Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06-19, #295

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06-19, #295. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06-19, #295. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 49, 11 Sura Taun Ehe 1860, 19 Juni 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [757] ---

Ăngka 49, 11 Sura Taun Ehe 1860, 19 Juni 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Laut tawar

[Grafik]

Laut tawar punika dumunung ing parêdèn tanah Acèh. Sapinggiring laut tawar wau wontên nagarinipun nama Takengon. Hawanipun ing ngriku asrêp, sawanganipun nêngsêmakên. Mriksanana gambar.

--- 758 ---

Raos Jawi

Kibir. Sambêtipun Rêmbag Bab Prasêtya.

Nanggapi karanganipun sadhèrèk Tj. Sarkara ing Kajawèn nomêr 44 ing bab têmbung kibir.

Saking pamanggih kula, têmbung kibir punika ingkang tunggil laras jubriya (riya) kalihan sumêngah, dene lèrèging kajêngipun sami botên atêgês sae, lan malih panjênênganipun sadhèrèk Tj. Sarkara ugi sampun damêl tuladha: aja sok kibir, mundhak andhisiki karsaning Allah. Dados têmbung kibir wau, sanadyan kibiripun kanyatan, upaminipun tiyang kowah, ngunthut sanga lajêng mungêl: mêsthi sanga bang, inggih sawêga sanga bang yêktos, nama sampun têtêp kibiripun, manawi dados sanga sanèsipun, saya nama kibir kêlantur. Wosipun tindak makatên punika sanès tindaking tiyang ingkang ahli dhatêng raosing lampah kabatosan, dene wontênipun dipun tindakakên, nama sawêg kêsupèn.

Sarèhning gambaranipun kibir wau kados makatên, dados bab upami Tuwan Beuting kawêdhar pangandikanipun: Aku yèn têdhas kok suduk karo kêrismu kuwi, tatune tak tambal walulang asu, kajêngipun: wis mêsthi ora pasah. Wusana sarêng kasuduk têdhas saèstu, inggih lajêng dipun lêksanani. Bab wau, saking pamanggih kula inggih namung têtêp nama kibir. Dados pun kibir dipun gandhèng kalihan têmêning janji, punika botên mathuk, awit manawi dipun manah saèstu, tiyang kibir punika limrahipun inggih namung kalajêng anggènipun andalarung, dene manawi botên andalarung, lajêng nama èngêt, mila upami Tuwan Beuting wau badhe rumaos sae ingkang lêrês, kêdah wontên raos misahakên kibiripun rumiyin. Mênggah cêthanipun, anggèning nambal wêtêng mawi wacucal sagawon punika taksih sambêtipun kibir kemawon, dèrèng nama têmêning janji, awit kajêngipun taksih dêrêng sadaya, nambal lan botên, botên sagêd ngicalakên kibiripun.

Ing ngajêng sampun kula cariyosakên, têmbung ingkang anggolong tunggil têgês (synoniem) punika manawi dipun tingali sadlerengan mèh sami, nanging nyatanipun botên, saking samaripun, panganggenipun asring kêlenta-kêlèntu, mênggah gampilanipun inggih kados têmbung prasêtya ingkang dados rêmbag golonganipun: nadar, kaul, punagi tuwin prasêtya. Mila têmbung kibir botên laras manawi dipun golongakên utawi dipun gandhèngakên têmbung ingkang atêgês têmêning janji, awit sampun gadhah golongan piyambak, inggih punika jubriya kalihan sumêngah, saking cariyosipun tiyang ingkang mangrêtos, sami têmbung Arab, nanging sampun kêlimrah kaangge dados têmbung Jawi, dene Jawinipun, saking raosing manah kula, kibir atêgês piangkuh, jubriya atêgês kumingsun, tuwin sumêngah atêgês guru alêman.

Murih cêthanipun sawatawis, cobi kula damêl [damê...]

--- 759 ---

[...l] dêdongengan cêkakan ing bab têmbung kibir kados ing ngandhap punika:

Nalika ing jaman kanabean, wontên sawênèhing nata jêjuluk Raja Pirangon (para maos kados sampun botên kêkilapan dhatêng lajênging cariyos punika, ewadene prêlu kula lajêngakên sawatawis, kangge nêrangakên bab kajênging kibir). Raja Pirangon wau kagungan panggalih, bilih panjênênganipun kuwaos ing jagad. Ciptaning galih ingkang makatên punika têmtu kemawon atêgês angluhurakên sarira, ingkang rumaos sarira Pangeran, lan tumindaking panguwaosipun tamtu kalampahan, ing ngriku têtêp anggènipun kibir, têgêsipun kêdunungan piangkuh ingkang langkung saking mêsthinipun. Nanging wusananipun kadospundi? kibiripun sang prabu tansah dipun jumênêngakên, wis mêsthi kalakon kabèh. Dene wêkasanipun manggih tiwas tinungkêt ing toya sêgantên. Dados antêping panggalihipun sang prabu punika sanadyan nalika jumênêng manggih unggul, inggih taksih têtêp kibiripun kemawon, dene manawi badhe nindakakên saenipun, kibiripun kêdah sumisih rumiyin.

Namung samantên pamanggih kula.

H.

Juru Main Bal saking Hongkong

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun para sawung juru main bal saking Hongkong. Wontên ing Batawi tandhing kalihan Hercules pinanggihipun baul 3-3. Wontên ing Bandhung tandhing kalihan panunggiling Uni kalihan Y.M.C mênang 4-3. Tuwin tansah wontên sanès-sanèsipun.

--- 760 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahanipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 48.

Kados ingkang sampun kula têrangakên ing ngajêng, kawontênanipun lare wontên ing pamulangan punika beda kalihan wontên ing griyanipun piyambak. Wontên ing pamulangan kalihan kancanipun sagêd rêrêmbagan, dolanan tiru tiniru, ing bab tatakrama, angsal piwulang warni-warni saking gurunipun ingkang badhe maedahi gêsangipun.

[Grafik]

Murid-murid pamulangan dhusun lan gurunipun.

Pamulangan punika panggenan ingkang sae piyambak, jalaran wontên ing pamulangan wau tampi piwulang, lare punika ing têmbe sagêd dados tiyang pintêr, saya inggil lan jêmbar piwulangipun, saya langkung kapintêranipun.

Tumrapipun tiyang sudagaran (ing Kudus kilèn) bab lare sêkolah punika, tumrap piyambakipun kaanggêp botên sae, rumaosipun lare sêkolah punika kangge calon dados priyantun, măngka priyantun punika limrahipun kathah sambutanipun (mlarat), cêkakipun kapriyantunan punika tumrap para sudagaran botên dipun prêduli botên dipun têngênakên, awit saking pamanggihipun têtiyang wau botên sêkolaha sampun sagêd gadhah griya gêdhong ingkang sae, gadhah bojo ayu, gadhah otomobil Hitson sapanunggilanipun. Ngantos wontên têtêmbungan, manawi anakipun èstri nakal: iya, ngati-ati, kowe nèk ora marèni, tak lakèkake priyayi.

Malah sawênèhipun priyantun wontên ingkang gadhah pamanggih, botên prêlu Onderwijs punika dipun ajêngakên sangêt-sangêt, awit pamanggihipun manawi kêkathahên tiyang pintêr lajêng botên wontên ingkang purun macul, lan lajêng andadosakên kathah tukang damêl sêrat gigat, kathah tukang damêl sêrat budhêg, sapanunggilanipun.

Saking pamanggih kula, makatên punika klèntu sangêt. Onderwijs prêlu sangêt dipun ajêngakên, awit băngsa ingkang ondêrwisipun kirang, mêsthi dados băngsa kasar.

--- 761 ---

Sumăngga dipun priksani kawontênan ing donya Eropah, Amerikah, tumrap ing Asiah băngsa Jêpan, punika sadaya băngsa ingkang unggul, amargi saking ondêrwisipun sampun inggil tur waradin. Handel-Industrie utawi sanès-sanèsipun onjo sangêt. Bab ngèlmi kadhoktêran băngsa Jêpan Tuwan Hatta tumut manggihakên jampi pathèk, sipilis (salparsan), tuwin Tuwan Shiga manggihakên basil dhesêntri sapanunggilanipun.

Băngsa Jêpan sagêd damêl mêsin lan motor-motor kangge kapal pêrang, kapal mabur lan sanès-sanèsipun, sadaya punika saking Onderwijs.

Băngsa kita Jawi punika ingkang kirang ondêrwisipun, inggih botên kaetang unggul. Mila manawi wontên priyantun ingkang botên karsa ngajêngakên Onderwijs punika kalèntu sangêt, sami kemawon botên karsa anjunjung dhatêng bangsanipun.

Sêsakit Tipês, Kolerah lan Dhesêntri, ingkang Wijinipun Gêsang wontên ing Toya.

Kula ing sadèrèngipun mratelakakên ing bab sêsakit tipês, kula prêlu nêrangakên bab sêsakit-sêsakit ingkang dipun wastani: infectie ziekten rumiyin, inggih punika sêsakit ingkang jalaranipun baktèri, basil utawi kewan lêmbat-lêmbat, ingkang lumêbêt ing badanipun tiyang. Sêsakit wau kenging katularakên dhatêng tiyang saras, dados sêsakit punika sagêd nular.

Kewan lêmbat-lêmbat, wiji utawi winih sêsakit ingkang kula aturakên kados ing nginggil punika wontên warni kalih.

1. Asli saking têtuwuhan.

2. Asli saking kewan-kewan alit.

Ingkang asli saking têtuwuhan, nama schimmelsoort (jamur) punika ingkang sagêd anjalari sakit kulit kados ta panu, borokên ing sirah utawi sanèsipun.

Sêsakit malariah, dhesêntri, sêsakit tilêm lan sapanunggilanipun, punika jalaranipun asli saking wiji kewan alit-alit wau. Cacing-cacing punika ugi ama (parasiet) ingkang wontên salêbêting badanipun tiyang, sagêd anjalari sakit warni-warni.

Wontên malih kewan ingkang katingal ragi agêng inggih punika lêmut, lalêr sapanunggilanipun, punika nyêrot utawi nêdha êrahing tiyang, ananging namung sagêd nularakên sêsakit kemawon.

Manawi wontên panggenan ing kitha utawi kadhistrikan, kathah tiyangipun ingkang katrajang ing sêsakit nular, ing salêbêtipun sawatawis dintên utawi sawatawis minggu, măngka sêsakit wau salaminipun ing ngriku mèh botên wontên, punika dipun wastani epidemie.

Manawi ing satunggiling panggenan ing kitha utawi kadhistrikan, kathah tiyangipun ingkang katrajang ing sêsakit nular, lan salêbêtipun sawatawis minggu, ing ngriku pancèn sampun wontên tiyang ingkang sakit kados makatên wau, punika dipun wastani endemie.

Manawi ing donya sampun waradin kathah tiyangipun ingkang katrajang ing sêsakit nular wau, punika dipun wastani pandemie, kados ta kala ing taun 1918 ing pundi-pundi wontên sêsakit inpluensah. (Badhe kasambêtan)

--- 762 ---

Jagading Wanita

Kawruh Ambathik (Nyêrat)

Mênggah padamêlanipun tiyang èstri, saya tumrap ing nagari Surakarta tuwin Ngayogyakarta, agêng alit sami nyêrat sinjang bathik kangge panggaotan utawi namung pangangguran, dipun angge piyambak, prasasat botên wontên tiyang èstri ingkang botên sagêd nyêrat sinjang. Ananging ing ngriki namung nyariyosakên pêpiridan ingkang tumindak ing nagari Surakarta.

[Grafik]

Pamulangan èstri ing Jagatrunan, Lumajang.

Bab gawangan.

Nyêrat sinjang punika mawi gawangan, ingkang kadamêl dêling apus panjangipun 4 1/2 kaki, mawi suku sami dêling apus, dipun balêngkukakên, ing têngah mawi kakrowok rangkêp sacêkaping dêling, ing nginggil dipun taksihakên kulitanipun kemawon, ing ngriku lajêng katingal rapêt, têngahing suku kêkalih dipun sindik sami dêling lajêng kapantèk, minăngka pikêkahing suku, makatên ugi suku sisihipun. Dene gawangan ingkang alusan, kajêng jati mawi gledhegan.

Bab bandhul.

Tiyang nyêrat punika ugi mawi pirantos ingkang dipun wastani bandhul, ingkang kadamêl kajêng crèngkèh, ingkang nginggil cêlak, ingkang ngandhap panjang, mawi tangsul kangge nangsuli cuwilan banon, inggih punika ingkang nama bandhul kangge nyêrat. Dene ingkang kadamêl pèni, tosan utawi kuningan dipun balêngkukakên, tangsulipun rante, bandhulipun marmêr utawi jobin pêthak dipun ukir kapêtha woh manggis [mang...]

--- 763 ---

[...gis] utawi wowohan sanèsipun.

Bab malam.

Malam ingkang kangge nyêrat ingkang prayogi: nyawo matêng, abênipun: malam cêmêng sabagian, malam pêthak limrahipun dipun wastani malam kote, inggih punika malaming tawon sabagian, lancêng sabagian, lajêng dipun jèr wontên ing wajan pambathikan, wajan siti utawi waja, dene manawi damêl kathah dipun godhog ing kuwali kadadosakên satunggal, nama jeboran. Bilih sampun luluh dipun saring, lajêng dipun dhêmakên, punika sampun dados malam nyawo matêng, panganggenipun namung kantun nyuwili kemawon, kalêbêtakên ing wajan kangge nyêrat.

Nanging tumrap ingkang adèn yêktos, sêratan ingkang sae punika namung ngangge malam pêthak thok, dipun colok ing lancêng, punika dadosing sinjang langkung sae, saya tumrap sinjang latar pêthak, pigunaning lancêng watu namung dados sarana ngrakêtakên. Dene manawi kangge nêrusi, inggih punika sêratan sawalikipun, cêkap ngangge malam jeboran. Nembok ambironi ngangge malam cêmêng, inggih punika malam ingkang awon piyambak, asli saking malam godhogan ingkang sampun kangge nyêrat sinjang, inggih punika malam kêrokan utawi malam babaran...

Bab canthing.

Ingkang kadamêl nyêrat sinjang nama canthing, dhapuripun bundêr ing nginggil lowah, agêngipun sami kalihan kêmiri, bakalipun têmbagi, mawi cucuk nyanthêng ragi ambalêngkuk mangandhap amapah gêdhang, silitipun mawi buntut nama gagang terong, tumancêp ing garan. Garanipun galonggong mawi krowokan manut dhapuring canthing, panjangipun 4 dim dumugi pucuk, cucuking canthing pokipun tumumpang pucuking ongotan galonggong ing ngandhap ingkang nyanggi awaking canthing, dipun tangsuli sêrating sêpêt. Warnining canthing punika:

1. carat kalih, inggih punika cucuk kalih dhèmpèt ngandhap nginggil,

2. canthing ngengrengan,

3. canthing isèn-isèn, tuwin,

4. canthing tembokan utawi biron.

Canthing kawan warni punika sampun nyêkapi kangge prêlunipun tiyang nyêrat nanging taksih wontên malih canthing sanèsipun, kados ta carat tiga, carat gangsal, malah wontên ingkang carat pitu, dene kanggenipun kangge nêcêki, prêlu nyuda padamêlan, awit cêcak tiga, gangsal tuwin sanèsipun, pancènipun cêkap namung ngangge canthing cêcêk satunggal, nanging panêcêkipun rambah-rambah. Makatên ugi carat ingkang jangkêp punika prêlunipun inggih namung kangge ngenggalakên lampahing panyêrat utawi ajêging lampah rangkêp. Wontên malih dipun wastani canthing nitik, punika canthing ingkang bolonganing cucukipun pasagi, prêlu kangge nyêrat nitik. Bêtahan manawi botên gadhah, sagêd ngangge canthing carat kalih dipun dhèmpètakên. (Badhe kasambêtan)

--- 763 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

XIX. Pangeran Warsaya nglairake panggalih kautaman

[Asmaradana]

Lah kapriye kowe Palih | dene nêmoni sangsara | rêkasa kaya mangkene | ing sawise angandika | pangeran nuli nyêlak | arahap Palih dirangkul | dibopong mênyang pandhapa ||

alon disèlèhke nuli | lan muwun karo ngandika | Lih Palih elinga kowe | mêlèka lah aku sapa | barêng wis sawatara | Palih eling kaya gêtun | pangeran nuli ngandika ||

bangêt ing wêlasku Palih | kowe nêmahi sangsara | saka labuh ing gustine | saupama kabanjura | kowe têka ing tiwas | iba susahing atiku | rumasa kelangan kănca ||

lan manèhe kowe kuwi | rak jênêng sadulur tênan | si biyung sing nguripake | dadi aku kowe padha | arane tunggal biyang | yèn ana sing mulês ngêlu | sijine milu karasa ||

Palih nuli matur lirih | suwarane lamat-lamat | gusti kula gêsang mangke | rumaos amanggih bêgja | sagêd angsal tulungan | tumuntên kabêkta mantuk | dumugi ngriki punika ||

dhu-dhuh gusti saupami | kula anêmahi pêjah | wontên purug mantuk bangke | kajawi adamêl susah | kula kang sampun tiwas | tiwasipun ngraos mêsgul | pêjah têbih ing bandara ||

jêng pangeran amangsuli | wis Palih aja korasa | luwung ngudi kapenake | lan aku uwis rumasa | agawe kaluputan | anggonku dhawuh kêsusu | wêkasan lakumu tuna ||

jêng pangeran dhawuh nuli | marang abdi angangkata | Palih mênyang ing tênggane | sauwise bali lênggah | lan patih ana jaba | ki patih bangêt ing sukur | ora kurang siji apa ||

nuli matur kyai patih | aku ora pisan ngira | yèn mangkono ing dadine | lakune Palih dibegal | pangeran angandika | wis bênêr wa ngono mau | awit kabèh dadi coba ||

dadi uwong bisa ngrêti | obah osiking nagara | pangran banjur kèndêl ngawe | mênyang sing mêntas anggawa | ngantèn padha mrenea | ya bangêt ing panrimaku | wis kono padha balia ||

kabèh padha diparingi | pasangon aturah-turah | nuli padha bali kabèh | pangeran manèh ngandika | lan nyawang wong sadhela | dadi wa mungguhing rêmbug | kabèh mau dadi coba ||

awit anane saiki | tuwuh rusuh ing padesan | ora liya jalarane | saka sing mêngku nagara | isih sarwa kuciwa | dadine rak ora luput | gonku lumuh dadi nata ||

gumujêng kiyai patih | karo alon angandika | jêbul ngono kuwi priye | ya aja ditămpa lămba | yèn rusuhing nagara | saka wanine wong thukul | o rak ora ngono dara ||

anane sing ngono kuwi | jênênge harak wis lumrah | apa ya mung mulus bae | awit yèn ora ngonoa | rak akèh [a...]

--- 765 ---

[...kèh] wong angguran | para abdi ora payu | awit slamêt sabên dina ||

dara aja amutungi | ing panggalih banjur gêla | aku moh ah ngono kuwe | panggalih bêcik santosa | awit yèn mangkonoa | mundhak kuciwa ing besuk | wis bêcik anggalih liya ||

ing bab lakune Si Palih | jênênge rak bali dalan | saikine dara priye | mung kèndêl kangjêng pangeran | wusana angandika | aku arêp duwe rêmbug | kira apa condhong uwa ||

ketok bungah kyai patih | iya-iya priye dara | aku mêsthi condhong bae | yèn kira gawe prayoga | mênyang dara pangeran | pangeran nuli ngêcêmut | karo alon angandika ||

karêpku ngene saiki | tênan wa aku rumasa | kanggonan ing dosa gêdhe | yèn ora ngrumasanana | lan ora golèk dalan | udhare dosaku mau | wis mêsthi saya sangsara ||

sapisan kaya sing uwis | anggolèki ibu biyang | awit yèn durung kalakon | aku jênêng ngêndhêm susah | awit mêsthine nyata | kasangsara kangjêng ibu | priye yèn ta tak tegakna ||

beda yèn wis kondur kuwi | bingahing panggalih bakal | aparing pamuji gêdhe | lan manèhe mungguh biyang | gone susah pisahan | rak pijêr gawe kasandhung | numusi ing kene kana ||

dadi yèn biyung wis mulih | rusaking atine ilang | mung kari bungahe bae | dadi pamuji utama | awit yèn biyung susah | mung gawe pêtêng atiku | anuwuhake sangsara ||

kaping têlune saiki | aku lilanana ya wa | Surawani takêculne | bênêr mungsuhku wis cêtha | nanging ta apa iya | nyang aku anganggêp mungsuh | yèn aku anganggêp mitra ||

awit yèn tansah nêrusi | aku gêthing karo Sura | kana wis mêsthi gêthinge | lan manèh yèn ngèlingana | anak bojone Sura | rak tansah padha adus luh | ajêg susah sabên dina ||

wong sing ora ngrêti dhong-dhing | kabèh padha milu lara | nak-anake upamane | kuwi padha wêruh apa | harak jênêng bêbasan | kêgrujug banyu sasiwur | kabèh padha katut ala ||

dadi yèn wis tak luwari | aku ora gawe susah | ngono uwa rak ya condhong | kyai patih ngrangkul enggal | dibarêngi ngandika | dhuh-dhuh anakku wong bagus | panggalihanmu utama ||

dene iki angêplêki | kaya kang uwis suwarga | aku mathuk bangêt anggèr | pamujiku muga-muga | bandara lêstaria | rahayu ing galih tulus | aja nganti kêna godha ||

o dara aku nuturi | panggalihan dalêm nata | swargi rama dalêm biyèn | tansah ambêg angapura | mênyang wong nandhang dosa | yèn mungsuh dijunjung dhuwur | ing wêkasan dadi mitra ||

bandara êplêg nuruni | aku bangêt ngrasa bungah | pancèn ya mangkono kuwe | mungguh wong sabisa-bisa | gawea kabêcikan | dadyan[1] dicidra ping sèwu | cukup walêsên utama ||

wis ta lakonana nuli | lan aku duwe panimbang | sisan êpèkên gawene | patahên anggolèkana | sing padha ora ana | pangeran bingah kalangkung | nuli budhal nyang kunjaran ||

tindake samargi-margi | akèh wong kang padha cingak | warna-warna panarkane | angira yèn sang pangeran | andhawuhke dêduka | watake wong anom iku | adhakan ati brangasan ||

--- 766 ---

Kawruh Sawatawis

Wêlut dalah Pamisayanipun

Wêlut punika bangsanipun nulam loh, warninipun mèmpêr sidhat, kaotipun namnung yèn sidhat mawi kèpèt, wêlut botên. Gêsangipun wontên ing toya sarana ngêcop (ngêlèng), pangêcopipun wontên ing siti ingkang êndhut. Mila limrahipun wêlut punika manggèn ing sabin-sabin ingkang loh utawi ing tambak.

[Grafik]

Sêsabinan ingkang loh punika kangge panggenaning wêlut.

Miturut cariyosipun tiyang ahli, wêlut punika manawi nuju nigan mripatipun lamur, botên mêdal-mêdal saking copipun, saha cangkêmipun ngêdalakên uruh. Salêbêtipun makatên ingkang katêdha namung cacing utawi sanès-sanèsipun ingkang kêsasar dhatêng cop ngriku, utawi ugi măngsa udhètipun (anakipun), kados sampun limrah mèh sadaya ulam sami purun nêdha anakipun. Tujunipun wêlut punika wrêdèn sangêt, satêtêsan kathahing udhètipun sagêd atusan.

Pamisayanipun.

Yèn ing pasitèn inggil, pamisayanipun wêlut punika ingkang kêlimrah sarana kadhudhuk copipun utawi kapancing. Pancingipun inggih kados pancinging ulam limrah punika, nanging tanpa walêsan saha panjanging kênuripun cêkap ± sakaki kemawon. Pamancingipun makatên: manawi pancing sampun kasukanan pakan, limrahipun cacing, lajêng kalêbêtakên ing cop. Wêlut mambêt gandaning cacing wau lajêng nyarab. Pancing katarik mêdal, wêlutipun [wêlutipu...]

--- 767 ---

[...n] katut. Nanging misaya wêlut makatên punika limrahipun namung sambèn (ala nganggur), saha pikantukipun inggih botên sapintêna. Pramila têtiyang ing papan inggil punika prasasat mèh botên wontên ingkang manggaota misaya wêlut.

Dene manawi ing tanah pasisir, pamisayanipun wêlut punika makatên: Yèn wontên tambak ingkang nêmbe kaparit (kaundhuh ulamipun), punika toyanipun tamtu sok asat, botênipun inggih nyêmêk-nyêmêk, lah ing ngriku cop-coping wêlut lajêng sami katingal, tur cop-cop wau cêthèk-cêthèk, dhasar sitinipun inggih ngêndhut sangêt. Mila cêkap karogohan mawi tangan kemawon, pangrogohipun: ingkang rumiyin driji sêkawan kajawi panutuh kaingkupakên, panuduh madosi dununging wêlutipun, yèn driji panuduh sampun nanggori wêlutipun, driji sêkawan wau lajêng kaêgarakên ngêpithing (mêgar nanging katêkuk), makatên ugi panuduhipun. Kalihan makatên punika driji panunggul lan panuduh lajêng tumandang nyapit wêlutipun ngantos kêncêng têrus katarik mêdal.

Padamêlan makatên punika tumrapipun têtiyang pasisir sakiwa têngêning Samarang botên ngêmungakên kangge sambèn, nanging malah kathah ingkang nglêgutakakên minăngka panggaotan. Pancèn lêrês, awit manggaota makatên punika tumrapipun ngriku botên sakêdhik pikantukipun. Ing sadintênipun manawi nglêrêsi papan ingkang kathah wêlutipun sagêd angsal atusan, măngka wêlut satunggal sagêd pajêng sabenggol dumugi 5 sèn, mawi-mawi agêng-alitipun. Wêlut punika manawi badhe kasade mawi kapanggang rumiyin, pamrihipun sagêda kuwawi dangu saha botên mambêt. Tiyang ingkang manggaota makatên punika yèn ing padunungan kula mastani: mêlut.

Wasana sampun kirang ing pamêngku.

Sukarman. G.b. Jrakah S.C.S.

[Grafik]

Kêbon sêkar ing Sindhanglaya, Priyangan. Kêbon sêkar ing Sindhanglaya punika gadhahanipun tiyang siti, tuwin botên satunggal kemawon, kathah. Sêkar wau dados padagangan agêng, andadosakên kasugihanipun ingkang gadhah.

--- 768 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Èwêd Pakèwêding Pangkat Pangrèh Praja

III

Garèng : Ora Truk, kandhamu lagi anu kae ing bab phak-phake priyayi pangrèh praja, kang ora kêna disinau, kuwi aku kok banjur duwe pikiran, yèn kowe sajak ngina marang wulangane pamulangan Plêdhingsêkul, apa wulangane ing kono kok anggêp asor, utawa manèh kok anggêp ora nyukupi babar pisan karo kaprêluane.

Petruk : Lho kowe aja kaliru tămpa, Rèng, nèk pangajarane ngono, iya pancèn nyamut-nyamut têmênan, apa manèh saiki saya luwih dhuwur manèh, awit sing kêna mlêbu ing Plêdhingsêkul, kuwi ngêmungake bocah-bocah sing wis tamat pamulangan Kimlo.

[Grafik]

Garèng : Wiyah, wong Milo kok diêlih Kimlo, kimlo kuwi rak bangsaning saoto. Dadi kowe ngakoni Truk, yèn pangajarane pamulangan O.S.V.I.A. kuwi dhuwur têmênan, saikine genea kowe nganggêp yèn phak-phake pangkat pangrèh praja kuwi ora kêna disinau. Sakolahan mau rak kanggo nênuntun bocah-bocah sing arêp padha dadi pangrèh praja, têmtune ana ing kono rak iya disinau kabèh mungguh kaprêluane wong dadi priyayi pangrèh praja mau.

Petruk : Karêpe iya mêngkono, nanging apa sing diwulangake nyang sêkolahan, kuwi sing akèh rak ora bisa ngêplêki karo kaanane. Beda karo phak sêkul liya-liyane, kuwi apa sing diwulangake, iya tumuli kêna diêcakake kaya ta upamane: sêkolahan kriya, ing kono sing diwulangake, gawe kursi, meja, lêmari, bupèt, lan sapanunggalane. Barêng wis tamat pasinaone, banjur dipasrahi dikon gawe dhingklik, têmtune rak iya banjur bisa bae ngêcakake kapintêrane sing disinau ing sêkolahan kriya mau. Mêngkono uga ing sekolahan masak, ing kono para murid padha diwulang pangolahe: sop, bêstik, sêmur, krokèt, panêkuk, lan sapadhane, nèk wis tamat pasinaone, têmtune rak iya banjur bisa ngolah sawarnaning dhêdhaharan.

Garèng : Ewadene nèk dikon nyambêl, sok kurang trasine, malah sok kêpêdhêsên.

--- 769 ---

Petruk : Anane sambêl kêpêdhêsên kuwi rak gumantung saka pangulêge, anggêre le ngulêg disambi mrêngut ambêsêngut, ya mêsthi bae sambêle dadi kêpêdhêsên. Wis, wis, kok banjur nylèwèng rêmbuge. Kandhaku ing ngarêp mau, aku mung arêp nyatakake, yèn ing phak sêkul liya-liyane, kuwi sing disinau ana ing sêkolahan, sauwise nyambut gawe tumuli banjur bisa ngêcakake bae. Beda bangêt karo apa sing diwulangake ana ing O.S.V.I.A., sanadyan tamate sêkolah mau sarana biji 8, 9, 11 pisan, nanging nyang pagawean, wiwitane iya mêksa nunak-nunuk têmênan. Mara ta pikirên, ing sêkolahan mau para murid têmtune iya padha diwulang mungguhing kawruh ekonomi lan wèt-wèting ekonomi kudu tansah dibundhêli ora kêna ucul, kaya ta wèting ekonomi kang muni mêngkene: yèn sadhiyane anyukupi, sing anjaluk mung sathithik, kuwi banjur nyudakake pangaji, kosok-baline yèn sadhiyane kurang, sing padha anjaluk akèh, kuwi banjur ngundhakake pangaji.

Garèng : Mêngko sik Truk, anane wèting ekonomi kiyi, aku kok rada catho-catho, mara têrangna dhisik.

Petruk : Mungguh têgêse mangkene: upamane ing sawijining dhistrik panenane pari bêcik bangêt, wong sadhistrik mêsthine iya padha ora kêkurangan bêras, sauwise banjur suda wong-wong kang padha tuku bêras, kang mangkono mau bisa anjalari sudaning pangajining bêras, cêkakane rêganing bêras banjur dadi murah, kosok-baline yèn wêtune pari mung sathithik, ing măngka akèh wong sing padha butuh bêras, têmtune pangajining bêras iya banjur mundhak, dadi rêganing bêras banjur dadi larang. Lho, wèting ekonomi kaya ngarêp mau, para murid anggone ngapalake iya têmênan kae, nanging wusanane barêng dibênum dadi priyayi pangrèh praja, kabênêr ekonomine desa-desa bawahe lagi kocar-kacir, awit kambah ing pacêklik, mara, kapriye saiki trajange priyayi mau, kang mangkono nang sêkolahan apa iya diwulang, rak iya ora. Nèk ana prakara kamalingan, anggone agawe prosès pêrbal lan anggone ngêjokake prakara mau nyang pangadilan, pancèn iya diwulang, nanging anggone anggolèki malinge, apa iya diwulang. Mêrban wong tatu jalaran kêbacok utawa tiba, ing sakolahan kono uga diwulang, nanging nèk bawahe ujug-ujug kêdhayohan mas ngantèn kolerah upamane, anggone nanggulangi lêlara mau supaya aja nganti ngrêda, apa iya diwulangake nyang sêkolahan, rak iya ora ta. Lho, sing kaya mêngkono-kaya mêngkono kuwi isih akèh manèh tunggale, mara apa ora angèl bangêt. Mulane wong dadi priyayi pangrèh praja kuwi kajaba kudu anduwèni dhêdhasar kapintêran sing ambêlagit bangêt, sabên dinane kudu ora kêna lena, kudu tansah angêlèkake kupinge anjêpipingake mripate. Wus samono angèle ewadene isih ana manèh lêlakon sing luwih angèl, yaiku murih bisane dipayungi dening panggêdhe lan didhasari dening bawahe. Nanging saikine cangkêmku wis ail, liya dina bae dibanjurake.

--- 770 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Ing kabudidayan Ganjartêmu, Garut, wontên kuli-kuli sami mogok. Ingkang dados jalaranipun prakawis bayaran, wontên kuli sagolongan, ingkang botên dipun sukani bayaran, amargi awon padamêlanipun, lajêng dados grêjêg prakawis awon saening padamêlan, tuwin kuli kêncêng nêdha bayaran, nanging botên dipun pituruti. Kuli-kuli lajêng sami surak-surak kalihan ambandhêmi griya pondhokan, wontên lare alit ingkang kataton. Golongan wau lajêng dados kalih, ingkang sagolongan angrêrisak punapa ingkang pinanggih, ingkang sagolongan lajêng ambêsmi kêbon tèh, nanging lajêng sagêd sirêp dening jawah. Tiyang ingkang damêl ada-ada sakawit sampun dipun cêpêng, dipun priksa prakawisipun.

Kawartosakên ing rêdi Slamêt sacêlaking tapêl watês Banyumas kalihan Priyangan wontên balêdhosan alit.

Bab sêdyanipun Tuwan Cakraaminata badhe mariksa palapuranipun kapala-kapala kampung ing Kotabumi, Lampung, prakawis pakêbonanipun têtiyang ing ngriku sami dipun lelangi ing kabudidayan, sampun angsal katrangan saking dhirèktur pangrèh praja, residhèn ing Lampung botên suka palilah, Tuwan Cakraaminata dhatêng ing papan wau.

Panenan pantun ing bawah Batawi katingal sae sangêt, awit kajawi kalêrêsan mangsanipun, ugi botên katrajang ing ama tikus, lêrês ugi nate katêmpuh ing ama ulêr, nanging lajêng sagêd dipun sirnakakên, saupami para kaum tani sagêd anggêmèni dhatêng asil wau, tamtu saya prayogi, gadhahipun uwos pantun botên ngêmungakên nalika sawêg bibar panèn kemawon.

Sapunika parentah ingkang wajib sawêg nitipriksa wontêning arta krêtas palsu ngalih dasa rupiyah ingkang pinanggih wontên ing Palopo tuwin Cirêbon, ing Ambon wontên tiyang Kêling kêkalih dipun cêpêng, kadakwa nyêbarakên.

Benjing tanggal 1 Agustus Pergoeroean Rajat ing Batawi badhe ngêdêgakên pamulangan H.I.S. Sêkakêl tuwin Milo, ingkang dados panuntun Dr. Samsi dipun biyantu sêtudhèn-sêtudhèn pamulangan luhur pangadilan, tuwin pamulangan luhur dhoktêr. Ingkang dados juru ngawat-awati Radèn Mas Adipati Arya Kusuma Otaya, gêdhilêgirdhê polêgsêrad, pursitêr. Tuwan Kusuma Subrata gadhiputir dhê propinsi yalênrad, sèkrêtaris, Tuwan Aloei amtênar dhowanê, lid, Mr. Radèn Adi, amtênar tèrbiskiking, dhepartêmèn pangajaran, lid Mr. Sartana, adpokat tuwi pokrol, lid Radèn Suwandi, repêrèndharis dhepartêmèn pangajaran lid Tuwan H. Tamrin, lid polêksêrad, lid, ingkang katampèn ing H.I.S. lare umur 6 dumugi 9. Sêkakêl, lare ingkang sampun tamat saking pamulangan ăngka kalih, dene ing Milo, sadaya lare tanpa mawang umur, waton sampun wêdalan H.I.S. Bayaran H.I.S. f 3.- Sêkakêl f 2.-, Milo f 5. sawulan. Buku lêlahanan, sabên anglêbêtakên kêdah ambayar arta èntre f 2.50.

Ing bab kandhêging kintunan lêmbu saking Ostrali dhatêng pirmah Jenne, ingkang jalaran lêmbu saking Ostrali wau kêtuwuhan sakit jêroanipun, ing bab wau pirmah Jenne gadhah usul dhatêng parentah, bilih sêsakit kados makatên punika, wontênipun ing Ostrali sampun tuwuh kala taun 1860, tumrap daginging kewan ingkang sakit kados makatên punika, botên andadosakên sabab, namung jêroanipun ingkang sakit botên kenging katêdha. Sanadyan bab panularing sêsakit wau wontênipun ing tanah Jawi dèrèng kantênan, nanging ingkang wajib kêpêksa anindakakên pangrêksa.

Ing bab lowongan sèkrêtaris konsul Walandi ing Jedah, kathah amtênar Indhonesia ingkang sami nglamar, saking Jawi Têngah kemawon wontên 8, ingkang kathah pangkat asistèn wadana.

Pakaryan kasarasan ing Bandhung tampi palapuran, bilih ing sêkolahan ăngka kalih ing Groote Posweg pinanggih wontên bangke tikus. Sarêng kapriksa nyata bangke tikus wau kenging sêsakit pès. Wusana lajêng nindakakên rêrigên saprêlunipun.

Ing laladan Banjar dumugi Maos, ingkang padatan wêdaling pantun kaping kalih ing dalêm sataun, ing taun punika namung sagêd panèn sapisan, jalaran saking kêkirangan toya nalika măngsa têrangan. Ing ngriku lajêng nuwuhakên indhaking rêrêgèn uwos. Awit têtiyang ingkang gadhah pantun lajêng anggêmèni panutunipun, mangrêtos manawi badhe awis uwos. Sarêng nindakakên gêmi kemawon nyarêngi măngsa botên prayogi, adhêdhasar kêkirangan, bêgjanipun among dagang.

Kêmpêlaning para matsêkape băngsa Walandi, gadhah sêdya badhe bikak pabrik bir wontên ing Batawi, sampun milih panggenanipun, nanging taksih dados rêmbag prakawis toya, dèrèng wontên karampunganipun saking ingkang wajib. Bir punika tumrapipun tiyang siti namung badhe dados jalaraning ngindhakakên pakarêman.

Wontên pawartos, rêdi Krakatau mêntas malêthus malih, inggiling plêthusanipun wontên 250 mètêr, kêrêp wontên siti ebah rag-rêg.

--- 771 ---

Wontên lare ukuman ing pakunjaran lare ing Tanggêrang, ukuman 6 taun, asli saking Kêdhiri minggat. Lajêng dipun opèni ing tiyang wontên Tanjungpriuk, ugi minggat malih kayiyan[2] ambêbêkta, wusana kacêpêng ing pulisi. Sarêng kapriksa landrad, lare cariyos, anggèning minggat wau jalaran kapengin mantuk. Karampunganipun pangadilan landrad botên mêwahi ukuman, awit ukuman 6 taun punika sampun cêkap kangge anggulawênthah lare.

sampun sawatawis dintên punika, sêpur èsprès saking Ngayogya dhatêng Wèltêprèdhên, nalika lampahipun dumugi sêtatsiun Bêkasi botên sagêd lajêng, amargi sinyalipun botên kabikak. Wusana sarêng kapriksa, sinyal wau ing rodhanipun dipun isèni krikil dening tiyang, sarêng krikilipun kapêndhêtan sawêg sagêd dipun bikak, andadosakên kasèping sêpur sawatawis mênit. Pulisi lajêng pados katrangan, sanès dintên sagêd nyêpêng lare kêkalih, angakêni andèkèki krikil ing panggenan wau. Nanging pulisi taksih anglajêngakên pados katrangan malih.

Ing dhusun Lajêr, ondêr dhistrik Bangodhua, Jatibarang, mêntas wontên pilihan kapala dhusun, sawungipun wontên gangsal wêlas, ingkang kapilih nama Kaji Ridwan. Wusana wontên katrangan, sagêdipun kapilih wau jalaran mawi sarana nyukani arta dhatêng têtiyang ingkang sami purun milih, mawi kasukanan epahan sabên tiyang satunggal f 2 .- ing sadèrèngipun sampun nyêbar tiyang mawi nyukani arta rumiyin f 0.50.

Dipun têtêpakên dados warga rad kawula, Tuwan P.F. Dahler anggêntosi Tuwan Stokvis tuwin Tuwan Loa Sek Hie tilas lid gêmintê rad ing Batawi, anggêntosi Tuwan Han Tiauw Tjong.

Wontên pawartos, margi sêpur ing Sukaraja, antawising Surabaya kalihan Malang, wontên kasangsaran sêpur, inggih punika sêpur saking Surabaya dhatêng Malang sadumuginipun panggenan wau angglimpang tigang kreta, jalaran saking lêpating wisêl. Ingkang pêjah wontên tiyang kalih, badanipun kêtindhihan grêbong, ingkang kataton gangsal.

Ingkang bupati ing Gianyar, Bali, ingkang nuju jêjampi wontên ing Surabaya, mundhut mobil Hudson kalihan Essex dhatêng satunggiling pirmah ing Surabaya. Sadaya sami pilihan, naning ingkang Hudson dipun ewahi, miturut kaparêngipun ingkang bupati, inggih punika dipun wêwahi palangkan songsong, radhiatoripun dipun santuni radhiator êmas ingkang awangun sirah singa, mawi mripat barlian. Sabên lawang dipun dèkèki gambar wapênipun ingkang pupati, ugi êmas.

Litnan v.d. Berg, ingkang sampun sawatawis wulan nganiaya tiyang ukuman wontên ing laladan Tarakan, sarana dipun gantung kasungsang. Karampunganing pangadilan militèr ing Magêlang, tuwan wau kaukum kunjara tigang taun.

Benjing salêbêtipun Sri Narendra Siyêm wontên ing Indhonesiah, ingkang kapatah andhèrèkakên Tuwan Residhèn Ament ing Surakarta, Kolonèl van Mourik ajidan tuwin Kapitan Milius urdênas upsir.

Rumiyin sampun nate kawartosakên, bilih B.O. pang Ngayogya gadhah sêdya badhe ngêdêgakên kredhit bang alit, kangge mitulungi têtiyang ingkang kasusahan jalaran nandhang sambutan dhatêng lintah dharat. Sêdya wau sapunika wiwit dipun adani ngêdêgakên kumite nindakakên saprêlunipun.

Pasareanipun Radèn Ayu Serang ing Kalibawang, badhe dipun mulyakakên tuwin dipun dèkèki cungkup. Ingkang angadani wau para ahli waris turunipun ingkang sumare, dipun biyantu ing golongan kabangsan tiyang siti. Suwargi Radèn Ayu Serang punika, kala jaman pêrang Dipanagaran, dados prajurit putri linangkung.

Griya pamragatan gêmintê ing Sêmarang sampun kabikak. Ing griya pamragatan wau wontên kamaripun asrêp, pirantos kangge ngrimat ulam daging, murih botên tumuntên risak. Ing ngriku ugi dipun wontênakên pabrik ès piyambak, sadintên sagêd ngêdalakên ès 20.000 pun. Manawi ès wau tirah kangge prêlu wau, ugi badhe dipun sade.

Kawartosakên ing wêkdal sapunika ing Gunungkidul, Ngayogya kêtingal tuwuh bêbaya pacêklik. Rêrêgèning uwos sabên dintên saya mindhak, rêgining gaplèk ing dalêm sapikul, ingkang rumiyin namung rêgi f 1.- sapunika dados f 1.60. Lan taksih mindhak-mindhak. Wontênipun awis têdha wau, jalaran tanêmanipun pantun katrajang ing ama tikus, kathah ingkang karisakan, tuwin tanêman pohung ingkang sawêg awoh ugi dipun thokèri ing tikus, andadosakên kiranging pamêdalipun, makatên malih tanêman sata botên sagêd kêmêdalan, amargi kêkirangan jawah.

Lulus wulangan tumrap amtênar pos Radèn Sudigbya, Agus, Sumbaga, Sukandar, Mas Wuriyasta.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 715 ing Bayalali. Juni nunggak f 0.50; kwartal 3, f 1.50.

Lêngganan nomêr 3703 ing Wêlèri. Kenging.

Lêngganan nomêr 732 ing Suryabrantan. Kajawi no. 37 sadaya taksih, rêgi sanomêr 10 sèn kêdah kabayar rumiyin.

Lêngganan nomêr 1303 ing Perak, Jombang. Lêngganan kapetang wiwit 1-6-'29.

--- 772 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arja Wiraga.

3.

1. Pêksi Jaka tuwa ingkang wulunipun dipun bubuti dening lurahipun èstri.

[Sinom]

Bayan miwiti carita | nênggih wiyosipun nyai | nêgari Sêtambul kocap | pan wontên sudagar sugih | dahat trêsna ing rabi | mung tansah pun uthun-uthun | nanging sajatinira | trêsnaning laki mring rabi | amung tansah sinanggikrami kewala ||

awit mênggah jatinira | nyi sudagar anyidrani | pan ing sabên kalanira | ki sudagar lampah grami | darbe tindak tan yukti | makatên salaminipun | ki sudagar tan ngira | miwah tan pisan mêmikir | mung kêtungkul dènira anambut karya ||

ki sudagar kacarita | darbe ngah-ingahan pêksi | yèku pêksi jaka tuwa | kang dahat dipun êsihi | bangkit atata janmi | wus kadya janma satuhu | kalamun kalanira | anèng wisma angancani | rêrêmbagan kadya araras carita ||

ki sudagar duk samana | nuju andon agêgrami | riwusing sapêngkêrira | nyi sudagar anglampahi | ing tindak kang tan yukti | datan mawi rikah-rikuh | sanadyan jaka tuwa | ugi tan pisan marduli | pan sadaya amung sinanggi sakeca ||

saantuke ki sudagar | ugi tan pisan kêtitik | rêngu tanapi tan rêna | têmah mawèh sănggarunggi | pangirane kang èstri | sêmuning laki kadyèku | yêkti amêngku rasa | angêndhêm sajroning ati | lan angira yèn ki sudagar uninga ||

măngka datan pisan-pisan | lamun ki sudagar mikir | maring kaanan kang mokal | satêmah paraning runtik | nyi sudagar mring pêksi | ingkang kinira wêwadul | ing wusana dèn ancam | samăngsa pêksi kêpêncil | datan sande yêkti nêmahi sangsara ||

kalampahan duk samana | dupi ki sudagar sêpi | nênggih pêksi jaka tuwa | dèn wêdalakên tumuli | kang wulu dèn bubudi | kongsi nêmahi barundhul | lawan nulya binuwang | nèng lèn-ilèn kalèn alit | jaka tuwa dahat amêmêlasarsa ||

grêmêt-grêmêt nèng kalenan | mèt papan rèpèh kang rêsik | nulya antuk pandhêlikan | anèng urung-urung alit | ingkang anjog dumugi | ing pawon kang dahat samun | lan wus ngrasa sakeca | têntrêm sajêroning ati | wus rumasa tinêbihan ing bêbaya ||

ciptanira nyi sudagar | lamun ingkang jalêr prapti | yêkti adarbe pangira | pêksi tinêdha ing kucing | samana nulya prapti | ki sudagar saking purug | jaka tuwa tan ana | nulya atêtanya aris | anèng ngêndi nyai ingon-ingonira ||

dene iki datan ana | nyai sudagar mangsuli | garagapira katara | wantunira janma kumbi | inggih manawi kyai | dipun têdha kucing wau | wulunipun katara | punika ta pun priksani | kintên kula kados-kados wus têtela ||

ki sudagar dupi mriksa | tan kasamaran ing ati | nulya alon sabdanira | kanthi linut gujêng lirih | ya bênêr-bênêr nyai | pangiramu ora luput | nanging saiki uga | bêcik lungaa rak uwis | tiwas-tiwas nèng omah gawe rubeda ||

sêrêngira ki sudagar | nadyan linut èsêm manis | tumrap ing nyai sudagar | lir pinukul palu wêsi | datan bangkit mangsuli | mung anangis sênggruk-sênggruk | lawan tumuntên kesah | akêkudhung ngraos isin | ki sudagar nyawang kanthi ngrasa ewa ||

dahat dènira nalăngsa | nyi sudagar tansah nangis | lan èngêt ing dosanira | mung manjing krasa ing ati | tumuntên tuwuh mangkin | panalangsanirèng kalbu | nulya nênêpi marang | kuburaning janma luwih | mung anangis lawan minta pangaksama ||

kang dadya wosing paminta | mugi lakinira eling | lan sukaa pangapura | wêkasan angundang mulih | kongsi têrus ing ati | sêruning panggrantêsipun | wêngi kalawan rina | mantêp dènira nênêpi | tanpa kongkih mung ngantêpi tekadira ||

gantya ingkang cinarita | pêksi kang mêmêlas asih | lulus dènnya sêsingidan | kongsi atul marang atis | dene kang dadya misil | ajêging têdhane amung | kêkècèraning bêras | kalaning janma mususi | ingkang katut kentir ilining kang toya ||

pinangan kanthi narima | wêkasan ngayêmi ati | mila pêksi jaka tuwa | lêmanira pan katitik | lan sêgêrirèng kulit | gampil kêtuwuhan wulu | riwusing lama-lama | wulunira pêpêk malih | dyan umêdal mabur ngayuh jumantara ||

dahat dènira karênan | anon rêsminirèng bumi | kêkayon ijêm ngrêmbaka | jaka tuwa milang-miling | dupi anon rêsmining | punang wit agung ngrêmbuyung | nulya niyup mangandhap | mencok nèng êpanging uwit | amênêri wit agung ing pakuburan ||

jaka tuwa kagyat mulat | dene sangandhaping uwit | wontên pawèstri katingal | jaka tuwa datan pangling | yèn nyi sudagar nguni | dyan tuwuh osiking kalbu | nêdya umalês lara | nulya anyêbawa lirih | amêmindha swara kang tan kasat mata ||

he nyai sudagar sira | pan ingsun têtanya yêkti | paran ta darunanira | dene sira sru prihatin | tratab tyas kêtir-kêtir | duk nyai sudagar ngrungu | mantêp gènira ngira | lamun swara nawung gati | măngka tăndha sasmitane Kang Kawasa ||

nyi sudagar asajarwa | kang dadya ciptaning ati | nulya pêksi kang mêmindha | nyabawa amituturi | o yèn mangkono nyai | gampang angèl sirnanipun | mung yogya lakonana | cukura rambut lan alis | yèn kalakon yêkti bêcik dadinira || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


nadyan. (kembali)
kalihan. (kembali)