Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-24, #306

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-24, #306. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-24, #306. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
Image

Ôngka 59, 16 Sapar Taun Ehe 1860, 24 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [917] ---

Ôngka 59, 16 Sapar Taun Ehe 1860, 24 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sukabumi

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar margi ing Selabintana (Sukabumi)

--- 918 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts. ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 57.

Sêsakit dhesêntri (ambêbucal rah umbêl, mêjên)

Sêsakit punika, titikanipun tiyang ingkang sakit anggènipun ambêbucal awarni êrah lan umbêl. Sakawit murus, botên dangu ambêbucal êrah lan umbêl, punika sok ugi katutan sêsukêr sakêdhik, utawi namung mligi êrah lan umbêl kemawon.

Samôngsa tiyang ingkang sakit wau badhe ambêbucal ing wêtêng kraos mulês, kanthi ngêdên sangêt, sadintên sadalu anggènipun ambêbucal rambah-rambah, sagêd ngantos kaping 100 utawi langkung.

Sêsakit dhesêntri punika wontên warni kalih, inggih punika bacillair kalihan amoeben dhesêntri.

Bacillair dhesêntri sakitipun mêsthi mawi bêntèr, amoeben dhesêntri trêkadhang wontên ingkang mawi bêntèr sakêdhik, nanging limrahipun botên.

Kula asring anjampèni tiyang ingkang kenging sêsakit amoeben dhesêntri ingkang mawi bêntèr, langkung-langkung manawi lare alit ingkang katrajang, punika mèh racak sakawit mawi bêntèr.

Dene tiyang ingkang sakit bacillair dhesêntri punika kraosipun bêntèr sangêt, lan angrêkaos, tiyang ingkang ningali inggih nyumêrêpi mênggah rêkasoipun tiyang ingkang sakit. Adatipun tiyang ingkang sakit makatên wau enggal lajêng pêjah, utawi saras ing salêbêtipun 14 dintên, trêkadhang ugi ngantos dangu, nanging lôngka.

Ingkang kêlimrah, sêsakit bacillair dhesêntri punika manawi tuwuh wontên ing satunggaling panggenan, ing ngriku lajêng kathah têtiyangipun ingkang katrajang (epidemisch) gampil tular-tumularipun dhatêng tiyang sanès, inggih punika ingkang sami sêsrawungan utawi magêpokan kalihan tiyang ingkang sakit wau.

Sêsakit dhesêntri punika panularipun mèh sami kalihan sêsakit tipês utawi kolerah. bacillendrager-ipun sêsakit punika inggih ambêbayani sangêt tumrapipun tiyang saras ingkang magêpokan kalihan tiyang ingkang kenging sêsakit makatên wau, langkung ambêbayani tinimbang kalihan tiyang ingkang sawêg sakit lêrês, awit tiyang ingkang sawêg sakit lêrês, sampun cêtha. Dados tiyang ingkang saras kêdah anjagia supados sampun ngantos kêtularan, awit, bacillendrager punika botên wontên tôndha-tandhanipun.

Kajawi panularipun sêsakit wau jalaran saking magêpokan kalihan tiyang ingkang sakit, ugi sagêd nularakên manawi tiyang ingkang saras lajêng nênêdha têtêdhan utawi ngombe toya ingkang wontên wijinipun sêsakit wau, jalaran saking lalêr ingkang ambêkta wijinipun sêsakit, dados suku utawi sungutipun lalêr wau inggih lajêng gupak rêrêgêd, ing wusana pindhah lajêng mencok ing têtêdhan, bilih têtêdhan wau katêdha ing tiyang, sampun têmtu lajêng

--- 919 ---

kêtularan ing sêsakit wau.

Kangge pasêksènipun inggih punika ing Sêmarang, wontên epidemie dhesêntri ing satunggiling internaat ingkang dipun pranata anyêkapi mênggahing panulakipun, utawi lare-lare ingkang sakit dipun jampèni, nanging sêsakit wau mêksa tansah ngômbra-ômbra, ananging sarêng griya internaat wau dipun tutup mawi metaal gaas, prêlunipun sampun ngantos lalêr sagêd lumêbêt ing salêbêting griya wau, wusana sêsakit wau botên wontên malih (ical), dados cêtha sangêt lalêr punika anjalari tular-tumularipun sêsakit wau.

Têtuladan malih, nuju satunggiling wêkdal ing Colombo wontên pagêblug dhesêntri, ing ngriku wontên kapal api dhatêng, wontên salah satunggiling tiyang numpak kapal dhatêng dharatan tumbas sawo manila lajêng katêdha, ing wusana têtiyang numpak sakapal lajêng sami katrajang sêsakit wau.

Sêsakit Amoeben dhesèntri dhatêngipun botên dadakan, nanging saking sakêdhik, kraos mulês lajêng wêwah kraos ngêdên, manawi badhe ambêbucal wêtêngipun kraos mulês, sakawit anggènipun ambêbucal awarni sêsukêr lan êrah, lajêng campuran êrah lan umbêl, saya dangu lajêng namung umbêl lan êrah kemawon.

Wijining sêsakit Amoeben wau manggèn ing umbêl, mila sêsukêr wau manawi kapriksa mawi kacapraksana, pinanggihipun wiji-wiji wau inggih wontên ing umbêl.

Sêsakit Amoeben wau wontên ing usus nêdha kêndhanganing usus lan êrahipun, mila ing ngriku lajêng ngêmu nanah ingkang lajêng andadosakên tatu ngorèng nukulakên mêjên wau. Amoeben wau sagêd katut ing êrah kabêkta dhatêng pundi-pundi, ing jêroan, paru, limpa, utêk, lan sanès-sanèsipun. Ing ngriku lajêng sagêd nukulakên sêsakit warni-warni.

Mila manawi kirang prayitna anggènipun mriksa, lan botên pratitis anggènipun anjampèni, ingkang sakit sampun mêsthi botên sagêd saras.

Sadèrèngipun wontên jampinipun sêsakit wau ingkang sayêktos, rumiyinipun kathah ingkang lajêng tiwas, punika jalaran saking sakit jêroan, utawi sanès-sanèsipun. Ing sadèrèngipun, para dhoktêr dèrèng mangrêtos bilih sêsakit jêroan wau gandhèng utawi jalaran saking Amoeben dhesêntri wau.

Miturut ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, panularipun amoeben dhesêntri punika jalaran saking toya utawi têtêdhan ingkang sampun katularan wiwi-wijiwiji-wiji. sêsakit wau. Contact infectie têgêsipun, nularipun sêsakit jalaran saking magêpokan kalihan tiyang ingkang sakit, punika inggih tamtu sagêd kalampahan, ananging kangge amoeben dhesêntri punika nularipun jalaran saking toya ingkang sampun wontên wijining sêsakit wau. (Badhe kasambêtan)

--- 920 ---

Jagading Sato Kewan

Pêksi Anèh

Anggèn kula badhe ngarang bab pêksi anèh punika sampun sawatawis wulan dangunipun, ananging tansah kandhêg, awit kuwatos manawi para maos sami anggalih dora. Dumadakan kala tanggal ping 17 Juni 1929 kula nglêrêsi papriksa dhatêng dhusun Tanjungsari bawah ondêr dhistrik Panekan, sumêrêp malih pêksi ingkang kula wastani anèh wau nglêrêsi nindakakên kaanehanipun.

Para maos amasthi sami anggalih dhatêng kêpalanipun karangan punika: pêksi anèh. Punapa pêksi ingkang nêmbe kula sumêrêpi wau anèh wujudipun, punapa wulunipun. O, sanès, ingkang kula aturakên anèh punika wêwatêkan tuwin lêlampahanipun, malah pêksinipun sampun kenging kawastanan sabên tiyang utawi lare sumêrêp, inggih punika lêlampahanipun pêksi kalih, satunggal pêksi pênthèt utawi ênthèt, kalih pêksi êmprit gantil.

Sapunika ingkang kula cariyosakên rumiyin pêksi pênthèt. Pramila dipun wastani pêksi pênthèt, awit ungêlipun: thèt, thèt. Manawi mungêl buntutipun mobat-mabit ngiwa nêngên. Pêksi pênthèt punika pintêr ngocèh, lare-lare mastani muji. Ing wanci enjing kintên-kintên jam satêngah wolu lajêng dhedhe kalihan ngocèh wontên ing pagêr utawi carang. Pundi panggenan ingkang dipun sênêngi, sabên dintên manawi ngocèh wontên ing ngriku, dados kenging kawastanan ajêg. Pêksi pênthèt punika kagolong kêndêl, dipun eringi para pêksi ingkang alit-alit. Malah pêksi pênthèt punika purun anglawan pêksi alap-alap. Sanajan cakaripun botên santosa, ananging cucukipun kiyat, ing êpok ingkang nginggil wangunipun kados untu, pramila manawi nothol (nyakot) sakit.

Pêksi pênthèt punika ingkang dados têdhanipun bangsaning kewan ingkang alit-alit tuwin bôngsa ibêr-ibêran, kados ta: cacing, prêcil, ulêr, walang, kupu tuwin sapanunggilanipun. Namung gumun kula manawi pinuju angsal prêcil kalih utawi tiga, têka botêmbotên. enggal katêdha, ananging dipun tancêbakên ing carang utawi êri sarana kadhèndhèng, langkunganipun ingkang katêdha kangge tandhon. Anggènipun jêjodhoan ugi rukun sangêt, manawi ingkang èstri pinuju nigan, ingkang jalêr pados têdha kangge ngloloh ingkang èstri. Malah ungêlipun ugi niru piyik. Makatên punika botên namung wontên ing susuh kemawon, sanajan wontên ing purug ugi makatên.

Ing nginggil sampun kula aturakên, manawi dhedhe utawi ngocèh panggenanipun ajêg, pramila manawi masangi ugi gampil, rekanipun makatên: mêndhêta sada blarak ingkang têlês, dipun ongoti dumugi pucuk, wangunipun kados pêcut, sada wau kapêndhêt ingkang pucuk watawis kalih kilan, sadaya dipun lêlêt mawi pulut. Padosa [Pa...]

--- 921 ---

[...dosa] jangkrik utawi gangsir, dhadhanipun dipun tangsuli ing bolah, bolah wau ingkang sasisih dipun tangsulakên ing pokipun sada wau, lajêng dipun tancêbakên ing siti sacêlakipun panggenan ingkang kangge ngocèh pêksi wau. Manawi pêksi sampun sumêrêp, têmtu lajêng murugi. Gangsir lajêng kathothol katarik-tarik, sadanipun mêntul-mêntul nyabêti pêksi, lajêng kenging.

Sapunika gêntos ingkang kula criyosakên, inggih punika pêksi êmprit gantil. Agêngipun mèh sami kalihan pêksi pêrkutut, warninipun ugi kados pêksi prêkutut, nanging ragi cêmêng sakêdhik, têdhanipun: kupu, ulêr, walang, laron tuwin sapanunggilanipun. Ungêlipun: thit,... thit,... thit, thit thit thit thit. Manawi môngsa rêndhêng siyang dalu tansah mungêl.

Para maos mêsthi sami andangu: Punapa ingkang anèh.

Pêksi êmprit gantil punika manawi nigan botên purun ngêngrêmi piyambak. Ingkang ngêngrêmi pêksi pênthèt.

Cariyosipun makatên: manawi badhe nigan tansah madosi pêksi pênthèt ingkang pinuju nigan. Samôngsa pêksi pênthèt nilar susuhipun, pêksi êmprit gantil murugi dununging susuh, tiganipun pêksi pênthèt dipun pêcahi, emprit gantil nigan kangge lintu. Dados pêksi pênthèt ngêngrêmi tigan êmprit gantil. Manawi nêtês dados piyik êmprit gantil. Sanajan makatên pêksi pênthèt anggènipun ngopèni ugi botên beda kalihan piyikipun piyambak. Mênggah bedanipun piyik pênthèt kalihan êmprit gantil makatên: piyik pênthèt warninipun klawu, ing bathuk saking mripat kiwa cêmêng dumugi mripat têngên, buntut panjang warni cêmêng. Ungêlipun: ci... yit, ci... yit. Manawi piyik êmprit gantil: cirt, cirt, cirt.

Mênggah anggènipun nyantuni tigan kula dèrèng nyumêrêpi piyambak, ananging pêksi pênthèt ingkang momong piyik êmprit gantil sampun rambah-rambah. Gumun kula, dene pêksi êmprit gantil punika sabên nigan madosi susuh pênthèt, inggih manawi pinuju wontên, manawi botên wontên kadospundi. Bokmanawi tiganipun dipun pêcah utawi kabucal. Mila pêksi êmprit gantil punika inggih ragi lôngka wontênipun.

Punika ingkang kula wastani anèh, dene ingatasipun pêksi têka gadhah rekadaya samantên.

Wusana sumôngga para maos.

Jayasuwignya. Panekan.

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika lèpèn Ciliwung, ing sawingkingipun gêdhong rad kawula ing Wèltêprèdhên.

--- 922 ---

Pawartos Wigatos

Matrus lan Lajênganing Pangajaranipun

Sarèhning sampun limrah pangajêng-ajênging tiyang siti punika sagêda cêpêng damêl tuwin sagêd minggah pangkat, prêlu kangge sarana kautamèning gêsangipun, mila ing karangan punika mratelakakên ing bab padamêlan marinê tuwin lampah-lampahipun. Ing bab punika kêdah ngèngêti: murih tumuntênipun sagêd dados ondêr upsir tuwin sampun kadangon dados matrus kemawon. Tiyang sagêd minggah pangkat dados ondêr upsir wontên ing padamêlan pintên-pintên golongan (dienstvak), dados ing sadèrèngipun kêdah anggadhahi pamilih, badhe dados ondêr upsir saking golonganing padamêlan punapa. Ing bab punika botên prêlu kapratelakakên, tiyang sampun sagêd ngraosakên piyambak dhatêng padamêlan ingkang sagêd damêl panujuning manah, ingkang sagêd anjalari tumêmêning nyambut damêl. Tiyang sasampunipun milih padamêlan ingkang dipun sênêngi, taun dhinêsipun kêdah dipun wêwahi, murih lêlajênganing pasinaonipun wau dados 6 taun. Mila dipun tata makatên, awit badhe tanpa damêl mulang dados ondêr upsir, bilih sasampunipun sataun lajêng kèndêl saking padamêlanipun.

[Grafik]

Para murid Kweekschool sawêg sinau.

Ing sabên taun tiyang dipun sukani wêwahan arta premi kathahipun f 27.50.

Ing bab matrus, ing ngriki kapratelakakên satunggal-satunggaling padamêlan ingkang prayogi, murih matrus wau sagêd minggah pangkat dados ondêr upsir.

I. Dekdienst (padamêlan ing êdhèg) punika wontên pangkat (kwartiermeester= kopral, bootsman= sêrsan, schipper= sêrsan mayor, opperschipper= ajidan).

Bilih tiyang badhe dipun wulang dados kwartiermeester, dipun prênahakên manggèn wontên ing pasinaon tumrap kwartiermeester. Apês-apêsipun kêdah sampun dados matrus kêlas satunggal 1½ taun. Danguning sinaunipun 1½ taun, inggih punika ½ taun wontên ing Kweekschool ing Makasar, ½ taun wontên ing kapal kangge mulang (H.Ms. De Zeven Provincien) tuwin ½ taun malih wontên ing tangsi marinê ujung ing Surabaya.

--- 923 ---

Salêbêtipun ½ taun wiwitan, dipun wulang basa Walandi tuwin pasinaon pamulangan sanès-sanèsipun, satunggal-satunggaling wajibipun ondêr upsir, pathokaning nyingkiri bêbaya baita tumbukan ing sagantên, suka tôndha-tôndha, ing bab pandoman, aba salêbêtipun wontên ing sêkoci, ing bab gambaraning sagantên, buku-buku bab lêlayaran, tuwin sanès-sanèsipun.

Salêbêtipun ½ taun ingkang kaping kalih, sinaunipun ngêcakakên padamêlan langkung kathah. Ingkang dipun wulangakên: nindakakên bab jangkar, sêkoci, tangsul-tangsul, nglampahakên sêkoci motor tuwin nindakakên padamêlaning ondêr upsir jagi. Dene ½ taun ingkang wêkasan, dipun wulang theorie lan malih ing bab kawontênaning mriyêm, torpedho tuwin pasangan dhinamit ing sagantên.

Ing sasagêd-sagêd kêdah tumut layaran ing baita ingkang wontên dêdamêlipun pêrang, supados sagêd prigêl nindakakên. Bilih sinaunipun wau sampun tamat, dipun angkat dados kwartiermeester.

II. Konstabelvak (padamêlan konstabel: kopral, sêrsan mayor tuwin opperkonstabel)

Padamêlanipun konstabel punika nyêpêng mriyêm tuwin nindakakên pigunaning mriyêm ing kapal. Bilih tiyang badhe dados kopral konstabel, kêdah dados juru mriyêm (kanonnier) rumiyin. Juru mriyêm punika satunggiling tiyang ingkang angsal wulangan anglêpasakên mriyêm warni-warni tuwin sagêd nindakakên.

Laminipun sinau 1 taun, matrus kêlas I utawi klas II kenging dados juru mriyêm wau. Matrus kêlas I ingkang anggèning dados juru mriyêm enggal-enggalipun sampun ½ taun, angsal wulangan tumrap kopral konstabel. Pasinaonipun dipun tindakakên wontên ing kapalakapal. artillerie-instructie laminipun 9 wulan, dipun wulang ing bab warni-warnining mriyêm, kadospundi mênggahing caranipun ngopèni, nindakakên, punapadene pirantos lan obat mimis ingkang dipun angge tumrap mriyêm wau.

Ugi dipun wulang sawatawis ing bab vuurleiding, inggih punika bab panataning batterij tumrap sawarnining mriyêm ing mangsanipun wontên pêpêrangan.

III. Seinersvak (padamêlan suka tôndha, wiwit kopral dumugi ajidan).

Bokmanawi sabên tiyang sampun sumêrêp, sanadyan antawising tiyang sami tiyang têbih sangêt, nanging sagêd kintun pawartos. Satunggiling kapal pêrang ingkang nuju lêlayaran ing sagantên, kêrêp sangêt ugi kêdah suka pawartos dhatêng kapal sanèsipun, sarana ngangge pirantos (upaminipun: radhio, bandera, dilah tuwin sanès-sanèsipun). Pirantos-pirantos kangge suka tôndha wau dipun angge dening juru suka tôndha (seiner) ingkang sampun sagêd.

Ingkang makatên punika, mila pasinaonipun dipun wontênakên piyambak. Bilih tiyang badhe dados seiner kêdah suka sumêrêp rumiyin ing sadèrèngipun tamat saking pasinaonipun matrus kêlas III ing Kweekschool. (Badhe kasambêtan)

--- 924 ---

Jagading Wanita

Wara Susila

Kasusilaning èstri punika, kados sampun botên kêkirangan têtuladan, kados ta: ing Sêrat Partakrama, karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura, pujôngga ing karaton dalêm Surakarta.

Mênggah alusing bêbudènipun Dèwi Wara Sumbadra, lan antêping tekat, kados para maos sampun sami anguningani piyambak, namung kasusilan lan alusing budi, kajawi sampun dhasar, dadosipun sae punika sarana ajar, kathah têtuladanipun, kados ta: ing sêrat wau wontên ungêl-ungêlan:

malah kongsi gêdhe durung mari / dènnya pêpanas dolanan têgal / palayon lan bocah akèh / nanging pawakanipun / cilik mula gone aramping / bawane anèng desa / mung solahe kidhung / saking durung tau mulat / pasamuwan nagara solahing putri / dadi wagu tênaga //

Ingkang makatên punika, sampun têtela sangêt, dadosipun sarwa luwês alusing budi (kasusilan) saking kathah têtuladanipun. Sanadyan sampun dhasar, nanging sakêdhik tamtu sagêd ewah, ingkang andadosakên lan saenipun.

Namung emanipun dene botên kenging kaêrèh ing tiyang sêpuh, ingkang makatên punika punapa pangadi-adi, punapa angêndêl-êndêlakên, dumèh kinasih ing dewa. Kados ta ingkang mungêl:

nanging akèh pakewuh ngalangi / pan kabubuh eyangira seda / kalantur kongsi saprene / dhasare bibèkamu / cilik mula gone tan kêni / rinèhkên ing wong tuwa / yèn dudu tyasipun / sok nuli angèsthi pêjah / cilik mula winongwong ing jawata di / nora kêna sungkawa //

Punapa dados pasêmoning jaman kamajuan samangke. Ingkang kathah (botên sadaya) lajêng botên purun anggatosakên pituturing tiyang sêpuhipun, utawi kaêrèh, dupèh piyambakipun sampun pintêr, wêdalan saking pamulangan, lajêng anggêga kajêngipun piyambak, ngandêlakên kasagêdanipun. Ingkang kathah kawêdal wicantênipun: aku wis bisa golèk pangan dhewe, ora dadi ingoning wong tuwa, wong tuwa kuwi rak mung kanggo lantaran bae.

Ingkang makatên punika, kados sampun nate mirêng rêrêmbaganing para sêpuh, (bab kabatosan) utawi sampun nate maos Sêrat Rangsang Tuban, karanganipun suwarga, Mas Ngabèi Wirapustaka (Prajapustaka) èngêt-èngêtan sêkar Pangkur sapada. Kados ta:

Pangkur wuryaning gitaya / sadurunge kaki sira dumadi / wontên pundi dunungipun / sayêkti saking ora / bapa biyung amung lantaran tumuwuh / tan pisan yoga mring sira / mung muwuhi ardèng budi //

(Badhe kasambêt)

Pak Jaya.

--- 925 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

VI. Kêsèd milu Panjak

[Mijil]

nuju wayah srêngenge wis mahrib / langit sisih kulon / ketok abang plêncatan ênggone / manuk-manuk wis byuk-byukan mulih / pating cruwèt muni / wiwit arêp turu //

saangsluping srêngenge tumuli / rêmbulane ketok / anèng wetan mancorong cahyane / ketok kaya ratune ing bêngi / gumrudug diiring / bala lintang ambyuk //

dhèk samana nuju ambênêri / patbêlas pancorong / mula ketok bangêt ing padhange / nganti kaya rina diarani / bocah pating jlêrit / Kêsèd iya krungu //

ing batine wis ayêm sathithik / dene ora adoh / ana desa sing wangune rame / nuli krungu swara cah anjêrit / ngetan-ngetan kuwi / ana muni jelung //

sasirêping swara bocah cilik / bocah-bocah wedok / nanging iya sing wis rada gêdhe / rame rampak padha gulanthi /Kurang satu suku kata: rame rampak padha gulaganthi. nuli dikon muni / sing katiban dhênggung //

bocah desa sing diêkon muni / êmung mengkat-mengkot / ing sarèhne mung dipêksa bae / sabisane iya banjur muni / andharêdhêg lirih / karo blêkak-blêkuk //

mau awan aku disrêngêni / nganti dhêlog-dhêlog / nanging saka ing luputku dhewe / awit ngliwêt nganti dadi sangit / biyung muring-muring / bathukku dithuthuk //

mak gêr kabèh padha barêng muni / ana siji mlerok / karo muni sajak anyêl ya bèn / saya mak gêr kabèh padha ngrêti / yèn unine kuwi / anggêgarap alus //

barêng uwis wayah têngah wêngi / Kêsèd dhêlog-dhêlog / uwis nyênyêt bangêt kana kene / mung kêrungu karêsêking angin / karo manuk muni / sing padha ngêlindur //

awit bangêt padhange ing bêngi / rêmbulan mancorong / manuk nganti kliru pangrasane / dikira yèn padhang bêngi kuwi / wayah esuk mêsthi / dadine kêliru //

saya ngênês Kêsèd plilat-plilit / wêtêng bangêt kothong / amêmikir karo lèyèh-lèyèh / banjur gregah alon-alon tangi / lan nilingke nuli / kêrungu gong: jênggur //

wise cêtha krengkang-krengkang tangi / nêdya arêp nonton / malah ora adoh sajakane / barêng têkan dhadhah desa nuli / Kêsèd alon muni / jêbul wong anjanggrung //

Kêsèd pancèn rada ngrêti gêndhing / dhèk têkan ing kono / ana uwong anjogèd ngêlètèr / ketok laras nadyan wagu brai / rame sing nyênggaki / gêndhingane pangkur //

Kêsèd nadyan wêtênge ngalikik / banjur berag ketok / rêngêng-rêngêng lan nalêsêp bae / amor Panjak karo alon muni / kang kula tumut gih / ngêgong kula purun //

kônca Panjak bungah anganthuki / awit kurang uwong / Kêsèd banjur ngêgong tansah dhèhèm / ngiras kanggo sêlan anyênggaki / wong sing wêruh nuli / gêr padha angguyu //

awit Kêsèd cucut wiwit cilik / lan awake ketok / angandhêrêg wis angguyokake [anggu...]

--- 926 ---

[...yokake] '/ barêng suwuk sing ngêndhang nakoni / manglung bisik-bisik / kowe sapa ta gus //

Kêsèd alon anggone mangsuli / diwèhi lêlagon / wêwangsalan mung sakapenake / bisa gawe guyu anyêkikik / ngene gone muni / karo amêcucu //

kêrên agêng isinipun gêni / nama Kêsèd mawon / klawèr-klawèr nanging wêlut dede / anggèn kula dumugi ing ngriki / tangan ngathung kyai / prêlu pados puluk //

gêr barêngan guyune kalair / lan barêngan alok / nah saiki mêsthi saya rame / dene ana badhud ambanyoli / Kêsèd kêthip-kêthip / wêtênge kumlukuk //

pangarêping panjak anguncali / dhuwit patang bolong / karo muni jajana dhisik le / enggal-enggal Kêsèd anampani / clês sasat dicuri / banyu pitung windu //

nuli glèlèng-glèlèng akêliling / gela-gelo nglongok / ilêre lur barêng wêruh gule / nanging eling le mung patang kêlip / liwat nuli bali / golèk gon sing lindhuk //

nuli olèh panggonan andhêlik / kupat gudhêg bonggol / mêsthi miring kêna ditindakke / barêng Kêsèd akon angêdoli / sabenggol sapiring / gus Kêsèd anjumbul //

anampani Kêsèd karo muni / napa gih sabenggol / wong sing dodol iya sajak kagèt / karo muni napa awis niki / ga kula wuwuhi / Kêsèd manthuk-manthuk //

môngka gone muni ngono kuwi / saka gumun elok / athik ana samono murahe / yèn wong drêmba wis warêg sapiring / nanging Kêsèd nganti: wolung piring rampung //

wong sing dodol nganti ngrasa watir / wêtênge yèn jêbol / nanging Kêsèd mung kapenak bae / wise rampung bayar nuli bali / karo sêru muni / êngga lajêng êmpun //

janggrungane wiwit manèh nuli / gus Kêsèd sing ngêgong / kêpenakên gone ngrungokake / mripat lar-lêr saka wêtêng mlênthi / durung patang mênit / uwis ngorok turu //

barêng tiba êgong nyulayani / ora muni êgo /êgong. môngka wong sing anjogèd sajake / mêmpêng bangêt ngêmatake gêndhing / banjur prêmpêng muring / mara nabok kêplug //

karo muni kowe apa kirik / ora bisa ngêgong / ana kene êmung turu bae / lah mêlèka iki mas patinggi / Kêsèd mak byar tangi / banjur nabuh gong gur //

uwong mau saya muring-muring / mara manèh nabok / lan ngunèni apa anggêpmu he / aku muni athik koêgongi / apa kowe wani / o rupamu patut //

nuli suwuk uwong pating jlêrit / dikira ing kono / ana uwong garêjêgan rame / lurah panjak banjur anêngahi / sampun rah patinggi / kula nyuwun maklum //

isih bae gone muring-muring: / uwis aku êmoh / janggrungane arêp tak bubarke / talèdhèke nuli anyêdhaki / karo ringik-ringik / anjalukke maklum //

sabanjure tlèdhèk angrampungi / wis ta aku êmoh / yèn digongi wong mangkono kuwe / uwis ta kang konên lunga gêlis / tlèdhèk wise muni / karo ngidoni cuh //

Kêsèd ngadêg angusapi rai / lan muni dudu wong / luwak mangan lampês bêbasane / jênêng awak lagi apês mêsthi / satibane unyik / rana-rene

--- 927 ---

nimbrung //

abot têmên uwong arêp mukti / ya muga kêlakon / awakku tak pujèkake dhewe / kêlakone dadi ratu mukti / narima saiki / mupung nôm awakku //

Panglipur Manah

Sing Sapa Ngina Marang Sapêpadhaning Urip, Prasasat Ngina Marang Pangeran.

Kacariyos, ing jaman rumiyin wontên tiyang gadhah anak èstri kalih, ingkang sêpuh nama Marliyah, ingkang anèm nama Marliyêm. Mênggah ingkang dados gêgadhanganipun tiyang sêpuhing lare kalih wau beda-beda, bapakipun anggadhang-gadhang murih ing têmbe sagêda anggadhahi mantu priyantun, awit pamanggihipun: priyantun punika katingalipun: brêgas, andhèthèng tur sugih kawruh, têgêsipun: dhatêng basa Jawi alus kathik luwês, basanipun Malayu ambandhang kemawon, basanipun Walandi inggih pêng-pêngan sayêktos, punapa malih manawi dipun ajak rêrêmbagan, priyantun punika rêmbagipun têmtu maton. Dene biyungipun lare èstri kêkalih wau, ingkang dipun kêpingini sagêda ing têmbe gadhah mantu: santri, awit limrahipun santri punika nrimahan, sanadyan dipun sukanana sêkul, lawuhipun namung tempe kemawon, inggih botên gêdumêlan, ngêmungakên wicantên: alkamdulillah, dipun sukanana wedang tèh jog-jogan kaping sanga likur, inggih: alkamdulillah, malah sanadyan awak sakujur dipun grumut gudhig, wicantênipun inggih namung: alkamdulillah.

Ing wusana sarêng lare èstri kêkalih wau sampun sami diwasa, idham-idhamaning tiyang sêpuhipun sagêd kalêksanan sadaya, inggih punika pun Marliyah sagêd kadhaupakên kalihan priyantun nama Radèn Jayusman, komis kantor pos, dene pun Marliyêm saèstu kaangsalakên santri, nama Abdul Japar.

Nuju satunggiling dintên tiyang sêpuh kêkalih sami lêlinggihan angrêmbag mantunipun, wicantênipun ingkang jalêr: Bokne, mara ta sawangên, anakmu Dèn Jayusman kae, nèk wis dandan anggone mêntèrèng, wirone le gêmpi, dhêstharane mlithit, agême jas potongan langênarjan, kathik didhasèni dhasi templok, nèk wis tindak: sèbêt, sèbêt, wadhuh, yayane, upamane aku dadi wong wadon mono, sida... mati aku.

Ingkang èstri amangsuli kanthi sêngol: Wiyah, kowe mono, pakne, nèk wis ngalêm Jayusman, le ora ana lèrèn-lèrène, nèk aku wis ora mathuk babarpisan, wong kabèh-kabèh karêpe kok nganggo pranatan, kaya ngono kuwi rak mung ambuwang wêktu bae, kaya ta: nèk dandan jam-jaman, nèk kabênêr mangan, piringe rêgêd sathithik bae, êmoh, nèk ngênyam, cangkême klomad-klamêd ora muni, diolahake [diolaha...]

--- 928 ---

[...ke] apa-apa, mangane iya ora andêmênakake, cimak-cimik kaya kucing, apamanèh nèk tak kon ngrewangi sapu-sapu utawa macul, tangane le cithang-cithing ora luwês babarpisan, malah kadhangkala sok lungguh jam-jaman nyêkêli kitab ki banjur mèsêm kaya wong sing lagi dhêglêng kae, mara, apa kuwi ora mêdèni. Seje karo anakmu Si Abdul Japar, nèk dandan sadhela bae rampung, mangan nganggo godhong, sajake iya wis krasa nikmat, pangênyame iya andêmênakake, cêplak-cêplak, tur diwènèhi lawuh apa bae, mangane iya dhokoh. Nèk dipasrahi pagawean, iya sapagawean-sapagaweane, ora ana wêgahe, iya tumuli ditandangi bae, cak-cêk, trampil bangêt, apamanèh nèk wis maca Kuran, kathik dilagokake cara Mêsir, wah, nang ati anglês bangêt.

Mirêng wicantênipun ingkang èstri makatên wau, ingkang jalêr rumaos èwêt anggènipun badhe mangsuli, kajawi namung gèdhèg-gèdhèg kemawon, ing batos wicantên makatên: hêm, wis mêngkono nèk wong wadon kuwi, pikirane le cupêt, upama tak padonana, nèk Abdul Japar kuwi nyara bèbèk upamane, awit esuk sore kêcipak-kêcipik tungkul saba blumbang, têmtune sida kalakon aku ora disambêlake têmênan, mulane luwih bêcik tak nêngne bae, mung arêp tak kandhani mungguhing kalirune awake. Sasampunipun lajêng ngomong sora dhatêng bojonipun makatên: Bokne, kowe aja kaliru tômpa. Anggone anakmu Dèn Jayusman, nindakake samubarang nganggo pranatan, kuwi pancèn iya wis mangkono caraning priyayi, dandana iya kudu suwe, amrih katon bêcike, awit nèk priyayi nyandhang nganti katon kalêmprat-kalêmprot, kuwi rak sida kalakon diarani priyayi amêkokrok, nèk dhahar pangênyame mêsthi ora muni, awit yèn nganti muni cêplak-cêpluk, sajake rak banjur nyara barongan. Dhahara iya kudu sing sarwa pantês, sarta enak, ora kêna kèri mêrtegane, hla, iya kêpriye manèh wong kadare priyayi, apa-apa iya kudu enak, kudu...

Ingkang èstri anyêlani sajak wêngis: Kaya ngono kuwi aku sing ora mathuk bangêt, ana wong urip karêpe kok mung arêp sênêng-sênêng sarta arêp mrada...

Wis, wis, bokne, aja dibanjur-banjurake, mung prakara sapele, ora wurung mêngko bisa dadi padu têmênan, luwih bêcik anakmu mantu loro pisan padha diundang mrene, padha diajak omong-omongan, saka wangsulane siji lan sijine, mêngko kowe rak bakal sumurup, êndi sing pêng-pêngan, êndi sing ora. (Badhe kasambêtan)

Ing Kajawèn nomêr 57 kaca 888, ing ungêl-ungêlan, ing kontholipun tiyang... lêpat, lêrêsipun ing kentolipun tiyang...

Red.

--- 929 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Èwêd Pakèwêding Pangkat Pangrèh Praja

XII.

Garèng : Lagi anu kowe ngandhakake, yèn pranataning pilihan lurah wis diowahi, kuwi bakal ilang salah siji kliliping priyayi pangrèh praja. Lho, kowe kok anglairake têtêmbungan salah sijining klilip, dadi nèk mêngkono isih ana èmbèl-èmbèlane liyane.

Petruk : We, hla, dhinês, ora mung siji loro bae, nanging upama wong utanga mono, saking akèhe, nganti bingung ngêndi sing arêp disauri dhisik, ewadene kowe mung arêp dak caritani sing prêlu bae, kaya ta: ing bab pangupakaraning rajakaya. Sing tak karêpake ing kene, yaiku pranatan anggone arêp ambêcikake anane sapi, kuwi tumraping priyayi pangrèh praja kayadene wong sing bèlèkên limang taun, angganjêle ana ing mripat ya sasayahe têmênan.

[Grafik]

Garèng : Kowe aja kaliru tômpa, Truk, karsaning pandhuwur sajatine rak apik bangêt, yaiku arêp ngilangi unèn-unèn sing dening sawênèhing wong dianggêp ala, ya kuwi: cap Jawa. Mara ta, apa-apa sing ala lan sing ora bêcik, kuwi saradane kok ditibakake nyang Jawa, kaya ta omah katon rêgêd, iya banjur bae diunèkake: nyara Jawa. Nèk ana koran mung urip sadhela, banjur dibubarake, iya banjur: hla, ya kuwi nèk wong Jawa. Ana wong nganggo dhasi mèncèng, diunèni hla wong Jawa bae kathik nganggo dhasi barang. Mêngkono uga mungguhing sapi. Sapi kuwi nèk sapi Jawa rêgane iya mung saupit, mung f 40 tumêkan f 50, nanging iya wis mêsthine, awit gêdhening sapi Jawa kuwi prasasat ora beda karo wêdhus. Seje karo sapi Ostrali, Onggale lan sapadhane, kuwi rêgane iya f 150, f 200 utawi luwih. Saikine nèk mangkono kuwi pandhuwur ngèndêlake bae, rêganing sapi Jawa bokmanawa bêgja-bêgjane mung ajêg bae, malah nèk ora kabênêran rêgane bokmanawa saya ngaprêt, mulane banjur rekadaya sumêdya ambêcikake ananing sapi-sapi mau.

Petruk : Aku ora maido anggone [anggo...]

--- 930 ---

[...ne] arêp ambêcikake, nèk wong-wonge pancèn ngrêti utawa gêlêm nindakake, nanging padhane wong kang ora doyan mêrtega, kuwi nèk dipêksa-pêksa dikon mangan mêrtega, sida kalakon mutah têmênan. Samono uga wong desa, sanyatane sing akèh ora doyan karo pranatan carane ambêcikake sapi kuwi, êmbuh jalaran saka ora ngrêtine, êmbuh saka sungkane kangelan. Kaya ta kowe rak wêruh dhewe, yèn rekadayane nagara arêp ambêcikake anane sapi kuwi sarana dianani pamacêk. Pamacêk mau têmtune iya milih sapi lanang sing bagus, kaya ta sapi Onggale, wong-wong desa sing padha duwe sapi banjur diprentahi macêkake sapine nang panggonan sing ana pamacêke mau, kang mangkono mau yèn bisa tumindak, wis têmtu turunane bakal luwih gêdhe lan luwih bêcik, nanging uga bisa anjalari sudaning cacahe kewan.

Garèng : Wah, hla kiyi pikiranaku rada kaya orong-orong kêpidak, mak pêt. Yèn bisa tumindak, kok malah nyuda cacahing kewan, kuwi kêpriye.

Petruk : Lho kuwi mangkene, murih turunane sapi bisa bêcik, sapi wadon ing kono kudu dipacêkake nyang pamacêk sing disadhiyakake mau, jalaran saka iku, nuwuhake pirang-pirang prakara, 1e. tuwuhing prentah anglarangi wong desa ngingu sapi lanang, awit dikuwatirake nuwuhake wiji sing bakal ora ambêcikake kewan, kang mangkono mau anjalari wong-wong desa padha ngêdoli sapine lanang, 2e. Tuwuhing prentah supaya wong desa sing duwe sapi wadon padha macêkake nyang panggonan sing ana pamacêke mau. Ing sarèhning wong desa kuwi lumrahe sungkan kangelan, sabab sabên-sabên tansah dioyak-oyak supaya macêkake kewane, kuwi sok anjalari jèngkèle atine, ing wusana sok banjur ngêdoli sapine. 3e. Lakining sapi kuwi mangsan, dadi nèk nganti kasèp anggone macêkake, iya kalakon ora bisa manak têmênan, ing môngka cacahe pamacêke kuwi lumrahe mung siji loro bae, kang mangkono mau anjalari pirang-pirang sapi wadon kang sajêroning rong taun utawa luwih ora bisa manak, kang andadèkake karugiane wong desa. Mara, saka jalaran têlung prakara sing wis dak caritakake mau, apa ora anjalari cacahing sapi dadi suda.

Garèng : Wah, Truk, ing môngka nèk ananing kewan mundur, kuwi pawêtuning lêmah iya dadi mundur, jalaran saka kurange kewan mau, rabuk kang kanggo nglêmèni sawah iya mêsthi dadi kurang. Wusanane nèk pamêtuning lêmah kurang, sapa sing disalahake: iya priyayi pangrèh praja. Wah, bênêr dhing, omongmu, nèk pangupakaraning rajakaya kuwi iya dadi kliliping priyayi pangrèh praja.

Petruk : Mêngkono uga yèn kewane ora maju, kuwi sing olèh hidhung panjang, iya priyayi pangrèh praja. Wis, wis, ing bab rêrêmbugane ewuh pakewuhing pakaryan pangrèh praja padha dilèrèni samene bae, awit aku rumasa, yèn akèh priyayi êmbah-êmbah padha ngèsêmi, ingatase mung cobolo [cobo...]

--- 931 ---

[...lo] makan têki bae kathik ngrêmbug bab kuwi, wêruh apa, sèh, dhèwèke, ambêke kathik kaya wis tau dadi mandhor bupati.

Garèng : Iya bênêr, Truk, padha dilèrèni bae, aku kok iya wis rumasa isin. Liya dina padha ngrêmbug bab liya bae.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Wontên lare nama Tasman, umur 10 taun, ing dhusun Arjasari, Têgal, nuju angèn menda dumadakan dipun sronggot ing andhapan, wêtêngipun nandhang tatu lêbêt. Lare lajêng kabêkta dhatêng griya sakit Kardinah, nanging sarèhning prêlu kêdah dipun potong, lajêng kabêkta dhatêng klinik dhukuh Wringin. Nanging wusananipun lare dumugi ing tiwas.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun para priyantun Sundha ing Batawi ingkang sami ngawontênakên têtandhingan bêksa wontên ing gambir parêk. Têtandhingan wau dipun wontênakên tigang golongan A golongan guru, B murid, tuwin C badhud, ingkang angsal pamênang nomêr 1 golongan A Tuwan Sukartadipura, gambar nomêr 18 saking kiwa. Golongan B Tuwan Emod, gambar nomêr 10 saking kiwa. Golongan C Tuwan Jambrut, gambar nomêr 15 saking kiwa. Sami angsal mêndhali êmas.

Ing salêbêting kadhaton Ngayogyakarta mêntas wontên pasamuwan mahargya kawan dasa dintêning pangantèn. Ingkang Sinuhun ing Surakarta inggih rawuh, lênggah wontên ing bangsal kancana. Pasamuwanipun ringgitan tiyang lampahan Parta Krama. Para punggawa gupêrmenan ugi kaparêngakên malêbêt.

Wontên pawartos saking nagari Walandi, Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat, katampèn sowan odhènsi ing ngarsa dalêm Sri Bagendha Kangjêng Raja Putri.

Bab tumindaking cacaran ing Batawi kêtingal majêng, têtiyang ingkang sampun dipun cariyosi mênggahing pigunanipun cacaran, lajêng nyuwun dipun cacar, tiyang ingkang dhatêng ing panggenan panacaran ngantos ewon.

Kawartosakên, Paduka Tuwan Gupêrnur Jasper ing Ngayogya ingkang badhe lèrèh benjing tanggal 1 Sèptèmbêr ngajêng punika, dipun pisungsung albim isi tôndhatanganipun têtiyang ing Ngayogya ingkang sami ngaosi dhatêng lêlabêtanipun tuwan gupêrnur.

Miturut karampunganing parêpatan sinoman rad ing Surabaya, namaning rad wau dipun santuni nama Gemeenteraad bangsa Indonesia kota Soerabaja. Ancasing rad wau badhe niti dhatêng kawigatosaning têtiyang pakampungan ing Surabaya, tuwin badhe nyambut damêl sêsarêngan kalihan gêmintê rad utawi nyambut damêl piyambak.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2524 ing Ngayogya. Bab pamundhut panjênêngan fotocorrrespondentkaart, prayogi kasarantosakên rumiyin.

Lêngganan nomêr 2855 ing Purbalingga. Ingkang sade B.O. pang Ngayogya, nanging sapunika sampun têlas.

Tuwan S. ing Kadhiri. Pandangu panjênêngan punika manawi dipun wangsuli, angêbak-êbaki papan, saha badhe damêl bosênipun ingkang maos, awit nama sampun kasèp, lan nama pitakenan botên angèl.

Lêngganan nomêr 1203 ing Surabaya. Prayogi nyuwuna katrangan dhatêng Hoofdafdeeling Nijverheid ing Bogor.

Lêngganan nomêr 3825 ing Patarukan. I. Buku Bausastra Jawi ingkang mawi katrangan têmbung Jawi dèrèng wontên. II. Panyêratipun cêkakaning ukuran lan timbangan: kagandhèng.

--- 932 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

13

[Asmaradana]

ngulama nulya mêmuji / amêminta ing Hyang Suksma / ingkang agung wilasane / punang golèk sambadaa / agêsang kadi janma / ki ngulama nulya nêru / dahat ing panêdhanira //

saking parmanirèng Widhi / tinrima panêdhanira / punang golèk gêsang mangke / sasolah kaduk lêlewa / lan gapyak ing wicara / ing sasolah mung mawèh kung / maring kang samya umulat //

ngulama têrus nênggani / lan tansah dènnya pocapan / praptanirèng enjang mangke / kêsundhul janma têtiga / dènnya tangi sarêngan / lan samya tunggal ing tuju / amurugi golèkira //

samya kagyat duk udani / ngulama nuju lênggahan / lan wanodyayu warnane / ananging janma têtiga / samya tan kêkilapan / yèn janma kadadyanipun / saking ingkang golèk wrêksa //

nulya ya-diniya sami / samya angakêni gadhah / janma catur kongsi rame / tan wontên purun ngawona / ing wusana ngulama / kang nyêpuhi munggêl wuwus / pan mangkana ucapira //

kajaba mangkene uwis / mrih aywa kadawa-dawa / bêcik amilênggahake / maring ngarsaning pradata / mrih bangkit pinariksa / aywa mung rame kumrumpyung / kang bakal tanpa wêkasan //

toging rêmbag dèn lampahi / lumaku janma sakawan / ngiring wong ayu warnane / dadya ojat turut marga / singa kêpapag mulat / kongsi nolih tanpa sêgu / linut ing gèdhèg ambalan //

sanadyan ta para èstri / singa mulat kagawokan / kongsi kêwêtu unine / tobat janma kang mangkana / ayune datan lumrah / iba bêgjane sing mêngku / yêkti mung dèn eman-eman //

lakune le sripit-sripit / tur sajak ora kagetan / nyang wong kaya ngasokake / parandene mawèh rêna / dadi kapara nyata / kalamun wong ayu iku / dadya pasihan pangeran //

mangkana dènnya lumaris / dupi wus prapta ing kitha / kêpapag wong bagus anèm / janma catur nulya ngucap / minta timbanganira / kadya gatinirèng catur / paran karampunganira //

janma anèm amangsuli / kanthi angucap kêsêsa / sabar rumiyin ta mangke / dene têka kalêrêsan / punika rayat kula / ingkang sampun kesah dangu / dene ujug-ujug prapta //

sakala dadya pradondi / wong anom malah andakwa / lamun janma sadayane / têtêp janma kang angiwat / tan pisan sagêd selak / sanadyan ta dipun ulur / yêkti mimpang ing prakara //

duk samya nêngah-nêngahi / wawan ginêm pan kêtungka / janma prapta age-age / iyèku prajurit jaga / nulya nyaru anabda / kabèh iku janma gêmblung / tan pisan wrin maring tata //

ingsun datan pisan pangling / pawèstri iku sanyata / lawan ingsun maksih ipe / iyèku warandhanira / kadang ingsun sudagar / kang tiwas cinidra ing dur / kang wus sawatara dina //

lan sun têtêpake wani / sira wong kalima pisan / iya padha durjanane / danguning diya-diniya / dyan samya lumaksana / nêdya mèt ngadiling kukum / maring ngarsaning pradata //

janma nêm èstri sawiji / sapraptaning ngarsèng jaksa / milênggahkên prakarane / jaksa nulya alon ngucap / iku dudu prakara / awit janma wadon iku / jatine pan garwaningwang //

sira kabèh ing saiki / arsa sun sêrêg prakara / coba rasakêna bae / sidhêm ing ngriku sakala / nyênyêt tan wontên ucap / nuli katon wong jumêdhul / abagus maksih neneman //

ing pasêmon tatag wani / lan sadaya dèrèng wikan / nulya angucap mangkene / wis ta padha sarèhêna / ingsun kang wajib misah / tampanên karampunganku / lah sira padha wêruha //

janma nulya angabani / hèh uwit waringin sira / wêngakna uwitmu age / wusing mênga nulya ngatag / lah sirèku wanudya / mara tumulia mlêbu / kabèhe dimèn uninga //

janma èstri nulya manjing / wit wringin mingkêm sakala / nulya wontên sabda alon / hèh janma sadayanira / ingsun wus paripurna / bali marang asal ingsun / sira padha narimaa //

icaling swara nyarêngi / janma mudha pan wus sirna / nulya anjêtung kabèhe / datan pisan darbe kira / amanggih kaelokan / wusana bibaran sampun / tan wontên sakara-kara //

bayan nulya ngucap ririh / ngatên nyai uningaa / yèn lampahan sadayane / lamun linut ing kamurkan / adhakan datan lana / sanadyan bôndha sagunung / gampil kêpêngkêr kewala //

7. Tiyang mangrêtos dhatêng basaning sato kewan

[Pangkur]

dahat rêna Nyai Jenab / duk miyarsa dongèng kadi kang uwis / lan tansah anggung angguyu / satêmah rasaning tyas / pan kasilêp mung sarana ulah rêmbug / datan pae sang pangeran / ing galih tan èngêt malih //

ananging pun pêksi bayan / mêksa maksih darbe samar ing ati / awit pindhanirèng latu / kang wujudira sirna / sirêpira amung tan katingal murub / ing lêbêt tan kawistara / angurêng panase maksih //

marma anggung ngrekadaya / nyi sudagar mrih katitih ing uni / pan mangkana ucapipun / kula kalangkung bingah / yèn andika ing panggalih tansah sarju / mila mangke kamirêngna / kula badhe criyos malih //

nguni nênggih wontên nata / kang jumênêng wontên nagari Ngindhi / darbe garwa langkung ayu / sri nata dahat trêsna / paribasan salami mung runtung-runtung / sanadyan wus lami krama / lir pangantèn mêntas panggih // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---