Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-23, #311

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-23, #311. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-23, #311. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 85, 19 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 23 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1331] ---

Ăngka 85, 19 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 23 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasabinan ing Tasikmalaya

[Grafik]

Pasabinan ingkang sampun rampung ing damêl kados gambar ing nginggil punika, katingal anêngsêmakên.

--- 1332 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sêsakit edaning sagawon.

Tiyang ingkang sakit edaning sêgawon (lyssa) punika jalaran ingkang limrah saking kacakot sêgawon ingkang sakit edan. Kewan sanès kados ta: kucing, kêthèk, kapal, lêmbu sagêd ugi katularan manawi kacakot sêgawon edan wau, mila tiyang sagêd ugi kenging sêsakit punika, jalaran kacakot kewan ingkang kasêbut ing nginggil ingkang sakit edaning sêgawon. Idu tiyang utawi iluning kewan ingkang sakit wau mawa wisa ingkang para dhoktêr dèrèng nyumêrêpi sayêktos.

Tiyang ingkang katrajang utawi nandhang sêsakit punika wêkdal antawisipun wiji sêsakit lumêbêt ing badaning tiyang kacakot kalihan thukulipun sêsakit 6 dumugi 6 wulan ngantos sagêd sataun. Enggal danguning thukulipun sêsakit gumantung saki[1] panggenan ingkang kacakot sêgawon edan wau.

Manawi rai ingkang kacakot thukulipun sêsakit enggal sangêt, ingkang sampun kalampahan sampun botên kenging dipun jampèni, amargi saking bantêripun. Ingkang sakit sakawit kraos sakit ing panggenan ingkang dipun cakot sêgawon wau, sirah ngêlu badan suku lan tangan sami kraos cêkot-cêkot utawi cêkit-cêkit. Ingkang sangêt lan kraos botên sakeca punika manawi ngulu idu utawi toya lan sanès-sanèsipun karaos angèl lan sakit ing gorokan, ngantos idu botên sagêd kolu, lajêng mêdal daleweran utawi muruh wontên ing cangkêm, wasana ingkang sakit lajêng ajrih ningali toya, amargi kraos ngêlak sangêt, nanging manawi badhe ngombe utawi èngêt badhe ngombe kemawon sampun kraos sakit sangêt ing gorokan, mripat mlolo, gorokan sakit lan sêsêg lajêng badan sakojur kraos kakên, trataban. Kajawi punika ingkang sakit tansah gumêtêr nratab kagèt samăngsa mirêng punapa-punapa utawi ningali pêpadhang lan sanès-sanès ingkang andadosakên urat-urat kêncêng, wasana ingkang sakit pêjah wêkdal èngêtan taksih jêjêg.

Manawi lare ingkang katrajang, salêbêtipun 6-12 jam sampun ludhang, dene tumrap tiyang ingkang sampun ngumur, anggènipun ngraosakên sakitipun ngantos 2-5 dintên, wêkasanipun mêsthi pêjah.

Bêgja sangêt dene sapunika sampun wontên jampinipun: ingkang manggihakên inggih punika Tuwan Dr. Louis Pasteur (Fransch) ingkang misuwur sadonya, mila Instituut Pasteur ing Bandhung mêndhêt asmanipun pandamêlipun jampi wau makatên: truwèlu dipun suntik mawi wisa utawi wiji saking utêkipun sêgawon ingkang pêjah sakit edan, ing salêbêtipun saminggu truwèlu wau pêjah, sungsumipun truwèlu ing rongkong ingkang lajêng ngandhut wisa wau dipun [dipu...]

--- 1333 ---

[...n] garingakên sawatawis dintên, sungsum ingkang sampun garing dipun jur ingkang alus sangêt lan dipun wori 0,9% zoutopl. Dados jampi, lajêng kenging kasuntikakên tiyang ingkang kacakot sêgawon edan wau. Salêbêtipun 14 dintên sabên dintên dipun suntik sapisan. Sungsum ingkang têlês punika kêras sangêt, ingkang ragi garing kirang kêrasipun , saya garing saya botên kêras.

[Grafik]

Swargi Tuwan Dr. Louis Pasteur.

Panyuntikipun sapisan mawi jampi ingkang botên kêras (ingkang garing sangêt) salajêngipun kêdah ngangge ingkang langkung kêras sabên dintên mindhak.

Pinanggihipun badaning tiyang ingkang dipun suntik, dangu-dangu sakitipun dados ènthèng, kadosdene tiyang dipun suntik cacar (mriksanana bab sêsakit cacar, panjagi lan panulakipun).

Wisa ingkang kasuntikakên wau sagêd anggugah dat-dat ing salêbêting badanipun tiyang ingkang dipun suntik, dat-dat wau lajêng sagêd nanggulangi wiji-wiji sêsakit ingkang sampun ngrêbda ing badanipun ingkang sakit. Sasampunipun dipun suntik rambah-rambah, dat-dat wêwah kiyat, sêsakitipun dados ènthèng, badan sagêd saras.

Mila tiyang ingkang kacakot sêgawon edan punika kêdah enggal kesah dhatêng Instituut Pasteur ing Bandhung, supados sagêd enggal dipun jampèni suntikan ingkang sampun kula pratelakakên ingn ngajêng. Manawi kasèp anggènipun jampèni, ingkang sakit botên ngukup, awit sajatosipun jampi suntikan wau tumanjanipun sasampunipun 14 dintên kajampèkakên (kasuntikakên).

Sêgawon ingkang nyakot wau sasagêd-sagêd kêdah kacêpêng gêsang, manawi botên sagêd inggih dipun pêjahi kemawon, lajêng kabêkta dhatêng dhoktêr kewan ingkang badhe mêndhêt utêgipun kakintun dhatêng Bandhung.

Dene nyêpêngipun sêgawon wau kêdah ingkang ngatos-atos, sampun ngantos sêgawon sagêd nyakot, mila ingkang limrah murih gampilipun sêgawon dipun pêjahi.

Sêgawon ingkang sakit punika jalaran saking katularan kacakot kancanipun sêgawon utawi kewan sanès ingkang sami bangsanipun (kucing, kêthèk lan sanès-sanèsipun) Incubatietijdperk-ipun 5-8 minggu sasampunipun dumugi mangsanipun, sêgawon katawis yèn sakit edan, malah sadèrèngipun katawis thukul sêsakitipun, idunipun sêgawon wau sampun ngandhut wisa. (Badhe kasambêtan)

--- 1334 ---

Kawruh Sawatawis

Nyundhukakên Pamanggih

Andharanipun sadhèrèk P. ing kalawarti Kajawèn 16 Oktobêr 1929 ăngka 83 bab Têgêsing basa mawi mêngku sandining sêmu, punika sarèhning agêgayutan kalihan kawruh marsudi basa, punapa malih miturut lampahing jaman, kula kêpêksa anaruwe. Dene panaruwe kula lair batos namung sumêdya nêtêpi kawajiban, ingkang wosipun angeman dhatêng risaking basa. Dados têbih nama ngêsorakên utawi niyat ngungkul-ungkuli dhatêng ingkang sampun kaparêng paring andharan (sadhèrèk P.) ingkang lugu ambèbèr sêsuluh wontên ing kalawarti Kajawèn punika.

Kauningana, nêgêsi basa ingkang mawi cara makatên wau, tumrap jaman samangke nama ngrisak utawi mrusa basa, têrangipun; basa ingkang sampun gêsang dipun wangun, dipun bêsut, dipun opèli malih, satêmah lajêng botên nama anggêgêsang utawi nyaèkakên basa, nanging malah kosok wangsul dados ambibrah basa. Kados ta:

I. Sadhèrèk sinarawèdi, dipun têgêsi: Sara = dêdamêl (wèdi botên (dèrèng) dipun têgêsi) = dipun angge dêdamêl ingkang linangkung. Salajêngipun.

Punika sanadyan anggèning nyèlèhakên pikajênganipun sampun sae, nanging dèrèng lêrês trap-trapanipun. Jumbuhing pikajênganipun têmbung, pancèn utawi prayoginipun kêdah makatên:

Sara = dêdamêl. wèdi = alus. Sinarawèdi = dipun damêli (murih) alus = dipun gosok.

Dados: sinarawèdi punika têgêsipun dipun gosok.

Upaminipun: gumêbyaring sêsotya - kalawan sinarawèdi. Putihing bêras - sarana sinosoh. Lan sapanunggilanipun.

Dene têmbung: sinarawèdi, bilih dipun trapakên dhatêng sadhèrèk, murih mathuk kalihan kawontênanipun kêdah dipun têgêsi:

Sara = pamalês, wèdi têmên. Dados pikajêngipun: sadhèrèk ingkang winalês (dipun srahi) ing têmên = sadhèrèk sêtya sami sêtyanipun. Pramila ingkang nama sadhèrèk sinarawèdi punika supêkêtipun anglangkungi sadhèrèk tunggil yayah rena, dening sampun tanpa subasita, bêbasan: dhuwur galêng - ngisor galêng.

II. Andaradasih = impèn ingkang kanyataan kalihan wahananipun. Têgêsipun: andara = aruhur = dhêdhuwuran = bandara = inggil-inggilan. Dasih: abdi = batur = sor-soran, salajêngipun.

Andaradasih, punika têmbung opèl-opèlan. Lêrês utawi kaprahipun: duradasih - doradasih. Têgêsipun: têrus.

III. Palakrama, têgêsipun: pala = uwoh. krama = sae...

Palakrama punika = parakrama. Têgêsipun :

--- 1335 ---

tatakrama. Wontênipun tiyang jêjodhoan dipun basakakên: palakrama, amargi nêtêpi tatakramaning tumuwuh.

VI.[2] Kopat-kapita kaya ula napak angin, kêkêjêra kaya manuk branjangan.

Bêbasan makatên punika sarèhning sampun jarwa, sabên tiyang kenging katamtokakên mangrêtosipun, dados kula botên prêlu cawe-cawe.

Wusana sangêt ing pangajêng-ajêng kula, mugi wontêna sarjana ingkang karsa andarmakakên pamanggihipun, ingatasing pangudi basa punika, kaparênga lajêng anglêrêsakên, kanthi wêwaton ingkang salajêngipun dados pathokan.

Pun T.

Panglipur Manah

Căndra

Mênggah ing sêrat waosan, ingkang dados golongan waosan tiyang sêpuh, punika limrah mawi ngawontênakên căndra, dene ingkang dipun căndra wau warni-warni, wontên ingkang nyăndra dhatêng warnining tiyang, wontên anyăndra adining sawangan, tuwin sanès-sanèsipun.

Kajênging căndra punika, prêlu kangge anggêsangakên raosing tiyang, murih sagêd karaos ing manah lan sagêd damêl saening punapa ingkang dipun cariyosakên, mila sêrat waosan ingkang tanpa căndra, lajêng araos cêmplang. Nanging manawi kêkathahên căndra malah sagêd damêl kêmba, dados prayoginipun damêl căndra wontên ing sêrat waosan, sampun kêrêp-kêrêp.

Ingkang pinanggih ing sêrat-sêrat kina, ingkang limrah sangêt dipun căndra punika tiyang, kados ta warnining putri, dipun garejah wiwit saking rambut ngantos dumugi suku, malah dumugi solahipun pisan. Bab punika saking kêrêpipun dipun ucapakên, sintên kemawon ingkang ahli maos sêrat tamtu mangrêtos. Upaminipun rikma mêmak ngendrawila wilis, sapanunggilanipun. Sasampunipun pêpak anggèning nacahakên, inggih punika anggèning nyăndra, lajêng gumêlêng dipun êtrapakên wontên têtiyanganipun manut ing tandang, manawi ruruh kados Sumbadra, manawi nglangak kados Srikandhi. Sanadyan dipun kosokwangsul, upami tiyang cariyos: wah, wujude satasat[3] Sumbadra. Punika tiyang inggih lajêng mangrêtos kemawon dhatêng wêwangunanipun tiyang êstri ingkang dipun cariyosakên wau. Têgêsipun têtiyanganipun alus, badanipun sarwa lurus, lampahipun kalêntrêng-kalêntrêng.

Candraning warni punika miturut ing sêrat-sêrat Jawi warni-warni, mênggahing panyăndra ingkang jangkêp:

Grana ngrungih, pindha kancana pinatar, punika mindhakakên saening irung, kadosdene kancana dipun patar, inggih punika kancana dipun kikir, awit kikiran mênggahing kancana, punika alus botên [botê...]

--- 1336 ---

[...n] nguciwani, dados tumraping irung wêwangunanipun inggih tanpa kuciwa.

Netra lindri, punika para maos sampun botên kêkilapan.

Alis mêlês ngalela, cêmêngipun cêtha.

[Grafik]

Botên ngêmungakên sulistyaning warninipun para wanodya kemawon, sanadyan wujuding lèpèn kados gambar ing nginggil ugi asring dipun căndra.

Kuping kados simbar rumêmbun, inggih punika kados thukulaning simbar.

Rikma mêmak ngêmbang bakung, punika mêndhêt atêgês ngandhan-andhanipun, dene cêmêngipun anjangês sêmu ijêm, nyambêrlilèn.

Athi-athi ngudhup turi, inggih punika kados sêkar turi ingkang dèrèng mêgar.

Sinom angron sumêmi, atêgês kados sêmining gêgodhongan.

Lambe mathis, punika lambe ingkang tangkêpipun sami, tiyang ngantos botên sagêd mada kandêl tipisipun.

Wadana (rai) pindha wulan. Punika wujuding rai mancorong, dados tumrap pakulitan jêne.

Bangkekane nawon kêmit, mênggik kados bangkekaning tawon kêmit.

Dariji mucuk ri, atêgês lancip.

Asta anggandhewa gadhing, punika tangan ingkang andhêngklang.

Cêkakipun căndra punika botên kirang, sadaya saranduning badan kenging dipun căndra, nanging ingkang sampun kêlimrah nyăndra punika namung mêndhêt kados ingkang sampun kêlimrah kawrat ing sêrat-sêrat, bokmanawi jalaran saking sampun kêlimrah tuwin dipun anggêp sae yêktos. Măngka manawi dipun manah, căndra punika botên kenging dipun têtêpakên, sapisan, jalaran mathuking sawangan tumrap satunggal-satunggaling [satunggal-sa...]

--- 1337 ---

[...tunggaling] tiyang punika beda-beda. Wontênipun makatên, amargi lugunipun căndra ingkang sae punika kajawi dumunung wontên tiyang ingkang dipun căndra, ugi kêdah nocogi kados kasênênganipun ingkang nyawang, dados tumrap satunggiling panyăndra, dèrèng tamtu anocogi dhatêng tiyang sanès, inggih lêrês candranipun sampun angêplêki, nanging kajêngipun rak kêdah damêl sêngsêm. Kaping kalih, sayêktosipun căndra punika sagêd ewah kalihan kawontênanipun kaanan, upaminipun bangkekan nawon kêmit, tumrapipun sapunika bokmanawi sampun awis wontênipun, amargi sampun botên anocogi kalihan jamanipun, awit mênggahing nawon kêmit, atêgês bangkenaipun tiyang ahli brata, măngka ing sapunika bratanipun para wanita pinanggih wontên ing pasinaon, kasarasanipun tiyang sinau kêdah sarwa santosa badanipun, inggih punika ngudi kêcêkaping têdha, mila badan prêlu kêdah kêngkêng akiyat. Wusana tumrap sêsawanganipun tiyang sanès ugi lajêng katut santun rêmên ingkang sarwa pupuk sambada, botênipun inggih badan ingkang sarwa isi, mila lajêng nuwuhakên santuning mathukipun panyăndra. Kaping tiganipun, căndra punika tumrapipun jaman sapunika sampun camboran kalihan mathuking sawangan ngamănca.

Dados mênggah mathukipun ing panyăndra prayogi ngawontênakên dhapukan enggal.

Jagading Wanita

Pakêmpalan Wanita ing Magêlang

Sayêktosipun kula ragi aras-arasên, ngandharakên kawontênanipun pakêmpalan wanita ing Magêlang punika. Sababipun botên punapaa, kajawi namung: bosên êmbahipun bosên, măngga para maos, panjênêngan galih, sampun pintên pakêmpalan wanita ingkang dipun êdêgakên wontên ing Magêlang, sabên-sabên inggih taksih dados swargi kemawon. Ingkang makatên punika punapa jalaran saking aliting kithanipun, punapa sabab saking dèrèng anjamani pamanggihipun tiyang mriku. Manawi saking aliting kithanipun, kados botên kirang kitha sanès-sanèsipun ingkang langkung alit, ewadene gêsangipun pakêmpalan wanita saklangkung subur. Manawi jalaran saking dèrèng anjamani pamanggihipun tiyang mriku, kok inggih mokal ingatasipun ing taun 1929 inggih punika jamanipun sadaya tiyang, jalêr punapadene priya, sami ngudi dhatêng kamajêngan.

Mênggah ing pamanggih kula, majêng munduripun băngsa wanita, utawi sagêd adêgipun pakêmpalan wanita, sabagian agêng gumantung saking priya. Têgêsipun: manawi para putri badhe ada-ada adamêl pakêmpalan, para kakung sampun tumuntên mada utawi mêmoyok, upaminipun makatên: la kae, barêng wis padha ngadêgake kumpulan,

--- 1338 ---

andina-dina namung padha grudag-grudug cêkakakan turut dalan, utawi: wong wadon padha ngêdêgake kumpulan kuwi, karêpe rak mung arêp pandhing-pandhingan panganggo, nèk wis têkan ngomah, banjur ngrasani: sêngkange dèn ayu anu kae bênêr gêdhe, ning mung intên lumrah, dudu barliyan, wiyah, Dèn Ngantên Jaya kae wong wis tuwa bae sêmang wiron nganggo jêpètan barang. Pangandikanipun para kakung ingkang makatên wau, têmtu sagêd adamêl kêmbanipun para wanita, ingkang anjalari kamunduraning pakêmpalan. Lho, kula botên mastani, bilih para kakung ing Magêlang sami kagungan panggalih utawi pangandika ingkang makatên punika, jêr kula nêksèni piyambak, kathahing padamêlan ingkang dipun sanggi, inggih padamêlan dhinês, ing panggenan tiyang bayèn, punapadene ing kamarbolah. Jalaran saking sadaya wau, têmtunipun para kakung inggih lajêng sami botên kobêr amanggalih barang ingkang botên-botên, ewasamantên wontênipun pkêmpalan wanita tansah adêg-adêg antêp.

Ing nginggil kula sampun ngaturakên, bilih majêng munduring wanita punika, saperangan agêng gumantung saking para kakung. Punika pancèn inggih lêrês, tandhanipun: manawi wanita bribik-bribik badhe majêng, upaminipun kemawon badhe adamêl pakêmpalan, punapa malih para kakung botên marêngakên, mada utawi amaoni, sanadyan amarêngakên, nanging sarêng ingkang putri kondur saking parêpatan, ulatipun ingkang raka sajak kados priyantun ingkang sawêg gêrah waja, ingkang putri inggih andadak lajêng kêmba kemawon. Amila panuwun kula dhatêng para kakung, krêsaa angagêm jamanipun, têgêsipun: samangke jamanipun sadaya sami ngudi dhatêng kamajêngan, amila manawi para putri kagungan sêdya badhe majêng, sokur bagi para kakung krêsa [krê...]

--- 1339 ---

[...sa] ambantu, botênipun bok inggih sampun ngèwêt-èwêti. Têntunipun wontên sawênèhing kakung ingkang ngandika makatên: sing ora ngrasakake iya ngono, hla apa mèmpêr, barêng bojoku mèlu kumpulan, aku banjur arang-arang diolah-olahake, mung kudu narima diliwêtake lan dijajakake pêcêl karo dhidhih bae, lho, manawi makatên tindakipun inggih klintu. Dupèh ingkang kakung amarêngakên, ingkang putri sampun kok lajêng nglirwakakên panyêpêngipun bale griya, punika naminipun lajêng botên anêtêpi kautamaning wanita.

Amangsuli rêmbag adêging pakêmpalan wanita ing Magêlang, kados ingkang sampun kula cariyosakên ing ngajêng, sampun rambah-rambah, nanging tansah botên kadadosan. Dèrèng dangu punika dening sawênèhing wanita ugi dipun adêgakên pakêmpalan malih, kanamakakên: Rukuning Wanita, gambaripun kados ingkang kacêtha ing suwalik nginggil punika. Mênggah sêdyanipun pakêmpalan botên ngêmungakên ambudidaya murih sagêd rukunipun para wanita, sarana kadhangkala ngawontênakên parêpatan ingkang kalal, dados dede parêpatan nyêkawanan utawi gangsalan, prêlu angrêmbag prakawis warni-warni ingkang migunani tumrap wanita, nanging ugi ngudi dhatêng sakathahing kagunan ingkang maedahi tumrap para wanita, kados ta: bordir, nyongkèt, nyulam, nênun, olah-olah lan sapiturutipun.

Botên langkung kula tansah amêmuji saking katêbihan, mugi-mugi adêging pakêmpalan wanita Magêlang ing sagêdhagan punika, sagêda widada lêstantun dumugia ingkang dados ancasing pakêmpalan, lan ing ngriki kula kapêksa ngaturi pêpèngêt sakêdhik, manawi pakêmpalan wanita ingkang dipun adêgakên samangke punika mêksa jêblog, sanadyan namung lirihan, badhe kula jiwiti wontên ing Kajawèn ngriki, samantên rumiyin atur kula.

Sumantriyah.

[Grafik]

Gambar ing sisih punika guru lan para murid normal sêkul ing Garut, nalika dhatêng Bale Pustaka, prêlu badhe nyumêrêpi padamêlaning kantor Bale Pustaka, saha lajêng sagêda migunani tumrap para murid-murid wau. Dene ingkang anampi punapadene ingkang nyulang-nyulangakên ing padamêlan punika Tuwan Brondgeest amtênar ahli basa ing Bale Pustaka.

--- 1340 ---

Waosan Lare

Kasugihaning Tiyang Cêthil (Cariyos Hindhu)

Karanganipun Sita Dèwi

II.

Sampun pintên-pintên taun anakipun èstri pun Satyabati botên wangsul dhatêng griyanipun. Sabên taun Dhinabandhu namung cucul arta kalih wêlas utawi kawan wêlas, Anah kangge numbasakên sinjang lurik utawi polèng, lajêng kakintunakên anakipun lantaran salah satunggaling lênggananipun kapilih ingkang mlarat, dados pangintênipun sagêd tanpa cucul wragad babarpisan. Sarana lampah makatên wau sabên taun sapisan Dhinabandhu sagêd mirêng pawartos saking anakipun, kajawi sataun sapisan punika Dhinabandhu sampun botên babarpisan ngèngêti bilih gadhah anak. Sarèhning ingkang ngopèni Satyabati wau sadhèrèking êmbokipun piyambak, mila Dhinabandhu manah botên prêlu nyukani arta nêdha utawi pondhokan. Ciptanipun, bokbilih damêl sêrik. Nalika Satyabati emah-emah, ingkang mangku damêl ugi pamanipun, tur kapinujon têmên, dene ing dintên ijabipun wau Dhinabandhu kalêrêsan ribêd ngurus satunggiling prakawis, mila botên sagêd dhatêng, măngka kintun arta utawi pasumbang sanèsipun kemawon inggih botên. Ing salajêngipun ngantos pintên-pintên taun pun Dhinabandhu lêstantun botên ngèngêti dhatêng anakipun babarpisan, dalasan anggènipun ngintuni sinjang sataun sapisan kemawon dipun kèndêli, arta namung kangge ngindhaki simpênanipun. Mila makatên, awit sinjang namung pangaos kalih wêlas, Anah punika kêtanggêlan utawi kirang pantês manawi kakintunakên dhatêng griyaning mantunipun, pantês-pantêsipun kêdah dipun kanthèni bêbingah sanèsipun sarta nyênyamikan ingkang lêgi-lêgi. Ananging Dhinabandhu sampun botên gadhah bojo ingkang sagêd ngrampungi prakawis makatên punika, mila inggih aluwung botên punapa-punapa babarpisan.

Griyanipun Dhinabandhu manawi kadulu nyêpêti paningal, banonipun sampun wiwit sami gêmpal, lepaning tembok sampun sami rontog watawis dangu, pasitèn ing kiwa têngênipun tuwin kêbon lan palataranipun sami anjêmbrung kêbak rumput tuwin rêrungkudan. Ing wanci dalu botên wontên tiyang ingkang purun ngambah panggenan wau, jalaran ajrih manawi midak sawêr utawi kêtonggèng. Namung Dhinabandhu botên ajrih, awit manawi dalu sampun kulina mubêng-mubêng kados tiyang ingkang katitahakên ing jaman pêtêng. Manawi ngangge colok tamtunipun kecalan wragad, mila trimah pêtêngan. Namung pojoking sênthong ingkang dipu[4] ênggèni kemawon ingkang dipun pasangi jlupak. Badhe kasambêtan.

--- 1341 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Rawuhipun Sang Nata ing Siyêm wontên ing Candhi Barabudhur

Candhakipun Kajawèn ăngka 84.

Petruk : We, hla, kêtanggor aku saikine, sida kêbobolan têmênan. Kiyi rak dina Rêbo, ora masane rama lan Kang Garèng têka mrene, jêbul-jêbul kae padha pating kêyundhuk têka. Tiwas duwe pitik dhere siji wis tak kon nyêmbêlèh kabèh. Rekane mono dina kiyi arêp ropyan-ropyan dhewe, nanging saikine sida nguthut bakal ora kumanan gêndhing utawa brutune têmênan. Hêm kok nyata pangandikane para sêpuh, yèn dhayoh kuwi sok anggawa rêjêki dhewe-dhewe, sanadyan rêjêkine mau lumrahe malah agawe karugiane sing didhayohi. E pulo-pulo wis pêsthine, mung pangarêp-arêpku, muga-muga Makne Kamprèt aja kumalancang ngêndhêg dhahar.

[Grafik]

Sêmar : Wah, aku kiyi nèk andêlêng nyang uripe Petruk, nang ati rumasa ayêm. Awit Petruk wis mêruhi, yèn nganggur kuwi dadi pakaning setan, mulane nèk nang omah, kaya sing tak wêruhi nalikane aku mlêbu mrene, iya ora kok banjur lèlèh-lèlèh utawa nganggur: gur, nanging iya maca ramalan warna-warna, nèk-nèke bae ya maca, ayat Kursi, surat Ikhlas, utawa Samandiyah lan sapadhane, dadi kajaba tansah ngèlingi marang kang nitahake, uga ngarah ganjaran.

Garèng : Hla, kuwi nèk Rama, yèn lagi dhêmên nyang uwong, kabèh tindak-tanduke iya dianggêp bêcik lan tansah dialêmbana bae. Ora pisan-pisan duwe panyana, yèn kalane rama karo aku mlêbu mau, lagi garundêlan sabab saka ora sênêng didhayohi.

--- 1342 ---

Sêmar : Ya kuwi nèk Garèng, pandakwane nyang uwong mung alane bae. Kêrêp bangêt aku nêksèni, nèk ana uwong dialêm ing liyan, Garèng iya banjur muni bae, iya, ning cacade sok gêlêm mêngkene... lho, kuwi karêpe rak sajak ora rila, nèk ana wong liya dialêm bêcik, ing kono banjur sajak ngatonake yèn awake dhewe kang bêcik, liyane ala kabèh. Mulane iya ora kêna dipaido yèn Garèng tansah disêngit ing ngakèh. Wis, wis, kok banjur ngrêmbug liya lan nglalèkake prêluku têka mrene. Ora Truk, kowe aja pisan dadi atimu, aku têka ing kene kabênêr dina Rêbo, sanyatane aku sêlak kêpengin ngrungu banjure caritamu bab rawuhe sang nata ing Siyêm ana ing Barabudhur. Mara, tumuli banjurna saiki.

[Grafik]

Sang Nata Siyêm wontên ing candhi Mêndut.

Petruk : Jam 9 esuk aku wis sadhiya kanthi nyangking bêkakas potrèt ana sangarêping candhi Mêndut. Awit sadurung-durunge aku wis krungu, yèn sing bakal dirawuhi Sang Nata ing Siyêm dhisik dhewe: candhi Mêndut. Kala samono ing kono wong-wong sing padha mrêlokake arêp nonton wis padha thirik kaya ambêng Suran.

Garèng : Wiyah, ana thirik kok kaya ambêng Suran, le ora mèmpêr, sêtun-sêtun thirik kuwi rak kaya tanduran kacang.

Petruk : O, lha seje, Rèng. Nèk thirik kaya tanduran kacang kuwi, sadurung-durunge rak bisa dicèkèr-cèkèri pitik, kang bisa dadi bubrahe. Balik thirike kaya ambêng Suran, kuwi bisane bubrah mung salêbare dikêpung. Mungguh karêpku, wong-wong sing arêp padha nonton mau, kala samono wis ditata thirik-thirik, ora kêna owah manèh, sadurunge sang nata jêngkar saka panggonan kono. Kira-kira jam 10 sang nata rawuh kanthi dipêngarêpi pulisi Walănda loro kang padha nunggang pit motor. Sarawuhe sang nata ing Mêndut, dipêthukake karo ingkang wêdana Munthilan sapriyayine, sarta banjur kadhèrèkake lumêbu ing candhi. Sanalika kono aku nyandhak bêkakasku potrèt sumêdya anggambar para luhur sing lagi rawuh mau, nganti rambah kaping pat, jêgrèg, jêgrèg, glothak. Sauwise aku banjur gêmbelang-gêmbèlèng anggêpe kaya tukang potrèt sing wis dhêklomah kae. Ning barêng gambar papat mau wis rampung, sing katon ana gambare sang nata ing Siyêm jêbul mung siji, gambar liyane jêbul gambare pramèswariku dhewe, alias makne Si Kamprèt.

Garèng : Hla wong kowe, Truk, Truk. Aku iki ora maido nèk ana wong lanang trêsna nyang sing wadon, nanging trêsnane mau bok aja nganti kêladuk, mundhak ambubrahake agama, [aga...]

--- 1343 ---

[...ma,] têgêse: nèk lagi lêlungan prêlu sing gêgandhengan karo pagaweane upamane, wusana sing wadon rada rèwèl, iya kalakon: jêmbuwal bali maning têmênan.

Sêmar : Wiyah, kok banjur nyandhak sing dudu-dudu. Wis, Truk banjurna caritamu.

Petruk : Saka candhi Mêndut, Sang Nata ing Siyêm banjur têdhak nang candhi Pawon lan sabanjure nyang candhi Barabudhur. Bab kabèh mau ora prêlu takcaritakake, awit ora ana gunane pisan-pisan, mung ana prakara siji manèh sing prêlu dakcaritakake, yaiku: barêng aku andêlêng kangelane kabèh priyayi pangrèh praja lan pulisi, ya Lăndaa ya Jawaa, kuwi aku banjur kèlingan kalane aku lêlungan nyang Bogor karo ipeku nunggang motor, kuwi sing ambayari motore lan sing mrêsèni supire iya ipeku kabèh, nanging sing katon brêgas utawa manèh sing dialêm sugih, jêbul awake aku kiyi. Sêmono uga para amtênar mau, aku ora ngarani yèn băngsa Jawa sing luwih akèh anggone anyambut gawe, aku mung arêp ngomongake sing katon lan sing kêtrima, nganti padha olèh bintang-bintang, jêbul mung bangsane: mênir-mênir bae.

Sêmar : Nèk aku malah ngarani bênêr bangêt, Truk, jalaran 1e nganggo bintanging liya nagara kuwi kudu ambayar, nèk aku ora kliru, f 50.- + f 1.50. 2e wong Jawa kuwi mokal bisane kasasar nyang Siyêm, seje karo băngsa Walănda, kuwi kadhangkala sok bali nyang nagarane, dadi bisa uga kalakon mampir nyang nagara Siyêm, nèk olèh ganjaran bintang Siyêm, kuwi dadine sathithik-sathithik iya ana gunane. Wis, wis bab kiyi aja kêdawa-dawa, dicuthêl samene bae.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Kala malêm Sabtu ingkang kapêngkêr, pulisi ing Wèltêprèdhên sampun anggledhah griyanipun băngsa Tionghwa nama: Tan Soen Lie ing pasar Sênèn, saha sagêd anyêpêng tiyang Tionghwa cacahipun 21, ingkang kala punika sawêg sami main kêrtu. Tiyang sadaya wau tumuntên badhe kaadhêpakên ing lanrohtêr, dene ingkang gadhah griya badhe kaadhêpakên dhatêng landrad, minăngka butamal ingkang sampun kabêslah pirantos main tuwin arta f 70,-.

Miturut pawartos, pulisi ing Wèltêprèdhên mèh sabên dalu nyêpêng têtiyang ingkang sami main capjiki. Ingkang nganèh-anèhi dene ing sawênèhipun pasar malêm, mainan capjiki wau têka dipun idini.

Ing Mistêr Kornèlis, pulisi sampun sagêd nyêpêng sagawon edan satunggal, ingkang sampun nyakot sagawon pintên-pintên. Têntunipun sagawon-sagawon ingkang dipun cakot wau, inggih sami lajêng edan sadaya.

Wăntên pawartos, ing dhepartêmèn ondêrwis, samangke sawêg karêmbag bab kawontênanipun pangajaran tumrap têtiyang pribumi badhe kapasrahakên dhatêng propinsi.

Dèrèng dangu punika pakêmpalan Budi Utama, kring Kaliori (Banyumas) ngêdêgakên pakêmpalan kridhit kopêrasi. Kangge sawatawis măngsa ngêmungakên warganing pakêmpalan Budi Utama, ingkang katampi mlêbêt dados lid. Sanadyan rêginipun satunggal, andhil namung f 2.50. Bandhanipun samangke kenging dipun wastani sampun lumayan. Pakêmpalan enggal wau dipun wastani: Băndha Lumaksa, lan pangrèhipun wontên tiga, inggih punika: pangarsa ngiras ardana: Tuwan [Tu...]

--- 1344 ---

[...wan] Muhamad Salèh, panitra: Tuwan Dikin, dene ingkang dados warga rumêksa: Tuwan Lajim.

Pamujining redhaksi Kajawèn, mugi-mugi pakêmpalan enggal punika sagêda widada lan lêstantun ngantos sagêd kadumugèn punapa ingkang dados sêdyanipun.

Wontên pawartos: tumrap pakaryan S.S. kanthi sêrat wara-wara samangke sampun katêmtokakên, bilih sadaya èksamên ingkang dipun wontênakên tumrap punggawanipun ingkang kagolong têngahan, badhe dipun icali babarpisan.

Kenging punapa têka namung tumrap punggawa têngahan. Tumrap punggawa andhap-andhap, punapa èksamênipun taksih dipun lêstantunakên. Awit sayêktosipun, tiyang sêpuh punika manawi dipun wajibakên kapurih sinau malih, ingkang kathah sampun aras-arasên.

Katêtêpakên dados: ajung lanbao konsulèn saha kapapanakên wontên ing propènsi Jawi Wetan. Tuwan-tuwan: Radèn Mas A.C. Kamsah tuwin Supadinata Adisartana, kalih-kalihipun samangke: aspiran, ajung lanbao konsulèn.

Atêtêpakên[5] dados opsihtêr boswèsên saha kabantokakên wontên ing pajatosan ing Juara, Tuwan-tuwan Suprapta lan Subrata. Kalih-kalihipun samangke sami aspiran opsihtêr.

Dhatêng para ingkang mêntas minggah pangkatipun wau, redhaksi ngaturakên slamêt bênum.

P.P.B.B. inggih punika pakêmpalanipun para priyantun pangrèh praja băngsa tiyang pribumi, kabaripun badhe ngawontênakên parêpatan prêlu badhe angrêmbag wontênipun hormat sirkulèr saking pamarentah.

P.P.B.B. badhe ambudidaya murih pranatan-pranatan ingkang awon wau enggal kaicalakên, makatên ugi badhe angrêmbag prakawis panganggèn dhinês tumrap priyantun-priyantun ingkang pangkat andhap.

Redhaksi kajawèn rumaos mantêp, mirêng ada-adanipun pakêmpalan P.P.B.B. ingkang makatên wau, awit redhaksi yakin, manawi ing têmbe golongan pangrèh praja têmtu badhe mindhak drajatipun.

Satunggiling milyunèr (tiyang sugih) băngsa amerikah, ingkang samangke sawêg ngumbara wontên ing kitha Londhên (Inggris) badhe cukur nanging sajakipuin botên purun dipun cukur dening tukang cukur băngsa Inggris, amila lajêng nilgram dhatêng tukang cukuripun piyambak ingkang gêgriya wontên ing Yuyorêk (Amerikah) wragading lampah dipun sagahi, gunggungipun sadaya wontên f 2500.-.

Makatên tindakipun tiyang ingkang kêsugihên. Amila ing ngriki botên kenging dipun paibên, dene pun Petruk, wongsal-wangsul dipun taros kapurih dhatêng nagari Walandi, tansah mogok kemawon, awit kulinanipun nêdha sêkul pêcêl, manawi wontên ing nagari Walandi, omongipun mindhak tansah bêstèl sêkul pêcêl saking tanah Jawi kemawon.

Wontên pawartos saking pangagênging pakaryan Pos "Bedrijf der Posterijen" bilih benjing tumapakipun wulan Januari 1930 botên anganggèkakên blangko pos wisêl modhèl agêng tumrap ing saindênging Indhia, makatên ugi tumrap sajawining Indhia.

Ingkang punika wiwit salêbêtipun wulan Januari 1930 ngajêng punika sintên ingkang gadhah blangko pos wisêl modhèl agêng wau, kenging anglintokakên dhatêng sadaya kantor pos tuwin kantor pos pitulungan, murih sagêdipun angsal blangko ingkang modhèl alit.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 76 sarta 1320 ing Sala. f 3.- sampun katampi. Nuwun.

Agèn nomêr 698 ing Cilongok. Rèhning yatra sampun kalajêng lumêbêt ing buku, dados tumrap kuwartal punika ingkang gratis inggih ingkang enggal. Taun ngajêng nyumanggakakên.

Lêngganan nomêr 3705 ing Sidayu (Gombong), tanggal 1 Januari 1930 panjênêngan sawêg kula wêdalakên saking lêngganan, krana kwartal 4 punika sampun panjênêngan bayar lunas.

Lêngganan nomêr 1819 ing Pulung (Panaraga), kula aturi mundhut priksa dhatêng: Redhaktur Waratamtama p/a. R. Said, Magêlang.

Lêngganan nomêr 1679 ing Madiun. Rêndhêt sangêt anggèn panjênêngan paring wisêl, andaddosakên cuwaning manah kula dene botên sagêd ngaturi Kajawèn jangkêp. f 2.50 kula tanjakakên makatên: f 0.50 bayaran tunggakan Ogustus f 1.- malih kangge Nupèmbêr sarta Dhesèmbêr, saha ingkang f 1.- malih kangge Januari tuwin Pèbruari 1930, dados: Sèptèmbêr, Oktobêr punika, botên kapetang lêngganan.

Wara-wara

Para priyantun lêngganan enggal, ingkang botên nampi Kajawèn nomêr 79-80 saha 81, mugi kêparêngana maos pawartos saking administrasi, kawrat ing Kajawèn nomêr 82 kaca 1296.

--- 1345 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhammat Dohiri

1. Adipati Pathi dhatêng rêdi Patiayam, kapanggih kalihan Baronsêkèbêr.

Sinom

mêmungu tyas tumaruna | ambabar sinawung gêndhing | mat ngrêmite tan rinasa | dora tuna kinarya dir | ingènjêpan sasami | rinarèmèh de tan mungguh | suprandene pinêksa | suking tyas tan paja kêndhih | andalurung ambêrung pêksa anggita ||

ambak ambing mung gumisa | lalawora tanpa ngrêti | gayuhe bae kangelan | rêkasa nora mutusi | dhèndhèng dhandhung tan isi | niba tangi solahipun | saking kasaput ima | ranggèhe mring lagu Jawi | têmah ngajab ingowahana sadhengah ||

mat nikmate kang ginita | carita duk nguni-uni | saking gotèking ngakathah | dongènge para winasis | yèku carita nguni | Sirwenda lan arinipun | Danurwenda samana alame ingkang dipati | ing nagari Pasantênan Dyan Pragola ||

dongèng kang winahyèng kata | rèhning sru nênarik ati | marma mangkya rinumpaka | tinatata rinarakit | pamrihe kang supadi | dadia pangemut-emut | ya ta ingkang kinăndha | duk nguni ana sawiji | băngsa sabrang anjajah mring tanah Jawa ||

ingaranan duk samana | Baron Sêkèbêr winarni | tan cinatur dènnya mlana | kocap tumêka ing ardi | Patiayam dèn broki | ing kono kinarya dhukuh | amêsu tata-tata | kang pinêlêng jroning kapti | kapengin wruh kaprawiraning wong Jawa ||

riwusing lama kawarna | kocapa Risang Dipati | Pragola ing Pasantênan | anuju sajuga ari | tindak arsa têtuwi | mring asramaning ki guru | kang mêsu tapa brata | ing pratapan pulo Upih | yèku mangkya wartane ing Mandhalika ||

guru misuwur waskitha | marang kang nêdhêng ginaib | tan samar don kadadean | kasidan kang dèn parsudi | mangkana sang dipati | pulo Upih sampun rawuh | nulya sinung pambagya | binêkta lênggah mring panti | angandika sang pandhita manambrama ||

rumaos anggèr kawula | rawuh paduka ing ngriki | sasat pradapa mangarang | kasiraman dening warih | têmah samya ngalilir | saking bingahing tyas ulun | sang dipati kataman | panggunggung rikuh ing galih | dadya merang tumungkul angapurancang ||

bantêring panuwun amba | mamrih paduka mariki | satêmah sagêd katrima | sang dipati matur aris | bapa sêsêpuh mami | dhasar sampun lami ulun | botên amarak sowan | ing ngarsa paduka yogi | têka kangên datan kêni sinayutan ||

tuwin manah kula tansah | kumêdah-kêdah mariki | kabêkta raosing manah | botên sakeca sang yogi | nanging amba datan wrin | punapa darunanipun | sang wiku latah-latah | layak anggèr rawuh mriki | katujune botên ngantos kalayatan ||

inggih lêrês dhawuh tuwan | awit pancèn wontên klilip | sang dipati duk miyarsa | ngandikanira sang yogi | anaratab ing galih | pindha tinêbak mong luput | marma matur ngrêrêpa | dhuh bapa kula sayêkti | mugi sampun katanggêlan paring pirsa ||

supados manah kawula | cumêplong matêmah bangkit | mangikêt manganam-anam | mamrih basuki pinanggih | mangkana sang maharsi | pangandikanira arum | dhuh anggèr suta amba | pun bapa atur udani | bokmanawi têmbe wontên gara-gara ||

sukmanira wus anglayang | midêr-midêr tanah Jawi | pratăndha lamun prawira | datan kêna ginagampil | mangke pan wus dumugi | Patiayam adhêdhukuh | manggèn nglêbêting guwa | kang kèsthi sajroning kapti | yun uninga kaprawiraning wong Jawa ||

anduga lamun kawawa | angrêgêm ing tanah Jawi | marma anggèr kang prayitna | sampun ngeca-eca kaki | katungkul ulah mukti | têmah wajibe kalimput | mangrêksa amranata | mring kawula gêdhe cilik | pinuriha tata têntrême nagara ||

sapintên ta muktinira | nèng ngalam donya puniki | dene ta botên satimbang | kalawan timbangan benjing | mendah ucape wingking | tansah tinêtah nak putu | mula-mula si bapa | mukti wibawa dhèwèki | tan mrêduli arjaning nak putunira ||

lali kalap kawibawan | têmahanira kasimpir | arjaning kang ari benjang | anggêr dhèwèke bae wis | mulya wibawa mukti | dhuh anggèr sampun kêbacut | sumăngga kagaliha | arjaning kanang nagari | binudia tata têntrêm lan raharja ||

tinêtahakên paduka | ujêr paduka samangkin | upamine kanang wrêksa | gung inggil rêkah ngayomi | mring para kawula lit | dimène antuk pangeyub | ayêma ingkang manah | kayoman paduka sami | pan makatên wajibing mêngku nagara ||

gêgaran bêk palamarta | asih lair manrus batin | marang kang para kawula | dhawahing patrap kang adil | ywa kongsi bènèh kasih | têmah bangkit karya rêtu | orêg gègèring praja | numusi karya pêpati | lah punika anggèr dèn kawikanana ||

sang dipati duk miyarsa | dahat kapranan ing galih | dhawuhe sang pinandhita | tumungkul asêmu ajrih | sang wiku lingira ris | dhuh anggèr sayoginipun | sumăngga lah kondura | poma pun bapa mêmêling | dipun sagêd ngasta pusaraning praja ||

mangkana sang adipatya | kondur mring prajanira glis | tansah ginagas kewala | dhawuhnya sang maha yogi | ginagas angranuhi | rinarasa mawèh trênyuh | saking bramantyèng driya | karsa manyandi mring wukir | Patiayam mariksa sajroning guwa ||

--- 1346 ---

tan winarna tindakira | ing Patiayam wus prapti | taliti dènnya mariksa | jro guwa dipun ulati | datan lama kapanggih | anulya tinanya arum | teja-teja lêksana | ki sanak kang nêmbe panggih | miwah wuri ing ngêndi pinangkanira ||

kang tinanya saurira | ki sanak wruhanta mami | Baron Sêkèbêr sinambat | asal saking Atasangin | lêlana jajah nagri | kadêrêng ardaning kalbu | têka kêpengin miyat | arjane kang tanah Jawi | Sag Pragola alon dènira ngandika ||

ki sanak paran karsanta | yun uninga tanah Jawi | tata arjane kang praja | têka manggon ing asêpi | tangèh bisa udani | yèn arsa wruh lêrêsipun | dumununga nèng kitha | lan manèhe sira mangkin | sun arani gumampang anggarap gampang ||

ngancik laladaning liyan | têka tan anyuwun idin | marang kang darbe nagara | puniku kalangkung sisip | mendah lamun udani | mring kang darbe nagri tamtu | tan wurung lamun sira | kasiku kêna ing sarik | bagya lamun namung rinante kewala ||

mênèk dinakwa ki sanak | manamur lumaku sandi | saking ayahaning mêngsah | sayêkti tumêkèng pati | dening ukuming nagri | mati rinajah sinapu | Baron Sêkèbêr myarsa | ucape kang laku sandi | pan sakala kabranang sajroning nala ||

sumaur asêmu sugal | santak sarwi amacicil | lah sira prêduli apa | anganggu gawe mring mami | nadyan wêruha ugi | mring kang darbe praja ingsun | măngsa dadak wêdia | pira budine wong siji | yêkti tangèh amadhanana maringwang ||

pan ingsun gêdhe prakosa | lumrahe wong Jawa cilik | măngsa găndraa sapira | sanadyan tunggule ugi | yêkti sor dening mami | Sang Pragola manabda rum | lah ki sanak elinga | ywa nyapèlèkkên sasami | giri lusi janma tan kêna ingina ||

mêne sun asung wêwarta | wartane dipati ngriki | kang aran Radèn Pragola | iku misuwur lwih sêkti | tanggon lamun ajurit | arang kapupu ing pupuh | digdaya măndraguna | bangkit manjing agal alit | nora têdhas tapak tilasing gorenda ||

kondhang kêkêndêlanira | misuwur liyan nagari | akêkês kang para mêngsah | samya asrah pati urip | marma dadya kinasih | kinulit daging sang prabu | Sultan Agung Mataram | mangkya katariman putri | saking gone kêrêp alabuh nagara ||

apa ta sira tan ngira | kadi wartaningsun iki | dene anggêgarap gampang | angêpak samèng dumadi | Baron Sêkèbêr angling | sanadyana têguh timbul | pan ingsun datan ulap | angadu jayaning jurit | Sang Pragola ing galih langkung bramantya ||

jaja bang mawinga-winga | kumêdut padoning lathi | netra amindha baskara | muntab wajanira gathik | sora manabda wêngis | i babo-babo kumlungkung | Baron Sêkèbêr sira | bangêt dèn ta mêjanani | umbagira kadi nglêlanangi jagad ||

baya apa sira mamak | tan arsa kulak pawarti | lamun sun Radyan Pragola | kang kaloka ing ajurit | ya iki warnanèki | marma yèn sira yun hayu | yogya sira nungkula | ing kene sun gawe bêcik | lamun băngga yêkti sira kari nama ||

2. Prangipun Adipati Pragola kalihan Baron Sêkèbêr.

Pangkur

Baron Sêkèbêr sru kagyat | nora nyana lamun rewangnya linggih | ingkang darbe nagri ngriku | nanging tyas datan wangwang | marma nuli ngucap sora i bêgjaku | katêmu kalawan sira | kapasang yogya sayêkti ||

kaduga sun ngladènana | sagêndhingmu yêkti tan nguciwani | angadu jayaning pupuh | bramantya Dyan Pragola | tinarajang Baron Sêkèbêr pinêluk | binanting nulya binuwang | sêbrung tibanira têbih ||

Sêkèbêr wangsul narajang | tinadhahan wêntala risang kalih | arame pêluk-pinêluk | ukêl okol-okolan | dangu dêdêr-dinêdêr bêkuk-binêkuk | agantya cêngkah-cinêngkah | gênti banting gênti jênggit ||

nguwati panyêngkahira | kinapithing Pragola datan mosik | binanting binuwang mamprung | bali mahambêk krura | yitna mulat Sêkèbêr nadhahi gupuh | gapyuk kuwêl kalihira | arame asilih ungkih ||

wiwit duk enjang tumêka | wanci lingsir tan ana kang katitih | kalih sami surèng pupuh | gantya buwang-binuwang | gur-jinagur andhupak pêluk-pinêluk | mangkya wayah lingsir andhap | Sêkèbêr manabda aris ||

hèh ta Dipati Pragola | ing samêngko karosan tanpa kardi | sayogya ginanti suduk | ing dina benjang-enjang | Sang Dipati Pragola ngandika arum | apa ing sakarêpira | sayêkti kalamun dadi ||

kawarnaa enjangira | sang dipati wus samêkta ing jurit | Sêkèbêr mirantos gupuh | angagêm kêre waja | sampun pangguh yun ayunan sora muwus | hèh ta Dipati Pragola | lah ta mara dikawiti ||

yogya ngadu kaprigêlan | dènnya samya mangolah ing lêlungit | Pragola asru sumaur | apa sakarêpira | dhininginan Pragola sinuduk luput | kadi nuduk wêwayangan | acukat dènnya ngendhani ||

Baron Sêkèbêr akrura | wanti-wanti dènira anuduki | ngangsêg tandangira rusuh | prayitna Dyan Pragola | pinèt lena Baron Sêkèbêr sinuduk | kêni jajanira jola | Sêkèbêr kontal atêbih ||

aganti anyandhak tumbak | thik-inguthik kadwi pan samya wasis | tangkis-tinangkis ing pupuh | katikêl kang landheyan | gantya bindi kumitir ing astanipun | Pragola aparis waja | parigêl cukat tarampil ||

Sêkèbêr mangayat gada | tinadhahan wêntala sang dipati | akudhung pêparisipun | rosaning kang panggada | kiyat ingkang nadhahi dadya jumêgur | sasat anggonjing pratala | pêparis amubal gêni ||

Sêkèbêr asru sêsumbar | lah rasakna Pragola sira mangkin | sida lêbur ajur mumur | amor kalawan kisma | Dyan Pragola mataya nglètèr gumuyu | bramantya Sêkèbêr ngayat | arikat gya pining kalih ||

Radyan Pragola tan obah | tuhu lamun pinunjul jayèng jurit | Sêkèbêr manabda asru | lah ta mara malêsa | sun rasakne pira kyating panggadamu | baya ta nora sapira | Pragola kadya sinêbit ||

sênggak Dipati Pragola | babo sira Sêkèbêr bosên urip | lah rasakna piwalêsku | tandya mangayat gada | yitna tadhah Sêkèbêr tamèng kêkudhung | jumêgur saingga gêlap | sasat kapyarsèng wiyati || Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


saking. (kembali)
IV. (kembali)
sasat. (kembali)
dipun. (kembali)
Katêtêpakên. (kembali)