Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-17, #305

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-17, #305. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-17, #305. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 11-02-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 57, 9 Sapar Taun Ehe 1860, 17 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [885] ---

Ăngka 57, 9 Sapar Taun Ehe 1860, 17 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Surabaya

[Grafik]

Sami-sami kitha ing tanah Jawi, kitha Surabaya punika kalêbêt majêng ing bab dêdagangan, ing nginggil punika, salah satunggiling panggenan ing salêbêtipun kitha Surabaya inggih punika ing Djambatan Merah.

--- 886 ---

Wêdhar Sabda Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral wontên ing Polêksêrad, ing Parêpatan Wiwitan Taun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56.

Anglajêngakên dhawuh pangandika dalêm Ingkang Wicaksana, supados kamajênganipun tanah Indhia sagêd lajêng tumindak miturut tuwan ingkang sampun kaandharakên ing ngajêng, beda-bedaning pangadilan tumrap warni-warnining golonganipun têtiyang ing tanah ngriki, kêdah botên kenging dangu-dangu dipun lêstantunakên, samantên punika manawi beda-bedanipun pangadilan pancèn mila taksih wontên. Jalaran saking punika, sangêt gênging suka pirênaning panggalih dalêm, dene pungkasaning pamêdhar sabda dalêm, Ingkang Wicaksana sagêd andhawuhakên, bilih wontênipun beda-bedaning pangadilan punika badhe dipun icali, sanadyan icalipun wau ing sakawit namung saperangan.

Salajêngipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana andhawuhakên kawontênanipun pranatan paprentahan Indhia bab 163 ingkang ugi anyêbutakên, bilih pranatan ingkang dipun tindakakên dhatêng băngsa Eropah, ugi tumindak tumrap sadaya băngsa, ingkang asli saking sanès nagari, jangji ing nagarinipun katindakakên kukum ingkang amranata gêgayutanipun satunggal lan satunggaling tiyang (familierecht), ingkang dados baku tujuanipun sami kalihan tujuan ingkang katindakakên wontên ing nagari Walandi.

Samangke têtela mênggah ing sêdyanipun pamarentah Republik Tiongkok, sasagêd-sagêd supados wiwit tanggal 1 Januari ing ngajêng punika, familiercht[1] cara kilenan, kados ingkang sampun kadhawuhakên ing ngajêng, sampun tumindak wontên saindênging nagari Tiongkok. Dene manawi sêdya wau sagêd kalampahan, tumrap sadaya băngsa Tionghwa ingkang sami dêdunung wontên ing tanah ngriki, inggih lajêng katindakakên anggêr-anggêr, ingkang dumuginipun samangke tumindak tumrap băngsa Eropah.

Pamarentah angakêni saha amanggalih yèn pancèn sampun maton sangêt, bilih têtiyang pribumi sami anggadhahi kêpengin, murih tatanan ingkang kinajêngakên wau, sagêda nyrambahi dhatêng têtiyang bumi sadaya. Tumraping pamarentah, têmtu badhe rêna sagêdipun tumuntên tumindak ingkang makatên punika. Nanging ing ngriki kêdah dipun pèngêti, bilih anyamèkakên golonganipun băngsa sanès-sanès kaliyan băngsa Eropah, punapa malih tumrap pangadilan, punika lajêng kapêksa ngawontênakên ewah-ewahan kathah ingkang agêng-agêng, ingkang sampun têmtu botên sagêd katindakakên kanthi enggal-enggalan, murih sagêdipun ewah-ewahan ingkang agêng wau katindakakên kanthi sampurna tuwin wilujêng.

Ewadene sadaya golonganing têtiyang ing Indhia ngriki sagêd anêmtokakên, bilih ewah-ewahan ingkang sapisan sampun dipun tandangi wau, badhe kalajêngakên sarana enggal-engglan sasagêd-sagêdipun, sarta botên badhe dipun kèndêli, manawi dèrèng ngantos radin sumrambah

--- 887 ---

dhatêng para kawula sadaya. Mênggah pikajêngipun ingkang makatên punika, badhe tumindak urut-urutan tumuju dhatêng pranatan ingkang namung satunggal, inggih tumrap: andhawahakên ukuman, juru gugat umum, tuwin pangadilan kisas tumrap sadaya băngsa, cêkakipun badhe anyamèkakên sadaya golongan băngsa ing tanah Indhia ngriki.

Pungkasaning pamêdhar sabda dalêm, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana amêmuji, mugi-mugi andharan dalêm wau sagêd adamêl kayakinanipun sadaya, bilih têtela sampun nyata sayêktos, ajênging tatanan paprentahan praja ingkang badhe tumindak punika sakalangkung wigatos, saha kenging kaajêng-ajêng, samantên punika manawi dipun tindakakên tuwin dipun lajêngakên kanthi pangatos-atos, nanging kanthi kapitadosan. Mugi-mugi salêbêting tumindakipun padamêlan wau, Ingkang Kuwasa aparinga rahmat dhatêng parêpatan punika tuwin dhatêng pamarentah. Makatên wiyosing pêpuji dalêm wontên ing parêpatan polêksrad. Sasampunipun parêpatan lajêng wiwit kabikak.

Jêmpana Pusaka

[Grafik]

Gambar ing ngandhap punika satunggilipun jêmpana ingkang awujud pêksi garudha, pandamêlipun kala ing jamanipun swargi Kangjêng Pangeran Suryakusuma Adinata (Pangeran Gunung Puyuh) bupati ing Sumêdhang, jumênêngipun bupati ing taun 1836–1882. Nalika sugêngipun Kangjêng Pangeran Aji, inggih punika Kangjêng Pangeran Suryaatmaja ingkang seda wontên ing Mêkah, jêmpana wau tansah dipun pêpêtri sangêt, sabên malêm Jumuah tuwin malêm Slasa dipun kutugi lan dipun borèhi awangi-wangi. Kabaripun, ing dalu punika sok lajêng kapirêng swaraning pêksi garudha. Sarêng ing Sumêdhang sampun kathah kawat tilpun, jêmpana wau lajêng botên dipun arak malih, jalaran saking inggilipun. Mênggah kawontênanipun samangke, jêmpana wau kantun badan sarta buntutipun kemawon, dene êndhasipun ingkang kaukir-ukir sae sangêt, sampun risak babarpisan.

--- 888 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts. ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 55.

Manawi sakitipun sampun nama sangêt, anggèning ambêbucal prasasat botên kenging kaetang tansah lajêngan andalèwèr kemawon. Ingkang sakit katingal lêmês sangêt, kringêtên, mripat cêlong, kulitipun mêngkêrêt kisut, upami dipun jiwit botên sagêd enggal pulih malih, kêtingalipun anyêngkêrut, irungipun katingal lancip, swaranipun èrêk lêbêt, trêkadhang botên sagêd nyuwara jalaran gorokanipun garing.

Ing kontholipun[2] tiyang ingkang sakit kraos cêkat-cêkot, ambêganipun sêsêg, manah nratab, lambe lan talapukanipun mripat katingal biru, kulitipun tangan sami nglunthung kadosdene tangan ingkang dangu kenging toya (kados tanganipun tiyang umbah-umbah), utawi kados kulitipun mayit ingkang dangu wontên ing toya.

Tangan sukunipun ingkang sakit manawi dipun grayang asrêp cêmlêkut, katingalipun tiyang ingkang sakit buyutên saha nglêntruk, wusana lajêng tilêm kapatos, punika botên dangu lajêng pêjah.

Ananging botên mêsthi tiyang sakit kolerah ingkang kados makatên punika lajêng pêjah, trêkadhang ing wêkdal pagêblug kolerah wontên tiyang ingkang kenging sêsakit wau botên patos dipun raos, kajawi namung mangsur, ananging ingkang kathah sarêng anggènipun nênêdha têtêdhan botên dipun jagi, têgêsipun lajêng nênêdha kados adat kemawon, sêkul jangan lan sapanunggilanipun, punika lajêng sagêd dados sakit kolerah saèstu, ngantos sagêd andadosakên tiwasipun. Mila ing măngsa pagêblug tiyang kêdah ngatos-atos sangêt, awit ingkang sakit sok botên kraos sakit saèstu, dados tiyang ingkang saras botên patos mangrêtos, wusana purun gêpokan utawi sêsrawungan kalihan tiyang ingkang sawêg sakit wau. Măngka miturut katrangan bab sêsakit tipês ing ngajêng sami kemawon, malah langkung bantêr sêsakit kolerah, inggih punika bacillendrager-ipun ingkang ambêbayani tumrap tiyang ingkang saras.

Tiyang ingkang kenging sêsakit wau manawi sampun sangêt lajêng botên sagêd nguyuh, badan manawi kagrayang asrêp kados mayit, polêsipun ical. Ing salêbêtipun 24 jam, manawi botên nguyuh adatipun pêjah, sanajana botên makatên sêsakitipun inggih awèt.

Manawi tiyang ingkang sakit wau katingalipun sampun ragi bingar, polêsipun manawi dipun grayang wontên kêdutipun, anggènipun nuntak sampun kèndêl utawi anggènipun ambêbucal sampun awis, nguyuh sampun sagêd, punika alon-alonan inggih lajêng sagêd saras.

Kangge nêtêpakên, sêsakit kolerah utawi botênipun, kêdah mriksa sêsukêripun tiyang ingkang sakit, mawi kaca praksana.

--- 889 ---

Bab pamulasaranipun tiyang ingkang sakit: badanipun kêdah dipun angêt-angêti, inggih punika gêndul dipun isèni toya angêt, utawi sanèsipun, kasandhingakên ing sacêlaking badan, pupu lan sukunipun.

Supados sampun sangêt-sangêt nuntakipun, dipun untali pringkilan ès, sakêdhik-sakêdhik dipun ombèni tèh, brèndhi utawi sampanyê. Konthol[3] ingkang cêkat-cêkot dipun gosok ngangge lisah pêthak utawi kampêr sêpiritus. Sampun ngantos sangêt-sangêt wêdaling toya ingkang andadosakên kênthêling êrah, lan murih nyuwèrakên êrah wau, tiyang ingkang sakit wau dipun suntik toya sarêm, dene ingkang nyuntik kêdah dhoktêr piyambak.

Bêgja sangêt dene sapunika sampun wontên vaccin kolerah ingkang dipun suntikakên dhatêng tiyang saras, ing salêbêtipun satêngah dumugi sataun sagêd kalis tumrap sêsakit wau.

Tiyang ingkang gêpokan kaliyan ingkang sakit, ingkang botên mangrêtos rêrêsik tangan, pangangge lan sanèsipun, punika kêdah dipun tahan, utawi dipun pisah salêbêtipun 6 dintên.

Pranatan ingkang sampurna kangge nulak (nyêgah) sêsakit kolerah:

1. Toya ngombe lan ingkang kangge adus kêdah ingkang rêsik saèstu (toya lèdhêng).

2. Sêsukêr-sêsukêr anggènipun ambucal kêdah ingkang prênah sampun ngantos lalêr utawi kewan ingkang alit-alit angrêrubung, lan sêsukêr wau sampun ngantos sagêd rumêsêp dhatêng toya sumur ingkang kangge ngombe utawi adus.

3. Têtiyang ingkang saras kêdah dipun suntik vaccin kolerah supados sagêd kalis ing sêsakit wau.

4. Ing măngsa pagêblug kolerah tiyang sampun nêdha wowohan, sayuran ingkang mêntah, lan toya ngombe kêdah godhogan. (Badhe kasambêt)

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun toko Makasar ing Boven Digoel. Saking kiwa manêngên tuwan-tuwan opisir kapal Zegah, A. Palaloi, sudagar toko Makasar, opisir Zegah, Hamid Sutan saking Batawi, ing nglêbêt Tuwan Marjuki Rauh saking Sumatra kilèn.

--- 890 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Kamajênganipun Tiyang Papuah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56.

Mila ingkang kêlimrah, tiyang Papuah punika manawi nênanêm botên nate ngambali wontên ing pasitèn ingkang sampun nate dipun tanêmi, salêbaring tanêman sakawit, lajêng pados pasitèn sanèsipun, awit botên kêkirangan siti. Tindakipun ingkang kados makatên wau, sanadyan lugunipun tanpa nindakakên sampurnaning akal budinipun, nanging malah anocogi kalihan wêwatêkaning siti ingkang dipun bubak têmbeyan, kêbak isi lêmi. Dados têrang bilih prasajanipun wau ugi sinêmbadan, dening tiyangipun manggèn wontên ing pasitèn ingkang taksih sarwa mardika. Sayêktosipun tindak ingkang kados makatên punika sampun mawi tatacara sawatawis, angênggèni bêbasan nêdha kaskayanipun piyambak, sarana nindakakên baunipun, inggih punika anggènipun nênanêm, nanging malah wontên malih ingkang saya prasaja sangêt, anggènipun pados têdha namung sarana ngêngundhuh wowohan, utawi nêgori wit sagu dipun pêndhêt pathinipun, awit ing wana botên kêkirangan têtêdhan ingkang sampun gumêlar, cêkap dipun têdha ing salaminipun. Kamirahaning Pangeran ingkang samantên wau, tumrapipun tiyang ing ngriku, tamtu andadosakên katêntrêmanipun, awit rumaos sampun sarwa botên kêkirangan.

[Grafik]

Tiyang Papuah ingkang sawêg anjêmparing ulam ing sagantên.

Bab tilêm, punika tumrapipun tiyang Papuah salugu namung ngênggèni kodratipun, têgêsipun sabên ngantuk inggih tilêm. Dene sarananipun, sanadyan bodho, inggih mêksa kêdunungan akal budi adamêl papan panggenan kangge tilêm, wontên ingkang namung warni kados [ka...]

--- 891 ---

[...dos] susuh, malah wontên ingkang sampun wujud griya. Caraning damêl rêrukunan, manawi sampun dados dipun ênggèni ing tiyang kathah, anggènipun têtunggilan rukun. Samăngsa griya wau risak, cêkap yasa enggal malih, awit botên kêkirangan băndha, inggih punika kajêng sapanunggilanipun, saya tumrap griya ingkang namung sudhung, saya mayar sangêt. Tatacaranipun ingkang kados makatên punika taksih salugu dèrèng kawoworan punapa-punapa, mila adhakan tinêngga ing katêntrêman.

Bab jêjodhoan, punika sampun malih ingkang tiyang Papuah, sanadyan kewan ugi gadhah dêrêng kados makatên. Dene bab jêjodhoan punika kêtingal piyambak mênggahing rumaganging păncadriyanipun, ingkang gêgayutan kalihan raos lêbêt, awit ing ngriku nuwuhakên gêgayutaning katrêsnan, sakawit namung dhatêng bojo, lajêng tangkar-tumangkar saya kathah. Ingkang makatên punika sok anjalari tuwuhing pasulayan, inggih sampun malih ingkang tiyang, sawêg ayam kemawon asring pêpêcohan, sawung sami sawung tarung jalaran saking bok lara lurik kêmiri. Dene tumangkaring kamurkan ingkang kados makatên punika, mênggah wosipun badhe nyantosakakên kabangsanipun, awit danguning dangu lajêng pilah-pilahan, upaminipun sadhèrèk, punika kayoman bapa, benjingipun lajêng pêcah dados kalih adêgan, lajêng ngawontênakên nak dhèrèk, wusana saya kathah saya kathah, lajêng kantun ngèngêti dhatêng ingkang nurunakên, nanging namung nama sabăngsa kemawon. Lan malih sarèhning băngsa Papuah punika kawontênanipun taksih kados makatên, tamtu botên mangrêtos dhatêng pinanggihing lêlampahan ingkang makatên punika. (Badhe kasambêtan)

Raos Jawi

Kagunan Anjêmparing

Jêmparing punika satunggiling dêdamêl, ingkang kala kinanipun dados dêdamêling para prajurit kangge pêpêrangan, utawi kangge ambêbêdhag buron wana, wosipun kangge dêdamêl saking katêbihan. Tumrapipun kala jaman samantên, jêmparing punika dados dêdamêl ingkang pêng-pêngan piyambak, mila para prajurit sami sagêd ulah jêmparing. Dados mênggahing jaman sapunika sanjata.

Ingkang gadhah dêdamêl jêmparing punika botên ngêmungakên băngsa Jawi kemawon, sanadyan băngsa Eropah ugi makatên. Dene tumrap băngsa têtiyang wanan, kados ta: Papuah, Dhayak, punika taksih sami migunakakên jêmparing. Nanging jêmparing wau mênggahing băngsa Eropah tuwin Jawi lajêng botên kangge dêdamêling pêpêrangan, amargi kawon kalihan sanjata, ewadene dumugi sapriki, jêmparing wau inggih taksih, nanging namung tumănja kangge kasênêngan, nama jêmparingan, [jêmparinga...]

--- 892 ---

[...n,] inggih punika anjêmparing mawi lesan.

Kasênêngan ingkang kados makatên wau ing Eropah inggih taksih tumindak, malah ing Roosendaal (nagari Walandi) wontên pakêmpalan anjêmparing nama Amicitia dumugi sapunika adêgipun sampun 100 taun, têtêping satus taun mêntas dipun pèngêti kanthi pasamuwan, dene ingkang dados têtungguling tiyang ulah jêmparing nama Tuwan H. Nooteboom, kados ingkang kacêtha ing gambar sisih punika.

[Grafik]

Makatên ugi mênggahing băngsa Jawi, sapriki bab ulah jêmparing wau inggih taksih tumindak, nanging kenging dipun wastani namung pilih-pilih, limrahipun namung golongan priyantun utawi sinatriya, malah manawi sinatriya, jêmparingan wau mawi dipun laras sayêktos, samăngsa panjêmparingipun sinatriya wau mencok ing lesan, tiyang ingkang nucuki, mawi ngêlokakên kanthi mastani nama jêmparingipun, awit jêmparing sagagrag ingkang dipun jêmparingakên wau mawi dipun namakakên, malah wontên ingkang dipun gamêli punapa, ungêlipun mawi sinawung ing sêkar.

Sayêktosipun mênggahing ulah jêmparing, tumrapipun băngsa Jawi pancèn dipun anggêp satunggiling kawruh adi, dados botên kenging dipun paibên, saupami kala jaman purwa anjêmparing wau satunggiling kagunan linangkung. Malah wontên cêcariyosan ing jaman purwa ing bab anjêmparing wau ingkang kenging dipun pêndhêt suraosipun, saha kenging dipun raosakên dados wêwulang, têrangipun kados ing ngandhap punika:

Kasêbut ing sêrat cariyos Indhu, Sang Pandhita Druna punika satunggiling guru linangkung ing sawarnining kawruh, dalah ulah kaprajuritan inggih limpat, mila dados paguroning para sinatriya agung (raja sinatriya), malah kalokipun dipun wastani guruning para ratu. Sarèhning pandhita Druna wau namung dados paguroning para agung, botên wontên tiyang asli alit ingkang sagêd anggêguru dhatêng panjênênganipun, mila sang pandhita inggih lajêng anjumênêngakên kaluhuranipun, botên karsa dipun puruhitani tiyang asli alit. (Badhe kasambêtan)

--- 893 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

III. Kêsèd milu pandhe ora kanggo

[Mêgatruh]

dhêlêg-dhêlêg Kêsèd kaya uwong gêtun | mata isih krasa arip | dadi linggih thênguk-thênguk | nanging pancèn durung tangi | linggihe aleyat-leyot ||

tarontonging srêngenge wis ketok dhuwur | Kêsèd kêpanasan nuli | awak krasa angêt têrus | malah kringêt wiwit mili | saka kasuwèn nèng kono ||

ing tujune kono sêpi anjêmamut | dalane prasasat mati | lăngka wong liwat lumaku | upama oraa sêpi | Kêsèd digêguyu uwong ||

nuli tangi Kêsèd mlaku kluyur-kluyur | mengo rana rene sêpi | wêtêng wiwit nywara klukuk | sasmita anjaluk isi | nanging bisane mung angop ||

suwaraning manuk êngkuk muni: kuk, kuk | Kêsèd karasa ing ati | upama ora lumaku | wayah manuk ngono kuwi | nèng ngomah wis warêg kokoh ||

ing dhèk mau tujune dalane eyub | upama panas wis mêsthi | Kêsèd ora kuwat mlaku | awit saka wêtêng ngêlih | yèn lumaku andharodhog ||

ora ngrêti nyang ngêndi gone lumaku | dalane sansaya cilik | malah banjur ilang jêdhug | anaa mung anjalirit | turut ngisoring kêkayon ||

lan sing ketok ing kono mung kêthèk lutung | sanalika Kêsèd ngrêti | banjur muni karo nyêbut | o dadi awakku iki | sasat kalêbu ing grobok ||

aku eling mirid dongengane biyung | jare kêthèk lutung kuwi | gone ing alas anjêmbrung | lan jarene sok mêthuki | sing jênênge macan gembong ||

nanging kabèh samare ing ati mau | mêksa isih bisa kêndhih | saka wêtêng pating klukuk | pêrihe kaya anggarit | Kêsèd pijêr menga-mengo ||

suwe-suwe nrima apa sing ditêmu | nêmu kêmlaka lan wuni | ya nekad bae dicêplus | pangrasane lêgi gurih | awit saka wêtêng kothong ||

barêng uwis ketok antarane surup | Kêsèd duwe rasa wêdi | atine bangêt ing bingung | nganti ambarêbês mili | nanging kudu nrima ngono ||

barêng bêngi ora bisa-bisa turu | saka adhêm karo wêdi | lan sabên arêp lês turu | dayaning kêmlaka wuni | kaya ngwênyêt-wênyêt rongkong ||

barêng ketok antarane bangun esuk | krungu manuk padha muni | ayême ing ati têrus | larane wêtêng wis mari | banjur gregah mlaku alon ||

dhèk samana lakune Kêsèd ambacut | alas saya ketok tipis | ora suwe nuli krungu | swara pandhe: dhong dhing dhong dhing | swara anggêbug ing palon ||

wis ambacut lakune tumuli tutug | ênggone wong pandhe wêsi | Kêsèd nuli nyêdhak ambruk | nanging isih karo linggih | ambêgane krênggos-krênggos ||

wong sing wêruh

--- 894 ---

banjur lèrèn aruh-aruh | ya kuwi sing pandhe wêsi: | êlo sapa kowe iku | raimu apayus putih | apa kowe lara mêngko ||

Kêsèd kăndha mugi aparinga maklum | kula sanès tiyang sakit | tiyang lumampah kêblasuk | botên klêbêtan rijêki | wêtêng kula sangêt kothong ||

kyai pandhe nuli bae cêluk-cêluk | nyang sing wedok ana buri | gêlis renea iki dhuk | sing wedok têka tumuli | nyawang Kêsèd andharodhog ||

nuli clathu ki pandhe: gulo kuwi dhuk | bocah abangêt kêlantih | liwêtmu apa wis rampung | yèn uwis bok koingoni | wis kana jakên nyang pawon ||

nuli mlêbu Kêsèd dijak iya nurut | barêng têkan pawon nuli | kon mangan sêga nul-mênul | bêras anyar putih mlêsih | lawuhe lan gudhêg wayon ||

uwis mumut iwake wis padha ajur | bok kêmasan akon nuli | wis le mangana sing tutug | aja nganggo isan-isin | aku dhêmên dhayoh dhokoh ||

mapan saguh Kêsèd nyidhuk sêga mak byuk | nganti munjung ana piring | gudhêge nganti mêthuthuk | lap-lêp mung pisan diwalik | nuli imbuh limang enthong ||

êmbok pandhe bungah bangêt lan angguyu | dhayohe nglêgakke ati | nuli sing lanang malêbu | takon priye apa uwis | wis bèn kono le sing katog ||

wise rampung wadhahe sêga wis suwung | gudhêge mung kari kwali | bok pandhe nuli calathu: | pakne kula ngliwêt malih | kula bingah yèn wong dhokoh ||

pandhe clathu: karo yèn wong drêmba iku | harak malah jênêng bêcik | nyang gawean mêsthi maju | saya manèh pandhe wêsi | mangan akèh dadi otot ||

wis anu le bêcike milua aku | tak ajari pandhe wêsi | jênêngmu sapa cah bagus | Kêsèd arêp muni isin | awit jênênge mangkono ||

nuli clathu lirih jênênge diulur | nama Sukêsèd kiyai | ki pandhe nuli angguyu: | ah jênêngmu ora bêcik | mirid wujud ora cocog ||

ngêndi ana uwong kêsèd awak bênthung | patute rak mênggrik-mênggrik | wusana wiwik[4] dhèk mau | Kêsèd banjur diajari | pandhe wong loro dhong dhang dhong ||

nanging eman Kêsèd sambène mung ngantuk | aja manèh mandhe wêsi | yèn bisaa nganti sêngkut | sanadyan mung kon rêrêsik | anane mung sarwa abot ||

seje dina sing wedok mara wêwadul | bab prakara butuh buri | pun bapakne dede mênus | sasat wong makani goni | blang-blêng napa mawon kamot ||

gih gadhaha pari pintên-pintên lumbung | măngsa ngantosa sasasi | luwung angingaha asu | kenging dikèn jugug bêngi | balik Sukêsèd bêlandhos ||

mung klekaran yèn linggih sambène ngantuk | mangane ngudubilahi | sêkule satumbu munjung | botên nate ngantos cicir | êmpun pak kèn lunga mawon ||

kyai pandhe iya wis duwe panêmu | mung rada ewuh ing ati | nanging barêng ana wadul | kêpêksa banjur nglakoni | Sukêsèd ditundhung alon ||

wis ta thole ing saiki rêbut cukup | ing bêcike kowe kuwi | golèk gawean sing patut | Kêsèd ora amangsuli | banjur ngadêg saka ngênggon ||

ing batine garunêngan lan anjabrut | nuli lunga tanpa pamit | kyai pandhe ngrasa gêtun | rumasa agawe sêrik | lan gawe susahing uwong ||

--- 895 ---

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Gadhon putri rêngu.

Anacaha daging lêmbu utawi maesa, ingkang ngantos lêmbat, abêning bumbunipun duduh inggih kados pangolahing gadhon: putri kungkum wau, namung kaotipun, cacahaning ulam botên mawi kauworan punapa-punapa, tuwin sasampunipun cuwolan ulam cacahan wau kaêsuran ing santên, lajêng kadekekan rajangan lombok abrit watawis sajumput (ingkang karsa ing pêdhês, mawi kawêwahana lombok jêmprit wêtahan 3 utawi 4). Sarta rajangan balimbing wuluh 2 iris tipis. Raosing gadhon putri rêngu wau sêgêr gurih.

Gadhon putri mandhi.

Pangolahipun gadhon putri mandhi punika sami kemawon kalihan gadhon putri rêngu, namung kaot botên mawi dipun dèkèki lombok lan balimbing wuluh, saha mawi kadèkèkana sungsum, tuwin acar timun 3 utawi 4 iris. Raosing gadhon putri mandhi wau gurih anyir sêmu sêgêr.

Patrapipun angratêngi gadhon tigang warni wau makatên: angêngkrêngna wajan utawi kuwali ing kêrên, katoyanana satêngah andhap, lajêng kapasangana sarangan (wilah kaanam bêthekan kêpara kêrêp) kaangkaha sampun ngantos kaclop ing toya, wungkusan-wungkusan gadhon lajêng katataa tumumpang ing sarangan, tumuntên katutupana ing kêkêp, lajêng kaoborana, bilih godhong ingkang kangge mungkus wau sampun katingal matêng, inggih mratandhani bilih sampun matêng. Utawi kenging namung kakukusakên ing dang nyarêngi manawi sampun tapung.

P.

[Grafik]

Gambar sasisih punika sawangan saking sanginggiling rêdi Sinabung, Sumatra Wetan. Kados para maos ugi sampun nate anglampahi, upami minggah ing rêdi ingkang lajêng ningali toya sagantên kimplah-kimplah, kadospundi mênggahing raos ingkang kados makatên punika.

--- 896 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Èwêd Pakèwêding Pangkat Pangrèh Praja

X.

Garèng : Dadi nèk mêngkono, kowe wis cocog anane pilihan lurah kuwi, mung bae kudu diowah. Bab ngowah barang sing wis ana pancèn iya gampang, nanging ngowahe mau apa kêna dipêsthèkake yèn bakal dimathuki wong akèh, lan apa iya wis mêsthi bêcike kadadeane. Apamanèh prakara sing gawat mêngkono, ora dadi drêdah, lagi barang sing sêpele bae, sok bisa mêcahake wudun têmênan. Kaya ta upamane: cara Mêgêlang kuwi nèk pèi, ajining bunci irêng lan abang 30, keyang 20, pang 20, lan macan 10, jajal saikine coba kok owahana cara nagara liya, yaiku: ajining bunci irêng 13, keyang 12, pang 11, lan macan 10. Lho kiyi prakara sapele bangêt, ewadene nèk ora kabênêran, rak kalakon wurung, dadi le pèi banjur ora sida.

[Grafik]

Petruk : Lho, kuwi nèk Kang Garèng, wong lagi ngrêmbug prakara sing prêlu, ujug-ujug kok banjur nalèncèng nyang pèi. Nèk mungguhing pèi, yèn pancèn wis matuh cara Mêgêlang, kok banjur diowahi kaya kandhamu mau, wis mêsthi bae yèn bisa anjalari ora rênane para sing padha sênêng nyang pèi, awit petungane banjur suda, lan yèn kabênêr unggul jurite, panarike iya ora pati sathekruk.

Garèng : Nèk nitik kandhamu kiyi kowe sajak ngaran-arani, yèn ing Mêgêlang kuwi akèh para sing dhêmên main, dhêmên ngabotohan, we, hla, rak iya sêmbrana bangêt. Iya bênêr ing kana kuwi kalêbu akèh para sing dhêmên ngasta sipat satus rongpuluh, nanging rak dudu jênêng main, jênênge sing têmênan kasukan, dadi mung digawe sênêng-sênêng, ngiras-ngirus dianggo sarana cagak êlèk, utawa sarana kanggo golèk mêmitran.

Petruk : Omongmu kiyi aku pracaya bangêt, sanadyan anggone arêp mêlèk utawa anggolèk mêmitran mau, sok bisa anglalèkake anak bojone, lali mlêbu ing kantore, cêkakane banjur lali mênyang kuwajibane.

--- 897 ---

Garèng : Kuwi aran wis lumrah, wong urip nang donya ki nèk kabênêr sênêng, aja manèh anak bojone utawa pagaweane ora lalia, lagi karo sing gawe urip bae mêksa bisa lali. Wis, wis, kok banjur ngrêmbug sing dakik-dakik, caritakna bae mungguh panêmumu ing bab owah-owahaning pilihan desa, bêcike kapriye.

Petruk : Ing ngarêp aku wis ngomongake angèl lan rêkasane wong dadi lurah. Anane owah-owahaning paprentahan ing kono ora bakal nyuda kuwajibaning lurah, nanging malah saya wuwuh, tur saya angèl lan gawat, kaya ta yèn rad desa wis wiwit tumindak, kang dibubuhake dadi pangarsane, dadi sing wajib nênuntun parêpataning rad mau, ora ana liya manèh, iya kudu lurah. Kowe rak iya wêruh dhewe rêkasane wong dadi pangarsa, êmbuh pangarsaning kumpulan, parêpatan, apadene pangarsane bêbadaning paprentahan.

Garèng : Ewadene ana bangsaning pangarsa, sing ora rêkasa kuwajibane sarta kêpenak, yaiku pangarsaning wong gêndurèn, kuwi anggêre bisa andongani lan ambagi bakal brêkatane, wis cukup, tur bisa milih dhadha mênthoke.

Petruk : Kuwi rak rumasamu, nanging sanyatane ora mêngkono. Wong sing piniji mangarsani wong gêndurèn, kaya unimu mau, kuwi iya ora anjupuk sawong-wonge bae, nanging iya kudu milih wong sing pintêr nyang agamane. Ambalèni kuwajibane lurah dadi pangarsa, kuwi kudu nyakup marang kabèh prakara kang dirêmbug ana ing rad kono, kudu trampil wicarane, kudu kêdunungan watak adil kudu bisa nuntun parêpatan, lan isih akèh manèh tunggale.

Garèng : Wah, wah, wah, hla, kok pating bênthalit mêngkono, iya durung kursus aku nèk bab kiyi, mara, têrangna dhisik.

Petruk : Lho, kuwi upamane mêngkene: ing parêpatan rad desa angrêmbug arêp ngêdêgake sakolahan desa, ing kono pangarsane kudu ngrêti marang gunane sakolahan desa, kudu ngrêti sapira bakal waragade, kudu ngrêti pira gurune, lan liya-liyane kang gêgayutan karo adêging pamulangan mau. Mulane lurah sing dadi pangarsane rad desa, kudu nyakup mênyang prakara sing dirêmbug ana ing kono. Kajaba iku kudu bisa nêrangake mungguh pigunane sakolahan desa nganti talêsih marang parêpatan kono, dadi wong sing amêm, ora trampil wicarane iya angèl anggone nêrang-nêrangake mau. Wong dadi pangarsa kuwi ora kêna ngukuhi panêmune dhewe, nanging kudu nganggo timbangane warga liya-liyane, aja mlengos, aja mrêngut, yèn ana wong liya gèsèh karo panêmune dhewe, mulane pangarsa kudu kêdunungan watak adil. Ing parêpatan kono kudu bisa tata lan runtut apa sing dadi lajêring rêmbug, aja nganti ing parêpatan kono ana pasulayan kang bakal dadi rame kaya wong sing lagi trawèh, lan sapanunggalane.

Garèng : Hla, nèk kaya kandhamu, wong sing kudu dadi lurah kuwi ora cukup yèn mung wong sing kacukupan, sing kajèn ana ing desane, nanging iya

--- 898 ---

kudu wong sing olèh pangajaran, cêkake wong sing pintêr.

Petruk : Pancèn mula iya mangkono, prêlune supaya bisa ngènthèngake priyayine, awit lurah sing pintêr kuwi apa dhawuhe priyayine mêsthi banjur bisa nyandhak bae, sauwise, iya kaya uniku ing ngarêp, bisa banjur ngêcakake apa dhawuhe priyayi mau ana ing desane. Hla, saiki sing bisa ngira-ira, sarta sing bisa andumuk wong sing pintêr utawa ora kanggo dadi lurah, kuwi têmtune iya priyayi, awit wong desa dhewe wis bola-bali tak omongake, umume padha kurang kawruhe, dadi têmtune iya ora bisa ngira-ira utawa manèh ngarani wong sing pintêr lan sing bisa nindakake kuwajibaning lurah. Ing sarèhning sabênêre sing padha ambutuhake lurah kuwi golongan loro pisan, iya priyyai, iya wong desa, mulane nèk saka panêmuku karo pisan iya kudu padha anduwèni wawênang milih kabèh, dene pranatane mangkene: ing sarèhning priyayi sing bisa ngira-ira, apa wong pintêr utawa orane dadi lurah, sing diwajibake milih kandhidhat lurah kudu priyayi, pira kandhidhate kuwi ora bisa ngarani, mung gumantung saka gêdhening desane, wis mêsthi bae saya gêdhe desane, iya saya akèh kandhidhate. Nanging pamilihing kandhidhat-kandhidhat mau, iya kudu kanthi cocoging wong-wong desa. Hla, sabanjure sing anêtêpake dadine lurah, kuwi iya wong desa dhewe sarana pilihan kaya sing uwis-uwis.

Garèng : Wiyah, kathik rèwèl têmên mêngkono, dene jaman biyèn kuwi lurah ora prêlu pintêr-pintêr, ora sêkolah ora sêkolèh, ewasamono desane iya bêcik bae, kaya tênggorokan diambah wedang soklat, lêr alus bae.

Petruk : Lho, jaman biyèn pranatane seje karo saiki. Bab kiyi liya dina bae padha dirêmbug manèh.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kawrat ing sêrat kêkancingan parentah tanggal 26 Juni kêpêngkêr nomêr 12 sêtatsêblad 190, mratelakakên wontênipun sêtanplattulah, tumrap Sêmarang têtêp 5%. Magêlang rumiyin 5% namung kantun 3%. Pakalongan angsal 3%. Surakarta rumiyin 5% kantun 3%. Ngayogya têtêp 3%. Bogor tuwin Sukabumi rumiyin 8% kantun 5%. Bandhung rumiyin 10% kantun 8%. Sêtanplattulah tumrap Malabar lan Cililin dipun suwak. Cimahi têtêp 5%. Tasikmalaya angsal 5%. Batawi tuwin Mistêr Kornèlês têtêp 10%. Cirêbon têtêp 3%. Surabaya têtêp 10%. Majakêrta angsal 3%. Malang angsal 8%.

Miturut pawartos Bat. Nbld. suwakipun punalêsangsi (inggih punika pranatan bab ukuman pêksan ingkang sampun dados gêgantunganipun kuli kontrakan) têrangipun makatên: wiwit taun 1930 tumrap kontrakan kuli sajawinipun jajahan Indhonesiah, punalêsangsi wau sampun wontên ingkang badhe dipun suwak, inggih punika ing Malakah, tumrap kuli-kuli kontrak băngsa Jawi. Salajêngipun kuli-kuli Jawi kontrak ingkang kakintunakên mriku punika lajêng katut kêbawah anggêr-anggêr nagari ingkang katêlah nama Labour Code ingkang sapunikanipun kangge kaprêluan wau têksih badhe dipun saèkakên sakêdhik, gêgayutanipun kalihan beda-bedaning umur, adat lan agaminipun kuli-kuli saking tanah Jawi.

--- 899 ---

Dumuginipun dintên punika ingkang bupati ing Batawi dêdalêm wontên ing dalêm sewan, samangke wontên pawartos, bilih nagari badhe ngawontênakên kabupatèn piyambak, malah sampun mundhut griyanipun Tuwan Salomons ing prapatan (Wèltêprèdhên) pangaos f 80.000.- Kabaripun griya wau, taksih kêdah dipun dandosi malih. Ewasamantên sanadyan dipun dandosana kadospundi kemawon, manawi botên dipun wontêni pandhapanipun, sajakipun kirang mungguh.

Awit saking kamirahaning tuwan ingkang anggadhahi gêdhong kumisi ing Kranggan, Surabaya, nglilahakên gêdhongipun kangge mitongtonakên têtingalan darma kanthi lêlahanan, ingkang angsal-angsalanipun kangge mitulungi têtiyang ingkang kasangsaran kêbêsmèn ing Grêsik. Bab punika pantês dados tuladan.

Pangadilan rad pan yustisi ing Sêmarang mêntas andhawahakên karampungan dhatêng pasakitan Kops tilas buk owêr killir masêkape Jungkare, kaukum kunjara 4 taun, jalaran prakawis nyalingkuhakên arta f 125,000.

Wontên kabar, botên watawis dangu malih kantor Javasche Bank ing Wèltêprèdhên, badhe ngêdalakên arta kêrtas enggal, inggih punika pangaos f 1000 lan f 500.

Kala dintên Sabtu ingkang kapêngkêr punika, ing dalêmipun Tuwan Adviseur voor Inl. Zaken dipun wontênakên parêpatan prêlu angrêmbag badhe ngajêngakên drajating kasagêdanipun para pêngulu, jalaran badhe ewah-ewahaning rad agami. Ingkang sami anjênêngi parêpatan wau, kajawi Tuwan Prof. Dr. Husèn Jayadiningrat, para bupati ing Bandhung, Magêlang lan Pamêkasan, punapadene para pêngulu tuwin para ngulama saking Bantên, Priyangan, Ngayogyakarta, Rêmbang, Surabaya sarta Madura.

Salêbêtipun rêrêmbagan wau, ingkang ugi angèngêti tatacara tuwin kabêtahanipun satunggil-satunggiling panggenan, sadaya sami anyondhongi, bilih drajading kasagêdanipun para pêngulu punika kêdah dipun indhakakên. Para ingkang sami anjênêngi parêpatan, sami sarujuk, bilih rekadaya murih sagêdipun kalêksanan punapa ingkang kasêdyakakên wau, kêdah katindakakên tigang prakawis:

1e. Drajat tuwin pamêdalipun punggawa mêsjid kêdah dipun saèkakên, sarana ngirit sawatawis, kintên-kintên badhe sagêd kalampahan tanpa mawi waragad nagari tuwin para kaum muslimin.

2e. Tumrap warni-warnining pangkatipun para punggawa mêsjid, kêdah dipun wontênakên èksamên, sarta kêdah angèngêti kawontênaning panggenanipun.

3e. Ngawontênakên kursus tumrap calon punggawa mêsjid. Ing ngriku sadaya sami rujuk, bilih pangagêng nagari samia ngajêngakên tuwin nênuntun dhatêng têtiyang partikulir murih sami ngêdêgakên kursus piyambak.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ingkang dèrèng dangu punika, ngêwrat kawontênanipun kapal motor Jêpan ingkang kèrêm saha dipun tulungi kalihan kapal api Tydens kados gambar ing ngandhap punika.

[Grafik]

Ing nginggil gambar kapal motor Jêpan ingkang kèrêm, ing ngandhap baita ingkang anulungi têtiyangipun.

Pawartos saking administrasi

Lêngganan nomêr 1962 ing Surabaya. Nglêbêtakên lêngganan 4, pikantuk gratis 1. Yatra kêdah kabayar rumiyin f 6.-

Agèn M. Salam ing Purwakêrta. Yatra f 1.50 tumrap ab. no. 650 kula etang makatên: f 0.50 kangge tunggakanipun ing wulan April, ingkang f 1.- kangge 3e kw. dados Mèi Juni botên langganan.

Lêngganan nomêr 783 ing Babat. Bale Pustaka botên sade.

Lêngganan nomêr 1183 ing Munthilan. Manawi panjênêngan kadugi nanggêl lêbêting yatra bayaran, inggih badhe pikantuk.

Lêngganan nomêr 3624 ing Munthilan, kenging.

Lêngganan nomêr 1017 ing Kêdhunggalar. Kajawèn ajêg kula kintun, jêr panjênêngan botên nate nunggak. Nomêr pintên ta ingkang dèrèng dipun tampèni.

Lêngganan nomêr 613 ing Majasari. Paring priksa kemawon, kadospundi adrèsipun mitra-mitra ingkang wontên ing ngrêdi punika, mangke badhe kula kintuni lêlahanan.

--- 900 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

11

[Mêgatruh]

dupi krungu ing tyasira apan saguh | sumêdya anyidrèng pati | măngka usadaning rapuh | marma dupi kêthèk prapti | nulya cinidra kalakon ||

ing satêmah mitra anêmahi lampus | dahat dènnya mêlasasih | dyan ingambil atinipun | tumuli kinèn ambukti | tan sawala wus linakon ||

ing antara ari apan waluya wus | têtêp wus pugut samangkin | araning mitra wus larut | mung kari andhêdhêr wiji | piawon sajroning batos ||

palêstha wus caritaning pêksi wau | ananging tan pisan kongkih | nênggih suta-sutanipun | pan maksih kulina maring | sutaning luwak nèng gowok ||

anyarêngi sawijining ari nuju | anaking luwak kêkaring | nèng paragak inguk-inguk | kadênangan dening janmi | nulya sinawang malênggong ||

mung ing cipta tan pêgat anggung anggilut | paran marganirèng bangkit | antuk luwak kang kadulu | marma tan kêndhat tiniti | wusing têtela cumêplong ||

duk ing dalu pinènèk cinêpêng sampun | tumuli ginawa mulih | mangkana kang luwak sêpuh | dahat dènira prihatin | dupi wruh suta cinolong ||

sajroning tyas dahat tan tarima tuhu | nulya milênggahkên maring | asu ajag kang wus komuk | widagda marang prakawis | mrih ngadili kang sayêktos ||

ucapipun dhuh mitraningsun satuhu | ingsun iki minta adil | paran ta darunanipun | dene sutaningsun mangkin | sirna dhinustha ing uwong ||

măngka ingsun darbe tăngga pêksi cubluk | apan darbe anak katri | kabèhe tinêmu wutuh | tan pisan ana kang rêmpil | ing tyas ingsun anggung ngontog ||

alon muwus asu ajag linut guyu | anèh têmên sira iki | wong kelangan anênutuh | marang ing tăngga têpalih | harak ginuyu ing uwong ||

nanging ingsun uga tan abot têtulung | tan lyan amung mituturi | lah mangkene pratikêlku | samăngsa sira mrangguli | wêruh janma kang anyolong ||

aywa pisan-pisan sira katon gugup | api-apia tan ngrêti | kalamun janma wus wêruh | arahên mrih bangkit uning | dununging pêksi ing gowok ||

yêktinipun ing samăngsa janma wêruh | mêsthi kêtarik ing ati | nêdya ngundhuh susuh manuk | ing satêmah pêksi katri | kêlakon pinèt ing uwong ||

dadi sira tan pisan kêgêpok luput | marang tangganira pêksi | apa tan lêga atimu | yèn tuturku kolakoni | mara pikirên ing kono ||

manthuk-manthuk luwak sakalangkung sarju | èsêmira pan kêtitik | tumuli linakon sampun | lawan dupi janma uning | susuh pêksi dahat gawok ||

ciptanipun mêngko sore bae uwus | sun angundhuh susuh pêksi | wusing diwangkara surup | janma wus mèpèt nyakêti | wontên ngandhaping kêkayon ||

duk ing wau jaka tuwa pan wus wêruh | wiwit duk ing wanci enjing | kalaning janma andulu | lan batin sampun andugi | pandamêling luwak awon ||

mangke amung nêdya mèt sarananipun | amrih bangkit anyingkiri | ywa kongsi manggih pakewuh | nanging mung pêpêt kêpati | datan pisan bangkit manggoh ||

puntonipun tan lyan amung nêdya nglalu | sabrayat sabaya pati | marmanira duk andulu | janma wus mènèk nyakêti | nulya anggêlêngkên punton ||

gita-gita ambucali sutanipun | ywa kongsi cinêpêng janmi | nanging tumrap badanipun | tan pisan bangkit ngluwari | nulya cêg cinêpêng uwong ||

awit janma têtela pandulunipun | marang patrapirèng pêksi | kalawan malih kêbarung | grubyug aburirèng pêksi | kang nunggil wontên kêkayon ||

pan ing ngriku janma dahat dènnya bêndu | pêksi arsa dèn pêjahi | nanging pêksi nulya muwus | bok inggih sabar rumiyin | ginaliha ingkang maton ||

saupami kêlampahan kula lampus | punapa inggih pakolih | yèn ta melik daging ulun | bêbasan mung dadya slilit | rak pituna agêng yêktos ||

harak luwung kasadea bae sampun | kintên kula bokmanawi | sèwu dinar sagêd payu | lamun makatêna yêkti | mukti andika rak katog ||

lawan malih mênggah kula yêktosipun | apan ugi darbe ngèlmi | padhukunan kang pinunjul | mandining kang idu putih | kenging winastanan elok ||

marmanipun kalamun andika sarju | ing ngriki wontên narpati | mangkya nuju nandhang rapuh | yèn ta kalampahan yêkti | bagya andika gumolong ||

pan ing ngriku janma tuwuhing tyas sarju | tumuli anglêksanani | pêksi pinundhut ing ratu | lan kauningan sang aji | kukila bangkit wêwartos ||

lawan sanggup pangusadani sang prabu | nulya kasambadan bangkit | têmah waluya satuhu | kadi duk ing wingi uni | dahat panarimèng katong ||

karênaning panggalih satêmah tuwuh | arsa angganjar sang aji | pêksi adarbe panuwun | yèn kaparêng mituruti | tan prêlu angganjar kêton ||

jaka tuwa kang dadya panuwunipun | mung parênga angluwari | sang prabu nulya mituhu | pêksi ingêculkên malih | angambara tanpa anggop ||

ing wusana pinangguh rabi lan sunu | dahat samya sukèng ati | têtêp lêstari akumpul | kongsi praptanirèng pati | tinunggu ing karahayon ||

palêstha wus caritaning bayan wau | nulya awacana aris | nyai mênggah jatosipun | janma kang tindak basuki | walêsipun tamtu manggoh ||

lawan malih mênggah kosok-wangsulipun | sintên kang cidra sasami | tan sande tamtu angundhuh | kang makatên sampun mêsthi | wèh asmaraning lêlakon || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


familierecht. (kembali)
kentolipun. (kembali)
Kentol. (kembali)
wiwit. (kembali)