkalih duk samya tundhuk | sunare maksih kawuryan | tan surêm tabêting nguni ||

lah andika umèngêta | maring kula lir èngêt kula yêkti | lan mèngêta tuhunipun | lamun kula punika | jatinira kagungan andika tuhu | kadi kang wus dangu sirna | kantun têtabête nguni ||

ananging ta yogyanira | kula miwah andika tiyang kalih | kêdah ngudi ing panggilut | mrih widada katêkan | pulih mangguh kang mèh ical tabêtipun | nulya ambangun kaanan | pindha tumindak murwani ||

Ular-ular Kangge Pados Palarisan.

(Candhakipun Kajawèn ăngka 31)

Bab rêrêgèn.

Mênggah sadaya pangajêng-ajêngipun tiyang sêsadean punika, têmtu sagêda angsal bêbathèn ingkang langkung kathah, amila asring wontên tiyang sêsadean, anggènipun nawèkakên barang botên trimah tikêl kaping tiga, katimbang saking mêsthining rêgi, punika gagasanipun inggih saking melik bêbathèn kathah wau. Ingatasipun tiyang tawi punika inggih kenging kemawon, ananging manawi kasangêtên mulukipun, mindhak kajuwara sêsadeanipun sarwa awis, têmahanipun botên sagêd narik kathahipun tiyang tumbas. Mila prayogi tawi ingkang mupakat saha sami kalihan sadean sanèsipun. Dene tumrapipun tiyang bikak toko, prayogi mawi rêrêgèn pêjah, inggih punika rêrêgèn ingkang botên kenging kaawis. Namung kemawon anggènipun mawi rêrêgèn pêjah wau, sampun ngantos awis-awis, liripun inggih kêdah pantês miturut murwating barang. Wondene manawi sampun mawi rêrêgèn pêjah, inggih kêdah têtêp sayêktos, wontêna ingkang ngawis kirang saking sigar dhuwit, kêdah botên dipun sukakakên, amargi mangke mindhak mrèmèn saha dados tuman sami mawi ngawis, ing satêmah lajêng kenging panyakrabawa, manawi sadaya barang sêsadeanipun punika, namung reka-reka mawi rêrêgèn pêjah, nanging sayêktosipun taksih kenging dipun awis. Lah inggih ingkang makatên punika ingkang murugakên maloroding dlajadipun toko. Amila utaminipun satunggal-tunggaling barang sêsadean, prayogi katèmplèkan dalancang ingkang mawi dipun cirèni rêrêgèning barang, prêlunipun ngicali sêmang-sêmanging manahipun ingkang badhe tumbas. Ing sajatosipun jaman samangke punika, raosipun tiyang manawi têtumbas, rêmên ingkang sampun mawi rêrêgèn pêjah, wosipun gampil, botên kêkathahên pamanahan, botên mawi wira-wiri kabêkta saking êntol-êntolan, [êntol-ê...]

--- 646 ---

[...ntolan,] saha botên sumêlang bilih kablondrong. Punapadene tiyang punika kadhingkala asring botên sagêd ngawaki têtumbas piyambak, manawi sampun mawi rêrêgèn pêjah, saèstunipun tiyang botên badhe uwas-sumêlang malih, bilih prêlu kengkenan têtumbas. Mênggah ingkang makatên wau inggih badhe anambahi laris.

Bab nuju manahipun tiyang têtumbas.

Supados manahipun têtiyang ingkang badhe têtumbas punika sagêd katuju, punika tiyang sêsadean kêdah sagêd andhapuk panataning barang sêsadean, ingkang ngantos katingal amènginakên, kaangka[1] sagêda katingal saking sajawining bango, saha kêdah wêkêl anggènipun angrêksa rêsikipun barang ingkang kasade, langkung-langkung ing bango ngriku kasukanana dilah ingkang langkung padhang supadonas[2] anyumbang èdining wêwarnèn barang ingkang kasade. Kajawi punika tiyang sêsadean kêdah mulat dhatêng kawontênaning barang, ingkang sawêg kaprah kalampah, inggih punika ingkang sawêg dados modhèl enggal. Manawi botên ngèngêti dhatêng barang ingkang sawêg dados modhèl, saèstunipun badhe dangu pajêngipun, saupami wontêna ingkang tumbas, purunipun inggih katumbas kalayan mirah, jalaran botên nuju manah utawi botên modhèl. Kajawi punika, katujuning manahipun tiyang têtumabas punika, ugi kenging dipun saranani saking patrap susila, liripun tansah pasang ulat manis, tandang-tanduk, katingal dhanganan. Liripun manawi wontên tiyang ingkang wurung tumbas, sampun ngantos katingal cuwa, malah kapara rinêmbagan kathah-kathah, ingkang supados tamunipun karsa mirsani sadaya barang daganganipun, sanadyan botên tumbas, inggih botên dados punapa. Amargi piyambakipun pancèn angajêng-ajêng saha bingah sangêt, bilih barang daganganipun sagêd kasumêrêpan ingakathah, bokmanawi sanès dintên kagungan prêlu têtumbas, sasampuna sumêrêp, bilih tokonipun inggih nyadhiyani barang ingkang kinajêngakên. Mênggah tiyang têtumbas kataman tanduk susila wau, sampun tamtu kapranan manahipun saha rêmên sangêt, manawi manah sampun rêmên saha kacondhongan, sagêd ugi sanès dintên asring lajêng dados lêngganan.

Nuwun, mênggah sadaya atur kula ing nginggil wau, wosipun kemawon, tiyang pados palarisan punika, mawia sarana lampah ingkang pinanggih ing ngakal, punapadene adhêdhasar kautamèn. Amargi kula inggih nyipati piyambak, wontên sawênèhing koplakan anggèning nuju manahing para têtumbas, sarana ing bangonipun kapurih nêngga kupu malêm, ingkang rinêngga ing busana. Rumaosipun sarana ingkang makatên wau murugakên laris, nanging malah kosokwangsul, jalaran ingkang tumbas namung sakêdhik, inggih punika namung bangsaning tiyang pangglaengan. Sanèsipun tiyang wau sampun tamtu pakèwêd. Manawi dipun manah, tiyang sêsadean mawi cara makatên wau, malah sagêd ugi damêl wisuna, jalaran asring wontên sulayan, ing gang tuwuh awit saking prakawis wanodya wau. Punapa malih koplakan wau inggih lajêng jolokan kaambah tiyang mêndêm. Mêsthinipun danguning dangu kathah tiyang ajrih jajan mriku, sasampunipun makatên lajêng bobrok. Cuthêl.

Darpa.

--- 647 ---

Saksat Grojogan saking langit, ing tanah Priyangan.

[Grafik]

Sabên nuju dintên liburan, kathah para ngenggar-enggar manah ingkang sami dhatêng ing grojogan ngriku, prêlu sami dhahar eca tuwin nêntrêmakên panggalih.

--- 648 ---

Pêpanggihanipun Para Wêwakiling Sêrat Kabar Kalihan Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral.

Kala tanggal kaping 7 ingkang kapêngkêr punika, ing pura dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral ing Wèltêprèdhên dipun wontênakên pèrêskonpêrènsi, inggih punika pêpanggihanipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana kalihan para wêwakilipun sêrat-sêrat kabar. Ing ngandhap punika katrangan sawatawis kawontênanipun rêmbag-rêmbag ingkang sami kausulakên wontên ing ngriku:

Bab wontênipun pèrêskonpêrènsi. Kathah para ingkang anglairakên pamanggihipun botên anyocogi dhatêng wontênipun pèrêskonpêrènsi wau. Ingkang makatên punika tumrap ingkang wicaksana sampun kapanggalih lêrês, ananging angsal-angsalanipun, pèrêskonpêrènsi wau langkung amigunani tinimbang swaraning para ingkang sami angalang-alangi ing ngajêng, namung kemawon pêrslah-pêrslahipun kêdah dipun titipariksa rumiyin. Dene pèrêskonpêrènsi ing ngajêng kadhawahakên benjing tanggal kaping 12 Oktobêr.

Sêdyanipun pakêmpalan P.S.I. Miturut pangandika dalêm ingkang wicaksana, sêdyaning sawênèhipun panuntuning pakêmpalan P.S.I. punika sampun katitipriksa, sarta salajêngipun tansah dipun ulatakên sangêt. Dumugining samangke dèrèng kacêtha, bilih pakêmpalan wau badhe angrisak katêntrêmaning rakyat, amila tumrap pamarentah inggih dèrèng wancinipun anindakakên punapa-punapa. Para residhèn tuwin para bupati ugi sami anguningani, bilih botên kalêrêsan, tindaking pakêmpalan wau sagêd anguwatosi, ananging ingkang makatên wau namung tumrap sawatawis panggenan ing tanah Jawi kemawon, kados ta: ing Priyangan, punika sok wontên pawartos ingkang botên nyakecakakên, ing ngriku wiwit kina mila, pancèn pantês tansah dipun ulat-ulatakên. Mênggah sajatosipun, kenging dipun wastani, bilih rakyat golongan agêng punika taksih wontên ing sajawining pêrgêrakan. Samangke pamarentah badhe ngêntosi kawontênanipun konggrès P.S.I. ing Pakalongan ingkang badhe dipun wontênakên punika.

Kyai Caringin. Mênggah prakawisipun Kyai Haji Asnawi ing Caringin, miturut dhawuh dalêm ingkang wicaksana, pamarentah amanggalih botên utami, upami kyai wau kaparênga wangsul dhatêng Bantên malih. Botên dangu malih badhe kawontênakên karampungan ing bab anggènipun ngalang-alangi wangsulipun Kyai Haji Asnawi dhatêng Bantên.

Dhoktêr Cipta Mangunkusuma. Bab prakawisipun dhoktêr Cipta, sampun wontên pursêtèl badhe anyingkirakên dhoktêr Cipta wau, ananging samangke dèrèng wontên putusan ingkang maton.

Prakawisipun para sêtudhèn Indhonesiyah. Kangjêng tuwan ingkang wicaksana andhawuhakên dèrèng wuninga têrang mênggah sabab-sababipun, dene para sêtudhèn Indhonesiyah, [Indhonesi...]

--- 649 ---

[...yah,] inggih punika para warganing Perhimpoenan Indonesia ing nagari Walandi, dipun urus prakawisipun. Bab punika prayogi sampun karêmbag wontên ing ngriki rumiyin. Dene manawi pangadilan yustisi sampun rampung pamriksanipun, ingkang wicaksana sagah amanggalih, supados angsal-angsalaning papriksan wau kagiyarakên.

Cacahing lid polêksrad pribumi langkung kathah. Alangan-alangan tumrap pranataning paprentahan India, bab badhe ewahipun polêksrad, samangke sawêg katitipriksa.

Kêkiranganipun amtênar pangrèh praja. Bab punika pancèn nguwatosakên. Miturut pangandika dalêm ingkang wicaksana, mila inggih wontên lêrêsipun, ananging kakiranganipun wau namung tumrap amtênar-amtênar ingkang sampun paham dhatêng padamêlanipun. Samangke sawêg karêmbag ngawontênakên pranatan, kadospundi kadadosanipun ing têmbe sagêd kasumêrêpan.

Palapuran angsal-angsalaning papriksan ing Bantên. Bab punika botên watawis dangu sagêd kagiyarakên, samangke kantun ngêntosi adpisipun paduka tuwan guprênur Jawi Kilèn. Satunggal-satunggaling purstèl ingkang kawrat ing sêrat palapuran wau, dipun titipriksa piyambak-piyambak, salêbêtipun nitipriksa wau inggih lajêng ngawontênakên pranatan-pranatan sawatawis. Bab-bab ingkang prêlu dipun wontênakên, samangke sawêg dipun titipriksa dening dhepartêmèn ingkang kawajiban punika.

Bab ewah-ewahaning pranatan guru. Bab punika badhe tumuntên kaêcakakên, kanthi katrangan-katrangan ingkang cêkap, sampun katêtêpakên pranatan-pranatan tumrap bab salakirabi kêlarenên, bab ningkahan, bab kas mêsjid, lan sapanunggilanipun, ingkang suwaunipun dados pradondinipun para kaum muslimin. Kawontênanipun pranatan punika botên jalaran saking anggènipun adpisur Inl. Zaken adamêl konpêrènsi kalihan para panganjuring pakêmpalan băngsa muslim. Dene ingkang dipun kajêngakên konpêrènsi wau, namung sagêda angsal wawasan satunggal lan satunggalipun.

Pandamêlipun sêrat kabar ingkang ambêbayani. Ewah-ewahan bab anggêr kukum, ingkang sêdyanipun supados angindhakakên dhatêng tindaking sêrat-sêrat kabar ingkang ambêbayani, samangke sawêg dipun taliti dening pokrul-jendhral. Pamarentah samangke sawêg angêntosi katrangan pikantuking pèrêskonpêrènsi sadunya ing Sênèpê (Geneve), murih sagêd angewahi anggêr wêwênangipun para juru ngarang, prêlunipun sagêda angayomi dhatêng pawartos-pawartos ing sêrat-sêrat kabar.

[Iklan]

--- 650 ---

Bab Uwos Saigon.

Candhakipun Kajawèn ăngka 37.

Ing nagari Siyêm ingkang kangge ukuraning sabin punika dipun wastani: re (rai), satunggal-satunggaling re kirang langkung wontên 1600 mètêr pasagi. Limrahipun têtiyang tani ing ngrika satunggal-satunggalipun namung anggadhahi siti wiyaripun 80 ngantos dumuginipun 100 re, inggih lêrês wontên tiyang tani ingkang gadhah siti langkung saking samantên ngantos 200 re wiyaripun, ananging punika namung siti ingkang sae papanipun sarta ingkang botên patos adamêl kangelan sangêt-sangêt tumrap têtiyang ingkang anggarap siti wau. Dene ing papan-papan ingkang sitinipun kirang loh, limrahipun tiyang tani satunggal-satunggalipun namung anggadhahi siti botên langkung saking 30 utawi 40 re. Têtanêman ingkang agêng-agêng wontên ingkang wiyaripun ngantos 10.000 re, namung ingkang langkung saking samantên, punika awis sangêt.

[Grafik]

Ministêr bab têtanèn dipun pikul, dipun garubyug ing têtiyang ambêkta dêdamêl.

Dene rêgining siti, punika gumantung dhatêng kawontênanipun toya ingkang ngoncori siti wau. Kados ta: siti-siti ingkang dunungipun wontên ing saurutipun lèpèn Mênam, inggih punika satunggiling lèpèn ingkang agêng piyambak ing tanah Siyêm, sarta sabên taunipun tansah bêna, ngantos toyanipun sagêd ngêlêbi siti-siti wau, punika dipun rêmêni sangêt dening para tani, amargi siti-siti wau loh sangêt, saha măngsa dhawahing bêna wau kenging katêmtokakên. Saking lèpèn wau lajêng kadamêlakên susukan pintên-pintên dhatêng ing pundi-pundi panggenan, ngantos anjalari siti-siti ingkang dunungipun têbih saking lèpèn Mênam dados tumut loh.

Mênggah pranatanipun nanêm pantun ing tanah Siyêm lan ing India ngriki punika botên wontên bedanipun, inggih punika wontên ing pasabinan, parêdèn saha patêgilan, makatên ugi kewan ingkang dipun pigunakakên kangge madamêl, punika ing tanah Siyêm ugi maesa, dados inggih [ing...]

--- 651 ---

[...gih] botên beda kalihan ing ngriki.

Saban wiwit măngsa jawah, inggih punika ing têngahanipun wulan Mèi, limrahipun ing tanah Siyêm dipun wontênakên karamean ingkang dipun wastani: karamean reknah, mênggah wontênipun karamean wau, kangge angurmati badhe wiwitipun anggarap sabin. Ing jaman kina-kinanipun, wontên ing karamean ngiku, ingkang amiwiti anggarap sabin inggih sang nata piyambak, prêlunipun nyuwun brêkah dhagêng[3] para dèwa, ingkang anguwaosi bab têtanèn. Miturut kapitadosanipun tiyang Siyêm. Manawi para dèwa sami rêna ing panggalihipun, sang nata mêsthi lajêng angsal wangsit ingang[4] anêdahakên, badhe pamêdalipun têtanèn ingkang sawêg dipun garap wau.

Kintên-kintên 3 utawi 400 taun ingkang kapêngkêr punika, upacaraning karamean kasbut nginggil wontên ewahipun sakêdhik, inggih punika miturut cêcariyosanipun para ingkang sami ngumbara ing tanah Siyêm ing jaman rumiyin. Ing jan[5] rumiyin sang nata piyambak ingkang kawajibakên nindakakên upacara punika, samangke sang nata dipun wakili dening ministêr bab têtanèn. Ingkang makatên wau, pangkat ministêr têtanèn ing Siyêm, punika jatosipun satunggiling pangkat luhur, wontên ing ngrika agêng sangêt têtanggêlanipun, amargi manawi têtanêmanipun botên kalêrêsan, punika ingkang dipun lêpatakên botên sanès inggih ministêr têtanèn wau. Ministêr têtanèn wau botên ngêmungakên kêdah ananggêl dhatêng kasaenanipun sadaya têtanêman, ananging kêdah ananggulangi dhatêng tindaking sadaya para dèwa ingkang badhe adamêl botên saening têtanêman, inggih punika: dèwa ingkang nguwaosi bumi, toya lan awang-awang.

(Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Glodhog asipat nyawa. Gambar ing sisih punika gambaring tiyang ingkang badanipun kêbak kangge pondhokan tawon. Tawon ingkang manggèn ngantos langkung 8000.

--- 652 ---

Budidaya Anyarasakên Lare Sêkolah.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun para lare sêkolah ingkang sami dipun adani dening pakêmpalan Ons huis ing Amsêtêrdham, katirahakên wontên panggenan sajawining kitha ingkang sae hawanipun. Ing ngriku lare-lare katingal sawêg sami sinau anggraji kajêng.

Sampun sawatawis dangu ing Amsêtêrdham, nagari Walandi, wontên pakêmpalan nama: Ons huis, ingkang sêdyanipun ambudidaya, murih kasarasaning lare sokolah sarana sabên kala-măngsa dipun tirahakên dhatêng satunggiling panggenan ingkang hawanipun sakeca. Dene wontênipun panggenan ngriku, lare-lare wau sampun dipun sadhiyani griya ingkang agêngipun anyêkapi, punapa malih pakaranganipun ugi wiyar. Manawi pinuju para lere-lare sêkolah punika sami kalêrês dipun tirahakên mriku, lare-lare wau namung sami kapurih anyênêng manahipun, ingkang anuntuni dhatêng kasarasaning badan. Sanadyan makatêna inggih mêksa kanthi dipun ulat-ulatakên dening salah satunggiling tiyang ingkang kapatah angrêksa kawilujênganing para lare wau. Mênggah pratikêl ingkang makatên punika saèstu anocogi sangêt dhatêng lampahing gêsang ingkang kêdah asontan-santun hawa, awit para maos tamtu sampun sami angudanèni, bilih sabên-sabên ing kitha agêng punika hawanipun tamtu kirang sae, jalaran saking kathahing kawontênan: oto, kreta, grobag, lan sasaminipun, dados manawi para lare-lare sêkolah ingkang prêlu ngindhakakên sêsêrapan utawi pangajaranipun saking guru, măngka manawi kalêrês pinuju măngsa bêntèr utawi măngsa ingkang kirang sakeca, saupami lare-lare wau botên dipun jagi kasarasanipun, ing ngriku tamtu lajêng anuwuhakên kiranging kasarasan lan kamajênganipun anggèning sinau, amila prêlu sangêt para lare wau kangge sawatawis măngsa dipun tirahakên dhatêng panggenan-panggenan ingkang sakeca hawanipun. Mênggah wohing budidaya makatên punika agêng sangêt pigunanipun tumrap kasarasan tuwin kamajênganing lare, amila ngantos dumugi samangke pakêmpalan Ons huis kasbut nginggil, sabên taunipun botên kêdhat tansah angintunakên lare [la...]

--- 653 ---

[...re] dhatêng panggenan-panggenan sajawining kitha ingkang sae hawanipun.

Sarèhning pakêmpalan Ons huis ing nagari Walandi punika têtela murakabi sangêt dhatêng kasarasaning lare, pramila ing tanah India ngriki ugi wontên pakêmpalan-pakêmpalan ingkang dipun namakakên: Kindervacantie Kolonie ing Salatiga tuwin ing Sukabumi. Dene lare-lare ingkang sami dipun budidaya dening pakêmpalan-pakêmpalan wau, ing sakawit namung tumrap lare anakipun tiyang miskin, dangu-dangu para anakipun tiyang ingkang kacêkapan inggih dipun tumutakên dhatêng pakêmpalan wau, nanging mawi urun arta sakadaripun. Wiwitanipun pakêmpalan Kindervacantie Kolonie punika namung anyadhiyani lare-lare băngsa Eropah kemawon, kabaripun samangke pakêmpalan Kindervacantie Kolonie ing Sukabumi sumêdya nyuwun subsidhi dhatêng nagari, saha salajêngipun badhe nampèni lare-lare anakipun sadhengah băngsa, (dados ing têmbe pakêmpalan Kindervacantie Kolonie botên ngêmungakên budidaya dhatêng kasarasaning lare-lare Eropah kemawon, ananging ugi lare-lare pribumi, lumayan).

Nitik gênging kaprêluan ingkang sampun kasat-mata punika, punapa botên langkung utami, saupami băngsa kula Jawi piyambak, kêrsa tiru-tiru angadani budidaya ingkang saklangkung amurakabi dhatêng kamajênganing lare punika.

[Grafik]

Lare-lare sami anyênyênêng manahipun para nanumpak egrang.

Botên langkung Kajawèn tansah andêdonga, mugi-mugi wontêna katarbukaning panggalihipun para panuntuning pakêmpalan-pakêmpalan ingkang sami ngudi dhatêng kamajênganing tanah Jawi saha têtiyangipun, kados ta: Pakêmpalan Muhamadiyah, Parte Sarekat Islam, Budi Utama, Taman Siswa, Arjuna Sêkhul, lan sasaminipun, karsaa lajêng cancut ataliwanda, angadani adêgipun pakêmpalan ingkang makatên wau.

--- 654 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng.

Bab Tulung Mênthung.

Garèng : Wathathithah, Truk, kowe mêntas nêmoni apa, cahyamu kathik sumringah, manthêr kaya pancuran kêbumpêtan, apa mêntas kabêgjan olèh-olehan anggonmu nyêbrot ana ing Pasar Gambir, apa mêntas mênang anggonmu pasang dhadhu, sajake têka mèsam-mèsêm kaya wong sing kabêbêlên.

Petruk : Pandakwamu yèn aku sok nyêbrot, kuwi ora bênêr babarpisan, aku mung sok nitipake baranging lyan nyang omah pagawean kanthi kalalèn ora nêmbung marang sing duwe dhisik. Mungguh anane aku olèh kabêgjan, kuwi mula ya nyata, amarga saiki aku olèh marga bisane duwe pawitan kanggo ngingu iwak gramèh kaya kang kocritakake kae.

[Grafik]

Garèng : Sukur, ta, sukur, yèn kowe wis olèh dalan bisane duwe pawiwitan, aku mèlu andongakake, têmtune yèn ana bêgjamu, saora-orane sadulur tuwa ya olèh rebelan. Mara critakna nyang aku, kapriye dalane kowe bakal olèh pawitan kuwi.

Petruk : Kowe rak iya wêruh, ta, ngarêpe omahku kae diênggoni wong Arab, kabare dhêmên bangêt têtulung marang wong sing lagi kasangsaran utawa kakurangan. Lha, lagi dina Minggu kang kapungkur kiyi, aku nêmbung nyuwun tulung pawitan mênyang dhèwèke.

Garèng : Yah, atiku kok banjur rada uwas, sabab lumrahe anakane sok abot bangêt. Ananging mara critakna nyang aku, kapriye panêmbungmu nyang wong Arab mau.

Petruk : Utang mrono kuwi ora nganggo anakan, marga dadi larangane agama, dene panêmbungku nyang wong Arab kuwi cara Mlayu, amarga ora bisa cara Jawa babarpisan, apa ya kudu tak tirokake omong cara Mlayu.

Garèng : Luwih bêcik tirokna bae kaya anggonmu rêmbugan kae, yèn cara Mlayu ya tirokna cara Mlayu, prêlune aku bèn bisa wêruh karêpe Arab mau kanthi gamblang.

Petruk : Ya bêcik ta, mung bae yèn ana kliruku, aja digêguyu, marga cara Mlayuku kiyi ora pati ganêp, rungokna ya, mangkene panêmbungku: Tuwan, sayah ini sêkarang dhalêm kêsusahan bêsar sêkali, kabarnyah tuwan suka tulung sêsamanya mênusiyah, nèk-nèke tuwan mao tulung orang yang baru têrbayang-bayang sêpêrti saya ini.

Garèng : Wadhuh Truk, anggonmu cara Mlayu kathik [kathi...]

--- 655 ---

[...k] kêpenak têmên, anggone las-lasan nganti kaya Dèwi Wara Sêmbadra. Banjur, kaprile[6] wangsulane tuwan Arab.

Petruk : Lho, kuwi mangkene: Pêtul, pêtul, saya memang orang faik, suka tulung, mao finjêm afa, farang, fulus, sêmuwa adha. Krungu wangsulan mangkono mau, atiku rasane mak nyês, aku banjur pitakon: opamanya pinjêm 100 rupiyah, apa bolih, dhan bagimanah pambayarane. Wangsulane tuwan Arab: Folih, folih, fêmbayaran ghafang, folih fayar 10 kali, sêfulannya f 12.50.

Garèng : Dadi cêthane kuwi, kowe utang f 100 anggone ambalèkake f 125 klêbune iya ora pati abot.

Petruk : Mêngkosik rungokna aja kêsusu, omonge tuwan Arab mau isih ana buntute mangkene: Orang tinggal romah orang, musti fayar sewa, orang fake owang orang, juga musti fayar sewa, safên fulan musti fayar sewa owang saya f 12.50.

Garèng : Êmbok, êmbok kuwi arane rak nêkêk gulu têmênan, pambayarane pokok f 125.-, sabên sasine ambayar sewan f 12.50 dadi manawa panyicilmu ajêg sabên sasi, utangmu f 100 mau, kowe kudu ambalèkake f 250.- lanèk ana sasi sing lowong, amarga ana alangan kowe banjur ora bisa nyicil, mêsthine sewane ya têrus bae, dadi yèn ora kabênêran, utang f 100.- mau bisa dadi f 400.- utawa luwih, kuwi arane: kowe rak arêp dikêlèti dening Arab mau, nèk arêp golèk utangan rak luwih bêcik nyang ngêbangan bae, pambayarane ènthèng, anakane mung sathithik.

Petruk : Mèngklèkmu, bisaa masa bakala aku arêp sojah kuwi karo tanggaku si Arab kae. Kapriye anggonku bisa utang nyang ngêbangan, sing kanggo tanggungane bae apa, omah ora duwe, mas intên ora kècrèt, duwe jarit siji, coba tak gadhèkake mung diênyang têlu tèng. Dene yèn duwe barang sing kêna kanggo tanggungane, olèhe dhuwit utangan ya sok ora jangkêp, amarga kapêksa kudu ngujuri mas lu...

Garèng : Wis, wis, kok banjur kêdawa-dawa. Ambalèni wong tukang motangake dhuwite kang kanthi anakan sing sak hohah-hohah, apa kira-kirane nagara ora bisa ngalang-alangi lêlakon kang mangkono kuwi.

Petruk : Lho Rèng, apa kowe ora wêruh, yèn jaman saiki kiyi diarani jaman kêrtas, mungguh karêpe mangkene: apa bae sing wis kacêtha ing kêrtas kuwi ya wajib digugu, upamane bae ana wong bodho, kêsèd, lan sapadhane, ananging duwe kêrtas sing nyêbutake wêton pamulangan, ha, ba, sa, nèk golèk pagawean, ya banjur bae olèh blanja sathekruk, ananging pintêra kaya ngapa, ananging ora duwe kêrtas apa-apa, ya kudu nrima diblanja sacêpèng. Kang mangkono mau mêsthi ya disumurupi ing wong tukang ngutangi dhuwit, sing bangêt kêjême mau, ana ing kêrtase - jarene kuwi diarani asèptasi - disêbutake utange ana f 250- ananging sing utang tampane mung

--- 656 ---

f 100- dadi ing têmbe yèn nganti dadi prakara, tumêkane pangadilan, sing utang ya wis mêsthi bakal dadi karang abang, amarga ing kêrtas kono cêtha wela-wela, pira kèhe utange. Hara, kapriye anggone nagara bisa ngalang-alangi lêlakon sing bangêt anggone bisa e kuwi.

Paribasan.

Amituruti wara-waranipun rêdhaksi Kajawèn: kaparêng amaringi papan sawatawis, kangge ajanging pangrêmbag utawi katranganing: paribasan. Saking kumacèluning manah kula, kêpêksa kula wani ngatingalakên sêsêrêpan kula bab paribasan wau, inggih sanadyan têmênipun saking anggèn kula grèsèk-grèsèk utawi namung tiru-tiru, jalaran ing batos angèngêti dhatêng prêluning ngindhakakên sêsêrêpan. Dene pikantukipun anggèn kula grèsèk-grèsèk wau paribasan: Kaya tak adol biting.

Mênggah paribasan ingkang makatên punika, ing sadèrèngipun kula angsal sêsêrêpan, ngantos judhêg pangothak-athik kula mêksa botên sagêd anêgêsi pikajêngipun, wusana saking sangêtipun ing pangudi kula, parmaning Allah, lajêng wontên salah satunggiling sarjana ingkang karsa paring katrangan têgêsipun paribasan wau, makatên:

Paribasan: kaya tak adol biting, punika sampun têmbung kêlantur, lêrêsipun: kaya tak andon biting.

Tak, pikajêngipun: Kapitan Tak, ingkang kasêbut wontên ing babad Kartasura pêrang tandhing kalihan Untung Surapati, adol biting, pikajêngipun: andon biting (bètèng), inggih punika nalika Kapitan Tak dados pangagênging bètèng.[7]

Nalika Kapitan Tak dados pangagênging bètèng wau, paprentahanipun dhatêng tiyang alit, (tiyang bumi) sakalangkung kêras sangêt. Dados sabên wontên paprentahan utawi wêwatêkaning tiyang ingkang kêras sangêt, lajêng dipun paribasakakên: kaya tak adol biting, utawi lêrêsipun: kaya tak andon biting.

Wusana kula sumăngga.

Pun: Sa.

[Iklan]

--- 657 ---

KRONIEK

Kabar Warni-warni.

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Kala tanggal kaping 31 Agustus ingkang kapêngkêr punika, kalêrês dintên wiyosan dalêm kangjêng sri maharaja putri, wontên pasakitan 6400 ingkang kasuda ukumanipun, inggih punika antawisipun 3 wulan dumugi 1 taun.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên: benjing salêbêtipun wulan Nopèmbêr ngajêng punika, Pakêmpalan Muhamadiyah badhe ngintunakên salah satunggiling warga pangrèhipun angadhêp dhatêng paduka tuwan dhirèktur ondêrwis, prêlunipun angrêmbag bab pangajaran saha agami tumrap têtiyang pribumi. Kintên-kintên ingkang badhe kapilih dados wakiling pakêmpalan wau: Tuwan Sasra Sugănda.

Wontên kabar, bilih up bêstiring Pakêmpalan Walfajri sampun adamêl putusan botên badhe campur kalihan babagan pulitik. Kadosdene Pakêmpalan Muhamadiyah, pakêmpalan wau ngêmungakên badhe ngudi dhatêng agami, ananging para warganipun botên badhe dipun awisi lumêbêt ing pakêmpalan pulitik.

Aneta martosakên, bilih dèrèng dangu punika, mêntas wontên sêrat kêkancingan malih, ingkang amratelakakên pambucalaning komunis sawatawis dhatêng Dhigul, inggih punika: 3 asli Bantên, lan 13 asli saking Banyumas.

Dèrèng dangu punika, Raad van Indie dipun pangarsani kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral, ngawontênakên parêpatan, ingkang karêmbag wontên ing ngriku, pawartos-pawartos ingkang gêgayutan kalihan glagatipun satunggiling pakêmpalan, ingkang anyalawadi saha anguwatosi. Putusing rêmbag badhe angwontênakên pranatan ingkang ing têmbe sagêd angalang-alangi sêdyaning para panuntunipun pakêmpalan wau.

Pulisi ing Ngayogyakarta samangke sawêg ribut ngupadosi tiyang nama: Radèn Pringgawijana, tilas asistèn panji, ingkang miruda lan kadakwa angapusi arta gadhahanipun satunggiling băngsa Tiyonghwa ingkang botên sakêdhik.

Saking Manasar[8] Aneta martosakên: Ing ondêrnèmêng Pungkol bawah Mênadho, wontên salah satunggiling mandhor băngsa Mênadho kadakwa nahan saha anganiaya kuli-kuli ing ondêrnèmêng kasbut nginggil. Miturut katranganipun administratur ngriku, ing sarèhning kathah sangêt kuli ingkang sami miruda, administratur wau suka palilah dhatêng mandhor wau, supados ing wanci dalu kuli-kuli kajagia dening kuli-kuli sanèsipun, mênggah tindaking mandhor salajêngipun, administratur wau botên nyumêrêpi.

Wontên pawartos, ing wêkasaning wulan punika, Pakêmpalan Muhamadiyah badhe ngintunakên wakilipun dhatêng Sumatrah, Makasar lan Borneo, prêlu supados anjêmbarakên agami Islam.

Wontên kabar, ing wêkasaning wulan punika, sampeyan dalêm ingkang sinuhun ing Surakarta badhe têdhak ing Yarmarêk ing Surabaya. Wontên ing ngrika badhe anyare wontên ing hotèl Oranje, dene pandhèrèk dalêm wontên ing hotèl Ngêmplak. Kamar lusmèn ingkang kasewa sadaya wontên 20.

Kala malêm Kêmis ingkang kapêngkêr punika, ingkang wêdana pulisi ing Batawi, Tuwan Naipin, wontên ing Molênplit, Wèltêprèdhên katubruk motor taksi, ingkang lampahipun saklangkung rikat, ngantos dhawah sumaput, samangke dipun pulasara wontên ing griya sakit. Dene supiring motor taksi wau băngsa tiyang pribumi, samangke sampun kacêpêng ing pulisi. Supir wau têtela botên gadhah sêrat katrangan kenging mlampahakên motor.

Kala tanggal 9 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr, Pakêmpalan Muhamadiyah ing Malang ambikak griya sakit enggal kanthi upacara kados ngadad.

Kala dintên Sêtu tanggal kaping 10 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr punika, ing griya pakunjaran Cimahi saèstu andhawahakên ukuman gantung dhatêng tiyang komunis têtiga. Dene kala ngukumipun gantung wau dipun jênêngi dening paduka tuwan residhèn ing Priyangan sisih wetan, ingkang bupati saha amtênar-amtênar pangrèh praja sawatawis lan pulisi. Sadèrènging ukuman gantung kadhawahakên, ingkang kalih anggadhahi panuwunan sumêdya pamit dhatêng sanak-sadhèrèkipun, dene satunggalipun malih nama: Hasan Bakri, sarêng tangsulipun gantungan sampun kaêtrapakên ing gulunipun, ambêngok ngantos rambah kaping kalih: hidhuplah komunis, sasampunipun ukumanipun lajêng kadhawahakên.

Dintên Sêtu ingkang kapêngkêr punika, kintên-kintên jam 8 enjing, kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral tindak saking Tanjung Priyuk dhatêng Maluku.

--- 658 ---

Wontên pawartos, bilih angsal-angsalaning Pasar Gambir ing Batawi ingkang kapêngkêr punika, kirang langkung wontên f 99.800.- manawi kasamèkakên kalihan angsal-angsalanipun ing taun kapêngkêr, angsal-angsalanipun kaot f 1000.- kathah ing taun ingkang kapêngkêr punika.

Saking Bandhung kawartosakên: angsal-angsalanipun pakaryan S.S. ing wulan Agustus taun punika f 7.414.000.- ing wulan Agustus ing taun ingkang kapêngkêr f 6.700.000.-

Kala tanggal kaping 9 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr punika saking Surabaya kawartosakên: enjing punika jam 8 ingkang Minulya Paduka Tuwan Dr. Rabindranath Tagore mandhap saking kapal Van Neek wontên ing palabuhan Surabaya, kapêthuk dening têtiyang Indhu kirang langkung wontên tiyang 50. Salajêngipun nuntên tindak dhatêng dalêm Mangkunagaran ing Palmênsêtrat kanthi kadhèrèkakên dening Tuwan Suyana. Sontênipun jam 5 kathah para ingkang sami amanggihi Tuwan Dr. Tagore wau, kirang langkung wontên tiyang 200.

Kabaripun Ingkang Minulya Tuwan Prof. Dr. Tagore tanggal 15 punika tindak dhatêng Surakarta, wontên ing ngrika kintên-kintên ngantos dumugi tanggal 21 Sèptèmbêr.

Jalaran saking panuwunanipun para têtiyang Indhu ingkang sami dêdunung wontên ing tanah India ngriki, supados salajêngipun sampun ngantos dipun wastani têtiyang kêling. Amargi nama wau angêmu raos ingkang botên nyakecakakên dhatêng piyambakipun, amila pamarentah lajêng anyêbar sêrat aparing priksa, murih salajêngipun ing sêrat-sêrat opisil, têtiyang Indhu wau kasêbuta: Voorlndiers.

Miturut sêrat kêkancingan presidhèn pangadilan justisi kala tanggal 8 Sèptèmbêr, kadhawuhakên supados Tuwan J. de Jeer ingkang kadakwa dados adpisuring para militèr ingkang dados warganing pakêmpalan nyalawadi ingkang gadhah sêdya badhe adamêl rêrêsah, kapriksa ing griya sakit tiyang ewah ing Bogor laminipun 6 wulan.

Wontên kabar, bilih para haji ingkang kacêpêng dening pamarentah Ijas saha kawêdalakên saking karajan ngriku, amargi gêgayutan kalihan pakêmpalan komunis, sampun dumugi ing palabuhan Tanjung Priyuk numpak kapal Singkep. Têtiyang wau lajêng enggal kacêpêng saha dipun tahan wontên ing griya pakunjaran ing Glodhog, kintên-kintên têtiyang wau ugi badhe kasingkirakên dhatêng Dhigul.

Saking Sawahlunta kawartosakên: sanajan pangadilan landrad ing ngrika sampun mriksa prakawis komunis kathah sangêt, ewasamantên samangke taksih wontên pasakitan kirang langkung 1200 ingkang dèrèng kapriksa prakawisipun. Kajawi punika pangadilan wau sapunika taksih amriksa prakawis raja pêjah kala tanggal 3 Januari 1927, ingkang anjalari nahan tiyang 8 wontên ing griya pakunjaran ing Silungkang, jalaran kănca-kancanipun sumêdya angalang-alangi, sampun ngantos wadosing para kaum rêrêsah kawêdhar.

Kawisudha dados dhoktêr ing karaton dalêm ingkang sinuhun ing Surakarta: Radèn Mas Dr. Sumadilaga, ingkang suwau dados dhoktêr gupêrmèn. Wiwit tanggal 1 Sèptèmbêr punika Radèn Mas Dr. Sumadilaga sampun wiwit nindakakên padamêlanipun enggal.

Aneta martosakên, bilih tilas mantri griya sakit ing Wèltêprèdhên nama: Suparman, benjing tanggal 3 Oktobêr ngajêng punika badhe kaadhêpakên ing pangadilan landrad ing Batawi, amargi kadakwa salingkuh prakawis arta. Kala dipun priksa ingkang kapisanan Suparman wau anyariyosakên warni-warni bab pangurusipun griya sakit ingkang rumiyin-rumiyin, ingkang anjalari dipun wontênakên papriksan mawi dipun pangajêngi dening pangagênging militèr, ing wusana papriksan wau botên angsal damêl babarpisan.

Saking nagari Walandi kawartosakên, bilih Tuwan T. Mr. Cohen, tilas komisaris tumrap ewah-ewahaning paprentahan, dening nagari kapatah dados panuntunipun ingkang bupati ing Bandhung saha Tuwan Dr. Madjolelo, inggih punika salaminipun prayagung kêkalih wau wontên ing nagari Walandi.

Aneta martosakên saking Sabang, bilih kala malêm Minggu ingkang kapêngkêr, kintên-kintên jam 11 ing ngrika wontên lindhu agêng, tujunipun botên adamêl karugian punapa-punapa.

Sêrat kabar A.I.D. mirêng pawartos, bilih Tuwan Cakra Aminata badhe katarik ing pangadilan, jalaran kenging sêprikdhelik kala adamêl parêpatan wontên ing Cianjur.

Nyarêngi grêbêg ingkang kapêngkêr punika, pangrèh agêng P.N.S. (pakêmpalan guru normal sêkul), damêl konggrès mirunggan wontên ing Islamiyah. Parêpatanipun kadamêl winados. Kabaripun ingkang karêmbag namung saêbab, inggih punika prakawis bayar.

Pakêmpalan tunggil damêl ngrika-ngriki sapunika ugi sawêg sami ancasipun nêdha indhakan bayar. Ananging sajakipun botên patosa dipun gatosakên kalihan panginggilan, mila namung gumantung warganipun.

Tuwan Kruys kongsul Bèlgi ing Surabaya sarta dhirèktur kultur Mij. Kandhangan, sami numpak baita Plan Siyus, ing Batawi, kala tanggal 6 Sèptèmbêr punika kasumêrêpan ical botên kantênan. Dene sandhanganipun taksih sami wontên salêbêting kamaripun piyambak.

--- 659 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde.

18

Kacariyos, kala samantên miwiti măngsa asrêp. Prabu Tristan, sang putri tuwin Corneval sami manggèn ing salêbêting guwa, margi ing jawi asrêp sangêt. Ron-ronan ingkang kangge lèmèking patilêmanipun inggih sami asrêp sangêt kados ès, nanging saking gênging katrêsnanipun ngantos botên angraosakên kasangsaraning gêsangipun wau. Sarêng sampun miwiti măngsa bêntèr malih, Prabu Tristan lajêng adamêl griya alit, wontên ing sangandhaping kajêng agêng. Dene ingkang kadamêl inggih pang-panging kêkajêngan ing wana ngriku. Kala timuripun Prabu Tristan sagêd anirokakên ungêling pêksi-pêksi ing wana. Pramila ing samăngsa-măngsa manawi pinuju sami wontên ing griya, Prabu Tristan lajêng anyuwara kados pêksi-pêksi ing wana ngriku. Botên antawis dangu pêksi-pêksi ingkang mirêng swaranipun Prabu Tristan inggih dhatêng, sami mencok ing griya wau, swaranipun rame sangêt, sakeca kapirêngakên. Wiwit kala samantên Prabu Tristan sakancanipun botên pindhah-pindhah panggenan kados ingkang sampun-sampun, awit para baron tuwin para satriya ing Cornwallis botên wontên ingkang wani angupadosi panjênênganipun dhatêng salêbêting wana ngriku.

Anuju ing satunggiling dintên, baron Guenelon mêngsahipun Prabu Tristan ingkang gêthing sangêt saha awon sangêt manahipun wau, kalihan kănca-kancanipun ambêbujêng dhatêng sapinggiring wana ing Morois. Kala samantên Corneval inggih pinuju lêledhang wontên sapinggiring lèpèn, botên têbih saking panggenan anggèning ambêbujêng baron Guenelon. Abah-abahaning kapalipun dipun rucati, sarta lajêng dipun culakên ing ngriku, amargi kathah rumputipun lêma-lêma. Dene Prabu Tristan lan sang putri sami kantun wontên ing griya. Sami angeca-eca tilêm. Botên antawis dangu Corneval mirêng jugugipun sagawon pambujêngan. Saking katêbihan katingal wontên sangsam kaoyak ing sagawon kathah. Sangsam lajêng anjêgur ing lèpèn urutipun panggenaning lêledhang Corneval wau. Botên antawis dangu malih saking ing ara-ara wontên gêrma satunggal numpak kapal, angêtut lampahing sagawon-sagawon punika. Dangu-dangu têtela bilih gêrma ingkang tanpa rencang wau baron Guenelon mêngsahipun Prabu Tristan. Corneval nuntên sêsingidan wontên ing sawingkinging kajêng agêng, sarta angliga pêdhangipun. Sarèhning kapalipun kasandêrakên botên antawis dangu baron Guenelon dumugi ing salêbêting wana. Kapalipun anyoklang nglangkungi panggenanipun sêsingidan Corneval. Ingkang sêsingidan enggal lumumpat anyakêti sarta anyandhak kandhalining kapal wau, sarta enggal anamakakên pêdhangipun dhatêng ingkang numpaki Guenelon pêjah kapisanan, layonipun gumalèthak ing siti. Sirahipun lajêng dipun pocok dening sang Corneval, kabêkta mantuk dhatêng satêngahing wana kangge angsal-angal. Sadumuginipun ing griya, Prabu Tristan lan sang putri sawêg sare. Corneval lumêbêt ing griya alon-lonan. Sirahipun baron Guenelon lajêng dipun gandhulakên ing salah satunggiling saka griya, kinubêng ing ron-ronan minăngka gêgubahanipun sêkar, dene pikajêngipun adamêl bingah manahing bêndaranipun wau. Sarêng Prabu Tristan wungu kagèt sangêt amriksani sirahing mêngsahipun, enggal mênyat saking ing pasareanipun. Corneval nuntên matur: Dhuh, satriya, mugi sampun kuwatos, Guenelon sampun pejah, kataman ing pêdhang kula, wontên ing sapinggiring wana punika.

Kacariyos para gêrma kănca-kancanipun baron Guenelon sarêng sumêrêp gêmbunging baron Guenelon gumalèthèk wontên ing sangandhaping kajêng agêng, enggal sami lumajêng wangsul dhatêng ing kitha, margi sami ajrih. Rumaosipun binujêng ing Prabu Tristan. Wiwit punika têtiyang ing Cornwallis botên wontên ingkang wani ambêbujêng dhatêng ing wana Morois, pramila wana wau prasasat kawêngku dening Prabu Tristan piyambak. Prabu Tristan kagungan jêmparing yasanipun piyambak, kanamakakên Kyai Sipatkêna, margi manawi kangge anjêmparing punapa kemawon, kewan utawi tiyang sampun tamtu kengingipun. Kala samantên pinuju măngsa bêntèr, anuju satunggiling dintên Prabu Tristan kesah ambêbujêng piyambakan, angasta jêmparing Kyai Sipatkêna, saha anganggar pêdhangipun. Ing dintên punika badhe wontên lêlampahan ingkang anjalari susahing manahipun ingkang sami tansah sih-sinisihan. O, para maos sayaktosipun botên wontên tiyang kasangsaran kados Prabu Tristan lan Sang Putri Isolde punika, jalaran saking anggènipun sami anglabêti katrêsnan. Ing wanci siyang sarêng Prabu Tristan wangsul saking anggènipun ambêbujêng, kapapagakên dening sang Putri Isolde kados ingkang sampun-sampun.

Pangandikanipun sang putri: Dhuh, mitra, sampeyan saking pundi, dene katingal sayah sangêt.

Prabu Tristan amangsuli: Kula saking kesah ambêbujêng sangsam, nanging sangsam wau sakalangkung kêsit. Badan kula karaos sayah sangêt, pramila kula kêpengin tilêm.

Kalih-kalihipun sami lumêbêt ing griya, nuntên mapan tilêm, tanpa acucul pangangge. Aggènipun tilêm jèjèr, kaêlêtan ing

--- 660 ---

pêdhang ligan. Sang putri anggènipun sare abantalan [...]nipun Prabu Tristan. Angagêm sêsupe êmas [...] mripat jamê[...] pêparingipun Prabu Marc nalika pangantenan, nanging ing sarèhne sariranipun kêra sangêt, sêsupenipun inggih logro. Soroting surya ingkang mlêbêt ing griya mêdal sasêla-sêlaning ron-ronan ingkang minăngka payoning griya nyoroti pasuryanipun sang putri, ingkang katingal pêthak kumilat kados ès.

Anuju satunggiling dintên, mantri wana mrangguli tilasing tiyang wontên ing pasukêtan, ing salêbêting wana wau. Dene tilas punika sayaktosipun tilasipun Prabu Tristan lan Putri Isolde kala winginipun, nalika sami kèndêl ing ngriku. Nanging mantri wana botên sumêrêp bilih tilas wau tilasipun Prabu Tristan, lajêng dipun turut, satêmah dumugi ing griya alit ping[9] têngahing wana. Ing ngriku mantri wana sumêrêp Prabu Tristan lan sang putri sami sawêk sare. Pramila enggal lajêng wangsul dhatêng kitha gêgancangan, awit ajrih bok bilih Prabu Tristan kasêlak wungu ambujêng piyambakipun. Anggènipun lumajêng sipat kuping, ngantos kenging kaupamèkakên lonjong mimis. Sarêng dumugi ing kitha enggal lumêbêt dhatêng ing karaton, sowan ing ngarsanipun sang prabu. Kala samantên sang prabu pinuju siniwaka, kaadhêp ing para baron kalerehanipun, sarta pinuju amriksa prakawis. Sarêng amariksani dhatêngipun mantri wana ingkang dumarojog tanpa larapan punika. Sang nata enggal andangu, pangandikanipun: Hèh, mantri alas, ana apa dene sira sowan ing ngarsaningsun tanpa larapan, lan manèh apa mulane lakunira katon sigra-sigra, kaya lakuning baturing gêrma kang anututi asu-asu kang angopyak sato alas. Apa têkanira ing kene uga arêp anglapurake prakara kang agawe kasusahanira. Sapa kang angusir sira saka ing alasingsun. Sang nata [...] dipun aturi jêngkar saking pasamuan, margi mantri wana wau badhe matur piyambakan, sarêng sampun piyambakan, mantri wana lajêng matur: Gusti kawula mêntas mrangguli Prabu Tristan kalihan sang pramèswari wontên satêngahing wana, sawêg sami sare. Ing sarèhning kawula ajrih bilih Prabu Tristan wungu, kawula enggal lujêng[10] sowan ing ngarsa paduka.

Prabu Marc ngandika: Ana ing ngêndi.

Mantri wana matur malih: Wontên satêngahing wana Morois. Manggèn salêbêting griya alit, yasanipun piyambak, saking panging kêkajêngan lan ron-ronan. Manawi paduka badhe malês ukum dhatêng piyambakipun, sumăngga kawula dhèrèkakên dhatêng panggenanipun tilêm Prabu Tristan tuwin sang pramèswari wau.

Sang prabu ngandika: Iya, sira mangkata dhisik, angêntènana rawuh ingsun, ana ing dalan kang lumêbu marang ing alas mau. Poma aja baribin, aja nganti ana wong kang sumurup, awit ingsun bakal tindak ijèn. Kajaba iku sira bakal ingsun ganjar êmas lan salaka, sapira panuwunira bakal ingsun paringi.

Mantri wana enggal mangkat, angêntosi rawuhipun sang nata wontên ing margi lumêbêt dhatêng ing wana Morois wau. Mugi-mugi Gusti Allah aparing bêbêndu dhatêng mantri wana ingkang awon manahipun punika dene têka jail. Ing wingking para maos badhe angawuningani pêjahipun mantri wana punika, inggih punika minăngka paukumanipun anggènipun dados juru têlik.

Kacariyos sang prabu enggal dhawuh anyadhiyakakên titihanipun, lajêng têdhak nitih titihan kalayan anganggar pêdhang. Tindakipun dhêdhêmitan saha tanpa kadhèrèkakên ing abdi satunggil-tunggila. Kala samantêdh[11] sang nata kèngêtan nalika anyêpêng ingkang putra kapenakan ing wanci dalu rumiyin. Sarta kèngêtan dhatêng sêmunipun Putri Isolde ingkang angatingalakên sangêt trêsnanipun dhatêng Tristan. Manawi panjênênganipun sagêd mrangguli Prabu Tristan lan Putri Isolde saèstu badhe dipun patrapi paukuman ingkang awrat, minăngka pamalêsing cidranipun. Sarêng tindakipun dumugi ing margi ingkang lumêbêt dhatêng ing wana wau, lajêng paring dhawuh dhatêng mantri wana supados lumampah rumiyin, pangandikanipun: Hèh mantri alas, sira lumakua ing ngarêp, ingsun anut buri lakunira, nanging dienggal sarta miliha dalan kang cêdhak dhewe.

Sang nata lan mantri wana nuntên lumêbêt ing wana, lampahipun gêgancangan. Sang prabu angandêlakên dhatêng ing pêdhangipun, ingkang rumiyin sampun asring ngatingalakên kêkiyatanipun manawi kaagêm pêrang. Mila lajêng katarik mak srèng swaranipun, saha angandika makatên: yèn ora ingsun iya si Tristan kang bakal nêmahi pati. O saupami Prabu Tristan wungua, salah satunggal saèstu badhe wontên ingkang manggih tiwas. Mantri wana lajêng matur: Gusti, sapunika sampun cêlak.

Sang prabu nuntên mandhap. Titihanipun cinancang ing kajêng agêng, lajêng têdhak dharat. Botên antawis dangu dumugi ing griya alit padununganipun Prabu Tristan lan Putri Isolde. Sang nata nuntên lukar mantêl. Mantri wana badhe andhèrèk nyakêti griya, nanging kadhawuhan mundur. Sang prabu nuntên lumêbêt ing griya sarwi angasta pêdhang ligan. Pêdhang sampun badhe katamakakên, wusana kanggêk ing galih, dene mariksani wontên pêdhang ligan ingkang angêlêt-êlêti sariranipun sang putri kalihan Prabu Tristan. Kajawi punika pratingkahipun anggèning tilêm, mratandhani saèning kalakuwanipun. Sang nata ngunandika makatên: Dhuh, Pangeran Kang Maha Agung, sarèhne kula sumêrêp kawontênan makatên, punapa tiyang kêkalih punika kêdah kula pêjahi. Saupami samia gadhah lêlampahan awon, anggènipun sami tilêm botên badhe kaêlêt-êlêtan pêdhang ligan. Punapa sok tiyanga botên sami sumêrêp bilih ingkang makatên punika mratandhani saha nyatakakên rêsiking manahipun. Milanipun kula inggih botên badhe amêjahi tiyang kêkalih punika. Awit manawi kula pêjahana, saèstunipun duraka sangêt.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


kaangkah. (kembali)
supados. (kembali)
dhatêng. (kembali)
ingkang. (kembali)
jaman. (kembali)
kapriye. (kembali)
§ Bètèng kraton Kartasura. (kembali)
Makasar. (kembali)
ing. (kembali)
10 lajêng. (kembali)
11 samantên. (kembali)