Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06-22, #301

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06-22, #301. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06-22, #301. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 50, 14 Sura Taun Ehe 1860, 22 Juni 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [773] ---

Ôngka 50, 14 Sura Taun Ehe 1860, 22 Juni 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pordhêkok (Bukittinggi)

[Grafik]

Sawangan ing tanah Malayu kathah sangêt ingkang nêngsêmakên, mila ing Kajawèn kêrêp ngêwrat gambaring sawangan wau. Para maos sagêd anggambarakên piyambak wontên ing galih ing bab adining sawangan wau.

--- 774 ---

Wêdhar Sabda Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Wontên ing Polêksêrad, ing Parêpatan Wiwitan Taun

Kala ing dintên Sabtu tanggal kaping 15 wulan punika, polêksêrad ambikak parêpatan wiwitan taun, kanthi dipun pangarsani pangarsa enggal, Paduka Tuwan J.W. Meyer Ranneft. Kados padatan, sadaya ingkang sami anjênêngi parêpatan, inggih punika para lid polêksêrad, para èdêlèr, para kongsul sanès-sanès praja tuwin sanès-sanèsipun, sami mangagêm busana agêng.

Jam 9 thèng, sarêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana rawuh, dipun papag ing komisi ingkang kawajibakên mêthuk, paduka tuwan-tuwan Jonkman, Kan, Sasradipraja tuwin van Zalinge saha lajêng andhèrèkakên malêbêt dhatêng gêdhong polêksêrad. Sasampunipun lênggah, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng miwiti mêdhar sabda. Ing ngriki botên prêlu angandharakên sadaya wiyosing pangandika dalêm, namung mêndhêt ingkang wos kemawon saha ingkang migunani dhatêng kula sadaya.

Ing sakawit Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana amahyakakên pangandika, sangêt suka sukuring panggalih, dene sagêd ambikak parêpatan punika, saha sagêd aparing pambagya dhatêng pangarsaning polêksêrad ingkang kaping sakawan, tuwin suka sukur dene Sri Bagendha Kangjêng Raja Putri aparing kapitaosan agêng ngangkat panjênênganipun ngasta padamêlan ingkang inggil saha agêng têtanggêlanipun wau. Wontênipun kapitadosan dalêm Sri Bagendha Kangjêng Raja Putri wau dipun condhongi ing ngakathah, botên sanès jalaran sampun kayêktèn, saking kaprigêlan saha kasagêdanipun paduka tuwan pangarsa wontên Jawi saha salêbêting polêksêrad.

Salajêngipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng mangandikakakên ing bab lêlabêtanipun pangarsa lami, inggih punika Paduka Tuwan Neitzell de Wilde, salêbêtipun Tuwan Neitzell de Wilde mangarsani polêksêrad kawan taun, polêksêrad ingkang rumiyin namung bêbadan suka panimbang, samangke lajêng dados bêbadan ingkang tumut-tumut damêl pranatan praja. Kajawi punika, salaminipun jumênêng pangarsa polêksêrad, ngawontênakên College van Gedelegeerden. Panindak saha pamawasipun pangarsa lami nênuntun polêksêrad ngantos dados kados samangke punika adamêl agênging panggalih dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana utawi paring gênging tarimakasih. Raosing panggalih dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ingkang kados makatên wau inggih tumrap lêlabêtan sanès-sanèsipun kala dados pangarsa, kadosdene ingkang sampun kalairakên kala badhe pêpisahan, dening: Paduka Tuwan Mr. s'Jacob atas namaning polêksêrad dening Regeeringsgemachtigde voor Algemeene zaken atas namaning pamarentah tuwin dening Directeur Financien atas namaning Regeeringsgemachtigden.

Sasampunipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mangandikakakên kanthi rênaning panggalih ing bab indhaking tamu-tamu para linangkung saking golongan punapa kemawon, saking nagari Walandi tuwin sanès-sanès praja, salêbêtipun taun ingkang kapêngkêr punika. [puni...]

--- 775 ---

[...ka.] Sampun dados padatanipun, nagari ingkang wiwit ngambah kamajêngan, kadosdene kawontênanipun tanah Indhia ngriki, tamtu lajêng nuwuhakên wawasan tuwin panimbang warni-warni. Kadospundi tuwuhing panimbanging para ingkang sami nyumêrêpi kawontênanipun ing ngriki, karêmbak, kirang prêlu ingkang prêlu dene para tamu wau sadaya ing sakonduripun dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak, sami rêna ing panggalihipun, dene sagêd anêksèni sadaya padamêlan ing ngriki tuwin sadaya ingkang sawêg katindakakên saha kawontênanipun kamajêngan ing tanah ngriki.

Salajêngipun, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mangandikakakên, ing bab para tamu agung ingkang sami rawuh ing taun kapêngkêr, kados ta: Sang Pangeran Adipati Bèlgi sakalihan ingkang garwa, Paduka Tuwan Albert Thomas, ingkang lajêng damêl palapuran ing bab wawasan kawontênanipun tanah Indhia ngriki tuwin kawontênanipun gêgayutaning kaum buruh lan lurah ing ngriki, makatên ugi ngandikakakên rawuh dalêm kangjêng tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Indhocina tuwin komêndhaning wadya lautan Prasman ing Asiah wetan, ingkang sakawit anjujug ing Batawi lajêng mubêng tanah Jawi tuwin Bali. Lan ugi mangandikakakên, benjing wulan Agustus ngajêng punika Sri Nata ing Siyêm sakalihan badhe ngajawi.

Mirid pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, wêwah-wêwahing tamu agung saking sanès praja wau, nandhakakên, bilih tanah Indhia saya dipun wigatosakên sadonya. Makatên ugi wontên ing ngriku dipun pangandikakakên, lêlampahan sanès-sanèsipun ingkang sumarambah sadonya, ingkang ugi anggayut kawontênaning tanah Indhia, kados ta: bab prajanjian beya nagari Walandi lan Tiongkok, ingkang dipun wontênakên ing wulan Dhesèmbêr kêpêngkêr, saha ingkang anjalari sabagean agêng nagari Tiongkok pikantuk wangsulipun malih tarip beya piyambak tumrap barang-barang ingkang malêbêt ing Tiongkok, asli saking jajahanipun nagari Walandi.

Badhe kasambêtan.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaring para warga P.B.S.T. nalika konggrès wontên ing Bandhung.

--- 776 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 49.

Wontênipun sêsakit wau sagêd nular dhatêng tiyang kathah, upaminipun sêsakit tipês, kolerah, dhesêntri, punika makatên: wontên sumur utawi bêlik ingkang toyanipun sampun kulina dipun angge ngombe ing têtiyang kathah, punika kalêbêtan wiji sêsakit wau, wusana têtiyang ingkang sami ngombe toya lajêng katrajang ing sêsakit ingkang wijinipun kalêbêt ing sumur wau.

[Grafik]

Têtiyang ingkang sami nandhang sêsakit inpluensah.

Wontênipun sumur kalêbêtan wiji sêsakit wau, jalaran:

1. Cakêt kalihan jumblêng.

2. Tiyang umbah-umbah panganggenipun tiyang ingkang kenging sêsakit nular, rêrêgêdipun lajêng kalêbêt ing sumur.

3. Sumur ingkang botên ngangge srumbung tembok sêmèn dumugi ngandhap, utawi plêsteran jarambahing sumur kirang wiyaripun, lajêng rêrêgêd sagêd rumêsêp ing sumur wau.

4. Tiyang ingkang umbah-umbah, ingkang tanganipun sampun kenging (gupak) rêrêgêd wau, manawi nyêpêng timba, timbanipun lajêng gêpokan kalihan toya sumur, dados nular.

5. Timba ingkang gêpokan kalihan siti utawi plêstèraning sumur ingkang sampun kenging rêrêgêd wau, nama kêtularan.

6. Wowohan utawi sayuran mêntah dipun têdha mêntahan kemawon, manawi sampun kacêpêng utawi gêpokan kalihan tanganipun tiyang ingkang wontên wijining sêsakit wau, utawi kabêkta dening lalêr ingkang sampun gupak rêrêgêd wiji sêsakit, ugi sagêd nular.

7. Toya lèpèn ingkang sampun wontên wijining sêsakit, jalaran kangge umbah-umbah panganggenipun tiyang ingkang kenging sêsakit, punapadene lajêng kangge ambêbucal ing tiyang ingkang sampun gadhah wiji sêsakit, môngka toya lèpèn wau lajêng dipun ombe ing tiyang utawi kangge adus, toya lumêbêt ing cangkêm lajêng sagêd kêtularan.

Sêsakit malariah ingkang sagêd dados epidemie punika makatên jalaranipun:

Ing wêkdal botên wontên sêsakit malariah, punika sajatosipun inggih wontên tiyang satunggal kalih ingkang gadhah wiji malariah wontên ing badanipun, tiyang wau botên sakit, ananging [a...]

--- 777 ---

[...nanging] jalaran saking kawontênanipun hawa utawi sanès-sanèsipun, wiji sêsakit malariah wau lajêng kadosdene kagugah, sarêng makatên lajêng sagêd nukulakên sêsakit wau.

Manawi wontên lêmut malariah nyokot dhatêng tiyang ingkang sakit wau, wusana lajêng nyakot malih dhatêng tiyang saras, tiyang ingkagn saras punika lajêng dados sakit, makatên salajêngipun, sêsakit lajêng sagêd tular-tumular dhatêng tiyang kathah.

Ing padhusunan sampun limrah sok wontên têmbung: iki rak usum pari anyar, mulane akèh wong padha lara katisên.

Baktèri basil coccen wiji sêsakit warni-warni punika saking alitipun botên kenging dipun tingali ngangge mripat balaka, katingalipun manawi ngangge pirantos ingkang dipun wastani kaca praksana (microscoop), ingkang kenging kangge ningali agêngipun barang alit, inggih wiji sêsakit wau ngantos tikêl 1800 utawi langkung. Dados upami wiji sêsakit wau agêngipun namung 0,001 mm. manawi dipun agêngakênganagêngakên. tikêl 1000 dados katingal 1 mm.

Kawontênan ingkang gumêlar ing pundi-pundi, ing rai, rasukan, tangan, meja, kursi lan sanèsipun punika wontên baktèri utawi basilipun, nanging botên sabên baktèri punika dados wijining sêsakit, wontên ingkang migunani dhatêng tiyang, wontên ingkang dados wisa, lan wontên ingkang botên andadosakên punapa-punapa.

Ananging rèhning baktèri wau botên katingal, botên sagêd ambedakakên, dados tiyang kêdah namung nganggêp sadaya baktèri wau awon utawi nguwatosi tumraping manungsa.

Dados tiyang punika wontêna ing pundi kemawon tansah kêkancan sêsakit.

Upami tiyang mlampah ing radinan kenging blêdug ingkang nuju wontên wijinipun sêsakit, punika tiyang sagêd kenging sêsakit ing gorokan, paru, mripat, utawi sanès-sanèsipun. Upami malih sukunipun tiyang babak utawi bêsèt sakêdhik, kenging siti ingkang wontên wijining sêsakit, tiyang wau lajêng sagêd katrajang sêsakit warni-warni (titanus), wontên malih tiyang dipun cakot lêmut utawi lalêr ingkang katingalipun sapele kemawon, punika sagêd anjalari thukuling sêsakit (wondroos).

Ananging manawi badan kiyat, cara Jawi kawastanan botên apês, badan botên sagêd sakit margi peranganing badan ing lêbêt sagêd nanggulangi dhatêng wiji-wiji sêsakit wau.

Têrangipun makatên: manawi wontên wiji sêsakit tumèmplèk ing kulit, ing ngriku wiji sêsakit sagêd katulak dening peranganing kulit ingkang ngêdalakên kringêt (zweetklieren).

Upami wiji sêsakit langkung lêbêt-lumêbêtipun ing kulit, punika sagêd dipun tanggulangi dening êrah (witte bloedcellen).

Dados manawi badan kiyat sagêd nanggulangi wiji-wiji sêsakit wau, inggih botên sakit, namung badan kraos botên sakeca (krêkês-krêkês). Yèn badan botên kiyat inggih punika apês, inggih lajêng dados sakit saèstu. (Badhe kasambêtan)

--- 778 ---

Pawartos Wigatos

Kweekschool voor Inlandsche Schepelingen. (Kweekschool Kangge Punggawa Kapal Tiyang Siti)

Pamulangan agêng gagrag enggal punika pamanggènipun wontên ing Makasar, cêlak ing sagantên, kadamêladamêl. sênênging manahipun para neneman ingkang sami badhe dados punggawa ing kapal. Dene kajênging pamulangan punika suka pangajaran dhatêng para neneman tiyang siti dados matrus utawi sêtokêr ing Koninklijke Marine. Mênggah kawontênan ing salêbêtipun pamulangan wau kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

[Grafik]

Gapuraning Kweekschool.

Manawi tiyang sampun malêbêt ing kori agêng, anjog pakaranganing pamulangan, ing ngriku wontên gêdhong agêng-agêng papan patilêmanipun para murid nêm iji, patilêman wau sadaya mawi klambu kangge panulak lêmut, tuwin kêmul, amargi manawi ing wanci dalu asrêp. Ing sacêlaking patilêman dipun sadhiyani bênèt kangge ngrimati barang-barangipum,barang-barangipun,. kenging dipun kancing rapêt. Ing ngriku ugi dipun sadhiyani panggenan kangge andèkèk sêpatu.

Ing antawising papan patilêman wontên papan wiyar panggenaning nêdha para murid. Wanci nêdha: sarapan jam 6 enjing, nêdha enjing 8.25, nêdha siyang jam 12.5. Jam 4.30 dipun sukani nêdha malih.

Sarèhning murid-murid wau wontên ingkang agami Islam utawi agami Kristên, têdhanipun inggih dipun beda tuwin dipun pilah linggihipun.

Ing sakiwaning papan nêdha wau wontên papan ulah raga jangkêp sapirantosipun. Ing wanci siyang dipun ajar ulah raga cara Swèdhên, dene bilih papan wau botên kangge ulah raga, para murid inggih kenging ngangge. Sawingkinging kamar wau wontên panggenan kangge ngisis sandhanganing para murid manawi nuju môngsa jawah. Murid-murid wau kêdah ngumbahi sandhanganipun piyambak.

Ajêng-ajêngan kalihan pangisisan tuwin papan ulah raga punapadene papan maluwa, wontên gêdhong cacah 7 iji, panggènaning mulang basa Walandi tuwin etang dhatêng para murid. Ingkang mulang wau guru ingkang mawa dhiplomah. Manggèning gêdhong-gêdhong [gêdhong-gê...]

--- 779 ---

[...dhong] wau wontên sapinggiring margi agêng.

Manawi saking papan pangisisan tuwin saking papan ulah raga badhe dhatêng pasisir, anglangkungi griya patukangan, panggènaning sinau para murid sêtokêr.

Sangajênging griya patukangan wau wontên palabuhanipun alit. Wontên ing ngriku baita-baita gadhahanipun Kweekschool sagêd labuh tanpa bêbaya. Murih anggampilakên tiyang mandhap ing baita, ing ngriku dipun dèkèki siti nglojok dhatêng sagantên. (Badhe kasambêtan)

Jagading Wanita

Kawruh Ambathik (Nyêrat)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 49.

Bab mori

Mori ingkang kasêrat winastan mori muslin, punika wontênipun warni-warni, manut kawontênanipun satunggal-satunggaling nagari piyambak-piyambak, pundi ingkang dipun wastani sae.

Pêpetanganing mori ingkang badhe dipun sêrat punika kacon, botên elon, pilah-pilahipun makatên.

1. Kampuh, limrahipun 7 kacu, kampuh adèn-adèn agêming para luhur 8 kacu, katugêl lêrês 3½ utawi 4 kacu, nama salirang, kaping kalih nama satangkêp.

2. Sinjang 2½ kacu, utawi namung 2¼ kacu.

3. Ikêt sakacu langkung satêbah, manawi dipun pêsthi namung sakacu dadosipun ikêt: cawak (botên gathuk lêrês).

4. Kêmbên 2½ kacu, kasuwèk ing têngah dados kêmbên kêkalih.

5. Sarung bathik, 2 kacu.

Pangolahing mori.

Mori sasampunipun dipun suwèki lajêng kakumbah, lajêng dipun plipidi ing lêrês suwekanipun, ingkang sae plipidan punika dipun dondomi tangan, namung anjalirid sakêdhik, manawi dipun plipidi ngangge mêsin, kêtingal ambêdhudhug kêkandêlên. Dene plipidan wau ugi kangge têngêr, ing sajawining plipidan kangge ngengrengan, ing nglêbêt lêrêsing plipidan kangge têrusan. Dados têngêraning ngengrengan punika kajawi ningali saking saening wujudipun, ugi sagêd nitik saking plipidan, saupami wontên sinjang ngengrenganipun dhawah prênah salêbêting plipidan, sanadyan nama botên awon, nanging nama groboh, utawi klintu panyêratipun, lan malih tumrap gampilaning tiyang miru sinjang, cêkap nitik saking plipidan wau.

Mori wau sasampunipun dipun plipidi lajêng dipun godhog mawi woworan godhong dêling utawi godhong tela gantung, utawi namung kalihan tawas. Mori ingkang dipun godhog makatên punika kajawi ngindhakakên sae ing wujud, ugi paedah manawi dipun sêrat pêrêt.

--- 780 ---

Sasampunipun makatên, mori wau kaulêd kalihan bêninganing lôndha awu tuwin lisah jarak, lajêng dipun pe. Bilih sampun garing dipun ambali malih ngantos rambah-rambah, manawi sampun kêtingal mêmês dipun kèndêli, lajêng dipun godhog. Bilih sampun tanak panggodhogipun kintên-kintên sampun mrasuk, lajêng dipun êntas sarta lajêng dipun kumbah ingkang ngantos rêsik, lajêng dipun pe.

Manawi sampun garing lajêng dipun sêkuli, sêkul punika glêpung dipun jênang mawi tawas sakêdhik, mori dipun ulèni ing tangan wontên ing pangaron utawi sanès-sanèsipun ngantos waradin lajêng dipun pe, manawi sampun garing dipun dhêm rumiyin.

Mori ingkang sampun kados makatên punika nama mori loyoran, murugakên saening babaran, awit bumbuning soga sagêd tumama sae.

Sapunika lajêng ngudi alusing mori murih sakeca dipun sêrat, inggih punika dipun kêmplongi, patrapipun mori dipun lêmpit panjang, dipun tumpangakên ing kajêng kêmplongan, dipun thuthuki gandhèn, kaangkah namung andhawahi, nanging ingkang waradin, ngantos alus. Mori ingkang sampun dipun kêmplongi punika pikantukipun manawi dipun sêrat sakeca, sagêd anglêr tanpa grag-grêg.

Sasampunipun makatên, mori lajêng dipun garisi, dene anggarisi punika manut punapa badhe sêratanipun, punapa kangge cêplok, garis miring, tambal tuwin sanès-sanèsipun. Patrapipun anggarisi punika mori dipun jèrèng wontên ing papan waradin, prayoginipun wontên ing plêsteran, pirantosipun ngangge blêbês, inggih punika kajêng panjang gèpèng, minôngka jidharan, dipun garisi potlot.

Dene tumrap anggarisi ikêt, ingkang garis miring, punika wontên ingkang dipun garisi têrusan malang, wontên ingkang dipun perang dados kawan guthêk. Dene dadosipun sae ingkang dados kawan guthêk, awit manawi kangge ikêt-ikêtan garisanipun sagêd kêtingal têrusan saking ngajêng dumugi wingking. Dipun ingar-ingêra panglêmpitipun ajêg sami kemawon. Beda kalihan ingkang dipun garisi malang, wolak-waliking panglêmpit sagêd ngewahakên garisan, sagêd têrusan utawi malang. Lan malih pamêndhêting têngahanipun ikêt sampun ngantos kêlintu manut pasagining ikêt.

(Badhe kasambêt)

[Grafik]

Para wanita pakêmpalan 'Aisjijah ing Kotaraja (Acèh). Kawontênaning pakêmpalan wau dados tôndha kamajênganing wanita bôngsa Acèh.

--- 781 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

XX. Pangeran Warsaya nglairake panggalih kautaman.

[Sinom]

tindake kangjêng pangeran / ora nganggo mompar-mampir / lajêng mênyang pakunjaran / awit sajêroning galih / tansah kraos nêrusi / priye yèn ora têtulung / nyang wong sing kasangsara / kang susah ing rina wêngi / karaose kêtêpa ana sarira //

tindake sadalan-dalan / akèh wong sing andhodhoki / jêng pangeran ora rêna / ngandika karo ngêndhêgi / wis ambacuta nuli / dhodhokmu gawe pakewuh / wong sing didangu nyêmbah / lunga lan muni: nun inggih / isih mêksa mêndhêg-mêndhêg sawatara //

ing batose ngunandika / wis mangkono uwong kuwi / yèn tatane dikon owah / adate ketokna bêkti / nanging ayake mêsthi / mung saka isih kêtlêtuh / jênênge tatakrama / wis manjing ing kulit daging / tumindake ya saka alon-alonan //

nuli andangu pangeran / mênyang panakawan lirih / kapriye he panakawan / tatamu ing kene iki / ketoke wong-wong kuwi / bangêt wêdi mênyang aku / dhodhokane katara / pancène aku ngêmohi / bok wis aja nganggo tatacara kuna //

panakawan matur nyêmbah / kula nuwun inggih gusti / manawi panimbang kula / botên sagêd amastani / lêpat ngurmati gusti / sampun nama lêrêsipun / lan malih mênggah tata / ngrika-ngriki botên sami / ucapipun nagara amawa tata //

dados mênggah tumrap tiyang / beda-bedaning pamanggih / kabêkta ing kalimrahan / awit yèn pêksana gusti / dèrèng têmtu nêrusi / raose ing batinipun / gumujêng jêng pangeran / nolèh lan ngandika lirih / kuwi bênêr panêmumu pananakawan //Lebih satu suku kata: kuwi bênêr panêmumu panakawan.

tumuli ambacut tindak / akèh uwong sing ngrasani / yèn tindake sang pangeran / arêp mriksa Surawani / batine amêmuji / muga Surawani kokum / bablas adoh dibuwang / bène aja ngrêrêgêdi / yèn luwara bakale ora karuwan //

tindake kangjêng pangeran / têkane kunjaran nuli / animbali juru jaga / wise têka andhawuhi / apa ta kowe kuwi / sing anjaga kene bagus / wujudmu isih bocah / nanging ketok mitayani / lah ta ayo bagus aku dhèrèkêna //

karo aku tuduhna ya / panggonane Surawani / amangsuli juru jaga / nun inggih sandika gusti / punapa Surawani / kang rumiyin dados ratu / pangran ngandika: iya / o, kowe cah anyar mêsthi / yèn wong lawas mokal yèn durung wêruha //

sapa sing sok tilik têka / matur juru jaga: inggih / gusti mung anak lan semah / yèn dhatêng ngantos gêmridig / sampuna nama wajib / awrat ngirid tiyang wau / jalaran botên tahan / sumêrêp gènipun nangis / salêbêting kapanggih mung têtangisan //

--- 782 ---

pangeran mèsêm ngandika: / wong jênênge kowe kuwi / isih atèn-atèn bocah / ora têgêlan ing ati / nanging yèn jênêng wajib / kowe aja ngono iku / nadyan batinmu wêlas / lairmu sing kêncêng bêcik / kapriye ta mungguh kaanane Sura //

juru jaga apratela / wujudipun Surawani / badan sakalangkung kêra / sajak angêmu sêsakit / jalaran bokmanawi / saking dipun tahan dangu / prasasat botên nêdha / tilêmipun awis-awis / tuwin malih prasasat tanpa cantênan //

pangeran alon ngandika / kaanane kabèh kuwi / mêsthine mung kêgawa /Kurang satu suku kata: mêsthine amung kêgawa. saka pêtênge ing ati / yèn wong têpa sathithik / ing atine mêsthi trênyuh / tindake jêng pangeran / diaturi kèndêl nuli / sampun gusti ing ngriki gènipun Sura //

lawange nuli dibukak / ing jêrone ketok mamring / êmung prênahing pojokan / ketok ana wonge linggih / pangeran amurugi / karo anyabawa watuk / sawise wêruh Sura / yèn uwong sing têka kuwi / kangjêng gusti kang bakal jumênêng nata //

nuli mara gurawalan / sampeyane disungkêmi / ora kêndhat asêsambat / kula sampun marêm gusti / sagêd kapanggih ngriki / manah sampun botên mêsgul / nadyan pun pêjahana / mung sandika anglampahi / awit kula sampun nyuwun pangapura //

pangeran nuli ngandika / wis ta paman aja nangis / dene nganti kaya bocah / têkaku ing kene iki / prêlu arêp ngluwari / bèn aja nganti kabacut / paman nêmoni rusak / awit yèn tak pikir-pikir / wis sêdhêngan gonmu nandhang kasangsara //

Surawani nganti gragap / nyawang mênyang kangjêng gusti / kêtumpangan pangandika / tênan aja samar ati / karo paman saiki / awit saka panimbangku / paman iya têtêpa / balia pangkat bupati / anindakna gawemu ing dhèk samana //

kabèhe uwis mupakat / tak rêmbug lan uwa patih / wis aja korasa-rasa / awit wis tak pikir bêcik / ing kono Surawani / nganti nangis sênggruk-sênggruk / saka jujul karasa / wêruh karsane jêng gusti / kadunungan panggalih luhur utama //

nuli matur karo nyêmbah / karsa dalêm kangjêng gusti / adamêl agênging manah / ananging punapa inggih / ingkang makatên gusti / dados panarimahipun / manahing tiyang kathah / yèn kula wangsul bupati / lajêng nama tindak dalêm botên tata //

kawula sampun rumasa / tiyang cidra ing nagari / manawi dipun ngapura / bumi langit rak anjêrit / amèsêm kangjêng gusti / paman mungguh panêmumu / iku bangêt prayoga / ananging mungguhing bêcik / bisa bae ditindakna sapa-sapa //

awit paman saupama / ana kang sêrik ing ati / mêsthine ora nyang paman / rak mung aku kang majibi / wis ta tampanên bêcik / aja nganggo ewah-ewuh / mung aku duwe kôndha / amboboti mung sathithik / kangjêng ibu karo biyung golèkana //

awit iku padha ilang / saprene kelangan titik / yèn paman bisa nêmokna / ing mêsthine luwih bêcik / sasat paman sing dadi / jalaranku dadi ratu / awit aku wis kôndha / durung gêlêm anglakoni / sadurunge ibu karo biyung têka //

kono padhang sanalika / Surawani matur lirih / manawi jêng gusti karsa / utusan ing kula gusti / tamtu kula lampahi / kanthi tumêmên saèstu / tuwin dharih sakeca / ngicalakên pônggarunggisônggarunggi. [pông...]

--- 783 ---

[...garunggi] '/ dados kula bupati benjing prayoga //

dados minôngka ganjaran / anggèn kula anglampahi / dhawuh wajibing nagara / kangjêng pangeran kadugi / dhèk samana tumuli / padha budhalan umêtu / lan banjur sêsowangan / Surawani anglakoni / ing dhawuhe sang pangeran kanthi bungah //

Bab Rajakaya

Bab Kasarasaning Kewan

Sasagêd-sagêd kewan punika kajagia sampun ngantos karubung ing kewan alit-alit, kados ta: lalêr, pitak, jingklong tuwin sanèsipun, awit kajawi mêsakakên dene tansah kagodha, kewan wau sok ambêkta wijining sêsakit ingkang sagêd nular, pramila prayogi ing kandhang ngriku dipun pasangi bêdhiyan, punapa malih manawi dalu, supados sagêd anêbihakên kewan alit-alit wau.

[Grafik]

Kapal ingkang nandhang sêsakit sela karangên.

Sêsakit kewan ingkang nularipun kabêkta dening bangsaning lalêr, limrahipun pitak, punika sêsakit Surra inggih punika sêsakit ingkang tandhanipun abuh ing badan perangan ngandhap, ing dhadha, wêtêng, têrus ing wingking, kewan ingkang sakit makatên kathah ingkang pêjah. Dene nularipun: saupami wontên salah satunggiling kewan ingkang sakit makatên, môngka êrahipun kasêsêp dening pitak, êrah wau sampun katutan wijining sêsakit, sarêng pitak nêsêp êrahing kewan sanès ingkang saras, kewan wau tamtu lajêng kalêbêtan wijining sêsakit ingkang kabêkta dening pitak. Pramila panjaginipun manawi ing kampung ngriku wontên kewan ingkang sakit makatên, enggal kalêbêtna papan ingkang pêtêng, ing pêtêngan lalêr lan sabangsanipun botên purun murugi, samantên ugi ingkang saras kajagia sampun dipun encoki, rekanipun ugi kaprênahna ing papan ingkang pêtêng utawi badanipun kablonyoh ing lisah pèt utawi tir.

Dene ingkang prêlu malih kangge anjagi kasarasaning kewan punika anggèning ngrêsiki badanipun, inggih punika: dipun kêrok, dipun sikat [sika...]

--- 784 ---

[...t] utawi dipun srêbèti lan masakala kaguyang, sokur yèn mawi sabun. Para ahli kathah ingkang angyêktosi lêmbu pêrêsan ingkang asring kasikat, wêdaling puhanipun langkung dêrês tinimbang ingkang botên.

Ngrêsiki wau kajawi ngicali rêrêgêd ingkang nèmplèk ing badan ugi ngicali bangsaning tuma ingkang sami nèmplèk ing ngriku, awit punika ugi sok ambêkta wijining sêsakit nular.

Sêsakiting lêmbu nama Piroplasmosen utawi saminipun sêsakiting manungsa: malariah, bêntèr tis. Tandhanipun: badan kêra, bêntèr, mèncrèt, uyuhipun abrit lan sapanunggilanipun, punika ingkang ambêkta ugi bangsaning tuma lêmbu, pramila kangge panjagi manawi ing kampung ngriku wonênwontên. sêsakit makatên, namung amêjahi tuma-tuma wau.

Ebahing badan ugi tunggilipun panjagi kasarasaning kewan. Kados sampun bêktaning kodrad lan sadaya kewan punika kêdah angebahakên badanipun. Pêdhèt, gudèl, bêlo, cêmpe yèn manggih papan wiyar lajêng bigar, samantên ugi kapal ingkang dangu botên kadamêlakên utawi dangu botên kawêdalakên saking gêdhogan. Kewan ênèm ingkang enjingipun badhe kangge tumpakan utawi tarikan, ugi kêdah kajagi sagêda ngebahakên badanipun, pramila prêlu asring kaêculakên saking kandhang, sokur tanpa tangsul, awit kajawi paedah kangge kasarasaning badan, ing têmbe sagêd anggadhahi wangun badan ingkang sae saha kiyat.

Dene rumput ingkang sae, sanajana botên prêlu kasumêrêpan perang-peranganipun ingkang prêlu tumrap ing badan, limrahipun ingkang thukul ing siti ingkang êloh utawi ingkang taksih ênèm. Kewan ingkang taksih ênèm utawi ingkang kangge nyambut damêl prêlu sangêt katêdhanan rumput ingkang kados makatên. Bangsaning rumput ingkang sae inggih punika: grinting, kêtelan, lulangan, kalamênta, kalajana, lamuran, rumput bênggala tuwin brasili. Dene ingkang kirang sae bangsaning rumput ingkang gagangipun lingir tiga, inggih punika bangsaning rumput dondoman, rumput pait, tuwin alang-alang.

Kewan ingkang kirang têdhanipun utawi ing têtêdhan ngriku kirang sari-sari ingkang migunani ing badan ugi kirang saras, lan gampil kenging sêsakit.

Tumrap tiyang ingkang cêkap, kewanipun sok dipun têdhani gabah, jagung utawi bubur, dhêdhak lan uwos. Pancèn têtêdhan makatên wau migunani sangêt tumraping badaning kewan, saya malih tumrap kewan ingkang kangge nyambut damêl utawi ingkang kapilala puhanipun. Sarèhning têtêdhan makatên awis rêginipun, dados botên anggêr tiyang anggadhahi kewan sagêd angragadi. Pramila mawi dêdhak uwos kemawon sampun prayogi, sarta kajagia sampun kawoworan sanès, upaminipun dhêdhak uwos kêtan, jalaran sok andadosakên sakit wêtêng.

Suryadi. Keurmeester Panaraga.

--- 785 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Èwed Pakèwêding Pangkat Pangrèh Praja

IV.

Garèng : Mungguh omongmu ing ngarêp, priyayi pangrèh praja kudu bisa dipayungi dening panggêdhe, apadene kudu bisa didhasari dening bawahe, kuwi pancèn mula iya nyata. Upamane bae mangkene: awake pancèn pinayungan têmênan dening para panggêdhene, têgêse: kabèh panggêdhene, kabèh lurahe padha asih lan trêsna, nanging ana saradane sathithik, yaiku rada thukmis, nèk ing bawahe ana wong sing rada klimis, banjur andadak arêp disêlir bae, apa manèh yèn ana wong bawahe tayuban, kuwi anggone bêksa sok ora nguman-umani liyane. Mara, kang mangkono kuwi rak bisa dadi jalaran disêngit karo wong-wong bawahe, wusanane pagaweane iya ora bisa bêcik. Kosok-baline: kabèh bawahe padha wêdi, trêsna lan asih, nanging nèk lêbar blanjan diajak dhomino utawa cêki karo lurahe, sok ora gêlêm, kuwi iya bisa dadi lantaran disêngit dening panggêdhene.

[Grafik]

Petruk : Lho, kok banjur gèsèh panêmune, karêpku ora mêngkono. Sing diarani: dipayungi dening panggêdhe, kuwi saka prigêle anggone nindakake pagaweane, nganti nyata katon: kawêkêlane, têmêne, anggone nêtêpi kuwajibane lan sapêpadhane. Satêmah nuwuhake asih lan kaprêcayane para panggêdhe. Dene sing diarani: didhasari dening bawahe, kuwi saka anggone bisa nata paprentahane, bisa ngêmong lan bisa nyulang-nyulangake sakèhing pagawean kang padha dadi wajibing bawahe, lan manèh bisa ngenaki atining wong-wonge kabèh, supaya anggone nindakake pagaweane mau kanthi sênênging ati.

Garèng : Wathah thithah, hla nèk mêngkono angèl bangêt wong dadi priyayi pangrèh praja kuwi, anggone bisa olèh karo-karone, yaiku dikanggokake dening para panggêdhene, lan diguyubi dening bawahe. Ing môngka panggêdhe lan bawahe kuwi karêpe sok rujak sêntul, kaya ta upamane: pamundhute para panggêdhe pajêge bawahe kudu dilunasi enggal-enggal, nanging panjaluke bawahe supaya lunasing pajêge

--- 786 ---

sarana ngulêr kambang bangêt kae. Mara, apa ora angèl bisane loro-lorone kalêgan ing atine. Angèle rak ora beda karo wong sing duwe bok tuwa lan bok nom, bisane nglêgani loro-lorone pisan. Awit nèk diturutana mono, karêpe wong loreloro. mau iya angèl bangêt anggone bisa nglêksanani, si êmbok tuwa anjaluk, supaya blanjane sing lanang ora kêna kurang sapèthèl, diwèhake nyang awake kabèh, êmbok ênom pijêr-pijêr anjaluk sandhangan anyar, panganggo sing apik bae, kang mêngkono mau atine apa ora tansah kisruh bae. Mêngkono uga priyayi pangrèh praja, têmtune atine iya nar-nir bae.

Petruk : Ewadene iya ana ayême, yèn sing dadi priyayi mau, upamane bae apangkat: wêdana, ora angrumasani: aku kiyi wêdana.

Garèng : Judhêg anggonku ngrasakake, ana wong kok ora kêna ngrumasani pangkate dhewe. Nèk panêmuku malah kosok-baline, yaiku sadhengah uwong kudu ngakoni sarta ngrumasani nyang pagaweane dhewe, upamane: pagaweanku kiyi sabênêre bakul saoto, kuwi aku kudu ngakoni lan ngrumasani yèn aku kiyi mung bakul saoto bae, dadi bisane iya mung ngadoni saoto, mêngko gèk banjur ngaku aku dadi koki, tur koki hotèl, dadi ngolah apa bae iya bisa, e, barêng dikon ngolah orak-arik, jêbul dibumboni cara saoto, hla, iya banjur banjir.

Petruk : Lho, kok banjur salah wèsêl manèh. Mungguh kandhaku supaya wêdana aja ngrumasani wêdanane, kuwi upamane mangkene: nèk ana priyayi cilik sowan nyang kawêdanan, dupèh nganggo jarit parang rusak, utawa ora copot sandhal, kuwi banjur ora krêsa manggihi, yèn krêsaa guwayane iya pêtêng, awit panggalihe wis kêgodha dening rumasa wêdana mau, wusana wêtuning têmbung iya ora ngrêsêpake, kadhangkala malah sok natoni marang wong sing diajak ngandikan, jalaran panggalihe tansah ana sing muni: wong iki ora idhêp bênêr, ora wêruh tatakrama, apa ora sumurup, hèh, yèn aku kiyi wêdana.

Garèng : Lho, Truk, kowe kaliru yèn banjur mung nyalahake wêdana, cêkake mung nyalahake priyayi pangrèh praja bae, nanging wong saaku kowe kiyi iya sok salah dhewe, yaiku: sok ora ngrêti anggone nandukake patrape, rumasane ora kêbawah kêprentah, dadi iya banjur ora ambil kêpala mumêt marang priyayi pangrèh praja sing mêngkoni panggonan kang didunungi mau, kaya ta upamane: opsirhtêropsihtêr. irigasi, dupèh ora kêbawah kêprentah, banjur ora mrêduli babarpisan marang bupati kang ambawahake kono, lho, kuwi rak kaliru, ta. Ing môngka bupati kuwi sanadyan ora ambawahake, nanging amêngkoni sabawah kabupatèn kono kabèh, dadi iya duwe têgês amêngkoni marang wong kang padha manggon ing kono, mulane [mula...]

--- 787 ---

[...ne] wong-wong mau sabênêre iya kudu ngrumasani yèn uripe ing wêktu iku adêdunung ing sawijining panggonan, kang dadi têtanggungane ingkang bupati. Dadi wong-wong mau wajibe iya kudu urmat sêmêsthine. Wis, Truk, samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Mistêr Radèn Mas Suripta, kalairan ing Ngampèl, Surakarta, angsal sêsêbutan dhoktêr ngèlmu hukum, sarana ngarang ing bab kamajênganing sêrat undhang-undhang ing tanah karajan Jawi.

Benjing wiwit tanggal 1 Juli ngajêng punika, ing Japara badhe wontên bikakan kursus damêl prabot bale griya tuwin ngukir kajêng, mawi dipun awat-awati dening pangagênging pamulangan griya ing Sêmarang.

Kala ing dintên Sabtu kapêngkêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral sampun bidhal dhatêng Bangkah, Biliton tuwin Borneo sisih wetan, nitih kapal Wega, kadhèrèkakên ajudan dalêm Tuwan Boelen tuwin sèkrêtaris rad Indhia Tuwan Idenburg.

Têtiyang komunis nama Waworoentoe tuwin Wentoek ing Batawi, sampun kabidhalakên dhatêng Dhigul, satunggalipun nama Daniel Kamou badhe kabidhalakên sanès dintên. Miturut papriksan, tiyang têtiga wau sami asli dhatêng saking Moskou, sami kapitados amradinakên ngèlmu komunis. Waworoentoe tuwin Wentoek tumindak tumrap tiyang siti, dene Daniel Kamou tumrap militèr bôngsa Mênadho.

Lêngganan Kajawèn nomêr 2225 kintun pawartos, kala dintên Ngahad kêpêngkêr ing dhusun Karanganyar, Pasekan, dhistrik Sindhang, Indramayu, wontên griya kêbêsmèn agêng-agêngan, cacah wuwung 70, manggèn ing 17 pakarangan. Kapitunan tuwin jalaran saking latu punapa, dèrèng kasumêrêpan, sawêg katindakakên papriksanipun.

Pamulangan Taman Siswa ing Ngayogyakarta mêntas ngawontênakên karameaning para murid. Karamean ingkang katindakakên ing ngriku sami adhêdhasar Jawi, kaanggit dening Ki Hajar Dewantara piyambak, inggih punika bapa babuning Taman Siswa, kados ta: dolanan, tonil, tuwin tatacara kina ingkang sae.

Dhirèktur pangajaran aparing sêrat dhawuh dhatêng para insêpèktur pangajaran tiyang siti, bilih tumrap kuwekêling ingkang gadhah sêrat aktê tuwin anglajêngakên sinau ing Normal kursus. Ing salêbêtipun sinau ing kursus wau ugi kapetang pur praktik, tumrap etanging indhakan balônja.

Ing Cibogo, dhistrik Lembang, Priyangan, wontên têtiyang gangsal sami sakit, jalaran sami mêntas nêdha pindhang ulam mas, lajêng sami dipun upakara wontên ing griya sakit gêmintê ing Bandhung. Tiyang ingkang sade nama Muslim, sampun dipun cêpêng, kapriksa prakawisipun. Sarèhning lêlampahan kados makatên wau kêrêp wontên, mila prayogi ngatos-atos.

Angsal-angsalaning panyadean sarêm ing propènsi Jawi Kilèn, ing salêbêtipun wulan Mèi kêpêngkêr wontên f 325.560.91. Ing salêbêtipun gangsal wulan wiwit Januari dumugi Mèi 1929 gunggung wontên f 1.529.612.68. Dene ing taun 1928 kados pêpetangan wau, wontên f 322.712.68 tuwin f 1.501.517.35.

Wangsulan saking Redhaksi

Anggèr Rus ing Surakarta. Lêrês ing Kajawèn dèrèng nate macak karangan kados karangan panjênêngan punika, nanging sampun wontên ingkang ngêdalakên buku kados makatên, nama Wedhapurwaka. Makatên malih anggèr kêdah mangrêtos, bilih karangan panjênêngan wau kêrêp kapangandikakakên wontên ing pakêmpalan. Karangan bab olah-laholah-olah. sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Tuwan S. ing Kapatihan Kulon, Ngayogya. Karangan panjênêngan bab sêkolah tuwin paprentahan ing bale griya botên kapacak, amargi ing Kajawèn sampun kêrêp ngêwrat bab kados makatên.

Lêngganan nomêr 338. Darmawisata têgêsipun kêkesahan, Sudiramôndra: kêkêndalankêkêndêlan. linangkung. Dene sanès-sanèsipun, panjênêngan prayogi mundhut wurdhênbuk Walandi Jawi. Adrès dhatêng rêdhaktur cêkap kaadresan Redactie Kadjawen Balai Poestaka Weltevreden.

Tuwan J.W. ing Surakarta. Panjurung kados paring panjênêngan botên kapacak, awit ing Kajawèn dèrèng dangu sampun wontên. Kados panjênêngan botên kêkirangan paring panjurung sanèsipun.

Tuwan J. ing Ngawi. Panjurung panjênêngan bab pananggalan, prayoginipun kapanjurungakên dhatêng sêrat kabar sanès.

--- 788 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arja Wiraga

4.

[Sinom]

nyi sudagar tan sawala / wus cukur kongsi kalimis / pan ing ngriku sanalika / kang pêksi tumurun aglis / lawan wacana aris / nyai yêktosipun wau / ingkang nyabawa kula / pêksi jaka tuwa nguni / kang wus dangu nêmahi papa cintraka //

nanging sampun wancak driya / lah inggih nyai ing benjing / kalamun rikma andika / wus pulih lir wingi uni / kula kang mitulungi / mrih andika sagêd wangsul / ginarwa ki sudagar / sampun ta dèn nrimèng galih / ingkang mantêp amrih sambada ing karsa //

ing sawusira mangkana / jaka tuwa angopèni / marang ing nyai sudagar / ing rina pantara ratri / anggung dènnya anjagi / mring kawilujênganipun / lan wusing kasêmbadan / nyi sudagar purna jati / rikma mêmak anjangês tanpa kuciwa //

warnanira kawistara / malih kadya prawan sunthi / ruruhing polatanira / wus caluluk ngatarani / janma suci ing ati / kang rêsik saking winasuh / jaka tuwa ngêngudang / lah sapunika katawis / botên beda: hêm kados prawan tigasan //

nyi sudagar sêmu ewa / alon dènnya anyauri / watakmu wis biyèn mula / manuk rada sugih uni / tur tanpa têgês yêkti / pêksi gumujêng angguguk / inggih-inggih sampun ta / kantuna wontên ing ngriki / mêmujia sagêda sambadèng karsa //

pêksi nulya anggêgana / amblês anèng mega putih / nuju maring unggyanira / ki sudagar kang mlasasih / ing samana marêngi / duk jaka tuwa aniyup / mring doning ki sudagar / pan katingal nuju linggih / sêmunira lir kataman ing sungkawa //

pêksi duk arsa tumêdhak / kêkalangan angungkuli / saluhuring palataran / lawan anggung milang-miling / nuli nylorot lan muni / asalamungalaekum / ki sudagar anggragap / kalawan mandêng mangsuli / ngalaekum salam êlo manuk apa //

wusing mencok anèng lêmah / jaka tuwa nywara lirih / lan mêgar wuluning sirah / manthuk-manthuk angurmati / dhuh wiyosipun kyai / kula pun pêksi rumuhun / mêngggahing yêktosira / kula tan tinêdha kucing / lawan malih wilujêng nyai andika //

ing mangke kula sajarwa / nyi sudagar mêlasasih / kala samantên punika / nuntên nalôngsa ing galih / bêbasan andêrpati / supe ing baya pakewuh / nênêpi nèng kuburan / nênêdha mring Mahaluwih / kang tinêdha mung agunging pangapura //

kados mangke sampun nyata / mirid titik wus katawis / wêningipun kang polatan / sucinipun anêrusi / e yèn andika kyai / mriksaa tamtu anjumbul / lan tamtu botên ngira / lamun nyai dados malih / botên ngintên yèn kados prawan balaka //

ki sudagar narik napas / ragi karaos ing ati / ature pun jaka tuwa / tan kèndêl anggung ngacuwis / dene ta mênggah nyai / yèn mathuk upaminipun / badhe wangsul ngawula / mung andika kadospundi / ki sudagar mung kèndêl nanging kêduga //

ki sudagar sanalika / nuli mangkat amurugi / mêthuk maring nyi sudagar / tumuntên binêkta mulih / têmah rukun lêstari / têbih sambekala lulus / wus tamat kang carita / mangkana ucaping pêksi / lah makatên nyai ing wahananira //

tiyang yèn alampah cidra / botên cinêlakan bêcik / utang wirang nyaur wirang / têka badhe pun lampahi / punapa nanêm wiji / dipun ajêng-ajêng thukul / inggih lamun sambada / angsal apuraning Gusti / yèn kêsiku sasat nêmahingnêmahi. sangsara //

dupi Nyi Jenab miyarsa / kraos lilih sawatawis / suda dêrêngirèng driya / nanging nulya thukul malih / èngêt marang sang pêkik / dene wus anganti dangu / nulya arsa umêdal / nanging wus kapalang enjing / sêsirating baskara wus katon mimba //

2. Tiyang sêtya ing ratu

[Mijil]

dupi ngancik wanci sontên malih / ing sêmu katonton / Nyai Jenab karaos ing mangke / èngêt marang sang pangeran pêkik / ing satêmah lali / mring sakèhing tutur //

nulya dandan kongsi amêncêning / dahat mawèh gawok / datan pisan wontên kuciwane / ing sasolahbawa amantêsi / nanging duk arsa nis / bayan cêluk-cêluk //

adhuh nyai kula ngantos pangling / dene mengoh-mengoh / wau kula wastani pangantèn / dhuh dhuh nyai badhe dhatêng pundi / bok inggih mariki / kula badhe matur //

awit kula ngraos ragi ajrih / ijèn dhêlog-dhêlog / têngga griya tanpa mawi sambèn / o bok inggih kula pun kancani / sambènipun linggih / dongèng trimah lowung //

bokmanawi sagêd dados misil / raosing cariyos / na môngga ta lênggah ngriki sae / Siti Jenab nulya kandhêg linggih / bayan amiwiti / andongèng agalur //

wontên nata misuwur ing bumi / luhuring karaton / angungkuli karajan liyane / ajêjuluk Sri Tabristan luwih / ambêging sri mulki / ing sajagad punjul //

kacariyos sri nata marêngi / nèng sewakan miyos / ingadhêp ing pra nayaka andhèr / anggusthi ring ayuning nagari / kang para bupati / anggung atur rêmbug //

iyêging kang rêmbag mikantuki / ing satêmah golong / datan wontên rêngat pangginême / duk samana kalane nyarêngi / pan wontên kaèksi / janma têngah tuwuh // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]