Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06-15, #293

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06-15, #293. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06-15, #293. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 48, 7 Sura Taun Ehe, 1860, 15 Juni 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [741] ---

Ôngka 48, 7 Sura Taun Ehe, 1860, 15 Juni 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasisir Peureula' (Acèh)

[Grafik]

Asrining kang tirta samodra, datan wangwang nêmpuh kawasa ing satêmah têlês warata, angayêmi kang tarulata.

Asrinira dharatan kèksi, kang ron wilis dahat rêspati, jatinira adining bumi, saking agung kawasèng Widhi.

--- 742 ---

Raos Jawi

Diksura

Watak diksura punika kajawi adhakan dados wêwatakanipun tiyang ingkang kirang wêweka, ing ngriku ugi atêgês bêtah utawi rêmên ingumpak ing liyan.

[Grafik]

Sang Gunawan Wibisana.

Wontên paribasan: sapa kang dhêmên diumpak ing liyan, prasasat wong kang gêlêm dikêthok gulune. Mila wontên wêwarah makatên, awit rêmên dipun umpak, punika manawi kêlajêng, lèrègipun sagêd ugi kaencokan watak diksura. Dados têrangipun: sintên ingkang darbe watak diksura: punika ewonipun tiyang umpakan.

Ing nginggil sampun mungêl: sapa kang dhêmên diumpak ing liyan, prasasat wong kang gêlêm dikêthok gulune. Punika badhe katêrangakên mawi pêpiridan saking lêlampahanipun Sang Rawana, inggih nata ing Ngalêngka diraja, cêthanipun makatên:

Nalika Sang Rawana ngayunakên putri ing Mantili, inggih Dèwi Sinta, môngka Dèwi Sinta ing wêkdal samantên sampun dados garwanipun Sri Ramawijaya, mila Rawana ambobot timbang ing bab badhe alampah druhaka wau, nêdha rêmbag dhatêng arinipun ingkang awasta Gunawan, inggih Wibisana. Têmbungipun makatên: Mêngko ta Gunawan, saupama jênêng ingsun amêngku Dyah Mantilidirja, rak iya wis kapara patut, jêr ingsun sawijining ratu kang sugih rajabrana, apadene saupama ana kurdane Ramawijaya, kaya-kaya jênêng ingsun ora bakal mundur sajangkah. Têgêse: wania tak sêmbadani, ngamuka iya tak kêmbari, gèk sapira budine Ramawijaya. Lah, kang iku mungguh saka rêmbugmu kapriye. ... Gunawan mangsuli kanthi têmbung pangowêl dhatêng ingkang raka, awit cariyosipun dhalang, sami-sami sadhèrèk Wibisana punika kasinungan awas paningalipun dening dewa, pramila sagêd sumêrêp ing sadèrèngipun, têmbungipun makatên: O, kakang mas, manawi parêng dhanganing panggalih, mugi karsaa andhahar atur kula, sasagêd-sagêd mugi sampun ngantos kalajêngakên anggèn paduka ngayunakên putri ing Mantilidirja, awit sampun dados gêgêbênganipun Sri Rama. Lan Sri Rama punika sayêktosipun satunggaling ratu binathara, tur titising Wisnumurti. Pramila sintên ingkang purun dhatêng Sri Rama prasasat purun dhatêng dewanipun. Ingkang makatên punika saking pangowêl kula, sêdyanipun kangmas ingkang samantên wau [wa...]

--- 743 ---

[...u] mugi sampun kalajêngakên. Lêrês paduka abôndha bandhu, ananging mênggahing sayêktosipun, saupami kadadosan prang, badhe kasoran.

Sarêng Prabu Rawana midhangêt atur pamrayoginipun ingkang rayi makatên wau, botên andadosakên rênaning panggalih, nanging malah dinalih yèn Wibisana ambombong mêngsah, ngasorakên prajanipun, mila sanalika duka sangêt. Cêkakipun: Wibisana malah dipun limpung, mila lajêng lolos saking Ngalêngka, suwita dhatêng Sri Rama salami-laminipun.

Wiwit saking punika andadosakên apêsing praja Ngalêngka, tuwin amêwahi kandêling bètèngipun Sri Rama, têgêsipun amêwahi padhanging pamawasipun Sri Rama dhatêng wêwadosing praja Ngalêngka ingkang jalaran saking aturipun Wibisana, mila inggih andadosakên gampil panungkêpipun.

Makatên punika ingkang kula upamèkakên bêbasan kados ing ngajêng wau. Awit dukanipun Dasamuka punika jalaran kabêkta saking kanggenan watak diksura. Dupèh tiyang ingkang kasoran darajatipun, nadyan gadhaha atur ingkang lêrês pisan botên patos dipun gêga, lumuh angraosakên ing sadèrèngipun, lajêng duka, supe ing purwa duksina, awit bêtahipun namung rêmên dipun umpak. Dados mênggahing pamikir ingkang adil sampun sirna babarpisan, kalimput ing ambêk kadiksuran. Mila ing ngriki lajêng sagêd nêtêpakên lêrêsipun paribasan: sapa kang dhêmên diumpak ing liyan, prasasat wong kang gêlêm dikêthok gulune.

Makatên punika lêrês lêpatipun masaborong. Botên langkung mugi sampun kirang ing pamêngku.

Nirrasa.

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 47.

Tumrap lare umur 2 taun dumugi 5 taun, dolanan ingkang nyarasakên badanipun punika mlampah-mlampah lan plajêngan ing pakarangan. Dene tumrap lare ingkang diwasa, bal-balan gymnastiek sapanunggilanipun, ananging ingkang botên ambêbayani.

Sadaya dolanan makatên punika nyakecakakên utawi nyaèkakên otot-otot bayu lan jantung, anglandhêpakên paningal lan sanès-sanèsipun.

Sadèrèngipun lare wiwit sinau dhatêng pamulangan, tiyang sêpuh kêdah amarsudi sagêda sumêrêp tatacara lan lêlampahan ingkang sae kados ta, ambêk wêlas asih, ajrih lampah awon, ngajèni dhatêng tiyang sêpuh, prayogi kakulinakakên suka kaurmatan dhatêng bapa biyungipun, kalihan ulat manis, sarta têmbung ingkang alus.

Tiyang sêpuh kêdah ngawisi anakipun mêmêjahi utawi misakiti kewan agêng utawi alit, kados [ka...]

--- 744 ---

[...dos] ta: ngabên ayam, jangkrik, mancing bèbèk, mruthuli êlar lan suku kupu utawi kinjêng. Manawi patrapipun lare ingkang makatên wau dipun uja kemawon, ing têmbe lajêng anuwuhakên watak siya, mêntala lan botên asih ing sasami. Manawi lare punika kalêpatan prêlu dipun srêngêni, ananging sampun pisan dipun gêbag, sanajan nganggea tangan, kosok-wangsulipun inggih kêdah ingalêmbana manawi gadhah pandamêl sae.

[Grafik]

Lare nuju sami dolanan.

Lare-lare punika manawi badhe nêdha sarta sampun nêdha, limrahipun anggènipun wisuh tangan botên rêsik, namung dipun kobokakên kemawon, dados tilas lan gandanipun têtêdhan taksih kêlèt punapa malih trapipun nêdha ingkang limrah kêsêsa, prasasat tanpa kamamah lajêng dipun êlêgi kemawon, kawontênanipun lare-lare ingkang kirang sae punika tiyang sêpuh kêdah ngèngêtakên.

Dipun upamèkakên tanêman, manawi taksih nèm inggih kêdah angsal soroting srêngenge lan hawa ingkang cêkap, amurih sae tuwuhipun, makatên ugi lare alit, manawi kalêrês têrang sae botên wontên angin agêng, prayogi sami dipun purih dolanan ing jawi griya (pakarangan). Manawi ing wanci enjing lare sampun tangi, sampun ngantos suka lumah-lumah wontên ing patilêmanipun kemawon, utawi dolanan ing sênthong ingkang dèrèng dipun bikak jandhelanipun.

Sênthong patilêman sabên dintên prêlu kaêngakakên jandhela lan lawangipun, punapa malih dipun rêsiki, pirantos patilêman kêdah dipun êpe ngantos sawatawis dangunipun.

Tumrap tiyang sêpuh ingkang kiyat utawi cêkap, gadhah griya agêng prayogi anak-anakipun kapanggènakên ing satunggiling sênthong ingkang sampun katamtokakên.

Anglêlantih manahipun lare supados pintêr lan sugih akal punika, botên kenging kasêsa, supados lare wau dados lantip, prayogi dipun sukani sêrat-sêrat ingkang wontên gambaripun kemawon, kados ta: kêkajêngan, griya-griya lan sapanunggilanipun.

Lare sêkolah utawi sinau ing pamulangan.

Para sagêd dèrèng sagêd nêtêpakên lêrês mênggah wiwit umur pintên lare punika kenging sinau ing pamulangan. Miturut ing kalimrahan kengingipun kasêkolahakên manawi sampun jangkip[1] umur 6 taun. Pamanggihipun para sagêd lare ingkang sampun jangkêp umur 6 taun punika, sampun kenging sinau sawatawis jam dangunipun ing sadintên-dintênipun, saha botên badhe andadosakên karisakaning badanipun. Ananging wontên sawênèhing tiyang pintêr ingkang mastani utêkipun lare punika, cêkapipun manawi sampun umur 7 taun, dados inggih umur samantên punika [pu...]

--- 745 ---

[...nika] saenipun wiwit sinau ing pamulangan.

Tumrap tiyang sêpuh ingkang sagêd ngopèni anakipun, kalihan pantês ing griyanipun piyambak, limrahipun sami gadhah raos makatên:

Wiwitanipun tiyang sêpuh karaos bingah dene anakipun sampun purun sêkolah, jalaran padamêlanipun ngopèni lan anjagi griya suda, lan sampun kapasrahakên dhatêng para ingkang langkung sagêd, andadosakên ical uwas sumêlanging manah, awit manawi anakipun wontên ing griya asring dolanan dhatêng pundi-pundi, ingkang sok mutawatosakên kados ta, lajêng kêrêngan kalihan lare sanès, dolanan ing margi kuwatos kêtumbuk motor utawi sanèsipun, ing pinggir lèpèn lan sapanunggilanipun.

Ingkang kaping kalih tiyang sêpuh lajêng tuwuh gagasanipun makatên: apa bêtah anakku pisah karo bapa biyunge, apa ora nangis ana ing pamulangan, kang jalaran diladaki kancane, apa gurune wêruh lan banjur tumuli nulung.

Manawi taksih wiwitan lare sêkolah punika namung kêdah ngulinakakên nêtêpi kuwajibanipun ing pamulangan, awit kawontênan ing pamulangan punika beda sangêt kalihan ing griyanipun piyambak, wontên ing griya botên wontên ingkang munasika, kenging dolanan sakajêngipun, ananging wontên pamulangan botên makatên, piyambakipun kêpêksa linggih ing bangku ngantos jam-jaman lan kêdah anggarap lan mirêngakên sadaya parentahing gurunipun sarta manah sadaya ingkang dipun wulangakên.

Dados kawontênanipun lare ingkang mêntas lumêbêt sêkolah punika, beda sangêt kalihan wontên ing griyanipun, lan ewahipun punika dadakan kemawon. Mila sok wontên lare ingkang mêntas lumêbêt sami ewah kasarasaning badanipun ngantos sawatawis dangu, raining lare katingal pucêt, nêdha kirang eca, wawratan botên ajêg lan sanès-sanèsipun. Ananging manawi sampun kulina dangu inggih pulih kados suwaunipun.

Badhe kasambêtan.

[Grafik]

Para ahli anggambar corèk, adhakan sagêd manawi anggambar papan sawangan dipun dèkèki gambar wit kalapa, awit pancèn asri, dene tumraping bôngsa ngamonca, kalapa punika dados tandhaning nagari bêntèr, mila ngantos dados gambaring pasêmon nagari bêntèr. Gambar sasisih punika gambaripun pasisiripun nagari Batên kilèn.

--- 746 ---

Tanah lan Tiyangipun

Ujungan, Inggih dipun Namakakên Sabêt

Sambêtipun Kajawèn nomêr 47.

Tangan kiwa wau kangge nangkis gêbag ingkang sakintên badhe dhumawah dhatêng rai. Sirahipun kabuntêl sinjang saking nginggil mangandhap katangsulakên ing janggut utawi ing uwang, ing sirah sangandhaping buntêl sinjang wau kasukanan barang ingkang êmpuk saha sawatawis kandêl, kados ta: sinjang karangkêp-rangkêp, gadêbog garing utawi rumput. Pambuntêlipun sirah mawi sinjang wau kapara mangajêng, ngantos jago wau manawi dipun tingali saking ngiringan botên katingal rainipun, buntêl sirah wau dipun wastani udhêng utawi cindhung, manawi jago-jago sampun rampung anggèning dipun panganggèni kados makatên, rancak kalih iji ingkang sampun kasadhiyakakên, sami kadèkèk ing siti sangajênging jago tuwin walandang kêkalih wau, prêlu dipun cocogakên ukuran panjang tuwin agêngipun, sarta ugi dipun titi priksa sanès malih, bokmanawi wontên barangipun ingkang ambêbayani. Jalaran sampun nate kalampahan, wontên tiyang sami pêrang tandhing ujungan, mêngsah ingkang satunggal kêtaton kadosdene tapaking barang landhêp, kakintên rancak ingkang satunggal dipun pasangi barang landhêp, kados ta: paku, bêling sapanunggilanipun, awit ingkang damêl rancak botên tamtu jago utawi wlandang piyambak. Sasampuning makatên, lajêng jago ingkang nantang akèn dhatêng jago mêngsahipun, supados mêndhêt rancak saha milih piyambak salah satunggal. Ing ngriku pêrang tandhing badhe dipun wiwiti, dipun tata makatên:

Jago kêkalih kapurih ngadêg ajêng-ajêngan kanthi nyêpêng rancakipun ing tangan têngên, têbihipun ngadêg kirang langkung gangsal mètêr, wlandangipun ngadêg ing sawingking utawi ngiringan cêlak jagonipun piyambak-piyambak, dene ingkang anggarubyug kêdah têbih sawingkinging jago, makatên ugi tiyang-tiyang ingkang ningali kêdah têbih. Manawi wlandang sampun nyukani têngara, ayo wiwit maju, lajêng dipun wiwiti pêrang tandhing. Wah ramenipun, manawi wontên jago ingkang kenging rancak, wadyabalaning jago ingkang anggêbag, tuwin para tiyang ningali anggènipun surak-surak ngantos ambarêbêgi kuping. Ingkang sok anggumujêngakên, inggih punika ningali tandang polahipun wlandang, jingklak-jingklak pathenthengan, saèmpêr botoh sawêg ngabên sawung ing kalangan. Manawi wontên jago kêgêbag (kenging rancak) punapa malih manawi katawis dipun raosakên sakit, wlandangipun lajêng ngabani sêmu kangge pangarêm-arêm: ora dadi apa, aja kuwatir, bocah lanang. Dados, wlandang punika sadangunipun tansah ngêdalakên polah utawi têtêmbungan ingkang sagêd narik manahing jagonipun, supados kêndêl anggènipun pêrang tandhing. Sampun nate kalampahan, sabibaring perang tandhing, wlandanging jago ingkang kawon pêrangipun, nêpsu, mampang-mampang katawis bêntèr manahipun, lajêng nantang

--- 747 ---

pêrang tandhing dhatêng wlandanging jago ingkang unggul juritipun, ugi lajêng kalampahan pêrang tandhing wlandang sami wlandang.

Limrahipun, manawi wontên pêrangan tandhing kados makatên, ing môngka ingkang kangge dhadhakan pêrang sabab rêbatan talèdhèk, talèdhèk ingkang kangge rêbatan wau mêsthi ningali, sabibaring pêrang tandhing talèdhèk wau lajêng tumut dhatêng jago ingkang unggul juritipun, sanadyan sajatosipun botên rêmên dhatêng jago ingkang unggul wau.

Mênggah adat cara pêrang tandhing ujungan, utawi sabêt kasêbut ing nginggil, punika kintên-kintên ing sakiwa têngênipun taun 1885, kala samantên ugi sampun dados awisaning nagari ngantos sapriki, mila papanipun kangge ujungan wau limrahipun milih panggenan ingkang têbih dhusun (têbih pulisi), ananging manawi pulisi dhusun namung tiga sêkawan kemawon, ajrih upami nyêpêng utawi ambibarakên tiyang sami pêrang tandhing ujungan, sabab sok purun anglawan dhatêng pulisi kanthi ngroyok. Ewadene saking pamarsudinipun para punggawa pangrèh praja sarta pulisi, adat cara ujungan (sabêt) wau saya dangu saya kirang, malah ing sapunika prasasat sampun ical babarpisan. Ewahing jaman, sagêd ugi anjalari icaling adat cara wau, sabab ing sapunika lare-lare ing padhusunan kathah ingkang sami sêkolah.

Wasana têlas namung samantên sêsêrêpan kula bab wontênipun: ujungan, utawi sabêt. Mênggahing sajatosipun, andharan kula kasêbut ing nginggil wau botên migunani dhatêng para maos, inggih namung lumayan kemawon, dene para maos sagêd nguningani adat caraning panggenan sanès, botên langkung nyuwun gunging pangaksama.

Pun Supardan - Purwakêrta.

Kawruh Sawatawis

Bab Ayam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 47

Manawi kuthuk ingkang agêng piyambak sampun mangsanipun nyapih, inggih prayogi lajêng kasapiha dipun sêngkêri ing sanès, kasade utawi kapragad. Ingkang èstri, manawi sakintên badhe sagêd dados babon sae, prayogi kaingah. Manawi wontên ingkang ngrêbati, tamtu sagêd mindhak pangaosipun, makatên rekanipun ngingah pamomong ayam kabincih.

Nalika ing Surakarta wontên pasamuwan sêkatenan ing wulan Mulud, Alip 1859, malah sampun wontên ingkagn mitongtonakên, sawung kabincih ingkang momong kuthuk tuwin ayam, salong sampun kumanggang, dêmuku, sasaminipun. Malah ing ngriku wontên, plat sêratan kagantung, mungêl: [mu...]

--- 748 ---

[...ngêl:] sintên para priyantun ingkang kêpengin ambincihakên ayam, kenging, katampi kalayan lêlahanan.

Ing mangke sampun têtela bilih ulamipun sawung kabincih punika dados pilihan sasamining ulam ayam, awit sanajan sawung wau sampun sêpuh (ingkang limrah dagingipun alot) nanging daginging sawung kabincih, mêksa mopol, gurih, anyir, anggajih. Nanging sagêdipun makatên wau sarana ngêntosi sawatawis dangu. Ing mangke:

Kala swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VI punika pancèn sêpta sangêt dhahar ulam sawung kabincih, nanging rèhning sawung kabincih wau awis rêginipun, saha manawi namung tumrap kagêm dhahar dalêm kemawon kagêngên (kêkathahên) wasana kagungan modhèl, ingkang kagêm dhahar dalêm sabên dintên wau, ayam dhere (badhe dados dhara) nanging ayam wau mawi kareka, murih raosing ulamipun sami utawi mèh sami kalihan ayam kabincih, mopol, gurih, anyir. Dene pangrekanipun makatên:

Iyasa kandhang ayam, sawarni grobog balabag, panjang 1½ m. wiyar ¼ m. inggil ¼ m. ngandhap nginggil, ngajêngan mawi krawangan, mawi suku ½ m. Grobog wau lajêng kakothak-kothak ing blabag, dados 10 kothak, ingkang dipun angkani 1-10. Wiyaring kothak namung sasrêging badan ayam dhere, dados ayamipun botên sagêd ebah kajawi ngadêg kalihan andhêkêm. Ing ngajêngan mawi bolongan sacêkaping êndhas ayam, ngajêngan ing jawi kadekekan pithi makanan ingkang kakêmbong têdhanipun.

Dene anggènipun ngandhangakên makatên. Upami:

Wiwit ing dintên Sênèn. Ayam kakandhangakên ing kothak, ôngka 1. Dintên Sêlasa kaêlih dhatêng kothak ôngka 2. Kandhang ôngka 1, dipun sukani ayam enggal. Dintên Rêbo, ayam ôngka 2 kaêlih dados ôngka 3, ôngka 1, dados ôngka 2. Ôngka 1, ayam enggal. Makatên salajêngipun dumugi pantog ôngka 10, dados 10 dintên. Dintên kaping 11-ipun, sawêg kapragat. Ayam ing kandhang dipun êlihi malih kados ingkang sampun. Sabên dumugi ôngka 10, enjingipun kapragat. Ingkang ôngka 1, kasusulan ayam enggal.

Kareka kados makatên wau, ayamipun sagêd lêma, namung kirang gajih, raosing ulamipun têka mèh sami kalihan ulam ayam kabincih, sagêd kula ngandharakên bab raosing ulam wau, sayêktosipun kula asring nampi lorodan dalêm.

M.ng. Citrasantana.

--- 749 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson.

XVIII. Palih dibegal.

[Pocung]

bêkah-bêkuh Radèn Palih arawat luh / ing batin sêsambat / ora kêndhat ngrumasani / ing lupute tansah thukul krasa-rasa //

kaya bingung panêmune êmung suwung / gagasane nglambrang / saka kêpêpêtan ati / awit judhêg gone dipitaya nata //

lakune mung sapenake klênthung-klênthung / nanging ora kêndhat / iya tansah ngangin-angin / bokmanawa lakune nêmoni warta //

barêng mak nyut kèlingan nuli ambacut / arêp nyang padesan / ing kirane kono mêsthi / gon jujugan wong lunga saka nagara //

nanging mungguh pangirane ora jumbuh / ing sabên wis têkan / ing gon rame anakoni / durung tau marangguli olèh warta //

angêlantur mêksa ora olèh tutur / malahan dikira / yèn dhèwèke dadi têlik / mokal bangêt anaa wong kôndha blaka //

dhèk pinuju kêpêthukan wong lumaku / Palih alon kôndha: cobi dhi kèndêl rumiyin / kula badhe pitakèn namung sakêdhap //

ala nganggur yèn adhi agadhah tutur / punapa ta priksa / wontên tiyang enggal ngriki / èstri kalih asli saking ing nagara //

uwong mau lakune ketok kêsusu / sajak ora lêga / jalaran samar ing ati / cêkak kôndha ora wêruh apa-apa //

saya ewuh ananging yèn banjur lumuh / ora têtakona / wis mêsthi wartane sêpi / mula tansa atêtakon ora kêndhat //

wong yèn kojur lakune lagi kêjujur / ya uwis dilalah / saka Palih ora ngrêti / ing bab ewuh pakewuhe ana dalan //

dhèk ambacut lakune uwis mèh surup / adoh ing padesan / ana wong anganggrak wani / hèh mandhêga kowe kuwi uwong apa //

tratab gugup Palih mandhêg grêg acancut / eling wong nagara / ora kêna mambu uni / malah ngaglah karo ngungalake dhadha //

clathu sêru: o, wong ora wêruh saru / adoh tatakrama / pantês yèn wong kene iki / yèn calathu ora nganggo kira-kira //

apa sirmu aku ki arêp kotêmu / aku ora samar / yèn kowe bangsaning maling / adol umuk angêpak pyayi nagara //

aku wêruh kowe bangsane wong rusuh / arêp ambêbegal / rupamu uwis kêtitik / dene dadak nganggo reka-reka nyapa //

barêng krungu uwong mau bangêt nêpsu / banjur anarajang / tangan kumleyang nêmpiling / nanging cikat Radèn Palih bisa endha //

malah mak bruk uwonge dijêjêg ambruk / Palih mara nyêdhak / raine wong diidoni / karo muni: dene kok mung ngono tiba //

ing kiraku awakmu kêngkêng akaku / jêbul tanpa daya / mung kaya bayêm ditomis / aja siji wis ayo barênga

--- 750 ---

mara //

wong sing ambruk / mung mênêng bae nyêkukruk / bangêt ing kêlaran / nanging Palih ora ngrêti / satêmêne uwong mau sugih kônca //

banjur mak byuk uwong akèh padha ambyuk / nuli andhêdhabyang / Palih emu dithuthuki / wise ambruk diblèjèdi tèk-êntèkan //

sambat adhuh Palih ora kêndhat ngruntuh / aku patènana / aja mung kogawe isin / wong milara mangkene prêlune apa //

ana clathu wong siji unine sêru / arêp tak kapakna / bok mênêng aja mraduli / ya arêpa tak têndhang cukup mênênga //

uwong mau banjur nêndhang bangêt sêru / Palih gulangsaran / sambate ambanyu mili / wise tutug kabèh nuli padha lunga //

glundhang-glundhung Palih mung prasasat ênthung / gêrêng-gêrêng sambat / sandhangan êntèk balindhis / yèn disawang anane sarwa mêmêlas //

wise mau ketok ana wong malaku / Palih undang-undang / kakang kula mang tulungi / kula niki kapêsan mêntas dibegal //

thumuk-thumuk wong sing mara mundhuk-mundhuk / barêng cêtha nyawang / nuli alon mitakoni / yèn makatên nama dhapur kêtiwasan //

lajêng pripun punapa sampeyan purun / tumut dhatêng desa / nanging sawatawis têbih / Palih êmung bisa gèdhèg asasmita //

rada bingung wong mau anggone nulung / Palih nuli kôndha / kula sampeyan tulungi / ing sabisa mang ulihke têng nagara //

yèn ta saguh ing besuk sampeyan wêruh / ing piwalês kula / uwong mau anyaguhi / nuli bali rêrikatan golèk kônca //

barêng jêdhul anggawa tandhu dipikul / dèn Palih diangkat / krungu ngêsês sambat lirih / sabar-sabar alon-alon mawon kônca //

êngga êmpun mlampah alon mawon êmpun / lan sampeyan bêkta / têng kapatihan tumuli / kula ajêng anggugat botên narima //

ing dhèk mau lakune sing mikul tandhu / iya mung lon-lonan / ditutupi jarik lurik / ora kêndhat wong alok sadalan-dalan //

ana ngacung tudang-tuding gumarumung / kono rasakêna / yèn uwong gawene maling / ora wurung awake dadi bayangan //

kuwi durung witiknèk mati dipênthung / apês sirah pêcah / cêdhak têkane ing pati / ajur amoh bathange dicacah-cacah //

wong sing krungu mung mênêng bae ambisu / yèn ta ngromèsana / tiwas mung ngênggrêg-ênggrêgi / tur nèh mungguh pakolèhe ora ana //

dene mungguh ing anane êmung ngruntuh / saka bangêt lara / karo tansah ora eling / kala-kala êmung muni: nêdha toya //

nuli ibut lakune saya disêngkut / awit tansah samar / yèn nèng dalan nganti mati / ora wurung nêmoni kurang kapenak //

wayah surup wong-uwong padha sumurup / wis têkan nagara / kabèhe ayêm ing ati / banjur bae ambacut nyang kapatihan //

nuli mak bruk siji sowan pyayi tungguk / nglapurake cêtha / bab wong sing dipikul kuwi / pyayi caos banjur lapur sanalika //

ing dhèk mau ki patih lênggahan nuju / lan kangjêng pangeran / nuli sarêngan murugi / jêng pangeran ngungkapi tutup tumratab //

lan andangu: priye ngantèn iki mau / nuli matur cêtha / miwiti nganti mêkasi / jêng pangeran ing galih karasa-rasa //

--- 751 ---

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Sêmur juru

Sêmur juru wau, bibit sakawitipun ingkang miwiti damêl modhèl, tiyang èstri juru padhaharanipun swargi Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara (pêpatih ing Surakarta ingkang sumare ing Manang) mênggah patrap pratikêling pangolahipun, makatên: ulam ayam kagodhoga nyêmêk-nyêmêk, ngantos kênthêl duduhipun, bilih sampun umob kaping kalih, lajêng kaêntasa, tumuntên aracika bumbu: rajangan barambang 10 iji, bubukan marica pala 2 sendhok tèh, kecap 2 sendhok dhahar, santên kanil 2 cangkir alit. Rajangan barambang wau lajêng kagorènga, sasampunipun kaêntas, lajêng anggorènga ulam ayam ingkang sampun kagodhog wau, sampun ngantos garing-garing. Sasampunipun kaêntas, lisah jalantahipun kailinga, wajanipun kaisahana ingkang rêsik, lajêng kaêngkrêngna malih kadèkèkana duduhing ulam ayam wau lajêng kagodhoga, bilih sampun umob sapisan, lajêng anyêmplungna gorengan ulam ayam, kasarêng lan nyêmplungakên bumbu: bubukan mrica pala ingkang sampun kauwor ing kecap. Manawi sampun umob, lajêng kauworana santên kanil. Tumuntên kakêbura kemawon ngantos saumobipun rambah kaping 3 utawi 4, ing ngriku lajêng kacêmplungana gorengan barambang, saha ing sawatawis lajêng kaêntasa. Sêmur juru wau warnining duduh: dadu, raosipun gurih tur sêgêr.

[Grafik]

Pirantosing olah-olah

Sambêl gorèng pêtis

Patrap pratikêlipun olah sambêl gorèng pêtis punika makatên: angracika bumbu: rajangan lombok abrit 30 iji, miliha lombok ingkang pêdhêsipun anggêtak (wujudipun ingkang alit panjang) prêlunipun supados sagêd nyuda lêgining pêtis. Rajangan barambang 10 iji, rajangan bawang 5 siyung, laos 2 iris alit-alit, godhong salam 2 lêmbar, bonggol sêre: sairis cêkapan, sarêm: sasendhok tèh, pêtis: tigang sendhok dhahar, santên kalapa satugêl, kapêrês kaping kalih. Rajangan brambang bawang lajêng kagorènga, bilih sampun matêng, nanging sampun ngantos garing-garing, lajêng nyêmplungna rajangan lombok kagorènga, katoyanana santên satêngah irus, lajêng kaungkêpa, bilih sampun tanak, lajêng kaêsokana santên wau sarêng lan anyêmplungakên: salam laos, irisan bonggol sêre, sarêm, traos, latunipun kaagêngana, tuwin kakêbura sampun ngantos [nga...]

--- 752 ---

[...ntos] kèndêl, manawi sampun kênthêl nyêmêk-nyêmêk andungkap sat, lajêng kauworana pêtis, têrus kaudhaka kemawon sampun ngantos kêndhat, bilih sampun sat katingal ambalondho, saha mili lisah, kanilipun sumisih lan lisahipun, inggih punika sampun matêng, tumuntên kaêntasa. Sambêl gorèng pêtis wau, wujudipun pèni menginakên, raosipun eca, kenging dipun simpên ngantos dangu kuwawi botên sagêd mambêt.

Triraras.

Barang Kina

[Grafik]

Tumrap tiyang ingkang botên ahli barang kina, manawi sumêrêp dhatêng rêrêgèning barang kina ingkang langkung saking mêsthi, tamtu anjêngêr gumun. Nanging tumrap ingkang mangrêtos, ngantos botên sagêd matês dhatêng krêta ajinipun. Ing Londhon mêntas wontên barang kina awarni lantingan, kakintên damêlan kala jaman karajan Ngêrum. Barang wau ingkang kagungan Hèrtoh ing Portland, badhe kasade, nanging kasandèkakên, amargi namung angsal pangawis f 352.000. Wujuding gambar lantingan, kados ing gambar ngandhap punika, wontên ing pêthi kaca, dipun jagi pulisi. Wontênipun rêrêgèn wau dèrèng dipun condhongi, têtela ajining barang kina punika tumrap ingkang mangrêtos kathah sangêt, kenging dipun wastani tanpa watêsan, mila botên anèh manawi rêrêgèn samantên wau taksih kêmirahên.

--- 753 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Èwêd Pakèwêding Pangkat Pangrèh Praja

II.

Garèng : Wis, Truk, mara caritakna nyang aku mungguh panêmumu, sabab-sababe apadene pangkat pangrèh praja kuwi diêmohi dening para mudha jaman saiki.

Petruk : Sabênêre ngono dudu wajibku anglairake panêmuku ing bab kuwi, awit aku kiyi dudu bangsane priyayi blêstir, dadi mêsthine iya durung tau nglakoni kangelane, kaya ta: ngubêr-ubêr wong-wong sing durung lunas pajêge, mêngkono uga durung tau nglakoni kapenake wong dadi priyayi pangrèh praja, kaya ta upamane: nèk ana lurah bawahe duwe gawe, dilênggahake nang ngisor talang, lan nèk tayuban, olèh sampur dhisik dhewe. Nanging aku kiyi mung bangsane jurnalis bae, tur dudu jênêng jurnalis jêmpolan, mung jurnalis mênggrèk bae. Panêmu-panêmuku ing bab ewuh pakewuhe ing pangkat pangrèh praja, kuwi sing akèh saka kandhane wong liya, sanadyan iya ana uga sing tak wêruhi dhewe. Dadi nèk ana gèsèhe panêmuku, aku ora kêna diarani omong kosong, nanging nèk mêksa diarani omong kosong, iya omong kosong: in commissie. Dadi sing omong kosong kuwi sing ngandhani nyang aku, aku kiyi mung drêma kulak bae.

[Grafik]

Garèng : Lho, aku iya ora ngarani, yèn panêmumu kuwi bakal: cêsplêng kae, nanging ing sarèhning kowe kuwi bangsane wong plancongan, bangsane wong sing dhêmên this-thisan golèk prakara, nèk-nèke panêmumu ing bab kuwi ana sing mathuk, lan migunani tumrap umum. Mara, wêtokna bae, aja sêmang mênggalih rikah-rikuh.

Petruk : Iya bêcik, Rèng, rungokna, nèk rumasaku sabab-sababe pangkat pangrèh praja ora didoyani dening para mudha jaman saiki kiyi, kang nomêr wahid, jalaran saking akèhing warnane pagawean-pagawean kang gumathok, cara Landane kakehan phake. Ing môngka kabèh mau ora mung kudu ngrêti bae, nanging iya kudu bisa anggone ngêcakake.

Garèng : Nèk mêngkono kuwi rak wis dadi kalumrahane pangkate wong Jawa, ora mung maligi

--- 754 ---

siji pagawean bae, nanging phake pirang-pirang, kayadene aku dhewe iya wis tau nglakoni, yaiku dadi upas kawêdanan. Ing sarèhning mung pangkat upas, pagaweane tak arani iya mung mligi jaga thok bae, jêbul-jêbul têka pirang-pirang bangêt phake, kaya ta: nèk dara carik wêdana kabênêr kakehan pagawean tulisan, aku banjur diangkat dadi hèlêp sêkripêr, nanging titulèr, têgêse tanpa blônja. Nèk dara wêdana pinuju tindak turne, aku dibênum kênèk supir, iya titulèr, nèk kawêdanan ana tamu, aku ditêtêpake dadi jongos titulèr, malah nèk dara dèn ayu wêdana tindak balônja nyang pasar, aku iya sok dadi pêndhèrèk, mara, apa ora pirang-pirang phake.

Petruk : Yah, kowe mono ana-ana bae sing kok omong. Ing batin kowe têmtune anyalahake pandhuwurane upas mau, anggone ora bisa ambedakake pagawean dhinês lan partikêlir, nanging sanyatane ora mêngkono, kowe rak durung tau nglakoni manggon ing kadhistrikan kang dununge adoh saka kutha, kuwi lumrahe saka sêpine, sok angèl bisane olèh batur, bisaa olèh iya wong sing isih cubluk bangêt, sing durung ngrêti lor kidul, ing sarèhning upas kuwi dikanthèkake marang wadana, lan wong sing dadi upas lumrahe iya wong sing wis rada akèh pangrêtine, mulane sing dadi wadana sêkawite nèk arêp prêlu apa-apa, sing dipundhuti tulung iya upas mau. Dadi nèk ana wêdana mrentah upase nindakake pagawean partikêlir, kuwi kowe aja guru-guru anggagas sing ora-ora, nanging ngèlingana yèn mangkono mau sabab saka cothone, sabab aku dhewe yakin, yèn pancèn bisa, wadana ora bakal mrentah upase nyambut gawe sing dudu mêsthine mau.

Garèng : Lho, Petruk ki kok banjur nglèsêng sadawan-dawan mêngkono, aku ora arêp ngala-ala sapa-sapa, mung arêp ambuktèkake, yèn pangkate wong Jawa kuwi sing akèh ora mung mligi siji bae, nanging akèh pang-pange, iya ora mung pangkat upas bae, sanadyan pangkat liya-liyane iya sok mêngkono, kaya ta wong dadi mandhor pasanggrahan, kuwi pagaweane ora mung jaga pasanggrahan thok bae, nanging iya kudu bisa ngladèni tamu-tamune, apa manèh nèk kangjêng tuwan sing rawuh, sanadyan sing dipundhut sing ora-ora, mandhor iya kudu bisa ngladèni.

Petruk : Wis, wis, kok banjur kêdawa-dawa mêngkono. Ing ngarêp aku wis nyaritakake, yèn priyayi pangrèh praja kuwi warna-warna lan akèh bangêt pagawean-pagaweane kang gumathok, kaya ta: kudu bisa nindakake paprentahan, kudu pintêr marang kapolisèn, kudu bisa ngadili, kudu ngrêti mênyang têtanèn, kudu mêruhi marang pagawean bang, kudu bisa nyara dhoktêr, kudu bisa dadi mandhor dalan, yèn ing bawahe lagi ana lêlara pès, kudu bisa dadi tukang bêdhag... tikus, lan isih akèh manèh tunggale, cêkake akèhing pagawean mau miturut buku bèndhêle, dadi nèk ing kantorane [ka...]

--- 755 ---

[...ntorane] ana bèndhêle 80 iji upamane, phake iya ana 80 iji. Hara, apa ora sahohah têmênan kuwi. Tur kabèh mau prasasat ora kêna disinau.

Garèng : Hla nèk ora kêna disinau, sakolahan plêdhing banjur kanggo apa.

Petruk : Bab kiyi liya dina bae dirêmbug manèh.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kongsul Tionghwa nglapurakên dhatêng gupêrnur Jawi Wetan, wontên bandera Tiongkok ingkang dipun panjêr wontên sangajênging toko Tionghwa ing Bubutan, Surabaya, dipun andhapakên ing tiyang saha dipun uwèk-uwèk. Wusana angsal katrangan, ingkang gadhah tindak makatên wau lare alit tiyang siti, botên mêngku kajêng punapa-punapa. Ing bab punika wontênipun lajêng lapur namung saking kêsêsa, mila anggènipun nyrêrêg wau lajêng kamanah botên prêlu, cêkap anyrêngênana larenipun, awit tindak makatên punika sagêd adamêl kirang prayogi.

Ing bab badhe wontênipun pasar malêm ing Rangkasbitung kêtingal agêng, têtingalanipun warni-warni. Angsal-angsalaning bêbathèn kajawi kangge dhatêng Tionghwa Hwèkhwan, ugi kabagèkakên dhatêng bab kasangsaran kabêsmèn utawi sositit pamitran. Pigunaning kabêtahan ingkang kados makatên punika, ugi gêgayutan kalihan boboling kanthong.

Wontên pawartos, Tuwan Gesseler Verschuir Residhèn Bandhung, badhe kawisudha dados gupêrnur ing Surakarta. Ing bab punika ing Surakarta badhe manggih kaanan enggal.

Pêkên taunan ing Bandhung ing taun punika, Philips Eindhoven ingkang dipun wakili A.K.I.Z. Radio Holland badhe mitongtonakên barang-barang radhio tuwin sanès-sanèsipun. Dienst Zoutregie mitongtonakên kagunanipun, makatên ugi ing bab pêlikan, badhe ngawontênakên caranipun anglêbur mas. N.V. Mijnbouw Mij Lobang Hitam mitongtonakên bab kabudidayan arêng sela. Sadaya wau sayêktosipun sami tumrap kagunan agêng.

Kawartosakên, lotre Jang Seng Ie tumuntên badhe kamainakên. Ing bab punika kêtingal sangêt ajênging tiyang ngudi kadonyan ing jaman sapunika.

Wontên pawartos, rawuhipun narendra ing Siyêm angajawi dumuginipun ing Tanjungpriuk wanci jam satêngah sadasa enjing tanggal 5 Agustus.

Ing kunjaran Cipinang, wontên bôngsa Tionghwa kêkalih nama Koeng Djoen kalihan Lo A Kai ukuman 20 tuwin 10 taun, sami kêrêngan. Lo A Kai ngantos dumugi ing tiwas. Satunggalipun tatu rêkaos. Jalaraning kêrêngan wau namung prakawis sapele.

Tuwan Marsaid, kawêdalakên saking pakêmpalan sarikat kaum buruh Indhonesiah, jalaran kasumêrêpan badhe damêl piawon dhatêng pakêmpalan.

Kados ingkang sampun nate kawartosakên, Kaji Rais, ingkang kadakwa prakawis kadurjanan, tuwin sampun dipun tahan wontên ing Singgapura, sapunika dipun luwari, amargi sêrat-sêrat praboting prakawis saking yustisi ingkang kakintunakên dhatêng Singgapura botên anyêkapi. Mila lampahing rêsèrsê sadumugining gapura tanpa damêl.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1521 ing Panataran. Buku ingkang panjênêngan dangokakên punika ingkang sade Boekhandel Visser ing Wèltêprèdhên.

Tuwan H.S. Taruna, ing Taluk. Pandangu panjênêngan prayogi pados katrangan dhatêng tiyang ingkang sampun ahli nindakakên.

Lêngganan nomêr 1298 Magêrsari. Karangan panjênêngan, prayogi kakintunakên, manawi sae badhe kapacak.

Lêngganan nomêr 2597 ing Têlukbayur. Kintunan panjênêngan gambar 2 iji botên sagêd kapacak, amargi kirang cêtha.

Lêngganan nomêr 1204 ing Ngayogya. Lêrês, gambar pasanggrahan Kaliurang asli saking panjênêngan.

Mas Sastrasêntana, ing Papar. Bab makatên punika sampun ragi kêlimrah. Gambar kakintunakên wangsul.

Rêsi Rasadipa, ing Bojanagara, karangan panjênêngan botên kapacak, awit tumrap tiyang ingkang sampun anjajah dhatêng sêrat waosan, sumêrêp manawi karangan wau asli pêndhêtan saking sêrat warni-warni.

--- 756 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arja Wiraga

2

[Dhandhanggula]

wusing dangu ki sudagar nuli / darbe osik adagang layaran / dening èngêt ing samangke / dagang sarwa pakantuk / kang jalaran wêcaning pêksi / marma dupi Ki Koja / darbe cipta iku / datan supe pirêmbagan / marang pêksi kêkalih kang dadya kanthi / mrih sayuking pamêca //

wusing lulus rêmbagirèng katri / ki sudagar wus tata sadhiya / budhal sawanci-wancine / nulya awawan rêmbug / lawan rabi amituturi / yèn ing sapêngkêrira / samubarang rêmbug / aywa pisan kaliwatan / têtarèna marang kang kukila kalih / iku rowang sanyata //

riwusira pêpêk amiranti / ki sudagar anulya budhalan / katon kucêm ing sêmune / mèngêt mring rabinipun / kang tinilar laku agrami / tan pae nini somah / nangis sênggruk-sênggruk / labêt pisahan lan priya / kang salami mung tansah cakêt sumandhing / marma mawèh karasa //

sapêngkêring ki sudagar kongsi / sawatara ari nyi sudagar / tansah adus tangis bae / tan mêndha èngêtipun / anggung katon ing guru laki / kocap sawiji dina / nyi sudagar emut / marang guru lakinira / kongsi mawèh ruhara bingunging ati / anggung dènnya udrasa //

dhêlog-dhêlog katon amlasasih / nyawang ratan amanglung jandhela / baya sarêng lêlakone / duk nyi sudagar wau / umulat mring langêning margi / apan wontên pangeran / têgar nèng marga gung / umulat mring nyi sudagar / sanalika pêthuk netranira kalih / anrus tumanêming tyas //

kalihira karasa ing ati / nyi sudagar wantuning wanodya / anulya tumungkul bae / nanging ing ciptanipun / mung karasa risang apêkik / mangkana sang pangeran / tan pae tyas giyuh / dupi praptèng dalêmira / gita-gita nuli dhawuh animbali / ing wanodya wus wrêdha //

dinuta mring dununging pawèstri / kang karasa dadya woding driya / lamun pangeran parênge / ing mangke wanci dalu / pan kapengin arsa pinanggih / apan ta wus kalakyan / janma kang ingutus / kapanggih lan nyi sudagar / lan sajarwa kaparêngira sang pêkik / tinampi lan pirêna //

sapungkuring dutane sang pêkik / nyi sudagar nulya abusana / pan kinêtog pacakane / nanging sakala emut / nyi sudagar wêlinging laki / yèku pinrih èngêta / samubarang kayun / kinèn aminta timbangan / maring pêksi kêkalih kang wrin ing gati / pinèta rêmbagira //

wusing dandan nulya marêpêki / maring menco nyi sudagar tanya / mungguh panimbangmu priye / apan ta awak ingsun / tinimbalan marang sang pêkik / apan arsa ngandikan / ingsun minta rêmbug / pêksi menco sanalika / pan sumaur mripatira amandêlik / mangkana ucapira //

datan wontên caraning pawèstri / kalanira tinilar ing priya / dadak mawi lungan dhewe / saya malih puniku / kesahan mring dununging laki / bagus maksih taruna / miwah nyatanipun / gènira ngadi busana / pan katitik sêmunira nyalawadi / sajak botên prasaja //

lah ta sampun nyai dipun eling / angèngêti ingkang lêlayaran / iba ta ing mêmêlase / ing sanalika wau / nyi sudagar pan dadya runtik / pêksi menco cinandhak / dyan binanting lampus / kocap bayan duk samana / dupi uning mung umindêl tanpa osik / kanthi anganam driya //

sêmu kadi nendra tanpa nglisik / awit ngrêksa kawilujênganira / aywa kongsi salah gawe / mung ciptanirèng kalbu / yêktinira pan ugi wajib / mêmèngêt nyi sudagar / ywa kongsi kabanjur / marma amung jaga-jaga / ing samôngsa nyi sudagar anakoni / arsa amalangana //

nanging datan arsa amancahi / mring sêdyane Ni Jenab punika / mung arsa nrapkên rekane / pinalangan ing rêmbug / amrih tuwuh marêming ati / yèn ta kalampahana / patrap kang kadyèku / yêkti tinêmu prayoga / datan kadi patraping menco tan yukti / kang satêmah palastra //

awit nyata budining pawèstri / kang adhakan tuwuhira rupak / tur ta ing wuri tan sande / kawêdhar maring kakung / awit pan wus wataking èstri / yèn ta ngênêpa rêmbag / adhakan sok jujul / apan ing ngriku kanyatan / tan antara nyai sudagar nyakêti / maring dununging bayan //

lan sajarwa sarasaning ati / nulya tanggap bayan cêcarita / dhuh nyai mênggah yêktose / yèn karsanta puniku / nadyan lêrês nanging kuwatir / manawi katêmahan / kados dongèngipun / ingkang pêksi jaka tuwa / kang siniksa dening lurahira èstri / malês ing wurinira //

nyi sudagar ing sêmu kêtitik / kakênaning tyas arsa uninga / maring bayan caritane / mangkana ucapipun / mara ingsun arsa miyarsi / yogya sira nyritakna / sun kapengin tuhu / bayan sanalika tata / amurwani carita mrih migunani / mèngêting tyas taruna // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. jangkêp. (kembali)