Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-10, #304

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-10, #304. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-10, #304. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 55, 2 Sapar Taun Ehe 1860, 10 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [853] ---

Ăngka 55, 2 Sapar Taun Ehe 1860, 10 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Talaga Singkarak

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun talaga Singkarak, Sumatra sisih kilèn. Sauruting talaga wau wontên marginipun sêpur. Sawanganipun ing ngriku tamtu adamêl sêngsêming sawanganipun têtiyang ingkang sami numpak sêpur.

--- 854 ---

Wêdhar Sabda Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral wontên ing Polêksêrad, ing Parêpatan Wiwitan Taun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 54

Miturut dhawuh pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, mênggah ada-ada nênuntun, kados ingkang sampun kaandharakên ing ngajêng, sarta ingkang nama sampun mêsthinipun tuwin prasaja, punika tumrap nagari sanès-sanès, ingkang kathah sami awêwaton kalihan punapa ingkang sampun sami dipun lampahi, dene tumrap tanah Indhia ingkang makatên punika ngêmungakên dhawahing pangajêng-ajêng. Lêrês pamarentah pitados dhatêng matoning pangajêng-ajêngipun, bilih ing tanah ngriki wontênipun kamardikan pulitik tuwin sosial, manawi pangêcakipun botên kalintu, badhe botên ngrisak, nanging malah anyaèkakên, langkung malih sarêng sampun kanyataan, punapa ingkang sampun dipun katingalakên dening sawênèhing panuntunipun pakêmpalan-pakêmpalan tiyang siti mênggahing katêmênan tuwin kawicaksananipun dèrèng dangu punika, nanging buktinipun ing bab makatên wau, ingkang kêdah nyukani, inggih ngêmungakên pasrawunganipun gêsang têtiyang siti piyambak. Sapunikanipun ingkang kêdah dipun pasrahi inggih para mudha jaman samangke. Nanging para mudha wau kêdah angèngêtana, manawi tumindakipun kasêsa, angsal-angsalanipun ngêmungakên: lêpat ingkang dipun jăngka, kamunduran, saha kamardikanipun dipun watêsi malih. Para mudha wau kêdah tansah angèmuti, bilih punika satunggilipun padamêlan ingkang kêdah katindakakên dangu, dados panindakipun inggih kêdah ingkang sêmanak tangkêpipun tuwin ngatos-atos, cara-caranipun anggèning nindakakên padamêlanipun piyambak, kêdah ingkang nocogi dhatêng pamarentah, murih anyêlaki sagêdipun kalêksanan punapa ingkang dados sêdyanipun pamarentah wau. Dene manawi lajêng mêksa angewahi, badhe botên wontên wohipun babar pisan, karampunganipun malah badhe kosok-wangsulipun kalihan punapa ingkang dipun sêdyakakên.

Murih sagêdipun angsal kamajêngan sapantêsipun, botên ngêmungakên tumrap pulitik kemawon, makatên ugi tumrap gêsang sêsrawungan tuwin ekonomi, umumipun kêdah dipun wontênakên kamardikan ing bab miturut tujuanipun piyambak-piyambak, tuwin anggènipun anindakakên. Punapa malih ing bab punika, ingkang sampun katingal sajakipun kenging dipun ajêng-ajêng sayêktos. Dene ingkang gadhah ada-ada inggih têtiyang siti piyambak, inggih punika ing bab: pangajaran, pitulungan arta tumrap anglajêngakên pasinaonipun (studiefonds), griya pondhokan lare sêkolah (internaten) pangupakaraning tiyang sakit, pangupakaraning tiyang sakit ing griya sakit lan ing kampung, kawêkêlan rakyat, pranatan têtanèn tuwin nyambutakên arta, pangupakaraning lare yatim tuwin tiyang pêkir miskin, nyêgah kawontênanipun tiyang èstri lampah awon, rekadaya ngicalakên dhasar awon tumrap têtiyang ingkang mêntas anglampahi ukuman, lan sasaminipun. Dhawuh dalêm Ingkang Wicaksana,

--- 855 ---

ing ngriku botên badhe ngical-icalakên kasaenaning padamêlanipun pakêmpalan sanès-sanès, kados ta: Budi Utama, Taman Siswa utawi Pasundhan, nanging tumraping bab punika, kanthi angrêgèni padamêlanipun, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ugi andhawuhakên pakêmpalan-pakêmpalan, Muhamadiyah tuwin Sêtudhi klêb ing Surabaya, ingkang kagalih kadosdene têlênging panggaotan wau.

Murih padamêlan tumrap umum ingkang utami wau sampun ngantos manggih rêridhu, tuwin tumrap bab punika murih sagêdipun ambikak margi enggal, jalaran saking pamundhut dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, paduka tuwin dhirèktur lanbao, lajêng ngawontênakên komisi, ingkang kajibah anyinau pambudidaya tumrap angajêngakên wontênipun kaum têngahan têtiyang pribumi (para sudagar alit-alit). Komisi wau, ingkang dipun pangarsani dening lid polêksrad, Kangjêng Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat, samangke sampun miwiti padamêlanipun. Kajawi punika pamarentah piyambak, sampun anêtêpakên satunggiling komisi, ingkang dipun pangarsani dening Tuwan Prof. Zeylemaker. Padamêlanipun komisi punika, ingkang nomêr sapisan, aparing timbangan ing bab èwêd-pakèwêd, ingkang tuwuhipun jalaran saking adêging bang nasional, Indhonesiah - inggih punika satunggilipun bang ingkang dipun êdêgakên dening para warganing Sêtudhi klêb ing Surabaya - gêgayutanipun kalihan penutsêkap-penutsêkapipun têtiyang siti, ingkang adêgipun sarana sade andhil. Kajawi punika wontên malih paniti priksa ingkang katindakakên dening amtênar jalaran saking dhawuhipun pamarentah ing bab pananêm tuwin panggarapipun têbu dening rakyat. Pungkasanipun, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana angandikakakên wontênipun panggaotan-panggaotan panggarap sabin, saha ingkang tujuanipun mitulungi kasangsaran umum, kados ingkang sampun kadhawauhakên ing ngajêng, ingkang lajêng kaparingan subsidhi tuwin katrangan-katrangan miturut pranatan-pranatan ingkang sampun katindakakên tumrap bab punika, makatên malih pamarentah ngrika-ngriki paring arta pitulungan sawatawis dhatêng ada-ada ingkang katindakakên kanthi têmên-têmên.

Jalaran saking sadaya ingkang sampun kaandharakên wau, dhawuh pangandika Dalêm Ingkang Wicaksana, kados botên prêlu katêrangakên malih, bilih sadaya panggaotaning têtiyang siti, tumrap kamajênganing rakyat, inggih ingkang tumuju dhatêng kabatosan, punapadene dhatêng kasugihan, punika tansah dipun wigatosakên tuwin dipun jumurungakên dening pamarentah. Manawi wontên sêdyaning rakyat badhe nyambut damêl miturut raos tuwin pamanggihipun piyambak, sarta supados sampun ngantos dipun prentah utawi dipun awat-awati, cêkakipun namung badhe tumandang piyambak, punika pamarentah ugi sampun anguningani. Lêrês pamarentah angèmutakên, bilih tindakipun sampun ngantos kêplantrang, sampun nyêpèlèkakên ajining sêsêrêpanipun cara Eropah, ingkang angsalipun sarana rêkaos sarta ngawontênakên kurban pintên-pintên, punapa malih [ma...]

--- 856 ---

[...lih] sampun ngantos kasupèn, bilih tanah-tanah gnriki punika sampun kalêbêt ing pasrawungan donya, tuwin lajêng dipun wajibakên, kêdah sagêd ngêmori kawontênan wau, sampun têmtu, tindakipun wau sok wontên ingkang kalintu, utawi wontên ingkang babar pisan ebra, nanging manawi wontên kadadosan ingkang makatên, punika lajêng kenging kangge ambuktèkakên bilih panggaotan sapanuntunipun botên kenging ajrih rêkaos tuwin kangelan tumrap nindakakên padamêlan ingkang utami wau minăngka pigunaning bangsanipun piyambak. Manawi saya mêmpêng pandamêlipun tuwin saya ngatos-atos panindakipun, ingkang anyamèni kalihan golongan băngsa sanès-sanèsipun, dangu-dangu têmtu sagêd lan badhe angsal kasilipun tumraping padamêlanipun wau. Lan miturut dhawuh dalêm, sajakipun nama botên nalar tuwin botên adil, manawi sadèrèngipun lajêng sampun samar ing bab punika.

Badhe kasambêtan.

Barang Damêlanipun Tiyang Siti ing Pêkên Taunan ing Bandhung

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun barang-barang padamêlanipun têtiyang siti ingkang dipun pitongtonakên wontên ing pêkên taunan ing Bnadhung.

Cacahipun têtiyang ningali dumugining tanggal 2 wulan punika wontên 163.820, angsal-angsalaning arta f 47.763.45.

--- 857 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts. ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 53.

Manawi ingkang sakit sampun mèh saras, (rumbu-rumbu kêmaruk) nênêdhaa têtêdhan ingkang sêgêr-sêgêr, sampun kasêsa nêdha têtêdhan ingkang atos-atos utawi pêdhês-pêdhês, awit manawi dèrèng kiyat ususipun, sagêd kimat malih sêsakitipun tipês wau ingkang sok lajêng sagêd aniwasi.

Kangge panyêgahipun sêsakit tipês ingkang kasuntikakên dhatêng tiyang ingkang saras ngangge vaccin tipês wau, sagêd kalis salêbêtipun ½-1 taun.

[Grafik]

Pulo Kameran, papan Quarantaine ing jajahan Inggris.

Bab kolerah.

Sêsakit kolerah punika aslinipun saking tanah Indhu, inggih punika ing Indhia Inggris. Saking ngrika lajêng mrèmèn-mrèmèn nularakên dhatêng pundi-pundi, langkung-langkung sarêng kathah kapal api ingkang ambêktani tiyang-tiyang saking pulo sanèsipun. Dados têtiyang kathah sêsrawunganipun, punika sagêd anjalari saya gampil nularipun sêsakit wau dhatêng tiyang ing pulo sanès-sanèsipun. Awit ing jaman rumiyin sadrèrèngipun 1880 dèrèng wontên pranatanipun, quarantaine têgêsipun wêkdal 40 dintên.

Ing jaman samantên tiyang utawi para dhoktêr dèrèng sumêrêp kawontênanipun sêsakit-sêsakit ingkang nular (infectieziekten) punika ing pundi-pundi panggenan ing pulo-pulo ingkang dèrèng wontên sêsakit nular dipun jagi sangêt, supados sêsakit ingkang nular wau sampun ngantos lumêbêt ing ngriku, mila sadaya kapal api utawi sadaya tiyang-tiyang ingkang dhatêng saking panggenan ingkang wontên sêsakit ingkang nular wau dipun anggrak (tahan) ing watês utawi ing lautan ngantos 40 dintên. Tiyang ingkang dipun tahan wau botên kenging sêsrawaungan kalihan tiyang ing ngriku utawi botên kenging kesah saking panggenaning tahanan wau salêbêtipun 40 dintên.

Quarantaine kangge kapal-kapal api utawi baita sanèsipun punika nama zeequarantaine (nahan kapal salêbêtipun 40 dintên wontên têngahing sagantên) dene kangge pranatan tahanan têtiyang ingkang dhatêngipun saking sanès panggenan saking dhusun utawi nagari punika namanipun landquarantaine (nahan [(na...]

--- 858 ---

[...han] tiyang salêbêting 40 dintên wontên ing sagantên).

Sarêng sampun kathah têtiyang saking sanès nagari utawi ngamănca ingkang sami dhatêng andon dagang utawi sêsrawungan lajêng pranatan landquarantaine wau dipun icali. Ing nagari Tiyongkok dèrèng watawis lami punika taksih wontên pranatan inggih punika ing satunggiling panggenan dhistrik wontên pagêblug pès, ing ngriku lajêng dipun jagi dening saradhadhu katutup, sintên-sintên ingkang botên gadhah tăndha palilah, măngka nêrak watês, punika lajêng dipun sanjata.

Ugi zeequarantaine sarêng sampun kathah kapal-kapal api ingkang kêdah dhatêng pundi-pundi lan para dhoktêr sampun mangrêtos sabab-sababipun lan lampah-lampahing panularipun sêsakit wau, lajêng zeequarantaine dipun tata kangge satunggil-satunggiling sêsakit nular. Dene pranatanipun, kados ta sêsakit kolerah salêbêtipun 6 dintên kapal api ingkang dhatêng saking panggenan ingkang wontên pagêblug kolerah wau dipun tahan ing sajawining plabuhan, manawi sampun langkung saking 6 dintên kapal api wau kenging lumêbêt ing plabuhan, para têtiyang ingkang sami numpak (passagiers) kenging lajêng dhatêng dharatan. Dene bilih ing kapal wau wontên ingkang katrajang sêsakit, tiyang ingkang sakit wau lajêng kalêbêtakên ing griya sakit, quarantaine dipun upakara wontên ing ngriku.

Sampun kathah pranatan-pranatan ingkang miturut quarantaine ordonnantie, tumrap nagari utawi pulo-pulo ingkang sampun prajanji kabar-kinabaran samăngsa ing satunggiling panggenan, nagari utawi pulo-pulo wau wontên pagêblug sêsakit nular lajêng enggal angabari mawi têlegram dhatêng sanès-sanèsipun.

Pramila nagari ngawontênakên pranatan samăngsa ing kampung, dhusun utawi kitha wontên sêsakit nular, ing salêbêtipun 24 jam, pulisi tumuntên tampi palapuran. Ingkang mêsthi palapuran dhatêng pulisi punika saking dhoktêr ingkang mriksa, utawi ingkang mulasara tiyang ingkang sakit, sakulawarganipun utawi ingkang gadhah griya.

[Grafik]

Pulo Onrust papan quarantaine ing Indhonesiah.

Sêsakit kolerah punika wijinipun basil mèmpêr kadosdene komah (,), dene ingkang manggihakên Prof. Robert Koch ing taun 1880. Thukulipun ing salêbêtipun 1-3 dintên sêsampunipun tiyang kalêbêtan wiji sêsakit kolerah wau. Tiyang wau dadakan sakit wêtêng, mangsur, adhakan sok nuntak rumiyin lajêng ambêbucal mangsur rambah-rambah. Sêsukêripun ing sakawit cuwèr, nanging sakêdhap malih lajêng ambucal kadosdene toya tajin. (Badhe kasambêtan)

--- 859 ---

Jagading Wanita

Kawruh Ambathik

Sambêtipun Kajawèn nomêr 53.

Sawut punika isèn-isèn namung kagarit-garitakên, ing têmbenipun dados sogan, sawut ingkang alus punika lêripun alit-alit (manut canthingipun) tuwin ajêg, jalaran saking ajêg tuwin alusing canthing, manawi dipun tingali sabrebetan ngantos kados jêmbêlokan, nanging manawi dipun tamatakên kêtingal cêtha galêr-galêripun, dene ing sapunika malah wontên gagrag, isèn-isèn ingkang lêrêsipun sawut wau namung dipun jêmbêlok kemawon, inggih lêrês sabrebetan sami kemawon, nanging manawi dipun tamatakên kêtingal grobohipun. Sawut punika kangge isèn-isèning sêratan, mathukipun bilih ingkang dipun isèn-isèni dhapur panjang.

Cacah gori.

Punika sairib kemawon kalihan sawut, nanging panyêratipun malang-megung, kadosdene cakipun tiyang nacah gori. Manggènipun kangge ngisèn-isèni sêratan ingkang dhapur bundêr.

Cêcêg.

Ingkang nama cêcêg punika dhawahing canthing carat satunggal sadhawahan, lajêng kenging dipun wangun warni-warni, kados ta: cêcêg tiga, gangsal tuwin pitu, benjing dadosipun pêthak manggèn ing biron. Mathukipun kangge ngisèn-isèni sêratan ingkang alus, manggènipun wontên sacêlaking sawut, malah trêkadhang dipun sêling kalihan sawut, dipun wastani isèn-isèn cêcêg sawut.

Sisik.

Sisik punika isèn-isèn ingkang wangunipun kados sisik ulam, ing lêrês bundêran dipun tembok, dadosipun pêthak tembokan. Manggènipun kangge isèn-isèn ingkang dhapur panjang.

Sisik mêlik.

Punika sisik mêlik ingkang botên dipun tembok, dipun isèni sanèsipun.

Nembok.

Nembok punika nutupi sêratan, ingkang ing têmbenipun dados pêthak, dados pundi ingkang badhe dados pêthak katembok sadaya.

Nembok punika sanadyan padamêlan gampil, nanging kêgolong kikrik, awit botên kenging kêlintu nembok ingkang lêrêsipun botên kenging katembok, manawi ngantos kêlintu, kêtingal sangêt awonipun, lan malih dhawahing malam botên kenging lubèr anglangkungi watêsing sêratan ingkang dados kalowongan.

Sêsampunipun rampung anggènipun nembok, kêdah dipun taliti, manawi wontên ingkang kalangkungan dipun wêwahi, tuwin prayoginipun inggih kêdah naliti sêratan sampun tembokan wau, awit [a...]

--- 860 ---

[...wit] sêratan tembok punika nama sêratan ingkang sampun rampung, manawi ngantos wontên ingkang kècèr utawi klinta-klintu sampun botên kenging dipun ewahi malih, amargi lajêng badhe kalêbêt ing gagrag sanès, inggih punika dipun wêdêl.

Prayoginipun sêratan sampun dados tembokan punika kêdah dipun lèlèh rumiyin, saya tumrap sêratan ingkang sampun dangu kêdah katindakakên makatên, awit malam ingkang kêdangon tumèmplèk ing mori, punika gampil thèthèlipun, mila kêdah dipun lèlèh rumiyin. Patrapipun anglèlèh makatên: sêratan dipun pe wontên ing bênteran, kêdah dipun jagi yêktos, malah prayoginipun, ing salêbêtipun nindakakên padamêlan wau sampun ngantos kasêsêlan padamêlan sanès, prêlunipun anjagia lèlèhing malam ing sêratan sampun ngantos kêsangêtên, sabên sampun waradin lèlèhipun lajêng kapêndhêta ing tiyang kalih dipun lih wontên ing papan ingkang aub. Dados prêlunipun anglèlèh punika ngrakêtakên malam ingkang sampun sami kêndho, dene wontênipun kêdah ngatos-atos, awit samăngsa lèlèhing malam kêsangêtan, dadosing sêratan lajêng ambarèbès awon.

Sapunika wontên saêbab malih ingkang kêdah ngatos-atos panindakipun, inggih punika panglêmpiting sêratan nalika badhe dipun wêdêlakên, kaangkaha sampun ngantos kêlèt, mila ing pundi lêrêsing gathukipun lêmpitan prayogi dipun lêt-lêti ing godhong pisang, wontên sawênèhing tiyang ingkang cariyos, sae ngangge dalancang sêrat kabar, awit sanadyan nalika dipun kalèthèk wontên ingkang kantun, badhe sagêd uwal piyambak nalika wontên cêlêpan. Dene ingkang prayogi, nyêlêpakên sêratan punika dipun gulung, dipun dèkèk ing klothokan dêbog ingkang têlês, punika sagêd damêl ayêming sêratan. (Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Sabrangan ing lèpèn Ombilin, asli wutahan saking talaga Singkarak. Ing lèpèn wau wontên baita sasak tambangan ingkang ngêmot otobis. Ing ngriku têtela kalangkunganing damêlipun otobis, kala-kala ugi asring prêlu dipun biyantu ing baita ingkang tanpa daya. Punapa tiyang botên makatên.

--- 861 ---

Kawruh Sawatawis

Kyai Agêng Dêrpayuda

Ing sadèrèngipun ngrêmbag babagan cariyosipun Kyai Agêng Dêrpayuda, kula sadaya ingkang gadhah raos Dêrpayudan, sami ngaturakên gênging panuwun dhatêng paduka lurah up rêdhaktur, dene karsa paring panggenan ing Kajawèn ngriki.

[Grafik]

Pakampungan ing nagari Bima sapinggir lèpèn.

Wiyosipun, kula sampun maos buku Kyai Agêng Dêrpayuda, karanganipun Radèn Mas Panji Suma Atmaka, wêdalan Bale Pustaka. Mênggah kawontênaning cariyos wau, mirid saking sêsêrêpan kula, botên gathuk kalayan kawontênanipun ngrika, nanging ing sarèhning panjênênganipun Radèn Mas Panji Suma Atmaka piyambak botên karsa tanggêl dhatêng lêrêsipun karangan wau, lêrês lêpat gumatung ingkang ngaturi katrangan, mila kula ngaturi andharan kados ing ngandhap punika, dene cocog utawi botên kula nyumanggakakên.[1]

Anggèn kula nêrangakên kula wiwiti saking Sèh Maolana Ibrahim, putra turun kaping sawêlas saking Dèwi Patimah, punika dhaup kalihan Putri Cêmpa (Cêmpa punika bok manawi Jêpang)[2] asmanipun Dèwi Soean hatawi, pêputra kakung kalih, asma pindhah Ibrahim Asmara. Dene putra ingkang sêpuh

--- 862 ---

asma Sèh Ngalimurtala, ingkang nèm, Sèh Ngalirahmat.

Sèh Maolana Ngalimurtala, diwasanipun dhaup kalihan putrinipun Pangeran Sampang Arya Bribin. Pêputra kakung kalih. Ananging lajêng curês.

Sèh Maolana Ngalirahmat, diwasanipun jumênêng sunan wali ing Ngampèl, (Surabaya) sapriki pasareyanipun linuhurakên ing têtiyang Jawi Wetan.

Sèh Ngalimurtala mituhu sangêt dhatêng aturipun ingkang rayi Sèh Maolana Ngalirahmat Sunan Ngampèl. Sanajan kaprênah sêpuh nanging kawon ing kawaskithanipun. Aturipun: ingkang raka sagêdipun mangku kawibawan, manawi sagêd dhaup kalihan putrinipun Sultan Bima. Kalêrêsan sangêt ing wêkdal samantên, sultan ing Bima manggih rêribêd, inggih punika nagarinipun wontên rêrêsah anggêgirisi. Cêkaking cariyos, Sèh Ngalimurtala lajêng sagêd têtulung anjalari kitha Bima dados têntrêm sarta wilujêng, mila kalêksanan Sèh Ngalimurtala kapundhut mantu sultan ing Bima. Dangu-dangu sultan ing Bima wau seda gêrah sêpuh, saha Sèh Ngalimurtala anggêntosi jumênêng nata, asma Sèh Nglimustapa kaping kalih, rama marasêpuh jêjuluk: Ngalimustapa sapisan.

Sarêng Sultan Sèh Ngalimustapa kaping kalih pêputra satunggal, lajêng seda wontên ing Bima. Putra wau asma Dhatuk Suleman. Ananging botên sagêd jumênêng anggêntosi ingkang rama, mila lajêng lolos saking Bima, angajawi, anjujug panggenanipun ingkang paman, Sultan Ngampèl, sarta ambêkta pusaka wangkingan kêkalih, satunggal Kyai Blabar kalih Kyai Balenata. Kacariyos pusaka wau dumugi sapriki taksih sumimpên wontên ing kabupatèn Madiun.

Ki Dhatuk Suleman: (têmbung dhatuk mênggah cara Jawi bandara, utawi radèn mas), dangu anggènipun suwita Sunan Ngampèl, kawulang sadaya gêgêbênganipun ingkang paman. Wusananipun kadhawuhan manggèn adhêdhêkah ing dhusun Grobogan, kaprênah lèr kilènipun kitha Madiun, awit kawêca ing ngakir ki dhatuk sagêd nurunakên putra wayah jumênêng wibawa. Kalêksanan sang dhatuk manggèn ing dhusun Grobogan, mituhu dhawuhipun ingkang paman, lami-lami dados modin, sabên dalu botên pêgat anggènipun tapa kungkum ing sêndhang anggènipun damêl piyambak. Dangu-dangu toya sêndhang wau kêsuwur kenging kangge jampi kasarasan. Kawastanan toya têguh, pramila kasêbut nama bêlik Têguhan, dumugi sapunika ugi taksih wontên.

Ing antawis lami ki dhatuk kasiku ingkang bupati Madiun, Pangeran Mangkudipura, jalaran kagalih mutawatosi. Nalika dhatuk badhe kacêpêng lajêng lolos ing wanci dalu, anjujug ing Sukawati, suwita Kyai Agêng Sukawati. Ing alama-lami Ki Dhatuk Suleman dados kêtib sarta kapundhut mantu ing Ki Agêng Kêtib ing Mataram, nanging têtêp manggèn ing Sukawati. Ki dhatuk sabên dalu tansah kungkum ing kêdhung, sarta yèn siyang pinuju ngaso tapa anggandhul. (Badhe kasambêtan)

--- 863 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

I. Pangudanging wong tuwa mênyang anak.

[Pocung]

kaya ancung caking dongèngane kacung | aran wacan bocah | mêsthi cacad ora bêcik | mung sacêge waton nocogi diwaca ||

lan sok gragu awit basane mung lugu | ning pancèn dijarag | anggêre lagune dadi | diguyua niyat ditampani lêga ||

aja gumun nyang carita sing diwangun | awit pancèn mokal | lan rada umuk sathithik | wis mangkono watake wong dhêmên crita ||

mêngko tutur wiwiti sing dadi catur | jêjêring carita | kocap desa Karangsari | ana uwong tilasan kapala desa ||

uwis ngumur mung atine ajêg mulur | saka wis kulina | cilik-cilik anglakoni | rasane wong kasampiran panguwasa ||

le diundur jalaran nêmu têngadur | tindake dicacad | kêndho tumindaking wajib | ing mulane lèrèn saka pagawean ||

uwong nyêbut jênêng Karyatapa patut | awit iya ana | titike dhêmên sêsirih | mung têmêne saka gone ora ana ||

nadyan guguh ing têgêse dadi buruh | măngka tilas lurah | nanging kapenak nglakoni | ora pisan duwea rasa-rumasa ||

obahe mung kari siji tilas lumbung | ewadene malah | gawe panrimaning ati | dene duwe cilik-cilik jênêng omah |

lan pitulung bojo milu atêtulung | ora pisan wirang | nglakoni anggendhong sênik | samubarang dilakoni lan narima ||

mula rukun sabên esuk umun-umun | wis lunga nyang pasar | sing lanang wêkêl nglakoni | ora lowong akêkêcèh ana sawah ||

ya mung iku sing dadi pathokan baku | kanggo cagak tuwak | ngêngulur dawaning urip | nadyan kurang ananging ora ngapaa ||

gone mlaku ing gawe wong loro iku | sasate riyalat | mangane angêngurangi | saka duwe anak loro sing sumêga ||

siji Bênthung awake prasasat lêsung | lêmu gimblah-gimblah | ora pisan angèmpêri | yèn dhèwèke anake wong kêmlaratan ||

ora ewuh watak êmbuh ora wêruh | janji ana pangan | sapiraa bae gusis | ora nganggo angèlingi mênyang tăngga ||

nanging kojur drêmbane sing ora jujur | ora kok tumănja | kuwating kulit lan daging | pakolèhe mung dadi gajih ing awak ||

têgêse mung ngèmpêri uriping ênthung | lumuh pagawean | mula karane cah kuwi | uwis patut jênêng Kêsèd dhèk samana ||

mungguh biyung Kêsèd kuwi mung diugung | lan sarwa diuja | ketang anak dadi ati | ora tau diwêruhake ing tata ||

mula nutug gone ora wêruh rêmbug | kaya ta upama | sêgane cumpèn sacêthing | iya mêksa diêntèkke sanalika ||

yèn disaru biyunge adhakan [adhaka...]

--- 864 ---

[...n] nêpsu | malah wong saomah | kampyak kabèh nganti rêsik | diarani uwong padha ora têpa ||

sok kêwêtu o mêsakake anakku | e iya tak kudang | anakku kuwata mukti | besuk bisa dadi ratu sugih băndha ||

yèn angrungu sing lanang banjur angguyu | ambak wong ngêngudang | bok rada mèmpêr sathithik | dadi ora digêguyu ing wong liya ||

nuli nyundhul Kêsèd duwe adhi Jêndhul | nadyan isih bocah | pikirane uwis mintir | sarwa maju nyang gawean apa-apa ||

nanging kuru saka rada kurang turu | jalaran kêgawa | wêtênge kêrêp ngalikik | mangane mung yèn nuju olèh koredan ||

nanging mungguh anane mung sarwa saguh | sanadyan kurua | pêthêl angrewang-rewangi | mênyang sawah milu bapa sabên dina ||

mula mulur wêlase bapa kêlantur | malah nganti kandhas | têkan dhêdhasaring ati | dadi sihe ngalumpuk saka si bapa ||

bocah mau awit saka gone maju | mênyang pagawean | bapakne nganti marabi | jênêng Wêkêl uwis plêk ora sulaya ||

sok kêwêtu Karyatapa muni sêru | o anakku lanang | wêkêle bangêt ngetoki | apa besuk dadi ratu sing kuwasa ||

bapa biyung kudangane kaya gêmblung | nanging luput apa | wong ngêngudang wênang muni | beda apa ngêngudang dadi wêdana ||

dene mungguh ing dongengan ora ewuh | ya anake sapa | didadèkna ratu mêsthi | gampang bae nanging kudu urut cêtha ||

kocap nuju wayah bêngi kabèh mau | padha lêlinggihan | ing têngah diyane sênthir | mêlik-mêlik kaya ulate wong lara ||

wong sing têlu Wêkêl bapa karo biyung | padha lêlinggihan | mung Kêsèd dhewe angagir | tur klemahan sêsambat wêtênge lara || (Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar talaga Cimarga, ingkang têbihipun kirang langkung gangsal pal saking Rangkasbêtung, nalika pinuju dipun pêndhêti ulamipun.

--- 865 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Èwêd Pakèwêding Pangkat Pangrèh Praja

VIII.

Petruk : Mungguh omongmu ing ngarêp, ing desa ana pêpacak kang diarani: putusan desa, yaiku nèk ana prentahan kang abot, utawa nèk arêp kudu ngêtokake wragat akèh, ora bakal tumuli ditindakake, yèn durung ana putusane desa, kuwi pancèn iya nyata, mung bae nèk prêlu, priyayine iya masa bakala kêkurangan akal, sing bisa anêlukake wong-wong kang sumêdya ambangkang mênyang paprentahane.

[Grafik]

Garèng : Wiyah, apa le mrentah dicara kayadene kowe nèk mrentah bojomu bokne Si Kamprèt. Mung ngêwèhi dhuwit balănja sêtali, anjaluk mangan nganggo lawuh bêstik pitik, mata sapi, dhèndhèng paru, jangan lodhèh lan sapadhane, barêng disuli[3] yèn ora bisa, bojone banjur ditaboki, malah diancam arêp duruntuhake talake ganêp lima. Lha nèk ing jaman saiki ana priyayi mrentahe nyang bawahe kaya kowe nyang bojomu, ora ngêmungake priyayi mau sida warêg dibêskwèl bae, nanging bisa uga banjur diarani: priyayi kasinungan A.O. aliyas arak obat.

Petruk : Lho, mrentahe têmtune ora cara kasar-kasaran mêngkono, mêsthine iya sarwa mèphèt, alus. Upamane bae mangkene: saka dhuwur ana prentah wong-wong desa kudu padha andandani wangan, sarana urun bau lan dhuwit, wusana wong-wonge ora padha saguh. Ing sarèhning lurahe ora bisa nêlukake wong-wong bawahe mau, banjur dianakake kumpulan wong sadesa ana ing kalurahan, kang dijênêngi dening darasistèn sing ambawahake, saiki darasistèn dhewe sing bakal andhawuhake, mungguh akale nêlukake wong-wong desa mau mangkene upamane: ing sakawit darasistèn anjalèntrèhake mungguh gêdhening pigunane wangan yèn wis didandani. Sauwise rampung anggone anêrang-nêrangake nganti talêsih, darasistèn banjur andhawuhake wong-wong sing padha cocog lan gêlên[4] ambantu andandani wangan, padha lungguha bae, dene sing ora, padha ngadêga lan lungguh ana ing panggonan [panggo...]

--- 866 ---

[...nan] liya, dadi misah karo kănca-kancane sing wis padha cocog mau. Lha, kowe rak wis wêruh dhewe, wong desa kuwi lumrahe wêdi bangêt karo priyayi, sanadyan ing batine ora cocog babar pisan, sing akèh iya ora wani anglairake, sarta banjur lungguh bae. Nèk cacahe wong desa mau ana satus, kiraku wis wani anglairake ora cocoge, sarta wani ninggal papan palungguhane ngalih nyang papan liya, ora luwih saka wong sêpuluh. Saiki banjur mêtu akale darasistèn, kang banjur dhawuh karo wong 90 sing ora padha ngalih palungguhane mangkene: he, kănca-kănca, aku bungah bangêt, dene kowe kabèh wis padha ngatonake guyubmu, anyaguhi sumêdya andandani wangan barêng-barêng. Awit wêruha, bêciking wangan, kuwi sing pakolèh iya mung kowe dhewe. Dadi yèn ana wong sing ora gêlêm angguyubi andandani, kuwi prasasat arêp agawe pitunaning awakmu. Apa iya wis mêsthine kowe padha angguyubi wong sing arêp agawe kapitunanmu mau. Ing sarèhning wong-wong mau wis ora gêlêm guyub karo kowe kabèh, yèn kabênêr lagi duwe gawe, apa kowe kabèh padha gêlêm kondangan, yèn kasripahan, apa kowe kabèh padha gêlêm layat. Mara ta Rèng, wong desa kuwi sing akèh isih kurang pangrêtine. Didhawuhi darasistèn mangkono mau, wangsulane ora liya, iya mung: botên, botên. Wusanane wong 10 sing ora padha cocog mau, iya banjur kuwatir atine, nèk disêrtu karo kănca-kancane sing 90 mau, mulane iya banjur manut bae. Lho, iya sok bisa cara mangkono kuwi, karampungane putusan desa. Mara, apa kuwi kêna diarani putusan desa kang murni.

Garèng : Akaling priyayi kang kaya mangkono kuwi, nèk cara Cinane pancèn iya kêna diarani: bisae, kêna disêbut: apus krama, ewasamono, nèk bêciking wangan pancèn nyata bisa gawe undhaking kauntunganing wong desa, ya kuwi jalaran banjur bisa ngoncori sawah luwih jêmbar, kang ing têmbe buri bisa muwuhi pangasilane lêmahe wong desa, sanadyan akal ngapusi, rak iya kêna diarani apus utama. Kowe dhewe wis kăndha, yèn wong desa kuwi isih kurang pangrêtine, nèk ana ada-ada apa-apa, sanadyan dening lurah utawa priyayine dirêtèk-rêtèkake nganti talêsih mungguh bêcike tumrap awake, ewadene mêksa sok ora ngrêti. Nèk sacleretan sajak angèl panggarape, wong desa sok banjur mêtu brêngkununge, nèk wis sapisan ora gêlêm, sanadyan dirêtèkna dikaya ngapa, karêpe iya ora gêlêm bae. Ing sarèhing priyayine mau yakin, yèn bakal bêcik bangêt tumrape wong desa, priyayine iya kudu golèk akal, golèk rekadaya supaya bisa nêlukake brêngkununge wong desa mau. Wusanane banjur main apus krama kaya kang kok kandhakake ing ngarêp mau. Lho, sanadyan ngapusana kae, sêdyane rak arêp bêcik, ya kuwi sing diarani băngsa kulonan: taktik, ya kuwi ngêlukake wong sing arêp ambangkang prentahe utawa ambrêngkunung, sarwa tindak alus. Mulane priyayi iya kudu anduwèni kawruh: taktik,

--- 867 ---

nèk ora, bawahe sida digawe slindhitan kêmênis têmênan. Nèk kowe kuwi, gagasanamu mungguhing priyayi pangrèh praja, mung kêbak ala bae, ana priyayi nindakake taktike brêgas mêngkono, têmtune iya kok anggêp priyayi ambalusukake wong-wong bawahe.

Petruk : Lho, aku ora arêp ngala-ala sapa-sapa, mung arêp ambuktèkake, yèn anane putusan desa kuwi sing akèh ora adil.

Garèng : Kuwi wis jamak lumrah ana ing ngalam donya kene, ora ana barang sampurna. Sanadyan bêcika dikaya apa, sêthithik-sathithik mêsthi ana sing ora adil, sing nuwuhake panacadan. Mara, yèn kowe kêpêthuk wong wadon sing ayu bangêt, rumasamu têmtune wis sampurna ayune, nanging yèn kok taliti têmênan, mêsthi ana ora adile, sing anjalari dadi cacadan, kaya ta: gêlunge mung sablênyik.

Petruk : Wis, wis, kok banjur nylèwèng omonge mêngkono, liya dina bae padha dibanjurake.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kawartosakên anak pulo Krakatao kados ingkang sampun nate kawartosakên ing Kajawèn, ing sapunika ical. Anakan pulo wau inggilipun 38 mètêr, panjangipun 255 mètêr. Wontênipun makatên, kakintên jalaran pulo wau namung siti garing tuwin wêdhi asli puncratan saking balêdhosan, dados gampil longsoripun. Pulo thukulan wau nalika konggrès pacific dipun inggahi ing para tamu 75.

Kawartosakên, benjing tanggal 9 wulan ngajêng wanci jam 10 siyang, dhirèktur B.O.W. badhe masrahakên gêdhong pamulangan luhur pangadilan, ingkang sampun rampung panggarapipun dhatêng ingkang wajib, mawi dipun jênêngi ing Kangjêng Tuwan Bêsar Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Jalaran saking sangêting asrêp, kabudidayan-kabudidayan ing wêwêngkon pangalengan, Bandhung sami nandhang kapitunan, jalaran toya anjêndhêl. Kabudidayan kinah ing Lodhaya manggih pikatunan[5] agêng piyambak, amargi toyanipun ing ngriku sami anjêndhêl dados ès, hawanipun asrêp sangêt, kados gangsal wêlas taun ingkang kapêngkêr.

Kawartosakên kapal Melchior Treub dumugi ing Batawi ambêkta wangsul têtiyang komunis. Sagêd ugi têtiyang wau ingkang sami kaparêngakên wangsul dening parentah. Têtiyang wau kalêtêt[6] wangsulan kapisanan saking golongan komunis. Sadaya wau botên wontên ingkang mandhap ing Surabaya.

Pulisi ing Batawi mêntas nyêpêng tiyang băngsa Batak nama Muhamad Salèh, wontên ing Sawahbêsar, ingkang kadakwa abrit tuwin asli dhatêngan saking Mosko.

Ing salêbêtipun wulan Juni kêpêngkêr, kathahipun têtiyang ingkang numpak mêsin mabur K.N.I.L.M. wontên 1112. Pêpetanganipun, saking Batawi dhatêng Bandhung wontên 395. Saking Bandhung dhatêng Batawi 421. Saking Batawi dhatêng Sêmarang 86. Saking Sêmarang dhatêng Batawi 102. Ingkang numpak mirunggan 108. Kajawi punika ambêkta sêrat 130 kg. Cacah langkung saking sêrat 9000 iji, tuwin barang 5858.

Lulus kandhidhat iksamên ing pamulangan luhur pangadilan, Tuwan Suryadiningrat, Sukasna, Sumitra Rêksadiputra, Yusup Adi.

Lulus iksamên Groot notaris bagiyan kapisan, Tuwan Jakamardeya, ing Wèltêprèdhên, Mas Slamêt, ing Sêmarang.

Golonganing têtiyang agami Budha ing Batawi ugi badhe mahargya sri narendra ing Siyêm, samăngsa rawuh ing Batawi.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3926 ing Magêlang. Botên sade.

Lêngganan nomêr 3626 ing Munthilan: kintun yatra tumrap Kajawèn, Panji Pustaka, utawi buku-buku kenging kadadosakên sawisêl, nanging kêdah katêrangakên ing sêtrukipun.

--- 868 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

9

[Pocung]

awit tuhu saya warata rinungu | lamun juru ngrêksa | langkung tumêmên ing kardi | marma dahat rinênan sanggyaning janma ||

pan ing ngriku tumindaking cidrèng laku | nuju wanci enjang | janma kathah angraosi | lamun golèk katon angadi busana ||

nulya katur | mring para priyayi luhur | wusana kinira | lamun golèk arsa anis | dening nyata wus kawuryan ananira ||

yèku bêsus amangangge sarwa bagus | riwusing mangkana | nulya tumindak sêjati | lan sêmbahyang warata janma sapraja ||

lawan sagung para ingkang agung-agung | tumuli angganjar | marang kang janma kêkalih | langkung kathah awarna êmas salaka ||

lawan dhawuh samya pinurih tuwajuh | denira rumêksa | janma karo nyandikani | lan rumasa antuk piandêl sanyata ||

măngka tuhu lêlakon ingkang tinêmu | mung saking rêrekan | supaya kasok antuk sih | lan ing mangkya wus têtela kasêmbadan ||

wusing tutug janma kalih nulya rêmbug | kang golèk dhinustha | rapêt pinêndhêm ing siti | lawan lapur lamun sêsêmbahan murca ||

nulya ibut adhêdhawuh kanthi gugup | angupadosana | kanthi tumindak taliti | aywa kongsi kang murca datan kapanggya ||

samya sayuk janma ing sapraja ambyuk | sumêbar ngupaya | ananging cabar ing kardi | lan rumaos sadaya tan lêbda karya ||

nulya katur janma kalih darbe atur | arsa angupaya | dupi pangagêng miyarsi | sakalangkung suka lan gênging panrima ||

nulya dhawuh kalamun sanyata saguh | lawan antuk karya | tanapi mimangsulkên malih |[7] mring dununging lami yêkti tinarima ||

lawan antuk ganjaran langkung pakantuk | mênggah ing pangira | sayêkti bangkit nyêkapi | lamun amung kinarya gêsang kewala ||

dyan anggrêgut janma kalih samya ibut | nilap ing ngakathah | tumuju mring don kang sêpi | ing dununging golèk kang anggung sinamar ||

wus pinangguh tumuli binêta gupuh | maring dunungira | tan ana janma kang uning | dupi enjing loking janma wus warata ||

yêkti lamun rêca kang sirna ngasamun | wus wangsul katingal | wusana janma kêkalih | anampèni ganjaran kalangkung kathah ||

wus misuwur kingaran[8] janma sêmpulur | linulutan băndha | kang prapta ambanyu mili | ing satêmah dadya kasugihanira ||

pan kawuwus dupi antara sasi wus | nênggih Ki Kêmasan | adarbe osik tan yukti | anandukkên nênggih ing kamurkanira ||

anyalinthut dening ing manah kapilut | rasaning kamurkan | andhustha kang golèk rukmi | datan pisan wontên janma kang uninga ||

nulya nyamun golèk sinimpên ing samun | lan nuli sajarwa | nênggih maring ki undhagi | ucapira: hèh undhagi wruhanira ||

ing dhèk mau ingsun pan wus uning lugu | kalamun sarêngca[9] | ing samangkya anis malih | datan ana janma kang samya uninga ||

yèn ta rujuk lan padha tinêmu mathuk | wis ta ayo padha | diupaya bae bêcik | arak dadi sarana ngupaya brana ||

dupi krungu ki undhagi rangu-rangu | nulya awacana | dene anèh têmên kuwi | yèn mangkono sapa: ya kang wani nyidra ||

prêmpêng nêpsu ki kêmasan munya sêru | dene reka-reka | kaya uwong ora ngrêti | ing mêsthine kowe sing nyolong bok blaka ||

grêg anjêtung malah batin rasa bingung | ing wusana ngucap | aku rada bingung iki | athik kowe dadine malah andakwa ||

sakarêpmu yèn mangkono panêmumu | ya măngsa bodhoa | lan mungguh kaanan kuwi | kang maringi lan mundhut amung Pangeran ||

wiwit wau apan kawistarèng sêmu | dènnya pakulinan | janma kalih salah pikir | nanging datan saking undhagi kang karya ||

awit lugu ki undhagi manah tuhu | angantêpi sêtya | ing tyas suwung tanpa ciri | dene ingkang ngewahi malah kêmasan ||

kang kadyèku têmah kêtitik ing laku | ki undhagi mila | saya kêncêng angunyêri | yèn kêmasan satuhu alampah cidra ||

nulya tuwuh | ki undhagi ing pamangguh | ing ari sajuga | kêpapag janma nèng margi | kang ambêkta baruwang alit nèng asta ||

nulya nguwuh Ki Undhagi apan saguh | arsa anumbasa | nulya sinukakkên ugi | dyan binêkta umantuk marang ing wisma ||

praptanipun ing wisma ayasa sampun | kandhang kang prayoga | lan darbe akalan malih | yasa golèk kang sairib lan kang musna ||

wusing rampung akathah janma kumrumpyung | ingkang sami prapta | nêdya sami aningali | marang golèk ki undhagi yasanira ||

duk ing wau sutaning kêmasan jalu | kalih maksih bocah | ugi prapta aningali | sanalika ki undhagi darbe reka ||

lare wau kalih pisan duk andulu | mring undhagi nulya | sami piniluta pamrih | têmah kèlu lulut mring undhagi samya ||

sami purun pinrênahkên ing gèn sampun | măngka pandhêlikan | wusing rêmit awêwarti | lamun lare kalih samya dadya bruwang ||

dupi krungu ki kêmasan dahat bêndu | nêbut tan narima | nulya milênggahkên adil | mring parentah prakawis murih pinriksa ||

pinriksa wus undhagi dèn uwus-uwus | têtêp janma dora | kang mung nêdya angakali | datan sande awrat paukumanira ||

nanging puguh ki undhagi datan kèngguh | nênggih aturira | parentah mugi anggalih | datan wontên elok mênggahing Pangeran || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


§ Para maos Kajawèn kados wontên ingkang dèrèng dhong dhatêng rêmbag Ki Agêng Drêpayuda punika, awit rêmbag punika dhapur nyambêti suraosing sêrat ingkang botên kapacak ing Kajawèn ngriki. Dene têrangipun yêktos, manawi para maos Kajawèn sampun maos sêrat Ki Agêng Drêpayuda wau, wêdalan Bale Pustaka, rêgi f 0.55. (kembali)
§ Cêmpa punika sanès Jêpang, lêrêsipun nagari sacêlakipun Kamboja, tanah Indhu wingking. (kembali)
diwangsuli. (kembali)
gêlêm. (kembali)
kapitunan. (kembali)
kalêbêt. (kembali)
Lebih satu suku kata: tanapi mangsulkên malih. (kembali)
ingaran. (kembali)
sang rêca. (kembali)