Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10-27, #37

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10-27, #37. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10-27, #37. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 43, 1 Jumadilawal Taun Jimakir 1858, 27 Oktobêr 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [761] ---

Ăngka 43, 1 Jumadilawal Taun Jimakir 1858, 27 Oktobêr 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tanah Jawi Pasisir Lèr, ing tratabaning wana Roban.

[Grafik]

Adining pasawangan ing tanah Jawi pasisir lèr. Wujuding gambar punika sanadyan botên mawi kacariyosakên panjang, sampun sagêd cariyos piyambak mênggahing kawontênanipun.

--- 762 ---

Raosing Tanah Jawi

Tumrap tiyang ingkang kulina ngraosakên dhatêng wujud kawontênaning sawangan kodrat ing ngalam donya, punika sagêd nuwuhakên gagasan angêlangut. Makatên ugi tumrap tiyang ingkang ahli ngraosakên suraosing ukara sae, ingkang mêmêtha kawontênan, lêlampahan tuwin sanès-sanèsipun, punika gêsanging ukara wau ugi lajêng sagêd nuwuhakên panggambaring gagasan, ngantos cumithak wontên ing raos. Ing Kajawèn mêntas ngêmot pangudaraosipun sang pujăngga agung Tagore, pangudaraos wau mawi amêmêtha dhatêng kawontênaning tanah Jawi, ngantos sagêd ngindhakakên ijêming wana ingkang nêmbe kêtingal; kados rimonging widadari, kêtingal ijêm riyu-riyu, adamêl sêngsêming pandulu. Punika mênggahing pangraos, sanadyan tumrap tiyang ingkang dèrèng sumêrêp kawontênaning tanah Jawi, ugi lajêng sagêd anggambarakên wontên ing pangraosipun. Panggambaripun wau sanadyan dèrèng mêsthi plêk, nanging sampun wontên wujudipun.

Ing sapunika gêntos ing Kajawèn ngriki mujudakên gambar, ingkang saèstha kados raosing manahipun tanah Jawi nalika pêpisahan kalihan jiwaning tanah Hindhu (Sang Tagor) ingkang nêmbe angoncati. Kados ing ngandhap punika, mriksanana gambar ngajêng.

Pindha taru katragan ing riris | tanpa manis araras mangarang | puwara ruruh ron-rone | ron rasanirèng tuwuh | yayah sirna datan nabêti | dening wus lalu măngsa | koncatan ing ranu | kang nrambahi mawèh gêsang | sangkin dangu satêmah kêpêksa sêmi | mung kucêm sêmunira ||

Pan makatên pindhaning panggusthi | sarasaning bumi tanah Jawa | wus kaworan pamawase | mung rarasirèng dangu | kang umanjing têlênging ati | katonton tabêtira | maksih sarwa tungtum | nadyan salin sipatira | mung tatane têtêp tan owah ing ati | talêse kawistara ||

Dhêdhêp tidhêm rasaning dumadi | manggung mèngêt tabêt kang mèh sirna | nênangi mawèh onênge | nadyan kathah pangimur | mung sumamar datan nêtêpi | satêmah dadinira | kandhêg rangu-rangu | dening têkaning kaanan | amung sarwa nênamar matèni wiji | kang wus manjing tan oncat ||

Wusing dangu rasa tungtum ugi | gêgayutan orêging pawarta | kang mratani rat têbane | yèku jiwaning Hindhu | kang rinungu sanggyèng dumadi | arsa têtuwi marang | tabête ing dangu | marma ebah tanah Jawa | lir rasaning kasatan aminta warih | ingarah mrih sêmbada ||

Dupi palwa prapta anêng tasik | sawanganing bumi tanah Jawa | lir tanggap mulung astane | pinêthuk ngrangkul gapyuk | mung ing sêmu pangling kapati | dening tabêting tata | kadi salin wujud | riwusing têtela nyata | datan samar mring klamar kang manaputi | titih katon têtela ||

Ing sumarma pêthuking pangèsthi | tan katara lawan ananira | mung kari ciptane bae | kang maksih bakuh kukuh | kang kadyêku yogyane mangkin | mrih tulus gêgandhengan | tan mawang ing sêmu | sukur kalamun widada | kaanane gathuk datan madal sumbi | kana lan kene nunggal ||

Wusing titi dènira ngulati | tabêtira kang wus kawistara | si jiwa muksa pindhane | ngunduri kita wangsul | tanah

--- 763 ---

Jawa arasa sêpi | koncatan rasanira | têmah mawèh trênyuh | kocak ombaking samodra | tumêmpuh ring papèrèng pongoling tasik | sarasèng pangrêrêpa ||

Ngrêmbakaning wana têpi tasik | lir mangungak kang wangsul layaran | ron obah pindha kumlawe | ngandhêg kang nêdya kondur | amêmurih têntrêm watawis | mrih pulih onêngira | amung sang linangkung | tan surut dêrênging driya | paksa tulus mung ninggal rasaning ati | têtêp salaminira ||

Wênèh kadi pindhaning rayyalit |[1] kudu-kudu kêlaluning lampah | nututi maring tindake | yèku lakuning sêpur | sumêngka lir asipat kuping | anjêlèh urut marga | nanging wus kabacut | têmah ing kaananira | sanggyèng laku ingkang kêtêmbèn pinanggih | lir panggugahing jiwa ||

Kajênging suraos ing nginggil, cêkakan.

Tiyang Jawi punika mèh ical raosing Hindhu, dening sampun kêdangon, mila kados pêpindhaning têtanêman gêring tanpa angsal jawah. Nanging sanadyan sampun makatên, wantuning gêsang, dados inggih lêstantun gêsang, lan gêsangipun wau pancèn sampun mawi wiji, inggih punika wiji ingkang sampun tumanêm kala rumiyin.

Sarêng jiwaning Hindhu dhatêng, mèh pangling, dening santun sipatipun, nanging lajêng karaos, manawi wijinipun taksih. Mila sanadyan sipatipun santun, sakintên inggih badhe sagêd gathuk, lan kalampahana gathukipun wau sagêda ngrika-ngriki angsal, inggih punika, kawruh kilenan lan wetanan punika sanadyan ingkang dipun tekadakên beda, kaangkaha sagêd gathuk, tanpa angrisakakên tekadipun.

Wusana sapêngkêripun sang nêmbe rawuh, wontênipun tansah damêl ebahing manah.

Katrêsnaning Anak dhatêng Biyung

Candhakipun Kajawèn ăngka 41.

Sadaya pakêmpalanipun para dhoktêr ing salêbêting jajahan Jêpang, ingkang sami badhe nampèni dhatêngipun Dhoktêr Nogusi, ingkang sampun kesah 15 taun laminipun, samangke sami tata-tata badhe angurmati saha angaturakên pambagya wilujêng dhatêng ingkang nêmbe rawuh. Minăngka pakurmatan, ing kitha-kitha Tokiyo, Osaka tuwin ing kitha-kitha agêng sanèsipun, dipun wontênakên dhahar pista. Para sarjana, para ahli pulitik, para hartawan, para sudagar agêng lan sapanunggilanipun, sami angrumaosi manggèn ing kaluhuran, bilih sami sagêd tumut dhahar pista wontên ing pasamuwan pakurmatanipun sang minulya dhoktêr wau. Sadaya pakurmatan pista ingkang dipun wontênakên ing kitha-kitha ing tanah Jêpang wau, ing kitha Minowah ingkang agêng piyambak. Dene kala samantên ingkang sami dhahar pista: guprênuring kitha ngriku, pangarsaning guru agêng ing pamulangan luhur kadhoktêran ing Osaka, pintên-pintên băngsa sarjana sanèsipun, tuwin para amtênar lan para sudagar agêng-agêng. Dene ingkang dipun piji sami angladosi salêbêting pista wau, inggih punika para waranggana ing Osaka,

--- 764 ---

ingkang sami endah ing warni tur sami sae-sae pangajaranipun. Sang minulya Dhoktêr Nogusi dhatêngipun ing papan pambojanan wau kalihan ingkang ibu, punapa malih kairingakên dhatêng tuwan utawi Nyonyah Kobayasi, inggih punika tiyang kêkalih ingkang sampun anyaèni dhatêng sang minulya kala taksih alit.

Sadèrèngipun dipun wiwiti pista, sang minulya anglairakên gênging panarimahipun dhatêng sadaya ingkang sami mangayubagya saha ngantos ngawontênakên dhahar pista ingkang agêng-agêngan makatên, kanthi sêsorah ingkang mêdal saking manah suci. Ananging sasampunipun, sang minulya lajêng botên kawêdhar pangandika malih dhatêng sintên kemawon, kajawi dhatêng ingkang ibu tuwin tiyang kêkalih kasbut nginggil, saha pangandika wau ingkang kathah namung tumanduk dhatêng ingkang ibu kemawon. Ing măngka sacêlaking kalênggahanipun ngriku kathah para luhur. Ananging tumrap panjênênganipun, kaluhuran, kasugihan saha ingkang sami misuwur ing jagad punika, kaanggêp sanès barang-barang. Ingkang dipun ngandikakakên: Ibu, punika lho eca, miraos, punapa panjênêngan botên kêrsa angicipi. Makatên pangandikanipun sang minulya, sabên-sabên amêndhêt dhêdhaharan lajêng dipun aturakên dhatêng ingkang ibu mawi porokipun. Sampun tamtu ingkang makatên wau dede tatacara ingkang sae tumrap dhahar cara Jêpang, punapa malih tumrap pasamuwan agêng kados ing nginggil punika. Ananging anggènipun sang minulya supe dhatêng tatacaraning dhahar wontên ing pasamuwan agêng punika, jalaran saking katarik dayaning katrêsnanipun anak dhatêng biyung. Sang minulya botên angèngêti dhatêng sanès-sanèsipun, kajawi dhatêng ibu tuwin tiyang kêkalih wau. Panjênênganipun kasupèn, bilih ingkang dipun subya-subya saha kinurmatan wau saliranipun, makatên ugi panjênênganipun kasupèn, bilih panjênênganipun punika satunggiling dhoktêr ingkang sampun kawêntar ing jagad raya. Ingkang dipun èngêti namung katrêsnaning anak dhatêng biyung ingkang sêpuh, saha ingkang lênggahipun jèjèr panjênênganipun, lan tansah angèngêti bilih sampun nate dipun wulang dening satunggiling tiyang sêpuh nama Kobayasi wau. Amila wontên ing ngriku ingkang tansah dipun ajak ginêman inggih namung ibunipun tuwin kadhangkala tuwan Kobayasi saha semahipun kemawon.

(Badhe kasambêtan)

--- [765] ---

[Grafik]

Sisih kiwa nginggil: Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan ing Surakarta sakalihan pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Mas, kala rawuh ing kabupatèn Grêsik. Sisih têngên nginggil, kala wontên baita kapal Zeven Propincien ing palabuhan Surabaya.

Sisih kiwa ngandhap, kala rawuh ing palabuhan Kanal (Madura), sisih têngên ngandhap kala wontên ing kabupatèn Bangkalan (Madura).

--- 766 ---

Pêthikan Sêrat Nitisastra Kawi

Candhakipun Kajawèn ăngka 42.

5. Wwang mahayun tri kawehan ing dana daridra kêrpana dumadak danèswara, wwang nustat makadirga jiwita sira sujana dumadak halpakamêrta, wwang dursila susila durnaya wiweka kujana sujana wibagawan. Sang raja sewitèng susenataya sang madu mamilih ulah wiparyyaya.

5. Têtiyang sami kêpengin dipun sukani dana, ananging tiyang sugih sami dados têtiyang ingkang cêthil sangêt, tiyang awon umuripun panjang, ananging para têtiyang utami sami kathah sambekalaning gêsangipun. Wêwatêkan awon kaanggêp sae, tiyang bodho dipun anggêp ingkang maton wawasanipun. Tiyang awon kasamadan ingkang sae, ratu kawasesa ing prajuritipun, botên wontên ingkang amranata bab pilah-pilahing pangkat, kasênênganipun tiyang sami anindakakên pandamêl ingkang lêpat.

6. rugtang campaka cuta candhana wungu bakula surabi nagapuspaka, sakwèh nyan winadung tinor tinutuhan pinagêrakên hipung lawan pilang, brasthang angsa mayura kokila hiningsan mangariwuwu kaka lèn bango, tusthe kang sêrgale niwo winarêgan rudira daging ingkang waranggana.

6. Sakathahing campaka, mango, candhana, wungu, tuwin bakula ingkang arum gandanipun, punapa malih nagapuspa sami dipun risak, dipun têgori, saha lajêng kangge amagêri pung lan pilang, (kajêng kalih warni punika langkung asor) banyak, mêrak, lan pêksi ingkang sae sangêt ocèhipun, sami dipun pêjahi, kasirnakakên, dene ingkang dipun gêgêsang gagak lan pêksi bango, gêsangipun sagawon ingkang dipun ingah ing tiyang, sakeca sangêt, jalaran tansah winêlêg ing êrah tuwin dagingipun lare èstri ingkang ayu-ayu.

7. Sang Hyang Pranala wasniraniyata satus iwu taun ikalaning kêrta, ring treta têka sangsayaksaya dhatêng sapuluh iwu taun sirèrika, sèwwing dwapara ring yuganta sata warsa têmah ika sahasra candrama, yan ring sandyanikang yuganta taun ing yusa satalisa ingan ing urip.

7. Ing jamanipun kêrta laminipun 100.000 taun, ing jaman treta saya suda ngantos kantun 10.000 taun, ing jaman dwapara 1000 taun, tuwin wêkasaning jaman 100 taun, malah namung 1000 wulan. Lan badhe wêkasaning jaman, watêsipun gêsang namung 36 taun.

8. Sang Hyang Pranayan ing kêrtteka taulan kahananira ri madya nityasa, ring tretastisiran pratistha rumakêt kahanan ing urip ing jagad kabèh, yan ring dwapara măngsa lèn swayu lawan rudira kahanan ing urip stiti, yan ring kali anèng kulit wulu wulun kahananira ring anna bojana.

8. Ing jaman kêrta gêsangipun lêstantun wontên ing balung, ing jaman treta dunungipun wontên ing balung, kala samantên gêsang ing sadunya kiyat sangêt, ing jaman dwapara gêsangipun dumunung wontên ing daging, ing otot lan ing êrah, ing jaman kali wontên ing kulit, rambut lan ing têtêdhan.

--- 767 ---

9. Stri sang karananing wiroda ring asit kêrttayuga, sira Dèwi Renuka, ring treta tisayèng prang adbuta nimitaning alaga ta Dèwi Janaki, nguni dwapara baratayuda sira Drupada parama putri kang dani, sakwèhning wanitèng yuganta kaharêp nyamaka karananing prang adbuta.

9. Mênggah ingkang andadosakên jalaraning paprangan punika tiyang èstri, kala ing jaman kêrta, Dèwi Renuka. Ing jaman treta inggih punika wontênipun pêrang ingkang agêng piyambak sarta ingkang anggumunakên, ingkang dados jalaranipun Dèwi Janaki (Sita), ing jaman dwapara putranipun Prabu Drupada ingkang ayu sangêt, punika ingkang anjalari prangipun para barata. Sadaya têtiyang èstri wau ing pungkasaning yuga ingkang sami anjalari wontênipun paprangan ingkang anggumunakên wau.

Sadulur Sinarawèdi

Limrahipun sabên wontên tiyang apasadherekan ingkang sampun supêkêt sangêt, punika anggèning pasadherekan wau lajêng dipun wastani: sadulur sinarawèdi. Dados dipun upamèkakên kadosdene sadhèrèk, ingkang namung manggung sae kemawon pangrêngkuhipun, dening sampun kaanggêp awakipun piyambak, utawi awak kalih dados satunggal, sampun sami sêrêp-sinêrêpan sabarang-barangipun, tanpa subasita.

Pramila bilih wontên tiyang mungêl: sadulur sinarawèdi, tamtu anggadhahi têgês sae sangêt. Ananging sarêng dipun ilang-ilangi jêbul wontên kalamangsanipun, têmbung wau anggadhahi têgês akosok wangsul balêjêt, inggih punika awon sangêt, tur tumanduking êmpanipun sami, supêkêtipun inggih sami, malah kapara anglangkungi.

Sumăngga, para maos, panjênêngan sadaya rak tamtu sampun kêrêp amrangguli: swaraning tiyang rame-rame, brohak-brohok, lampahipun galuyuran, panganggenipun pating slêbrah botên kantên-kantênan, botên idhêp isin. Hara, kula aturi ambadhe, punika tiyang punapa namanipun. Panjênêngan tamtu lajêng gampil kemawon ambadhe: tiyang ewah èngêtanipun. Na, inggih lêrês punika, nanging dèrèng plêk. Mênggah salêrêsipun, punika: tiyang mêndêm inuman kêras (ciu, sajêng, konyak lan sasaminipun).

Dene tiyang ingkang atindak saru wau, saking anggènipun trêsna dhatêng mitranipun sinarawèdi. Nalika inuman kêras punika dèrèng manjing dados sadhèrèk sinarawèdi, sabên dintên anggènipun miluta mêmikat dhatêng manahing manusa, wasis lan tarampilipun angungkuli panggodhaning dakjallaknat dhatêng bapa Adam (Sêrat Ambiya), satêmah sintên tiyangipun ingkang lajêng sami kèlu ing pikat kancana wau, botên antawis dangu malih tumuntên gadhah mitra utawi sadhèrèk sinarawèdi, ingkang têgêsipun akosok wangsul, inggih punika babar pisan tanpa wontên pitulunganipun, malah namung tansah anjêjarah iman lan amrithili ancas kautamaning manungsa.

Bilih manusa sawêg nandhang kasangsaran, kasusahan utawi manggih èwêd-pakèwêd, jamakipun sadhèrèk [sa...]

--- 768 ---

[...dhèrèk] sinarawèdi wau tamtu lajêng angêtog budi sarosa amitulungi, murih sagêda angêntas kasangsaran tuwin anyirnakakên èwêd-pakèwêd wau. Ananging mênggah pitulunganipun sadhèrèk sinarawèdi satunggalipun, punika mawi milih, inggih punika manawi manusa pinuju sênêng manahipun, pinuju gêgadhahan, botên manggih èwêd-pakèwêd, ing ngriku lajêng jumêdhul tanpa sangkan, mindhak-mindhak anandukakên ulat manis ingkang angrêsêpakên, manawi dipun langgati lajêng tansah anggêgasah lan amêtiki karna kemawon (ayo, sèh, gobe, aja wêdi, mumpung isih urip, Pacinan isih bukak). Makatên dipun talatosi pangicuk-icuking sadulur sinarawèdi wau, ngantos sagêd kasêmbadan sêdyanipun anggulêt manusa angungkuli antu duwal payal kêkêt rumakêting pamulêtipun. Satêmah ingkang sami kenging kala luwang sami cilaka gêsangipun, tansah kaèsi-èsi ing akathah.

Adhuh, nyuwun pangapuntên. Kaluhuran sangêt dhawuh pangandikanipun para sêpuh tuwin cocog kalihan wêwarah wêwalêring sarak punapadene piwulangipun para ahli:

Sanadyan mung satètès, aja kongsi lambemu kalêbon alkohol (inuman kêras).

kawêgiganipun sadulur sinarawèdi angrampèk manusa:

Anuju satunggiling dintên, pun A badanipun karaos asrêp, punika jalaran saking atur panuwuning mitranipun wau, lajêng botên sarănta, cêg, nyêpêng kênthi lan gêlas alit, dipun ilingi isining kênthi wau sakêbêkipun saha têrus kaombe: glênggêng. Byar guwaya sumringah, badan karaos angêt. Sumbaripun: Ta, angêt ora saiki. Ayo sagêlas êngkas: glênggêng. Ngantos rambah kaping tiga sakawan gêlas utawi langkung pangombenipun, badanipun lajêng karaos bêntèr, sirah posing plêng-plêngan, pandêlêng bliyar-bliyar, ungêlipun kumruwuk, salajêngipun kados ingkang kula aturakên ing ngajêng polahipun tiyang mêndêm.

Miturut dhawuhipun para sêpuh ingkang pantês dipun estokakên:

Manawa sira ngêlak, ngombea banyu kang rêsik, awit iku munpangate marang awakira ngungkuli ombèn-ombèn sing adi aèng lan kang larang-larang rêgane.

Dhawuh makatên punika saya agêng sangêt barkahipun tumrap ing jaman iwit-iwitan samangke punika, malah botên namung ambarkahi dhatêng gêsangipun pribadi, inggih tamtu lubèr dhatêng sakukubanipun.

Gêgolonganipun para mudha wontên ingkang sok nyoba awak, bilih pinuju kêmpal lajêng sami ajar unjuk-unjukan inuman kêras, murih katingal barêgas, saya anggrêngsêngakên utawi mêwahi giyaking pakêmpalan ngriku (cariyosipun) punika manawi kalêgutakakên, prasasat para mudha wau: angêmohi dhatêng uripipun, ingkang tansah dipun eman-eman, saha ingkang sajatosipun, saupami dipun tari tamtu êmoh lara, êmoh wirang, êmoh mlarat, êmoh asor, sapiturutipun. Dados namung nêdha sarwa sarwi kasêmbadan, punapa malih kawastanana tiyang utami. Taksih wontên candhakipun.

Pun Wa.

--- 769 ---

Sedan

Nalika ing dintên malêm Akat angrintênakên tanggal kaping 12 wulan Rabingulakir taun Jimakir 1858. Utawi tanggal kaping 8 Oktobêr 1927, wanci jam 10 langkung 10 mênit, Radèn Tumênggung Atmadiningrat, abdi dalêm bupati nayaka gêdhong kiwa, seda jalaran gêrah inpluwinsah dumugi yuswa 62 taun, dintênipun Sênèn wanci jam 9 enjing, layon kasarèkakên dhumatêng ing dhusun Tirip, ingkang rawuh nglayat para luhur kathah sangêt, mèh abdi dalêm sa-Surakarta sami nglayat sadaya, ingkang dumugi ing kubur inggih kathah sangêt, sarampungipun layon kakubur, pangagênging parentah karaton, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, mawi mangandikakakên, makatên:

Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10-27, #37: Citra 1 dari 1
Nalika layon badhe kaangkatakên

Kula parlu amêdharakên saraosing manah kula, nalika dintên malêm Ngahat kula tampi tilpun balih Radèn Tumênggung Atmadiningrat tilar donya, mila sangêt andadosakên kagèt sarta pangunguning manah kula, botên nyana babar pisan, dening botên dangu sakitipun, utawi botên ngantawisi bilih ngantos kalajêng tilar donya. Tumrap kula, tilaripun donya Radèn Tumênggung Atmadiningrat wau kajawi kecalan kănca, prasasat ical bau kula têngên, samăngsa-măngsa kula pamit, pandamêlan kula katindakakên Radèn Tumênggung Atmadiningrat [Atmadi...]

--- 770 ---

[...ningrat] punika manah kula sampun botên anggadhahi sêmang-sêmang, saking anggènipun sampun anyêkapi anindakakên pandamêlan kula. Nalika kula sawêg dados pangagênging parentah karaton rumaos taksih dèrèng nyumêrêpi kawontênan sarta tumindakipun ing karaton sadaya, sabên dintênipun piyambakipun tansah dados pitakenan kula, saking anggènipun suwita wontên ing karaton sampun lami, ngantos sagêd têrang kawontênanipun karaton sadaya, sarta prasasat dados pitakenanipun tiyang sakraton.

Kula badhe anggêlarakên sawatawis lêlampahanipun Radèn Tumênggung Atmadiningrat. Anggènipun suwita wiwit bibar têtak, minggah-minggah pangkatipun ngantos dados abdi dalêm bupati gêdhong kiwa punika kintên-kintên sampun 45 taun, dene wiwitipun suwita wau nalika taksih swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Ingkang Kaping IX sampun anindakakên nyêpêng arta, sarêng jumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Ingkang Kaping X punika lajêng kagêm wontên ngarsa dalêm, anindakakên prakawis rèmèh dumugi ingkang parlu, sarta taksih anindakakên nyêpêng arta. Sarêng wiwit tatanan enggal karaton, lajêng dados kondhang kula: angèngêti lêlabêtan sarta rumêksanipun ing karaton tuwin salira dalêm, salêbêtipun dados abdi dalêm bupati ordhênas kaganjar sri nugraha pangkat III mênggah anggèning Radèn Tumênggung Atmadiningrat nindakakên padamêlan, panyêpêngipun paprentahan jêjêg, ngadil, botên ambaukapine, manawi wontên kalerehanipun ingkang lêpat, lajêng dipun srêngêni, nanging lajêng kasulang-sulangakên, tindakipun tumêmên, nalika salêbêtipun nyêpêng kagungan dalêm arta wilujêng: srêgêp, salêbêtipun kula dados pangagêng parentah karaton laminipun: 10 taun, prasasat botên nate pamit, sanadyan gadhah parlu piyambak utawi sakit sawatawis inggih mêksa sowan. Wêkêl ajêng dhatêng pandamêlan, botên ketang rêkaos dipun lampahi kanthi tumêmên, botên nate ngêsah, manahipun limrah, sarta wêlasan. Sarèhning anggèning suwita wiwit panakawan, dados sampun nate angraosakên wajib sadaya pandamêlan, wiwit pangkat alit ngantos pangkat agêng, dados sadaya pandamêlan tumrap dhatêng kalerehanipun sagêd dumugi prayogi. Mila satilaripun donya Radèn Tumênggung Atmadiningrat, kula sarta sakalerehanipun sadaya prasasat kadosdene kecalan tiyang sêpuhipun.

Radèn Tumênggung Atmadiningat, dina iki pungkasane lêlakon pakênira ana ing donya, urip pakênira wis anindakake apa bênêre, aninggal lêlabuhan sarta kabêcikan, mungguh pasuwitan pakênira sarta kabêcikan pakênira bakal dadi pèngêtane karaton, apa manèh manira sarta tumrap kănca-kănca, pamitran pakênira, mêsthi bakal eling marang kabêcikan pakênira, saiki pakênira wis mulih marang kalanggêngan, muga roh pakênira tinampan ing ngayunaning Pangeran sarta jinêmbarna ing kubur pakênira.

Inalilahi wa ina ilaihi rajiun.

--- 771 ---

Jagading Sato Kewan

[Grafik]

Gambar anak sima (sima ênèm) ing wana.

Manawi para maos amriksani gambar sima, tamtu lajêng kèngêtan dhatêng paribasan ingkang mungêl makatên:

Yèn patining manusa, kang kari mung asma (jênêng). Yèn patining singa, kang kari mung crêma (walulang).

Mênggah pikajêngipun paribasan makatên wau, minăngka panggugah utawi pangèngêt-èngêt dhatêng kula sadaya, salêbêting gêsang wontên ing ngalam donya, sami anggayuha dhatêng kautaman, sagêda namanipun lêstantun tansah arum angambar, kadya gandaning pita mawar mêgar ing wanci bangun enjing, amurakabi anak putu ing têmbe wingking.

Wontên malih măngka sudarsananing agêsang, kasêbut ing Sêrat Rama (Yasadipuran) wêdalan Bale Pustaka, kaca 20, pêthikanipun kados ing ngandhap punika. (Sêkar Mijil):

Yèn sira yun amukul prajadi | miliha kang kinon | punggawa kang lir singa lêkase | singa iku yèn amawi kardi | solahe awingit | tan arsa kadulu ||

Yèn anêdya amrih bêbayani | nanging jrih ing ewoh | yèn anêdya mrih kinèdhêp bae | graning krura solah gêgilani | lir ambengkas urip | mung amrih panungkul ||

Iku wignyane singa prayogi | waskithèng pakewoh | …

Makatên piwulangipun Prabu Bathara Rama dhatêng ingkang [ing...]

--- 772 ---

[...kang] rayi Radèn Brata, nalika nusul dhatêng wana, angaturi kondur ingkang raka.

Dados sanadyan sima punika tumrap manusa: prasasat namung ambêbayani kemawon, ewasamantên mênggahing raos, miraos sangêt dhatêng bêbudèn utawi wêwatêkan ingatasipun tiyang ulah kaprajan.

[Grafik]

Punika gambaripun Nonah Gudrun Kroegsaed, wanita ing Norwègên. Jalaran wiwit alit tansah kêkinthil bapakipun sudagar ingkang tansah alêlayaran, pramila nonah wau ngantos paham dhatêng sadaya lampah lautan. Kajawi punika nonah wau ugi lajêng nêmpuh èksamên sagêd angsal sêrat partisara, dados sarèhning têtela botên madal sumbi malih, nonah wau kalêstantunakên dados pangagênging kapal. Salaminipun sawêg satunggal punika wontên satunggiling wanita sagêd dados kaptin kapal.

[Iklan]

--- 773 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng Bab Pigunanipun Bale Puskaka[2]

ingkang Kawrat ing Sêrat Kalawarti Swaratama

(Sambêtipun Kajawèn ăngka 42)

Petruk : Wis, Rèng, têrusna pamacamu, sajake kok gandêm pangalêmbanane.

Garèng : Iya bêcik, rungokna ya, dak banjurne: bab kamajênganing Bale Pustaka katingal saking anggènipun mêndhêt sêtèl (Stijl) enggal, sadaya kadamêl sarwa pèni lan nênarik tuwin saking anggènipun anjêmbarakên têba, ondêrnèmên (Ondernemend) sarana reklamê lan otobês kangge idêr lan sapanunggilanipun.

Petruk : Mêngko sik, Rèng, aku arêp nyêlani sathithik, nèk rumasaku ora mung Bale Pustaka bae sing nganggo sêtèl anyar, sanajan sing mêntas kok waca kuwi ya nganggo sêtèl anyar, tandhane akèh têtêmbungane sing aku durung mrangguli, kaya ta: sêtèl ondêrnèmên, reklamê lan sapiturute. Dhèk aku isih cilik iya wis tau mrêgoki sêtèl anyar, yokuwi[3] sawijining băngsa Tionghwa omong-omongan karo sobate priyayi Jawa, mungguh omonge mau mangkene: Dèn Bèi Sitèn, kalo kêbêtulan kiyah-kiyah dhi kota, bok ya pinarak dhi pondhokan saya.

Garèng : Lho, Truk, kowe aja kliru tămpa, têtêmbungan mănca mau ing tulisan Swaratama kono mung kanggo ngantêpake têmbung.

Petruk : Hêm, nèk rumasaku sarèhning ana têmbunge Jawa, bok ya aja nganggo têmbung mănca, kajaba ta yèn ora ana, kuwi aku ya ora maido. Mara ta rungokna, apa ya kêpenak nèk calathu mangkene kiyi: Mêngko sore aku arêp dolan nang sinèsêkam. Lho, têmbunge Jawa rak ya ana, yakuwi Pacinan, la kok sêmang dicara Landakake.

Garèng : Wis, wis, kok banjur kêbanjur-banjur, saiki tak banjurne anggonku maca. Bab anggone Bale Pustaka ngêdolake buku-buku kantor guprêmèn liyane, lan anggone Bale Pustaka mangun redhaksining kalawartine, ing kene ora prêlu dirêmbug. Saiki tak wiwitane maca bab-bab kang andadèkake gêlane pangarang ing Swaratama, yakuwi mangkene: namung sangêt anggêlakakên, dene buku têmbang Jawi kasêrat mawi aksara latin, sami sanalika ical wujudipun. Bab punika kawon sangêt kalihan trajangipun Tan Khoen Swie ing Kêdhiri.

Petruk : Wiyah, iki arane rak mêrangi tatal anggraji awu, wong barang wis dirêmbug, wis diputus, mbok iya abis prêkara, kathik dibolan-balèni, rak iya ambosêni, ta.

Garèng : Yah, iya ora prêlu pêcuca-pêcucu, [pêcuca-pêcu...]

--- 774 ---

[...cu,] wis tak têrusne anggonku maca, rungokna: pirabara dipun wêwahi pêpasrèn kados buku De gelaarsde Kat (kucing sêtiwêlan) malah botên, malah dipun brindhili, dipun purih mungêl sahadat latin, kirang waspada nun.

Petruk : Hêm, rêmbuge kok sajak ora kêna dipathoki ngono. Padhane sawijining guru mulang murid-muride mangkene: He, bocah-bocah, tak kandhani ya, poma uripmu ati-atinên, aja sok dhêmên jajan, aja sok dhêmên nonton, aja sok dhêmên ngabotohan, aja royal lan sapiturute, amarga kajaba ngrusak badanmu dhewe, dinêlêng mula nistha bangêt. Guru sing mulang mangkono kuwi pantêse iya pêngpêngan lan alim têmênan, e, jêbul-jêbul sabên dina ngiras bakmi nang Pêcinan, yèn ana pasar malêm, ora tau nang ngomah, dhêmên anyinau pêrange kasut[4] lan kucing, nganti utange rindhil, dalasan sêlire bae pating tlècèk. Êmbuh yèn guru mau pancèn diwajibake mulang kabêcikan marang muride, ananging tumrap awake dhewe ora prêlu nglakoni kabêcikan. Ngolok-olok dongèng Jawa ditulis latin, salirane dhewe anggone kutbah nganggo aksara latin.

Garèng : Wis sêtop, kok banjur kêdawa-dawa. Tak banjurne manèh unining tulisane: Lêrês kathah ingkang muring-muring, sarêng brêngos Jawi sumêrêp Sêrat Rama - candhake banjur ukara basa dhidhong nèk-nèke, ora prêlu tak caritakake nang kene - mak plênyèk dipun sêrat latin. Kêdêrêng ngoyak kawruh, kita sawêk nênêngênakên sastra latin, botên ngoyak Kawi utawi têmbang, lajêng ngêkêp sastra latin. Klèntu priyantun.

Petruk : Wadhuh sari lae, anggone ngarani kliru kuwi le mantêp, bok êmpun ngotên ta priyantun. Rak ya kudu ngilingi, yèn panêmune siji-sijining wong kuwi beda-beda, kaya ta: nèk panêmuku sarapan sêga wadhang karo gorengan, blênyik, apa manèh sambêle bawang, kuwi rasane nyamlêng bangêt, la nèk rama ora, karêmane sarapan sêga wadhang, lawuhe dhèndhèng ragi, sambêle tempe bosok. Hara, bapa karo anak bae panêmune wis beda-beda, apa manèh wong liya.

Garèng : Yèn omong pungkasane kok mung badhogan bae. Rungokna manèh: margi sampun ngantos ngewahi adat, banjur nganggo ukara dhidhong manèh, yakuwi: Adatrech is en blijft recht mungguh têgêse kira-kira mangkene: adat sing wis diwênangake kuwi lêstari dadi wawênang.

Petruk : Adate wong Jawa kuwi dhèk biyèn ngingu rambut lan kadhal mènèk, ananing[5] saikine kok banjur bukak taocang kathik banjur potang pulkah.

Garèng : Wis, wis, kok banjur rupa-rupa sing dirêmbug, besuk bae manèh padha dibanjurake.

--- 775 ---

Nyuwun Sêsêrêpan

Ing ngandhap punika pitakenanipun sadhèrèk Suprapta ing Imagiri saha wangsulanipun redhaksi:

1. Sintên ingkang wênang milih warga rad kawula, utawi gêdhêlêgirdhê. Sarta pamilikipun sarjana ingkang kados punapa.

1. Ingkang kawênangakên milih warga rad kawula punika: lokalêradhên: gêmintêrad gêwèstêlêkêrad, rêgènsêkaprad. Ananging propinsialênrad botên kawênangakên milih warga rad kawula. Dene pilihan wau tumrap lokalêradhên, ingkang milih warga rad kawula băngsa Walandi inggih lidipun Walandi, băngsa pribumi inggih lidipun băngsa pribumi.

Gêdhêlêgirdhê, punika ingkang milih saha ingkang anêtêpakên polêksrad piyambak. Dene ingkang kenging kapilih dados warga polêksrad, punika tiyang ingkang sampun umur 25 taun saha ingkang kêbawah ing nagari Walandi, mirsanana Art. 55.

2. Punapa pituwasipun para warga rad kawula sarta gêdhêlêgirdhê.

2. Warga rad kawula angsal pituwas arta sabên salênggahan f 30.- gêdhêlêgirdhê tampi balănja sabên wulan f 1000.- dene manawi lênggah ing parêpatan polêksrad, ugi nampi pituwas arta salênggahan f 30.-

3. Punapa tiyang Jawi ingkang pêngajaranipun sami kalihan băngsa Walandi, pangkat ugi sagêd sami. Kados ta ingkang angsal dhiploma, grut amtênar, uf aktê, tuwin sanès-sanèsipun.

3. Inggih têmtu kemawon, mirsanana B.B.L.

4. Punapa bèntênipun, băngsa Jawi kalihan Walandi, sami pangkatipun, têka blanjanipun beda.

4. Băngsa Jawi kalihan Walandi manawi pangkatipun sami, blanjanipun inggih sami.

5. Kadospundi pranatanipun, kangge organ kita: Kêjawèn, manawi wontên sadhèrèk ingkang manjurung karanganipun sagêd kapacak. Angsal pituwas (honorarium) punapa botên.

5. Sadaya panjurung dhatêng Kajawèn, botên angsal pituwas, namung manawi ngaturakên gambar angsal pituwas samurwatipun.

6. Mêthik sêrat kabar lajêng dipun lêbêtakên sêrat kabar sanès, mawi idinipun pêngarang punapa botên.

6. Botên pêrlu, nanging kêdah dipun têrangakên pêthikan saking sêrat kabar punapa, kajawi manawi wontên wawênanging pangarang ingkang dipun ayomi ing anggêr sarta wawênangipun kasêbut ing karanganipun.

7. Jalaran kadospundi? Manawi sade minuman kêras kêdah mawi sêrat idin saking parentah (vergunning).

7. Ingkang wajib maringi idin tiyang sade inuman kêras, punika dede pamarentah, ananging gêmintê, prêlunipun angistiyari murih botên patos kathah tiyang sade inuman kêras, ingkang andadosakên karisakaning ngakathah.

8. Kangge tanah Kajawèn, Ngayogya, Surakarta (Vorstenlanden) punapa kenging tiyang pibumi, nanêm rosan, wontên ing siti pasabinan.

8. Kenging, nanging rosan wau botên kenging kasade dhatêng pabrik.

--- 776 ---

KRONIEK

Kabar warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Sêrat kabar Darmakăndha martosakên, bilih Tuwan Subyarta, anakipun Mas Ngabèi Wirasumarsa, abdi dalêm mantri kadipatèn anom ing Surakarta, ingkang sinau wontên pamulangan inggil têtanèn ing Wagêningên, nagari Walandi, mêntas putus eksamênipun pungkasan, sarta angsal sasêbutan: insinyur têtanèn.

Sêrat kabar Sêdyatama martosakên, bilih intêrnat Budi Utama ing Ngayogyakarta, sampun kaidèn ing guprêmèn, kawrat kêkancingan tanggal 14 Oktobêr 1927 ăngka 26.

Jalaran badhe wontênipun parêpatan kabangsan ing Bandhung benjing wulan Dhesèmbêr ing ngajêng punika, pangrèh P.S.I. grup Ngayogyakarta, nêdha supados anggènipun ngawontênakên parêpatan wau kapindhah dhatêng Ngayogya, miturut pawartos Sêdyatama, panêdhanipun pangrèh P.S.I. ing Ngayogya botên kacondhongan, awit parêpatan ing Bandhung punika prêlunipun anyêlaki lid-lid polêksrad, sarta băngsa intêlèk kathah ing Bandhung, dados upami wontên ing Ngayogya kathah kawratanipun.

Miturut wara-wara, wiwit Oktobêr punika tiyang ingkang badhe numpak sêpur klas I utawi klas II sami kenging mêling papan rumiyin. Murih mêsthi angsalipun papan ingkang langkung sakeca, dumugi têngahanipun wulan punika, tumrapipun margi sêpur ingkang sisih kilèn, ingkang sami mêling papan rumiyin, ing klas I - 100, ingkang klas II - 232.

Ing Tugu, Ngayogyakarta wontên pakêmpalan Kêthoprak băngsa Tiyonghwa, ingkang nama Kridhaning Cipta Kawêdhar, kabaripun pintên-pintên wontên ing wêkasaning wulan Oktobêr punika, pakêmpalan wau badhe damêl têtingalan darma wontên ing gêdhong kumidhi Găndamanan. Dene angsal-angsalanipun rêsik ingkang 40 prêsèn badhe kadarmakakên dhatêng pamulangan Tiyonghwa Hwèkwan, ingkang 40 prêsèn malih malêbêt kasipun piyambak, ingkang 20 prêsèn dhatêng griya miskin Ngayogya.

Wontên kabar, bilih pandamêlipun pandangon pangonan kangge jangkêpi pirantosipun ambucal dhoktêr Cipta Mangun Kusuma: sampun rampung, sarta sampun kaladosakên dhatêng rad pan Indi. Badhe katitipriksa prêlunipun rumiyin.

Manawi usul saking pulisi Bandhung, dhoktêr Cipta supados kabucala dhatêng Dhigul, nanging parentah botên nyondhongi. Dhatêng pundi dhoktêr Cipta anggènipun badhe kabucal, samangke dèrèng kasumêrêpan.

Wontên pawartos, bilih angsal-angsalanipun Yarmarêk ing Têgal salêbêtipun gangsal dintên langkung f 850.-, tinimbang angsal-angsalanipun Yarmarêk kala ing taun 1925. Angsal-angsalanipun ing têngah-têngahaning Yarmarêk kala ing taun 1925 wontên f 8515.65, ing măngka ing têngah-têngahaning Yarmarêk ing taun 1927 wontên f 9378.06.

Dèrèng dangu punika pèl pulisi ing Brêbês wontên ing Balapulang nyêpêng tilas up mandhor gêwèstê lêkêwèrkên ingkang dèrèng watawis lami punika miruda kanthi ambêkta arta f 1200.-, inggih punika arta prêlu kangge ambayari kuli.

Aneta martosakên saking Medhan, bilih pulisi rêsèrse wontên ing baita kapal Van Heutsz ingkang kala punika labuh wontên ing palabuhan Bêlawan, angrampas candu pêtêng kathahipun 1200 tail.

Aneta martosakên, bilih wontên ing Subang pulisi sampun nyêpêng tilas punggawa pagantosan guprêmèn nama: Martasênjaya, ingkang kalêpatan sampun anyalingkuhakên arta guprêmèn kala anyambut damêl wontên ing pagantosan guprêmèn ing Bangil, kintên-kintên 3 taun sapriki.

Dèrèng dangu punika pilisi ing Batawi nyêpêng satunggiling tiyang Tiyonghwa, ingkang kalêrês nginggahakên satunggiling pêthi isi candu pêtêng 100 tail. Candunipun nuntên karampas, dene băngsa Tiyonghwa wau lajêng katahan wontên ing pakunjaran.

Wontên pawartos, bilih ingkang katêtêpakên dados ajung translatur ing Ngayogyakarta, anggêntosi Radèn Sujana Tirtakusuma, ingkang kawisudha dados translatur, kados ingkang sampun kasbut ing Kajawèn ingkang rumiyin, inggih punika: Tuwan Kusnan Sastradipraja, ingkang suwau lirling translatur.

Saking budidayanipun Tuwan Parta Amisena, komis buwèn ing Tanggêrang, kala malêm Sêlasa ingkang kapêngkêr punika, ing kamar bolah Tanggêrang dipun wontênakên parêpatan, ingkang sêdyanipun angrêmbag bab adêgipun pamulangan H.I.S. sadaya ingkang sami anjênêngi parêpatan wau, sami anocogi dhatêng sêdya ingkang saklangkung utami punika, sarta sumêdya nyuwun darma dhatêng pundi-pundi, makatên ugi pamarentah sampun angidini pangintunipun wara-wara nyuwun arta darma dhatêng sakathahing ondêr dhistrik.

--- 777 ---

Benjing salêbêtipun wulan Nopèmbêr ing ngajêng punika, up bêstir Muhamadiyah badhe yasa pamulangan H.I.S. wontên ing Walikukun, sacêlakipun kitha Ngawi inggih punika anglêksanani panêdhanipun têtiyang ngriku.

Sêrat kabar A.I.D. mirêng pawartos, bilih ing Ngayogyakarta badhe dipun wontênakên intêrnat tumrap para kênya darah Pakualaman. Maksud ingkang makatên wau badhe kabantu dening Nyonyah Van der Linde ing Dêmak Ijo. Ing intêrnat punika badhe kawulang panyêpêngipun bale griya, ingkang katampi ing intêrnat punika ingkang kapêrlokakên rumiyin para kênya darah Pakualaman, dene manawi wontên panggenan para kênya sanèsipun ugi sagêd katampi, ananging asor-asoripun kêdah anggadhahi sasêbutan: radèn ajêng.

[Grafik]

Nginggil punika panganjuring juru mabur băngsa Walandi têtiga, ingkang dèrèng dangu punika wangsul malih dhatêng nagari Walandi, inggih punika saking kiwa manêngên: Tuwan G.M.H. Frijns, lidnan L.A. Koppen tuwin Tuwan S. Elleman. Saking kitha Amsêtêrdham (nagari Walandi) dumugi ing Batawi namung dipun lampahi 10 dintên. Ing măngka manawi numpak baita saking nagari Walandi dumugining Batawi punika lampahan kirang langkung sawulan, dados rikating lampahipun masin mabur punika tikêl tiga tinimbang baita kapal. Juru mabur têtiga wau, angajêng-ajêng wangsulipun dhatêng nagari Walandi sagêda linampahan 10 dintên.

Tumrap panitipriksa kawontênanipun ing kampung-kampung ing kitha Batawi, Sêmarang, Surabaya, Cirêbon, Bogor lan Makasar, nagari samangke anyêdhiyani arta kathahipun f 60.000.- saking angsal-angsalaning paniti priksa wau, salajêngipun nuntên badhe ambudidaya kadospundi cara-caranipun anyaèkakên kampung-kampung wau.

Wontên pawartos, bilih kontrolir agrarisêsakên ing Ngayogyakarta, Tuwan Samethini dipun lêpas saking pangkatipun amargi kadakwa sampun nampi arta bêsêl, punapa lêpasipun wau kanthi urmat utawi botên, punika badhe katêmtokakên ing têmbe.

N.V. Volkshuisvesting ing Batawi, inggih punika satunggiling bêbadan ingkang abudidaya angêdêgakên griya-griya tumrap têtiyang kitha kasbut, tumrap têtiyang pribumi sumêdya ngêdêgakên griya-griya urutipun margi trèm. Samangke ing Pêtaja Ilir sawêg wiwit dipun iyasani griya 24, kajawi punika ugi yasa griya lajuran kathahipun 8 lan malih ingkang prênahipun wontên ing pojoking margi, ingkang badhe kasewakakên kangge ngêdêgakên toko. Sewanipun griya-griya wau wontên ingkang f 2.50, f 6.50, f 11.50, ngantos f 17.50. ing dalêm sawulan-wulanipun. Wragadipun angêdêgakên griya-griya wau dalah sitinipun pisan kintên-kintên wontên f 100.000.-.

Kajawi punika sampun dipun wontênakên rancangan badhe yasa griya pondhokan cacahipun 258 lan griya lajuran 36, mênggah prêlunipun badhe kangge nyobi punapa griya-griya ingkang makatên wau sampun anyêkapi tumrap kabêtahanipun têtiyang pribumi. Dene wragadipun kaetang kalihan sitinipun pisan kintên-kintên wontên f 160.000.-. Papanipun griya-griya wau wontên ing sacêlakipun lèpèn Krukut, lajênganipun lantrufèli.

Pakêmpalan Mudha Kristên Jawi, inggih punika pakêmpalanipun para sadhèrèk Jawi Protestan, wiwit benjing Januari ngajêng punika, badhe ngêdalakên sêrat kabar mawi basa Jawi, Mlajêng sarta Wlandi.

--- 778 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde

24

Trêkadhang gulunipun katingal pêthak kados kapuk ingkang dipun wusoni. Manawi kasawang saking wingking katingalipun ijêm royo-royo kados lunging ron-ronan ingkang kasorotan surya ing wanci enjing. Manawi kasawang saking ngiringan katingal abrit. Saking iring sanèsipun katingal jêne. Wêtêngipun biru, gêgêripun abrit. Nanging manawi dipun sawang sakêdhap kemawon rupinipun molah-malih antawisipun: pêthak, ijêm, jêne, biru, abrit sarta gilap. Sagawon wau kinalungan rante êmas, ginantungan jam wasiyat ingkang ungêlipun kados orgêl, sakeca sangêt dipun mirêngakên. Sarêng Prabu Tristan mirêng swaraning jam wasiyat punika, sanalika lipur panggalihipun, botên kèngêtan dhatêng kasusahanipun, punapa malih anggènipun gandrung dhatêng Sang Putri Isolde inggih sagêd, blas ical sanalika. Makatên kasiyatipun jam wasiyat wau. Kala samantên Prabu Tristan angêlus-êlus gêgêripun Petit Cru, wulunipun alus sangêt ngantos kados baludru. Ing ngriku Prabu Tristan lajêng tuwuh panggalihipun bilih Petit Cru punika utami sangêt manawi kaparingakên dhatêng Sang Putri Isolde supados sampun nandhang prihatos utawi wuyung kados sariranipun, sadèrèngipun mirêngakên suwaraning jam wasiyat punika, sarta saiba bingahing panggalihipun sang putri, manawi tampi kintunan dolanan ingkang saèstunipun inggih dhasar sae tiningalan punika. Nanging kadospundi sagêd dipun kalampahan, awit hèrtoh Gilain asih sangêt dhatêng Petit Cru punika, manawi dipun pundhut saèstu botên badhe kaparingakên.

Anuju satunggiling dintên, Prabu Tristan matur dhatêng hèrtoh Gilain pangandikanipun: Hèrtoh, manawi wontên tiyang ingkang sagêd amêjahi sang Urgan de Wildeman ditya ingkang tansah mêksa dhatêng paduka nêdha bulubêkti punika badhe paduka paringi ganjaran punapa.

Hèrtoh Gilain amangsuli: Satriya, manawi wontên tiyang ingkang sagêd ngawonakên ditya punika, badhe kula purih amilih barang-barang darbèk kula ingkang wontên salêbêting karaton utawi nagari kula punika, ananging kuciwanipun ngantos sapriki dèrèng wontên tiyang ingkang wani ananggulangi pêrangipun.

Prabu Tristan ngandika malih: Hèrtoh, ganjaran ingkang paduka dhawuhakên punika menginakên sangêt. Sayaktosipun namung satriya ingkang bèr ing kawanèn ingkang sagêd adamêl wilujêng tuwin santosaning nagari. Sayaktosipun kula kêpengin sangêt amêjahi ditya ingkang jail pambêkanipun punika. Sanajan saupami wontên tiyang ingkang badhe nyukakakên sadaya pamêdaling êmas ing Milan nanging angalang-alangi anggèn kula badhe ananggulangi ditya punika, saèstu botên badhe wande sêdya kula wau.

Hèrtoh Gilain nyambungi pangandika: Satriya, sokur sangêt paduka kagungan karsa makatên, kula namung amêmuji dhatêng ingkang Maha Kawasa, mugi karsaa anjagi ing sarira paduka, sampun ngantos manggih tiwas.

Kacariyos Prabu Tristan anglurugi ditya Urgan de Wildeman dhatêng ing padununganipun, lajêng aprang tandhing rame sangêt. Sanajan ditya wau kêkiyatanipun angungguli Prabu Tristan saha adêdamêl kênthès agêng sangêt, nanging kawon cukat kalihan Prabu Tristan. Prabu Tristan wasis sangêt amainakên pêdhangipun, satêmah danawa wau kataman pêdhang ngantos andadosakên pêjahipun. Tanganipun ingkang têngên lajêng tinigas dening Prabu Tristan nuntên kabêkta sowan dhatêng Hèrtoh Gilain sarta kaaturakên, minăngka pasaksènipun anggènipun sampun amêjahi danawa wau, aturipun: Hèrtoh, minăngka epahipun anggèn kula sampun amêjahi Sang Urgan mugi paduka karsaa maringakên kagungan paduka sagawon pun Petit-Cru punika.

Hèrtoh Gilain amangsuli: Sadhèrèk, kula botên sagêd ngaturakên pun Petit-Cru. Mugi paduka karsaa nampi adhi kula èstri, dadosa garwa sampeyan, sarta sapalihing nagari kula. Sampun mundhut kewan ingkang sakalangkung kula trêsnani punika.

Prabu Tristan ngandika malih: Hèrtoh, kula maturnuwun dene paduka badhe maringakên sapalihing nagari paduka saha badhe amaringakên ingkang rayi, nanging mugi kawuningana, bilih kula botên gadhah sêdya makatên. Saèstunipun pramila kula nekat ananggulangi danawa wau, kula pancèn kêpengin dhatêng Petit-Cru punika. Kajawi punika mugi paduka karsaa nêtêpi jangji. Bilih tiyang ingkang sagêd amêjahi danawa wau, kenging amilih barang-barang kagungan paduka ing salêbêting karaton utawi nagari.

Hèrtoh Gilain mangsuli: Manawi makatên karsa paduka, inggih sumăngga. Petit-Cru kula aturakên, nanging mugi andadosna kauningan, bilih paduka amundhut barang ingkang sagêd adamêl bingahing manah kula.

Kacariyos, sagawon wau dening Prabu Tristan dipun titipakên dhatêng tukang sulap saking ing Wales, ingkang purun ngaturakên dhatêng sang pramèswari Isolde ing Cornwallis. Sarêng dumugi ing Tintagel tukang sulap wau nuntên ambudidaya sagêdipun kapanggih kalihan abdinipun [abdi...]

--- 779 ---

[...nipun] sang pramèswari ingkang awasta Brangien punika, sasampunipun kapanggih sagawon wau nuntên kapasrahakên, sarta supados kaaturakên dhatêng sang pramèswari. Mila sang putri bingah sangêt sarêng tampi kintunan saking Prabu Tristan punika. Tukang sulap lajêng ginanjar yatra mas sadasa marêk. Dene aturipun dhatêng sang nata, sagawon wau kintunan saking sang pramèswari ing Irlan. Petit-Cru nuntên kadamêlakên kandhang sae sangêt, rinêngga ing êmas lan sêsotya adi, minăngka pangèngêt-èngêt dhatêng sang kinasih, sabên sang putri tindak, inggih dhatênga ing pundi kemawon Petit-Cru dipun bêkta. Manawi sang putri mriksani Petit-Cru saha mirêngakên swarantênipun[6] jam wasiyat ingkang gumantung ing kalungipun punika, sanalika supe dhatêng kasusahanipun, makatên ugi dhatêng Prabu Tristan. Waunipun sang putri botên mangêrtos bilih ingkang makatên wau saking dayanipun jam wasiyat punika, nanging dangu-dangu wuninga, bilih jam punika gadhah daya sagêd adamêl supening panggalih, satêmah sang putri lajêng kados ginugah panggalihipun, saha ngunandika makatên: Apa ingsun kêna abungah-bungah, manawa Tristan tansah nandhang susah. Satêmêne Tristan ora kudu angirimake Petit-Cru marang panjênênganingsun, supaya bisaa lali marang kasusahane lan supaya aja tansah kèlingan bae marang ingsun. Nanging saking trêsnane marang ingsun, Petit-Cru dikirimake mrene, kanggo anglêlipur panggalih ingsun. Dhuh, Tristan salaminipun paduka nandhang rudatin, kula nêdya belasungkawa.

Sasampunipun manggalih makatên, sang putri nuntên mundhut jam wasiyat ingkang gumantung ing kalungipun Petit-Cru wau. Dipun mirêngakên swaranipun sakêdhap lajêng kabucal dhatêng ing sagantên.

16. Sang Putri Isolde ing nagari Bretagne.

Kacariyos, Prabu Tristan ingkang tansah nandhang rudah ing panggalih, murih ragi wontêna mêndhanipun, ingkang kangge anglêlipur panggalih tansah alêlana, anjajah nagari sarta pintên-pintên pulo, satêmah dumugi ing nagari Lonnois. Ing ngriku Prabu Tristan dipun tampi kalayan bingahing manah dening ingkang rama angkat, inggih punika Adipati Rohalt ingkang jumênêng nata ing nagari wau. Sang adipati pangrêngkuhipun dhatêng Prabu Tristan botên ewah, kados ingkang sampun, amargi kajawi namung rumaos anggadhuh nagarinipun, inggih pancèn trêsna sangêt dhatêng Prabu Tristan. Ananging Prabu Tristan botên jênjêm panggalihipun, dene dangu kèndêl kemawon wontên ing nagarinipun, mila lajêng tindak alêlana malih, anjajah nagari-nagari sanèsipun saking Lonnois ngantos dumugi ing Friesland, saking ing Jêrman dumugi ing Spanye. Ing salêbêtipun lêlana kalih tahun laminipun, Prabu Tristan asuwita dhatêng pintên-pintên raja sarta ambiyantu pêrang dhatêng raja-raja wau, ingkang sami kalurugan ing mêngsahipun. Saking karsaning Hyang Kang Maha Kawasa, wontên ing pundi-pundi Prabu Tristan tansah unggul ing pêrang, ngantos asmanipun kawêntar ing nagari sanès. Ewasamantên Prabu Tristan tansah nandhang sungkawa, margi ing salêbêtipun kalih taun punika botên mirêng wartos punapa-punapa saking ing Cornwallis kadospundi kawontênanipun sang pramèswari. Botên wontên mitra utawi utusanipun sang putri ingkang dhatêng. Wusana Prabu Tristan amanggalih, bilih sang putri sampun kasupèn dhatêng panjênênganipun.

Anuju satunggiling dintên Prabu Tristan lan Corneval anggènipun alêlana anjog ing salêbêting nagari Bratagne. Lampahipun anglangkungi dhusun-dhusun ingkang suwung sarta risak, ingkang kantun namung tembok-tembokipun kemawon. Makatên ugi pasabinan utawi patêgilan ing sakiwa têngêning padhusunan wau sami risak sadaya, margi sami kabêsmi dening mêngsah ingkang anglurugi nagari wau. Ing ngriku Prabu Tristan amanggalih makatên: Lêsu têmên rasane sariraningsun, apa pêrlune kamashuraningsun iki, manawa Isolde kêkasihku adoh panggonane, lan ora bakal bisa katêmu lan ingsun manèh. Lan apa mulane dene sajroning rong taun iki sang putri ora utusan paring warta maring panjênênganingsun. Ana ing Tintagel sang putri tansah asukan-sukan, marga Sang Prabu Marc asih bangêt marang sarirane. Satêmêne jam wasiyat iku mandi bangêt. Saiki Isolde lali babarpisan marang panjênênganingsun. Ora kelingan marang kabungahan sarta kasusahane kang wis linakonan bêbarêngan karo panjênênganingsun. Apa ingsun iya ora bisa lali marang sang putri. Ing ngêndi ana putri kang bisa nyirnakake kasusahaningsun.

Kacariyos, kalih dintên laminipun Prabu Tristan kadhèrèkakên Corneval nitih titihan anglangkungi patêgilan saha padhusunan, Nanging botên kapanggih tiyang satunggil-tunggila, makatên ugi botên mirêng kaluruking sawung utawi juguging sagawon. Sadaya panggenan ingkang kalangkungan wau sêpi mamring. Enjingipun Prabu Tristan anglajêngakên tindakipun. Ing wancinipun tiyang nêdha siyang, tindakipun Prabu Tristan amarêpêki punthuk. Ing punthuk ngriku katingal wontên garejanipun, sarta wontên padhepokanipun kyai ingkang rumêksa gareja wau. Kalasamantên kyai punika pinuju andêdonga dhatêng Ingkang Maha Kawasa, panganggenipun wacucaling menda, namung ing gêgêripun ingkang katingal saking wol, nanging sampun amoh. Sarêng sumêrêp wontên tamu satriya, enggal ingacaran lumêbêt ing padhepokanipun. Corneval nuntên mrênahakên kapal-kapal tumpakanipun punika, dene kyai ingkang gadhah griya angladosi Prabu Tristan lukar pangangge kasatriyan. Botên antawis dangu malih Prabu Tristan lan abdinipun dipun aturi dhahar sawontênipun. Sontênipun sadèrèngipun sami tilêm, kyai saha tamunipun sami ngandikan, lênggah angubêngi badhiyan. Prabu Tristan nuntên andangu naminipun nagari ingkang risak punika.

--- 780 ---

Kyai matur: Satriya, nagari punika namanipun Bretagne, ingkang jumênêng nata ajêjuluk Hèrtoh Hoel. Waunipun Bretagne punika nagari gêmah ripah, loh jinawi. Pasabinan, patêgilan makatên ugi pakêbonanipun wiya-wiyar, sarta kathah pamêdalipun. Kathah tiyang tani ingkang gadhah panggilingan glêpung. Ingkang gadhah kêbon wowohan inggih kathah. Nanging nagari punika karisak dening Graaf Riol ing Nantes. Wadyabalanipun sami ambêsmi griya-griya salêbêting kitha saha ing padhusunan saha anjarah rayah raja barananipun têtiyang ing Bretagne.

Prabu Tristan andangu malih, pangandikanipun: Kyai, yagene Graaf Riol amêrangi ratunira.

Kyai amangsuli: Satriya, mugi kawuningana, Graaf Riol punika kalèrèhanipun Hèrtoh Hoel. Hèrtoh Hoel kagungan putra kalih, ingkang satunggal kakung awasta Kaherdin, ingkang satunggalipun putri sakalangkung endah ing warni. Sang putri wau kasuwun dening Graaf Riol badhe kagarwa, nanging Hèrtoh Hoel botên karsa kagungan mantu satriya kalèrèhanipun. Pramila Graaf Riol lajêng ambalela, sarta nuntên amêrangi ratunipun.

Prabu Tristan ngandika: Apa kira-kira Hèrtoh Hoel bisa nanggulangi mungsuhe.

Kyai amangsuli: Mèh kemawon kasoran pêrangipun. Kalêrêsan Hèrtoh Hoel taksih kagungan karaton ingkang kinubêng ing bèntèng kiyat sangêt, inggih punika karaton Carhaix. Sapunika sang hèrtoh sagarwa putra tuwin wadyabalanipun taksih sami nglêmpak ing salêbêting karaton wau. Nanging karaton punika tansah kinêpung ing mêngsah. Pandugi kula botên antawis dangu malih kêpêksa nungkul, margi kêtêlasên têtêdhan.

Prabu Tristan nuntên andangu pintên têbihipun karaton Carhaix saking padhepokanipun kyai wau.

Kyai matur: Namung kantun kalih mil malih, satriya.

Ing sarèhne kala samantên sampun dalu, ingkang gadhah griya tuwin tamunipun sami mapan tilêm. Enjingipun, sasampunipun sêgah sarapan, Prabu Tristan kalihan abdinipun nuntên pamitan badhe nglajêngakên lampah dhatêng ing karaton Carhaix wau. Sarêng tindakipun Prabu Tristan dumugi sangajênging gapura karaton ingkang kinunci, nuntên mriksani satriya sawatawis kathahipun ingkang sami anganglangi sakubênging karaton punika. Prabu Tristan marêpêki dhatêng satriya-satriya wau, sasampunipun anyukani tăndha kaurmatan ingkang winangsulan kados adating satriya ingkang nêmbe têpang, nuntên anakèkakên dhatêng Sang Hèrtoh Hoel. Hèrtoh Hoel ingkang kadhèrèkakên dening putranipun, saha ingkang kacariyos bèr kawanèn, punapa malih kairing dening satriya kalèrèhanipun, ngandika bilih panjênênganipun Hèrtoh Hoel.

Prabu Tristan nuntên ngaturi wuninga, bilih panjênênganipun punika ratu ing Loonnois. Pangandikanipun: Kula, ratu ing Loonnois. Prabu Marc ratu ing Cornwallis paman kula. Kula mirêng wartos bilih paduka dipun pêrangi dening raja-raja kalèrèhan paduka. Manawi paduka karsa nampi sowan kula, kula sumêdya atêtulung ing paduka, nanggulangi mêngsah paduka punika.

Hèrtoh Hoel amangsuli: Sayêktosipun kula cuwa sangêt botên sagêd nampèni paduka, margi ing salêbêting karaton kula mèh katêlasan tandhon têdha, kantun tandhon têtêdhan sawiyah kemawon ingkang taksih. Kadospundi sagêd kula nampi paduka kalayan kautaman.

Prabu Tristan matur malih: Hèrtoh, makatên punika botên andadosakên pambêngan ingkang prêlu, awit salêbêtipun kalih taun punika kula anyoba gêsang wontên ing salêbêting wana. Ing sadintên-dintênipun namung nêdha wowohan, ron-ronan, oyod-oyodan tuwin bêbujêngan ing wana. Dados kula botên badhe kagèt malih, manawi paduka paringi sêsêgah têtêdhan sawiyah. Pramila panuwun kula mugi paduka karsa nampi dhatêng jasat kula.

Putranipun Hèrtoh Hoel ingkang awasta Kaherdin nuntên matur dhatêng ingkang rama, aturipun: Rama, mugi paduka karsaa anampi satriya punika, manawi piyambakipun sayaktos purun ambelani dhatêng kula sadaya sarta purun tumut anandhang kêkirangan.

Kacariyos, gapuraning karaton ingkang cêlak kalihan panggenaning para satriya wau nuntên dipun bikak. Prabu Tristan dipun tampèni kanthi pakurmatan. Kaherdin lajêng anêdahakên temboking karaton ingkang sakalangkung kiyat punika, tuwin mênara-mênara panggenanipun para prajurit ingkang sami anjagi karaton. Saking ing salêbêting mênara wau Kaherdin anêdahakên pasanggrahanipun Graaf Riol sawadyabalanipun ingkang kaadêgakên wontên ing ara-ara sawatawis mil têbihipun saking ing karaton wau. Kaherdin lan Prabu Tristan nuntên wangsul dhatêng ing karaton, sarêng sampun dumugi ing gapuraning karaton ingkang nglêbêt Kaherdin nuntên matur dhatêng Prabu Tristan, wicantênipun: Sadhèrèk sumăngga sami sowan dhatêng ngarsanipun ibu sarta amanggihi sadhèrèk kula èstri. Satriya kêkalih wau nuntên lumêbêt dhatêng ing kaputrèn. Kala samantên sang pramèswari tuwin putranipun putri sami lêlênggahan wontên ing kamar tamu. Para putri sami lênggah ing papan ingkang ginêlaran ing babut sae sangêt sarta rinêngga ing sêsêkaran adi. Anggènipun lêlênggahan sami nyambi ambordhir, sang pramèswari tuwin sang putri sami ura-ura, dene ingkang kangge ura-ura wau cariyosipun putri Doette kalihan mitranipun, inggih punika satriya Doon. Sarêng sampun cakêt, Prabu Tristan nuntên angurmati dhatêng para putri wau andhingkulakên sariranipun sawatawis. Para putri inggih malês angurmati. Sasampunipun lajêng sami lêlênggahan.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


raryalit. (kembali)
Pustaka. (kembali)
yakuwi. (kembali)
kisut. (kembali)
ananging. (kembali)
swantênipun. (kembali)