Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-17, #242

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-17, #242. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-17, #242. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 66, 11 Mulud Taun Ehe 1860, 17 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1029] ---

Ăngka 66, 11 Mulud taun Ehe 1860, 17 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tèntunsêtèlêng Têtanèn ing Sukabumi

[Grafik]

Ing nginggil punika gapuraning tèntunsêtèlêng têtanèn ing Sukabumi, dipun wangun cocogipun kalihan raos Jawi.

--- 1030 ---

Pawartos Wigatos

Nata ing Siyêm

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Mirid andharan ing Kajawèn nomêr 65, para maos botên kêkilapan ing bab wontêning agami ingkang dipun rasuk ing băngsa Siyêm. Mila ing sadèrèngipun anglajêngakên cariyos babadipun praja Siyêm, prayogi kasêlanan nyariyosakên ing bab wontênipun agami Budha ing nagari Siyêm rumiyin.

[Grafik]

Upacara arak-arakan ambêsmi mayit ing Siyêm, ngubêngi kadhaton.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên manawi băngsa Siyêm punika agaminipun Budha, dene lumêbêtipun agami Budha wontên ing nagari Siyêm punika ing antawisipun abat 5-6, aslinipun saking nagari Indhu.

Tumrap ing nagari Siyêm, sampun dados tatacaranipun băngsa Siyêm punika wontên kalanipun sawatawis măngsa nyatunggalakên tekadipun maligi nêmbah dhatêng Budha, inggih punika kanthi miturut parentahing agami, lan ngicalakên sawarnining prêlu ingkang tumănja dhatêng kadonyan. Kawontênan ingkang kados makatên punika ingkang anjalari ing praja Siyêm kathah kabuyutan. Kabuyutan punika

--- 1031 ---

panggenan anêmbah dhatêng panutan. Mênggah kathahing kabuyutan ing nagari Siyêm, kirang langkung wontên 10.000 iji.

Lamining têtiyang anggènipun nindakakên tatacara ingkang kados makatên punika botên tamtu, wontên ingkang namung sawulan, wontên ingkang sataun, wontên malih ingkang salaminipun gêsang namung tumindak kados makatên, lajêng nama dados sogata (monnik), kajênging sogata ing ngriki, satunggiling tiyang ingkang anglampahi parentahing agami, punika namung mêndhêt mèmpêripun têmbung monnik. Dene caranipun, sadaya ingkang nekadakên wau sami cukur plonthos saha ngangge rasukan jubah, badhening rasukan kasar jêne, sarta ambêkta wadhah pirantos kangge papariman. Têtiyang ingkang sami dados kados makatên wau, sabên enjing lumampah papariman urut griyaning têtiyang pakampungan, dene anggènipun papariman wau namung prêlu nyêkapakên bêtah kangge nêdha sadintên kaping kalih. Wanci ing sadintên wau kajawi kangge papariman, ingkang kathah kangge maos Wedha.

[Grafik]

Tiyang tani ing Siyêm sawêg maluku sabin.

Mênggahing agami Budha, tiyang ingkang darma, inggih punika tiyang ingkang wèwèh dhatêng sogata papariman, pêlênging batosipun botên niyat pados pocapan sae jalaran saking anggènipun dêdana wau, ananging gadhah panganggêp, bilih darma punika satunggiling lampah kautamèn, lan murih sagêd kêdhêdhêran wiji rêmên tindak darma. Mila kawontênanipun ing nagari Siyêm, tumrap ingkang tumindak papariman wau botên pisan-pisan adamêl mêsgulipun ingkang dipun parimani, awit sadaya pikantukipun sami sèlèh dhatêng kalêpasaning kabatosan.

Manawi nuju măngsa têrangan, kathah para sogata sami dhatêng candhi-candhi salêbêting praja, limrahing ngakathah, para sogata wau sami dipun wastani tiyang kramat, mila ing samargi-margi dipun aosi ing tiyang.

--- 1032 ---

Tiyang ingkang nuju wontên ing nagari Siyêm, ing samargi-margi têmtu kêpêthuk tiyang ingkang kados makatên wau, limrahipun dipun iring ing lare-lare ambêkta payung utawi barang-barang bêbêktanipun tiyang kêkesahan. Lampahing sogata wau samăngsa kêdalon, lajêng tilêm wontên ing kabuyutan utawi candhi, malah wontên ingkang namung tilêm wontên sangandhaping payung mawi dipun kubêng ing layar kapêtha kadosdene tendha. Kajawi punika ugi wontên sogata ingkang mêdal saking nagari Siyêm dhatêng panggenan-panggenan Budha sanès ingkang têbih-têbih, ingkang dipun anggêp kramat sangêt, kados ta dhatêng masjid Budha Arakan ing Mandali, nagari karajan Burma, utawi dhatêng masjid Budha ing Swetagon ing Rangoon.

Kados makatên mênggah caraning băngsa Siyêm anggèning nindakakên agaminipun. Cacahipun sogata ing praja Siyêm wau kintên-kintên wontên 300.000. Cacah samantên wau inggih botên têtêp salaminipun, sagêd ewah-ewah, dene ingkang têtêp dados sogata wau namung sawatawis. (Badhe kasambêtan)

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

3. Malariah tropica dhatêngipun bêntèr botên têmtu, nanging ingkang limrah sabên dintên têrusan kemawon kados bêntèripun tiyang ingkang kenging sêsakit tipês, punika sêsakit bêntèring malariah ingkang ambêbayani sangêt, dene wontênipun ing Asiah ing panggenan ingkang hawanipun bêntèr (tropisch klimaat) mila dipun wastani tropica.

Bêntèring sêsakit malariah tiga pisan, kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, sagêd anjalari risaking êrahipun tiyang ingkang sakit (bloedarmoede) lajêng limpa (milt) dados agêng (abuh), trêkadhang ingkang sakit malariah tropica jalaran saking sangêting bêntèr ewah èngêtanipun, manawi botên dipun jagi utawi dipun cêpêngi sok lajêng mlajêng utawi gronjalan badhe mlajêng-mlajêng kados tiyang ingkang sakit ewah utawi setanên. Manawi botên enggal kajampenan jampi ingkang mustajab, sagêd dados ing tiwasipun.

Sagêd ugi kalampahan lumêbêtipun wiji malariah kalih warni punika sarêng-sarêng, utawi tumularipun dhatêng tiyang andadosakên bêntèripun lajêng botên sagêd ajêg.

Kalamăngsa wontên tiyang ingkang kalêbêtan wiji sêsakit malariah, nanging botên thukul bêntèripun. Punika ingkang dipun wastani malariah larvata (verborgen Malaria, malariah dhêlikan).

Manawi tiyang ingkang sakit wau dipun kèndêlakên botên dipun jampèni, utawi jampinipun kirang tumănja botên mustajab, utawi kirang jampinipun, plasmodien lajêng tambah angrêbda, tiyang ingkang sakit [saki...]

--- 1033 ---

[...t] lajêng kêra, pucêt, jêne, lêsu, lêmês, limpanipun abuh.

Sampun têmtu tiyang ingkang katrajang ing sêsakit wau inggih sakit, kajawi punika tiyang ingkang sakit lajêng dados bibit utawi winih sêsakit malariah ingkang ambêbayani tumraping tiyang ingkang saras, awit manawi ingkang sakit botên kapisah têbih saha kirang panjaginipun, murih sampun ngantos kêcakot ing lêmut, têmtu lêmut lajêng sagêd anularakên dhatêng tiyang pintên-pintên ingkang lajêng sagêd ngămbra-ămbra.

Mila băngsa Eropah ing tanah Indhonesiah ngriki ingkang sami ajrih lan anjagi murih sampun ngantos kataman ing sêsakit wau, rencang-rencangipun jongos, babu, koki, kêbon, sami dipun sukani klambu kangge ing patilêmanipun, prêlunipun sampun ngantos kenging utawi katularan ing sêsakit wau ingkang lajêng sagêd nularakên dhatêng tiyang sagriya.

Sagêdipun nêtêpakên bilih (positief) sêsakit malariah, êrahipun tiyang ingkang sakit kêdah dipun priksa mawi kaca praksana. Ananging dhoktêr-dhoktêr ingkang sampun kulina utawi paham (kêcêkap anindakakên ing padamêlan), lajêng sagêd mastani sêsakit malariah utawi sanès, punika lajêng enggal sagêd suka jampi utawi nyuntik, supados tiyang ingkang sakit wau sagêda enggal saras.

[Grafik]

Patilêman ingkang pamasanging klambu wontên ing nglêbêt cagak.

Jampi ingkang kangge mêjahi plasmodien ingkang mustajab inggih punika kênini, malah ingkang langkung mustajab malih kangge anjampèni tiyang sakit malariah punika kêdah mawi suntikan kênini.

Limrahipun lare alit utawi bayi manawi sakit malariah dipun jampèni kênini punika lajêng nuntak, utawi botên purun ngêlêg, jalaran saking paitipun, mila ingkang kangge jampinipun inggih punika ingkang botên pait euchinine utawi aristochine.

Tiyang ingkang sakitipun ragi dangu (rêkaos) kajawi dipun jampèni mawi kênini, sarana malih mawi arsenicum (warangan) lan sanès-sanèsipun.

Tiyang ingkang kenging sêsakit malariah, bilih sampun kajampenan kênini, punika prayoginipun tiyang wau kapindhah utawi katirahakên ing panggenan ingkang hawanipun asrêp, inggih punika ing parêdèn. Awit hawa parêdèn punika mustajab sangêt tumrapipun tiyang ingkang kenging sêsakit malariah, salêbêtipun sawatawis dintên tiyang ingkang sakit bêntèr, lajêng sagêd ical, saha pucêtipun (bloedarmoede) sawatawis minggu utawi sawatawis wulan kemawon sampun sagêd pulih wangsul kados waunipun (bingar). (Badhe kasambêtan)

--- 1034 ---

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Lêmêng ulam ayam.

Amragata ayam dhara 1 sarta karêsikana ingkang rêsik. Tumuntên kakêthok-kêthoka ingkang agêngipun sakêmiri-sakêmiri, manawi sampun, ulam wau kawadhahana ing bumbung dêling, ingkang panjangipun kintên-kintên saasta tuwin ingkang sisih kaangkaha kaprênah gêrêtanipun, dados bumbung wau ingkang sasisih buntêt sasisihipun bolong sarta dipun rêsikana ingkang rêsik. Sabên ulam ayam 1 dados tigang bumbung, satunggal-satunggaling bumbung kadèkèkana lombok jêmprit wêtahan 5 iji, tuwin salam 2 lêmbar, manawi sampun lajêng ngulêga bumbu, inggih punika: bawang 3 bungkul, asêm 5 gada (gêndhis, sarêm, traos) sami sacêkapipun. Bumbu-bumbu wau kêpara ingkang ragi kêladuk, amargi manawi mêntahipun dipun kêdhapi măngka kêraos kêkêcutên, kasinên, tuwin kêlêgèn, punika matêngipun dados cêkapan. Manawi bumbu wau sampun dipun ulêg lêmbat, lajêng kadèkèkana toya 4 cangkir, sarta kasaringa ing srêbèt mori ingkang pêthak. Saringan bumbu-bumbu wau lajêng kaêsurna ing satunggal-satunggaling bumbung isi ulam wau ingkang ngantos kaclop ulamipun, sabumbungipun kaisènana satêngah inggil. Manawi sampun lajêng ngêluma godhong pisang, inggih punika godhong wau kabêntèrna ing latu, utawi kaêpea ing bêntèring srêngenge. Tumuntên bumbung wau katutupana godhong ingkang sampun dipun kum wau ngalih lêmbar, sarta katangsulana ingkang kêncêng, murih kêncêngipun manawi nangsuli punika mawi rami. Manawi sampun, lêmêng wau kagodhoga wontên ing kuwali, utawi ing êblèg patraliun, kadèkèkana toya ingkang ngantos kaclop ing bumbungipun, sarta kalatonana ingkang sampun ngantos kêndhat. Tandhanipun manawi sampun matêng saèstu, punika waton anggènipun anggodhog enjing dumugi siyang jam 1 ingkang têmtu ulamipun mumut.

Garangasêm.

Amêndhêta ulam ayam 1 ingkang sampun rêsik, lajêng dipun kêthok-kêthoka ingkang agêngipun sakêmiri, tumuntên ngulêga bumbu, inggih punika tumbar, asêm, brambang, bawang, salam, gêndhis, traos, irisan laos sakêdhik, sadaya wau namung mawa-mawa sacêkapipun. Manawi sampun dipun ulêg lêmbat lajêng kadèkèkana santên kanil sacêkapipun. Manawi sampun lajêng kawungkusana ing godhong pisang, saupami sawungkus ulamipun 4 têngkêl, dipun dèkèki duduh 4 sendhok agêng, makatên salajêngipun. Manawi sampun anggènipun mungkusi, lajêng kakukusna ing êdang uwi[1] dipun godhog ing langsêng, tuwin kalatonana sampun ngantos kêndhat. Dene tandhanipun manawi ulam wau sampun matêng, inggih punika godhongipun ingkang kangge mungkusi wau sampun kêtingal ulam sangêt. [sa...]

--- 1035 ---

[...ngêt.] Wondene bumbu-bumbu ingkang kasêbut ing nginggil wau, manawi botên dipun dèkèki tumbar, nanging kasantunan kêncur, punika namanipun bumbu gêcok, dene patraping damêl ulam dipun gêcok punika botên beda kados patraping damêl garangasêm wau.

Pun Rus.

Kawruh Sawatawis

Bab Wirasating Manungsa Mêndhêt saking Kawruh Tionghwa[2]

Kula nuwun, bab wirasating manungsa punika pêthikan saking kawruh Tionghwa, kados-kados buku utawi Kajawèn dèrèng wontên ingkang mratelakakên bab kawruh wau.

Ing ngandhap punika kula wiwiti saking kuping kiwa, punika kawastanan: kimsing, têgêsipun lintang mas. (kim= êmas, sing = lintang).

Kuping têngên punika kawastanan: boksing, têgêsipun lintang kayu (bok = kayu, sing = lintang).

Mênggah kuping ingkang warninipun pêthak rêsik sêmu abrit, têkak-têkukanipun cêtha, wangunipun botên angluncup, jêjêg woh godhohipun andhèyèk dhatêng ngajêng, sarta wujudipun agêng kandêl, punika sae sangêt. Tiyang ingkang kupingipun sagêd ngungkuli alis tuwin mripat, wirasatipun winastan: taèkwi, têgêsipun sugih singgih (tae = sugih, kwi = singgih).

Wondene tiyang ingkang kêkupinganipun sae, kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, wiwit nèm sampun mumbul darajatipun.

Tiyang ingkang kupingipun lancip sarta ciyut, punika awon, kawastanan, ap, têgêsipun gêjêglong, wahananipun suda sadaya barang darbèkipun, wah botên sagêd kadunungan kawignyan.

Cangkêm punika kawastanan kwising, têgêsipun lintang toya, (swi= toya, sing = lintang) utawi kawastanan malih, lweagtong, têgêsipun panggenan kasusastran ing nglêbêt (lwe = nglêbêt, ag = piwulang kasusastran, tong = panggenan). Tiyang manawi lambenipun mèngèr-mèngèr abrit, wangunipun tutuk pasagi wiyar, lêgoking lambe nginggil lêbêt, untu jêjêg, punika wahananipun sugih kasagêdan, ulah kasusastran.

Bathuk punika kawastanan: ohsing, têgêsipun lintang latu (oh = latu, sing = lintang). Tiyang manawi ing bathuk wontên rambutipun kêtêl panjang, wangunipun saewah kêbak muyêk saha wiyar, punika wahananipun ing têmbe anggadhahi kalênggahan, utawi limpad dhatêng sawarnining padamêlan griya, sanadyan bapa biyungipun inggih sagêd luhur tur singgih. Manawi tiyang bathukipun lincip sarta awon, sanadyan sugih kawignyan, punika winastan: aplyaohsing, [a...]

--- 1036 ---

[...plyaohsing,] têgêsipun, ambêlêging lintang latu (ap = jêglong utawi ambêlêg, lya = uwis, oh = latu, sing = lintang). Ingkang makatên wau wahananipun bilih badhe ngangkah darajad rêkaos sangêt. Sanadyan taksih nèm sampun gadhah anak, ananging anakipun botên sagêd lêstantun wilujêng, dene sandhang tuwin rêjêkinipun limrah, wêwatêkanipun botên sagêd rukun dhatêng sanak sadhèrèk, asring damêl bilaining anak bojo, sarta nêlas-nêlasakên arta.

Grana punika kawastanan: dasing, têgêsipun lintang siti (da = siti, sing = lintang). Grana ingkang pucukipun kandêl sarta nyêprok, lèng-lènganipun kalih pisan sumungkêm, punika sae. Bilih tiyang grananipun gilig saha jêjêg botên mèncèng, kêncêng dumugi bathuk, punika wahananipun sae sangêt, kawastanan: og log swu, têgêsipun sugih bêgja lan daulat tur panjang yuswanipun. (og = bêgja, log = ulat, swu = yuswa, bilih tiyang grananipun ing pucuk lincip, lèng-lènganipun andhangak manginggil, punika kawastanan: ap lya tyonggak da sing. Têgêsipun, angambêlêgakên lintang siti ing ardi têngên (ap = ambêlêg utawi kajêglong, lya = uwis, tyong = têngah, gak = ardi, da = siti, sing = lintang. Wahananipun tiyang ingkang gadhah grana makatên wau, sakêdhik barang darbèkipun, sarta wêwatêkanipun botên lêrês sarta botên ajêg.

Katrangan bab kuping

Kuping punika botên mêsthi sae ingkang agêng utawi alit, awit kuping punika mindhak taun mindhak agêng, agêngipun botên patos kêtawis, mila namung katitika manawi lêgokanipun cêtha, sampun kawastanan sae, langkung sae malih manawi kuping wau warninipun pêthak angungkuli pêthakaning rai, ingkang makatên wau wahananipun sagêd dhatêng kasusastran.

Kuping punika kaperang dados wolung perangan, kados ing ngandhap punika:

1. Kuping êmas (wangunipun panjang saha pasagi jêjêg). | 2. Kuping kayu (panjang). | 3. Kuping banyu (bundêr kêbak) | 4. Kuping gêni (lincip, mlongo). | 5. Kuping bumi (kandêl agêng). | 6. Kuping walu panah (lincip tipis). | 7. Kuping tikus (tanpa lêgak-lêgokan). | 8. Kuping cuki (bundêr agêng).

Mênggah ingkang kawastanan kuping banyu, kuping mas, tuwin kuping cuki, punika manawi mèpèt sangêt, botên patos katingal saking ngajêng, sarta inggilipun ngantos ngungkuli alis, lêgok-lêgokanipun kandêl kiyat, warninipun pinggir abrit mangar-mangar, ing nglêbêt wontên wulunipun, lèng-lènganipun ciyut, punika ingkang kalêbêt sae piyambak. (badhe kasambêtan)

R. Singgih

Pêkên Gawok, Surakarta.

--- 1037 ---

Bab Rajakaya

Nangkarakên Rajakaya tuwin Amblastêrakên

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Turunipun lêmbu Jawi kalihan lêmbu Bênggala ing sapisanan wangun lan warninipun taksih wontên saantawisipun kewan kalih wau, nanging yèn turun wau kajodhokakên kalihan lêmbu Bênggala tulèn, turunipun malih, dados turun kaping kalih, sampun saèmpêr lêmbu Bênggala tulèn. Dados yèn lêmbu asli tanah ngriki têrus kablastêrakên kalihan lêmbu Bênggala ing têmbe badhe dados lêmbu sae-sae.

[Grafik]

Lêmbu Gurayat, bangsanipun lêmbu Bênggala.

Sampun têtela yèn lêmbu Bênggala wau kangge tiyang bumi ing tanah Jawi ngriki sagêd anyêkapi kabêtahanipun sadaya, kangge tarikan cikar utawi grobag prayogi sangêt, kangge anggarap siti ugi langkung kiyat tinimbang lêmbu Jawi, kangge pragatan ulamipun langkung babar, pramila ingkang sami ngingah lêmbu èstri prayogi angudia sagêdipun macêkakên lêmbunipun kalihan lêmbu Bênggala wau. Sarta anjagia sampun ngantos kapacêk dening lêmbu jalêr Jawi ingkang kagolong alit. Tujunipun punggawaning dhoktêr kewan ugi tumut anjagi sarana lêmbu-lêmbu jalêr ingkang alit-alit wau sami dipun kêbiri.

Tiyang siti ing Jawi Wetan kadosdene ing Pasuruan tuwin Basuki taksih kathah ingkang rêmên dhatêng kêraban (balapan lêmbu) dados botên kathah ingkang rêmên dhatêng lêmbu Bênggala, nanging limrahipun lêmbu-lêmbu ing ngriku sae-sae, jalaran kajogan lêmbu saking pulo Madura, ingkang wontên ing ngriku turunanipun sampun kasaèkakên sarana lêmbu pamacêk ingkang sampun kapilih. Kangge prêluning anggarap siti tuwin tarikan, lêmbu wau ugi sampun anyêkapi.

Kajawi lêmbu saking Madura, ing ngriku ugi kathah lêmbu saking Bali ingkang ugi kagolong sae, malah lêmbu Bali punika kathah ingkang kabêkta dhatêng sanès nagari, jalaran kangge pragatan migunani sangêt, dados tiyang ngriku anggènipun nyaèkakên turunaning rajakaya milih lêmbu jalêr ingkang sae-sae, sarta ingkang alit-alit dipun kêbiri.

Sawênèhing tiyang sok angintên yèn lêmbu dipun kêbiri [kê...]

--- 1038 ---

[...biri] suda kêkiyatanipun, andadosakên kirang prayogi kangge nyambut damêl. Panyana makatên punika kalintu. Ugi lêrês kewan jalêr ingkang dipun kêbiri punika ical sipatipun jalêr. Dados kados kewan èstri, tutut, botên nakal, nanging mênggahing kêkiyatan panggah kemawon. Wah malih kewan wau kasênênganipun namung nêdha, pramila manawi sae pamiyaranipun enggal lêma, lan kangge pragatan migunani sangêt, jalaran ulamipun dados babar lan mêmês.

Dene lêmbu ingkang dêrês puhanipun, ing ngajêng sampun kacriyosakên inggih punika lêmbu Walandi lan lêmbu Ostrali, pramila ing nagari agêng tiyang ingkang sami miyara lêmbu pêrêsan ingkang dipun ingah lêmbu wau. Lêmbu Ostrali wêdaling puhan taksih kirang tinimbang lêmbu Walandi, nanging yèn kangge pragatan ulamipun langkung kathah. Lêmbu wau warni lan wangunipun mèh sami, sadaya sarwa panjang, sirah, gulu lan gêgêripun, kapuripun agêng anjêndhol, tanpa punuk, sanajan ingkang jalêr ugi makatên, wulunipun lêmbu Walandi limrahipun cêmêng blêntong pêthak, lêmbu Ostrali abrit. Wontên ing hawa asrêp pêdhèt-pêdhètipun sagêd subur nanging ing hawa bêntèr kathah ingkang dados bajang, pramila kangge pêrêsan ing tanah Jawi ngriki lêmbu wau tansah kaêjogan saking nagarinipun piyambak. Ing tanah Jawi Wetan kathah tiyang bumi ingkang amblastêrakên lêmbunipun Jawi kalihan lêmbu wau, prêlu kangge tarikan, sami-sami kangge prêlu makatên botên mênang kalihan yèn kablastêrakên lan lêmbu Bênggala. (Badhe kasambêtan)

Suryadi.

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XII. Kêsèd bisa ambêdhah nagara Mirasa

[Balabak]

ki patinggi nuli alon apratela | mangkene | kula anggèr botên nama muk-umukan | yêktose | kăndha nyata kenging dipun nyatakêna | wontêne ||

tumrap tiyang limrahipun sami ngira | nyalênèh | awit sintên ingkang badhea anggêga | wontêne | kajawi mung pinanggih wontên ing crita | lan dongèng ||

mênggah kula tiyang ing ngriki sadaya | akêrèh | dhatêng ratu kang botên nate katingal | warnine | ing salami wontên salêbêting griya | mung ijèn ||

botên beda kados tiyang pun kunjara | wontêne | dene mênggah kang kula wastani griya | yêktose | têtêlênging kadhatonipun nagara | kang anèh ||

lan kadhaton wau têpung kaubêngan | amèpèt | pagêr tembok tanpa kori babarpisan | ubênge | lan ing jawi tembok ngubêngi nagara | wontêne ||

ugi botên mawi kori satunggala | rak anèh [a...]

--- 1039 ---

[...nèh] | nanging tiyang ing nglêbêt ngriku sadaya | gêsange | sarwa ayêm têdha botên kêkirangan | kathahe ||

kawasaning ratu ing ngriku punika | agêdhe | sagêd ngirup dhatêng sasamining tiyang | bawahe | malah nglanjak dhatêng ing liya nagara | marèmèn ||

kang punika anggèr sangêt kula kudang | ing têmbe | mugi sagêd mêngku nagara punika | rak sae | kintên kula tamtu badhe kalampahan | dadose ||

Kêsèd nuli amangsuli sanalika | anjêngèk | sintên tiyang kang purun dipun kunjara | ayake | namung tiyang ingkang botên purun gêsang | pantêse ||

lan angguyu patinggi mangsuli kăndha | ta mangke | kamirêngna kula criyos ingkang cêtha | wontêne | yèn kagalih panjang anggèr tamtu karsa | kintêne ||

lêrês tiyang kang wontên ngriku sadaya | gêsange | têtêp kados tiyang sami pun kunjara | nyatane | nanging botên wontên kang katingal kêra | badane ||

awit nyata mênggah nagara Mirasa | anèhe | salêbêting nagari kêbak panganan | alèsèh | sampun êplêk kados nagara supênan | kabèhe ||

măngka nyata anggèr sajakipun drêmba | titike | kathah tiyang nyênyaosi wangsul wadhah | limrahe | yèn makatên tamtu sagêd kalampahan | nglindhihke ||

awit sintên tiyang ingkang mênang drêmba | nêdhane | angungkuli ratu nagari punika | adate | kalampahan sagêd mêngkoni nagara | dadose ||

sanalika ing ati rada karasa | Gus Kêsèd | yèn mung didu mungguh prakara mêmangan | ayake | wani tandhing ngayoni wong sanagara | bok kabèh ||

nuli ana wong têka karo anggawa | lèh-olèh | saka bungah anggone uwis kêlêgan | karêpe | jêjodhangan tur kabèh sarwa mirasa | titike ||

barêng Kêsèd wêruh gêgawan sing têka | ngilêr cès | ing sawise kabèh digêlar nèng jogan | alèsèh | wong sing têka nuli ngadhêp karo kăndha | asarèh ||

nuwun kyai mênggahing sowan kawula | yêktose | inggih dhapur namung angluwari ujar | ing mangke | bilih nyata sakitipun sampun saras | pun êbèng ||

manthuk-manthuk Kêsèd kăndha anarima | batine | galêgêsan saka ora duwe kira | dadine | ing saiki dadi dhukun wah pêng-pêngan | sêmbure ||

saundure wong mau tumuli mapan | Gus Kêsèd | wiwit mangan las-lês karo nyambi kandhan | mangkene | inggih paman yèn kula prakawis nêdha | awanthèn ||

lan rumaos wêtêng botên kêbak-kêbak | rak anèh | ngatên malih cangkêm inggih botên sayah | mamahe | kula ngantos rumaos wêgah piyambak | de dede ||

nuli clathu ki patinggi sêmu bungah | unine | kula sampun botên badhe kêkilapan | dadose | sampun măngga kula dhèrèkkên mariksa | ing mangke ||

anggèr tamtu sagêd ambêdhah nagara | lan badhe | kalampahan dados ratu kang sakeca | larase | alah kăndha nyatanipun badhe cêtha | ing têmbe ||

satêmêne Kêsèd durung pati cêtha | karêpe | awit kabèh ora kêtêmu ing kira | nalare | mula ya mung nurut karêpe sing kăndha | kapriye ||

nuli budhal lakune sadalan-dalan | alèrèn | mung diarah aja agawe rêkasa | bacute | ing wusana lakune nganti sapasar | tutuge ||

lah ing kono Kêsèd rumasa rêkasa | awake | awit tansah kêkurangan sabên dina | pangane [panga...]

--- 1040 ---

[...ne] | ing sakojur awake nuli karasa | acape ||

ki patinggi bangêt anggone ngrêrêpa | unine | kadospundi anggèr raosing sarira | ing mangke | dene lajêng kêtingal sangêt rêkasa | wangune ||

wis padatan Kêsèd sabên kêtowongan | pangane | banjur mak prêk tanpa duwe kêkuwatan | lan manèh | kudu ambruk saka rêkasa angglawat | awake ||

bangêt bingung ki patinggi karo kăndha | dhuh anggèr | lah punika bètènging kitha kêtingal | ambête | sangêt eca bètènging kitha Mirasa | agurèh ||

anjênggirat Kêsèd nuli mlaku rikat | ge-gage | saka ora kuwat ngambu mênyang gănda | enake | barêng cêdhak wêruh yèn temboke jênang | jêbule ||

jênang dodol dhasar sing amili lênga | ambune | bangêt gurih anyire uwis karasa | nèng lambe | isih angêt ketok nganti kaya kaca | mancèrèt ||

ki patinggi nuli kăndha gih punika | warnine | têtemboke inggih nagari Mirasa | nyatane | sintên sagêd ambêdhahna dados raja | kang kêdhe ||

lah sumăngga anggèr dipun ayonana | saene | kula puji mugi sagêd kalampahan | bêdhahe | ora sabar Kêsèd tumuli tumandang | ing gawe ||

tembok jênang banjur dikêrakot saka | ngêlèhe | nadyan panas ditekadi mangap-mangap | mangane | saka kuwat tembok kang sadhêpa dhadhal | dadine ||

nuli mak blêng bisa mlêbu ing nagara | enggale | nanging tembok sawise dianggo dalan | lêbune | pulih manèh ketoke wis tanpa tilas | tabête ||

ki patinggi arêp nusul ora bisa | mung dhewe | ana jaba lan ing batin wis angira | apêse | banjur bali kêmanisên lan anggagas | nyang Kêsèd ||

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Ada-adaning Nagari Anggènipun badhe Paring Arta dhatêng Panggaotan Pribumi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

Garèng : Wis, Truk, ayo padha dibanjurake anggone rêrêmbugan karsaning nagara arêp ambantu bisane maju kopêrasining wong Indhonesiah, nanging pikiranamu aja tungkul malancong-malancong saparan-paran, mundhak ora karu-karuwan kadadeane.

Petruk : Kaya-kaya pikiranku saiki wis sawiji, awit durung suwe kiyi mêntas tak tambani obat warna-warna, kang bisa agawe jênjême atiku, kaya ta: tak galontori jamu cap kopi tubruk, tak untuti sêga wadhang mung sêtêngah wakul, sarana tak untali pil cap rêmpah gorèng rong losin.

Garèng : Wiyah, mêngkono kathik dianggêp jêjamu, kuwi rak sarapan bênggala arane. Wis, wis, ayo padha dibanjurake rêmbuge. Ing ngarêp aku wis carita, yèn kopêrasi mau bisa tumindak bêcik, manawa padagangan cilik-cilik kang arêp [a...]

--- 1041 ---

[...rêp] diêjori tansah ngudi golèk bathi akèh, lan kosok-baline kopêrasi mau mung narima olèh bathi sathithik, têgêse pangêdole, barang-barange luwih murah.

Petruk : Omongmu kuwi pancèn iya bênêr bangêt. Kajaba saka iku iya kudu dièlingi, yèn băngsa inyong kuwi sabênêre ing bab gulat-gulêting laku kopêrasi, sing akèh isih kudu sinau dhisik.

Garèng : Kuwi wis karuwan, apa wong kuwi nyang apa-apa banjur ujug-ujug bisa bae, mêsthine iya kudu disinau dhisik. Apa manèh bab kopêrasi, prakara sing angèl sarta gawat, oraa kudu disinau, lagi mangan mae, iya kudu disinau dhisik. Apa kowe ora eling, nalikane kowe durung tau kumamul karo dara-dara priyayi, anggonmu mangan kaya apa, mangan jangan, ora kok sendhoki, nanging kok srutup, dalasan nyakot iwak bae, kang kok tiru dhoktêr gigi, yaiku mothol untune tanggamu, jalaran kok sampluk saka anggonmu narik iwak sing kok cakot mau. Nanging saikine, jalaran saka sêsrawunganamu para jamhur-jamhur bae, caramu mangan sathithik-sathithik iya rada mèmpêr kaya priyayi. Dadi lagine mangan bae wajib kudu disinau dhisik, apa manèh ing bab kopêrasi. Hla nèk saikine bangsaku kiyi ora tumuli nyinau, besuk kapan bisane. Wis mêsthi bae, yèn kawitane bakal nandhang karugian, nanging kenene ora prêlu banjur cilik atine, ngêmungake ngèlingana marang paribasan Walănda kang unine mangkene: jalaran saka karugian utawa kaisinan, wusanane bisa dadi pintêr. Lho, rak iya mêngkono wong urip kuwi.

[Grafik]

Petruk : Wadhuh, Kang Garèng kok mêtu buntêlane, kathik kaya bocah sing wêton uniplêkèthèt.

Garèng : Wiyah, jênênge rak unipèrsitèt (Universiteit) yaiku sêkolahan kumpule pamulangan luhur warna-warna, balik uniplêkèthèt kuwi rak suwaraning bayi masuk angin.

Petruk : Ora Kang Garèng, nèk saka sêsurupanku, kaya-kaya wis akèh bangsaku sing wis padha miwiti ngadani kopêrasi kuwi, antarane ana sing dadi gêdhe, ana sing tungkul mênggik mênthol, nanging iya ana sing wis ngêlèng babarpisan. Nèk kira-kiraku, kopêrasi-kopêrasi sing wis padha diêdêgake wong bumi kiyi, sing dadi mumbul lan sing jênêng swargi, bokmanawa akèh sing wis swargi. Lho, wong kuwi nèk amiwiti utawa anyinau apa bae, wis mêthine[3] yèn kawitane bakal nandhang karugian [ka...]

--- 1042 ---

[...rugian] utawa sok kêjlungup, nanging rak iya kudu ana kalane utawa ana pangarêp-arêpe bisa anjênthir, balik nèk sabên-sabên tansah tiba kongsêp bae, suwe-suwene iya mêsthi banjur bosên. Kuwi dak têpakake nyang awakku dhewe nalikane aku durung bisa main bakaran. Ing sarèhning sing diarani wong onwikêl (ontwikkeld) kuwi kudu mêruhi ing bab apa bae, supaya aja nganti aku diarani ora onwikêl, aku banjur mrêlokake nyinau main bakaran. Dilalah main sapisan, blanjaku sêsasi lan pursêkotku têlung wulan, têka jablas kabèh, dalasan barang-barang silihan sing tak ênggo, kathik mèlu katut. Awit kuwi aku banjur sumpah, tak tobatake têmênan mèlu main bakaran.

Garèng : E, kok padha karo aku. Nalikane aku diwènèhi bakmi bakyumu, manganku rada kêladuk nganti kêmlakarên, kalasamono aku sumpah tak tobatake mangan bakmi manèh. Nanging barêng wêtêngku wis mêdhun, kiraku nèk diwènèhana bakmi manèh, iya saguh nglabasake têlung piring. Hêm, kok wis mêngkono panglipure wong doyan main kuwi, nèk êntek-êntekan dhuwite, sumbare ora bakal main manèh, nanging nèk ing têmbe buri olèh rêjêki sathithik bae, banjur yab-yaban ora tau saba omah. Ning karêpe omongmu kuwi kira-kirane aku ngrêti, rak mangkene ta: wong amiwiti utawa anyinau ngadani panggaotan utawa kopêrasi, kuwi wis mêsthine yèn sakawit bakal olèh karugian, nanging karugiane mau bok aja agawe sangsarane.

Petruk : Hla, iya mêngkono kuwi. Kowe rak iya sumurup dhewe, ta, wong Jawa kuwi lumrahe ora oluwi, nanging sing akèh malah buluwi, dadi nèk arêp nganakake kopêrasi kuwi, anggone nglumpukake dhuwit kanggo pawitane, dilakoni sarana threthekan têmênan, wusanane barêng wis dadi, saka kliruning panindake, utawa sabab saka kuranging sêsurupane anggone ngadani, pawitane bisa banjur dadi ludhis babarpisan. Mara, apa kiyi ora jênêng sangsara mêncit têmênan. Saikine akale bae kêpriye, supaya kopêrasine bisa tumindak, nanging ing têmbe burine aja nganti gawe sangsara bangêt-bangêt.

Garèng : Wah, akale mono iya akèh, nanging apa iya bisa mitulungi, kuwi walahualam, awit kabèh-kabèh sabênêre mung gumantung nyang pratikêle wong sing nandangi dhewe, salah sawijining akal, kayadene mangkene: wong-wong sing arêp miwiti nandangi kopêrasi aja dêdunung ana ing panggonan kang tumindaking dêdagangan cilik-cilik wis bêcik, ning, yak, wong arêp ngrêmbug karsaning nagara anggone arêp paring pitulungan ngutangi dhuwit, kok banjur talencengan nyang bab liya, wis, wis, samene bae dhisik.

--- 1043 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kawrat kêkancingan gupêrmèn ingkang kagiyarakên ing undhang-undhang tanggal 24 April, ing bab ewah-ewahan artikêl 7, 9, 55, 72 Staatsregeling Volksraad (Inl. meederheid) tuwin sanès-sanèsipun. Ing sapunika tumindak wêwahing warga tiyang siti tumrap polêksêrad, dados 30, lan tumrap Raad van Indie wêwah 2. Tumindaking wêwahan wau tumrap polêksêrad wontên ing taun 1931, lan tumrap Raad van Indie salêbêtipun taun punika.

H.I.S. Budi Arja ing Bogor ingkang rumiyin kawartosakên badhe kabikak wontên ing wulan Sèptèmbêr ngajêng, sampun kabikak ing wulan punika.

Nusuli pawartos, lare nama Buyin ing Sugihan, Salatiga, ingkang kabêkta dhatêng C.B.Z. ing Sêmarang jalaran kenging patruman, kalajêng ngajal, namung ngumur 24 jam (M.K. 338).

Lulus dados Ind. Arts wêdalan N.I.A.S. Radèn Sutana, asli saking Purwarêja.

Ing tanah Jawi badhe kadhatêngan sêtudhèn băngsa Jêpan saking pamulangan luhur ing Osaka cacah 30, dipun pangagêngi ing propesor-propesor sawatawis. Dhatêngipun wau kajawi nyarêngi nuju liburan, ugi prêlu gêgayutan bab sinau. Anggènipun wontên ing tanah Jawi kintên-kintên 3 minggu.

Juru anggantung ing Batawi sampun bidhal dhatêng Medhan, badhe anindakakên wajibipun, anggantung tiyang băngsa Batak kêkalih tuwin tiyang ingkang mêjahi Nyonyah Landzaat.

Angsal-angsalaning beya palabuhan ing Tanjungpriuk ing wulan kêpêngkêr wontên f 1.948.000.-, tumrap barang-barang partikêlir, tuwin f 41.400.- tumrap barang-barang gupêrmèn, dados gunggung f 1.989.400. Tinimbang wulan ingkang kapêngkêr malih kathahipun langkung f 130.700.-

Lulus kandhidhat iksamên bagian kapisan ing pamulangan luhur pangadilan Radèn Kuncara Purbapranata, Radèn Mas Kusumasaputra, Mas Darma, Ashari, Suryakusuma, P. Noer, Sie Jong Djoe tuwin Hoe Sik Jong. Lulus ing bagean kaping kalih: Injo Beng Gwat, Radèn Sulisti tuwin R.S. Bratasewaya.

Ing Binji wontên băngsa Tionghwa Tuwan Tan Lam San juru basa landrad, kawisudha dados jaksa. Sawêg sapisan punika wontên băngsa Tionghwa dipun angkat dados jaksa.

Parentah anêtêpakên, bilih sêsêbutan radèn ingkang asli ganjaran ugi turun-tumurun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3139 ing Sadiarja. Amrih sagêd pikantuk gratis, kêdah nglêbêtakên tiyang 4 kanthi pêmbayaranipun, sarta kêdah ingkang sarêng.

Lêngganan nomêr 2873 ing Wlingi. Ingkang prêlu panjênêngan namung kêdah ambayar f 1.- inggih punika tumrap wulan Agustus lan Sèptèmbêr, dene ingkang f 1.50 tumrap kuwartal 4, dados taun punika sampun lunas.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 3705 ing Sidayu. Ingkang sade buku ingkang panjênêngan dangokakên Depăt v. Leermiddelen ing Wèltêprèdhên.

Lêngganan nomêr 31 ing Siantar. Ingkang sade Kawi Javaansch Woordenboek Depăt v. Leermiddelen ing Wèltêprèdhên, rêgi f 6.25. Volksalmanak basa Sundha sampun dangu wontênipun, bab ngintuni gambar prayogi, manawi sae badhe kapacak.

Lêngganan nomêr 2963 ing Panekan. Gambar ingkang panjênêngan ngandikakakên, manawi wontên cêcariyosanipun, prayogi kakintunakên.

Tuwan A. Sutanta ing Bandhung. Kintunan panjênêngan pakabaran asli prêtalan saking sêrat kabar, botên kapacak, amargi kamanah kirang prêlu. Dene bab gambar ingkang badhe kadamêl kêlise, inggih namung kakintunakên gambaripun kemawon.

Lêngganan nomêr 3313 ing Surakarta. Buku padpindêr basa Mlayu botên wontên.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn mêntas nampèni prêsèn buku saking Boekhandel M. Diwarna ing Kutha Gêdhe, nama piwulang olah-olah, isi wêwarah olah-olah 185 warni, rêgi f 0.85. Buku wau migunani tumrap para wanita.

Redhaksi ngaturakên panuwun.

--- 1044 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

20.

[Mijil]

kyai patih dyan anggambar malih | plêk lan kang kacriyos | nulya mundur sing ngarsèng pamase | apan arsa tumindak ing kardi | sri nata samangkin | têntrêm anon wujud ||

ri sampuning tata-tata nuli | kyai patih bodhol | numpak palwa ambabar layare | tiniyuping angin mikantuki | lêpas lir jêmparing | arikat sumêbut ||

lampahe kang palwa wus nyakêti | palabuhan katon | palwa alon cinakêtkên lèrèn | wusing aso wau kyai patih | nulya mèt pawarti | anyamar ing laku ||

wosing sêdya amung ngangin-angin | lamun antuk wartos | ing dununging putri sajatine | kadi gambar kang pinêtha sami | nanging mêksa sêpi | tan nate kêpranggul ||

kyai patih wus anjajah tapis | anèng praja katog | kongsi judhêg datan antuk gawe | ing wusana adarbe pamanggih | atêtanya maring | pra nangkoda prau ||

lan nêdahkên gambaraning warni | apan samya gawok | lan sajarwa yèn ing salamine | anjajah ing praja măncanagri | dèrèng amanoni | wanodya kadyèku ||

judhêging tyas mung kèndêl ki patih | lênggah dhêlog-dhêlog | ciptanira datan liya mangke | amung arsa nis mring liyan nagri | sawusing miranti | budhal maring Ngêrum ||

sapraptaning Ngêrum kyai patih | ngangin-angin wartos | ananira putri sadayane | yèn ta antuk kang mèmpêr ngiribi | samana winarni | katrêm nèng Rum lulus ||

dangu-dangu ki patih mrangguli | wruh putrining katong | dahat endah sang putri citrane | lan wus saplak lan gambaring putri | suka kyai patih | nulya cipta wangsul ||

lawan antuk warta kang sajati | yèn putrining katong | dèrèng krama prapta ing samangke | ambêg wêlas mring sasami-sami | satêmah nungtumi | palakrama lumuh ||

jalaraning dènnya lumuh krami | nênggih kacariyos | sacakêting kadhaton anane | amarêngi nuju madya ratri | tandhane kêtitik | latu agung murub ||

urubira kang latu ambêsmi | marang ing pagupon | sanggyaning kang dara bingung kabèh | kang atuwa abur angidêri | yèn pindhaning janmi | kadya minta tulung ||

salêbêting pagupon kapyarsi | swarèng dara anom | maksih piyik anyuwara rame | wus nyakêti kêtungkêp ing gêni | biyung ambingungi | dènnyarsa têtulung ||

wusing tita datan antuk margi | tyas dahat kuwatos | kiraning tyas yêkti datan sande | sutanira palastra kêbêsmi | ing wusana wani | nrajang latu murub ||

angrungkêbi mring sutane sami | kang wus êmèh layon | ingayoman ngisor suwiwine | ing wusana katungkêp ing gêni | sadaya nêmahi | luluh dadya awu ||

duk samana sang putri udani | salwiring lêlakon | kang tinêmu pêksi sadayane | têmah mawèh trênyuhing panggalih | tumanêm nêrusi | kongsi arawat luh ||

pan ing mangkya kang sabda kawijil | ing salami lumoh | datan arsa palakrama mangke | awit ciptanira angèngêti | mring kang kawlasasih | mung anggung kadulu ||

têtêping kang pangandika mangkin | wrata sagon-ênggon | mawèh gawok maring sadayane | ugi datan pae kyai patih | nalika miyarsi | gêtun pungun-pungun ||

nanging wantuning kiyai patih | warangkaning katong | datan samar sadaya tindake | datan murut sêdyane ing wuri | mangkya wangsul malih | sowan mring kang ngutus ||

sapraptaning praja sowan nuli | kampita sang katong | wus angira lamun antuk gawe | dyan andangu marang kyai patih | paran bapa patih | ing lakunirèku ||

aturira alon kyai patih | dhuh-dhuh gusti yêktos | antuk damêl nanging sajatine | namung kandhêg wontên ing pawarti | kyana patih nuli | matur kongsi urut ||

dahat lêgêg wau sri bupati | duk mirêng pawartos | nuli dhawuh alon ngandikane | bapa patih bêcike saiki | tumulia bali | marang praja Ngêrum ||

ngêngudia amrih antuk kardi | sambada kalakon | rah-arahên priye kapenake | sira yêkti tan mindho gawèni | poma-poma patih | aywa kongsi wurung ||

kyai patih matur nyandikani | èsêmira katon | jroning batin anggagas mangkene | têka katon dêrênging panggalih | dupi antuk titik | têtêping panuju ||

nulya budhal ki patih tumuli | raosirèng batos | amêmuji ing kalampahane | ywa kuciwa dinuta ing gusti | marma jroning ati | prihatin kalangkung ||

lampahe kang palwa antuk angin | ajêg alon-alon | tan kasêsa nanging prapta age | anèng Ngêrum dyan tumêdhak nuli | samana ki patih | nêntrêmakên laku ||

ri sampuning sawatara ari | kyai patih katon | nyewa wisma alit amung cèklèn | asarana lir alampah grami | candhak kulak wani | kawuryan sêmpulur ||

mung ing batin tansah nganti-anti | gathuking lêlakon | kadi paran kang tinêmu têmbe | marma datan pêgat kyai patih | anggung mèt pakarti | mrih lulus tinêmu ||

duk samana nuju wanci enjing | nyarêngi lêlakon | putri nata nylamur lan abdine | alêledhang taliti mriksani | doning wong agrami | jroning praja kêmput ||

dupi prapta dununge ki patih | kandhêg mulat alon | nulya dhawuh marang ing abdine | andangua marang kang agrami | asli saking pundi | dene praptèng ngriku ||

tan sawala abdi nulya manjing | sarwi atêtakon | mênggah kyai pundi pinangkane | kyai patih kang nuju nêngahi | nyrêmpêng nambut kardi | nolih sêmu gugup || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1045] ---

 


utawi. (kembali)
§ Anggènipun Kajawèn macak panjurung punika, botên pisan-pisan gadhah kajêng nglêrêsakên bab gugon tuhon, namung prêlu nêdahakên ing bab warni-warnining kawruh. (kembali)
mêsthine. (kembali)