Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-30, #313

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-30, #313. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-30, #313. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 87, 26 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 30 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1363] ---

Ôngka 87, 26 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 30 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Krêtêg Lami ingTarutung (Tapanuli)

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar krêtêg lèpèn Aèksigeaon.

--- 1364 ---

Raos Jawi

Bab Wontênipun Têmbung: Pênagan

Para maos kados botên kêkilapan dhatêng wontênipun têmbung: pênagan. Inggih punika namanipun sawênèhing panggenan ingkang wontênipun namung pinuju môngsa panenan pantun. Ing salah satunggiling kêdhokan sabin utawi pagagèn, ing ngriku dipun tata gasik tur waradin prêlu kangge papan anglêmpakakên sarta mepe (ngayar) pantun ingkang taksih têlês nêmbe dipun pugut, trêkadhang ing papan wau mawi kaadêgan pondhok alit, limrahipun cêndhèk sangêt, beda kalihan gubug. Sabibaring pantun, pênagan wau kabibrah malih, awit pasitènipun badhe dipun waluku katanêman sanèsipun malih.

Yèn katitik saking irib-iribing têmbung: pênagan, punika kados sampun nama têmbung rimbagan (dayawacaka) ingkang aslinipun saking lingga: naga, angsal atêr-atêr: pa, panambang: an, dados: panagan, ing pakêcapan mungêl: pênagan. Dados saupami kapêndhêt lêrêsipun makatên, ing ngriku papan panggenaning naga (sawêr ingkang agêng), nanging nyatanipun jêbul namung papan panggenaning pantun balaka.

Ing salah satunggiling wêkdal kula dipun takèni mitra kula: punapa sababipun dene papan pangrimatan pantun kemawon dipun wastani pênagan, môngka ing ngriku botên wontên sawêripun. Punika kula wangsuli kanthi katrangan sawatawis makatên.

Têmbung pênagan punika yêktosipun têmbung kalantur wiwit ing kina, kintên-kintên tuwuhipun saking tumusing raos gugon tuhonipun tiyang Jawi, nalika jamanipun Dèwi Sri kenging êsotipun ingkang rama Prabu Srimahapunggung ratu ing Mêdhangkamulan, inggih punika awujud dados sawêr sawa agêng, ugi lajêng kawastanan naga. Saoncatipun saking praja Mêdhangkamulan anjujug ing griyanipun Kyai Buyut Wangkêng ing dhukuh Mêdhangtamtu. Wontên ing ngriku sawêr sawa wau dipun aji-aji sangêt, awit Ki Buyut dalah semahipun uninga bilih sawêr sawa punika panuksmanipun putri Mêdhangkamulan. Wiwit rikala samantên Ki Buyut Wangkêng lajêng sagêd dados tiyang sugih andrêbala, sugih pantun, palawija, rajakaya sapiturutipun, amargi saking kanggenan sawêr sawa wau. (Bab punika botên sagêd kula orèhakên langkung panjang, cêkap amriksanana ringgit lampahan Srisadana, utawi Kajawèn nomor 19 taun 1928 tuwin sêrat-sêrat sanèsipun).

Wiwit ing wêkdal samantên têtiyang Jawi langkung-langkung para tani, sami gadhah kapracayan yèn sawêr sawa (naga) punika lêrês panuksmanipun Sang Dèwi Sri, môngka Dèwi Sri wau kasêbut dados dewaning pantun. Pramila ngantos dumugi ing titimôngsa sèkêt taunan kapêngkêr têtiyang tani sami taksih katabêtan gugon tuhon wau, tandhanipun sabên ing môngsa panenan pantun, ing salah satunggiling kêdhokan [kê...]

--- 1365 ---

[...dhokan] dipun dèkèki sandhingan, kawastanan cok bakal, arupi kalasa enggal, sêkar borèh, suri, kaca, wêdhak, suruh ayu, pisang ayu, jambe, tuwin sapanunggilanipun. Ing sacêlakipun ngriku nuntên kaadêgan pondhok kangge papan pangrimatan pantun kados ingkang kula cariyosakên ing ngajêng, malah ing wêkdal tigang dasa taunan kapêngkêr ing papan wau mawi kadèkèkan pêpêthan gambar sawêr naga, pinanjêr inggil mawi bandera, wos-wosipun inggih nglêluri cêcriyosan ingkang makatên wau, pramila dumugining sapriki, papan wau taksih lastantun kawastanan pênagan.

Dados inggih botên anèh yèn papan pangrimatan pantun wau kawastanana pênagan, awit tuwuhipun sampun lami sangêt, inggih asli saking tumusing raos gugon tuhonipun tiyang kina, supados kasawabana brêkahing naga panuksmaning Dèwi Sri. Malah dumugi sapriki bokmanawi taksih wontên ugi para tani ingkang anglêgutakakên ngangge cara kados makatên wau, utawi yèn sabinipun dipun saba ing sawêr sawa rumaos pikantuk kanugrahan, mila lajêng dipun obong-obongi mênyan utawi dupa tuwin ngawontênakên sêsandhingan. Nanging inggih sampun kathah ingkang sami nilar, tuwin botên anglêluri. Pramila ewah-ewahing kawontênan tuwin cara lajêng nuwuhakên pitakenan kados ingkang kula aturakên wau. Dene lêrês lêpating pamanggih kula sumanggakakên dhatêng sintên ingkang karsa paring katrangan sanèsipun malih.

Nirrasa. Tumpang - Malang.

--- 1366 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Hakipun Tiyang Pribumi Tumrap dhatêng Siti (Inlandsch bezitsrecht) Egêndhom Pribumi, tuwin Egêndhom

Ing pranataning nagari tumrap Indhia Nèdêrlan ngriki (rumiyin nama Regeeringsreglement), sapunika wet op de Indische staatsinrichting) kapacak kuwajibanipun Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar Gupêrnur Jendral kalih warni, ingkang pigunanipun agêng sangêt tumrapipun kita tiyang pribumi sadaya, inggih punika:

1. Anjagi sampun ngantos tiyang pribumi punika dipun sawiyah ing liyan, sanajana sintên kemawon.

2. Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar Gupêrnur Jendral, botên kenging nyade sitining gupêrmèn, kajawi manawi prêlu kangge ngagêngakên nagari utawi dhusun, utawi kangge angawontênakên pakaryan[1] (inrichtingen van Nijverheid).

Ingkang badhe kula andharakên ing ngandhap punika inggih punika bab kuwajibanipun Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jendral ingkang ôngka 2 kasêbut ing nginggil. Mênggah ingkang kasêbut wontên ing wet op de Indische staatsinrichting punika namung ancas-ancasipun nagari kemawon. Wondene pranatan ingkang nêrangakên langkung cêtha bab ancas-ancas punika kapacak wontên ing Agrarisch besluit yasan dalêm Sri Maharaja ing Nèdêrlan, tuwin ing pranatan sanès-sanèsipun. Agrarisch besluit wau kados ta anyêbutakên bilih sadaya siti punika kagunganipun nagari, kajawi manawi wontên ingkang sagêd nêrangakên, bilih punika siti egêndhom utawi egêndhom Jawi.

Manawi namung mirid dhatêng ungêl-ungêlanipun kados ingkang kasêbut ing nginggil punika, kados-kados gadhah maksud ingkang kirang prayogi tumrapipun kita tiyang pribumi, nanging manawi dipun jajagi ingkang ngantos lêbêt, pranatan punika èstunipun tumrap haking siti adamêl kawilujênganipun tiyang pribumi sadaya, amargi:

1. Saupami Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar Gupêrnur Jendral sagêd nyade sitining nagari sapurun-purunipun, ingkang têmtu sabên nagari kêkirangan arta, Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar Gupêrnur Jendral sagêd kemawon nyade siti nagari, tanpa wontên ingkang ngalang-alangi. Utawi malih manawi tiyang pribumi bêtah arta, gampil lajêng nyade sitinipun dhatêng bôngsa sanès ingkang gadhah arta kathah, sasampunipun kadadosakên egêndhom. Sarèhning miturut kawontênanipun ingkang gadhah arta kathah punika tiyang sanès bôngsa (Landi, Cina, Arab), môngka tiyang pribumi punika radin-radin ngêbrèh sarta gadhahipun arta kirang sangêt, ingkang têmtu manawi siti kenging kasade dhatêng sanès bôngsa, sakêdhap netra tiyang pribumi badhe kecalan sadaya gadhahanipun siti, wusana sadaya sagêd dados gadhahanipun tiyang

--- 1367 ---

sanès bôngsa. Môngka ningali kawontênanipun tiyang pribumi punika panggêsanganipun prasasat sadaya saking têtanèn. Dados manawi kalampahan sadaya siti dados gadhahanipun tiyang sanès bôngsa, sampun têmtu gêsangipun badhe nalôngsa, kadadosanipun botên badhe beda kalihan kawontênanipun tiyang-tiyang tanah Bêtawi ingkang dados siti partikêlir (particuliere landerijen). Wusananipun manggènipun punika namung numpang wontên panggenanipun tuwan tanah,[2] hak dhatêng siti babarpisan botên gadhah. Tanah-tanah ingkang botên wontên pranatan, kados ingkang kasêbut punika, kados ta wartosipun ing tanah Aprikah ingkang sisih lèr, punika siti ing ngriku mèh sadaya dados gadhahanipun tiyang ngamônca. Tiyangipun pribumi namung ngênggèni buminipun, nanging botên gadhah hak anggadhahi siti. Lêrês ing tanah kita Indhonesiah ngriki wontên ugi siti egêndhom, ananging bokmanawi 1% saking jêmbaripun sadaya siti nagari kemawon botên wontên. Ingkang makatên punika têtela bilih tiyang pribumi ing Indhonesiah kajagi dening pranatan kasêbut ing nginggil punika.

Pramila kita tiyang pribumi wajib muji sangêt dhatêng kalantipanipun nagari karsa angawontênakên pranatan siti kados ingkang kacêtha punika.

2. Nagari (Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar Gupêrnur Jendral) kawênangakên ugi nyade siti kangge egêndhom, nanging manawi prêlu kangge angagêngakên kitha utawi dhusun, utawi kangge ngawontênakên pakaryan. Sanajan makatêna, ugi botên kenging sapurun-purunipun, botên kenging langkung saking 10 bau.[3] Sadèrèngipun kêdah katitipriksa ingkang lêrês, sampun ngantos nêrak hakipun siti tiyang pribumi. Pramila manawi wontên tiyang sanès bôngsa tumbas sitinipun tiyang pribumi ingkang badhe kadamêl siti egêndhom, punika kêdah dipun priksa dening satunggaling Commissie, wusana Commissie lajêng ngurusakên kalayan sampurna, punapa punika siti ingkang badhe kadamêl egêndhom lêrês botên wontên ingkang anggadhahi malih, sarta kêdah nêrangakên, nalika rumiyin-rumiyinipun ingkang anggadhahi siti punika sintên, prêlunipun sagêd sumêrêp punapa lêrês siti punika sampun botên wontên ingkang anggadhahi, dados têtêp siti lêgan. Sasampunipun lajêng taksih dipun têrangakên malih, punapa tiyang pribumi ing salêbêting dhusun ngriku wontên ingkang gadhah kawratan, bilih siti punika dados siti egêndhom, sarta punapa ing dhusun ngriku taksih kathah sitinipun, botên badhe kêkirangan, manawi punika siti dipun damêl egêndhom. Manawi sadaya katrangan sampun cêkap, têrang bilih siti punika sampun botên wontên ingkang anggadhahi, dados têtêp siti lêgan (vrij staatsdomein), sawêg kemawon papriksan wau kunjuk dhatêng nagari, kalayan dipun timbang prêlu botênipun pinuwunan egêndhom punika dipun kabulakên. Badhe kasambêtan.

--- 1368 ---

Panggulawênthah

Papan Pangupakaraning Lare (Jeugdzorg) ing Bogor

(Candhakipun Kajawèn ôngka 86).

Ing Kajawèn ôngka 86, sampun kacariyosakên, bilih ing papan pangupakaraning lare ing Bogor, anampèni punggawa èstri sawatawis ingkang kapasrahan anjagi tuwin anggulawênthah lare-lare ingkang dipun upakara wontên ing ngriku, makatên ugi sampun kaandharakên, bilih murih sagêdipun sampurna anggèning nindakakên padamêlanipun, wiwit wulan Sèptèmbêr 1928 punggawa-punggawa èstri wau sami kawulang sadaya padamêlan ingkang prêlu-prêlu tumrap panyêpêngipun bale griya, lan cara panggulawênthahipun lare. Saya kathah lare ingkang kapulasara wontên ing papan pangupakaraning lare wau, ing ngriku saya ambêtahakên tiyang ahli ingkang sagêd ngiguhakên sadayaning padamêlan. Kalêrêsan sangêt, dene pangrèhing papan pangupakaraning lare wau, ing wulan April taun punika sagêd angsal dhirèktisê Nonah Bosch, ing ngriki kacariyosakên kalêrêsan sangêt, awit kajawi Nonah Bosch wau satunggiling wanita ingkang sampurna ing kasagêdanipun, ugi satunggiling wanodya ingkang inggil gêgayuhanipun. Ing Kajawèn ngriki sanès dintên badhe kaandharakên mênggah ingkang dados idham-idhamanipun sang wanita wau.

[Grafik]

Lare-lare sawatawis ingkang sami dipun upakara ing papan pamulasaraning lare ing Bogor.

Saya dangu saya kathah panuwunan saking para kênya Walandi supadom[4] sagêd angsal padamêlan wontên ing ngringku, murih ing têmbe sagêd dados wanita ingkang sampurna kasagêdanipun bab panyêpênging bale griya tuwin panggulawênthahing lare. Jalaran saking punika, gêgandhengan kalihan wontênipun pangupakaraning lare wau, ing ngriku dipun wontênakên paguron tumrap lare èstri ingkang ngudi ing bab kasaenan dhatêng sasami, saha lajêng anêtêpakên bab-bab punapa ingkang prêlu dipun wulangakên.

Wiwit wulan Juli taun punika, ing paguron kasbut nginggil, ambikak kursus warni kalih, ingkang lajêng kanamakakên kursus A tuwin kursus B.

Mênggah danguning pasinaon wontên ing kursus A wau 2 taun. Satamating pasinaonipun, para murid wau sagêd dados pambantu tumrap anyêpêng bale griya ingkang kanthi dhiplomah utawi panjagi

--- 1369 ---

lare. Dene manawi pancèn prigêl sayêktos, gampil angsalipun padamêlan dados asistèntê wontên ing pakaryan guprêmèn utawi partikulir.

Dene ingkang sagêd katampi wontên ing kursus A wau, ngêmungakên lare èstri inggih bôngsa punapa kemawon, ingkang sakêdhik-sakêdhikipun sampun tamat pasinaonipun wontên ing pamulangan Walandi andhap utawi H.I.S.

[Grafik]

Para murid ing kursus A.

Mênggah ingkang kawulangakên wontên ing kursus A inggih punika olah-olah, inggih olah-olah cara Jawi utawi cara Walandi, pangolahing têtêdhan kangge lare utawi kangge tiyang sakit. Kawruh ing bab kasarasan tuwin mêrban, ing ngriku kawulangakên mênggahing wontênipun badaning manungsa, bab sêsakit, panularipun sêsakit, bab dayaning pêpadhang, hawa, pangangge tuwin têdha. Makatên ugi bab sêsakiting lare, lan caranipun mêrban ingkang gampil-gampil. Mênatu, anggènipun ngumbah, nganji, nyêtrika lan sasaminipun. Adminisêtrasi, inggih punika caranipun nyêpêng buku-buku, adamêl sêrat lan sapiturutipun. Pangajaran ingkang sagêd ngindhakakên kawruhipun, inggih punika sarana ngrêmbag prakawis ingkang prêlu-prêlu, maos sêrat-sêrat kabar utawi kalawarti. Padamêlan tangan, kados ta: andondomi, anjlumati, bordhir, lan sasaminipun. Panggulawênthah, musik lan taksih kathah malih tunggilipun.

[Grafik]

Para murid ing kursus B sawêg sinau padamêlan tangan.

Dene danguning pasinaon wontên ing kursus B punika 3 taun. Satamating pasinaonipun, murid-murid ing ngriku sagêd angsal padamêlan wontên ing pundi-pundi panggenan, kados ta: wontên ing papan panggulawênthahing lare, wontên ing Pro

--- 1370 ---

Juventute lan sasaminipun. Malah nagari piyambak angrujuki sangêt dhatêng adêging kursus wau. Lare èstri ingkang sampun tamat ing kursus wau, sagêd nampi blônja wiwitanipun f 130.- ngantos dumugi f 400.- ing sawulan-wulanipun. Dene ingkang sagêd katampi ing kursus wau, ngêmungakên lare èstri ingkang sampun tamat Milo, utawi sêkolahan sanès ingkang kaanggêp sami kalihan Milo. Mênggah ingkang kawulang ing kursus wau, kajawi bab-bab ingkang kawulangakên ing kursus A nanging langkung dipun kathahi, ugi kanthi kawêwahan sanès-sanèsipun, kados ta: ngêtik (typen) kasusastran tuwin babad, panyêpênging bale griya lan sapiturutipun.

Mênggah pangajaran ingkang kasbut ing nginggil punika sadaya pangajaran teori, ing ngriku ing bab praktikipun ugi botên kasupèkakên, têgêsipun: lare-lare èstri wau dipun kulinakakên momong bayi, ambantu olah-olah wontên ing dhapur, mulasara lare sakit, ambantu andondomi tuwin mênatu, nyêpêng bale griya lan sasaminipun. Cêkakipun lare-lare wau dintên-dintên tansah kajagi sampun ngantos nganggur, nanging tansah wontên kemawon padamêlanipun. (Badhe kasambêt)

Jagading Wanita

Soga Blastêr

Ingkang dipun angge nyoga blastêr punika inggih soga gènês, nanging botên patos kandêl, dipun soga kaping kalih utawi kaping tiga kemawon: sampun, kandêlipun sarana dipun sarèkakên jawi.

Sarèn jawi tumrap sinjang 5 sawit:

Gêndhis têbu, rêgi 5 sèn.

Apu 5 kluwak.

Kaulêt kalihan toya namung dipun pêndhêt bêningipun.

Soga Jawi

Soga jambal, wawrat 100 kati.

Tingi kripik, wawrat 5 reyal.

Dipun dhêplok rêmus lajêng kagodhog kangge namung rambah kaping tiga sampun kandêl, lajêng kasarèkakên, sarènipun kaudhak, lajêng kababar.

Patrapipun nyoga blastêr sarta nyoga Jawi sami kemawon nyoga gènês.

Nyoga gènês laminipun 15 dintên.

Nyoga blastêr laminipun 3 dintên.

Nyoga Jawi namung sadintên.

Kados ingkang sampun kapratelakakên ing Kajawèn rambah-rambah, inggih punika ing bab patrapipun tiyang nyêrat, wiwit anggarap mori dumugi dados sinjang, ingkang kathah nama padamêlanipun tiyang èstri, namung tumrap padamêlan ingkang awrat-awrat, pancèn kêdah dipun tindakakên tiyang jalêr,

--- 1371 ---

kados ta ing bab mêdêl utawi nyoga, awit punika pancèn nama panggaotan, bêbaunipun jalêr malah kathah. Sadaya wau, manawi dipun manah yêktos, nama padamêlanipun tiyang èstri, awit sanadyan tiyang èstri botên sagêd ngêcakakên utawi ambaoni piyambak, nanging mangrêtos dhatêng lampah-lampahipun. Dados têrang bôngsa èstri Jawi punika pancèn gadhah dhêdhasar sagêd nyambut damêl ing bab bathik, tôndha yêktinipun ing nagari pundi-pundi ingkang dados dunungipun tiyang manggaota bathik, tamtu botên sêpên tiyang èstri, dalah ingkang nama manggaota agêng pisan, saya kathah èstrinipun.

Dumuginipun dados sinjang, ugi lêstantun dipun tindakakên ing tiyang èstri, punika saya kêtingal sangêt sumêbaripun, mèh sabên nagari pundi ingkang wontên tiyang dagang sinjang tamtu dipun tindakakên ing tiyang èstri, parigêling cak-cakanipun tumindak ing damêl botên kawon kalihan tiyang jalêr.

Sumêbaripun sinjang-sinjang saking nagari ingkang ngêdalakên sinjang dhatêng nagari sanès, kenging dipun wastani waradin, botên wontên pêkên ingkang sêpên, mêsthi wontên tiyang sade sinjang, dene tanahipun warni-warni, Sala, Ngayogya, Pakalongan, Purwarêja tuwin sanès-sanèsipun.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên wau, bôngsa Jawi pancèn gadhah dhêdhasar among dagang sinjang, wiwit saking damêl ngantos dumugi sade, sagêd nindakakên piyambak, dados manawi dipun manah panjang, sanadyan padamêlan nyêrat sambèn pisan, nanging têtiyang Jawi dhêdhasaripun sampun wontên, sagêd amastani awon sae, tumindakipun sade tinumbas, sadaya wau manawi dipun lantur lajêng dados tuntunan tumindakipun among dagang. Mila eman sangêt saupami bôngsa Jawi ngantos ngêndhoni dhatêng tumindakipun padamêlan punika, nama badhe kecalan bakuning kagunan ingkang sampun mathuk nama dados kagunan Jawi.

Waosan Lare

Kasugihaning Tiyang Cêthil (Cariyos Hindhu)

Karanganipun Sitadèwi

IV.

Ing wêkdal punika Dhinabandhu sawêg gêtun, dene mantunipun dèrèng mangsanipun sampun pêjah, manawi taksiha gêsang Dhinabandhu botên badhe manggih rêribêd ingkang samantên punika.

Lare wau anjêgrêg sumêrêp griya ngajrih-ajrihi ingkang badhe dipun ênggèni punika.

Wicantênipun Satyabati dhatêng bapakipun: Tiyang punika enggal katêdahna ing pundi anggènipun kêdah mrênahakên bêktanipun. Prêlunipun punapa dipun kèn ngêntosi dangu-dangu. Mangke kula ingkang ngepahi.

Saupami kenginga makatên, Dhinabandhu purun nêbas [nê...]

--- 1372 ---

[...bas] kesahipun tiyang sadaya wau, nanging ingkang makatên punika botên badhe sagêd kêlampahan, mila ing sasagêd-sagêd inggih dipun pupus, wicantênapun: Mara gawanên mêtu ing kene. Anggone mlaku dingati-ati, ing kene kewan kang gumrêmêt tanpa itungan. Aku wis tuwa, ora kêduga andhangir alas cilik iki. Anakmu dak sawang kaya-kaya lêmu lan rosa, apa ora bisa nandangi pagawean iku.

Mirêng têmbung makatên punika Satyabati ambêsêngut, botên mangsuli punapa-punapa, lajêng mlêbêt ing griya ingkang sampun risak punika kalihan ambêkta anak lan bêbêktanipun.

Payoning griya sampun sami ambrol, namung wontên sênthong satunggil ingkang kenging dipun ênggèni tiyang, inggih ing ngriku punika ingkang dipun ênggèni Dhinabandhu sapêthinipun tosan. Pawonipun ugi sampun risak babarpisan, nanging botên dipun prêduli, awit Dhinabandhu botên bêtah ocal-ocal. Pancènipun Dhinabandhu botên rêmên anglêbêtakên tiyang ing sênthongipun, nanging botên kêdugi mapanakên anak tuwin putunipun wontên ing satêngahing griya ingkang risak punika, mila inggih lajêng kêpêksa akèn malêbêt ing sênthongipun piyambak.

Satyabati sarêng sampun ngepahi dhatêng pun kusir, lajêng murugi bapakipun kalihan wicantên: Lare punika wiwit enjing dèrèng nêdha punapa-punapa. Saking pangintên kula bapak botên gadhah têtêdhan ingkang sampun matêng, mila kula prêlu badhe ocal-ocal, lah pawonipun wontên ing pundi.

Dhinabandhu mangsuli kanthi susah: Ing kene ora ana piranti kanggo olèh-olèh.[5] Payoning pawon wis ambruk, gèk kapriye anggonmu arêp tumandang.

Satyabati sakêdhap kèndêl kemawon, lajêng wicantên: Badhea kadospundi kula kêdah tumandang. Lare punika sampun ngantos pêjah kêluwèn.

Dhinabandhu mengo ningali anakipun ingkang botên wêgah tumandang ing damêl, ngrêsiki jrambah padoning èmpèr, mêndhêti banon lajêng katata kaentha luwêng. Kajêng obong ing sacêlaking ngriku botên kirang, mila sakêdhap kemawon anggènipun cêthik latu sampun andados. Suwaraning latu kumritik nêngsêmakên. Tujunipun Satyabati ambêkta pirantosing pawon, wos tuwin janganan sawatawis, prêlunipun sadhiya prêluning margi, nanging dèrèng èstu kangge. Botên watawis dangu têtêdhan sampun matêng. Dhinabandhu kaajak tumut nêdha inggih botên mopo, janji botên cucul arta inggih purun-purun kemawon. Sakêdhap kemawon kêndhilipun sampun kothong, anggènipun ocal-ocal Satyabati botên antawis dangu sampun katêlasakên Dhinabandhu kalihan putunipun. Satyabati botên tumut nêdha, jalaran dèrèng adus, dados inggih botên oman punapa-punapa. Badhe kasambêtan.

--- 1373 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Sêtudhèn Jawi Katolak wontên ing Têtingalan Walandi Umum

Petruk : Yak, Kang Garèng, Rêbo-Rêbo kok têka mrene manèh. Lho, kowe aja kaliru tômpa, banjur nganggêp yèn aku ora dhêmên marang tamu. Kuwi ora pisan-pisan, awit mungguhing bôngsa Jawa, sing dianggêp bêcik dening bôngsa mônca kuwi mung sathithik bangêt, ya kuwi mung anggone sabar tuwêkal, ing bab luhuring kagunane: gêndhing lan jogèd. Sarta anggone dhêmên nyang tamu. Nitik anane gegeran warna-warna, watêke sabar tuwêkal sajake wis dicanthèlake nang pagêr. Kagunane gêndhing lan jogèd, sing akèh sajake wis padha dilirokake karo tojing-tojing, lan mêncolot-mêncolot nganggo mubêng-mubêng kae. Dadi saikine mung kèri siji, yaiku: anggone dhêmên nyang tamu. Rak iya wis dadi wajibe aku kabèh, ing sarèhning kèri siji ya kudu diêmi-êmi bangêt. Naning kosok-baline sing dadi tamu wajibe kudu anduwèni koma-koma. Dupèh sing didhayohi sênêng nyang tamu, têkane banjur ora angon masa, mung sakrêsanèki bae. Kuwi jênênge rak ngukum karo sing kok dhayohi. Nèk dina Rêbo kuwi sabênêre aku ora duwe wêktu babarpisan kanggo nêmoni dhayoh, jalaran saka akèhing pagaweanaku. Mara ta pikirên bae, nèk dina Rêbo, thik Rêbo kaya saiki kiyi aku kudu mikir apa sing bakal kanggo rêmbugan ing dina Sabtu, kudu ngeling-eling nyang langganan Kajawèn sing dhêmêne nyang aku kiyi mung laire bae, ya iku para sing mangsane ambayar dhuwit langganane, nanging lali ora maringi, kudu mrihatinake prawane tanggane sing wis rada lungse nanging durung ana sing nglamar, kudu...

[Grafik]

Garèng : Wis, wis, wis, kok banjur butuhe tanggane digawa-gawa. Ora, Truk, sanyatane mono aku ya wis ngrêti, yèn dina Rêbo, cara dhoktêre, kowe ora anduwèni sêprik ir (ora nômpa tamu), nanging sarèhning sing arêp tak rêmbug karo kowe prakara gawat, sanadyana wis mambu bangêt, mulane aku iya mrêlokake têka ing dina kiyi.

Petruk : Nèk pancèn prakara gawat têmênan, sanadyan dina kiyi dhonge mono aku prêlu bangêt arêp nyaur utang kanthi rèntê 100% anggone [ang...]

--- 1374 ---

[...gone] mêlèk mau bêngi, ewadene aku ya mêksa kudu ngladèni apa sing bakal arêp kok rêmbug.

Garèng : Tak pindhoni omongku, iki prakara wis mambu ayit bangêt, nanging sarèhning ngênani aku kabèh, mulane ya prêlu tak rêmbug karo kowe, yaiku: bab sêtudhèn Jawa loro sing ditulak lumêbu ing rèsturan ngiras gambar idhup ing Batawi kene. Hla, kuwi suwarane koran-koran, ya koran Walônda, Tionghwa utawa korane bangsane dhewe, warna-warna têmênan, nganti bingung anggonku ngrasakake. Mungguhing kowe kapriye panêmumu ing bab kiyi.

Petruk : Nèk mungguhing panêmuku, siji-sijining bôngsa kuwi duwe tatacara utawa kalakuan dhewe-dhewe, sing ora sênêng yèn nganti kawêruhan ing bôngsa liya. Tumrape aku dhewe bae, nèk kabênêr lagi kêndurèn utawa manèh tayuban upamane kok ana bôngsa liya truthusan mèlu mrono, kuwi sanyatane aku ora sênêng bangêt, awit ing kono bôngsa liya mau bakal ngêwruhi, yèn ing sajroning kêndurèn kuwi, wong Jawa sok lali kaprawirane, banjur sok rêbutan brêkat. Apa manèh ing sajroning tayuban, sanadyana pangkat patih pisan, sing sabên dinane kudu tansah ngluhurake pangkate, nèk dhong tayuban, sok bisa supe nyang kaluhuraning pangkate mau, sing diemuti mung ayune wujude tlèdhèk, hla, wusana ora ngêmungake yèn tiba gong bae, anggone ngaras, sanadyana tiba kêthuk, kênong, kêmpul iya ora kliwatan. Mara apa aku kabèh kiyi ora rada prindang-prinding, nèk ana bôngsa liya nyumurupi lêlakon sing kaya mangkono kuwi. Kosok-baline bôngsa liya, upamane bae bôngsa Walônda, têmtune neka[6] ana panggonan sênêng-sênêng, iya ora rila nèk ana bôngsa liya, bôngsa Jawa upamane, sing mèlu ana ing kono, awit dikuwatirake, yèn banjur nyumurupi, nèk sawênèhing Lônda kuwi sok bisa ngumbe bir têlung gêndul têrus-têrusan, utawa sawênèhing nyonyah Walônda kuwi nèk manganggo brukute mung sêtêngah-sêtêngah bae, lan sapêpadhane. Jalaran saka iku, mulane aku iya ora wani maido marang anane sêtudhèn Jawa loro sing ditulak mau.

Garèng : Saikine apa sababe, dene sanadyana wong Jawa pisan, anggêre manganggo cara Walônda, têka ora ditolak. Lho, kuwi miturut omonge sawijining up rêdhaktur ing Batawi kene, sing kandhane sabên malêm Rêbo apa malêm Kêmis, aku kok wis lali, ajêg ana ing papan sing dilarang kanggo wong Jawa mau, tanpa diusir, awit panganggone ngeropis.

Petruk : Nèk manganggo cara Walônda têmtune iya angèl anggone nglarangi. Awit ing jaman saiki kiyi akèh bae wong manganggo cara Walônda, nèk andêlêng wujude, upama lananga pantêse jênêng: Krama utawa Wôngsa, nèk wadona: Ponikêm, ewadene nyatane iya bôngsa Walônda, kosok-baline akèh bae wong Jawa tulèn, nanging barêng manganggo cara Walônda pantês nèk dijênêngi: Nyo Wèlêm, utawa Nonah Rikê. Mulane iya

--- 1375 ---

angèl anggone nglarangi wong Jawa sing manganggo cara Walônda. Mungguh up rêdhaktur sing kok omongake mau, aku dhewe rada têpung. Aku iya ora maido nèk dhèwèkne kêrêp ana ing panggonan kono tanpa diusir, awit sanadyan cara Walandane nyajak sêpur thruthuk, sok kêrêp mandhêg, nanging panganggone mèh ajêg cara Walônda, dadi sanadyan wujude angèl, tamtune iya dikira Walônda bae. Malah kiraku, supaya aja nganti diusir, ya wis jaga-jaga luwih dhisik, upamane bae: nèk ditakoni, ngaku jênêng: mênir pit ap-ap.

Garèng : Wiyah, kok banjur ngomongake sing ora-ora, ewadene Truk, aku mêksa nyalahake sing nguwasani papan sênêng-sênêng, yaiku anggone pasang adpêrtènsi ora disêbutake: mung kanggo Walônda bae.

Petruk : Kuwi iya ora kêna dipaido. Awit sabên dinane sing têka mrono kuwi mung bôngsa Walônda thok bae, dadi rumasane sing nguwasani kono, yèn wong-wong Jawa wis ngrêti, yèn kono kuwi mung kanggo bôngsa Walônda bae, mulane pamasange adpêrtènsi iya ora prêlu dikandhakake: mung kanggo bôngsa Walônda thok bae. Mulane pangarêp-arêpku, bangsaku kiyi, sanadyana dadi insinyur, dhoktêr, utawa mèstêr pisan, bok aja lali nèk iya bôngsa Jawa.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Pambantu Kajawèn martosakên:

Benjing malêm Minggu tanggal kaping 2-11-'29 pakêmpalan P.G.H.B. apdhèling Kêdhiri badhe ngawontênakên têtingalan mawi prabeya. Wondene ingkang badhe kapitongtonakên inggih punika: tonil, mêndhêt lêlampahanipun Radèn Ajêng Prayitnèngsih miwah jêjaka kêkalih, kaperang dados 8 bagian (bedrijven). Saantawisipun bagian-bagian punika, badhe kawontênakên: ulah raga warni-warni, pêthikan ringgit tiyang (sumbangan saking pakêmpalan K.M.O), pêncak (sumbangan saking pakêmpalan S.H.) lan sanèsipun malih.

Angsal-angsalanipun rêsik badhe kadarmakakên dhatêng Neutrale schoolvereeniging ing Kêdhiri (Oe).

Ing Kajawèn ngriki kados sampun nate kawartosakên, bilih ing Bandhung kala rumiyin sampun dipun êdêgakên pakêmpalan tumrap punggawa dhusun, inggih punika ingkang dipun namakakên: lurah bon. Kabaripun pakêmpalan wau samangke badhe ngêdalakên kalawarti, ingkang isinipun ngêmungakên prakawis-prakawis ingkang gêgayutan kalihan kaprêluanipun piyambak, dene ingkang badhe mandhegani kalawarti wau, Tuwan Salèh Gunung.

Ing ngriki botên prêlu nyariyosakên saening kalawarti tumrap satunggiling pakêmpalan. Mugi-mugi punika sagêda dados kaca bênggala tumrap pakêmpalan ingkang tunggil damêl wau, ing panggenan sanès-sanèsipun.

Aneta martosakên saking Bima: dèrèng dangu punika wontên prahoto kacêmplung ing jurang, anjalari ingkang sami numpak, pitung cacahipun, sami tatu rêkaos sangêt. Mênggah sababipun prahoto wau kacêmplung ing jurang, kala punika wontên sawatawis masin mabur wontên ing sanginggiling prahoto. Pun supir lajêng andêngèngèk, botên emut manawi sawêg anglampahakên prahoto, mripatipun tansah nyawang dhatêng masin mabur, wusananipun kadadosan makatên wau.

Inggih makatên ganjaranipun, manawi tiyang punika sok andalèngèr. Dèrèng dangu punika jalaran saking dalèngèripun Petruk ugi mêntas karugian agêng. Inggih punika kalanipun lumampah dhatêng Pacinan sumêrêp slendhang mayang, saking anggènipun tansah nyawang kemawon, ngantos lajêng botên sumêrêp punapa ingkang wontên ngajêngipun. Wusana lajêng nunjang bakul saoto. Kala punika inggih lajêng kapêksa nglintoni saanggris.

--- 1376 ---

[Grafik]

Anyarêngi Kangjêng Bupati Kuningan (Cirêbon) kalihan ingkang putra-putri nalika wontên ing nagari Walandi, ing Den Haag tanggal 3 wulan Sèptèmbêr ingkang sampun kapêngkêr, dipun wontênakên parêpatan Staten Generaal. Ing nginggil punika gambar kangjêng bupati kalihan ingkang putra putri ingkang nêmbe tumut anjênêngi parêpatan wau.

Para maos têmtunipun sampun sami uninga, bilih para punggawa nagari ingkang dêdunung wontên ing Bandhung, sami angsal tuslah blônja jalaran saking awising rêrêgèn 10% saking blanjanipun. Kabaripun wiwitanipun taun ngajêng punika, tuslah wau dipun dhakakên, dados lajêng namung angsal 8%, ing têngahanipun taun dipun dhakakên malih, ngantos tuslahipun namung 5% saking blanjanipun.

Para sadhèrèk ing Bandhung, wiwit sapunika kêdah dipun sinau ngirit, kêdah anyuda anggènipun tindak gambar idhup utawi kasênêngan sanès-sanèsipun.

Wontên kabar, bilih Residhèn Priyangan têngah, angèndêli satunggilipun agèn pulisi kitha, jalaran kadakwa dados warga pakêmpalan P.N.I.

Yak, inggih kojur, manawi sawêg kadakwa kemawon, ujug-ujug lajêng dipun kèndêli saking padamêlanipun.

Ingkang sami kasingkirakên dhatêng Dhigul.

1. Tuwan Mas Warbin Wajid, ugi nama: Mas War utawi Masutar, lan kalanipun wontên ing Singgapura nama Oei A Thong, umuripun 26 taun, tilas magang karesidhenan Tanjungpinang, propagandhis S.R kalairakên wontên ing Sunge Sêlan, pungkasanipun gêgriya wontên ing Singgapura, samangke dipun tahan wontên ing buwèn Pontianak.

2. Japarjamil, gêlar Raja Endhah, umur 46 taun, sudagar, panuntun komunis ing Pariaman, kalairakên wontên ing pêkên Pariaman, saha pungkasanipun gêgriya wontên ing ngrika, samangke katahan wontên ing buwèn Padhang.

Lho, kok dèrèng cuthêl-cuthêl kathahing tiyang ingkang dipun Dhigulakên, mêmêlas.

Ing kitha kabupatèn Dêmak, katêtêpakên kambah ing pès.

Punapa ing Dêmak samangke dèrèng wontên pakaryan pès bêsêtrèdhêng, dene manawi dèrèng, mugi enggala kawontênakên, kanthi pangajêng-ajêng, mugi-mugi têtiyang ing Dêmak samia ambantu sakiyatipun, murih sagêdipun enggal icaling sêsakit pès wau.

Sêrat kabar A.I.D. martosakên, bilih dhirèktur panggaotan nagari (Gouv. bedrijven) angrujuki anggènipun nagari badhe ngliyêr margi sêpur: Cirêbon - Sêmarang. Kintên-kintên botên watawis dangu malih, badhe dipun ajêngakên sêrat panuwunan dhatêng pamarentah ing bab pangliyêripun margi sêpur wau.

Mugi-mugi enggala tumuntên kalêksanan.

Ing tanggal 1 Nopèmbêr ngajêng punika, botên ngêmungakên badhe miwiti lampahing sêpur èkprès saking Batawi dhatêng Surabaya, sagêd kalampahan sadintên, sanadyan maskape masin mabur, ingkang dumuginipun samangke namung ngawontênakên lampah Batawi Sêmarang wongsal-wangsul, wiwit tanggal 1 Nopèmbêr wau, ugi badhe ambikak pakaryan lampah anggêgana: Batawi-Surabaya. Ingkang badhe dipun lampahakên saking Batawi ing dintên punika, wontên masin mabur kalih, minôngka dados tamu ingkang badhe tumut mabur wau: pangagênging wadyabala dharatan, paduka Tuwan Cramer, dhirèktur panggaotan nagari, Jendral Synders, tuwan bêrgêmistêr ing Batawi, pangarsaning pakêmpalan dagang ing Batawi tuwin Tuwan van Zalinge.

Manawi nitik kamajênganing yayasan ing jaman samangke, mila inggih ngedab-edabakên sangêt, ingatasipun Surabaya dhatêng Batawi samangke têka sagêd linampahan namung sadintên, malah kabaripun manawi numpak masin mabur namung wontên 6 utawi 7 jam. Kintênipun manawi 20 taun sapriki wontên tiyang nyariyosakên, bilih Surabaya dhatêng Batawi punika sagêd linampahan 6 jam, têmtunipun lajêng dipun kintên tiyang edan. Sintên sumêrêp bilih 20 taun malih tiyang ing dunya sagêd plêsir dhatêng rêmbulan utawi lintang.

--- 1377 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

3

[Kinanthi]

Têmahane bisa kabul / kabuka sêdyaning kapti / lah iku nini dibisa / anganggo wulangku iki / lan manèhe nini ana / pitutur wajibing èstri //

wajibing èstri mung manut / marang parentahing laki / laku kang mamrih utama / aywa wani amaoni / mênèk dadi dukanira / têmah kasiku mring laki //

wadon kang wani mring kakung / kang wanine analisir / pantêse anaking setan / intip naraka pinanggih / pinanggih ing jasadira / benjing anèng jaman akir //

sarananta dènnya mulut / mèlèt ing lakinta nini / supadine tansah jênak / dudu guna dudu dhêsthi / dumunung ing patrapira / dèn ta ngladèni ing laki //

samôngsa tansah basêngut / patrapira anyênyêngit / tan ngrêsêpake paningal / wismanta abosah-basih / tartamtu yèn lakinira / tan jênak nèng wisma nini //

mangkya ingsun manti gêndhuk / poma wêwalêrku nini / rèhning sira maksih lêgan / aywa sira wani-wani / wanuh kêkumpulan priya / angêdhèng tan dugi-dugi //

dupèh tan ngapaa iku / sayêktine nêniwasi / bêbasane bae ana / êduk sêsandhingan gêni / panasing gêni anyalad / nyulêd mring êduk kabêsmi //

têmah sirna jênênging duk / dadi awu tanpa kardi / tan ana sudi angalap / malah dadi sêkar lathi / têtampikaning pra priya / poma-poma wêkas mami //

ni rara tansah tumungkul / mring rena kalangkung ajrih / kunêng mangkya nibok rara / karyanya saari-ari / ngrêrewangi renanira / dènnya mamrih sandhang bukti //

ngupaya kayu myang ngangsu / rêrêsik anyênyaponi / bêtèke maksih parawan / wayahe nêdhêng birai / marma tansah ngadi warna / dhasare ayu linuwih //

marma dadya kêmbang kidung / sandhung jêkluk Rara Suli / grombol-grombol jêjagongan / lajêring gunêm mung Suli / kathah kang samya kasmaran / kapencut mring Rara Suli //

tansah pijêr gandrung-gandrung / agandrung mring Rara Suli / sanadyan sami wanita / kasmaran mring Rara Suli / marma wismanya bok rôndha / sabên ari slira-sliri //

jêjaka pating bilulung / wênèh kêpengin udani / sawênèh namung kêbandhang / kang kêbandhang duk kêpanggih / ngêlus-êlus jajanira / alok: e lah dalah iki //

têka Supraba tumurun / anèng ing desa Kêmiri / mendah dadi rabiningwang / kêboku kang pitung rakit / dak wènèhake sadaya / marang sira Rara Suli //

sijine manèh sumaur / aja manèh dadi rabi / wong bisa nyenggol kewala / gêlêm anglironi sapi / sawênèh ana kang ngucap / ambok nadyan dèn idoni //

malah dak wènèhi wêdhus / kang gèmbèl wulune klimis / sapira ing karsanira / lila lair têkèng batin / wêdhusku kabèh sangalas / aku nrima ngingu siji //

warna-warna patrapipun / kang kasmaran marang Suli / pawênèh anjarag niba / supadi dipun aruhi / wênèh anjarag anjawat / dimène dèn parênguti //

warnanên ingkang kayungyun / agandrung mring Rara Suli / Baron Sêkèbêr samana / madhepok anèng Kêmiri / sadina-dina datansah / amidêr-midêr kuliling //

umiyat ombaking gandrung / agandrung mring Rara Suli / dene ta kagila-gila / dadya kadêrêng yun uning / kaya paran warnanira / kang dadi sêkaring lathi //

sajuga ari panuju / ni rara angambil warih / têbih saking wismanira / rêkasa dipun tingali / karingêt mili dleweran / mangar-mangar mundhak manis //

swanita pating parêntul / ing wadana dèn ulapi / gumêbyar wuwuh sumunar / mèngèr-mèngèr ingkang lathi / pipinya kadi sinêcang / Sêkèbêr dupi udani //

têmpuking netra kumêpyur / dayane kêni tinarik / satêmah datanpa karkat / ginèndèng mring Rara Suli / kadi urip tanpa jiwa / rasaning tyas sang apêkik //

Ni Rara Suli marlêsu / lêsah angganya ngalêntrih / bayu kadi linolosan / gumrobyos riwe kang mijil / ati naratab êtaban / rusak kadi rontang-ranting //

têmah lakune tumungkul / rongèhe angêtarani / tindakira sarimpungan / Sêkèbêr sajroning galih / kayungyun arsa têtanya / lathinya kadi kinunci //

marma dadya rujak sêntul / kur-ungkuran wong kêkalih / Baron Sêkèbêr samana / magung[7] karungrungan brangti / wenteh-wentehan ngalela / citrane Ni Rara Suli //

mangkana ingkang winuwus / wuwusên Ni Rara Suli / sapraptanira ing wisma / jroning tyas kadi rinujit / pangunandikaning driya / sapa baya wonge iki //

dene ta bagus amulus / bisa mawèh lara brangti / dhuh-dhuh adhuh jênang gula / têka tan kêna linali / linali saya karasa / rinasa saya ngranuhi //

kêmangi gagange wulung / wilangan sanga lan kalih / wêlasana dasihira / sato galak munggwing warih / sujanma kôncatan atma / baya mati awak mami //

dhandhang wiring sirah pingul / mara tulungana mami / surya ratri saupama / andika sun kawulani / konang gung abyor ing tawang / alintang rasaning ati //

banthèng wisma dhuh wong bagus / amung paduka kang kèpi / pala ingkang warna rêkta / dulunên pun Rara Suli / kanthong klasa wadhah sata / opènana awak mami //

dadya juru dang pangangsu / kaparênga andêdasih / anglêbur pada andika / pun dasih tansah umiring / pirang bara pinundhuta / juru panêbah jinêmrik //

warnanên kang kapirangu / mangungun onênging galih / Ni Rara Suli samana / saari mujung jro panti / mangungkêp-ungkêp kewala / kasmaran marang sang pêkik //

--- 1378 ---

Asmaradana

mangkya Sêkèbêr winarni / duk praptanira ing wisma / lênglêng kapilêng angame / tansah cumanthèl ing netra / ketang jroning wardaya / gumantung anèng jêjantung / citrane kang mawèh rimang //

ting sariwêt milangêni / linali saya karasa / rinasa mawèh wirage / ujwala sawang kunarpa / ngalêntrih tanpa daya / saking bangêting gung wuyung / kang ketang mung sang wèh brôngta //

dhuh mirah pêpujan mami / mêmanising sabuwana / tuhu musthikaning wadon / sapa ingkang kaya sira / tangèh yèn ana mimba / bisa têmên karya gandrung / nyikara mring wong tan dosa //

wêlasana dasihnèki / kang lalu linglung tyas brôngta / lênglêng manglamong siranggèr / wuyung anawung wiyoga / ngranuhi karungrungan / dalêming siyang lan dalu / tuman tumonton mring sira //

sun midêr ngalaya bumi / lêlana jajah nagara / durung tumon kang iribe / lir sira kusumaning dyah / sagunging pra wanodya / ingkang samya ayu-ayu / patut anyèthi mring sira //

satriya Singgêla luwih / tan bisa sirna sakêdhap / tansah cumanthèl katongton / wrêksa tilasing pawaka / kaparêngna anyapa / mêndhung seta witing pantun / dimène lêga ing manah //

parab Endrakila Rêsi / sumêndhi putra Ngalêngka / kaya raganingsun kiye / taru wilis tanpa patra / urip datanpa jiwa / dhandhang alit mitrèng pandung / satuhu sasat palastra //

mangkana kang nahên kingkin / Sêkèbêr sadina-dina / datansah ngadhang margane / unggyaning Suli mèt tirta / Ni Suli kawarnaa / bêsuse sangsaya wimbuh / ngadiwarna lan busana //

ujwala kadi sinangling / mrak atine lêng-ulêngan / Sêkèbêr wimbuh brangtane / rowange Suli mèt tirta / duk miyat sang taruna / anjawil mring Suli manthuk / narêthêk pangucapira //

e e lae tobil-tobil / dene iki ana dewa / tunggu anèng dalan kene / abagus datanpa sama / sajêg ngong durung mulat / wong bagus brêgas tur mulus / sakojur nora kuciwa //

paranbaya karsanèki / manggung anèng pinggir marga / apa baya arsa mèlèt / mulut marang raganingwang / arsa pinundhut garwa / e lae ya sokur-sokur / dak kauli bagusira //

lamun dadi laki mami / sun tan olèh lunga-lunga / manggunga ing omah bae / sandhang pangane manira / ingkang angulatana / rowange wuri anyêndhu / biyang têka neka-neka //

nora tolih warnanèki / abawuk lir kuwuk kawak / angame pinèt garwane / tangèh lamun kalakona / sira pinundhut garwa / pandugaku sêtun-sêtun / Si Suli parawan kênya //

dhasare ayu linuwih / môngsa dadak ngambil sira / dandanane tanpa gawe / rowange wuri sumêla / mring Suli ginaragap / cocog karo panêmuku / pandênge bae katara //

ênêre amung mring Suli / iya sapa wonge baya / umyat mring Suli citrane / kênya ayu tur jatmika / yèn ta mungguh puspita / nêdhêng mêgar gônda arum / pasthi rinubung brêmara //

samya arsa mamèt sari / sêdhêng gandane angambar / sarine wutuh tan kalong / Ni Rara Suli samana / tumungkul èsmu merang / jroning tyas sangsaya wimbuh / kadêrêng sêrênging brôngta //

enjangira Rara Suli / dènnya mèt toya tan arsa / sêsarêngan lan wong akèh / karsane angarènana / mangkana kacarita / ingkang tansah manggung wuyung / Sêkèbêr dera mangantya //

mring Rara Suli nglêrêsi / pêpanggyan tan ana janma / panduking netra kalihe / kumêpyur lir panjang putra / tibwèng sela kumlasa / rêmak rêmpu ajur mumur / Sêkèbêr mêksa ing driya //

têtanya mring Rara Suli / wel-welan dènnya ngandika / adhuh mirah ingsun anggèr / kang mawèh wuyung maringwang / mugi sun jatènana / ngêndi wismanta wong ayu / ni rara tumungkul lingnya //

nênggih griya wetan ngriki / watawis wolung surupan / lah punapa darunane / lan malih sintên paduka / punapa kang sinêdya / dene têka dadak dangu / dununging griya kawula //

Sêkèbêr manabda aris / rara yèn tanya maringwang / Baron Sêkèbêr wak ingong / marmanta ingsun têtanya / wismanta dhuh mas mirah / saking bangêting gung gandrung / mring sira lêng-lêng wuyungan //

kadi pêjah tanpa kanin / yèn andulu ing warnanta / kang lir Supraba citrane / marma nini tambanana / dimène mari brôngta / kalamun sirèku lumuh / angur baya patènana //

yêkti lamun tulus mati / wurung tan sida palastra / mung sira ingkang anggawe / ni rara sêrêt aturnya / dhuh adhuh ajrih kawula /[8] mênèk dèn rêngoni biyung / tan wande ngong jinêmalan //

pun biyung kalawan mami / tan wignya pisah sacêngkang / saari myang saratrine / Sêkèbêr ngangsêg wuwusnya / dhuh mirah wêlasana / dasihira mangke dalu / arsa panggih lawan sira //

kalamun wus lingsir wêngi / sayêkti dasih ta prapta / Ni Suli enggal lumèngsèr / sêlak ana janma liwat / marma Sêkèbêr mangkya / ing tyas kacuwan kalangkung / warnanên ingkang umentar //

dupi praptèng wisma aglis / rêrêsik sajroning wisma / nulya wêca mring renane / dhuh biyung mangke kawula / kaparênga tirakat / kêlêrêsan arinipun / Anggara Kasih prayoga //

arsa mêminta mring Widhi / widadaning jasad kula / bok rôndha sumaur alon / iya nini sakarsanta / sun rewangi mêminta / muga-muga bisa antuk / kang dadi rarasing driya //

Mijil

duk samana purnamaning sasi / umancur mancorong / ing awiyat sumilak padhange / panjrahing kang trênggana mimbuhi / asrining pangèksi / nyorot pating plancur //

citrane kang sasadara pèni / bundêr mêlok-mêlok / thithik datan ana ingkang cèwèt / tanpa kêdhèp kapyarsa nêksèni / trapira dera mrih / brêmara ngrurah rum //

taranggana sumêbar kaèksi / pating krêlip abyor / siniwakèng ngantariksa andhèr / kapengin wruh paran wasananing / kang samya makingkin / onêngan anggandrung //

dhêdhêp tidhêm prabawaning ratri / tan ana katongton / myang kapyarsa ing ratri têmahe / mung angganing maruta trus midid / anyêbar kang sari / mawèh gônda arum //

kadi asung sêsêgêr wêwangi / kang arsandon langon / mamrih sumyah sêgêring anggane / têmah mawèh wuwuhing dumadi / kinarya ngramèni / arjaning rat sagung //

kawuwusa wis mèh lingsir wêngi / mangkana sang sinom / tansah ngarsa-arsa ing rawuhe / sang kêkasih kang mawèh wiyati / sinambi ngêntèni / kêpatine biyung // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. § Upaminipun pabrik. Red. (kembali)
2. § Kanthi ambayar pasewan siti sabên wulan, minôngka gêgêntosipun paos warni-warni. (kembali)
3. § Eman sangêt, dene pranatan makatên punika kêrêp kemawon dipun singlari sarana akalan, inggih punika siti ingkang katumbas, kaperang-perang dados pintên-pintên pèrsil, ingkang satunggal-satunggalipun botên ngantos langkung saking 10 bau. Red. (kembali)
4. supados. (kembali)
5. olah-olah. (kembali)
6. nèk. (kembali)
7. manggung. (kembali)
8. Lebih satu suku kata: dhuh dhuh ajrih kawula. (kembali)