Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-26, #312

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-26, #312. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-26, #312. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 86, 22 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 26 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1347] ---

Ăngka 86, 22 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 26 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sêsawangan ing Magêlang

[Grafik]

Bilih sampun wancining sêrap srêngenge kados gambar nginggil punika, adamêl sumamaring paningal.

--- 1348 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85

Mila manawi sêgawon wau dilat-dilat tangan utawi sukuning bêndaranipun ingkang pinuju bêsèt utawi babak kulitipun, utawi sêgawon wau dolanan kalihan lare-lare nyakot tangan utawi sukunipun lare-lare, punika lajêng sagêd nular sêsakitipun dhatêng bêndaranipun utawi lare-lare wau. Manawi sêgawon badhe sakit edan punika katawisipun sakawit manawi dipun cakêti tiyang gêrêng-gêrêng, lan sêgawon wau limrahipun rêmên mojok utawi dhatêng ngandhap lêmari, meja utawi sanès-sanèsipun. Trêkadhang sêgawon wau jugug-jugug, nglunjak-nglunjak dhatêng bêndaranipun.

Sêsampunipun tăndha-tandhanipun sêgawon wau badhe edan saya cêtha, piyambakipun lajêng kesah saking griya trêkadhang kesah têbih sangêt, wêkdal samantên sêgawon lajêng galak sangêt, punapa ingkang pinanggih ing margi, tiyang utawi kewan utawi barang-barang lajêng dipun cakot kemawon, botên purun nêdha têtêdhan ingkang sampun ajêg dados têdhanipun, rêmên sangêt anglêthaki kajêng, bêling, sela utawi sanès-sanèsipun, jujugipun kirang nanging lajêng gêrêng-gêrêng, utawi ambaung, mripat abrit sêmu wontên êrahipun, ilat mèlèt lan mumpluk ing lambe, lampahipun botên jêjêg lajêng kêra, wasana lêmês sênggoyoran ambruk pêjah, punika sêsakit edan ingkang galak.

Ingkang kathah sêgawon sakit edan lajêng lêmês, nglumpruk botên sagêd lumampah lajêng pajah. Tujunipun ingkang kathah sêgawon sakit wau lajêng ambruk, upaminipun kosok-wangsul ingkang kathah sakit galak, iba kathahipun tiyang ingkang kacakot sêgawon edan dados kathah sangêt ingkang kenging sêsakit (lyssa) wau.

Panjagi utawi panulakipun ingkang kacakot sêgawon edan supados sêsakitipun botên thukul saubêngipun tatu, kulit lan daging dipun iris, ananging manawi sanès dhoktêr ingkang ngiris inggih botên sagêd, prayogi tatu wau dipun tètèsi root rookend salpeterzuur sakêdhik kemawon cêkap, utawi mêndhêt gagang rèk dipun têlêsi salpeterzuur lajêng dipun osèr-osèrakên ing tatu wau rambah-rambah, ananging jampi salpeterzuur punika botên têmtu sagêd tulung saèstu, mila prêlu ingkang kacakot enggal kabêkta dhatêng Bandhung. Langkung sae sêgawon-sêgawon dipun sirnakakên, supados botên wontên sêgawon sakit edan.

Ing Singgapura lan ing Selon sampun wontên pranatan botên kenging sêgawon saking sanès pulo utawi nagari lumêbêt ing ngriku (Import verboden). Ing Indhonesiah ngriki rekadayanipun ingkang gadhah sêgawon kêdah ambayar paos,

--- 1349 ---

prêlunipun supados cacahipun sêgawon sagêd suda.

Manut stbl. 302 taun 1915

a. Ing pundi-pundi panggenan ingkang dèrèng wontên sêsakit edaning sêgawon, dipun awisi nglêbêtakên kewan sêgawon, kucing, kêthèk sapanunggilanipun.

b. Ing sanès panggenan, ingkang sampun wontên sêsakit edaning sêgawon, kenging nglêbêtakên salah satunggiling kewan kasêbut ing nginggil, nanging manawi kewan asal saking panggenan ingkang sampun 4 wulan botên wontên sêsakit wau.

c. Kewan-kewan kasêbut ing nginggil asal saking sajawining Indhonesiah, kenging lumêbêt ing satunggil kalih plabuhan Indhia Nèdêrlan, ananging kewan-kewan wau kêdah dipun quarantaine salêbêtipun 4 wulan saprêlunipun.

d. Sêgawon kucing utawi kêthèk ingkang sakit edan utawi ingkang kacakot kewan edan kêdah dipun pêjahi kabêsmi utawi dipun pêmdhêm[1] lêbêtipun 1 ½ m.

e. Sêgawon ingkang sampun kêmpal kalihan kewan ingkang edan kêdah dipun pêjahi utawi dipun kurung 4 wulan laminipun, wragad-wragad sadaya ingkang nyanggi ingkang gadhah sêgawon.

f. Sêgawon-sêgawon ingkang nyakot tiyang salêbêtipun 5 dintên kêdah dipun pisah (in observatie).

g. Ing pundi panggenan wontên kewan ingkang sakit edan, kêdah sadaya sêgawon ing salêbêtipun apdhèling dipun brangus, utawi dipun cancang mawi tangsul utawi rante ingkang panjangipun sakêdhik-sakêdhikipun 2 m. Sêgawon-sêgawon botên kenging mêdal saking apdhèling.

h. Ing sanès panggenan ingkang botên wontên paos, sêgawon-sêgawon ing ngriku kêdah ngangge penning, prêlunipun sampun ngantos kathah sêgawon ucul-uculan botên wontên ingkang gadhah.

Bab Kagunan

Bab Tiyang Wuta

Saking gotèking ngakathah anyariyosakên bilih tiyang wuta punika kasinungan lantip panggraitanipun tuwin landhêp pangraosipun, mirit saking cariyosipun ingkang sampun sami mariksa kawontênanipun tiyang wuta ingkang sami manggèn ing griya pangupakaranipun tiyang wuta (Blinden Instituut) ing Bandhung, wontên ing ngriku tiyang wuta wau sami kawulang damêl barang bangsaning anam-anaman saking panjatos, dêling tuwin sêpêt, kados ta: kêmarang, kroso, gêblèg bantal, tenggok, cêthing, tepas saha dhadhung sapanunggilanipun. Malah ing kalawarti Kajawèn utawi Panji Pustaka sampun nate ngêwrat gambar kawontênanipun taman pustaka: (Bibliotheek) kangge tiyang wuta ing nagari Walandi,

--- 1350 ---

wondene wujudipun aksara tumrap tiyang wuta punika cêcêg-cêcêg mundul utawi bolong, pamaosipun sarana kagrayang, ingkang makatên wau mrantandhakakên bilih tiyang wuta punika lantip panggraitanipun tuwin landhêp pangraosipun, sagêd anampèni piwulang ingkang salaras kalihan kawontênanipun.

[Grafik]

Ing mangke gêntos nyariyosakên kawontênanipun ing karaton Surakarta, Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. X. angapdèkakên tiyang wuta, kawastanan abdi dalêm mêtêngan, wontên ingkang kaparingan pangkat lurah, bêkêl tuwin jajar, mênggah padamêlanipun siyang saha dalu, sowan utawi caos, malampah utusan, punapa malih andhèrèk Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana manawi têdhak pêpara dhumatêng pasanggrahan. Kajawi punika wontên ingkang kadhawuhan sinau nabuh tokêl orkès, (Tokkel orkest) saha sampun sami sagêd. Sarêng ing sapunika modhèl jèsbèn (Jazzband) ugi sami kadhawuhan ajar, ing samangke ugi sampun sami sagêd, saha sampun nate kapitongtonakên wontên ing Sriwadari, abipraya, pêkên dalu saha Sakatèn ing Surakarta tuwin pêkên darma Subakarti ing Samarang, punapa malih asring wontên kaparêng dalêm kaparingakêng tabuhan wontên ing dalêmipun para putra santana dalêm ingkang sami kagungan parlu.

Wondene pratelan nama saha pangkatipun abdi dalêm mêtêngan tuwin panuntun kados ing ngandhap punika:

1. Lurah atma tan dulu | 2. Jajar wignya tan liring | 3. Jajar wignya tan idhêp | 4. Jajar wignya tan soca

--- 1351 ---

5. Jajar aruta

Mêtêngan ingkang nabuh jèsbèn:

1. Bêkêl wignya tan miyat | 2. Jajar swara tan awas | 3. Jajar swara tan priksa | 4. Jajar swara tan aksa | 5. Jajar swara tan ninga | 6. Jajar Swara tan netra | 7. Pasindhèn èstri, swara tan mèksi.

Panuntun:

1. Bêkêl wignya panganthi | 2. Jajar dibya panganthi | 3. Jajar naya panganthi | 4. Jajar wira panganthi

Lurah atma tan dulu, saha swara tan priksa, tuwin wignya tan ninga ingkang mangke sampun kapènsiun, sami sampun nate kadhawuhan sinau damêl barang anam-anaman wontên ing Bandhung, ugi sampun nate kapitongtonakên Sakatèn ing Surakarta.

Kasêbut gambar punika kawontênanipun abdi dalêm mêtêngan jèsbèn.

Raos Jawi

Katêntrêman

Sintên ingkang badhe ruwat ing sadosanipun: amaliha dados lare alit malih, têgêsipun hawa napsunipun kapindhakna lare alit, kados ta budi anangis ngayang-ayang, nanging sagêd kèndêl dipun ênêng-ênêngi pisang saulêr, utawi kretan kulit jêram, kapalan papah pisang. Kados makatên pêpindhanipun, nanging punapa tiyang sêpuh inggih kêdah linipur: kapal kepang, anggêr sagêd anglampahi lan sagêd andadosakên pamarêming manah anarimah: inggih sakalangkung utami, dene êmpanipun tiyang sêpuh: kêdah kêpêksa malih lare alit malih punika tiyang sêpuh ingkang sampun kapêsan budidaya, liripun: sugih, botên singgih: inggih botên guna: ugi botên, sanadyan anggadhahana kagunan, nanging sampun botên wontên pangaosipun, punika ingkang kêdah lajêng malih kados lare alit, insya Allah amêsthi kalis saking saliring pandamêl piawon, sabab tuwuhing piawon punika wêwinihipun botên wontên malih kajawi namung saking pangrêbdanipun kaardaning budi. Mênggah lêlipuring budinipun tiyang sêpuh punapa inggih: kretan kulit jêram, tuwin pisang saulêr. Mêsthinipun inggih botên ta: yèn kados makatên: mênggahing tiyang sêpuh punika: nêng-nêngipun inggih: sêkul lêmês, bêsêngèk tempe kaduk sarêm, utawi gêrèh tongkol kakumbah wedang, lajêng dipun pès lan kalapa bumbu opor. Sêkul lêmês prêlunipun babar, pepesan gêrèh: awèt. Tuwin anglênggahi raosing asêpuh, mamah sampun botên sagêd lêmbat, [lê...]

--- 1352 ---

[...mbat,] sagêdipun angraosakên: namung asin, pangangge: sarung lurik sampun masêm, rasukan kuthungan montên makao, kupluk cêmêng, sênthong kêpering dunungipun, dolananipun: wangkil, arit, sapu, sambènipun maos buku-buku têpa palupi. Anggêr têtêp lan mantêp ing manah sabar santosa, katêntrêmaning gêsangipun sampun pêsthi prasasat ngancik korining swarga kantun: blêngipun kemawon.

P.

Panggulawênthah

Papan Pangupakaraning Lare (Jeugdzorg) ing Bogor

Kala tanggal 17 malêm 18 Oktobêr ingkang kapêngkêr punika, ing papan pangupakaraning lare ing Bogor, dipun wontênakên pahargyan minăngka amèngêti taunipun ingkang angadêgagên papan pangupakaraning lare wau, inggih punika panjênênganipun Nyonyah Schmutzer, garwanipun Paduka Tuwan Dr. Schmutzer, lid polêksrad, sawatawis dintên sadèrèngipun kawontênakên pahargyan kasbut nginggil, dipun wontênakên dintên panyadean sêkar, têgêsipun: ing dintên punika kathah para kênya tuwin para jêjaka sami sade sêkar, ingkang angsal-angsalanipun rêsik, kadarmakakên dhatêng papan pangupakaraning lare wau. Sanadyan wontênipun papan pangupakaraning lare wau sayêktosipun ngêmungakên kangge lare-lare băngsa Eropah, ewasamantên kathah para mudha Indhonesiah, kados ta: para pandhu Jong-Java ingkang ambantu sade sêkar. Kajawi punika, ingkang mrêlokakên darma arta sarana anumbasi sêkar-sêkar wau, botên namung băngsa Eropah kemawon, sanadyan têtiyang băngsa Indonesiah ugi botên purun kantun. Ingkang makatên punika, sababipun botên sanès, jalaran saking sae saha agênging pigunanipun papan pangupakaraning lare wau. Murih para maos sagêd anguningani kawontênanipun papan pangupakaraning lare ing Bogor, ing ngriki kados prêlu angandharakên sawatawis, inggih punika kados ing ngandhap punika:

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih ingkang ngadêgakên papan pangupakaraning lare wau, panjênênganipun Nyonyah Schmutzer, saha adêgipun kala wulan Agustus taun 1927, mênggah sêdyanipun ing sakawit, ngêmungakên badhe ngopèni tuwin ngupakara lare-lare anakipun para Walandi, ingkang kapintên, punapadene anakipun para Walandi ingkang kacingkrangan. Mênggah pikajênganipun kacingkrangan wau, botên amung kêkirangan mênggahing pangupajiwanipun, nanging ugi atêgês, kêkirangan wêkdal ingkang anjalari botên kadugi ngopèni utawi ngupakara anakipun piyambak. Kados ta: opsir laut, opsiring prajurit dharatan, cêkakipun têtiyang ingkang padamêlanipun tansah botên sagêd [sa...]

--- 1353 ---

[...gêd] têtêp wontên ing satunggiling panggenan, kawêwahan semahipun sampun tilar, punika sampun kenging katêmtokan[2] manawi botên badhe sagêd ngupakara anakipun. Wontênipun papan pangupakaraning lare kados ing Bogor, nama satunggiling kauntungan agêng tumrap têtiyang ingkang padamêlanipun kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil wau, awit pun bapa lajêng sagêd têntrêm manahipun, jalaran sagêd amêsthèkakên, yèn anakipun botên badhe kapintên lan wontên ingkang tansah anjagi punapa samêsthinipun.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar griya tuwin sêkolahanipun probêl sêkul ing papan pangupakaraning lare ing Bogor. Dene nyonyah kalih ingkang katingal lênggah jèjèr, ingkang kiwa Nyonyah Schmutzer ingkang têngên Nonah Bosch, dhirèktrisênipun ing ngriku.

Mênggah lare-lare anakipun Walandi, ingkang kapintên lajêng sagêd dipun upakara wontên ing papan pangupakaraning lare ing Bogor wau, pancèn inggih pantês dipun alêmbana sayêktos, awit sintên tiyangipun ingkang botên wêlas dhatêng anak-anak Walandi ingkang kêlambrangan wontên ing kampung-kampung, sawênèh wontên ingkang lajêng dipun upakara dening tiyang kampung. Sanadyan gêsangipun sinyo-sinyo wontên ing kampung botên kados samêsthinipun, ewasamantên manawi kapandhing kalihan sanès-sanèsipun, inggih mêksa kenging dipun wastani sakeca, awit ingkang kathah sok malah lajêng dados lare urakan. Kadospundi kadadosanipun ing têmbe, ing ngriki botên prêlu kacariyosakên. Wontênipun lare-lare anak Walandi ingkang kapintên wau, sawênèhing tiyang

--- 1354 ---

sami anglêpatakên dhatêng para Walandi, ingkang lajêng kadakwa namung adamêl dêdolanan dhatêng wanita Jawi, têgêsipun: wanita Jawi wau namung kangge tambal bêtah, manawi sampun bosên, sanadyana sampun gadhah anak, inggih lajêng dipun bucal kadosdene sêpatu bodhol kemawon. Sanadyan pandakwa wau wontên lêrêsipun, nanging inggih botên sadaya. Awit kathah kemawon anggènipun nilar anak saêmakipun pisan punika, jalaran saking botên kacêkapanipun. Samangke punapa botên nama kauntungan agêng sangêt, dene lare-lare makatên sagêd dipun upakara wontên ing Bogor wau.

[Grafik]

Lare-lare ingkang sawêg sami dipun wulang dolanan.

Makatên ugi tumrap lare-lare anakipun Walandi ingkang kacingkrangan mênggahing pangupajiwanipun, kados inggih prêlu dipun upakara wontên ing ngriku, murih sagêdipun angsal pangupakara tuwin panggulawanthah ingkang sae sayêktos.

Supados panjaginipun lare-lare ingkang dipun upakara wontên ing ngriku sagêd tumindak kanthi sae, sampun têmtu inggih lajêng ngawontênakên punggawa-punggawa èstri ingkang wajib dipun pasrahi padamêlan wau. Murih sadaya padamêlan sagêd dipun garap piyambak, wiwit wulan Sèptèmbêr taun 1928, punggawa-punggawa èstri wau sami dipun wulangi padamêlan-padamêlan ingkang prêlu tumrap kabêtahanipun tiyang èstri, kados ta: olah-olah, andondomi, mêrban lan sasaminipun. (Badhe kasambêtan)

--- 1355 ---

Jagading Wanita

Bangsaning Janganan sarta Gêgodhongan ingkang Sapele, nanging Raosipun Miraos

1. Jangan bomong (bombrong)

Janggêl ingkang taksih ênèm dipun rajang. Abênipun, rêp-rêpan tempe waras, pête sarta rese.

Dipun bumboni: sarêm, traos, lombok, salam laos, brambang bawang, gêndhis Jawi, tempe bosok, sadaya dipun ulêg. Santênipun kêdah milih klapa ingkang ênèm, sarta ampasipun dipun katutakên.

2. Jangan bênce

Kangkung dipun êrêp, abênipun kadhêle cêmêng.

Dipun bumboni: sarêm, traos sakêdhik, brambang bawang, gêndhis jawi, asêm, salam laos, godhong jêram purut, kunci, dipun ulêg, dipun santêni klapa sêpuh, (ampasipun klapa dipun bucal), botên mawi lombok.

3. Jangan padhamara

Kangkung dipun êrêp, abênipun rêp-rêpan ulam daging.

Dipun bumboni: sarêm, traos, gêndhis jawi, asêm, kêncur lan sunthi, salam laos, godhong jêram purut, dipun ulêg, dipun santêni klapa sêpuh (ampasipun klapa dipun bucal), botên mawi lombok.

4. Jangan lompong

Godhong lompong dalah gagangipun pisan (bangsanipun kimpul) ingkang taksih ênèm, dipun êrêp, lajêng dipun alub-alubi rumiyin, sasampunipun dipun alub-alubi lajêng dipun godhog malih, abênipun kadhêle cêmêng.

Dipun bumboni: sarêm, traos sakêdhik, gêndhis jawi, asêm, salam, botên dipun santêni, sarta botên mawi lombok.

5. Brubus

Godhong lompong dipun godhog, abênipun kadhêle cêmêng.

Sasampunipun lajêng dipun ulêt kalihan parudan klapa. Ulêt-ulêtan wau dipun bumboni: sarêm, traos, gêndhis jawi, brambang bawang. Pandhaharipun amrih sêgêr sarana lalab lombok jêmprit.

Brubus punika panggodhogipun botên prêlu kathah toyanipun, awit botên ambêtahakên duduhipun.

6. Sambêl cabe

Cabe ingkang cêkapan (dèrèng kasêpuhên), dipun kukusakên ing liwêt. Dipun bumboni, sarêm, traos, lombok, sadaya lajêng dipun ulêg.

7. Godhong krokot, eca kagudhang

Gudhangan wau langkung maedahi sangêt katêdha dening tiyang ingkang mêntas katrajang sêsakit bêntèr tis (bangsaning bêntèr). Ngiras kangge jampi.

8. Godhong banci. Kakêla bêning. Jangan bêning banci [ba...]

--- 1356 ---

[...nci] punika kenging kangge jampinipun tiyang ingkang gadhah sêsakit padhararan,[3] bangsanipun mrongkol tinca[4] mangkêlang, dados sagêd nglêmêsakên padharan.

9. Godhong luntas, kajawi kagudhang utawi kangge gangsiran, kenging kangge jampi bangsaning kasliyo. Patrapipun, godhong wau kapipis lêmbat, dipun abêni sarêm lan adas pulawaras. Lajêng dipun templokakên pundi ingkang kraos sakit.

10. Godhong pace. Kenging kagudhang. Sarta kenging kangge jampi bangsaning sêsakit padharan kêsbung.[5] Patrapipun, godhong pace wau dipun panggang ingkang ngantos alum, sêsampunipun lajêng dipun lisahi klêntik. Lajêng katapêlakên ing padharan ingkang kêmbung. Ingkang kathah namung tumrap dhatêng lare-lare kemawon.

Wasana manawi wontên kêkiranganipun kula sumanggakakên dhatêng para ingkang ambêtahakên.

Taklim kula: R. Roro Wakirah Dirjasubrata, p/a R. M. B. Dirjasubrata.

Kêtandhan, Klathèn.

Waosan Lare

Kasugihaning Tiyang Cêthil (Cariyos Hindhu)

Karanganipun Sitadèwi

III.

Sunaripun ingkang rêmêng-rêmêng namung anjalari pêpêtêng ing sakubêngipun kêtingal saya ngajrih-ajrihi, dalasan para pandung sami ajrih ngambah panggenan wau. mila Dhinabandhu kraos sangêt gêgriya ing ngriku nênggani kasugihanipun ingkang tanpa wicalan.

Ananging kawontênan ing donya punika botên ajêg, Dhinabandhu badhe manggihi rêribêd. Anakipun Satyabati dados răndha, sarèhning sampun botên wontên sadhèrèking êmbokipun ingkang sagêd suka pitulungan malih, Satyabati lajêng wangsul dhatêng griyaning bapakipun. Êmbahipun èstri tuwin bapa pamanipun sampun sami tilar donya.

Dhatêngipun Satyabati botên piyambak, anakipun nama pun Balahi umuripun pitu utawi wolung taun, botên kantun. Nalika Dhinabandhu sumêrêp lare wau sapisanan, jalaran saking sangêt muringipun ngantos kados tiyang ewah. E, dene têka wontên anak setan dhatêng tanpa sangkan badhe ngaru-biru katêntrêmaning gêsangipun. Ananging badhe kadospundi malih, awit Satyabati anakipun piyambak, lan Dhinabandhu rumiyin sampun kulina ngopèni, mila wangsulipun Satyabati punika botên patosa andadosakên prihatosipun. Malah wragadipun Satyabati ing sapunika badhe suda tinimbang ingkang sampun-sampun, jalaran sapunika răndha lan sadintên namung

--- 1357 ---

badhe nêdha sapisan tur botên mawi ulam. Kajawi punika Dhinabandhu sampun ngancik sêpuh sarta kêcandhak ing sakit balung, kadhangkala sadalu muput gêrêng-gêrêng saking sangêt sakitipun, tangan sukunipun botên kenging kangge ebah, mila bok inggih badhea pêjah kasatan, botên pisan-pisan sagêd kumlawe mêndhêt toya piyambak ing gêlas kangge ngombe. Tiyang-tiyang sami ngrêmbagi ngingaha rencang, jalaran ing dhusun ngriku mirah rencang, cêkap dipun ingoni kalihan dipun balănja kathah-kathahipun kalih utawi tigang rupi. Nanging Dhinabandhu botên purun kanggenan tiyang ing salêbêting griya, jêr botên sumêrêp sintên ingkang kenging dipun pitadosi. Samênggah rencang wau lajêng nginggatakên arta angsal-angsalanipun nyèlèngi sadangunipun gêsang gèk kados pundi. Sakita kados punapa inggih dipun têmah tinimbang kecalan arta celenganipun punika. Ananging anakipun piyambak pun Satyabati kenging dipun pitados, anggènipun ngupakara bapakipun mêsthi langkung sae tinimbang rencang, tur botên badhe nêdha arta minăngka pituwasing rêkaosipun. Utawi malih panêdhanipun botên kathah kados rencang, mila sarêng kamanah panjang Dhinabandhu malah bingah dene anakipun wangsul malih.

Dhinabandhu mêdal saking griya, lampahipun ngatos-atos, nglumpati ri-ri tuwin kewan-kewan ingkang sami pating grêmêt ing pakaranganipun, tandukipun gita amêthukakên anakipun. Wicantênipun: Kene mlêbua ênggèr, sapira bungahku dene aku isih bisa mênangi dina iki. Nanging Gusti Allah mula maha wikan.

Satyabati mangsuli radi kêmba: Pamuji kula mugi bapak botên kirang satunggal punapa. Kesah kula kêsêsa sangêt, dados botên sagêd ngaturi kabar rumiyin.

Dhinabandhu gadhah pangintên anakipun badhe ngêdalakên luh carocosan, ingkang punika badanipun piyambak nyobi ngêdalakên luh ing sawatawis. Mila kados punapa ngungunipun sarêng sumêrêp tanduking anakipun, Satyabati sakêdhik kemawon botên nangis, awit susahing manahipun ingkang jalaran katilar pêjah dening tiyang jalêr botên sapintêna manawi katimbang kalihan wirangipun, dene kêpêksa wangsul dhatêng griyaning bapa ingkang makatên punika.

Wicantênipun Dhinabandhu: Bok aja ngadêg ing dalan ta ênggèr, mlêbua, lan wong iku opahana. Kowe rak iya duwe dhuwit kanggo ngopahi, ta.

Anakipun mangsuli cêkak: Inggih gadhah. Gèk mêdhuna Balahi, kowe ana ing dhokar bae iku lagi apa.

Balahi mêdhak kalihan nyangking buntêlan. Bêbêktan sanèsipun, inggih punika pêthi tuwin patilêman sami kaêdhakakên dening kusir. Dhinabandhu sarêng sumêrêp pun Balahi lajêng ajrêbabak saking nêpsunipun, jalaran larenipun sawêg sumêga sarta sawêg nakal-nakalipun, têmtu lare wau nêdhanipun kathah sangêt, lan sabên dintên nyuwèkakên panganggènipun, jalaran kangge pêplajêngan sarta lêlumpatan. Badhe kasambêtan.

--- 1358 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Lêlampahan ingkang Nganèh-anèhi

Sêmar : Ora, Truk, kajaba sing wis kok caritakake nyang aku ing ngarêp, apa ana bab liya-liyane sing kok wêruhi sajrone kowe lêlungan, kang kok anggêp apik, lucu utawa nganèh-anèhi tumraping umum.

[Grafik]

Petruk : O ana, Ma, lêlakon sing pancèn nganèh-anèhi têmênan, kang sajêge aku kêthip-kêthip ana ing donya, durung tau mênangi. Ana manèh tumrape wong sing kudu nglakoni, wadhuh, sida rêmuk, ewadene yèn aku ditari dikon anglakoni, sanadyana nguthut bakal dikêpruk munthu lan cowèk dening Makne Kamprèt, mêksa daklakoni kanthi sêmranthal.

Garèng : Wah, êndhasku nganti krasa wêng-wêngan kaya wong sing mêntas ngumbe jênewêr sasopi, ewadene pikiranaku mêksa ora nyandhak mungguh ing kandhamu mau. Nèk jamana purwa mêngkono, aku iya banjur nyandhak bae, yaiku lakune wong sing arêp alaki-rabi, sanadyan wis wêruh yèn sadurung-durunge bakal rêkasa bangêt, iya mêksa dilakoni bae. Kowe rak iya kèlingan ta Truk, kalane Bêndara Sêdewa arêp krama. Pirang dina, pirang sasi utawa pirang taun anggone tansah tapa bae. Têmtune salawase kuwi iya ora tau dhahar: gadho-gadho, mihun, capjae, thimlo, ba...

Sêmar : Wiyah, sanadyana ora lagi tapa pisan, nèk Bêndara Sêdewa kuwi iya ora tau dhahar capjae, thimlo lan sapêpadhane, kok dipadhakake cangkême dhewe bae. Mara, Truk, caritakna mungguh lêlakon sing kok anggêp nganèh-anèhi mau.

Petruk : Sabênêre ngono, ana ing sawijining panggonan-jênênge panggonan mau ora prêlu dak kandhakake-aku mênangi priyayi [priya...]

--- 1359 ---

[...yi] kagungan gawe mantu. Lha, kuwi cara-carane nêmokake pangantèn, gawe bingunging pikiranaku, awit warna-warna sing ditindakake. Ya cara Jawa, cara santri, cara kuna, cara modhèrên, cêkake kabèh mau dicampur dadi siji, sajak sênenjong godhog kae.

Garèng : Ora, Truk, ing sarèhning cara-carane sing ditindakakê mau anyênenjong godhog, têmtune tamune ya nyara yangko-yangko.

Sêmar : E, kok malah banjur saya sêmbrana. Bokmanawa karêpe Garèng mau ana bênêre, mung le ngucapake kaliru. Saka bêciking priyayi sing kagungan gawe mau, sarèhning sing diaturi anjênêngi ing kono golongan warna-warna, ya băngsa Jawa, santri, priyayi kuna utawa manèh bangsaning têlèk, murih gawe sênênging kabèh, cara-carane sing ditindakake iya banjur rupa-rupa didadèkake siji. Lho, mêngkono kuwi pangiraku, ewadene, mara Truk, caritakna sing sabênêre.

Petruk : Mungguhing anane tamu, mula ya bênêr kaya pangandikamu, pancèn iya warna-warna golongan têmênan, nanging rak iya ora mêsthine banjur nganakake cara pirang-pirang dicampur dadi siji. Kaya ta: aku bisa ngarani cara Jawa, awit ing kono dianani gamêlan.

Larèng:[6] Wathathithah, tujune aku ora melu kondangan, ajaa, aku rak ora kuwat ngêmpêt pacakku gulu.

Sêmar : Wiyah, kowe mono, aja manèh krungu unining gamêlan, lagi krungu tanggane andêdolani anake nganggo digamêli cangkêm bae, anggone anjogêd ngalêtêr nganti midak anake sing lagi barangkangan. Ora, Truk, saiki caritakna sing kok anggêp nyara santri, kuwi jalaran saka apa.

Petruk : Sing dak anggêp cara santri kuwi, jalaran mas kawine awujud Koran.

Sêmar : Lho, kuwi ya bênêr yèn cara Islam, sanadyan ta ora pati lumrah dianggokake. Nanging nèk saka pangiraku, kaliru yèn mas kawine mau awujud Koran. Mungguhing panêmuku Koran mau sajatine mung ginawe pasêmon, yaiku: supaya pangantèn lanang mulangi ngaji marang sing wadon nganti sakatame. Dadi yèn pangantèn wadon durung bisa katam pangajine, sing lanang iya tansah nanggung mas kawine bae. Lha, saiki sing kok arani cara kuna, kuwi kêpriye.

Petruk : Anggonku ngarani nembak cara kuna, sing kagungan gawe mantu mau, têka ngagêm nyamping truntum, kiyi rak cara kuna dêlês, karêpe: anuntumake atine pangantèn lanang lan pangantèn wadon, cikbèn bisa rukun lan atut, kajaba iku carane têmuning pangantèn isih nganggo balang-balangan gantal barang kae. Apa kiyi dudu cara kuna.

Sêmar : Iya bênêr yèn cara karo-karone iki miturut adat kuna. Ewasamono kowe lan aku ora wajib anyaruwe, mêngko mundhak andadèkake sêlang-surupe liyan bae. Luwih bêcik caritakna sing kok anggêp cara modhèrên.

--- 1360 ---

Petruk : Sing tak anggêp cara modhèrên, ya kuwi mangkene: lha wong anglakèkake anake wadon, kok dicara kaya wong adol omah sapakarangane bae, dadi nganggo disaranani prajangjian notaris barang.

Garèng : Wah, lha kiyi modhèl anyar têmênan, upama diunèkna ora ngandêl mênyang kwasaning Pangeran, kiraku kalakon ngajak bubut-bubutan brêngos têmênan. Ha mara, sadurung-durunge kok wis kuwatir yèn anake wadon bakal disiya-siya dening sing lanang, tandhane sadurung-durunge wis dianani pagêr luwih dhisik.

Sêmar : Lho, wêruha, Rèng, samono katrêsnane wong tuwa mênyang anake. Ingatase jênêng priyayi rak iya mokal yèn ora ngrêtia, nèk tumraping pranatan alak-irabi nyara Islam, prajangjian notaris mau ora ana kango gawene, ewadene mêksa ditindakakê, kiraku mung kanggo mêmêdèni bae.

Petruk : Kajaba kuwi, Ma, sarèhning cara warna-warna dicampur, iya banjur nuwuhake lêlakon sing lucu-lucu. Rama têmtune priksa dhewe, yèn pangantèn têmu kuwi, ora ngêmungake mas kawine mèlu digawa, nanging yèn ing kono disadhiyani gamêlan, iya kudu ditabuh minăngka pakurmatan. Mara, apa iya ora lucu bangêt, Koran kuwi rak dianggêp kitab suci, sauwonga yèn arêp nyêkêl kudu sêsuci-wulu-dhisik. Ing kono dupèh lagi dadi maskawin, jêbul digala ganjuri. Apa iya ora ma...ti...a...ku.

Sêmar : Wiyah, wiyah, kaliruning wong kang tanpa disêngaja, bok aja diwêlèh-wêlèhakê, mundhak agawe ora kapenak bae, wis, wis, dilèrèni samene bae.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Miturut pawartos, kuli ingkang amêjahi Nyonyah Landzaat botên èstu katrapan ukum gantung ing tanggal 25 ing wulan punika, ananging pangukumipun wau kadhawahakên ing tanggal 26.

Manawi dipun tingali sagêbyaran, sajakipun anyênêngakên, dene gêsangipun dipun wêwahi sadintên malih, nanging tumrap ingkang nglampahi, salêrêsipun satunggiling ukuman ingkang agêng sangêt, awit ing wêkdal punika manahipun têmtu tansah nratab kemawon.

Jalaran saking panêdhanipun pabrik sigarèt: Muriya: dening juragan-juragan rokok krètèk ing Kudus samangke dipun êdêgakên pakêmpalan.

Miturut pêpajênganing rokok krètèk, ingkang samangke sampun sagêd sumêbar ing saindênging tanah Indhonesiah, adêging pakêmpalan wau pantês ingalêmbana, awit salajêngipun badhe ngicalakên anggèning sami tansah jor-joran panyadening dêdaganganipun, nanging lajêng sagêd sarujuk anggènipun nêtêpakên rêrêgènipun, ingkang makatên wau têmtu saya badhe amêwahi kauntunganipun.

Wontên kabar, bilih para punggawa S.S. ing têlasipun taun punika, badhe sami angsal prêsèn saking bêbathènipun panggaotan kathahipun sapalihing blănja.

Lho, punika sawêg kabar, sampun lajêng dipun jagèkakêr[7] rumiyin, mangke dèrèng-dèrèng gèk lajêng main bon kemawon.

Wiwit tanggal 22 punika, pangadilan yustisi wiwit mriksa prakawisipun Walandi nama: M. Leyte, masinis pabrik ès, ing Pêtojo (Wèltêprèdhên), mênggah kalêpatanipun makatên :

--- 1361 ---

Ing wulan Marêt taun 1926 ing salêbêtipun kamaring griyanipun ing Majagêdhang, kabupatèn Karanganyar, Walandi wau sampun amêjahi pangaritipun nama: Sêtrakrama. Langkung rumiyin pangarit wau, tanganipun kalih dipun tangsuli mawi kawat tosan, salajêngipun nuntên dipun banting ing siti. Sasampunipun lajêng kacêpêng githokipun saha dipun thuthuk mawi palu ing sirahipun, dene sukunipun dipun cêpêngi dening tiyang nama Somaharja. Jalaran saking dipun pilara makatên wau, pun Sêtrakrama dados tiwasipun.

Kadospundi ukumanipun Walandi, ingkang gadhah bêbudèn kewan wau, namung pasrah dhatêng ingkang wajib, anggêr lajêng botên wontên swara: nalika samono Lănda mau pikirane miring.

Saking Bandhung Aneta martosakên, bilih pangagêng wadyabala dharatan angsal tilgram saking Acih, ingkang anyariyosakên, kalanipun dipun wontênakên patroli ing tanah Dhayu, sêrsan Mênadho nama Sondak dipun prêjaya dening satunggiling pranteyan, ingkang kala punika soroh amuk.

Ing ngriku botên katêrangakên, sabab-sababipun dene pranteyan wau soroh amuk. Ewasamantên nama mokal manawi tanpa sabab babar pisan, têmtunipun: yèn wontên kukus inggih wontên latunipun. Mugi-mugi tuwuhing soroh amuk wau, sampun ngantos jalaran saking anggêpan, bilih pranteyan punika dede tiyang.

Sêrat kabar Sum. Post martosakên, bilih pangadilan ing Binje andhawahakên ukuman kunjara 15 taun laminipun dhatêng satunggiling tukang toya, ingkang dèrèng dangu punika sampun amêjahi gundhiking satunggilipun Walandi. Mênggah sababipun dene gundhik wau dipun pêjahi, jalaran saking bêngisipun.

Sanadyan ingkang pinêjahan wau tiyang èstri, dados tiyang ingkang botên gadhah kêkiyatan lan daya punapa-punapa, ananging ing sarèhning namung nama gundhik kemawon, inggih botên adamêl gègèring jagad.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3674 ing Bayalali. Kintunan tumrap sadhèrèk M. Siswasudira lakar dipun sêtop, krana bayaranipun dèrèng dhatêng.

Agèn nomêr 3139 ing Sidaharja. Sadhèrèk Sudarma dèrèng ambayar. Manawi botên enggal kakintunan, panjênêngan botên sagêd pikantuk gratis Kajawèn.

Aggèn nomêr 310 ing Cawas. Wisêl, f 11.38 sampun katampi. Lêngganan nomêr 2746 kwartal punika kirang f 1.- krana ing wulan Juli namung ambayar f 1.50, botên f 3.-.

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên ing sêrat-sêrat kabar dèrèng dangu punika, bab ura-uranipun ing Palèstina, inggih punika cêcongkrahanipun băngsa Arab kalihan băngsa Yahudi, ingkang dados sabab namung bèncèng kajêng ing pamanggih babaganing agami. Dene gambar sasisih punika pulisi sawêg nindakakên anggledhah dhatêng băngsa Arab, dipun kuwatosakên bok bilih ambêkta dêdamêl.

--- 1362 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhammat Dohiri

2

[Pangkur]

saking rosaning panggada | kiyating kang nadhahi têmah dadi | pêparisira amurub | mubal ingkang dahana | kantar-kantar têkèng ngawiyat sumundhul | sasirnaning kang dahana | Sêkèbêr nglètèr sêsirig ||

pan sarwi gumuyu latah | sora muwus: hèh Pragola sirèki | tan patut lawan wujudmu | rosa panggadanira | pantês lamun kaloka sura ing pupuh | lah ta mara rasakêna | pamalêsku pisan iki ||

angêtog ing kasudiran | gya ingayat Sêkèbêr gadanèki | tinon ngajrihi kalangkung | anglir Batharakala | abramantya bawana arsa linêbur | netra apindha baskara | sumorot ngajrih-ajrihi ||

wêntala Radyan Pragola | tinadhahan jumêgur kapiyarsi | ngumandhang kadya galudhug | sasat ingkang bantala | angêndhêlong saking soraning pamupuh | miwah kiyating panadhah | marêntul karingêt gêtih

ngalètèr Radyan Pragola | cukat dènnya mangayat gadanèki | Sêkèbêr winalês gupuh | rikat saengga kilat | katalompèn Sêkèbêr panangkisipun | jumêblès pêparis sigar | mancêlat kasingsal têbih ||

Sêkèbêr kalangkung duka | tandya sinawatkên gadanira glis | acukat ing endhanipun | têmah kontal kasingsal | nulya nyandhak pêdhang kumitir sumiyut | kumilat gya tinadhahan | tamèng bêlah dadya kalih ||

trangginas Pragola nyandhak | pêdhangira munggwing asta kumitir | tangkis-tinangkis ing pupuh | angsêg-mangangsêg gantya | pating krêncling kapyarsa suwaranipun | katikêl samya binuwang | akuwêl asilih ungkih ||

agahan kakah-kinakah | rame cêngkah-cinêngkah kih-ingungkih | kukuh bakuh luk-pinêluk | êkol ukêl-ukêlan | gantya dêdêr-dinêdêr bêkuk-binêkuk | kuwêr awor wêl-uwêlan | gêgulung kadya gêguling ||

jugrug agraning kang arga | Patiayam kambah ramening jurit | wrêksa rubuh kabarubuh | bosah-basih balasah | Sang Sêkèbêr sariranira marlêsu | susah lêsah kasasayah | anggung katindhih kajodhi ||

samana wus asar andhap | datan ana suka ngalah sawiji | walsingsal kêkalihipun | ngaso kang băndawala | sora nabda Baron Sêkèbêr lingnya rum | hèh ta Rahadyan Pragola | satuhu sira linuwih ||

mêne ingsun arsa minta | marang sira sumêne kalih warsi | benjang tinutugkên pupuh | angrok abăndawala | ingsun arsa ngalaya nêruskên laku | arsa uninga arjanya | nênggih ingkang pulo Jawi ||

Pragola aris wuwusnya | iya bêcik apa sakarsanèki | anulya kêkalihipun | samya sowang-sowangan | kunêng mangkya Sêkèbêr ing karsanipun | ngaso sawatara dina | anèng Patiayam malih ||

nuju ing ari sajuga | midêr namur Sêkèbêr anèng nagri | kapengin wruh arjanipun | dupi prapta ing desa | ing Kêmiri dahat sukane kalangkung | dene asrine kalintang | marmanta kêpengin ngalih ||

3. Baron Sêkèbêr pinanggih kalihan Rara Suli.

kocapa mangkya winarna | ing Kêmiri ana răndha sawiji | darbe suta langkung ayu | wayah sampun diwasa | cahyanira umancur kadi sutèngsu | dêdêgnya waringin susang |[8] sarira gilig aramping ||

waja gilap nglaring kombang | gilar-gilar pipi durèn sajuring | rema mêmak ngêmbang bakung | lathi manggis karêngat | grana rungih netra kocak mawèh wuyung | alis irêng ngroning imba | athi-athi ngudhup turi ||

jangganya angolan-olan | pakulitan kuning anêmu giring | anggandhewa astanipun | pambayun ngênyu dênta | renanira dahat kasok trêsnanipun | sutanya ginadhang-gadha |[9] kinakudang andharindhil ||

sapa ayu kaya sira | dhasar kuning wingwing amêrak ati | remanta kang ngêmbang bakung | adate nora wangkal | wêdi marang wong tuwa ambangun turut | alis irêng ngroning imba | watak lêgawa ing budi ||

netra lindri-lindri ika | mawèh wuyung kinasih marang laki | dhuh lae gèr sutaningsun | poma nini dibisa | ngrêksa marang raganta ywa nganti dudu | dadi pocapaning kathah | tindak nasar ywa kinanthi ||

Kinanthi

poma aywa sira gêndhuk | adarbe tingkah nalisir | wruhan ta bêbakunira | bandhaning wanita nini | sapisan ati narima | pinênggak ardaning kapti ||

aja nyêngka ing panggayuh | andhêngak nênga manginggil | kalimput tyas daya-daya | enggala bisa madhani | datan tolih dhèwèkira | sarwa kurang sarwa sêpi ||

panariman ta tumuwuh | kalamun sirèku nini | anêpa sariranira | tinandhing lan ngandhapnèki | ing kono sayêkti sira | rumasa mênang pribadi ||

kapindhone adatipun | kaprah wataking pawèstri | melikan barang katingal | lah iku kang bêbayani | sayogya dèn pêrangana | ardèng tyas kang mring yumani ||

sarana sabar tuwajuh | myang talatèn angêntèni | mrih bisaning kasêmbadan | dadi nora ngrusak ati | têmah tumus ngrusak angga | dadya rusak kuru agring ||

jêr têmêne manungsèku | apa kang sinêdya dadi | têka barang kang cinipta | amung dalane kang wiwit | arang kang bisa tumindak | saking bangêting kang rumpil ||

dalane sabar tuwajuh | datansah dènnya mangudi | tan keguh godhaning setan | setane angobrak-abrik | nanging yèn tandhinge kalah | datan wani malih-malih || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


pêndhêm. (kembali)
katêmtokakên. (kembali)
padharan. (kembali)
tinja. (kembali)
kêmbung. (kembali)
Garèng:. (kembali)
jagèkakên. (kembali)
sungsang. (kembali)
ginadhang-gadhang. (kembali)