Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04-24, #267

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04-24, #267. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04-24, #267. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 12-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 33, 14 Dulkangidah Taun Alip 1859, 24 April 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [501] ---

Ăngka 33, 14 Dulkangidah Taun Alip 1859, 24 April 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing pasisir Indhia

[Grafik]

Ing nginggil punika sawangan pasisir kidul tanah Jawi sawetan Pugêr paresidhenan Jêmbêr. Ing ngriku ombakipun agêng, nanging kawontênanipun adamêl sêngsêm.

--- 502 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32

Wontên tiyang ingkang kiyat botên nêdha salêbêtipun saminggu utawi langkung, punika sagêdipun kalampahan manawi sinau luwe rumiyin. Dados têdha punika prasasat suka kêkiyatan, kajawi punika, têdha punika inggih nuwuhakên bêntèr ingkang prêlu sangêt tumraping ngagêsang. Bêntèring badan kenging kaupamèkakên pawoning pabrik, manawi latuning pawon botên gêsang, mêsin-mêsin inggih botên lumampah.

[Grafik]

Panggilingan pantun ing tanah Malayu gadhahanipun tiyang siti.

Punapa sapunika ingkang kêdah katêdha. Têtêdhan ingkang prayogi punika, têtêdhan ingkang isi bêtahing badan. Sarèhning isining badan punika warni-warni, kados ta: pêthaking tigan, gajih, sarêm, toya kapur lan sapanunggilanipun, mila bêtahipun inggih warni-warni. Sadaya wau sampun wontên ing salêbêting têtêdhan, sabên têtêdhan mêsthi isi kabêtahanipun badan wau, satunggal utawi kalih, sagêd ugi tiga utawi langkung.

Puhan, punika mèh sadaya peranganipun migunani dhatêng badan. Mila tumrap lare ingkang dèrèng sagêd nêdha têtêdhan ingkang atos-atos, prayogi sangêt. Lare ingkang taksih kados makatên, manawi dipun têdhani têtêdhan ingkang botên cocog kalihan kawontênaning badan, kados ta barang ingkang angêt[1] ajuripun punika adat wadhukipun botên kuwawi, sagêd nuwuhakên sêsakit jêroan, kathah lare alit pêjah ingkang jalaran saking dipun têdhani ingkang dèrèng mêsthinipun.

Lare wiwit bayi ngantos dumugi umur 6-7 wulan punika têdhanipun namung mligi susuning biyungipun, manawi [mana...]

--- 503 ---

[...wi] sampun mêdal untunipun, punika mratandhakakên sampun kiyat nêdha sêkul lan salajêngipun.

Tumrap tiyang Jawi ingkang dados têdha prêlu piyambak punika sêkul, jagung kalêbêt ăngka kalih.

Uwos punika kajawi isi Zetmeel (pathi) ugi wontên peranganipun ingkang nama Vitamine (levensstoffen) punika prêlu sangêt tumrapipun badan.

Dumununging Vitamine wontên sangandhaping kulit ambuntêl uwosipun, dados minăngka siliring uwos.

Manawi pantun katutu siliripun wau taksih kantun, makatên ugi Vitamine ingkang wontên salêbêting silir wau. Uwos ingkang makatên punika prayogi sangêt tumrapipun kasarasan, nanging botên kenging kasimpên dangu, enggal pênguk, amargi katêdha ing bubuk. Dene sagêdipun awèt kêdah dipun icali siliripun wau sarana kasosoh wontên ing lumpang utawi ing pabrik, silir pêcah dados katul (Vitamine), katul kantun ing ngriku, uwos lajêng dados pêthak, kenging katêdha ngantos wulanan. Makatên punika prêlu tumrapipun sudagar uwos ingkang agêng-agêng, jalaran uwos kakintunakên dhatêng sanès nagari. Dados salêbêtipun katandho wontên ing gudhang utawi wontên ing margi botên risak, nanging tumrapipun kasarasan, uwos ingkang makatên punika kirang prayogi. Tiyang ingkang tansah nêdha uwos sosohan (gilingan) punika badanipun kêkirangan Vitamine sagêd andadosakên sakit bèri-bèri utawi sanèsipun (avitaminose).

Vitamine punika peranganing têtêdhan ingkang gadhah daya sêgêr lan kêkiyataning badan, manawi ing badan botên pikantuk vitamine utawi kirang saking mêsthi, lajêng raosing badan ewah, lêmês, sakit (avitaminose).

Lare bayi sagêd sakit bèri-bèri punika manawi biyungipun nusoni gadhah sakit bèri-bèri, utawi lare bayi ingkang dipun dhot mawi susu thok, utawi dipun têdhani bubur sêkul pêthak wos sosohan (gilingan).

Caranipun băngsa Indhu ing tanah bawah Inggris, Penang lan Singgapura punika pantun botên dipun gèdhèngi kados ing tanah Jawi ngriki, nanging sasampunipun pantun garing lajêng dipun damêl gabah dipun wadhahi ing kadut (goni). Panyadenipun gabah sami dipun timbang katèn pikul. Sadèrèngipun dados wos, gabah dipun godhog rumiyin, sasampunipun dipun pe garing lajêng dipun tutu. Wosipun kenging katandho dangu botên pênguk. Sêkulipun punika katêdha tiyang botên sagêd andadosakên sakit bèri-bèri utawi avitaminose. Bokmanawi gabah dipun godhog punika siliripun uwos sagêd rumêsêp ing las-lasaning uwos, vitamine rumasuk ing uwos lan dayanipun katut ing sêkul. (Badhe kasambêtan)

--- 504 ---

Bab Rajakaya

Bab Lêmbu

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32

Wancining laki ingkang wiwitan, manawi lêmbu èstri ingkang ngancik diwasa, limrahipun wontên ing umur 2-2½ taun, gampiling pathokan manawi untu ing têngah kalih pisan sampun santun untu agêng. Ugi wontên ingkang kirang saking umur samantên, gumantung dhatêng kawontênanipun, nanging lêmbu makatên wau miturut pamanggihipun para ahli, kirang prayogi manawi kapacêkakên, jalaran yèn pamacêkipun dados sok anyudakakên dhatêng suburing badanipun biyung, amargi sarining têtêdhan ingkang taksih prêlu kangge badanipun piyambak, kêpêksa kasuda kangge pun anak ingkang wontên ing kandhutan, wasana kalih-kalihipun sami cupêtan.

[Grafik]

Lêmbu wontên ing pangumbaran.

Mênggahing bab têtêngêr ing nglêbêt, tuwin sabab-sabab ingkang anjalari lêmbu èstri badhe laki, kados botên prêlu kapratelakakên ing ngriki, awit namung tumănja dhatêng kawruhipun para ahli. Dene tăndha-tăndha ingkang katingal saking jawi inggih punika: pawèstranipun[2] katingal ragi abuh, daging bagean ing nglêbêt katingal abrit, asring-asring ngêdalakên uyuh kasarêngan ilu, susunipun mindhak agêng, botên jênjêm, tansah gadêbugan, asring ambêngoh, yèn cêlak lêmbu sanèsipun badhe kacengklak, yèn wontên lêmbu jalêr enggal murugi. Kalakuan ingkang makatên punika dangunipun 1-2 dintên, inggih punika miturut sadangunipun wiji èstri gêsang ing salêbêting garbanipun, awit wiji wau manawi botên enggal kalêbêtan ing wiji jalêr gêsangipun wontên ing garba ngriku namung 1-2 dintên, pramila punika wêkdal ingkang sae yèn enggal kapacêkakên, manawi sampun kasèp lajêng botên purun, kenginga kapacêk ugi botên dados. Kajawi sabab ingkang kacêtha ing nginggil, gapuraning garba lajêng mingkêm rapêt, mênganing gapura yèn pinuju wanci badhe laki malih.

Dene wiji jalêr ingkang lumêbêt ing garbaning lêmbu èstri punika nyatanipun kathah, kaentha cebong alit-alit, sami gêsang nanging ingkang sagêd gathuk kalihan [ka...]

--- 505 ---

[...lihan] wiji èstri namung satunggal, sanèsipun sami pêjah.

Sawênèhing dhoktêr kewan wontên ingkang nêrangakên, yèn lêmbu jalêr ugi anggadhahi watêk, manawi lêmbu èstri botên nuju wanci laki, botên purun cakêt, pramila manawi badhe macêk ngambus-ambus rumiyin dhatêng pawèstrèning lêmbu èstri, badhe nyumêrêpi wanci lan botênipun. Katrangan makatên punika ugi kathah nyatanipun, kados ta: ing pangenan ingkang lêmbunipun jalêr èstri sami kêmpal, yèn botên wanci pancèn botên kapacêk, nanging lêmbu pamacêk ingkang pancèn birai, ingkang tansah kacancang ing kandhang, dados botên kaumbar, kadosdene lêmbu pamacêk ing tanah Madura, punika kalakuwanipun sok botên makatên, samăngsa-măngsa wontên lêmbu èstri ingkang kacêlakan lajêng kemawon kapacêk, măngka lêmbu èstri wau dèrèng tamtu yèn wanci laki, pramila kalèntu yèn para pangrèh dhusun utawi priyantunipun samăngsa rêpotan kathahing lêmbu ingkang kapacêkakên kirang, lajêng lêmbu-lêmbu èstri kaklêmpakakên sarta ingkang dèrèng wawrat kapêksa kapacêkakên. Makatên punika tanpa damêl. Ingkang prêlu têtiyang ingkang sami anggadhahi rajakaya kêdah kasumêrêpan dhatêng pamanggihing băngsa ahli wau, sarta kêdah kapurih angyêktosi ingkang titi dhatêng tăndha-tandhaning wanci laki. Sarèhning dangunipun namung 1-2 dintên, dados wêkdal samantên wau sampun ngantos kasupèn.

Lêmbu èstri ingkang kêkathahên damêl, tăndha-tăndha wau sok botên katawis, mila lêmbu wau sok ngantos taunan botên wawrat jalaran ingkang gadhah katlompèn. Lêmbu ingkang tansah kacancang ing kandhang ugi kêdah kasatitèkakên.

Kathah-kathahipun tiyang dhusun sok botên purun macêkakên lêmbunipun yèn pêdhètipun taksih alit, dèrèng umur 5 utawi 6 wulan. Saking pamanggihipun kajawi wêlas anakipun kasapih taksih alit, ugi eman yèn biyungipun wawrat malih, puhanipun mindhak kirang sae tumrap dhatêng pêdhèt ingkang dipun sêsêpi, anjalari kêra, sakitên, botên enggal mindhak agêng.

Sarèhning bab makatên punika botên wontên nyatanipun ingkang lêrês, awit malah lêmbu ingkang pêdhètipun botên enggal kasapih punika anjalari icaling wanci laki, wusana ngantos têtaunan botên mêtêng malih, andadosakên kapitunanipun piyambak. Saya malih lêmbu ingkang pancèn kangge pranakan, kadosdene lêmbu èstri ingkang sampun kaêbang dening nagari (lêmbu prèmi) măngka ing sabên taunipun kêdah sampun anggadhahi pêdhèt. Sarta angèngêti danguning lêmbu wawrat wontên sakiwatêngêning 40 minggu. Dados yèn wanci laki ingkang wiwitan botên kapacêkakên, ing dalêm sataun botên sagêd wêwah pêdhètipun.

Suryadi. Keurmeester Ponorogo.

--- 506 ---

Pawartos Wigatos

Pakaryan ing Kapal Marinê

Murid mantrus ingkang sampun tamat sinaunipun saking pamulangan punggawa kapal ing Makasar, lajêng dipun prênahakên wontên ing satunggalipun kapal, saha lajêng sinau nyambut damêl wontên ing ngriku.

Murid sêtokêr ingkang sampun lulus sinaunipun ing pamulangan, dipun dadosakên sêtokêr klas 2 wontên ing sawarnining kapal pêrang, upaminipun wontên ing kapal kruiser, pambujêng kapal torpedho tuwin ing kapal pambucalan pasangan, lan ing wêkasanipun wontên ing kapal silêm utawi ing dharatan, upaminipun wontên ing papan panggenaning mêsin mabur.

Sayêktosipun tumrap ing kalih golongan punika, sawêg rumaos dados mantrus, utawi sêtokêr marinê, manawi sampun nyambut damêl wontên ing kapal. Wontên ing ngriku têtiyang dipun wulang cara-caraning gêsang tuwin nyambut damêl wontên ing baita pêrang. Lan tiyang lajêng rumaos piyambak, bilih taksih kathah sangêt pangajaran ingkang kêdah dipun sinau, ingkang ing sadèrèngipun rumaos sampun mumpuni dhatêng sawarnining padamêlan ing kapal.

[Grafik]

Sawênèhing kapal pêrang.

Murid mantrus punika sinaunipun wontên ing kapal pamulangan laminipun nêm wulan. Kapal pêrang ingkang dipun angge sinau punika kapal Hr. Ms. De Zeven Provincien.

Bilih ingkang sami sinau majêng lan kêtingal kasagêdanipun tumrap padamêlan mantrus, kanthi kalakuan sae punapadene kêncêng panyambutdamêlipun, lajêng kaangkat dados mantrus wadya lautan kêlas 3. Sasampunipun tumindak ing damêl nêm wulan, dipun cobi dados mantrus kêlas 2. Dados sadaya wau kêdah sami anêtêpi wajib-wajib ingkang migunani bab wau. Bilih panyobinipun wau pinanggih prayogi, sawêg kenging kaangkat dados mantrus kêlas 2, lan malih manawi sampun anglampahi padamêlan wau sataun, sagêd angangkah pangkat matrus kêlas 1. Tumrap pangkat ingkang wêkasan punika kêdah dipun cobi rumiyin. Sampun tamtu kemawon wajib-wajibipun langkung awrat katimbang kalihan cobèn tumrap mantrus kêlas 2.

Sêtokêr klas 2 ingkang sampun tumindak ing damêl sataun, sagêd dipun angkat dados sêtokêr klas 1, inggih punika bilih anyêkapi sawarnining wajib ingkang migunani bab wau.

Padamêlaning mantrus ingkang kalêbêt ing golongan [golong...]

--- 507 ---

[...an] punggawa ngêdhèg, punika ngupakara kapal, dados bêbauning sêkoci ingkang dipun dhayungi, sakoci layar, sêkoci sêtum tuwin sêkoci motor, ingkang dipun bêkta ing kapal pêrang. Kêdah sami sagêd nindakakên pigunaning tangsul kapal, inggih punika kalaning kapal badhe dipun pèpètakên ing dharatan, kalanipun anggèrèt utawi ngèrèk sêkoci. Kajawi punika kêdah sagêd andandosi kêkirangan punapa-punapa tuwin tangsul-tangsul ingkang risak.

Kajawi punika kêdah paham yêktos dhatêng sawarnining pirantos ingkang dipun angge wontên ing kapal, kados ta pirantosing jangkar, kêmudhi tuwin tampang.

Sawarnining êbab tuwin padamêlan ingkang kasêbut ing nginggil, punika sampun nate dipun wulangakên dhatêng murid-murid wontên ing pamulangan lan wontên ing kapal pamulangan. Ananging manawi têtiyangipun sampun dados punggawa marinê, badhe rumaos, bilih taksih kathah padamêlan ingkang angèl-angèl tumraping piyambakipun. Ingkang kathah-kathah kasagêdan wau kacêpêngipun sasampuning tumindak ing damêl.

Mênggah ngupakara kapal punika kajêngipun ngupakara saindênging kapal dalah sapirantosipun sadaya, inggih tumrap ing jawi utawi ing nglêbêt, prêlunipun supados ajêg sae lan kenging dipun angge ing sawanci-wanci. Padamêlan wau kêdah katindakakên dening punggawa kapal sadaya.

Padamêlan mantrus punika ingkang prêlu piyambak biyantu angladosi mriyêm tuwin pirantos anglêpasakên torpedho tuwin pasangan dhinamit. Torpedho punika dipun lêpasakên dening kapal pambujêng kapal torpedho tuwin kapal silêm. Ing kapal silêm utawi kapal pambujêng kapal torpedho wau wontên pirantosipun mariyêm torpedho inggih wuluh pirantos anglêpasakên torpedho. (Badhe kasambêtan)

Jagading Wanita

Tataning Salakirabi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32

Kagêm para sadhèrèk kakung.

Prakawis griya kaanggêp papan pangasonipun tiyang jalêr punika kula botên nyondhongi, punapa lajêng kaanggêp wontên hotel utawi pension rak botên ta. Măngga kagaliha, tiyang jalêr manawi wangsul saking padamêlan, panêdhanipun supados griyanipun rêsik gumrining. Saking karsanipun sadhèrèk Triman, têmtunipun ingkang kêdah angrêsiki tiyang èstri, punapa tiyang èstri punika botên gadhah padamêlan sanès, sanajan gadhaha rencang pisan, kula, tiyang jalêr, botên sagêd gadhah panêdha supados griya ajêg sae, saya [sa...]

--- 508 ---

[...ya] ingkang gadhah anak, lho, punika kula ngaturakên băngsa kita ingkang mèh 90% botên gadhah rencang utawi rencang namung satunggal tur mawi gadhah anak. Sawêg anjagi lare kemawon sampun katingal repot sangêt, saya lare ingkang sawêg têmloncong, kalihan malih olah-olah kemawon sampun dangu sangêt. Kula piyambak sampun nate anênggani tiyang èstri olah-olah, wiwit jam sanga enjing dumugi jam 12 siyang sawêg kèndêl, tur ingkang dipun olah botên sarwa èdi. Jam 1/2 1 wiwit tata dhahar, jam 1 dumugi jam 2 wancinipun tiyang jalêr dhatêng saking padamêlan, kangge ngasonipun tiyang èstri. Punapa piyambakipun botên kenging kèndêl, sampun makatên, sapalih edhing. Kula rêkaos pados arta, tiyang èstri rêkaosipun wiwit tangi tilêm dumugi sontên, măngga rak sampun timbang. Kadamêl kula piyambak manawi wangsul saking nyambut damêl ingkang kula takèkakên rumiyin anak-anak kula sami wontên pundi, dados nêdha sampun kêsupèn, punapa malih tataning griya, wah sampun babarpisan botên kula rêmbag, kangge pangantèn enggal sampun botên badhe: dhatêng-dhatêng lajêng anyrêngêni dumèh joganipun rêgêd, mila manawi bale griya katingal rêgêd, têmtunipun tiyang èstri ingkang lajêng tumandang piyambak angrêsiki, piyambakipun rak inggih gadhah raos pangraos, manawi botên sagêd angrêsiki têmtunipun wêkdalipun kirang, mila sampun kasêsa badhe duka. Bok inggih katimbang sare siyang, manawi pinuju nganggur, aluwung nata bale griya. Panjênêngan têmtunipun ngandika makatên: kêsêl-kêsêl têka kon nyambut gawe, sapa sing gêlêm. Lah punapa tiyang èstri botên gadhah kêsêl.

2. Sadhèrèk Triman, ngandika: Tiyang jalêr kêdah dipun bombong kemawon. E, lah kok enak, inggih ingkang sami-sami. Tiyang jalêr inggih botên kenging angalitakên manahipun tiyang èstri, utawi ambêsênguti. Wontên malih tiyang jalêr manawi sampun botên kadugi, lajêng angèndêlakên (jothakan kados lare alit) plêndas-plêndus, pêcuca-pêcucu, punika botên wontên damêlipun, tiyang èstri katêrangna sababipun nêpsu, prêlunipun supados sagêd ngewahi, manawi lajêng kèndêl kemawon, tiyang èstri rak bingung panampinipun, botên ngrêtos punapa sababipun, măngka sajatosipun tiyang èstri punika candhakan sangêt, dipun sukani sasmita sakêdhik kemawon sampun mangrêtos, ananging sintên ingkang sagêd anyumêrêpi kajêngipun tiyang manawi botên kalairakên.

3. Prakawis butarêpan kita sadaya anggadhahi, jalêra èstria têmtu gadhah, mila pundi ingkang murugakên dados beka botên prêlu kawêdalakên, măngka butarêpan punika sagêd nuwuhakên sakit tèrêng ingkang dipun damêl piyambak.

4. Tumrap kula botên badhe sêrik, manawi dipun tuntun tiyang èstri, manawi pancèn pitêdah sae, isin punapa manawi dipun lampahi, măngga maosa Sêrat Suluk Rêsidriya, ing ngriku panjênêngan badhe amaos ingkang suraosipun kita botên prêlu nampik pitutur, sanadyan saking tiyang sudra pisan, manawi sae pantês dipun angge, manawi awon sanadyan saking tiyang [ti...]

--- 509 ---

[...yang] sêpuhipun piyambak inggih kêdah kabucal, sampun dumèh tiyang èstri punika kêtingalipun kèndêl utawi bodho, nanging ngandhut krênêng. Sampun kaping-kaping kula ngangge pituturipun tiyang èstri, sapisan kemawon dèrèng nate gêtun, malah manawi dipun sulayani trêkadhang andhatêngakên kasusahan, namung inggih wontên èmpêripun, tiyang èstri punika manawi sampun purun mikir êning sangêt, kula tiyang jalêr botên sagêd, badhe êning kadospundi, sawêg kemawon badhe ngêningakên cipta, sampun kemutan padamêlan ingkang dèrèng rampung, utawi ing angên-angên lajêng katingal katebang-katebangipun pun anu ingkang mawi sinjang parangrusak, klithik, rasukan pêthak, angkin jambon, sêlop jlinggring. Mila sampun kasêsa angrèmèhakên timbanganipun tiyang èstri. Mangke manawi ngrêtos, bilih piyambakipun kaanggêp barang rak matosi, sintên ingkang lêpat, inggih kita piyambak tiyang jalêr. Sêndhêng[3] gêndhewa botên sagêd ajêg kapanthêng, dangu-dangu pêdhot. Măngga kacobia, manawi tiyang èstri sabên-sabên kaajak rêmbagan, mangke dangu-dangu rak anggagas manawi kaanggêp tiyang, dados sungkêmipun dhatêng tiyang jalêr saya wêwah. Namung kêdah rêmbagan prakawis ingkang gêpokan kalihan piyambakipun. Prakawis padamêlanipun tiyang jalêr kados ta wontên ing kantor, saya ingkang kajibah anyêpêng prakawis wadi-wadining nagari utawi sanèsipun, punika tiyang èstri botên usah sumêrêp, awit nuwun nuwun sèwu watakipun ingkang kathah-kathah nyumur gumuling utawi anggênthong umos.

Kagêm para sadhèrèk kakung lan putri.

1. Manawi salah satunggilipun badhe anglairakên punapa ingkang dados raosing manah punika kêdah milih wêkdal utawi panggenan ingkang prayogi, mênggahing kula ingkang ajêg kula angge wanci dalu wontên ing kathil manawi badhe mapan tilêm, mênggah prêlunipun:

Ing wanci dalu. Sampun sêpên tiyang, dados manawi wontên sêrênging pangandikan sakêdhik, botên kamirêngan tăngga, lare-lare sampun sami tilêm, botên sagêd mirêngakên.

Wontên ing kathil badhe mapan tilêm. Sadaya sranduning badan sampun mangsanipun kèndêl, kakêmpalakên dados satunggal. Nitik pamanggihipun para linangkung, adatipun kalakuanipun tiyang punika ingkang kathah-kathah, mênggah kados gagasanipun ingkang kantun piyambak ngantos dumugi wêkdal angêrêmakên mripat, mila prayogi sangêt manawi badhe anggulawênthah lare wontên ing papan patilêmanipun, wontên ing ngriku kadongèng-dongèngakên ingkang sagêd andudut manahipun lare, lare lajêng anggagas sagêda angêplêki punapa ingkang kados dongengan wau, gagasan wau têrus kabêkta tilêm, makatên sabên dalu, nanging sampun bosên. Makatên ugi tumraping tiyang sêpuh, sami kemawon, jêr praboting tiyang punika sami kemawon.

Botên langkung manawi wontên lêpating pamanggih lan gongsal-gangsuling pitêmbungan nyuwun ngapuntên.

Kula pun Suratimăntra.

--- 510 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

VI. Pangeran Warsaya kondur dibalèkake.

[Dhandhanggula]

pêpadhange srêngenge ngratani | ngêndi-êndi ora pilih prênah | nadyan ing gunung pèrènge | ketok pènining wujud | pêpadhase êmbês kumricik | banyune daleweran | ana ngisor nglumpuk | agunge dadi padusan | ing nalika kêsorot padhang malêsi | sumorot kaya kaca ||

turut lêngkèh wonge andalidir | gone mlaku kaya rêrambatan | jalaran saka lunyune | mungguh anane mau | rada mèmpêr pasêmon bêcik | iku mungguh wong lumrah | wajib kudu wêruh | ing têgêse kudu ngrasa | yèn uripe manggon ing panggonan rumpil | mula kudu prayitna ||

sacêdhaking pagunungan kuwi | ana alas gêdhe kêtêl kawak | ngudubilahi pêtênge | pêpadhange mung nlusup | nèng sêlaning godhong lan uwit | sorot sing tiba lêmah | pèni kaya babut | sing dhasar irêng disulam | kêkêmbangan abyor rata ngêndi-êndi | rupane gawe bungah ||

panggonan sing bangêt sêpi kuwi | ana uwong loro sing angambah | sing sêji[4] ketok sêmune | bungah ing ati têrus | ing èsême bisa kêtitik | sijine bangêt susah | ulate anjabrut | dene wong mau pangeran | lan sijine abdine sing jênêng Palih | padha nalasak alas ||

nanging pijêr sulaya ing pikir | nuli ngandika alon pangeran | priye ta kang kowe kuwe | dijak sênêng mung mlêcu | ora ketok bungahing ati | kae galo nyawanga | lutung ting pêthangkruk | galo ana sing gandhulan | ketok bungah tunggalan lan anak rabi | yèn mlembar cikat rikat ||

Palih alon anggone mangsuli | ayah kados ngatên mênggah kula | nama sawangan sapele | botên yèn pisan gumun | kalih malih kula ngèngêti | cariyosing ngakathah | mênggah kewan lutung | yèn ta purun ambalanga | mawi tinjanipun tiyang ingkang kenging | sampun tamtu yèn bibrah ||

mila măngga ta dipun singkiri | yèn ngantosa kenging dipun balang | mindhak dados damêl mangke | nanging prayogi kondur | sampun pijêr wontên ing ngriki | lan sintên ingkang bêtah | wêtêng klukak-klukuk | mèsêm pangeran ngandika | kêbangêtên kowe kuwi pancèn Palih | atimu tansah samar ||

karo manèh ora bêtah ngêlih | bok ya trima amangan wowohan | akèh bangêt ngalas kene | Palih mangsuli mlêcu | yèn ngandika botên pun galih | punapa inggih limrah | tiyang kados lutung | kulina nêdha wowohan | bêgja yèn ta tiyang botên pringas-pringis | tamtu mulês jêg-jêgan ||

kacarita sang pangeran nuli | ambacutke anggone bêbêdhag | mungguh cêkaking critane | sadalan-dalan nêmu | kewan-kewan gêdhe lan cilik | wusana nyut kèngêtan |

--- 511 ---

arêp bali kondur | sarta nyang Palih ngandika | ayo ta wis Palih bêcik padha mulih | aku eling si biyang ||

ing mêsthine ijèn tanpa kanthi | sanalika Palih iya krasa | kumênyut jêron atine | tumuli alon matur | kula inggih karaos gusti | manah kirang sakeca | punapa pun biyung | sangêt gènipun anggagas | ketang dipun tilar ing anak lan gusti | mila nuntên sumăngga ||

lah ing kono banjur krungu tangis | Jaka Palih karo sang pangeran | padha bangêt ing kagète | tumuli ketok jêdhul | êmbok êmban amêlasasih | barêng ngingêtke cêtha | gapyuk banjur ngrangkul | sing dhisik mênyang pangeran | wise tutug nuli gênti Jaka Palih | isih karo sêsambat ||

adhuh thole aku êmoh mati | saungkurmu aku kasangsara | ditundhung priyayi gêdhe | iya Bandara Mênggung | Surawani lan anggêgiri | Palih rada anyêngkah | bok ya kono lungguh | lan aku takon prasaja | apa kowe kuwi tênan dudu dhêmit | gèk mêngko mung mêmindha ||

êmbok êmban anggablog mangsuli | pancèn kowe rada ora gênah | samar mênyang gêrangane | doh-adoh disusul |[5] sajak nganggo samar ing ati | kono kangjêng pangeran | panggalihe kuwur | ing tingale katon abang | mung kêtarik saka anggone mrinani | nuli alon ngandika ||

wis mênênga biyung aja nangis | pancèn kabèh padha ora gênah | ayo padha mulih bae | iya sapa sing luput | têmbe mêsthi bakal nêmoni | ing kono banjur budhal | lumaku wong têlu | sawise anjog ing dalan | kapapag lan bala sing padha nututi | tindake sang pangeran ||

panggêdhene sing dadi têtindhih | asasmita andhaplangke tangan | karo nyuwara mangkene | pangeran sampun wangsul | kêdah kesah saking ing ngriki | kula ngêmban timbalan | kadhawuhan wangsul | sanalika jêng pangeran | karaosing galih nêdya arêp wani | ora pisan mundura ||

[Grafik]

Gambar sasisih punika gambaring griya kwiksêkul Muhamadiyah ing Ngayogya. Sasampunipun ambabar, kala tanggal 23 Marêt kapêngkêr lajêng kabikak. Ingkang rawuh anjênêngi kathah, Paduka Tuwan Gupêrnur J.E. Jasper, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, Tuwan Residhèn P. Westra, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Pakualam, pêpatih dalêm tuwin sanès-sanèsipun.

--- 512 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Darmawisatanipun Petruk dhatêng Tanah Jawi Têngah

XIII.

Petruk : Dhèk biyèn wis tak omongake, yèn kalane aku têka ing Salatiga, sing dak jujug dhisik omahe prênah paman kang dadi dhoktêr kewan, nanging wusana nginêpku ana ing pêngulon.

Garèng : Yah, nginêp bae kok nang pêngulon, basa anu ana niyate sing wigati, kang jelungan karo panêmune Bokne Kamprèt, awit akèh-akèhing wong lanang kuwi ana sing sok duwe pikiran, yèn duwene bojo kuwi kalane nang ngomah lan kêsandhing sing wedok, nanging yèn wis mêtu ing lawang, pangakune iya banjur jaka manèh.

[Grafik]

Petruk : Lho, kuwi rak panêmune sawênèhing wong lanang ing jaman ora enak kae, malah sanadyan cêmpene wis rindhil, kadhangkala iya sok ngaku jaka, ewasamono sanadyan ing jaman ora enak pisan, para wanita iya wis duwèni pulitik kang bisa ngêndhakake lakine, yèn arêp nindakake pratingkah sing ora cocog karo wong sing wis anak bojo. Pulitike para wanita jaman samono kuwi alus, nanging nèk lakine pancèn dudu wong gêblêg bangêt, iya mêksa bisa kêtaman. Pulitike mau kaya ta mangkene: nèk sing lanang arêp lêlungan, jarite diwiru, prêlune nèk sing lanang ing paran arêp pêthenthang-pêthènthèng sajak arêp ora barès, nèk banjur arêp nènthèng wirone, cara Banyumase banjur: cagla, awit banjur kèlingan sing miru wirone mau, yaiku bojone sing ditinggal nang ngomah.

Garèng : Wiyah, omong têka anggêdabrul mêngkono, wiron kuwi apa dayane, lho, aku nyipati dhewe, tanggaku Kang Wăngsa kae, kurang apa pangudine sing wadon, nèk lêlungan mêsthi dikanthèni salah siji anake, ewadene nèk ditakoni wong liya, ngakune jare adhine, bokmanawa kuwatir nèk diarani tuwa. Wis, wis, caritakna bae saka Salatiga lakumu mênyang ngêndi.

Petruk : Iya coba rungokna. Lakuku saka Salatiga banjur mênyang Surakarta. Wah ing

--- 513 ---

kono aku rumasa kêpêksa kudu ngowahi utawa ngêtrapake tatakrama Jawa sing têmênan, mulane sadalan-dalan aku tansah ngulinakake têtêmbungan warna-warna, kaya ta upamane: mangkat kula saking Salatiga mandar dèrèng sarapan , lakar inggih mêkotên, hara, bok iya aja ngono aja ngono, ê - non, - ning - ge.

Garèng : Wiyah, kuwi rak cara Salane wong sing ora idhêp bênêr kaya kowe kuwi, dumèhane ana têmbungane: mandar, lakar, hara, bae, wis dianggêp yèn Sala cêkèk.

Petruk : Lho, aku mung arêp nyatakake kudu ngati-ati bangêt nyang basaku, awit ing kono aku jênêng ngambah têlênging nagara kang kêna diarani nagara karajan, nagara karajan ngono têgêse nagara kang ana natane jumênêng, dadi ing kono prakara tumindaking basa, tatakrama mêsthi isih tumindak bênêr.

Garèng : Ora Truk, aku tak nyêlani sathithik, unimu kuwi sajake kaya mêngku karêp, angarani yèn tumrape wong liya nagara iku, basa lan tatakramane wis ora bênêr.

Petruk : Ora ngono, karêpku mung ngarani, yèn ing Surakarta kuwi wong-wonge isih nindakake basa lan tatakrama sing dêlês durung kêmomoran, kuwi wis ora kêna kok selaki manèh. Mara titènana bae, ana ing ngêndi bae yèn kowe kêpêthuk wong sing basane alus, luwês, gandês, kèwês, tur ngèsès, lan tatakramane lêmês, mêmês, sêdhêp, sing akèh-akèh iya mêsthi wong Surakarta. Ewadene nèk aku kabênêr lêlungan, kadhangkala ana sing sok ngarani aku ki wong Sala, sanajan ta Sala pinggir.

Garèng : Wah, anggêpmu ki kathik wong Sala, wong omongmu Jawa isih kacêl mêngkono.

Petruk : Bok aja maido, ingatase aku kiyi biyung Purwakêrta, bapa Têmanggungan, sakolahe gadho-gadho, têgêse: basa sing dianggo ing kono iku campuran, Walănda, Jawa, Mlayu didadèkake siji, barêng wis gêdhe manggon ana ing Cilacap. Bisa kaya kiye, tuli wis bagus pisan, deyan.

Garèng : Lho, kok banjur mêtu totoke Banyumas. Pancène ngono mula ya nyata, ing dunya kajawan kiyi sing dianggêp: bêcik, alus, kèwês, luwês, kuwi wong saka Surakarta, mulane...

Petruk : Wis, wis, Rèng, aja dibanjur-banjurake, mara dêlêngên ta, banjur akèh priyayi sing padha mèsêm-mèsêm, sing padha agêng panggalihe. Sarta padha ambatos: iya pancèn mêngkono gambare wong Sala. Karo manèh aku ora arêp ngrêmbug prakara wonge, aku arêp ngrasani prakara basane, kuwi pancèn nyata bêcik, nyata luwês, lan sapanunggalane.

Garèng : Ing bab luwêsing basa Surakarta, kuwi aku wis anêksèni dhewe, buktine: kalane aku nang Surakarta klintang-klintong ana ing Pasar Gêdhe, ditawani tuku jarit marang bakul wade, kuwi saka luwêsing basane, tawane mung sapuluh rupiyah, kanthongku isi kapat sasur rupiyah, tak ulungake kabèh.

--- 514 ---

Petruk : Wiyah, nèk sing kaya mêngkono kuwi rak pikiraning wong sing lagi kêplantrang. Mungguh bêciking basa Surakarta, kuwi ora mung kowe utawa aku bae sing angalêmbana, nanging sakabèhing wong Jawa, sanadyan guprêmène iya wis angakoni, mulane basa Surakarta iya banjur dianggo tuntunane basa Jawa, ing pamulangan Jawa ngêndi bae, sing diwulangake iya basa Surakarta. Basane buku-buku Jawa, sing dianggo iya basa Surakarta, sanadyan layang kabar utawa kalawarti pisan yèn basa Jawa, sing diênggo sabisa-bisa iya kudu basa Surakarta.

Garèng : Lho Truk, kandhamu mau kok sabisa-bisa, kêna ngapa ora ditêmtokake kudu nganggo basa Surakarta.

Petruk : Wah, kiyi katrangane dawa bangêt, liya dina bae padha dibanjurake rêmbuge.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kawartosakên, benjing pungkasaning taun punika, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral De Graeff badhe malêsi mara tamu dhatêng Indho Cina.

Ing sawingkinging masjid ing Bandhung dipun êdêgi griya alit, maligi namung kangge sadhiyan prakawis salakirabi, kawontênaning griya sarwa sae.

Pambantu Kajawèn martosakên: kala tanggal 17 wulan punika, margi sakilèn Prambanan, Ngayogya, wontên otobis saking Ngayogya badhe dhatêng Klathèn, sarêng lampahipun dumugi krêtêg lèpèn Opaksêpil, angglimpang mangalèr, kêplorod wontên bambingipun lèpèn, rodha wontên nginggil. Tiyang ingkang numpak wontên 15, ingkang kataton 6, sangêt 2.

Kongsul karajan Siyêm ing Batawi, atas saking asmanipun ministêr jajahan ing Bangkok, ngaturi uninga dhatêng gupêrnur ing Jawi Kilèn, bilih botên dangu badhe wontên tamu saking Siyêm, nama Tuwan Mom Chao Chitra Bhogadavi wakil dhirèktur jendral dhepartêmèn prakawis urusan arta praja. Tuwan Phya Davi Vachnahora, dhirèktur dhepartêmèn pajêg, tuwin Tuwan Luang Purnasiri, sèkrêtaris ministêr urusan arta, dhatêngipun ing tanah Jawi badhe nyinau bab pathokan pajêg.

Wontên pawartos, bilih rancangan badhe adêging griya taman pustaka pamulangan luhur pangadilan sampun dados, waragadipun f 250.000.-, ingkang sapalih badhe kalêbêt ing rantaman taun 1930. Taman pustaka moseum inggih badhe kalêbêtakên ing ngriku.

Jalaran saking wontêning kasangsaran bêna ing Pasuruan ing măngsa rêndhêngan punika, sêmèrupon andarmani arta f 90.000.- Kajawi punika taksih nindakakên pados darma sanèsipun.

Sawênèhing tiyang èstri ing dhusun Têgalparang, Batawi, jalaran saking sakit bêntèr lajêng supe, badhe mêjahi anakipun ingkang taksih alit, rahayunipun lajêng konangan ingkang jalêr, nanging malah lajêng dipun gorokakên ing gulunipun piyambak. Tiyang wau lajêng dipun bêkta dhatêng C.B.Z.

Wontên pawartos, bilih paduka Tuwan E.H.M. Uljee dhirèktur B.O.W. benjing wulan Sèptèmbêr ngajêng punika badhe pêrlop dhatêng Eropah, jalaran kirang saras, lan dumugining watês pêrlop wontên pangajêng-ajêngipun sagêd pènsiun.

Ir. E.A. Voorneman wakil burgêmistêr ing Magêlang dipun angkat dados burgêmistêr ing Malang, anggêntosi Tuwan Bussemaker, ingkang sampun dados burgêmistêr ing Surabaya.

Kawartosakên, P.N.I. apdhèling Mataram badhe damêl parêpatan umum, prêlu ngrêmbag suwal propagandhah sajawining Indhia tuwin bab ebahing kamajêngan wanita Indhia. Insinyur Sukarna badhe tumut mêdhar sabda.

Wontên susulan pawartos, bilih anggènipun Miss Riboet kadakwa gadhah sambutan sewan dhatêng Orion Bioscoop ing Bandhung punika dora, katranganipun sampun botên gêgayutan bab punika, anggènipun nyewa namung nalika wontên ing Bandhung sakêdhap. Sarêng tanggal 10 Nopèmbêr 1928 botên gêgayutan malih, awit ing tanggal wau kontrakipun lajêng dipun udhari.

--- 515 ---

Lampahing sêpur Batawi dhatêng Surabaya sadintên, benjing 1 Nopèmbêr ngajêng punika, tumrap bagean kilèn lampahipun makatên: Wèltêprèdhên - Cikampèk - Cirêbon - Prupuk - Purwakêrta - Kroya - Ngayogya. Wontên ing Kroya dipun gandhèngakên dados satunggal kalihan sêpur saking Bandhung. Sêpur èsprès saking Surabaya ugi papagan wontên ing ngriku.

[Grafik]

Kawartosakên, bilih Tuwan Hillen gupêrnur Jawi Kilèn, kawisudha jumênêng warga rad Indhia.

Kala ing dintên Ngahad kapêngkêr, pakêmpalaning para wanita ing Batawi anêtêpi kados panêdhanipun pakêmpalan Wanita Utama ing Purwarêja. Ing dintên wau pakêmpalan Margining Kautamèn, 2. Rukun Wanodya, 3. P.I. ing Mistêr Kornèlês, tuwin sanès-sanèsipun, sami adamêl pakêmpalan piyambak-piyambak, saha wanci jam 10 lêrês, para wanita ingkang sami wontên ing pakêmpalan sami kèndêl angêningakên cipta dangunipun samênit, prêlu andêdonga tuwin angluhurakên dhatêng panjênênganipun suwargi Radèn Ajêng Kartini, saupami sugêng, ing dintên wau sampun yuswa 50 taun. Ing sabibaring ngêningakên cipta wau, ing pakêmpalan ngriku lajêng ngwontênakên rêmbag sawatawis, dene andharanipun pakêmpalan Margining Kautamèn badhe kapratelakakên ing Kajawèn sanès dintên.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 387 ing Kaliwuluh. Lêrês, taun punika sampun pundhat.

Lêngganan nomêr 1259 ing Lojiwurung. Pos wisêl f 15.- sampun katampèni. Pamundhut panjênêngan sadaya kula prayogèkakên. Salajêngipun bab pambayaran, kula amborongakên ing panjênêngan (8X f 1.50).

Saking satunggiling lêngganan ing Madiun, administrasi nampèni sêrat ingkang wosipun mundhut: Kajawèn lêbaran nomêr akalihan dhaptar buku-buku enggal. Rèhning sêrat wau botên dipun tăndha astani tur inggih botên katêrangakên nomêring lêngganan, dados administrasi botên sagêd nglêksanani.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 184 ing Sitiarja. Panjurung panjênêngan botên kapacak, amargi suraosipun sampun sairib kemawon kados panjurung sanèsipun.

Tuwan K. Dijaya ing Jalatundha, Lasêm. Panjurung panjênêngan raosipun lêbêt sangêt, sagêd ugi damêl bingungipun para maos, mila botên kapacak. Botên usah kasambêtan. Kauningana.

Lêngganan nomêr 843, nomêr 1268 tuwin nomêr 2658. Pandangu panjênêngan prayogi sami nêrangakên dhatêng Plaatselijke Lanbouw-consulent utawi dhatêng Hoofd Afddeeling Lanbouw, Buitenzorg.

Bab buku.

Redhaksi Kajawèn mêntas nampèni buku wurdhênbuk Walandi Jawi jilid kalih, karanganipun Tuwan P. Darminta, cacah 1 iji, kawêdalakên saha kasade dening Tuwan S.M. Diwarna ing Kuthagêdhe, Ngayogya. Buku wau agêngipun cêkap dipun kanthongi, cacah 13.000 têmbung, rêgi f 1.15.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

Redhaksi Kajawèn tampi sêrat pitakenan saking Tuwan Ab. Siti Sjamsijah ing Surakarta bab ngintuni buku. Bab wau redhaksi Kajawèn dèrèng nampèni bukunipun.

Nglêrêsakên kalêpatan.

Ing Kajawèn nomêr 32 bab anggènipun Tuwan H.A. Salim dados utusaning parentah dhatêng Genève punika kalèntu, lêrêsipun anggèning dhatêng Genève wau awit saking panêdhanipun kaum bêrah N.V.V. nagari Walandi, supados dados adpisur utusaning parentah Walandi dhatêng Genève.

--- 516 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

23.

Jam satêngah sanga sontên Rajiman sampun botên gadhah padamêlan malih, mila enggal tata-tata badhe wangsul. Kala samantên Bok Sura manggihi, wicantênipun: Dhi, êngga têng kamar kula sadhela.

Rajiman mangsuli kanthi gugup: Ontên napa, yu, dene sêmune kok prêlu têmên, upami ontên ngriki mawon napa botên kenging.

Kênane ngotên ênggih kêna, nanging bêcik ontên kamar kula katimbang kalih ontên ngriki.

Rajiman tut wingking Bok Sura kanthi manah dhêg-dhêgan, ulatipun malih dados biyas, ing sêmu sampun kraos bilih badhe wontên prakawis ingkang kirang sakeca tumrap ing badanipun. Sarêng sampun dumugi ing kamaripun Bok Sura atakèn, têmbungipun: Ontên napa ta, yu.

Niki, kula dititipi dhuwit saking dara tuwan têng dika.

Rajiman nampèni kalihan wicantên: Arta napa, yu, niki.

Blănja dika sasi niki.

Êlo, hla taksih tanggal samantên kok êmpun maringi blănja.

Ênggih, nanging ênggih mung si adhi dhewe, lan malih wau dhawuhe dara tuwan: sesuk si adhi botên kaparêng nyambut gawe malih.

Dikèndêli.

Ênggih, dilèrèni.

Sababe kapripun, yu.

Napa si adhi rumasa botên duwe kaluputan. Saupama botên... mokal yèn nganti dilèrèni. Nitik saka buktine kula bisa ngarani yèn kaluputane si adhi dede kaluputan cilik, nanging gêdhe, sing dadi sêksine blantik Wăngsa.

Êmpun yu. Êmpun, samantên mawon, êmpun dilajêng-lajêngake, kula êmpun ngakêni.

Sukur.

Êlo, hla, niki blănja kula kok jangkêp, botên dicêngklong sambutan.

Dara tuwan kok botên dhawuh napa-napa, dadi kula botên ngrêti.

Rajiman kèndêl kemawon ngantos dangu, wusana angêsah kalihan wicantên: Êmpun, yu, klilan, kula ajêng wangsul. Botên langkung manawi salêbête sami kêkêmpalan pinanggih ontên sarusiku kula, bok ayu karsaa paring pangapuntên.

Padha-padha, dhi, kula samontên uga.

Rajiman mêdal saking kamaripun Bok Sura, tumuntên lumampah nêdya wangsul, samargi-margi manahipun ngraos sêdhih dene dipun kèndêli saking padamêlan, tamtu badhe gêsang kanthi ngrêkaos, măngka sambutanipun kathah sangêt. Lan malih gumun, dene lajêng kêtitik, măngka kala mêndhêt ngantos dumuginipun kapasrahakên dhatêng blantik Wăngsa botên wontên tiyang satunggal-tunggala ingkang sumêrêp. Punapa blantik Wăngsa piyambak ingkang cariyos dhatêng Tuwan Hèldhêring, kados mokal yèn puruna.

Sadumuginipun ing griya Rajiman enggal nyariyosakên kasusahanipun dhatêng ingkang èstri.

10. Panggagasipun dhatêng lètêr Dj. S. saya sangêt.

Kados para maos sampun mirsa, bilih băngsa Walandi ingkang sami ngajawi punika botên mêsthi lajêng dêdunung wontên ing tanah Jawi ngantos dumugi ajalipun, nanging kathah ingkang samasa sampun sêpuh lajêng wangsul dhatêng tanah wutah rahipun piyambak. Dados anggènipun dêdunung wontên ing tanah Jawi punika maligi namung saking nindakakên wajib. Malah adatipun, ing salêbêtipun nindakakên wajib wau sabên sadasa taun sami mrêlokakên wangsul, wontên ingkang jalaran pados kasarasan, sawênèh kapengin tuwi tiyang sêpuh utawi sanak sadhèrèkipun, dipun wastani prêlop.

Tuwan Hèldhêring anggènipun wontên ing tanah Jawi sampun wolulas taun, sawêg prêlop sapisan, dados kalih taun malih jangkêp kalih dasa taun, sawêg kenging prêlop, nanging Tuwan Hèldhêring botên kantos ngêntosi kalih taun wau, amargi nyonyahipun tansah sêsakitên kemawon, têtimbanganipun dhoktêr: yèn botên enggal kaungsèkakên dhatêng nagari Walandi badhe mutawatosi. Makatên malih Prang sampun mangsanipun kasakolahakên dhatêng pamulangan luhur, măngka kala samantên ing tanah Jawi ngriki ingkang nama pamulangan luhur wau dèrèng wontên.

Kala prêlopipun kirang sawulan, Tuwan Hèldhêring kintun sêrat dhatêng Sêmarang, dhatêng Prang, suraosipun suka sumêrêp bilih sawulan êngkas badhe bidhal dhatêng nagari Walandi, Prang kalihan Idhah badhe kaajak, sarta badhe katilar wontên ing nagari Walandi, supados sami nêrusna pasinaonipun wontên ing ngriku. Dene Atmadi, ingkang tamating pasinaonipun taksih kirang sataun malih badhe katilar wontên Sêmarang, dipun kanthèni Bok Sura, saha katitipakên dhatêng Nyonyah Harting. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0 ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


angèl. (kembali)
pawèstrènipun. (kembali)
Sênthêng. (kembali)
siji. (kembali)
Kurang satu suku kata: adoh-adoh disusul. (kembali)