Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-27, #307

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-27, #307. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-27, #307. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 60, 19 Sapar Taun Ehe 1860, 27 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [933] ---

Ăngka 60, 19 Sapar Taun Ehe 1860, 27 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Surabaya

[Grafik]

Ing nginggil punika kawontênan ing Pasar Bêsar.

--- 934 ---

Pawartos Wigatos

Matrus lan Lêlajênganing Pangajaranipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59

Tuwan komandhan Kweekschool ingkang badhe nêtêpakên kenging lan botênipun tiyang wau sinau wulangan seiner. Sakawit tiyang dados matrus kêlas tiga wontên ing kapal pêrang kangge sianu ngêcakakên padamêlan, lan botên dangu dipun dèkèk ing pasinaon seiner ing Surabaya. Ing ngriku dipun wulang angangge sawarnining pirantos kangge suka tăndha (seinmiddelen), kajawi radhio. Sasampunipun tamat, angsal dhiploma seiner. Juru suka tăndha ingkang têtela langkung sagêd, kaparêngakên anglajêngakên sinau ing bab radiotelegrafie. Satamatipun pasinaon wau lajêng dados seinersmaat, saha lajêng dipun dèkèk ing kapal dados seiner-telegrafist. Bilih anggèning nyambut damêl sampun 2 taun kanthi sae, sagêd dipun inggahakên dados kopral seiner.

IV. Ngupakara tiyang sakit (ziekenverpleger wiwit kopral ngantos ajidan).

Juru ngupakara tiyang sakit punika pigunanipun ambiyantu dhoktêr wontên salêbêtipun kapal tuwin ing gêdhong marinê ing dharatan.

Ingkang kenging sinau wontên ing pasinaon calon kopral ziekenverpleger punika matrus kêlas I lan II. Lamining sinaunipun 3 taun. Ing taun wiwitatan[1] manggèn ing Kweekschool ing Makasar, lan kalih taun malih manggèn ing C.B.Z. Surabaya. Sasampunipun taun ingkang wiwitan, dipun têtêpakên dados matrus ziekenverpleger lan satamatipun kursus wau (dados 3 taun) dipun têtêpakên dados kopral ziekenverpleger. Ingkang sinau wau angsal piwulang ngadoni jampi miturut rêsèp, mrêban, padamêlan ingkang gampil ing laboratorium, nyadhiyakakên pirantos kangge padamêlan ambêdhèl, tuwin têtulung sanès-sanèsipun, ingkang gampil tuwin ingkang angèl, lan sanès-sanèsipun malih. Cêkakipun botên prêlu kapratelakakên malih, kursus punika rêkaos.

V. Schrijver tuwin bottelier (wiwit kopral dumugi ajidan, tuwin sêrsan mayor).

Ing sarèhning wontên salêbêting kapal punika ugi prêlu nindakakên padamêlan administratie, nindakakên bab sêsêratan, blănja, ngawontênakên pangangge tuwin têdha, mila bab wau prêlu kawontênakên bêbaunipun.

Padamêlan administrasi punika dipun pangagêngi ing upsir administrasi, dipun biyantu ing juru sêrat (schrijver) tuwin bottelier. Juru sêrat punika dipun dèkèk ing kantoripun tuwan upsir administratie piyambak, utawi wontên ing kamaripun tuwan komandhan. Tumrap ing kantoranipun tuwan komandhan namung nindakakên bab sêrat-sêrat, dene ing kantor upsir administratie, ingkang prêlu piyambak nindakakên ing bab tumindaking arta kemawon. [kema...]

--- 935 ---

[...won.] Bottelier punika nindakakên ing bab kawontênaning gudhang têtêdhan tuwin panggenan ngrimat sandhang pangangge.

Salêbêtipun dados matrus kêlas II utawi klas I sampun dipun wulang ing bab padamêlan juru sêrat tuwin bottelier. Lamining sinau 6 wulan. Ingkang wigatos kawulangakên ing ngriku basa Walandi, dhêdhawuhan tuwin padamêlan wajib. Sasampunipun tamat kadadosakên matrus juru sêrat, lan sesampunipun tumindak 2 taun wontên ing kapal, sagêd kaangkat dados kopral juru sêrat (bottelier).

VI. Undhagi tuwin tukang damêl mêsin mabur (wiwit kopral dumugi sêrsan mayor tuwin ajidan) punggawa punika sanadyan militèr, nanging kados tukang lugu. Tukang damêl mêsin mabur punika sanès juru mabur, nanging tiyang ingkang sakalangkung sagêd nyambut damêl yêyasan tuwin andandosi perang-peranganing mêsin mabur. Para neneman ingkang kapengin dados tukang damêl mêsin mabur utawi undhagi, kêdah suka sumêrêp bab wau nalika taksih sinau badhe dados matrus kêlas II ing K.I.S. Sinaunipun undhagi wontên ing Marine Etablissement ing Surabaya lan tumrap padamêlan mêsin mabur wontên ing papan anggêgana ing Marakrêmbangan. Lamining sinau 3 taun.

Bilih para maos sampun maos karangan punika, tamtu mangrêtos, bilih matrus punika warni-warni sangêt marginipun sagêd angsal padamêlan ingkang sakalangkung prayogi. Bokmanawi salah satunggal wontên ingkang anocogi kalihan raosing panggalih.

[Grafik]

Kapal pêrang Walandi Hertog Hendrik, bidhal saking den Helder dhatêng Curacao.

--- 936 ---

Bab Rajakaya

Lêmbu-lêmbu Piaran Kangge Nyaèkakên Lêmbu Piaranipun Tiyang Siti, ingkang dipun Pinangkani dening Nagari ('s Lands fokkerij')

Yèn panjênêngan panuju tindak dhatêng dhusun-dhusun têmtu priksa lêmbu jalêran (pamacêk) utawi lêmbu bibitan (èstri) ingkang ulêsipun pêthak. Dhusun ingkang gadhah piyaran lêmbu makatên punika tăndha marsudi saening lêmbu-lêmbunipun. Lêmbu-lêmbu wau punika bangsaning lêmbu bênggala, ing suwau asli saking Madras, tanah Hindhustan, băngsa Walandi amastani Ongole. Ananging bilih panjênêngan andhangu dhatêng ingkang ngingah utawi dhatêng kapala dhusun ngriku aturipun saking Pangarasan. Wangsulan wau lêrês, jêr lêmbu-lêmbu wau lakar nampi saking Pangarasan (Brêbês), pramila kêsuwuripun dhatêng sanès panggenan, Pangarasan punika fokkerij (panggenan nangkarakên lêmbu kangge bibit) namung sajatosipun dede. Ing ngriku pancên wontên lêmbu pintên-pintên atus, nanging sadaya wau kintunan saking Sumba lan Sumbawa, dipun kandhangakên wontên ngriku, dipun sukani panggenan wiyar sangêt, dipun lêlithing supados tutut. Manawi sampun wanuh hawa ing ngriku, dados cêkakipun sampun lantih hawa tanah Jawi, lajêng kakintunakên dhatêng sanès panggenan ingkang sami nyuwun, dene wragat katanggêl dening nagari. Dados yèn makatên Pangarasan wau sajatosipun namung kangge andhokan lan namung ambagi dhatêng pundi-pundi. Pramila ing cara Walandi kawastanan doorgangstation. Wontênipun katindakakên makatên wau pikajêngipun murih tumuntêna sagêd ngintuni panyuwunan saking sanès-sanès nagari. Yèn kajujugakên saking Sumba utawi Sumbawa kathah pakèwêdipun, jalaran lêmbu-lêmbu wau taksih kêsit-kêsit sangêt, dèrèng kawanuhakên hawa ing sanès panggenan lan sanès-sanèsipun, punika kirang prayogi kadadosanipun, gampil kacandhak ing sêsakit ingkang dados lan tiwasipun. Bab punika sampun asring kadadosan, kupiyanipun nalika nagari taksih minangkani saking Hindhustan, pintên ingkang sami pêjah, punika sadaya dados kapitunan, asring dados cuwaning manahing têtiyang ingkang sami ngajêng-ajêng, dèrèng ngundhuh wohipun sampun kapalang, jugag dening kapêjahan bibitan (pawitan). Bab ingkang makatên wau sampun têmtu dados panggalihaning nagari. Sapunika ngupados rekadaya supados dados pamarêm lan kaindhakan. Ewasamantên karsaning nagari inggih klêrêsan, inggih punika manggih papan ingkang sae kangge minangkani, wontên ing Sumba lan Sumbawa, punika talatahipun sami kalihan ing Madras, pramila lêmbu-lêmbu ingkang dipun tangkarakên măngka bibitan tuwuhipun botên beda ingkang asli, awit ingkang makatên lajêng karan lêmbu Onggolê Sumba, (Soemba-Ongole), dipun paringakên dhatêng dhusun-dhusun ingkang sami marsudi ajênging pamiyaran lêmbu klayan rêgi f 125.-, măngka ing suwau, nalika dipun pinangkani saking tanah Hindhustan rêginipun dumugi tanah Jawi kirang langkung f 600.-. ing sapunikanipun [sapu...]

--- 937 ---

[...nikanipun] panyuwunan botên rêndhêt kados ingkang sampun-sampun, jalaran anggènipun minangkani cêkap saking Pangarasan kemawon kados ingkang sampun kula pratelakakên ing nginggil.

Mênggah pranatanipun wontên ing Sumba lan Sumbawa kirang langkungipun makatên: nagari maringi lêmbu èstri 10 lan lêmbu jalêran ingkang asli 1, punika kawastanan sapăntha (koppel) kagadhuhakên dhatêng tiyang siti ing ngriku, ing sabên lêmbu satunggal kêdah pasok pêdhèt 6 dados ingkang nampi koppel kêdah pasok pêdhèt 60 samăngsa sampun kalampahan makatên, lêmbu 1 koppêl wau kaparingakên dhatêng ingkang anggadhuh kenging kadarbe. Yèn têksih manak, pêdhèt kenging katur dhatêng nagari, lajêng dipun paringi rêrêgènipun. Pranatan ingkang sampun kêlampah wau ngantos sapriki tumindak sae, katăndha sampun pintên èwu lêmbu-lêmbu ingkang kakintun dhatêng Pangarasan, prêlu kangge pamacêk lan bibitan ingkang kawradinakên dhatêng pundi-pundi.

[Grafik]

Lêmbu-lêmbu pranaan Ongole.

Lêmbu bênggala ingkang dipun dèkèk ing Indhia ngriki wontên kalih warni, inggih punika Ongole lan Hissar. Ulêsipun mèh sami, namung Hissar kupingipun wiyar lan panjang.

Dumugi samantên atur kula, pramila kula sagêd ngandharakên jalaran kula ingkang kapatah mangagêngi ing Pangarasan wau, wasana sampun kirang pangaksama.

Sumadi. Pangarasan (Brêbês)

--- 938 ---

Bab Têtanêman

Wijèn

Wijèn punika golong bangsaning palawija, panunggilipun: jagung, canthèl, juwawut, kacang, kadhêle tuwin sanèsipun. Sadaya tiyang tamtu ugi sampun sami uninga. Ananging tumrap ing padunungan kula, tanêman satunggal punika katawisipun ragi kêkiwa, tandhanipun kănca tani kapetang awis sangêt ingkang purun nanêm. Wontên ugi ingkang nanêm ing padhusunan, ing ngriku katingalipun namung kadamêl sambèn kemawon, ingkang makatên punika punapa sababipun, kula botên sagêd nyêthakakên, pramila sapunika mênggahing pandugi kados prêlu ugi bab punika karêmbag wontên ing udyana Kajawèn ngriki, pamrihipun sagêda manjing dados pêpèngêt sawatawis tumrap para mitra among tani. Awit sanadyan wijèn wau nama barang sapele, ananging manawi pananêmipun ragi dipun santosani, niyat kadamêl wiyar, tamtunipun inggih sagêd ngêdalakên asil kathah, botên beda kalihan nanêm sanèsipun băngsa palawija.

Kados ingkang kula aturakên ing nginggil, wontên kănca tani sawatawis ingkang purun nanêm, nanging namung sambèn, punika katitik saking kawontênan ingkang kula sumêrêpi ing padhusunan, pananêmipun namung urut pinggir pagagèn utawi pinggir dhadhah, sampun tamtu kemawon angsal-angsalanipun botên sapintêna, botên cucuk kalihan ngrêkaosipun ngrimati. Kosok-wangsulipun: yèn pancèn dipun niyati saèstu, tamtunipun inggih sagêd lumayan, awit punika kenging katitik saking rêgi toko, tumrap ing padunungan kula wose wijèn sakatos rêgi f 0.12 dumugi f 0.20. cobi punapa botên kalêbêt awis. Măngka ing dalêm têgil sabau limrahipun cêkap namung ngangge wiji 3 katos. Mila yèn dipun manah makatên wragat panumbasing wiji botên kathah têlasipun.

Amargi saking punika mugi kauningana, yèn tiyang nanêm wijèn punika botên ngêmungakên kangge pasrèning patêgilan kemawon, prayoginipun mawi gadhaha pangangkah sagêda mikantuki. Mênggah caranipun nanêm wijèn makatên:

Pangolahing siti botên beda kalihan badhe nanêm gaga, pinuju ing wiwitaning măngsa rêndhêng, sampun tamtu kemawon siti wau nêdha ingkang mawug, tur waradin, lajêng dipun larik, panguluring wiji cêkap garingan kemawon, murih botên kêkathahên anggèning ngicir-icir, wiji wau kacaruba wêdhi, dados benjing tuwuhipun botên kêkombolên, awis kêrêping larikan kangge sakaki inggih sampun cêkap. Manawi sampun ngumur sawulan, prayogi dipun dhangir. Watawis umur 3 wulan katawis miwiti sêkar, kalih minggu êngkas nuntên dados pêntil. Wijèn umur samantên punika ngadat sok gawat amanipun, inggih punika ulêr, sami nêdhani godhong, sêkar, punapadene uwohipun, mila saangsal-angsal inggih kajagia sakacêpêngipun, [sakacêpêngi...]

--- 939 ---

[...pun,] dene sêpuhipun watawis umur 5½-6 wulan laminipun saking pananêm, punika sampun mangsanipun kaundhuh.

Mênggahing pangundhuh cêkap namung dipun êrit, lajêng dipun bêntèli, kausung dhatêng griya, kaêbyukakên ing latar, dipun lèmèki kepang tipis utawi lampit, yèn sampun garing dipun gêblogi (gêpuki) mawi papah kalapa utawi kajêng, wosenipun sami rêntah, wit saha kulitipun kadamêl kajêng. Ing ngriku rèhning wose wau dèrèng rêsik saèstu, mila kêdah dipun tapèni, supados pisah rêrêgêdipun tuwin godhongipun ingkang sami ajur katut kêgêbag.

Sapunika sampun dados wijèn wose, manawi sampun garing sayêktos, kenging kauncalakên dhatêng sintên ingkang bêtah, tamtu pêpajênganipun nyumbuti. Sukur manawi sagêd mipit piyambak, kadamêl lisah wijèn, ampasipun inggih taksih pajêng kasade, amargi kathah ingkang doyan, naminipun: cabuk.

Wontênipun ing padunungan kula, wijèn wau ingkang namung saking toko, wêdalan sanès nagari, kapigunakakên kangge momoraning têtêdhan ingkang nama ondhe-ondhe utawi kêciput, punapadene roti maha. Wondene wijèn punika wontên warni kalih, inggih punika wijèn kêbo lan wijèn sapi. Titikanipun: wijèn kêbo punika ingkang witipun pasagi saha kulitaning las-lasanipun cêmêng. Dene wijèn sapi: witipun ragi gilig, godhongipun ciyut, las-lasanipun awarni pêthak, sawênèh wontên ingkang jêne utawi abrit.

Wusana sanajana têtela ing padunungan kula wau botên majêng ingatasipun tiyang nanêm wijèn, ananging kula kapêksa sumagêd angandharakên bab punika, namung ngênggèni wêwaton saking sanès padunungan ingkang sampun kula sipati. Wusana nyumanggakakên.

Nirasa. Tumpang-Malang.

Jagading Wanita

Wara Susila

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59.

Anggènipun sagêd mungêl, wong tuwa kuwi rak mung kanggo lantaran dumadi bae. O, tiyang maos punika botên gampil nun, lêbêting suraos botên kagalih.

Ingkang dipun takèkakên, punika sadèrèngipun kita dumadi, punika wontên pundi dunungipun.

Sagêdipun kita dumadi, punika sarana mawi lantaran, lantaraning dumadi, inggih bapa babu kita, amila kêdah èngêt dhatêng lantaranipun wau, lêpat sangêt manawi kita botên angèngêti lantaranipun.

Dene Wara Sumbadra anggèning kinasih ing dewa,

--- 940 ---

[Grafik]

Lampahan Srikandhi Maguru Manah.

--- 941 ---

jalaran sagêd anglampahi, kasêtyan kalêgawan, kategan, kapratelakakên makatên:

yèn kongsia luhe tibèng siti | pan sakala karya gara-gara | dewa ing Kaendran gègèr | hapsari kèh tumurun | mung emane mijil pawèstri | santosaning tyasira | luwih saking kakung | sêtya tuhu ing wacana | sinêmbadan lêgawa tega ing pati | tan kêna ginawe gampang ||[2]

Sapunika gêntos anyuraos bab Sêrat Srikanthi Maguru manah, bab pabênipun Wara Sumbadra lan Dananjaya. Sêkar Pangkur:

murup kadya binaranang | datan kêna ingampêt tyasirèki | miyarsa lingirèng kakung | dahat anglêsing driya | lir tinunjêl ing sela tinotog ngalu | pêdhês wêngis wuwusira | dhuh lae wong apa iki || ...

sumêngka angăngka-ăngka | nistha papa anyèthi mring wong sugih | nganiaya kakang prabu | têka sêsorah kadang | têmahane mung anganggêp raganingsun | bêbutuhan têtambêlan | aji wong narutus wêngi ||:

Punika sampun ewah, èngêt kula ingkang baku, aji wong anyundêl anjing.

Ingkang kula raosakên bab muringipun Wara Sumbadra, punika punapa sampun mungguh sangêt, ingatasipun Wara Sumbadra punika satunggiling wanodyendah tur putraning nata (têrahing ngaluhur) dene anggadhahi pangandika ingkang botên pantês sangêt tumanduk ing kakung, kang măngka dipun cariyosakên kinasihing jawata, têka ngantos tilar kasusilaning èstri.[3] Inggih lêrês mênggah alusing bêbudèn, saening kalakuan, punika botên manggèn wontên ing priyantun luhur, priyantun, tiyang pintêr kemawon, utawi kalakuan awon, punika botên manggèn ing tiyang bodho, alit, sudra papa kemawon, kabêkta saking ewah gingsiring lêlampahan.

Ananging manawi kula raosakên, rèhning sêrat kalih pisan punika, sampun sumêbar dados waosan umum, tumrapipun jaman samangke, kados sampun botên anjaman, pabênipun Wara Sumbadra lan Dananjaya. Punapa botên prayogi dipun ewahi pisan, amurih salaras kalihan jamanipun sapunika (kasusilaning èstri)[4] Awit manawi botên kaewahan, kalaras lan jamanipun sapunika, kados kirang prayogi, nama andhêdhêr wiji awon, ngrisak kasusilan. Tăndha yêktinipun botên usah kula aturakên, kados sampun sami anguningani piyambak. Sabên wontên pasulayaning tumindak, jalu wanita, lajêng nulad pabênipun Wara Sumbadra, kados ta: aja manèh aku, padu karo wong lanang ora anganggo têmbung kasar, lagi Dèwi Sumbadra [Sum...]

--- 942 ---

[...badra] bae, tur putraning ratu, ijih nganggo têmbung kasar.[5]

Ingkang makatên punika, manawi kalajêng-lajêng lajêng andadosakên kirang prayogi. Rèhning jaman sapunika sampun kathah para wanita ingkang pintêr maos. Dene anggènipun angewahi, kalaras kagathukakên kalihan jamanipun, punika kula sumanggakakên para sagêd.

Dene anggèn kula anggledhahi karanganing pujăngga, punika sampun kagalih nacad, punika babar pisan botên, èngêt manawi taksih mudha punggung. Amila manawi wontên lêpatipun kemawon kaparingana samodra pangaksama. Kagalih lan botênipun, kula sumăngga.

Pak Jaya.

Utusan Siyêm

[Grafik]

Para maos kados sampun kêrêp maos pakabaran ing Kajawèn ing bab badhe rawuhipun narendra ing Siyêm, awit pawartos wau sampun dangu. Ing sapunika sampun têtêp rawuhipun sang prabu wau wontên ing tanggal 5 Agustus, ngantos dumugi tanggal 3 Oktobêr ngajêng punika.

Sampun dados padatan, rawuhan nata agung punika ing sadèrèngipun tamtu sampun utusan rumiyin mranata ing bab panggenan-panggenan ingkang badhe dipun rawuhi.

Ing sisih punika gambaripun ingkang minulya Tuwan Phya Pradibaddha Bhubal utusan nata ing Siyêm, ingkang nata lampah-lampah badhe rawuhipun Sri Nata Siyêm. Utusan wau sampun nate dhatêng ing Indhia kaping kalih, ugi nindakakên padamêlan kados makatên.

--- 943 ---

Panglipur Manah

Sing Sapa Ngina Marang Sapêpadhaning Urip, Prasasat Ngina marang Pangeran

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59.

Botên antawis dangu anakipun mantu kêkalih sami dhatêng saha sami lêlinggihan sarêng-sarêng kalihan marasêpuhipun. Marasêpuh kêkalih lajêng sami nyawang dhatêng anak-anakipun mantu. Ingkang jalêr nyawang dhatêng mantunipun ingkang dados priyantun, ingkang èstri dhatêng pun santri. Pangunandikanipun marasêpuh jalêr: Dikapak-kapakna nèk priyayi kuwi kok mêsthi beda karo liya-liyane, sabarang gawene têmtu le ora nguciwani, linggiha iya dhèmês, solah tingkahe le luwês, nèk omong katon kèwês, dalasan ngumbar angin jêro bae iya katon pantês. Beda têmên karo si santri kuwi, le nyandhang ora pakra, lungguha iya timpuh, ora gandês saithik-ithika, wong lagi ngadhêp wong tuwa têka disambi calumak-calumik ngitungi jênitri. Mulane aku gumun bangêt ngrasakake êmbokne Marliyah kuwi, hla wong kaya ngono kathik diêpèk mantu.

Dene marasêpuhipun èstri ing batos wicantên makatên: rak iya mêngkono wong kuwi, dadi kêna diarani têmên-têmên anggone taat marang Pangeran, nang sandhang iya ora pati ngopèni, anggêre katon rêsik wis cukup, nyang ngêndi bae ora tau lali têsbèhe, kuwi ambuktèkake yèn sawanci-wanci tansah eling marang sing nitahake, mulane wong sing wis mêngkono kuwi, ora-orane iya wis mêsthi banjur diêdohi marang kabèh panggodhaning setan. Seje têmên karo mantuku priyayi kuwi, kiraku awakè sakojur dadi pondhokaning setan bae. Mangan nèk ora ana sing dadi doyanane, mripate iya banjur abang. Ingatase nang ngomah bae, le dandan kok iya dikayang mêngkono, upama gumantunga nyang aku, wis ora bakal wong kaya mêngkono bisa dadi mantuku. Anggone pêthenthèng-pêthènthèng kuwi aku ora sudi têmênan, kiraku nèk malangkah lawang sathithik bae, nang jaba rumasane isih jaka kumala-kala bae.

Sêsampunipun pun bapa marasêpuh lajêng wicantên dhatêng anakipun mantu kêkalih makatên: Gèr, aku arêp pitakon rong prakara marang kowe sak kloron, padha wangsulana, nanging kowe aja andakwa, yèn aku arêp anjajagi mungguhing kapintêranamu, kuwi ora pisan-pisan, aku mung kêpengin wêruh panêmumu ing bab-bab mau. Dene pitakonku kuwi mangkene: apa sababe, banyak kuwi suwarane: ngag-ngag sêru bangêt, barêng enthog suwarane kok mung: iyik-iyik lirih. Mara, Abdul Japar, kowe awèha wangsulan dhisik.

Mirêng pitakènipun bapa marasêpuh makatên wau, Abdul Japar enggal mangsuli: inggih pancèn sampun postha-pasthi.

Bapa marasêpuh ing batos mèsêm mirêng wangsulanipun [wangsulanipu...]

--- 944 ---

[...n] Duljapar wau saha lajêng angunandika makatên: iya mêngkono kuwi nèk santri, yèn diajak rêmbugan, ora kêna babar pisan, ditakoni apa-apa wangsulane nèk ora: sampun postha-pasthi, iya: pancèn sampun dados têkdiripun Ingkang Kuwaos.

Dene pun bok marasêpuh tansah ngungun mirêng wangsulanipun santri, ing batos wicantên makatên: E, e, e, têka samono gêdhening piandêle bocah kiyi marang sing Kuwasa. Tak pikir-pikir pancèn iya bênêr bangêt, apa anggarah manusa bisa ngowahi apa kang wus dititihake dening Pangeran. (Badhe kasambêtan)

Sêsêlan

[Kinanthi]

nyata rikêt plêsatipun | sasi măngsa miwah warsi | lakunya lir ayang-ayang | durung rampung tinaliti | pirang warsa kang katingal | anggêbyur sirna ngoncoti ||[6]

umuring jalma sadarum | apindha sirnaning warsi | lir rumput ing ara-ara | endahnya lir sêkar sami | tan langgêng ing kaanannya | sakêdhap nuli ngêmasi ||

enjing mu-rêmu ronipun | lan sêkar mompyor gănda mrik | nêngsêmkên kang samya mulat | nging têkane panas nuli | alum nglumpruk tanpa daya | sirna kabuncang ing angin ||

nèng donya aja katungkul | mung ibut ngupaya bukti | iku dudu urip tuknya | yèn boga tuking ngaurip | wong sugih tan manggih lena | si miskin bae kang lalis ||

paedahe băndha iku | mung kanggo ngrukti ngaurip | dene yèn uripe sirna | băndha tan bisa nyambungi | sida tiwas katiwasan | sabên tyang kang angrakêti ||

Tukiya.

Waosan Lare

Nagara Mirasa.

VII. Kêsèd Kalirên.

[Sinom]

lakune ana ing dalan | kanthi ngontog jroning ati | dene padha ora lumrah | kabèh wong sing diiloni | atine ora bêcik | ithik-ithik banjur nêpsu | yèn ngono dadi cêtha | ing bêcike uwong kuwi | yèn ditimbang kêtêmune mung sadhela ||

mangkono gone anggagas | Kêsèd nganti bola-bali | awak dhewe ora ngrasa | gaweane ora bêcik | mung pijêr angugêmi | ing bêcike dhewe iku | mula tansah rêkasa | pikirane

--- 945 ---

molak-malik | ora tau duwe rasa panarima ||

wise mlaku sawatara | kabênêr wis lingsir wêngi | gamêlan kêrungu cêtha | wong-wong liwat andalidir | ana sing arêp mulih | ana sing mlaku kêsusu | sêlak milu janggrungan | wis dandan pating bêthithit | ing lakune surak-surak turut dalan ||

Kêsèd atine karasa | lan nganti ambrêbês mili | kèlingan mênyang wong tuwa | uwis adoh ing saiki | upama arêp bali | ing ati rumasa ewuh | dene ninggal wong tuwa | lunga bathang bali mayit | ing têgêsa[7] ora mundhak apa-apa ||

măngka uwis dikêkudang | bisa dadi ratu sugih | jêbul mung kêtlarak-tlarak | pirabara nêmu bêcik | ora pisan mrangguli | malah mung olèh pakewuh | mula Kêsèd sangsaya | anggêrus rasaning ati | ora niyat tekade diundurana ||

awit dhèwèke rumasa | wong kapengin dadi gusti | lumuh kêrèh padha-padha | upama gêlêm nglakoni | mlorot drajade mêsthi | padha mung kaya wong mikul | mung amburu opahan | pathokan wêtênge isi | banjur aran bêburuh ing sabên dina ||

nanging ya rada sulaya | tekade sing ngono kuwi | jalaran saka kagawa | gone ora bêtah ngêlih | sabên krasa sathithik | awak andharêdhêg bingung | banjur ketokên pangan | yèn nganti kasèp macicil | mula nekad wani nêmpuh anggêr ana ||

samana wis bang-bang wetan | unine manuk srigunting | kaya-kaya ngelingêna | mênyang wong sing arêp lali | Kêsèd nuli mêmikir | karo alon-alon mlaku | ananging mung lon-lonan | nyawang rêmbulane lingsir | saya surêm kêsundhul padhanging awan ||

ing kono banjur kêgugah | mêtu tekade sathithik | êmung dhêdhewekan kăndha | ana rina ana wêngi | apa sing tak samari | yèn atiku nganti nglunthung | mung sabab saka pangan | lan yèn mung mangan sathithik | ora patut tak labuhi adol wirang ||

kaya sing wis aku jinja | yèn kèlingan aku isin | wirangku jalaran pangan | sajêrone muni kuwi | wêtênge muni klikik | dibarêngi dhèhèm sêru | ngucap angudubilah | ora kêna dirasani | dene dadak anyuwara awèh tăndha ||

Kêsèd lakune wis bablas | ora nganggo nolah-nolih | akèh uwong sing kêpapag | nganti padha angrasani | dene lakune kuwi | kaya satriya ing gunung | wis tanpa nyawang dalan | Kêsèd ora amraduli | awit niyat wis ambundêrake tekad ||

lakune tumuli têkan | pasar gêdhe ambênêri | nuju ing dina pasaran | wong ting kraèk padha muni | ana sing tawa jarik | ikêt kulambi lan sarung | Kêsèd mung slamêt liwat | ora nganggo amangsuli | malah ana anggarap kaduk sêmbrana ||

napa mung langkung mawon mas | sampun sugêng mawon inggih | ulate Kêsèd katara | ora kêduga ing ati | dene digarap wani | ing kono nuli kêpêthuk | wong butuh golèk rewang | marani Kêsèd lan nari | nanging Kêsèd lumuh bangêt nglakonana ||

nadyan nyatane klikikan | nanging batin tansah eling | iku pagawean nistha | ora mangan bok ya uwis | Kêsèd nuli mangsuli | kula dene kuli pikul | wonge bali akăndha | maklum ampun dados galih | Kêsèd ngrasa diajèni ing wong liya ||

lakune tumuli têkan | gon jajanan tharik-tharik |

--- 946 ---

kono Kêsèd ngrasa tobat | wêruh dodolan ting tlêning | sêgane putih-putih | sate dibakar kumrumyus | Kêsèd ing sanalika | nganti ngrasa arêp mati | kalukuking wêtêng nganti gawe jola ||

irunge kêlêbon gănda | mênyang wêtêng kaya ngiris | jalaran saka le nahan | Kêsèd banjur tutup kuping | êmung saka nglumuhi | ngrungokke sing padha nyêluk | lan uga tutup mata | kaya wong wêruh mêmêdi | wise liwat lagi bisa ngrasa lêga ||

luwar saka ing bêbaya | ananging priye saiki | kêsèd mung ngrasa pêt-pêtan | wêtênge kaya diuntir | andhrêdhêg untu gathik | sirah bangêt krasa ngêlu | wusana sanalika | Kêsèd banjur ora eling | anggaloso tiba ana pinggir dalan ||

nganti ana saprapat jam | Kêsèd lagi bisa eling | tujune ing dhèk samana | angambah dalan sing sêpi | wong ora amêruhi | gone Kêsèd ngono mau | sawise rada kuwat | nuli krengkang-krengkang tangi | golèk papan sing rada lindhuk akiwa ||

dhèk samana kabênêran | ana gubug ketok sêpi | Kêsèd banjur alon mapan | ambêgane kêmpis-kêmpis | ora suwe pêt lali | kabanjur nuli lês turu | saka bangêt rêkasa | dene gone ngono kuwi | satêmêne saka kalirên kêsêngka ||

kabanjur nganti sadina | Kêsèd ora bisa nglilir | malah nganti bêngi pisan | ora mobah ora mosik | prasasat uwis mati | mung kari kêtêg dhug dhug dhug | lan kêmpising ambêgan | wis bèn kanepaksa iki | diungkurke bêcike salin carita ||

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Sakatèn ing Ngayogya katingalipun badhe agêng, ngungkuli ingkang sampun-sampun, amargi salêbêtipun taun punika botên kasarêngan pêkên taunan, ugi badhe kawontênakên tèntunsêtèling. Sapunika sampun wiwit anggarap los-los Sakatenan.

Benjing tanggal 1 dumugi 11 Agustus punika, ing Sukabumi wontên Landbouwtentoonstelling, kajawi punika mitongtonakên sagawon, ulam loh tuwin kewan sanès-sanèsipun.

Kawartosakên, jalaran saking kathahipun tiyang ingkang katrajangjang[8] sêsakit pès ing Bandhung, gêmintê rad ing ngriku nyadhiyani arta f 350.000, prêlu kangge andandosi griya-griya ingkang dèrèng manut pranatan kados ingkang sampun tumindak.

Kawartosakên bêstiring P.N.I. apdhèling Pakalongan dipun timbali ing Tuwan Residhèn Pakalongan, dipun paringi sumêrêp, miturut katrangan-katrangan ingkang dipun uningani ing tuwan residhèn, kursus-kursus ingkang dipun adani dening P.N.I. ing ngriki punika dipun angge nindakakên pêrgêrakaning pakêmpalan bab botên mathuk kalihan parentah. Tuwan residhèn aparing dhawuh, supados sampun ngawontênakên pêrgêrakan ingkang kados makatên wau. Bilih bab wau botên kaèstokakên, tamtu badhe dipun wontênakên tindak angalang-ngalangi kursus P.N.I. wau. Bêstir mangsuli botên rumaos gadhah tindak makatên, ewadene tuwan residhèn angambali dhawuh makatên malih, bêstir lajêng kalilan wangsul.

Ing taun 1929 parentah amaringi subsidhi dhatêng pakêmpalam[9] Muhamadiyah kangge prêlu: sêkolahan ăngka II ing Ngayogya, tumrap balănja-balăja guru f 5152.50. tumbas prabot sêkolahan f 604.50 tuwin kangge ngupakara griya pamulangan f 112.52. Kangge prêluning sêkolahan ăngka II ing Lêmpuyangan, Karangkajèn tuwin Kuthagêdhe f 2975.50. kangge sêkolahan ing Suryadiningratan tuwin Langênastran, Ngayogya f 232.50.

Ing sapunika ing Ngayogya ugi dipun wontênakên tindak kêncêng tiyang èstri lampah awon lajêng dipun cêpêng. Ing sapunika têtiyang èstri ingkang gadhah lampah kados makatên wau kathah ingkang lajêng tumut tiyang sêsadean bikak wande.

--- 947 ---

Rancangan ingkang badhe dipun rawuhi Sri Nata Siyêm: tanggal 5 Agustus, enjing rawuh ing musium ing Batawi. Siyang mubêng-mubêng nitih oto. Dalu dipun wontênakên pista ing Pura Konêngsêplèin. Tanggal 6 sasampunipun mariksani paradhê rawuh ing pamulangan luhur dhoktêr C.B.Z. tuwin pabrik candu. Siyang dhatêng papan anggêgana K.N.I.L.M. nglampahakên mêsin mabur wontên sanginggilipun kitha Batawi. Sontên pista ing Concordia. Enjingipun bidhal dhatêng Bogor. Tanggal 8 mariksani kêbonraja. Tanggal 9 nitih oto dhatêng Cibadhak, mriksani Waterkrachtstation ing Cibadhak. Siyang dhahar wontên ing Wijnkoopsbaai. Tanggal 10 rawuh ing pabrik karèt ing Cipêtir. Enjingipun dhatêng Bandhung lêrêm ing hotèl Homann. Tanggal 12 mariksani pabrik kinah utawi dhatêng Dhago, ngunjuk tèh. Tanggal 13 mariksani kabudidayan kinah. Enjingipun mariksani kabudidayan kopi utawi tèh. Tanggal 15 mariksani kawah rêdi Tangkubanprau. Tanggal 16 dhatêng Malabar-radiostation. Tanggal 17 ngaso. Tanggal 18 bidhal dhatêng Garut lêrêm ing hotèl Papandhayan. Enjingipun tanggal 19 dhatêng Cipanas. Siyangipun dhatêng wadhuk ing Lèlès lan Bagêndhit. Tanggal 20 dhatêng kawah pamujan, siyang dhahar ing Radiumhotel. Tanggal 21 dhatêng pasisir kidul, siyang dhahar ing Strandhotel. Enjingipun mariksani kawah Papandhayan. Tanggal 23 ngaso. Tanggal 24 bidhal saking Garut dhatêng Wanasaba. Siyang dhahar ing Jatipring, dipun aturi dening miliyunèr Tiyonghwa. Tanggal 25 ngaso. Enjingipun rawuh ing Dhiyèng. Tanggal 27 ngaso. Tanggal 28 dhatêng Surakarta langkung Salatiga tuwin Bayalali, siyang dhahar wontên Salatiga ing griyanipun miliyunèr Tiyonghwa. Wontên ing Surakarta ngantos tanggal 1 Sèptèmbêr. Tanggal 1 Sèptèmbêr bidhal dhatêng Ngayogya, mampir Candhi Prambanan, nyare ing Grand Hotel. Wontên Ngayogya ngantos tanggal 5 Sèptèmbêr. Tanggal 5 dhatêng Barabudhur tuwin Mêndut, siyang wangsul dhatêng Ngayogya. Mirid programah Sêmarang botên dipun rawuhi.

Wontên pawartos, Tuwin Wiwaha Komis N.I.S. pursitêr up bêstir yong islami tên bon ing Ngayogya, tampi sêrat pitakenan sanès opisil saking salah satunggiling amtênar ing Batawi, punapa panjênênganipun purun dipun angkat dados lid polêksêrad ing taun ngajêng, awit ing taun ngajêng wau kathah wêwahan lid. Tuwin Wiwaha kawartosakên purun, nanging botên dados wêwakiling pakêmpalanipun, awit pakêmpalanipun wau botên gêgayutan politik.

Nalika tanggal kaping 21-7-'29 ing dhukuh Kwageyan, Krajan, Sugihan (Salatiga) wontên satunggiling tiyang gadhah damêl têtakan, wanci jam ½7 enjing ing ngriku wontên satunggiling lare kintên umur 18 taun, nami Buyin, andandosi patruman, badhe kadamêl uluk-uluk rèsipun ingkang têtak, nanging nalika sawêg dipun nali, dilalah mungêl, ngantos patruman wau pêcah, anatoni lare wau: wêtêng tatu wiyar ngantos mêdal ususipun. Tangan kiwa ingkang kangge nyêpêngi lantak, tatu biblak. Badan sakojur gêsêng kênging obat. Tiyang sêpuhipun sarêng sumêrêp, nuntên sêmaput, wontên tiyang kalih ingkang cakêt anggènipun ngênali ugi sêmaput. Lare ingkang nandhang tatu wau têrus kabêkta dhumathêng dhoktêran Salatiga, nanging kapurih nglajêngakên dhatêng Sêmarang, prakawis sawêg kapriksa. (K. No. 338).

Nalika tanggal kaping 17 wulan Juli 1929 pangadilan landrad ing Rêmbang andhawahakên karampungan dhatêng pasakitan, babah tuwin nyonyah Go Lam Jang, sudagar sugih ing Lasêm, kaukum kunjara a 1½ taun, jalaran pasakitan kalih-kalihipun anêrak anggêr-anggêr 333 buku ukum. Ing sapunikanipun babah tuwin nyonyah Go Lam Jang sami botên narimah dhatêng putusaning pangadilan, sarta lajêng sami apèl. (K. 621).

Sampun sawatawis dintên punika, băngsa Tiyonghwa lênggananing Electriciteit Mij Rembang ing Lasêm, sami mogok, botên dados lêngganan malih, malah ingkang sami taksih dados lênggananing maskape wau griyanipun sami dipun tir, pulisi ing Rêmbang lajêng anindakakên pajagèn dhatêng kitha lasêm. (K. 621).

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3854 ing Pulung. Inggih prayogi. Nanging... saèstu lho.

Lêngganan nomêr 2481 ing Mungkid. f 1.50 punika tumrap kuwartal sakawan, dados taun punika sampun lunas.

Lêngganan nomêr 984 ing Ambahrawa. Bausastra Walandi, Jawi, Bale Pustaka dèrèng ngêdalakên.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2742 ing Magêlang. Pamrêtaling waosan kados ingkang kasêbut ing sêrat panjênêngan punika manawi botên kanthi palilahipun ingkang ngêdalakên sêrat-sêrat utawi kalawarti, kalêbêt dados awisan. Sintên ingkang narajang awisan wau badhe kapatrapan paukuman. Bilih panjênêngan badhe mrêtal sêrat utawi buku-buku ingkang kawêdalakên dening Bale Pustaka, kêdah nyuwun palilah dhatêng pangagênging Bale Pustaka rumiyin. Prakawis nyukani palilah bab mrêtal wau sanadyan parentah pisan botên tumut gadhah wêwênang.

Ngaturi uninga, ing dintên punika Petruk botên mêdal. Mugi botên andadosakên cuwaning panggalih. Red.

--- 948 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

14

[Pangkur]

asih trêsnanirèng raka | anggung ngêmong tan pisan nyulayani | sri nata karênanipun | bêbêdhag maring wana | duk samana sri narendra ambêburu | dupi praptèng wanawasa | datan pisan amrangguli ||

pan amung uninga sarpa | sarpa èstri dahat endah ing warni | pulêtan lan sarpa kakung | kang kuciwa ing warna | sri narendra dahat tan rêna ing kalbu | tumuli anarik pêdhang | dèn sabêtkên angênèni ||

kang sarpa jalêr palastra | sarpa èstri nandhang tatu sakêdhik | kêsrèmpèt ing pêdhangipun | kang tan pisan jinarag | dyan lumayu datan katon nèng pandulu | nanging mênggah jatinira | awêwadul maring laki ||

kontul dèn unèkên dhandhang | ing sakala wêwadul anêdhasi | mangkana ing ucapipun | kula botên tarima | botên dosa badhe cinêpêng sang prabu | nanging kula sagêd oncat | sang aprabu anatoni ||

dene ta ing jatinira | punang sarpa nênggih sarpa narpati | duk miyarsa aturipun | yèku waduling garwa | nulya ngakak ngadêg kang pêthit gumêbrug | tutuk mênga mijil wisa | kalangkung ngajrih-ajrihi ||

dyan budhal nywara kumrasak | gumarubug dèn iring angin-angin | nêdya nyedani sang prabu | anjujug ing kadhatyan | lan sumusup sanalika santun wujud | tan pisan yèn kawistara | pan awarna sawêr kisi ||

kacarita sri narendra | duk samana laju bêbêdhag malih | lan wus dadya adatipun | sapraptanirèng pura | nulya lênggah lawan pramèswari rukun | sambènira cêcarita | lêlampahan kang kawuri ||

sawêr kisi duk samana | sumêlap nèng papan kang dahat rêmit | têtela dènira ngrungu | sabdanirèng narendra | datan wontên lêlampahan ingkang langkung | dalah duk mêjahi sarpa | sadaya ingurut titi ||

dupi nata arsa nendra | nata sarpa sakala malih warni | kadi sajatining wujud | iyèku nagaraja | nulya nabda sri nata ing jatosipun | ulun arsa lampah cidra | nyedani paduka gusti ||

kang jalaran kenging daya | wêwaduling èstri kang cidrèng laki | mangkya wus têtela lugu | lêpating swami amba | lah sumăngga kula ngaturi pisungsung | ngèlmi kang dahat piguna | mring tataning sato ngrêti ||

tanapi sawarnèng basa | kang kumêcap paduka tamtu bangkit | kang ngèlmi tinampèn sampun | sri narendra wus lêbda | nanging wontên anggêring awisanipun | datan kenging dèn wêdharna | mring liyan sanadyan rabi ||

yèn kongsi dèn tarajanga | sri narendra yêkti nêmahi lalis | wusing tamat nulya mundur | wau kang nagaraja | sanalika oncat saking ngarsa prabu | kanthi lêganing wardaya | wruh kang bênêr miwah sisip ||

amarêngi liya dina | sri narendra kondur saking wanadri | sarira karaos lêsu | nulya dhawuh mring garwa | amêtêki lawan ngopyok arum-arum | mrih sêgêr maring sarira | Sri Supatni nglêksanani ||

amèt rum-arum ing gêbyas | duk samana pan wontên coro kalih | jalu èstri samya kumpul | kang tansah dhêdhêlikan | analêsêp anèng kajang sirah prabu | kang coro èstri angucap | sêgêr sumyah awak mami ||

lah wong lanang bok ngupaya | bèn kêlêgan borehan lênga wangi | dene ta pratikêl ingsun | astane pramèswara | grêmêtana pangastane yêkti mrucut | yèn lêngane balabaran | sun borehan kang waradin ||

amangsuli coro priya | iku aja patrap mangkono kuwi | aran tindak datan patut | yèn kongsi kalakona | Sri Supadni kagèt yêkti datan wurung | dadi jalaraning gêrah | anèh têmên sira kuwi ||

lah ing ngriku sri narendra | agumujêng sabawanya nyêkikik | pramèswari alon matur | anggêgujêng punapa | dene datan wontên suwara rinungu | sri narendra asajarwa | awit saking coro kalih ||

lan malih nulya sajarwa | dènnya bangkit basèng sato sasami | saking ngèlmu dènnya antuk | ing ngriku pramèswara | kelut ing tyas ugi nyuwun arsa wêruh | sri narendra angandika | yayi iku datan kêni ||

awit mungguh jatinira | ngèlmu iku dahat dènira wêrit | saka piwêlinging guru | tan kêni winêdharna | maring liyan yèn sun têmah ingsun lampus | Sri Supadni duk miyarsa | dahat tan rêna ing galih ||

nulya umatur ing raka | yèn paduka tan arsa anjarwani | kawula milalu lampus | mangkana sri narendra | èmênging tyas ing wasana mèt pangimur | adhuh yayi kadiparan | yèn sira anglalu pati ||

awit yayi jatinira | ingsun yêkti dahat nandhang prihatin | sugêngingsun dadi ratu | tan bangkit tanpa garwa | yèn mangkono luhung sun anglalu lampus | tinimbang tan darbe sêtya | marang ing wêca sajati ||

marma ing sayogyanira | ywa kêburu sira rupak ing galih | pikirên ingkang pakantuk | sajroning pitung dina | dadi datan kêbacut kêparan tutuh | wis yayi yogya srantèkna | mrih têtêp têntrêm ing ati ||

wusing ngandika mangkana | sri narendra nulya ngêngimur galih | dhawuh mring wadya sadarum | mrih samya andrawina | salêbêting pitung dintên pitung dalu | aywa kongsi kêkirangan | samia asuka ngênting ||

sawusira kalampahan | sri narendra mêmpên lan pramèswari | nèng bale kambang kadhatun | dahat asri rinêngga | taru-taru tuwuh ijêm angrêmbuyung | tan kêndhat mawèh pirêna | ngêngimur rudahing galih || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


wiwitan. (kembali)
Lebih satu suku kata: tan kêna ginagampang. (kembali)
§ Kajêngipun bokmanawi namung anggambarakên gêmpunging manahipun tiyang èstri. Lan malih ingkang dipun awon-awon rak badanipun piyambak. Red. (kembali)
§ Bab ngewahi sêrat karanganipun tiyang sanès, punapa malih punika karanganing pujăngga, punika botên prayogi. Saupami patrap makatên punika kaanggêp gampil, ajining sêrat kina badhe ical babar pisan. Tăndha saksinipun, wontên sêrat-sêrat ingkang tunggil babon, pinanggihing turunanipun beda-beda, wusana sarêng ngudi tulènipun, sami kawêkèn, botên sagêd mastani pundi ingkang lêrês. kajêngipun ingkang ngewahi pados sae, malah damêl kapitunan. Makatên mênggah caranipun ngajèni sêrat kina. Red. (kembali)
§ Manawi Dèwi Wara Sumbadra awon, saya malih tumrap ingkang nulad botêna saya awon, mila têtuladan punika kêdah pados ingkang sae. Red. (kembali)
ngoncati. (kembali)
têgêse. (kembali)
katrajang. (kembali)
pakêmpalan. (kembali)